Total Tayangan Halaman

Minggu, 18 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING [INGGIR GALENG (18)

18.

Nganti sauntara ora ana sing enggal aweh wangsulan krungu pitakon lan panemune Sudimin sing mangkono kuwi mau. Hartini karo Warsiyati padha inget-ingetan dhewe-dhewe, nanging durung ana sing wani guneman, nyarujuki utawa duwe panemu sing seje.

 

“Maaf kanca-kanca kabeh” dumadakan Sugi ngangkat tangane njaluk wektu kanggo guneman “sanadyan aku iki ngrumangsani nek pikiranku rada kethul nek dibandhingne karo pikiranmu kabeh. Nanging aku duwe panemu, kanthi anane sinau kelompok iki gedhe banget manfaate tumrap awake dhewe mligine kanggo aku, lan sing paling gedhe lelabuhane ing babagan iki ora ana liya kajaba kancane dhewe Sudimin, merga Sudimin awake dhewe luwih gampang mudheng karo wulangan sing diparingne Bapak lan Ibu Guru. Mula gandheng Sudimin wis ngusulne supaya wektune sinau ditambahi dadi telung jam setengah kanggo rong pelajaran, luwih becik awake dhewe manut lan nyengkuyung apa sing diusulne Sudimin iki mau lan uga kudu matur nuwun marang dheweke. Setuju kabeh?”

 

“Setujuuuuu!” kompak ambata rubuh bocah-bocah semaur bareng.

 

“Nambahi apa sing diusulne Sugi sing wis disetujoni iki mau” sawuse olehe semaur bareng wis meneng, Hartini genti sing guneman “awake dhewe iki pancen kudu matur nuwun marang Sudimin, merga Sudimin wis akeh mbantu awake dhewe, wiwit resik-resik lan nata kursi kanggo awake dhewe nganti tekan mbantu murih awake dhewe bisa luwih ngerti marang apa sing wis ditampa ing kelas nanging durung pati mudheng. Saiki aku arep takon marang kanca-kanca kabeh, mathuke nganggo cara apa awake dhewe ngaturne panuwun marang Sudimin?”.

 

Ditakoni Hartini ngono kuwi, bocah-bocah banjur padha omong alon marang kanca sing manggon ana cedhake, kahanan dadi rada rame senadyan ora banter suwarane, nanging kaya suwarane pasar sing lagi temawon ngana kae.

 

“Kuwi ta ? Gampang wae!” dumadakan Warsidi semaur banter, ndadekene kabeh mripat padha nyawang dheweke “watone demi kanca-kanca Hartini gelem lan Ikhlas Beramal”.

 

“Apa kuwi? kok kaya mottone Departemen Agama wae?” Warsiyati sing genti nyaut kandhane Warsidi.

“Aja kuwatir Har” ora mangsuli pitakone Warsiyati Warsidi nutugne kandhane “kowe aja kuwatir Har, dhawuhe Pak Wahidin Guru Agamane dhewe kae wong kuwi nek ikhlas beramal bakal dadi lan senenging atine, klebu kowe mengko nek wis gelem nindakne kuwi”.

 

“Iya, aku ya wis ngerti kuwi” wangsulane Hartini sajak ora sabar “aku mbok kon kudu piye?”.

 

“He he he….. kowe kudu gelem dadi pacare Sudimin” wangsulane Warsidi karo ngguyu banter.

 

“Huh…..!!!” karo praupan mbrabak abang, merga katempuh rasa seneng wor lan rasa isin, Hartini wangsulan setengah nyentak  “iki ngrembug perkara sing serius War, ora guyon!”.

 

Sauntara bocah-bocah liyane banjur padha pating cruwet dhewe-dhewe nanggapi guyonane Warsidi sing kober dikira rembug tenanan kuwi mau.

 

“Kuwi jenenge dudu Ikhlas Beramal War, nanging Pucuk dicita ulam tiba” Soni guneman karo ngguyu.

 

“Nek mung ngono kuwi sing dadi carane, ora mung mBak Hartini wae sing gelem, mbok liyane ya mesthi semrinthil rindik asu digitik” Nita bocah sing rada kenes melu semaur.

 

“Nek ngono kowe barang ya gelem nek dikongkon Ikhlas Beramal kaya sing diomongne Warsidi kuwi mau no Nit?” Marsana sing lungguhe cedhak karo Nita genti takon karo plengah-plengeh. Sing ditakoni sakala mbrabak praupane.

 

“Aku ta?” wangsulane Nita bali kenes “nek aku emoh kok, wong aku ora pengin dadi pacare Sudimin, nanging aku milih dadi pacarmu wae!”.

 

“Uwis, uwis olehe guyon mengko wae” Hartini nguneman rada seru. Bocah-bocah ya banjur padha meneng.

 

“Kanca-kanca kabeh” sawuse kahanan bali pulih, Sudimin dumadakan guneman, sanadyan ora banter nanging suwarane cetha yen dirungokne “Aku matur nuwun banget marang kowe kabeh, merga wis rumangsa nek awit anaku ana kene ana gunane. Perkara matur nuwun kaya sing dikandhakne Soni lan Hartini mau, aja digagas nemen-nemen. Merga kanthi marahi kowe kabeh mau, aku uga oleh bathi. Apa? Ya kuwi aku luwih lanyah lan luwih gampang ngapalne apa wulangan sing ditampa pas neng kelas kae. Dadi sinau bareng ngene iki kabeh bathi lan ora ana sing rugi”.

 

“Sing rugi kucing ya Min?” Warsidi bali ngajak guyon.

 

“Bener War” Sudimin wangsulan serius ora katut guyone Warsidi “nek pancen kowe kabeh arep menehi aku atur panuwun marang aku, aku ya wenang milih apa wujude atur panuwun mau”.

 

“Apa Min?” Hartini nyelani takon.

 

“Gampang wae” wangsulane Sudimin karo mesem “kowe kabeh kudu sansaya tenanan olehe padha sekolah lan sinau, migatekne apa sing diwulangake Bapak lan Ibu Guru. Wis mung kuwi panjalukku, ora sah mikir liyane. Saiki wayahe leren”.

 

Kahanan dadi temawon maneh.

 

“Wis wayahe leren iki cah…..” dumadakan Warsidi guneman banter maneh “ayo aja pelit-pelit, sing mau nggawa bontot ndang padha ditokne, aku tak melu amul merga aku ora melu uwul he he he”.

 

Nek guyone Warsidi sing iki ora ndadekne rame kaya mau. Malah bocah-bocah wadon sing kulina nggawa panganan, padha njupuk panganan gawane dhewe-dhewe sing mau disinggahne neng jero tase. Ninuk, sing wiwit mau ngenteni tekane wektu ngaso, gage wae anggone arep ngecakne sing dirancang wiwit mau. Linggihe ngalih nyedhaki Sudimin karo nggawa Mie Goreng sing diwungkus nganggo godhong. Sauntara tangane kiwa nyekeli sendhok cacah loro.

 

“Iki lho Min, mau sengaja tak gawakne saka omah kanggo kowe” kandhane Ninuk karo nyelehne buntelan isi Mie Goreng ing ngarepe Sudimin sing ditumpangi sendhok pisan.

 

“Apa kuwi Nuk?” Sudimin takon semu gumun.

 

“Mie Goreng gaweyanku dhewe” wangsulane Ninuk karo mesem “mau teka saka sekolah aku banjur masak, mie ne tak wenehi suwiran iwak ayam karo tak wenehi jamur damen, olehe ngundhuhne Pakdhe Marimin saka sawah. Enak lho Min, ayo ndang dimaem aku ya arep maem saiki kok”.

“Mie Goreng masakanmu dhewe, mesthi enak banget kuwi Nuk” wangsulane Sudimin nanging mie sing ana ngarepe babar pisan ora disenggol.

 

“Iya enak tenan kok” wangsulane Ninuk karo wiwit nyendhok mie ne.

 

“Nanging eman, aku njaluk pangapuramu wae Nuk, awan iki aku ora kepengin mangan utawa ngombe apa-apa” kandhane Sudimin “Nek olehku mangan mengko nek wis adzan Maghrib, mesthine wis ora pati enak”.

 

“Lhah ? Kowe pasa ta Min?” Ninuk takon suwarane nuduhne nek atine cuwa. Sudimin mung manthuk karo mesem.

 

“Lha tiwas tak gawakne kanggo kowe? Rak ya malah mubadzir iki jenenge?” suwarane Ninuk keprungu yen sansaya kecuwan atine. Olehe arep mangan bareng karo Sudimin neng cedhake kanca-kancane buyar, ora sida klakon.

 

“Lha ben ora mubadzir ya diwenehne sapa kono ta neh?” Sudimin wangsulan karo mlengeh “mbok wenehne Soni sing sendhen cagak karo turu kuwi rak ya malah apik, tinimbang wonge mung merem karo ngorok ngono kuwi”.

 

Ninuk ora wangsulan, bocah ayu kuwi ora bisa nyingidne rasaning atine. Lambene malah mrengut, untune digegetne. Nanging Sudimin api-api ora ngerti, malah banjur karo nyedhaki Soni, Sudimin kandha :

 

“Soni tak gugahe, bocah iki kajaba pinter turu ya sok dremba, senengane mangan enak tur ya akeh”

 

Muni ngono kuwi, Sudimin karo ndemek tangane Soni sing disedhakepne kaya wong lagi semedi.

 

“Heh, kaget aku!” didemek tangane Soni nglilir banjur takon “ana apa Min?”.

 

“Kae lho digawakne Mie Goreng karemanmu, kana gek ndang dipangan, aja mung turu wae” kandhane Sudimin mangsuli pitakone Soni sing kaya wong gragapan .

 

“Apa ? Mie Goreng? Endi? Sapa sing nggawakne?” kemrecek Soni takon.

 

“Iya Mie Goreng sing dimasak karo daging ayam lan jamur damen” wangsulane Sudimin “kae lho neng meja ngarepe Ninuk, pancen sing nggawakne Ninuk kok”.

Soni ngadeg banjur marani kursi sing mau dilungguhi Sudimin, banjur mapan lungguh. Mie goreng sing ana wungkusan dicandhak banjur dibukak.

 

“Matur nuwun lho Nuk” kandhane Soni karo arep nyendhok mie neng ngarepe kuwi “ndelok gandane Mie iki enak tenan, dhasare wetemgku wis krasa rada luwe pisan, cocog tenan iki. Iki olehmu tuku apa olehe masak Ibumu Nuk?”.

 

“Sing masak aku Son” wangsulane Ninuk setengah aras-arasen nggone semaur.

 

“Wah, pinter masak tenan kowe Nuk” kandhane Soni karo mesem “beja tenan suk sing bisa ngepek bojo kowe, bojomu mbesuk mesthi krasan neng omah, karo bola-bali kon masakne”.

 

Ninuk wis wegah mangsuli, atine cuwa. Cuwa banget, karepe masakane kon mangan Sudimin, malah sing mangan Soni bocahe lemu senengane turu.

 

Hartini sing olehe lungguh ora pati adoh, satemene ya ngerti nek Ninuk lagi kagelan atine. Batine ngguyu, semune nyokurne. Nanging Hartini pilih meneng wae, ora semanta kaya ora ngerti apa sing lagi wae kedadeyan.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Jumat, 16 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (017)


 

17.

Dina kapisan sinau kelompok diwiwiti, sing disinau manut jadwal sing disusun dening Hartini lan Warsiyati, ya iku dina Senin sing disinau bebarengan Bahasa Inggris karo Ilmu Ukur, dina Rebo Ilmu Aljabar karo Ilmu Hayat lan dina Jumuah Ilmu Alam karo Pengetahuan Umum. Jebul bocah kelas loro A ora kabeh melu, saka bocah telung puluh sanga sing teka mung bocah wolulikur. Bocah saka kelas loro B ana sing melu siji, ya kuwi Tutik putrane Pak Firman Mantri Suntik lan saka Kelas loro C bocah papat, Sugik, Ninuk, Marsana karo Yuyun. Kelas loro D ora ana sing melu, merga racak-racak omahe adoh kabeh.

 

Pak Suwaji sing pirsa semangate bocah-bocah sing arep sinau bareng kuwi rumangsa rena penggalihe. Mula sadurunge sinau diwiwiti, Pak Suwaji plaur paring pitutur, ngiras pantes mbukak kegiatan sinau kelompok kuwi. Pancen sadurunge mau, Hartini kandha marang Sudimin nek arep matur marang Pak Suwaji, ngaturake panuwun lan nyuwun pangestu sarta nyuwun supaya Pak Suwaji kersa paring tutur sembur sadurunge sinau bareng diwiwiti.

 

“Para putra kabeh” dhawuh ngendikane Pak Suwaji marang sing padha arep sinau “Bapak rumangsa marem lan mongkog dene para putra sengkut nggone padha sekolah lan kepengin bisa sansaya pinter. Bapak mung bisa paring panyengkuyung kanthi donga marang Gusti Allah, muga-muga anggone para putra sinau kaparingan lancar. Kanthi sinau bareng-bareng ngene iki kena diibaratake kaya beras sing disosoh ana lumpang, putihe beras lan ucule katul, ora merga antebing alu sing kanggo nutu, nanging merga alu sing ditutokne kuwawa ndadekne beras padha beras padha gesrekan neng jero lumpang temah dadi lan putihe sarta padha ucul katule. Kanthi cara sinau bareng ngene iki, para putra bisa njaluk warah marang kanca siji lan sijine. Dadi sing bener kuwi nek njaluk warah utawa takon marang kancane babagan pelajaran sing durung dingerteni ya neng papan sing kaya iki, ora nek pas neng jero kelas, nek wis neng jero kelas, prayogane para putra nek durung mudheng olehe nyuwun pirsa ya marang Bapak utawa Ibu Guru sing lagi mucal, ora marang kancane”.

 

Sing padha lagi dituturi padha manthuk-manthuk lan katon padha migatekne apa sing dadi pangandikane Pak Suwaji kuwi. Ya ana siji loro sing katone meneng ngrungokne, nanging satemene mripate lagi lirak-lirik marang kancane. Kaya Ninuk salah sijine, anake wedok Pak Dalal sing ayu tur duwe pambegan tregal-tregel kaya Dewi Banuwati kuwi, sanadyan ora nyuwara apa-apa nanging apa sing didhawuhne Pak Suwaji babar pisan ora mampir ing angen-angene. Merga pikirane Ninuk mung tumuju marang Sudimin sing katon tumungkul nyawang jogan, karo nyemak apa sing didhawuhne Bapak sing didhereki kuwi. Angen-angene Ninuk, muga-muga Pak Suwaji enggala rampung olehe paring pitutur banjur ninggalne papan kono. Lan sanajan jam rampunge sinau wis ditetepne jam telu, nanging Ninuk panggah ngarep-arep enggala rampung. Dheweke mau saka omah nggawa panganan sing mirasa (jaman kuwi) mie goreng rong wungkus, sing arep dipangan lan sing sawungkus arep diwenehne Sudimin, ben bocah-bocah liyane weruh nek dheweke bisa mangan bareng karo Sudimin. Merga Ninuk ya ngerti nek kanca-kancane, mligine bocah-bocah wedok, uga padha sangu panganan saka omah, ana sing nggawa kacang goreng, kacang godhog, jagung lan sapiturite, sing arep dienggo samben nalikane padha sinau.

 

“Mengko nek bocah-bocah kuwi weruh nek Sudimin sengaja tak gawakne panganan saka omah, mesthi banjur padha mikir nek aku iki temen-temen wis dipacangne karo Sudimin wiwit cilik biyen, ben bocah-bocah padha minggir lan ngedohi Sudimin. Lan si Marsana kae ya ben leren olehe kepengin cedhak karo aku, wong senajan bocah kae ya bagus, nanging atiku wis kadhung katut digondhol Sudimin kok” ngono pikiran sing ana angen-angene Ninuk. Mula rumangsane Ninuk, olehe ngendikan Pak Suwaji krasa suwi banget.

 

Beda karo Hartini, sing senajan kala-kala sok panyawange mampir, utawa sengaja diampirne kanggo nglirik Sudimin, nanging apa sing didhawuhne Pak Suwaji isih akeh sing mampir mlebu ing angen-angene.  Lan beda maneh karo si Edi lan Yati, bocah loro sing lungguhe jejer kuwi usreg dhewe tanpa nyuwara. Mung tangane padha repot nulis ing kertas banjur disrogne neng ngarepe sing lungguh ing sisihe supaya diwaca. Bocah loro kuwi ya meh padha karo Ninuk sing ora pati ngrungokne apa sing didhawuhne Pak Suwaji. Warsidi karo Masirah sing lungguhe ora adoh karo papan lungguhe Yati lan Edi padha weruh, banjur bocah loro kuwi padha njedhirne lambene dhewe-dhewe karo setengah mesem.

 

Sinau bareng dina kuwi katon regeng lan gayeng. Luwih-luwih sawise Hartini nakokne carane nggarap soal Ilmu Ukur sing rumangsane ora bisa dirampungne nganggo nalare. Jebul meh kabeh bocah sing ana kono ora ana sing bisa aweh wangsulan kanthi gamblang marang piakone Hartini kuwi.

 

“Padha entenana sedhela kanca-kanca” dumadakan Sudimin ngadeg “mau olehku nata panggonan sinau iki jebul isih ana sing kurang, tak jupuke dhisik”.

 

Bubar muni ngono kuwi Sudimin banjur ngalih mlebu gudhang cilik ing sisihe emperan papan kanggo sinau kuwi. Baline wis nggawa papan tulis cilik karo kapur lan gosok sing digawe saka kapuk diwungkus pipihan, kaya bantal cilik. Pancen emperan mburi lan dhingklik-dhingklike sarta papan tulis sing saiki digawa Sudimin kuwi, biyen digunakne dening Pak Suwaji kanggo marahi tangga-tanggane sing kepengin bisa maca lan bisa nulis, jaman rame-ramene Gerakan PBH biyen. Dening Sudimin papan tulis cilik kuwi banjur didegne disendhekne cagak, kabeh sing ana kono bisa nyawang kanthi cetha.

 

“Soal sing ditakokne Hartini iki sakjane keneng diarani prasaja utawa sederhana” Sudimin nerokne Bu Sri Supingah nek wayah nerangne neng ngarep kelas ngana kae “kuwi sumbere ing pelajaran kelas siji biyen, ya kuwi dalil babagan garis loro sing sejajar banjur dipedhot dening garis lurus liya sing tumuli nuwuhake sudhut-sudhut sing gedhene padha. Rak isih padha apal karo wulangan bab iki ta?”.

 

“Iya aku isih kelingan Min, tulung tutugna piye bacute?” Hartini sing duwe pitakonan aweh wangsulan dhisik dhewe.

 

“Iya, Min tutugna ben aku mudheng” Soni sing bocahe lemu lan kerep ngantukan kuwi melu udhu rembug.

 

“Mengko dhisik Min” genti Sugik sing guneman “aku wis akeh sing lali karo pelajaran kelas siji biyen, tulung balenana saka wiwitan ben aku njawa”.

 

“Iya Min, aku ya kaya sing dikandhakne Soni kuwi” Warsidi melu omong .

 

“Iya, iya sing sabar kanca” wangsulane Sudimin karo mesem, banjur disambung nyethakne cara kanggo nggarap soal sing ditakokne Hartini kuwi mau saka dhasar-dhasare, karo dibarengi nulis lan nggambar ing papan tulis cilik sing digawa mau.

 

Beda karo nek lagi nampa wulangan saka Gurune, bareng sing aweh katrangan kuwi Sudimin, kancane sing padha kelas lorone. Rumangsane bocah-bocah kuwi katrangane Sudimin luwih gampang ditampa, lan bocah-bocah dadi mudheng karepe. Lan nalika Sudimin nyoba nggawe soal liya sing jinise padha karo soal kuwi, bocah-bocah kanthi gampang bisa ngrampungake kanthi bener. Bener apa sing lagi wae didhawuhne Pak Suwaji mau yen putihe beras sing disosoh neng lumpang kae ora mung merga ditutu karo alu wae, nanging uga merga berase akeh kancane.

 

“Hebat kowe Min, upama dadi guru ngono kowe luwih pinter tinimbang Bu Srisupingah, wong aku nek diterangne Bu Sri Supingah ngana kae, blas ora bisa nampa kok” Sugik sing tunggal sakelas jaman neng SD Pasopati biyen ngandhakne pangalembanane marang Sudimin.

 

“Kuwi merga kowe nek diwulang Bu Sri pikiranmu tekan ngendi-endi lan kowe luwih dhisik minder, nek aku sing nerangne upama kurang cetha kowe wani ngongkon mbaleni murih cethane” wangsulane Sudimin karo mesem.

 

“Iya nanging iki wis jam telu kurang seprapat” dumadakan Warsiyati guneman ngandhakne wektune wis entek kanggo sinau Ilmu Ukur “lha Bahasa Inggrise iki piye? Nek mung seprapat jam cetha nek kurang wektune”.

 

“Dina iki Bahasa Inggrise prei dhisik wae” Ninuk sing wiwit mau ngenteni rampunge sinau usul “suk emben wae, wektu kanggo Ilmu Ukur ditepati tenan ben ora kesuwen ngene iki”.

 

“Nek kudu gumantung marang wektu panggah kurang Nuk” Nita aweh panemu “merga pancen kanggo nggarap Ilmu Ukur kuwi mbutuhne wektu sing suwe, luwih-luwih nek ndadak nyethakne kaya iki mau”.

 

“Lha mathuke piye?” Hartini banjur nakoni kanca-kancane kabeh.

 

“Wektune ditambah!” Marsana sing genti usul “wiwite Jam Siji, rampunge jam papat”.

 

“Kesuwen” Ninuk sing wangsulan.

 

“Ngene wae” Sudimin genti sing guneman “aku sarujuk karo Marsana, wektune ditambahi. Nanging ya aja nganti kesuwen, mau Bapak paring dhawuh nek wektune prelu ditambah ya ditambah, upamane wiwite jam setengah loro banjur rampunge jam papat, tak kira kuwi wis luwih saka cukup. Piye?”

 

 

 

Ana candhake

 

PBH = Pemberantasan Buta Huruf.

 

 

 

Kamis, 15 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (16)


 

16.

Jebul sing kepengin melu sinau kelompok ora mung mandheg tekan kanca sakelase Sudimin, utawa kelas loro A wae, bocah kelas liya sing omahe ora adoh karo sekolahan, siji loro ana sing nembung marang Hartini nek kepengin melu. Hartini ya ngolehi wae.

 

“Malah apik nek kancane sansaya akeh” wangsulane Hartini, nalika Sugi sing omahe kulon Pasar kuwi nembung nek arep melu sinau bareng kuwi “lha nek liyane awakmu ana sing arep melu ya oleh kok Gik”.

 

“Iya matur nuwun lho Har” wangsulane Sugi dibacutne karo takon nggenahne “wiwite suk Senin jam setengah loro ta?. Aku pengin banget bisa sinau Bahasa Inggris marang kanca-kanca, ben ora dadi sasaran garisan plastike Pak Wardiyanto sing kerenge kaya ngana kae”

 

“Iya, Senin jam setengah loro tekan jam telu” Hartini nyaut “padha, aku ya miris dhisik kok nek Pak Wardi kae mlebu kelas, wong teka-teka terus takon, sing ora bisa mangsuli kanthi bener banjur dihadhiahi nek gak disabet nganggo garisan ya banjur dijiwit lengene, bocah kelas loro A ki meh kabeh padha sambat merga meh kabeh rata oleh hadhiah, adate mung Sudimin kae sing slamet, wong bocahe ajeg nek bisa wangsulan kanthi bener”.

 

“Iya Sudimin kae pancen wiwit jaman neng SD ya wis kondhang nek pinter kok” Sugi nanggapi “pinter nanging ora ngawaki. Oh iya, manggone neng omahe Warsini wetan bengkel sepedha kono kuwi ta?”.

 

“Ora sida neng omahe Warsini Gik” Hartini wangsulan “ngalih neng nggone Sudimin, jarene Bapak sing didhereki Sudimin mrayogakne supaya manggon neng kana, neng emperan mburi sing jembar lan wis ana bangku-bangkune pisan”.

 

“Iya malah kebeneran nek ngono” Sugik semaur karo sajak seneng “sing didhereki Sudimin kae rak ya Guruku, Pak Suwaji Kepala Sekolah sing sabar lan kerep paring pitutur marang bocah-bocah yen sangune urip sing paling baku kuwi mung kapinteran. Aku tambah seneng neng olehe sinau bareng neng daleme Pak Suwaji”.

 

Sing rumangsa luwih seneng nek olehe sinau bareng kuwi neng daleme Pak Suwaji, ora mung Sugi dhewe. Hartini sing tenane duwe rasa tresna marang Sudimin luwih seneng maneh. Bocah-bocah liyane semono uga, luwih-luwih bocah-bocah wadon sing padha kepencut marang Sudimin.

 

Sing ndadekne Hartini rada trataban kuwi nalika Warsiyati kandha nek Ninuk, sing wingi lagi dirasani karo Masirah, uga nembung arep melu sinau bareng lan Warsiyati uga wis ngolehi. Maune Hartini karo Ninuk kuwi ya kekancan lumrah wae, malah kepara rada akrap merga Pak Dalal sing sawahe amba lan sapirang-pirang kuwi dadi kancane Pak Adi, bapake Hartini, sing Bakul Gabah. Saben panen gabahe Pak Dalal ajeg dituku Pak Adi sing banjur dikirim menyang Jombang. Nanging bareng dhek wingi Hartini krungu saka Masirah sing dicritani Karti jarene Ninuk kuwi neng ngendi-endi kerep kandha nek wis dijodhokne karo Sudimin, neng atine Hartini tuwuh rasa ora seneng marang Ninuk sing isih anake kancane wong tuwane kuwi.

 

Tenane ngono, maune Ninuk, putrane Pak Dalal sing sawahe gandheng galeng karo sawahe Pak Suwaji, kuwi ya babar pisan ora kepencut kepengin melu sinau kelompok sing digagas dening Hartini nerusne dhawuh rerigene Bu Sri Supingah, Guru Ilmu Ukur kuwi. Ya jalaran kajaba Ninuk ora tunggal sakelas karo bocah-bocah sing ngenekne sinau kelompok kuwi, Ninuk ya duwe panemu nek sinau kelompok kuwi mung nambahi kesele awak lan pikirane wae. Nambahi kesel merga mulih saka sekolah kuwi tenaga lan pikirane wis entek diperes neng jero kelas, wayahe mulih sekolah kuwi kudune dienggo leren neng omah, utawa dienggo ngedhemne piker kanthi dolan utawa dolanan. Pawadan liyane sing ndadekne Ninuk blas ora kepencut melu sinau kelompok kuwi, merga Ninuk duwe pangira sing kuwat, Pak Suwaji utawa Bu Suwaji mesthi ora ngeparengake Sudimin melu-melu sinau bareng ing wayah awan ngono kuwi. Jam-jam semono kuwi jam kanggo Sudimin nandangi gaweyan omah, gaweyane wong sing ngabdi utawa ndherek. Kamangka senenge Ninuk kuwi nek olehe sinau bisa cedhak karo Sudimin, jeneh nalika dheweke mlebu SMP biyen lan kebageyan mlebu ing Kelas C merga olehe ndhaftarne wis rada kasep, sawise ora ketampa neng SMP Negeri Ngawi, susahe ora karuwan. Ora bisa sakelas karo Sudimin sing oleh bagean mlebu ing Kelas A. Mula bareng krungu nek Sudimin melu, lan malah manggone sinau kelompok kuwi neng daleme Pak Suwaji pisan, Ninuk gage-gage wae olehe nemoni Warsiyati nembung supaya dililani melu sinau bareng.

 

“Iya, mengko tak kandhakne Ketua Kelase nek kowe arep melu nggabung neng sinau kelompok iki” wangsulane Warsiyati sawuse Ninuk taren nek arep melu.

 

“Lha Ketuane apa dudu kowe ta War?” Ninuk takon “lha mengko kira-kira dening Ketua Kelasmu aku dililani melu apa ora ya?”.

 

“Aku iki mung Sekretaris Nuk” wangsulane Warsiyati “Ketuane Sri Suhartini, bocah Bangunreja kae lho? Wis ngerti ta? Mesthine wonge ya malah seneng nek kowe arep melu nggabung wong kancane tambah”.

 

“Oalah mBak Tien sing dhuwur manis kae ta?” Ninuk semaur karo ngguyu “ya aku wis apal banget, wong Pak Adi, Bapake mBak Tien kae ki kancane Bapakku, saben wayah panen adole gabah Bapak mesthi menyang Pak Adi, Bapake mBak Tien kuwi”.

 

“Lha kowe omong dhewe marang wonge apa piye?” Warsiyati genti nari.

 

“Ora! omong nyang kowe wae rak ya wis cukup ta?!” wangsulane Ninuk “jane maune aku iki ra kora pati mikir nek arep melu ta War?”

 

“Lha kok banjur melu?” Warsiyati njengkerutne bathuke.

 

“Dening Bapakku aku didhawuhi melu” wangsulane Ninuk “Bapakku kuwi rak akrab banget karo Pak Suwaji? Gek Bapakku kuwi rak ya sayang nek karo Sudimin kae?. Bapakku mireng nek Sudimin kepengin melu sinau kelompok iki, nanging ketoke karo Bu Suwaji ora diparengne, kowe ngerti ta nek Sudimin melu sinau kelompok wayah awan ngono kuwi? Gaweyane minangka bocah sing ndherek rak dadi kowar kabeh?. Mula Bapakku banjur matur Pak Suwaji supaya Sudimin diparengne melu sinau kelompok iki. Lha ature Bapakku jebul didhahar dening Pak Suwaji malah banjur ngersakne supaya panggonane sinau neng emper mburi daleme. Mula bareng ature bapakku disetujoni Pak Suwaji, aku banjur didhawuhi Bapakku supaya melu iki, ngendikane Bapakku idhep-idhep aweh semangat marang Sudimin sing uripe mesakne, saiki prasasat wis lola, ora ketunggon wong tuwane sing melu transmigrasi nyang Sumatera”.

 

“Dadi olehmu arep melu sinau kelompok iki mung merga arep aweh semangat marang Sudimin?” Warsiyati sing sethithik akeh ya ngerti sapa Pak Dalal lan kepiye watak wantune anake wedok sing jeneng Ninuk iki, takon semune njajagi atine sing ditakoni.

 

“Maune ya ngono, nanging saiki beda” wangsulane Ninuk karo mesem.

 

“Beda piye?”

“Aku iki sak jane nek sinau banjur neng sandhingku ana wong liya, kuwi saka rumangsaku angel bisane mlebu neng utek” Ninuk nggenahne pawadane “nanging kuwi rak nek sinau meneng-menengan?, nek sinau kelompok ngene iki rak ora meneng-menengan ta? Dadi bisa kanggo tukar kaweruh, mula aku sing maune blas ora kepencut melu iki malih dadi kepengin melu, kareben mengko bijiku sansaya mundhak apik, kajaba saka kuwi srawungku karo kanca-kanca jaman sekolah neng SD Candhabirawa biyen, sing meh kabeh klebu kowe barang kuwi, mlebune neng SMP oleh bagean kelas A bali raket kaya jaman semana, sanajan bageanku  manggon neng kelas C”.

 

“Gajege Cah Candhabirawa sing saiki manggon neng Kelas loro C liyane kowe rak ya ana ta Nuk?” senajan satemene atine Warsiyati wiwit ora seneng krungu omongane Ninuk sing miturut Warsiyati akeh ngayawarane kuwi, nanging Warsiyati api-api ora krasa, malah banjur nimbangi critane Ninuk karo pitakonan.

 

“Sapa? Kelas Loro C ki sing saka Candhabirawa ya mung aku, eh karo Marsana, karo Yuyun, ya mung kuwi. Nek Heri kae rak saka SD Trisula?”.

 

“Iya, ya wis nek ngono aku mengko tak ndang ngomong marang Hartini, gek jenengmu ndang bisa tak cathet tak lebokne neng Buku Absen Sinau Kelompok iki” Warsiyati wekasan mungkasi rembuge.

 

Saungkure Ninuk, Warsiyati ngguyu dhewe. Ngguyu tekune Ninuk sing wasis micara sanadyan tenane akeh ngayawarane. Lan sing diguyu bakal didadekne bakalan crita karo Hartini sing arep diomongi nek Ninuk kepengin nggabung melu sinau kelompok rintisane.

 

 

Ana candhake.

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (15)


 

15.

Pak Suwaji banget nyengkuyung apa sing ditarenke dening Sudimin, kanthi renaming penggalih Sudimin diparingi palilah melu belajar kelompok. Ora mung kuwi wae, nanging yen bocah-bocah kanca sakelase Sudimin mbutuhne panggonan kanggo sinau bareng-bareng ngono kuwi, Sudimin dikeparengake ngajak kanca-kancane sinau ing emperan mburi omah, papane jembar tur ya banar, wis ana bangku-bangku cilik sing bisa lan kepenak dienggo sinau, diskusi lan sapiturute.

 

“Bapak malah seneng Min, nek kowe sregep sinau kaya sing mbok aturne kuwi mau” dhawuh wangsulane Pak Suwaji nalika Sudimin matur taren nek kanca-kanca sakelase ngajak ngenekne sinau bebarengan “lha nek mbutuhne panggonan sing rada jembar, emper mburi kae bisa mbok resiki banjur bangku-bangkune kae ditata, kae penak banget nek dienggo sinau bareng modhel belajar kelompok ngono kuwi”.

 

“Inggih Bapak, matur nuwun sanget” Sudimin atur wangsulan “rancanganipun kanca-kanca manggenipun mangke saged gentosan ing griyanipun lare-lare, nanging kula kinten menawi manggenipun gumathok wonten dalem mriki kok langung prayogi, awit ing mriki rak sampun jangkep prabotipun  lan boten rame”.

 

“Mula saka kuwi, kowe bisa kandha marang kanca-kancamu perkara panggonan sing didhawuhne Bapak mau” Pak Suwaji ngendika maneh “manggon neng kene kuwi sarate mung siji, olehe sinau kudu sing tenanan lan ora oleh kakehan guyon lan dolanan”.

 

“Inggih Bapak”

 

“Merga Bapak pirsa nek bocah saumuranmu kuwi wis wayahe umur sing nek cara jawane diarani Brai Kethek, wiwit ana rasa seneng antarane bocah lanang marang bocah wadon lan suwalike. Ngono kuwi wis lumrah, wong pancen wis dadi kodrat jagad, nanging ya kudu ngati-ati lan aja nganti kebacut-bacut, bisa mbebayani” Pak Suwaji nutugne paring pitutur “lha kowe wis duwe sir-siran apa durung?”

 

Sudimin ora wangsulan malah ndhingkluk, praupane mbrabak abang, semu isin.

 

“Ora apa-apa, Bapak biyen jaman saumuranmu ya ngono kuwi” Pak Suwaji nutugne olehe ngendika karo mesem.

 

“Kula boten wantun Bapak” wangsulane Sudimin apa anane “menawi raos remen dhateng lare estri ngoten sakedhik-sakedhik ugi sampun wonten, nanging lajeng kula slemur murih boten kelajeng-lajeng, awit kula ngertos menawi menika dereng wancinipun, menawi kula langgati saged ugi ngrusuhi anggen kula sinau”.

 

“Ya wis, yen ngono kowe ya klebu bocah sing normal” Pak Suwaji ngendika maneh “sing mbok cakne kuwi wis bener, merga ora mokal nek satemene uga ana utawa kepara akeh bocah wadon kancamu sakelas sing saben dina srawung lan kepethuk kowe, sing kasengsem lan kepencut, kepengin cedhak karo kowe”.

 

“Ingkang menika kula boten ngertos, Bapak”

 

“Ya wis, ora apa-apa” pak Suwaji paring wangsulan “sing baku, Bapak lan Ibumu nyengkuyung nggonmu arep melu belajar kelompok kuwi lan Bapak uga marengake emper mburi kae dienggo panggonan sinau bebarengan kuwi”.

 

Dina candhake, pas wayah bocah sekolah ngaso, Sudimin ngandhakne marang Warsidi, kabeh apa sing didhawuhne Pak Suwaji marang dheweke babagan belajar kelompok sing arep dicakne kanca sakelase. Warsidi seneng banget. Ora sranta banjur nggoleki Hartini, Ketua Kelase lan ngandhakne kabar saka Sudimin kuwi.

 

“Wis beres Har” kandhane Warsidi marang Hartini sing wektu kuwi lagi bareng bocah-bocah liyane  antri jajan kolak neng kantine mBak Yah.

 

“Apane sing beres?” Sri Suhartini durung mudheng karo sing dikandhakne Warsidi, banjur ngalih saka panggonane antri rada ngadoh, Warsidi ngetutne.

 

“Sudimin” wangsulane Warsidi cekak, sawuse Hartini mandheg lan ngadeg rada adoh karo kanca-kancane.

 

“Sudimin ngapa?” Hartini njengkerutne bathuke.

 

“Sudimin wis taren marang Bapak Ibu sing didhereki lan uga wis dikeparengake melu belajar kelompok sing mbok rancang wingenane kae” Warsidi nyethakne apa sing dikarepne.

 

“Ya sokur alhamdulillah” Hartini wangsulan sajak seneng “mau aku kober kuwatir, samar nek Sudimin ora dililani dening Bapak Ibu sing didhereki kuwi, sida ora klakon ngenekne belajar kelompok tenan, wong akeh sing padha arep ora melu nek nganti Sudimin ora melu, jarene bocah-bocah ora ana magnet sing bisa dadi daya tarike. Lha nek ngono, aran wis beres tenan kabeh mesthi padha seneng”.

 

“Ora mung kuwi wae” Warsidi kandha maneh karo mesem.

 

“Apa maneh?” Hartini takon.

 

“Bapak sing didhereki Sudimin uga kagungan panggonan sinau bebarengan sing jembar komplit sak bangku-bangkune pisan, jarene Sudimin nek bocah-bocah gelem olehe belajar kelompok dikongkon manggon neng kono pisan”

 

“Lha kuwi sansaya kebeneran tenan” Hartini wangsulan, sing dibacutne karo kaya grenengan ijen “tiwas aku mau dheg-dheg sar, tak kira nek…….”.

 

“Mbok kira apa Har?” Warsidi takon karo mesem ngemu teges.

 

“Ora kok!” Hartini rada mbrabak, semu isin.

 

Warsidi ngguyu.

 

“Ya gene kowe ngguyu War?” Hartini menthelengi Warsidi.

 

“Ora kok!” Warsidi wangsulan karo ngguyu, banjur ngalih ninggalne Hartini.

 

Hartini ya banjur mbalik awor kanca-kancane sing isih padha ngadeg antri didoli kolak  Rewange mBak Yah. Sawise nampani kolake, Hartini ya banjur nusul linggih kanca-kancane ing dhingklik dawa.

 

“Warsidi mau omong apa mBak?” lagi wae arep nyendhok kolake, Hartini wis ditakoni Masirah sing wis luwih dhisik lungguh neng dhingklik kuwi.

 

“Anu” Hartini wangsulan karo mesem “Warsidi mau ngandhani nek Sudimin bisa melu belajar kelompok, Dhik Masirah ora prelu cemburu marang aku”.

 

“Sapa sing cemburu? Wong dudu apa-apane kok cemburu?” Masirah njedhirne lambene “ya sokur nek Sudimin bisa melu, dadi bocah-bocah sing mau wis kendho semangate, mesthi banjur bali semangat maneh”.

 

“Nek Dhik Masirah rak ora melu kendho semangate ta ?” Hartini mbeda Masirah maneh “Wong Warsidi wiwit pisanan kae ya ora tau nglokro, malah semangat banget, merga Dhik Masirah ya semangat” .

 

“Kowe kuwi lho mBak kok seneng temen nggandheng-nggandhengne aku karo Warsidi ta?” Masirah suwarne munggah “aku karo wong kae ki ora ana hubungan apa-apa, wong kok seneng men macok-macokne kancane, marahi dadi gossip wae”.

 

“Nanging jane kowe rak ya seneng ta nek tak pacokne karo Warsidi?” Hartini ngguyu nyekikik.

 

“Ya wis, sakarepmu lah” Masirah wangsulan nanging banjur males “janji ora dipacokne karo Sudimin wae aku ora apa-apa kok”.

 

“Lho nek dipacokne karo Sudimin ngapa Dhik?” nadyan karo rada nesu Hartini takon.

 

“Aku wedi nek kelangan kanca sing kerep njajakne aku” wangsulane Masirah karo mesem, pancingane wis mlebu, Hartini ketok rada nesu.

 

“Kok bisa ngono?”

 

“Iya nek aku dipacokne karo Sudimin, gek ndelalah Sudimin ya gelem karo aku, mesthi enek kancaku sing banjur nyatru aku, malah bisa-bisa banjur frustasi selawase uripe. Aku rak rugi dhewe ta?” Masirah saya manas-manasi .

 

“Kanca sing endi kuwi?”

 

“Sing saiki lagi omong-omongan karo aku banjur sedhela maneh arep mbayari kolakku” wangsulane Masirah karo terus nyendhoki kolake dipangan lan diombe.

 

“Kowe kuwi karo Warsidi ya padha wae Dhik” Hartini semaur, mripate seminar padhang nandhakne nek atine lagi seneng sanadyan api-api nesu, nanging tenane atine rumangsa seneng nek enek wong sing macokne dheweke karo Sudimin “seneng macokne aku karo Sudimin sing antarane aku karo dheweke ya ora tau omongan bab sing sipate pribadi”.

 

“Nanging aku ya ngerti kok, nek mBak Hartini ki jane seneng karo Cah pinter dhewe kae” wangsulane Masirah sawise kolake diulu “welingku ya sing ngati-ati mBak, saingane akeh tur abot-abot”.

 

“Walaaah…… aku ora nggagas bab kuwi” wangsulane Hartini sing uga banjur ngrahabi kolak sing ana mangkoke .

 

“Tenane lho mBak?” Masirah mesem ngece “nek kowe mengko ora enggal dhas-dhes, bisa kedhisikan Nita, Duwi, Narti, Lastri lan sing paling mbebayani kuwi Cah kelas C , kae lho sing omahe jarene wetan pasar, tumpakane Pit Jengki ijo sing ana spione…… “

 

“Oalaah, Ninuk ta?”

 

“Embuh aku rung ngerti jenenge kok, kae neh sing rambute diklabang loro kerep nganggo pita merah putih”

 

“Iya Ninuk, Ninuk pancen bocahe ayu ya rada kemayu pisan, Bapake Ninuk kuwi kancane Bapakku. Geneya karo Ninuk?” Hartini takon sajak tenanan.

 

“Sing crita mBak Karti putrane mBah Kuwat kulon kono kuwi, jarene neng ngendi-endi bocah sing tumpakane Pit jengki ijo kuwi pacare Sudimin, malah jarene antarane wong tuwane Sudimin karo wong tuwane bocah kuwi wis sepakat njodhokne bocah loro kuwi”.

 

Hartini ora wangsulan, malah banjur meneng rapet. Ora guneman apa-apa, kolak sing isih ana mangkoke ora sida dipangan. Malah banjur ngadeg, marani bakule, mbayari kolak sing ora dientekne kuwi karo kolak sing dipangan Masirah. Hartini ora ngerti bener lan orane crita sing digawa Masirah kuwi, kaya olehe ora ngerti nek satemene ana kuping loro sing melu nyemak lan ngrungokne apa sing dadi rembug antarane Hartini lan Masirah.  Kupinge sapa?.

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...