Total Tayangan Halaman

Jumat, 06 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (29)


 

29.

Sudimin mesem mlengeh oleh pandangu saka Pak Suwaji mangkono kuwi mau. Banjur ndilat lambene, nuli atur wangsulan :

“Kula ngrumaosi Bapak, kula menika sinten? lan sinten Sri Hartini menika?, kados ingkang kasebat ing Buku Yasanipun Profesor HAMKA ingkang sesirah Di Bawah Lindungan Ka’bah nika, saupama dipun sanepakaken kaliyan tosan, sami-sami tosanipun kula menika inggih namung Arit Gowang ingkang sampun gablug lan dibucal ing pinggir radosan. Menawi Sri Hartini menika saged kaupamekaken Dhuwung ingkang apendhok emas. Boten badhe wonten cariyosipun tiyang ingkang kagungan Wangkingan apendhok emas badhe rila manahipun menawi Dhuwungipun dipun sandhingaken kalihan arit gablug, ingkang gowang malah sampun teyengen pisan. Mila saking menika kula lajeng kedah ngicali raos tresna dhateng Hartini saderengipun kula manggih bilahi ing tembenipun inggih menika raos sakiting manah ingkang kasebabaken awit kula ingkang boten ngrumaosi drajat kula”.

 

“Iya Bapak pirsa sing mbok karepake, yen pancen tekadmu mangkono Bapak ya melu jumurung. Malah sing baku saiki temenana nggonmu golek sangune urip, ya kuwi kabisan lan kapinteran. Merga aku tau krungu dhawuhe Kyai Wahid jarene Kanjeng Nabi nate paring dhawuh yen wong sing paling cilaka kuwi wong sing bodho sing ora gelem mbudidaya murih ilang bodhone” Pak Suwaji paring wangsulan disusul paring pitutur.

 

“Inggih Bapak”.

 

“Lha saiki Bapak ya arep mundhut pirsa sepisan maneh” Pak Suwaji ngendika maneh “sawise kowe krungu critane Pak Dalal sing kepengin njodhokne putrane karo kowe kuwi kepiye mungguh panemumu?”.

 

“Sami Bapak” Sudimin atur wangsulan.

 

“Padha karo Panemune Pak Dalal?” Pak Suwaji mundhut pirsa karo mesem.

 

“Nggih boten ta Bapak!?” Sudimin atur wangsulan karo ngguyu.

 

“Lha piye?”

 

“Kajeng kula sami kalihan sikep kula dhateng Sri Hartini” Sudimin nggenahne karepe “dados kula inggih boten badhe gadhah niyat tresna dhateng Ninuk, putranipun Pak Dalal menika”.

 

“Nanging, saupama Ninuk kuwi disanepakne Keris sing pendhoke emas, Pak Dalal ya seneng-seneng wae lho upama disandhingne kowe sing mbok sanepakne kaya Arit Gablug sing wis teyengen mau?” Pak Suwaji njajagi tekad lan niyate Sudimin.

 

“He he he he” Sudimin ngguyu lirih banjur matur “nadyan makatena, kula inggih langkung pitados dhateng criyosipun Pake kula kados ingkang Bapak cariyosaken wau”.

 

“Sing endi kuwi?”

 

“Bilih tiyang menika, manahipun gampil goyang, sedina nglampra sawengi ngimpi” ature Sudimin cetha “inggih wekdal menika Ninuk mbok menawi kemawon remen dhateng kula lan Pak Dalal ugi nyarujuki, nanging kula sakedhik-sakedhik inggih ngertos watak wantunipun Ninuk, saha pambeganipun Pak Dalal ingkang tansah ngrojongi menapa ingkang dados pepenginanipun Ninuk, awit Pak Dalal ajrih menawi ngantos kecalan putranipun ingkang Kantun setunggal niku”.

 

“Watak wantune Ninuk sing kepiye sing mbok karepake?”.

 

“Wekdal samangke menika Ninuk mila tresna lan asih dhateng kula” Sudimin nyethakne maneh sing dikarepne “menika jalaran ngertosipun Ninuk inggih namung winates ing pasrawunganipun wekdal menika. mBok bilih kemawon wekdal samangke Ninuk dereng kepanggih lare jaler ingkang kapinteranipun nglangkungi kula. Mangke menawi Ninuk sampun mlebet SMA ing Kitha mrika, tartamtu badhe kepanggih lan tepang kalih kathah lare jaler ingkang samudayanipun tebih ing nginggil kula. Lha ing mriku mangke Ninuk mbaka sakedhik badhe nyupekaken kula, menapa malih Pak Dalal ingkang wasis micara nanging nyatanipun kawon kalihan putranipun menika, mesthi kanthi remening manah ngrojongi pikajengipun Ninuk. Menawi samangke kula ndherek ingkang dados kersanipun Pak Dalal kanthi remen, boten mokal benjingipun kula ugi kedah ndherek kersanpun Pak Dalal malih kanthi manah nelangsa, lan menika kula boten kepengin. Malah kula sepisan malih badhe ndherek kersanipun Bapak, badhe tumemen pados sanguning gesang rumiyin”.

 

Olehe matur mangkono mau katon yen ature Sudimin tulus mijil saka dhasaring ati suci. Mula Pak Suwaji uga banjur nayogyani kantji renaming penggalih. Mung wae, sepisan maneh Pak Suwaji kepareng nggogohi ati sucine Sudimin.

 

“Bapak nayogyani banget karo sing dadi aturmu mau Min, Nanging…….”

 

“Nanging menapa Bapak?”.

 

“Yen sekolahmu mung mandheg sawise tamat SMP kuwi durung paya-paya nyukupi yen kanggo sanguine urip, lan supaya bisa nyukupi kowe kudune nutugne menyang sekolahan sadhuwure maneh” pak Suwaji kendel sedhela anggone ngendika. Sudimin mung bisa meneng durung bisa atur wangsulan apa-apa.

 

“Kamangka, Bapak bisane mbantu sekolahmu ya mung tekan kowe lulus SMP wae” ngendikane Pak Suwaji nyambung dhawuh sing wis kawetu ing ngarep.

 

“Menika sampun langkung saking cekap Bapak” atur wangsulane Sudimin kanthi suwara sing kebak rasa panarima, awit Sudimin krungu yen suwara pangandikane Pak Suwaji kuwi uga ngemu rasa pangeman yen Sudimin mung sekolah tekan lulus SMP wae “pitulunganipun Bapak dhateng kula sampun kliwat saking kathah lan ageng. Boten ateges kula sampun tuwuk namung lulus SMP mangkenipun, manawi kula kapeksa boten saged sekolah malih kula badhe ngecakaken kaweruh-kaweruh ingkang sampun nate kula tampi wiwit SD ngantos SMP kanthi sasae-saenipun. Sanadyan makatena, menawi Gusti kepareng ngersakaken kula saged sekolah malih sasampunipun lulus SMP mangke, tartamtu boten kekirangan margi”.

 

“Upama nganggo cara ngene piye ? Bakune kowe mbesuk bisa nutugne olehmu sekolah sawise lulus SMP dhisik?” Pak Suwaji nawakne cara.

 

“Caranipun kados pundi Bapak?” Sudimin nyuwun pirsa.

 

“Carane saiki kowe api-api nyarujuki kabeh sing dikersakne Pak Dalal, nanging kowe uga ngajokne sarat masrut sing kudu diwujudi dening Pak Dalal, ya kuwi Pak Dalal kudu kersa ngragati sekolahmu paling ora nganti lulus SMA utawa Sekolah Kejuruan Tingkat Atas. Piye yen ngono ?”.

 

Sudimin meneng sedhela, pikirane sing landhep wis bisa ngaweruhi yen sejatine rerigen sing didhawuhne Pak Suwaji kuwi mung kanggo nyoba marang dheweke. Dudu watake Pak Suwaji sing muruki muride murih duwe pangawak prau, gelem obah merga ngalab opah. Pak Suwaji bola-bali paring warah yen gelem mbantu wong liya kuwi aja merga ngarep-arep sembulih apa-apa, nanging kudu dilakoni kanthi ikhlas lahir tumusing batin, minangka srana kanggo manembah marang Kang Maha Kawasa. Ora kok kaya sing lagi wae didhawuhne iki mau.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” Sudimin kanthi suwara sing alon nanging keprungu cetha matur “kula boten saged nglampahi ingkang kados makaten menika kala wau, awit kula boten badhe ngucemaken asmanipun Bapak namung kangge mbujung kabetahan kula ingkang dereng kantenan sagedipun kacepeng. Sampun malih kok mawi ngunjukaken sarat dhateng Pak Dalal kados makaten kala wau, saupami tanpa kula nyuwun nanging Pak Dalal paring dhawuh tawa-tawa dhumateng kula murih kula saged sekolah malih sasampunipun tamat SMP mangke kanthi nanggel wragadipun, dereng kantenan kula badhe sumrinthil nampi kanthi bingahing manah. Kula namung purun nampi pitulunganing asanes menawi pitulungan menika kaparingaken kanthi ikhlas boten murih menapa-menapa, kados anggenipun Bapak saha Ibu paring pitulungan dhumateng kula ngantos titiwanci menika”.

 

Byar padhang, katon sumringah pasuryane Pak Suwaji midhanget atur wangsulane Sudimin sing nuduhne jiwa kasatriyane kuwi. Mula karo mesem sing nuduhne yen lagi karenan penggalihe, pak Suwaji banjur paring dhawuh :

 

“Ya wis yen pancen mangkono sing dadi tekadmu, Bapak mung bisa melu ndedonga nyuwun kamurahaning Gusti Sing Maha Kawasa, muga-muga kasembadan apa sing mbok sedya. Saiki kana mbok menawa kowe arep ngapa ta ngapa bisa mbok tindakne, perkara anggone Bapak mundhut pirsa sarta nyritakne critane Pak Dalal iki mau ora sah nemen-nemen nggonmu nggagas”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin, banjur ngadeg arep ngalih.

 

“Oh, iya meh wae Bapak kelalen…..” dumadakan Pak Suwaji ngendika maneh.

 

“Inggih wonten dhawuh menapa Bapak?” Sudimin nyadhong dhawuh.

 

“Suk Sabtu malem Ahad ngarep, Masmu si Respati arep tilik omah karo ngajak kanca”.

 

“Mas Respati badhe kundur?” Sudimin nyethakne dhawuhe Pak Suwaji.

 

“Iya, layange sing nganggo prangko kilat, wis teka mau esuk. Nanging ya mung sepasar neng omah karo ngajak kancane sing kepengin ngerti kahanane desa kene, wong Jerman karo bojone, bojone kuwi  wong Turki lan nggawa anak siji. Mengko utawa sesuk sak kobermu wae, kamare Masmu Prayitna resikana lan tatanen sing becik, ben dienggoni kancane Masmu Respati”.

 

“Inggih Bapak”

 

Pak Suwaji banjur jumeneng lan bali tindak mlebu omah. Sudimin banjur ngalih metu saka Pawon, pikirane nggagas gaweyan apa sing luwih dhisik arep ditindakne, merga wektune wis kalong akeh dienggo jagongan karo Bendarane. Sudimin banjur memburi, niyate arep resik-resik pekarangan mburi luwih dhisik.

 

Lagi wae arep nyandhak sapu, dumadakan Sudimin krungu nek ditimbali Bu Suwaji. Sapu diselehne, daya-daya marani panggonane juragane putri.

 

“Kae lho, kowe digoleki kancamu sing mau esuk mrene!” Bu Suwaji jebul wis jumeneng neng cedhak lawang pawon, banjur paring dhawuh nek ana kancane Sudimin sing mara nggoleki dheweke “kana ditemoni dhisik, mbok menawa ana sing wigati. Gaweyane ditinggal dhisik, mikir gaweyan kuwi ora ana enteke ya?”.

 

“Inggih Ibu” atur wangsulane Sudimin alon. Sudimin kelingan mau Bu Suwaji wis paring dhawuh nek dhek esuk pas dheweke menyang sawah, Hartini kanthi dikancani Masirah lan Warsidi teka mrono nggoleki dheweke. Atine Sudimin bali rada dheg-dhegan maneh.

 

 

Ana candhake.

Kamis, 05 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (028)


 

28.

Sudimin isih anteng karo meneng, nyemak pangandikane Pak Suwaji sing nerokne critane Pak Dalal. Sudimin uga banjur kelingan marang critane bocah-bocah kancane sekolah, sing ngandhakne nek jarene Ninuk kuwi kerep crita marang sapa-sapa yen Ninuk kuwi wis dipacangne wiwit cilik karo dheweke. Kanthi nyemak crita sing dingendikakne Pak Suwaji ngono kuwi mau, apa sing dikojahne Ninuk kuwi ora satus persen luput. Isih ana sing bener, merga ana sumbere . Mung wae mbok menawa anggone nampa sumber kuwi kurang pas, utawa olehe merdeni sumbering crita mung wewaton penafsirane dhewe, critane Ninuk dadi sakarepe dhewe, dijumbuhne karo sing dikarepne. Dadi saiki Sudimin ngandhani atine dhewe, ora kena ngluputne Ninuk merga seneng kojah bab nek wis dipacangne wiwit cilik, nanging ya ora kena mbenerake jalaran crita sing dikojahne Ninuk wis diimbuhi klawan penapsirane dhewe.

 

“Ngono kuwi critane Pak Dalal marang Bapak dhek mau esuk” Pak Suwaji mungkasi olehe nirokne critane Pak Dalal “mulane Bapak mau mundhut pirsa : apa bapakmu biyen tau crita sing ana sambung rapete karo mbesuk nek kowe wis wayahe omah-omah”.

 

“Lha kok lajeng Pak Dalal nyariyosaken dhateng Bapak menika mengku kersa menapa Bapak?” Sudimin matur alon minangka tanggaping wacana.

 

“Lha kuwi, ana critane dhewe maneh” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Cariyos menapa malih Bapak? Kok kados sandiwara radio kemawon?” Sudimin matur nyuwun pirsa karo ngguyu lirih.

 

“Pancen bener, ana maneh critane” Pak Suwaji paring wangsulan uga karo gumujeng alon “kowe ngerti ta nek putrane Pak Dalal kuwi jane ana papat, nanging sing lulus anggone ngenger nganti tekan gedhe rak mung Ninuk dhewe? Merga adhi-adhine Ninuk sing cacahe ana telu, wis kapundhut sadurunge umure ganep sepasar, malah sing keri dhewe kae, wis ora ana wiwit ana sajroning kandhutan”.

 

“Inggih Bapak”

 

“Lha Ninuk kuwi wae, jaman isih cilik sadurunge sekolah biyen kerep lara-laranen, malah ngendikane Pak Dalal nganti saiki, nek apa sing dipengini ora dituruti dening Bapak lan Ibune, banjur awake panas lan ndleming ora karuwan”.

 

“Wadhuh, makaten inggih Bapak?” Sudimin matur karo mesem, karo batine ngandhakne nek Ninuk kuwi pancen bocah aleman.

 

“Iya, ya awit saka kuwi, Bapak banjur duwe dudutan yen rawuh lan anggone crita Pak Dalal marang Bapak, mung merga wedi utawa kuwatir yen Ninuk nganti lara utawa panas awake maneh” dhawuh wangsulane Pak Suwaji sabanjure.

 

“Liripun kados pundi Bapak?”

 

“Lire mangkene” Pak Suwaji nyambung critane “Pak Dalal uga nyritakne, mesthine olehe crita ya merga dicritani putrane, yen sawuse kowe karo Ninuk sekolahe awor neng SMP nggone mBah Cip, nggonmu sambung kekancan karo Ninuk dadi lan rakete. Mundhak dina sansaya raket lan sansaya cedhak, malah jarene kerep wae Ninuk njaluk warah carane nggarap wulangan-wulangan sing dheweke durung mudheng marang kowe, jarene Pak Dalal maneh, kowe ya seneng banget yen Ninuk gelem njaluk warah marang awakmu. Apa ya pancen bener mangkono?”.

 

“Pripun nggih Bapak?” Sudimin atur wangsulan sajak ewuh aya “menika wonten leresipun nanging ugi wonten ingkang boten pas”.

 

“Lire kepiye?”

 

“Leresipun, mila saestu menawi srawung antawisipun kula kalih Ninuk menika mila lajeng wewah raketipun sasampunipun minggah ing kelas kalih, jalaran Ninuk mila saben seminggu dugi dhateng griya mriki saha kepanggih kula, paling boten kaping tiga, Senin, Rebo lan Jumuah. Awit Ninuk ugi tumut sinau kelompok ingkang dipun wontenaken ing emperan wingking nika. Makaten ugi menawi dipun wastani Ninuk asring nyuwun warah babagan wulangan ingkang piyambakipun dereng patos ngertos. Nanging anggenipun nyuwun warah inggih kanthi wontenipun sinau kelompok menika, ingkang andilalah kula ingkang langkung asring saged nerangaken caranipun nggarap wulangan ingkang dereng sami mudheng menika” Sudimin atur wangsulan nyethakne apa sing sanyatane.

 

“Lha jaremu ana sing kurang pas? Sing endi kuwi?” Pak Suwaji mundhut pirsa maneh, senajan satemene sethithik-sethithik uga wis pirsa karo sing dikarepake Sudimin.

 

“Menika makaten” Sudimin atur wangsulan “ingkang sepisan, anggenipun Ninuk nyuwun warah menika estunipun boten mligi dhateng kula, nanging dhateng sedaya kanca ingkang sami ndugeni sinau kelompok, namung kemawon inggih niku wau, andilalah ingkang kathah saged nerangaken kanthi cetha menika kok kula. Saha malih, anggen kula nerangaken menika boten kangge Ninuk kemawon, nanging ugi dhateng kanca-kanca sedaya”.

 

“Banjur sing kapindho?”

 

“Ingkang kaping kalihipun, mila leres menawi kula remen lan kanthi bingahing manah menawi wonten kanca ingkang pitaken bab wulangan ingkang dereng patos dipun ngertosi menika, lan kanthi bingah menawi saged kula lajeng nerangaken menggah cethanipun. Makaten menika boten namung menawi ingkang pitaken Ninuk kemawon, nanging ugi kanca-kanca sanesipun. Dados menawi dipun wastani kula remen marahi Ninuk, menika mila boten lepat nanging inggih kirang pas menawi dipun wastani anggen kula remen menika namung menawi ingkang kula warahi Ninuk kemawon” Sudimin njangkepi wangsulane.

 

“Iya Bapak wis bisa nampa karo sing mbok aturne kuwi” Pak Suwaji ngendika karo mustakane manggut-manggut “mung wae sajake olehe crita Ninuk marang Bapake, ora kaya sing mbok aturne iki mau. Merga isih ana sambungane crita”.

 

“Wadhuh” Sudimin kaya sambat “lajengipun crita menapa malih Bapak?”.

 

“Merga dicritani Ninuk olehe srawung karo kowe, nanging beda adoh karo sing mbok aturne iki mau, ndadekne Pak Dalal rumangsa kaya weruh ayat-ayate Gusti Allah sing wujude Ayat Kauniyah, ya iku ayat sing ora kamot ing Kitab Suci, nanging anane kedadeyan sing sajak ngemu pituduh utawa hidayah” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Ayat Kauniyah Bapak? Weleh-weleh, Pak Dalal kuwi thik kaya Wali wae?” Sudimin grenengan ijen.

 

“Iya” Pak Suwaji ngendika karo mesem “rumangsane pak Dalal, raketing srawungmu karo Ninuk kuwi, minangka pepeling saka Gusti Allah. Ya kuwi Pak Dalal lan Bu Dalal dielingne nek nate kagungan niyat arep njodhokne putrane karo anake Kang Diman Bandhat, ya kuwi pas kowe isih cilik, kaya sing wis dicritakne Bapak neng ngarep mau. Mula pak Dalal lan uga Bu Dalal ya banjur ngersakne supaya niyat sing wis kocap jaman semana bisoa kasembadan”.

 

“Kersanipun Pak Dalal kalih Bu Dalal badhe njodhokne Ninuk kalih kula?” Sudimin matur, karo batine wiwit nata ukara kanggo atur wangsulan yen dheweke ora duwe rasa tresna marang Ninuk, kajaba tresna lumrah antarane kanca karo kanca.

 

“Bener” Pak Suwaji paring wangsulan “nanging ora saiki, merga Pak Dalal uga kepengin Ninuk bisa sekolah luwih dhuwur maneh. Dadi paling cepet ya ngenteni nek Ninuk wis tamat SMA”.

 

Sudimin isih meneng, durung atur wangsulan, isih ngenteni critane Pak Suwaji sabanjure.

 

“Lha anggone Pak Dalal nyritakne bab niyate besanan karo wong tuwamu jaman semana kuwi, supaya Bapak pirsa, banjur kersa melu ngandhani kowe murih sansaya ngraketake nggonmu srawung karo Ninuk kareben niyat sing wis diucapne Pak Dalal lan Bu Dalal jaman semana kuwi bisa kasembadan kanthi lancar” sawise pirsa nek Sudimin meneng wae, Pak Suwaji nutugne olehe ngendika “merga ngendikane Pak Dalal, sing mesthine ya saka wadulane putrane, jarene keri-keri iki, sikepmu katon rada beda marang Ninuk. Dene sing njalari, merga ana bocah wadon liya sing wis wani ninggalne sipat-sipating bocah wadon sing sarwa semu ing samubarang reh. Bocah wadon sing keri kuwi mau, jarene tanpa duwe rasa ewuh pakewuh ngatonake rasa tresnane marang kowe, kathik dhasare bocahe ya kasinungan rupa sing ayu, lencir kuning pisan, dadi ya ora mokal nek kowe banjur kegiwang atimu, banjur nglanggati tresnane bocah wadon mau. Lan malih ora migatekne maneh marang Ninuk. Kowe ngerti sapa bocah wadon sing keri iki?”.

 

“Menapa Sri Hartini Bapak?” Sudimin mbadhe jenenge bocah wadon sing dicritakne Pak Suwaji. Amarga mau, sadurunge crita akeh-akeh Pak Suwaji uga mundhut pirsa perkara olehe srawung karo Hartini, putrane juragan gabah sing sugihe ora karuwan kae.

 

“Bener, jenenge Sri Hartini” Pak Suwaji mbenerake wangsulane Sudimin “apa bener Sri Hartini kuwi kaya sing dicritakne Pak Dalal marang Bapak kaya sing wis bapak dhawuhne marang kowe mau? Lire antarane Hartini karo kowe padha-padha olehe mambu ati utawa padha tresnane?”.

 

Ditlemak nganggo pitakonan kaya mangkono kuwi, Sudimin mbrabak, pancen atine ora bisa selak yen dheweke satemene uga seneng marang Hartini, mung wae dheweke duwe niyat ora arep ngandhakne rasa tresnane kuwi marang sapa wae, kalebu marang Hartini sing jarene kanca-kancane, luwih-luwih jarene Masirah apa dene Warsidi Hartini kuwi kepengin bisa dadi pacare.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” wusanane karo suwara sing alon Sudimin banjur atur wangsulan marang bendarane “saupami kula kasinungan sarat ingkang jangkep makaten bares mawon kula mila remen menawi cecaketan kalih Hartini ingkang ketingalipun ugi remen menawi kekancan kalihan kula, nanging gandheng sarat ingkang kula ngadhahi taksih tebih dereng nyekapi, mila lajeng kula punggel namung kekancan limrah kemawon. Dados menawi dipun wastani menapa kula remen kalih Hartini menika leres, nanging menawi menapa kula tresna dhateng Hartini menika lepat, jalaran kangge nresnani Hartini menggah kula, kula dereng saged nyekapi sarat masrutipun”.

 

“Lha kok nganggo sarat masrut barang ta Min? Apa wujude kuwi?”.

 

 

Ana candhake

Rabu, 04 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (027)


 

27.

Ngerteni sikepe Pak Dalal lan Paeran Dengkek sing kaya ngono kuwi, nesune Kang Diman Bandhat dadi ilang, ganti rasa trenyuh sing ngebaki sajroning dhadhane. Kanthi sareh lan sabar, tangane Pak Dalal dicandhak karo guneman :

 

“Sampun-sampun Pak Dalal, sampun kados makaten, namine tiang niku nggih sok lali napa, nggih sok sembrana. Nanging Gusti Allah Ingkang Maha Mirah tansah maringi pangayoman dhateng titahipun. Sokur Kamdulillah, anak kula boten siyos dhawah dhateng kedhokan. Lan inggih boten napa-napa, niku ketingale namung kaget sangkete mawon. Sak niki mangga lenggah rumiyin, badhe kula tilar sakedhap., murugi mBah Tilah Dhukun Bayi, kersane otote Dimin dibenekne riyin”.

 

Pak Dalal durung bisa kumecap, kanggo aweh wangsulan, eluhe isih dleweran nelesi pipine. Paeran Dengkek tanggap, banjur ngiras pantes kanggo gantine asok kaluputan marang Kang Diman Bandhat, banjur guneman :

 

“Sing marani mBah Tilah, ben aku wae Man. Tulung Pak Dalal kancanana” muni ngono kuwi Paeran Dengkek banjur ngadeg, tanpa ngenteni wangsulan banjur mlaku sajak gita-gita ninggalne omah kono, arep marani Dhukun Bayi sing arep dijaluki tulung ngurut Sudimin.

 

“Gajege gula karo bubukmu rak ya isih ana ta mBoke Dimin?” katone kanggo ngalihne swasana, Kang Diman Bandhat kandha marang Yu Sudinem “mosok eneng dhayoh kok mung disuguh anggur wae, kana nggodhoga banyu, ben Pak Dalal ngrasakne kopimu sing weton Genthong*)”.

 

“Gak sah repot Yu” sing nyaut kandhane Kang Diman Bandhat malah Bu Dalal “wong dhayoh tanggon wae kok, kene malah jagongan kene wae ben rada gayeng”.

 

“Boten repot kok Bu” wangsulane Sudinem karo ngadeg “wong nggih mumpung enten toya benter mawon kok niki”.

 

Yu Sudinem banjur mlaku menyang Pawon, Diman Bandhat genti nyaketi anake lanang, njagani nek sawayah-wayah njingkat saka olehe turu.

 

Pak Dalal nggeser lenggahe, melu nyedhaki Sudimin sing isih turu, alon-alon astane diagem ngelus bathuke Sudimin.

 

“Panas!” kaya ngendikan marang awake dhewe Pak Dalan ngelih astane “owah tenan Kang Diman, putrane sampean iki. Sepisan maneh aku njaluk pangapuramu sing gedhe ya?”.

 

“Enggih Pak Dalal” wangsulane Kang Diman Bandhat “mengke nek empun digrayahi mBah Tilah rak nggih asrep malih”.

 

“Nek diworne ngene iki Dimin karo Ninuk ketok nek mirip nggih Mas?” Bu Dalal ngajak omong kakunge “kados kakang adhi, nek boten klentu riyin lahire kaot sekawan wulan, langkung sepuh Sudimin”.

 

“Iya” Pak Dalal paring wangsulan “mbesuk dadine, Sudimin kuwi pakulitane niru Bapake, kuning ngemu giring, lha nek si Gendhuk kuwi rak nurun aku, dadi ya ora kuning banget malah rada ireng sethithik”.

 

“Ireng manis Pak Dalal” Kang Diman Bandhat melu udhu rembug “benjing dadose nggih lare ayu ireng manis, kados Dewi Wara Sembadra”.

 

“He he he , sampean kuwi bisa wae” Pak Dalal nyauti gunem karo gumujeng “lha nek Ninuk mbesuk kaya Wara Sembadra lha Sudimin mbesuk rak kaya Raden Permadi no ?”.

 

“Nggih cocog sanget niku Mas” Bu Dalal numpangi rembug “Raden Permadi niku rak garwane Wara Sembadra ta? Upama mbenjing nek lare kalih niki mpun ageng awakipun piyambak besanan kalih Kang Diman kok ketingale nggih sae,  kula kalih panjenengan rak saged ndherek momong Sudimin lan Ninuk kersane ngraosne dimong Kang Diman kalih Yu Sudinem. Pripun nek nurut Panjenengan Kang Diman? Sae lan mathuk ta?”.

 

“Nek aku genah nek mathuk banget Bu” dudu Kang Diman sing gage-gage nyaut , nanging malah Pak Dalal karo mesem seneng, banjur dhawuhe marang Kang Diman Bandhat “cocog banget lho Kang upama anak sampean kuwi dijodhokne karo anakku, anakku ya ayu lha anak sampean ya bagus, wis klop lah”.

 

Karo nyangga tampah minangka gantine baki, sing kanggo nggawa wedang Yu Sudinem teka.

 

“Gek menapa inggih cocog ta Pak? Kula kok malah ajrih nek kuwalat” kandhane Yu Sudinem karo ngladekne kopi.

 

“Kuwalat piye ta Yu?” Bu Dalal sing semaur.

 

“Nggih kuwalat tenan ta Bu” wangsulane Yu Sudinem “iba surake wong sajagad menawi estu kula besanan kalih panjenengan?. Bares mawon, ngangen-angen mawon kula boten wantun, mengke gek kula sampun tenanan olehe ngajeng-ajeng, teka ndata malah wurung. Mengke rak dados iwak bandeng bestik kenthang”.

 

“Kok ndadak nganggo parikan barang ta Yu?” Pak Dalal mundhut pirsa karo mesem “apa kuwi tegese?”.

 

“Sing kene kadhung methentheng, jebul ora suda madhang, wurung. Rak marahi kesakit-sakit ta Pak?” Yu Sudinem nggenahne parikane “pantese besanan niku nggih kalih tiyang sing sababag, babag rupane, babag drajate, babag kaduwekane lan sapiturute. Lha nek kula ajeng besanan kalih panjenengan niku mengke rak tengu-tengu sami ngguyu he he he”.

 

“Ya aja mengkono olehmu nampa Yu” Bu Dalal ngendika maneh “jenenge jodho kuwi ora mbedak-mbedakne pangkat lan drajat, ora mbedak-mbedakne bandha lan kesugihan, sing baku mung siji padha mathuke. Kaya sing sing neng tembang-tembang kae lho Yu? Gegarane wong akrami, dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane……..”.

 

“Lha wong tembang mawon kok digatek nemen-nemen ta Bu, bu?” Yu Sudinem wangsulan karo mesem, banjur ngacarani dhayohe supaya ngunjuk wedang suguhane “mangga katuran ngunjuk Pak Dalal, kopine weton Genthong menika, mila nggih nggereng, angger ireng”.

 

“He he he , wis tak sruput luwih dhisik kok Yu” wangsulane Pak Dalal karo ngguyu “kopimu kaya kopi warung wae, krasa nek campurane mung sethithik, malah klapa sing ngge capuran nggoreng krasa banget. Mbaleni tembang sing dikandhakne Ibune Ninuk mau Yu, ambak-ambak mung sak tembang, kuwi tembang tinggalane para kuna sing ngemu pitutur sing becik, beda karo tembang jaman saiki sing isine mung cinta-cintaan thok”.

 

“Nggih bener niku Pak Dalal” Kang Diman Bandhat sing maune mung meneng wae kuwi melu guneman.

 

“Mulane awake dhewe iki aja sok dhemen maido unine tembang” Pak Dalal wiwit kandhan-kandhan.

 

“Enggih” Diman Bandhat aweh wangsulan “nanging kadose tembange Bu Dalal wau dereng jangkep”.

 

“Kirange teng pundi Kang Diman?” Bu Dalal genti nyaut.

 

“Luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel, angel kelangkung, tan kena tinumbas arta” Diman Bandhat nyethakne isine tembang “niku rak tembange tiyang ajeng jejodhowan, dede tembange tiyang sing ajeng besanan. Namung ati pawitane niku, dede atine tiyang tuwek, nanging atine sing ajeng nglampahi, upaminipun benjing si Thole kalih si gendhuk niku atine empun cocog, didhadhunga mesthi medhot dipalangana nggih mesthi mlumpat, wong tuwa kados awakipun piyambak niki boten saged menggak. Kosok baline, upami benjing menika Si Dimin napa dene Si Ninuk niku sami boten tresnane, awakipun piyambak inggih boten saged meksa. Rak nggih ngoten ta Pak Dalal?”

 

“Iya bener kuwi Kang” Pak Dalal manthuk-manthuk “ya muga-muga wae mbesuk bocah loro kuwi padha mambu ati dhewe-dhewe. Nek bocah wis padha senenge sampean rak ya ora kabotan ta Kang upama dadi besanku?”.

 

“Prakawis menika saene dirembag mbenjang mawon Pak” wangsulane Kang Diman Bandhat “merga wektune tesih dangu, jeneh Si Dimin nggih dereng genep bayi pitu lan si Ninuk nembe patang lapanan ta? Saupami Dimin niku niru bapake nggih tesih wolulas tahun malih, lha nek niru lekase lare-lare jaman sak niki sing empun sami pinter mesthine paling boten nggih selangkungan tahun malih”.

 

“Iya bener pancen wektune isih suwe, nanging sampean rak mathuk ta karo panemuku sing mau tak kandhakne?” Pak Dalal mburu pitakonan.

 

“Mathuke niku nggih mathuk, nanging namine Tiyang, menika gadhah teges nek atine gampil goyang, sok lumrah esuk kedhele sorene mpun dados tempe” Kang Diman Bandhat aweh wangsulan “lha ati sing ngoten niku sok ndadosne gelane tiyang sanes ingkang rumaos dipun blenjani, napa boten ngoten?”.

 

“Iyane niku nggih iya Kang” genti Bu Dalal sing semaur “nanging nek wiwit sakniki dirembag niku sae mawon, mengke kalih mlampah awakipun piyambak saged tansah ngeling-eling murih boten gampil ndadosaken kedhele dados tempe kados sing panjenengan dhawuhne niku wau”.

 

“Nggih sampun, kula mathuk mawon” wangsulane Diman Bandhat ngalahi rembug “nanging kula boten janji lho nggih? Amargi ngeten, kula niki empun kadhung percaya nek siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima nugraha niku menungsa namung wenang mbudidaya boten wenang mutusne. Awakipun piyambak kedah pitados adiling Gusti, nek Sudimin niku jodhone Ninuk badhea wonten banjir lahar ingkang malangi lampah, panggah kemawon lare kalih niku mangke badhe angsal margi dados jodhonipun. Kosok baline, nek Gusti boten nemtokaken lare kalih niku dados jodhone, digiringa kados Sontoloyo nggiring bebeke, nggih panggah badhe mbedhal pados dalan sanes”.

 

Pak Dalal arep semaur maneh, nanging diwurungne. Merga neng lawang ana wong alok kula nuwun. Mbah Tilah Dhukun Bayi sing arep ngurut Sudimin wis teka ditutne Paeran Dengkek sing mlaku ana mburine.

 

 

Ana candhake

Selasa, 03 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (026)


 

26.

Kaya sing dadi pangirane Pak Dalal” Pak Suwaji nutugne anggone nirokne critane Pak Dalal “Bapakmu, ya Kang Diman Bandhat, bareng oleh wadulane simbokmu, ya Yu Sudinem, sakala muntab. Anggone yu Sudinem wadul marang bojone kuwi merga Kang Diman Bandhat takon, ya gene kowe sing adate nek bubar magrib kuwi wis turu angler, nanging sore kuwi janji mripatmu merem let sedhela banjur girab-girab kaya bocah sing lagi kaget, awakmu panas pisan”.

 

“Woo, Paeran Dengkek karo Dalal” Kang Diman Bandhat ngudarasa dhewe sawuse krungu wadulane simbokmu, olehe grenengan ngono kuwi keprungu dening Pak Dalal, Bu Dalal apa dene Paeran Dengkek sing wis tekan emper omahe bapakmu nanging durung kober kula nuwun “Mandhak sugihe Dalal kae ya mung bandha warisan saka maratuwane wae, lha kok dienggo tumindak degsiya marang wong ora duwe. Luwih-luwih, si Paeran kae mandhak lagi dipercaya wong sugih ngono wae, wis lali karo tanggane sing mlarat, karepe arep sawiyah-wiyah marang anakku sing durung weruh dosa. Wong loro kae, nek durung tak gedhig nganggo bendho sirahe, wangune durung melek mripate, nek Diman Bandhat iki dudu wong sing jirih getih”

Bubar muni ngono kuwi, Kang Diman Bandhat banjur mlaku menyang pawon arep nggoleki bendhone, karo ngomong marang Yu Sudinem :

 

“Wis mbokmu, aja kandha sapa-sapa, bengi iki Paeran karo Dalal tak golekane, tak jlidhetne matane, ben ngerti nek kowe bojone Diman Bandhat, nadyan uripe kesrakat nanging isih weruh endi sing bener endi sing luput, sirik tumindak colong jupuk duweke liyan”.

 

“mBok sing sabar ta Pakmu” Yu Sudinem menggak kekarepane bojone “sing baku anakmu, si Sudimin iki ora sida tiba neng ndhut-ndhutan lan ora apa-apa. Nek sampean mengko arep nglabrak Pakdhe Paeran lan Pak Dalal, rak malah dadi rame tekan ngendi-endi, tur maneh, ya ora ana gunane. Awake dhewe iki luwih becik ngrumangsani, urip mlarat kesrakat kuwi wis sengsara aja ditambahi tumindak sing neka-neka. Percaya karo Sing Kuwasa wae, mengko rak ketok dhewe, nek aku pancen dudu tukang maling pari neng sawahe tanggane”.

 

“Karepmu kuwi piye?” Kang Diman Bandhat sing wis nyekeli bendhone neng tangane kuwi takon karo mencereng “anakku nganti awake panas, tambah saiki girab-girab, sing ketoke ya kaget sangkete kuwi, aku mbok kon meneng wae? Bojoku sing didakwa nyolong parine Dalal aku ya kon meneng wae? Aku iki elek-elek ya Bapak, nadyan asor drajatku, nanging aku iki ya wong lanang. Kowe ngerti? Babon pitik sing lagi netes kae wae njawa nek anake diganggu liyan bakal ngamuk, ngabruk-ngabruk marang sing ngganggu. Kowe weruh? Pitik jago kae, mesthi nladhung sapa sing wani ngganggu babon sing dadi bojone. Lha aku iki wong lho Nem? Arep mbok kon kalah karo pitik babon lan pitik jago?. Uwis, kowe gak sah melu-melu, nek ana apa-apane tak sanggane dhewe, nek mung merga nggedhig nganggo bendho cengele wong loro kae aku kudu dikrangkeng neng buen, mengko ya tak lakonane dhewe. Ya aku mengko tak mampir nggone mBah Tilah Dhukun Bayi kae, Dimin ben dipijeti lan dibenekne  otote sing owah”.

 

Wong telu sing lagi teka neng empere Kang Diman Bandhat kuwi, cetha banget olehe krungu apa sing lagi wae dirembug Yu Sudinem karo Kang Diman Bandhat. Paeran Dengkek apa dene Pak Dalal padha olehe ngewel saking wedine. Meh wae, wong loro kuwi arep mlayu ninggalne papan kuwi. Nanging kanthi basa sasmita, Bu Dalal ngongkon supaya wong loro kuwi padha meneng, lan rada ngadoh saka lawang, Bu Dalal sing arep madhangne perkarane.

 

“Assalamu’alaikum” karo nyedhaki lawang slarakan omahe Kang Diman Bandhat, Bu Dalal alok uluk salam, suwarane dibanterake.

 

“Waalaikumsalam” Yu Sudinem karo Kang Diman Bandhat bareng wangsulan.

 

“Mangga….!” Diman Bandhat nylarak lawange supaya mbukak, banjur ngiling-ilingi sapa sing lagi teka. Sajake Kang Diman rada kaget bareng ngerti yen sing uluk salam kuwi mau Bu Dalal.

 

“Kula ingkang sowan Kang Diman” Bu Dalal ndhisiki guneman karo ndhodhok neng ngarepe Kang Diman. Mesthi wae kang Diman dadi kaget, wong sugih putrane Pak Kaji Dul Rokim sing meh kabeh wong padha kurmat kuwi ndhodhok neng ngarepe. Luwih-luwih bareng Kang Diman Bandhat ya weruh nek Bu Dalal uga lagi nggendhong bayine, sing Diman Bandhat ngerti umure isih luwih nom tinimbang bayine Sudinem.

 

“Sampun Bu, mangga jumeneng mawon lan lenggah dhateng klasa mrika” kandhane Diman Bandhat ngarih-arih supaya Bu Dalal kersa ngadeg, karo muni ngono Diman Bandhat banjur nggelar klasa neng jogan “mangga pinarak mriki Bu, wonten kersa menapa ampun nangis ngoten niku, kula malah bingung mangke”.

 

Sudinem, sing lagi ngeloni anake uga banjur tangi, nyedhaki Bu Dalal. Astane Bu Dalal dicandhak diajak lenggah neng klasa sing lagi wae digelar Diman Bandhat.

“Mangga Bu pinarak teng gelaran mrika, mangga” kandhane Sudinem karo nggeret astane Bu Dalal “mesakaken ingkang putra menika lho”.

 

Isih karo muwun, Bu Dalal banjur manut Yu Sudinem mapan lenggah ing klasa, pasuryane ndhingkluk, tangise isih mingseg-mingseg. Bayi sing digendhong, sajak ora ngerti apa-apa, mung meneng.

 

“Badhe wonten kersa menapa ta Bu? Rawuh mriki panjenengan kalihan muwun?” Yu Sudinem nyuwun pirsa “kula wau mila ngasag dhateng sabin panjenengan, nanging inggih namung ngasag, boten mendhet lan ndhelikne pantun ageman kados ingkang dipun kinten Pakdhe Paeran wau, malah wau kula wangsul saking sabin inggih boten mbeta menapa-menapa, asagan lan senik kula taksih Kantun dhateng sabin……..”.

 

“Uwis Yu, uwis” Bu Dalal wekasan ngendika kanggo nigas rembuge Yu Sudinem “aku ngerti lan percaya banget, awakmu ora njupuk pari ageman. Pake Ninuk mau wis ngandhani aku, nek awakmu bener-bener ora njupuk kaya sing didakwakne Pakdhe Paeran, malah Pake Ninuk getun banget kesusu nggugu wadulan sing durung cetha benere, nganti meh wae gawe cilakane anakmu. Tenan Yu, pake Ninuk wiwit bar maghrib mau mung sambat rumangsa getun lan kepengin njaluk pangapura marang kowe”.

 

“Lha nek Pak Dalal ngrumaosi luput, kok malah sing mriki panjenengan neh Bu?”  Diman Bandhat sing nyauti ngendikane Bu Dalal “gek sampean mriki kalih nangis-nangis kados ngoten, kajenge sampean niku pripun?”.

 

“Ngeten nggih Kang Diman” Bu Dalal wangsulan “Pake Ninuk nyeluk Pakdhe Paeran, lajeng dipun uman-uman boten kantenan, mergi pakdhe Paeran dianggep empun ajeng damel cilakane Pake Ninuk, wau Pake ngajak kula kalih Pakdhe Paeran mriki, saprelu badhe ngertakaken kados pundi kawontenanipun si Thole putrane panjenengan, Pake Ninuk kuwatos sanget menawi wonten menapa-menapa kalih si Thole ingkang meh kemawon dhawah dhateng kedhokan. Kajawi menika ugi badhe nyuwun ngapura dhateng Yu Sudinem……”.

 

“Lha pundi tiyange? kok sing mriki namung sampean?” Diman Bandhat semu ora percaya nek Pak Dalal gelem ngakoni lan ngrumangsani lupute.

 

“Wau, Pakdhe Paeran radi ajrih, mila nggih angsale mlampah mandheg mangu, Pake Ninuk nggih ngentosi pakdhe Paeran, lha kula ingkang kirang sabar lajeng ngrumiyini lampah” wangsulane Bu Dalal “sakedhap malih rak dugi mriki. Inggih saderengipun, kula minangka semahe Pake Ninuk ingkang langkung rumiyin nyuwunaken pangaksami Kang Diman, awit badhea kados menapa Yu Sudinem menika rak semah sampean. Saestu kula suwun Yu Sudinem lan Kang Diman puruna ngapura sepinten lepatipun Pake Ninuk. Lan piye Yu kahanane anakmu? Awake owah apa ora? Nek owah ya kudu ndang dipijetne nggone mBah Tilah apa piye?”

 

“Boten napa-napa kok Bu” sing wangsulan genti Sudinem “Si Dimin mila owah, ketingale kaget sangkete, niku larene kalih tilem taksih sok njingkat-njingkat kados kaget, wau jane Pake Dimin nggih ajeng murugi mBah Tilah, kedadak panjenengan rawuh niki wau”.

 

Krungu wangsulane Yu Sudinem ngono kuwi, Bu Dalal banjur nyaketi papan turone Sudimin. Putrane sing ana gendhongan dumadakan diudhunke saka gendhongan, diselehne njejeri Sudimin sing isih merem.

 

“Mesakne temen ta Le” Bu Dalal ngendika marang Sudimin, bayi sing durung ngerti apa-apa kuwi “muga-muga enggal waras ya Cah Bagus?”.

 

Yu Sudinem sing wis mbalik neng cedhake Sudimin lan weruh nek Ninuk putrane Bu Dalal diselehne ing sandhinge Sudimin, mung plenggang-plenggong gumun. Diman bandhat dhewe, ketoke wis mari olehe nesu, bendho sing mau digoceki kenceng banjur dibalekne menyang pawon maneh, banjur bali nyang jogan arep njagongi dhayohe.

 

“Kula nuwuuuun” dumadakan ana suwarane wong uluk salam, pak Dalal.

 

“Mangga” Diman Bandhat sing wangsulan karo ngulati lawange sing isih menga amba.

 

Katon nek gita-gita, Pak Dalal mlebu omah, banjur nyedhaki Kang Diman Bandhat. Sawise beras sing dibuntel glempo diselehne, Pak Dalal nubruk Kang Diman Bandhat, dirangkul kenceng, karo nyuwun pangapura. Paeran Dengkek sing mau ngetutne juragane melu nyedhak, pari patang agem sing dipikul nganggo pikulan cocolan kuwi diselehne, banjur melu lungguh jengkeng neng cedhake Kang Diman Bandhat sing isih ditangisi Pak Dalal.

 

Ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...