68.
Ki Sarkara ningali tiang-tiang ingkang nembe dugi
menika boten kedhep, miturut pangintenipun Ki Sarkara tiang ingkang sami
ndugeni papanipun menika boten kirang saking tiyang selangkung. Senadyan sami
sikep dedamel jangkep nanging ketingal menawi dede golonganing prajurit, Ugi
nitik cara anggenipun sami ngrasuk sandhangan, titiyang menika ugi dede
golonganing para culika. Radi dangu Ki Sarkara boten tumunten suka wangsulan, awit ngraos
radi aneh, anggenipun pitaken tetuwaning para tiyang kala wau mawi sekar
Pocung, kados tiyang ingkang ngungelaken panembrama. Ki Sarkara tumunten
kengetan menapa ingkang nembe kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi dhateng
piyambakipun wau. Mila kanthi nimbangi mawi sekar kinanthi Ki Sarkara suka
wangsulan :
“Mula bener sedulurku
Sarkara parapku yekti
Wong klambrangan saka Pajang
Dene semahku puniki
Satiti kang dadi aran
Pradapa anakku iki”
Mireng wangsulan ingkang dipun sekaraken dening Ki Sarkara
ingkang sinawung sekar kinanthi makaten menika, pangarsaning tiyang-tiyang wau
lajeng noleh dhateng kanca-kancanipun, suka sasmita kanthi nganthukaken sirahipun.
Ingkang kasasmintan lajeng sami manthuk-manthuk, boten dangu lajeng sami
ndheprok ing siti kados patrapipun tiyang ingkang nembe sowan ing ngarsaning
bendaranipun. Pangarsanipun tiyang-tiyang kala wau lajeng mbalik gentos marep
dhateng papanipun Ki Sarkara, inggih lajeng linggih ndheprok ing siti kados
rencang-rencangipun, namung mapanipun radi majeng watawis kalih jangkah ing
ngajenging rencang-rencangipun.
“Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika Ki Lurah”
tiyang kala wau nangkepaken epek-epekipun, ngemba atur sembah sarwi wicanten
dhateng Ki Sarkara “saha mugi kaparenga nampi pangabekti kula sakanca, kula
abdi jengandika pun Pawit ingkang sampun sawatawis dangu nengga rawuh
jengandika Ki Lurah Sarkara”.
“Awit oleh pandongane Kakang Pawit aku sakulawargaku
nemu slamet nganti tekan papan kene iki” kanthi kados sampun tepang dangu
kalihan pangarsanipun tiyang-tiyang ingkang jebul gadhah nami Pawit menika, Ki
Sarkara suka wangsulan mawi basa ngoko “lan Kakang Pawit ngaturake pangabekti
ya wis tak tampa kanthi senenging atiku, ora liwat ya tiba sapadha-padha, mung
wae kurang pas yen ndika Kakang Pawit nyebut aku kanthi sebutan Lurah, jalaran aku
durung bisa nindakne ayahan sing kudune wis tak tandangi ya kuwi mujudake papan
ing sakiwa tengene Kepuh Agal iki dadi kaya sing wis didhawuhake marang aku”.
“Cadhong duka tuwin nyuwun sihing pangaksami Ki Lurah”
Pawit wicanten malih “badhea kados menapa, saestu namung jengandika ingkang dados
lurahipun Pawit sakanca menika. Lan sepisan malih mugi diagung ing pangaksami
dene sampun setengah tahun langkung anggen kula sakanca ngayahi wajib,
nindakaken dhawuhipun keng Ibu nenggih Nyai Ageng Pandhanwangi, mbabat wana ing
sakanan keringing Wit Kepuh Agal menika nembe pikantuk watawis sekawan bau. Menika
kemawon ingkang tigang bau sampun katancepan griya kangge leremipun kula lan
kanca-kanca miwah sagung kulawarga lan kacithak dados pategilan kangge nyekapi
gesang. Ewadene dalem Kalurahan minangka papan lenggah jengandika Ki Lurah
miwah kagem lerem sagung kulawarga, sanaosa nembe awangun prasaja, dening
kanca-kanca ugi sampun kayasakaken, inggih menawi Ki Lurah ngersakaken tedhak
dhateng Kalurahan sumangga kula dherekaken”.
Mireng menapa ingkang dipun wicantenaken dening Pawit
ingkang ugi makili kanca-kancanipun kados makaten menika, raos gumun ing
salebeting manahipun Ki Sarkara sakalangkung agengipun. Nanging Ki Sarkara
tumuli enget kalihan dhawuh pangandikanipun Nyai Pandhanwangi, murih piyambakipun
boten gumunan lan boten kagetan, Pramila raos gumuning manah tumunten saged
sinamudana. Malah Ki Sarkara ugi lajeng nggathuk-gathukaken menapa ingkang
dados aturipun Ki Pawit menika kalihan anggenipun sampun nyagahi menapa ingkang
dados rerigenipun mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin Nyai
Pandhanwangi ingkang jejer mangka talanging basa. Ki Sarkara ugi nggagas menawi
nitik cariyosipun Ki Pawit ingkang sampun setengah tahun langkung anggenipun
miwiti mbabat wana ing papan menika awit nuhoni dhawuhipun Nyai Pandhanwangi
ingkang kala wau dipun basakaken minangka ibunipun, lan Ki Pawit sakanca menika
kadhawuhan nyawisaken papan lan griya kangge piyambakipun, awit piyambakipun
sampun katetepaken minangka Lelurahing bumi babadan ing sakanan keringipun Wit
Kepuh menika, mangka Ki Sarkara lajeng nggadhahi panginten menawi dumuginipun
ing papan mriku menika mila sampun ginarisaken dening Nyai Pandhanwangi ingkang
anggenipun tepang kalihan piyambakipun nembe kalih utawi tigang dinten
kapengker ing griya mayanipun mBah Tambak. Lajeng Nyai Pandhanwangi menika
estunipun sinten? Menapa sambung rapetipun kalihan piyambakipun?. Ki Sarkara
dereng saged mangertosi.*).
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng radi dangu Ki Sarkara
boten tumunten suka wangsulan, Ki Pawit lajeng wicanten malih “menawi awit
sembrananing kula lan kanca-kanca temah anggen kula amapag rawuh jengandika
kirang anuju prana, estunipun sampun wiwit sekawan dasa dinten kapengker kula
sakanca saben siang lan dalu boten kendhat anggenipun gentosan ngrondhani papan
menika kangge mapag jengandika sawanci-wanci
rawuh, nanging inggih gandheng taksih regeding jiwa lan raga kula sakanca, kala
dalu menika kula tuwin abdi jengandika pun Bengkring saha Kadmana, ingkang
anuju nindakaken jejibahan rondha ing papan menika pranyata boten kiyat anampi
perbawaning rawuh jengandika, temah namung saged sumerep cahya cacah tiga
ingkang tumurun saking langit, nenggih cahya jengandika Ki Lurah, Cahyanipun
Nyi Lurah saha Cahyanipun ingkang putra pun Bagus Pradapa. Lan sasampunipun
sakeplasan kula tetiga sumerep cahya jengandika sami, kula tetiga lajeng kontal
kapracondhang kados kabuncang, temah mencelat tebih. Nalika kula tetiga badhe
wangsul malih mrepegi jengandika, kula ajrih menawi dereng kiyat cecaketan
kalihan perbawa jengandika, temah kula lajeng wangsul dhateng gubug kula lan
ngempalaken para kanca sedaya, lajeng kula ajak sareng-sareng mrepegi
jengandika menika. Dados sepisan malih kula sakanca nyuwun pangaksami dene
anggen kula mapag rawuh jengandika ambok bilih boten anuju prana penggalih
jengandika Ki Lurah”.
“Nanging kanyatane Kakang Pawit lan kadang-kadangku
kabeh iki, mau katon isih tidha-tidha lire durung pati percaya yen sing teka
kuwi Sarkara sing saka Pajang?” Sanaosa estunipun dereng cetha lampahing
cariyos ingkang saestu, nanging kangge nutupi boten mangertosipun Ki Sarkara
lajeng tambuh setengah nutuh dhateng Ki Pawit sakanca ingkang kala wau duginipun
kanthi sesikep dedamel lan Ki Pawit langkung rumiyin pitaken dhateng
piyambakipun.
“Bares kemawon Ki Lurah, sanaosa sampun ngraosaken
perbawa jengandika, nanging panggah taksih wonten raos tidha-tidha salebeting
manah kula sakanca, dupi kula sakanca sumerep saking katebihan, salira
jengandika ingkang katingal prasaja, boten mantra-mantra nedahaken bilih
trahing kusuma ingkang ngagem busananing sentana nata, awit saking menika
kangge jagi-jagi murih boten klentu ing panganggep lajeng kula kumawantun matur
nyuwun pirsa sinawung ing sekar pocung wewarah saking Keng Ibu Nyai Ageng Pandhanwangi,
ingkang tuhunipun sekar mantram sakti. Nanging sareng jengandika Ki Lurah pranyata
kepareng paring wangsulan mawi sekar Kinanthi, sakala raos tidha-tidha kula
sakanca babar pisan sirna. Langkung-langkung sareng saking papan ingkang caket
menika kula sakanca ugi sumerep ageman jengandika nenggih Wangkingan Kyai
Pantek sipat kandel trah Samparan Dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya, kula sakanca
estu-estu pitados bilih jengandika mila Ki Sarkara ingkang kula tengga-tengga.
Nanging minangka abdi ingkang mbudidaya murih saged dados abdi ingkang setya,
menawi Ki Lurah ngersakaken paring pidana awit saking raos tidha-tidha menika,
kula sakanca boten badhe suwala menawi ta kedah kapatrapan pidana” Ki Pawit
atur wangsulan, nelakaken blaka anggenipun sampun tidha-tidha dhateng wujudipun
Ki Sarkara ingkang ketingal prasaja lan Ki Pawit ugi lajeng pasrah menawi
anggenipun tidha-tidha menika kaanggep lepat ingkang pantes nampi pidana.
“Iya, iya Kakang” Ki Sarkara lajeng wangsulan kalihan
mesem “sing ndika tindakne kuwi merga tuwuh saka rasa pangati-ati ndika, dadi
ndika ora luput malah kepara wis bener lan pantes oleh pangalembana. Saiki aku arep
miwiti aweh prentah marang ndika kabeh, sing gelem nampa prentahku ndika kandhani
supaya padha ngrungokne, dene sing ora
gelem nampa prentahku tak jaluk supaya kandha kanthi blaka yen wegah tak
parentah”.
Mireng wangsulan saha wicantenipun Ki Sarkara ingkang
makaten menika, ketingal Ki Pawit remen manahipun.
“Inggih Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang nedahaken remining
manah Ki Pawit atur wangsulan “mangga kula suwun tumuli paring pangandika, Ki
Lurah badhe paring dhawuh menapa, saestu kula sakanca boten badhe wonten
ingkang boten badhe nglampahi kanthi gembiraning manah……”.
“Mengko dhisik Kakang Pawit” Ki Sarkara nindhihi atur
wangsulanipun Ki Pawit “apa sing tak kandhakne iki mau durung suwe, dadi durung
ana wektu kanggo rembugan antarane Kakang Pawit karo sedulur-sedulur liyane,
tak jaluk ndika aja dhemen ndhisiki aweh wangsulan sing durung cetha bener
utawa lupute wangsulan ndika kuwi”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit
kalihan ndhingkluk ketingalipun rumaos menawi lingsem “atur kula kala wau
namung dhapur mawi wewaton padatan, inggih menika padatanipun para kanca menika
boten wonten ingkang benten pamanggih kalihan kula”.
“Kuwi nuduhake yen ndika minangka tetuwa utawa
pangarsane sedulur kabeh iki, nyata tetuwa utawa pangarsa kang becik. Nanging bakal
luwih becik maneh manawa sadurunge ndika kabarne yen panemu ndika kuwi wis
padha karo panemune sedulur kabeh, para sedulur padha ndika takoni luwih
dhisik, sanadyan satemene ndika wis weruh apa sing arep dadi wangsulane para
sedulur mau” Ki Sarkara suka pitutur dhateng Ki Pawit.
“Inggih Ki Lurah, ngestokaken dhawuh” Ki Pawit atur
wangsulan, lajeng kalihan nginger anggenipun linggih, gantos madhep dhateng
rencang-rencangipun, Ki Pawit wicanten :
“Sedulur-sedulurku kabeh, dina iki sawuse klakon Lurahe
dhewe ya Ki Sarkara rawuh, kaya sing didhawuhne Nyai Ageng Pandhanwangi kae, Ki
Lurah arep paring parentah marang awake dhewe minangka abdine. Ki Lurah paring
dhawuh sapa sing gelem nampa parentah saka Panjenengane supaya padha meneng
ngrungokne lan sing ora gelem nampa dhawuh utawa prentah saka panjenengane
supaya gelem kandha kanthi blaka apa anane. Piye sedulur-sedulur? Mligi kanggo
aku, apa sing dadi prentah utawa dhawuhe Ki Lurah mesthi bakal tak lakoni
kanthi senenging ati. Marang sedulur sing ora gelem nampa prentah coba ndika
ngangkat tangan sadurunge guneman yen ora gelem kaparentah dening Ki Lurah
Sarkara!”.
Ki Pawit kendel sakedhap ngentosi wangsulan saking
rencang-rencangipun. Pranyata sedaya kendel, boten wonten ingkang ngangkat
tangan lan wicanten menawi boten purun kareh dening Ki Sarkara.
“Dadi kabeh padha siyaga nampa dhawuh saka Ki Lurah Sarkara?”
sareng sampun swatawis wekdal kawontenan sidhem, Ki Pawit lajeng sepisan malih nanting pitaken dhateng rencang-rencangipun.
“Inggiiiiiiiiiih” sedaya rencangipun Ki Pawit semaur
sesarengan.
“Bagus!” Ki Pawit wangsulan kalihan mesem lega, lajeng
nginger linggihipun malih wangsul ngadhep dhateng Ki Sarkara sarwi matur :
“Ki Lurah sampun midhanget piyambak wangsulanipun
kanca-kanca sedaya. Samangke kula lan kanca-kanca nengga dhawuh utawi parentah
saking jengandika Ki Lurah ingkang saged kula tegesi menika parentah kapisan
saking Ki Lurah”.
“Aku nedha nrima banget marang nDika Kakang Pawit lan
sedulurku kabeh sing ana kene” wangsulanipun Ki Sarkara “saiki padha ndika
rungokne, wiwit dina iki antarane awake dhewe ora ana sing diarani abdi lan ora
ana sing diarani bendara. Sing ana mung loro ya kuwi pamong sing duwe jejibahan
momong lan aweh tuladha marang wong sing manunggal karo aku Sarkara lan sing
siji maneh Warga, sing duwe jejibahan aweh pambiyantu marang Pamong kanggo
wuwuhe karaharjan lan kamakmurane awake dhewe iki kabeh. Dadi Prentah saka aku
minangka Lurah ing Kepuhagal kene aja ana sing rumangsa dadi abdiku utawa kawulaku
utawa rumangsa dadi abdine utawa kawulane sapa wae kajaba dadi abdi lan
kawulane Gusti Sing Maha Agung!”.
Ana candhake