Total Tayangan Halaman

Rabu, 05 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (069)

69.

       Kados tiang sinamber gelap lepat tinubruk ing mong tuna, temah dhelog-dhelog kados munyuk ketiban tulup Ki Pawit, wicantenipun Ki Sarkara boten tumunten dipun wangsuli. Malah Ki Pawit lajeng tumoleh dhateng para rowangipun, mbaka setunggal dipun tingali praupanipun, nanging boten wonten setunggal-setunggala saking rewangipun Ki Pawit menika ingkang boten gedheg-gedheg sarwi angangkat pundhakipun minangka sasmita bilih piyambakipun ugi boten mangertos kalihan menapa ingkang dipun wicantenaken dening Ki Sarkara, inggih lelurahipun ingkang nembe kemawon dipun tepangi.

 

“Kepiye Kakang Pawit lan kabeh sedulurku sing ana kene?” sareng sampun dangu Ki Pawit sarowangipun panggah ketingal menawi bingung, Ki Sarkara lajeng wicanten malih “Apa sing tak kandhakne sajroning prentah mau durung cetha? Tak sawang ndika kabeh padha pating dlongop kaya wong sing ora mudheng karo sing tak kandhakne”.

 

“Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Pawit lajeng atur wangsulan “mila leres menawi kula sakanca kirang cetha merdeni dhawuh jengandika kala wau. Awit jengandika paring dhawuh ingkang wosipun marentahaken bilih ing Padhukuhan Kepuhagal ingkang nembe kababat menika boten wonten abdi lan boten wonten Bendara. Kamangka awit sih kawelasanipun ingkang Ibu nenggih Nyai Ageng Pandhanwangi, kula sakanca ingkang suwaunipun tiyang-tiyang ingkang sampun boten gadhah pangayoman, jalaran pangayoman kula sakanca ing bumi kelahiran kula ing laladan Wana Patalan sampun telas katumpes dening titiyang manca, lan kula sakanca lajeng dados buron ngantos dumugi papan mriki awit boten purun teluk dhateng tiyang manca ingkang numpes para pangayoman kula, kula sakanca kaparingan bendara enggal, ingkang badhe anglurahi bumi ingkang dening Nyai Ageng Pandhanwangi kadhawuhan mbabat menika, inggih putranipun Nyai Ageng Pandhanwangi piyambak nenggih jengandika Ki Sarkara. Inggih sasampunipun kula sakanca katampik nalika kula nyuwun pangayoman dhateng Padhukuhan Tambaksela. Sampun kepara dangu kula sakanca ngentosi rawuh jengandika Ki Lurah, nanginmg dumadakan sareng jengandika rawuh lan paring dhawuh ingkang kapisan sampun ngendikaken bilih ing bumi babadan menika boten wonten malih inhgkang winastan bendara lan boten wonten ingkang sinebat abdi. Menapa menika sasmita saking jengandika Ki Sarkara bilih kula sakanca boten kaparengaken ndherek ngaup lan mangayom dhumateng jengandika Ki Lurah? Menapa kula sakanca boten kaparengaken nglajengaken mbabat wana, saha kedah kesah saking papan mriki?”.

 

“Aja kleru tampa Kakang Pawit” gage kemawon anggenipun wangsulan Ki Sarkara, awit Ki Sarkara boten nyana saderengipun menawi tiyang-tiyang menika boten mangertos kalihan ingkang dipun kajengaken “sedulurku kabeh iki panggah kudu nindakane apa sing wis didhawuhne dening Nyai Pandhanwangi, ya iku mbubak wana kinarya padhukuhan lan papan kanggo ulah tetanen kanggo papan palereman lan papan pangupa boga sajrone nindakne kuwajibaning urip. Anane Kakang Pawit lan para sedulurku kabeh katon padha pating domblong nggone nampa prentahku mau jalaran mung kandheg ing tembung ing papan kene wiwit saiki tumeka mbesuk sak jebating jagad, ora ana sing diarani abdi lan ora ana sing diarani bendara. Tembung-tembung sabanjure wangune durung keprungu ing angen-angen ndika kabeh. Temah ndika padha salah tampa lan duwe pangira kanag kleru kaya sing ditakokne Kakang Pawit mau. Saiki ngene wae, dhawuh utawa prentah sing tak kandhakne mau panggah ora bakal tak wurungake, mung anggone nindakne wae sajake mbutuhne wektu sing rada suwe”.

 

“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan.

 

“nDika mau uga ngandhakne yen kanggo papan paleremanku lan anak bojoku wis ndika cawisi, apa Nyai Pandhanwangi sing dhawuhake marang ndika kabeh?” Ki Sarkara lajeng pitaken malih dhateng Ki Pawit lan tiyang-tiyang menika. Ki Sarkara ketingalipun radi supe kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang nembe kemawon dipun tampi, inggih menika dhawuh murih boten kekathahen pitakenan dhateng Pawit saha kanca-kancanipun.

 

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan “keng Ibu boten paring dhawuh murih kula sakanca yasa dalem kagem Ki Lurah, nanging kula lan sedaya kanca-kanca ingkang rumaos nggadhahi kuwajiban nyawisaken dalem Kalurahan, awit saking menika ambok bilih mangke wujud lan tataning dalem boten nocogi penggalih jengandika, kula sakanca nyuwun pangaksami lan kula sakanca sampun siyaga ing dhiri sawanci-wanci kadhawuhan yasa dalem Kalurahan ingkang cundhuk kalihan ingkang jengandika kersakaken”.

 

“Iya, iya Kakang Pawit” Ki Sarkara wicanten malih, kalih salebeting manah ngalembana dhateng Ki Pawit kalihan kanca-kancanipun menika, lan Ki Sarkara ugi sansaya mangertos menawi tiyang-tiyang ingkang wonten sangajengipun menika mila tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pangayoman saha pamong. Awit saking menika Ki Sarkara ugi lajeng kengetan kalihan pitakenanipun Ki Prasanta menapa piyambakipun badhe purun nglampahi menawi kabetahaken nglurahi titiyang ingkang badhe nggayuh gesang ingkang sae? Lan Ki Sarkara ugi enget bilih piyambakipun ugi wicanten menawi sagah. Inggih awit saking menika, Ki Sarkara lajeng mantebaken tekad bilih piyambakipun mila kapiji dening Hyang Agung murih madeg dados lurah ing padhukuhan ingkang nembe kawiwitan anggenipun mbabad menika  “aku nedha nrima banget marang ndika kabeh sing wis mikirake kabutuhane sedulure kamangka sedulur mau durung tau diweruhi sadurunge. Lan saiki aku kepengin mlebu menyang omah sing ndika gawekne kanggo Lurah padhukuhan iki, sing wektu iki aku kang dipercaya dadi Lurah kuwi”.

 

“Menawi makaten suwawi kula dherekaken Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng asung sasmita dhateng rowangipun dipun ajak sareng-sareng ndherekaken Ki Lurah Sarkara.

 

“Ayo mBokmu anake digandheng dijak mlebu omah anyar” Ki Lurah Sarkara lajeng prentah dhateng semahipun.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara ingkang estunipun samangke sampun wenang sinebat Nyai Lurah, ingkang lajeng ngajak yoganipun “ayo nang, mlaku dhewe apa njaluk gendhong?”.

 

“Tak mlaku dhewe wae Biyung, arep nang ndi ta ?” wangsulanipun Pradapa ingkang lajeng taken dhateng biyungipun.

 

“Arep menyang omah Ngger” ingkang wangsulan Ki Lurah Sarkara “dening Wa Pawit kowe wis dicepaki panggonan kanggo dolanan neng omahe Ki Lurah kae lho!”.

 

“Iya Bapa” wangsulanipun Pradapa “Wa Pawit kuwi sapa? Lha mengko aku dolanan nang omahe Ki Lurah, ora didukani Bapa?”.

 

Ki Lurah boten tumunten suka wangsulan namung lathinipun kemawon ingkang dipun esemaken. Nyai Lurah ugi tumut mesem. Ki Pawit ingkang lajeng majeng, nyaketi Pradapa kalihan wicanten :

 

“Ingkang namine Wa Pawit niku kula Gus. Mangga Gus Dapa dipun gendhong Wa Pawit mawon mirsani dalemipun ingkang enggal”.

 

“Mengko ora didukani Ki Lurah Wa?” Pradapa pitaken dhateng Ki Pawit.

“Boten Gus, Ki Lurah niku sabar kok lan kasok tresna dhateng Gus Dapa” boten mawi ngentosi wangsulan, Pradapa dipun junjung lajeng dipun gendhong dening Ki Pawit, dipun jak mlampah mangaler. Ki Lurah lan Nyai Lurah ugi lajeng nututi tindak njejeri Ki Pawit. Sawatawis tiyang-tiyang ingkang wau dugi sareng Ki Pawit ugi lajeng ngetutaken.

 

Ki Lurah Sarkara sakalangkung gumunipun, jebul ing laladan mriku sampun kenging dipun wastani padhukuhan. Awit sampun kathah griya-griya ingkang sampun dipun panggeni kados dene griya-griya ing padhukuhan ingkang sampun dangu wontenipun. Nalika ingkang wonten ing griya-griya menika sumerep Ki Lurah ingkang kadherekaken dening Ki Pawit lan kanca-kancanipun, sami medal saking griya nututi lajeng tumut ngetutaken saking wingking. Inggih radin-radin mila para pawestri.

 

Pranyata sasampunipun dumugi papan ingkang dening Ki Pawit sinebat Dalem Kalurahan. Ki Lurah rumaos eram. Awit griyanipun ageng tur inggil winangun joglo jangkep sapendhapanipun inggih kados limrahipun dalem kalurahan ingkang sampun asring dipun sumerepi dening ki Lurah. Pekarangan saha plataranipun wiyar, kapageran tatanan sela ingkang limrah sinebat Prigi. Ing Regolipun wonten wewangunan salimrahing regol kalurahan, ing mriku ketingal wonten nem-neman kalih ingkang samekta ing dedamel, njagi korining regol ingkang tutupan. Ki Pawit suka sasmita dhateng paraga kalih ingkang nembe rondha menika, ingkang kasasmitan inggih lajeng daya-daya mbikak korining regol lan lajeng atur kurmat dhateng Ki Lurah sagarwa putranipun ingkang nembe rawuh.

Sanaosa kanthi manah ingkang dereng rumaos mangertos kawontenan ingkang salugunipun, nanging Ki Lurah Sarkara ketingal kanthi tatag lan kados sampun kulina, bablas minggah dhateng pendhapa. Joganing pendhapa awujud gladhag saking blabagan kajeng jati sepuh ingkang dipun serut alus, ketingal endah jumbuh kalihan warnaning gedheganing pendhapa ingkang ugi kadamel saking blabag kajeng jati.

 

“Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Ki lan Nyai Lurah” dereng ngantos telas anggenipun Ki Lurah mirsani kaendahaning pendhapa, saking griya wingking ketingal wonten pawestri kalih ingkang nyaket lajeng mundhuk-mundhuk kalihan matur “kula ingkang abdi pun Diyem abdi dalem kalurahan ingkang tinanggenah ngreksa isen-isening dalem kalurahan dene menika sedherek kula anem pun Dirah abdi dalem kalurahan ingkang tinanggenah njagi lumampahing padamelan ing pawon dalem kalurahan. Kula kekalih kaparingan wekdal dening Nyai Ageng sekawan dasa dinten kaetang wiwit Nyai Lurah mlebet dalem kalurahan mriki, dene sasampunipun menika kula kekalih kadhawuhan wangsul malih ngladosi Nyai Ageng ing dalemipun. Samangke inggih awit ngemban dhawuh saking Nyai Ageng, kaparenga Nyai Lurah kula dherekaken aniti priksa kawontenaning dalem Kalurahan menika”.

 

“Aku nedha nrima banget marang ndika Nyi Diyem apa dene Nyi Dirah sing arep aweh tuntunan marang Nyai Lurah supaya ora kaget klawan panguripan anyar ing Kepuhagal, mligine kanggo ngayahi kuwajiban ing dalem kalurahan iki” Ki Lurah Sarkara paring wangsulan dhateng Nyi Diyem lan Nyi Dirah ingkang pranyata abdinipun Nyai Pandhanwangi ingkang kadhawuhan asung piwucal dhateng Nyai Sarkara murih saged dados Nyai Lurah ingkang boten nguciwani “saiki kana mBokne, melua Nyi Diyem karo Nyi Dirah murih diwarahi carane dadi Nyai Lurah sing becik”.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Lurah ingkang lajeng wicanten dhateng Nyai Diyem lan Nyai Dirah “mangga Nyai”.

 

Sasampunipun Nyai Lurah kadherekaken Nyai Diyem lan Nyai Dirah, Ki Lurah lajeng mapan lenggah ing kursi ingkang sampun cumawis ing pendhapa mriku. Salebeting manahipun Ki Sarkara inggih Ki Lurah tansah pitaken, ingkang dipun panggihi menika nyata menapa maya. Awit wiwit kepanggih saha tepang kalihan mBah Tambak, Ki Sarkara ngraosaken gesang ing alam sanes, temah nalaripun kraos boten patos saged kaginakaken kanthi limrah. Malah Ki Sarkara sampun rumaos ajrih. Ajrih awit nggadhahi panginten bilih piyambakipun sampun dumugining pejah ingkang boten kamangertosan temah boten saged pejah kanthi patitis, boten saged wangsul dhateng asal kamulanipun nanging kesasar margi anjog ing alaming para lelembat. Tuwuh ing angen-angening Ki Sarkara badhe paring sumerep dhateng semahipun, nanging kuwatos menawi semahipun dados bingung temah damel wewah bidhuhing manah, pramila Ki Sarkara lajeng api-api boten nggagas lelampahan ingkang dipun panggihi menika.

 

“Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Sarkara dipun kagetaken dening Ki Pawit ingkang dumadakan sampun linggih ing ngajenganipun sarwi wicanten  “sasampunipun jengandika Ki Lurah kalampahan lenggah ing Dalem Kalurahan, kaparenga kula sakanca nyadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi”.

 

“Iya, iya Kakang Pawit” wangsulanipun Ki Lurah semu gupuh labet saking sansaya bingunging manah “aja dadi atimu yen dina iki kapeksa aku durung bisa ngajak rembugan ndika apa dene sedulurku kabeh sing ana gegayutane karo pambabating alas ing Kepuhagal iki sarta nata lakuning parentah ing Padhukuhan sing durung dadi klawan sampurna iki. Sanadyanta mangkono, tak jaluk Kakang Pawit apa dene sedulurku kabeh aja salah pangira marang aku, awit aku isih arep manages marang Gusti Sing Maha Agung luwih dhisik murih lakuning awake dhewe sajroning ngayahi jejibahan sing didhawuhake dening Nyai Pandhanwangi iki ora nguwohake barang sing nguciwani. Kanggo sauntara Kakang Pawit lan kadang-kadangku kabeh becik nindakna kaya padatan sadurunge aku teka. Lan ing pendhapa iki tak sawang ana Kenthongan Kayu Elo, mengko sawayah-wayah aku wis nampa sasmitaning Hyang Agung, Kakang Pawit lan para kadangku kabeh bakal tak celuk kanthi tengara kenthongan daramuluk”.

 

Mireng dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten menika kala wau, Ki Pawit lajeng asung sasmita dhateng rowangipun sedaya kaajak wangsul ing papanipun piyambak-piyambak. Lan kanthi kurmat Ki Pawit lajeng pamitan dhateng Ki Lurah badhe nindakaken menapa ingkang sampun kadhawuhaken.

 

Ana candhake

 

 

 

Selasa, 04 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (068)


 

68.

Ki Sarkara ningali tiang-tiang ingkang nembe dugi menika boten kedhep, miturut pangintenipun Ki Sarkara tiang ingkang sami ndugeni papanipun menika boten kirang saking tiyang selangkung. Senadyan sami sikep dedamel jangkep nanging ketingal menawi dede golonganing prajurit, Ugi nitik cara anggenipun sami ngrasuk sandhangan, titiyang menika ugi dede golonganing para culika. Radi dangu Ki Sarkara  boten tumunten suka wangsulan, awit ngraos radi aneh, anggenipun pitaken tetuwaning para tiyang kala wau mawi sekar Pocung, kados tiyang ingkang ngungelaken panembrama. Ki Sarkara tumunten kengetan menapa ingkang nembe kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun wau. Mila kanthi nimbangi mawi sekar kinanthi Ki Sarkara suka wangsulan :

“Mula bener sedulurku

Sarkara parapku yekti

Wong klambrangan saka Pajang

Dene semahku puniki

Satiti kang dadi aran

Pradapa anakku iki”

 

Mireng wangsulan ingkang dipun sekaraken dening Ki Sarkara ingkang sinawung sekar kinanthi makaten menika, pangarsaning tiyang-tiyang wau lajeng noleh dhateng kanca-kancanipun, suka sasmita kanthi nganthukaken sirahipun. Ingkang kasasmintan lajeng sami manthuk-manthuk, boten dangu lajeng sami ndheprok ing siti kados patrapipun tiyang ingkang nembe sowan ing ngarsaning bendaranipun. Pangarsanipun tiyang-tiyang kala wau lajeng mbalik gentos marep dhateng papanipun Ki Sarkara, inggih lajeng linggih ndheprok ing siti kados rencang-rencangipun, namung mapanipun radi majeng watawis kalih jangkah ing ngajenging rencang-rencangipun.

 

“Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika Ki Lurah” tiyang kala wau nangkepaken epek-epekipun, ngemba atur sembah sarwi wicanten dhateng Ki Sarkara “saha mugi kaparenga nampi pangabekti kula sakanca, kula abdi jengandika pun Pawit ingkang sampun sawatawis dangu nengga rawuh jengandika Ki Lurah Sarkara”.

 

“Awit oleh pandongane Kakang Pawit aku sakulawargaku nemu slamet nganti tekan papan kene iki” kanthi kados sampun tepang dangu kalihan pangarsanipun tiyang-tiyang ingkang jebul gadhah nami Pawit menika, Ki Sarkara suka wangsulan mawi basa ngoko “lan Kakang Pawit ngaturake pangabekti ya wis tak tampa kanthi senenging atiku, ora liwat ya tiba sapadha-padha, mung wae kurang pas yen ndika Kakang Pawit nyebut aku kanthi sebutan Lurah, jalaran aku durung bisa nindakne ayahan sing kudune wis tak tandangi ya kuwi mujudake papan ing sakiwa tengene Kepuh Agal iki dadi kaya sing wis didhawuhake marang aku”.

 

“Cadhong duka tuwin nyuwun sihing pangaksami Ki Lurah” Pawit wicanten malih “badhea kados menapa, saestu namung jengandika ingkang dados lurahipun Pawit sakanca menika. Lan sepisan malih mugi diagung ing pangaksami dene sampun setengah tahun langkung anggen kula sakanca ngayahi wajib, nindakaken dhawuhipun keng Ibu nenggih Nyai Ageng Pandhanwangi, mbabat wana ing sakanan keringing Wit Kepuh Agal menika nembe pikantuk watawis sekawan bau. Menika kemawon ingkang tigang bau sampun katancepan griya kangge leremipun kula lan kanca-kanca miwah sagung kulawarga lan kacithak dados pategilan kangge nyekapi gesang. Ewadene dalem Kalurahan minangka papan lenggah jengandika Ki Lurah miwah kagem lerem sagung kulawarga, sanaosa nembe awangun prasaja, dening kanca-kanca ugi sampun kayasakaken, inggih menawi Ki Lurah ngersakaken tedhak dhateng Kalurahan sumangga kula dherekaken”.

 

Mireng menapa ingkang dipun wicantenaken dening Pawit ingkang ugi makili kanca-kancanipun kados makaten menika, raos gumun ing salebeting manahipun Ki Sarkara sakalangkung agengipun. Nanging Ki Sarkara tumuli enget kalihan dhawuh pangandikanipun Nyai Pandhanwangi, murih piyambakipun boten gumunan lan boten kagetan, Pramila raos gumuning manah tumunten saged sinamudana. Malah Ki Sarkara ugi lajeng nggathuk-gathukaken menapa ingkang dados aturipun Ki Pawit menika kalihan anggenipun sampun nyagahi menapa ingkang dados rerigenipun mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin Nyai Pandhanwangi ingkang jejer mangka talanging basa. Ki Sarkara ugi nggagas menawi nitik cariyosipun Ki Pawit ingkang sampun setengah tahun langkung anggenipun miwiti mbabat wana ing papan menika awit nuhoni dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang kala wau dipun basakaken minangka ibunipun, lan Ki Pawit sakanca menika kadhawuhan nyawisaken papan lan griya kangge piyambakipun, awit piyambakipun sampun katetepaken minangka Lelurahing bumi babadan ing sakanan keringipun Wit Kepuh menika, mangka Ki Sarkara lajeng nggadhahi panginten menawi dumuginipun ing papan mriku menika mila sampun ginarisaken dening Nyai Pandhanwangi ingkang anggenipun tepang kalihan piyambakipun nembe kalih utawi tigang dinten kapengker ing griya mayanipun mBah Tambak. Lajeng Nyai Pandhanwangi menika estunipun sinten? Menapa sambung rapetipun kalihan piyambakipun?. Ki Sarkara dereng saged mangertosi.*).

 

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng radi dangu Ki Sarkara boten tumunten suka wangsulan, Ki Pawit lajeng wicanten malih “menawi awit sembrananing kula lan kanca-kanca temah anggen kula amapag rawuh jengandika kirang anuju prana, estunipun sampun wiwit sekawan dasa dinten kapengker kula sakanca saben siang lan dalu boten kendhat anggenipun gentosan ngrondhani papan menika kangge mapag  jengandika sawanci-wanci rawuh, nanging inggih gandheng taksih regeding jiwa lan raga kula sakanca, kala dalu menika kula tuwin abdi jengandika pun Bengkring saha Kadmana, ingkang anuju nindakaken jejibahan rondha ing papan menika pranyata boten kiyat anampi perbawaning rawuh jengandika, temah namung saged sumerep cahya cacah tiga ingkang tumurun saking langit, nenggih cahya jengandika Ki Lurah, Cahyanipun Nyi Lurah saha Cahyanipun ingkang putra pun Bagus Pradapa. Lan sasampunipun sakeplasan kula tetiga sumerep cahya jengandika sami, kula tetiga lajeng kontal kapracondhang kados kabuncang, temah mencelat tebih. Nalika kula tetiga badhe wangsul malih mrepegi jengandika, kula ajrih menawi dereng kiyat cecaketan kalihan perbawa jengandika, temah kula lajeng wangsul dhateng gubug kula lan ngempalaken para kanca sedaya, lajeng kula ajak sareng-sareng mrepegi jengandika menika. Dados sepisan malih kula sakanca nyuwun pangaksami dene anggen kula mapag rawuh jengandika ambok bilih boten anuju prana penggalih jengandika Ki Lurah”.

 

“Nanging kanyatane Kakang Pawit lan kadang-kadangku kabeh iki, mau katon isih tidha-tidha lire durung pati percaya yen sing teka kuwi Sarkara sing saka Pajang?” Sanaosa estunipun dereng cetha lampahing cariyos ingkang saestu, nanging kangge nutupi boten mangertosipun Ki Sarkara lajeng tambuh setengah nutuh dhateng Ki Pawit sakanca ingkang kala wau duginipun kanthi sesikep dedamel lan Ki Pawit langkung rumiyin pitaken dhateng piyambakipun.

 

“Bares kemawon Ki Lurah, sanaosa sampun ngraosaken perbawa jengandika, nanging panggah taksih wonten raos tidha-tidha salebeting manah kula sakanca, dupi kula sakanca sumerep saking katebihan, salira jengandika ingkang katingal prasaja, boten mantra-mantra nedahaken bilih trahing kusuma ingkang ngagem busananing sentana nata, awit saking menika kangge jagi-jagi murih boten klentu ing panganggep lajeng kula kumawantun matur nyuwun pirsa sinawung ing sekar pocung wewarah saking Keng Ibu Nyai Ageng Pandhanwangi, ingkang tuhunipun sekar mantram sakti. Nanging sareng jengandika Ki Lurah pranyata kepareng paring wangsulan mawi sekar Kinanthi, sakala raos tidha-tidha kula sakanca babar pisan sirna. Langkung-langkung sareng saking papan ingkang caket menika kula sakanca ugi sumerep ageman jengandika nenggih Wangkingan Kyai Pantek sipat kandel trah Samparan Dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya, kula sakanca estu-estu pitados bilih jengandika mila Ki Sarkara ingkang kula tengga-tengga. Nanging minangka abdi ingkang mbudidaya murih saged dados abdi ingkang setya, menawi Ki Lurah ngersakaken paring pidana awit saking raos tidha-tidha menika, kula sakanca boten badhe suwala menawi ta kedah kapatrapan pidana” Ki Pawit atur wangsulan, nelakaken blaka anggenipun sampun tidha-tidha dhateng wujudipun Ki Sarkara ingkang ketingal prasaja lan Ki Pawit ugi lajeng pasrah menawi anggenipun tidha-tidha menika kaanggep lepat ingkang pantes nampi pidana.

 

“Iya, iya Kakang” Ki Sarkara lajeng wangsulan kalihan mesem “sing ndika tindakne kuwi merga tuwuh saka rasa pangati-ati ndika, dadi ndika ora luput malah kepara wis bener lan pantes oleh pangalembana. Saiki aku arep miwiti aweh prentah marang ndika kabeh, sing gelem nampa prentahku ndika kandhani supaya  padha ngrungokne, dene sing ora gelem nampa prentahku tak jaluk supaya kandha kanthi blaka yen wegah tak parentah”.

 

Mireng wangsulan saha wicantenipun Ki Sarkara ingkang makaten menika, ketingal Ki Pawit remen manahipun.

 

“Inggih Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang nedahaken remining manah Ki Pawit atur wangsulan “mangga kula suwun tumuli paring pangandika, Ki Lurah badhe paring dhawuh menapa, saestu kula sakanca boten badhe wonten ingkang boten badhe nglampahi kanthi gembiraning manah……”.

 

“Mengko dhisik Kakang Pawit” Ki Sarkara nindhihi atur wangsulanipun Ki Pawit “apa sing tak kandhakne iki mau durung suwe, dadi durung ana wektu kanggo rembugan antarane Kakang Pawit karo sedulur-sedulur liyane, tak jaluk ndika aja dhemen ndhisiki aweh wangsulan sing durung cetha bener utawa lupute wangsulan ndika kuwi”.

 

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit kalihan ndhingkluk ketingalipun rumaos menawi lingsem “atur kula kala wau namung dhapur mawi wewaton padatan, inggih menika padatanipun para kanca menika boten wonten ingkang benten pamanggih kalihan kula”.

 

“Kuwi nuduhake yen ndika minangka tetuwa utawa pangarsane sedulur kabeh iki, nyata tetuwa utawa pangarsa kang becik. Nanging bakal luwih becik maneh manawa sadurunge ndika kabarne yen panemu ndika kuwi wis padha karo panemune sedulur kabeh, para sedulur padha ndika takoni luwih dhisik, sanadyan satemene ndika wis weruh apa sing arep dadi wangsulane para sedulur mau” Ki Sarkara suka pitutur dhateng Ki Pawit.

 

“Inggih Ki Lurah, ngestokaken dhawuh” Ki Pawit atur wangsulan, lajeng kalihan nginger anggenipun linggih, gantos madhep dhateng rencang-rencangipun, Ki Pawit wicanten :

“Sedulur-sedulurku kabeh, dina iki sawuse klakon Lurahe dhewe ya Ki Sarkara rawuh, kaya sing didhawuhne Nyai Ageng Pandhanwangi kae, Ki Lurah arep paring parentah marang awake dhewe minangka abdine. Ki Lurah paring dhawuh sapa sing gelem nampa parentah saka Panjenengane supaya padha meneng ngrungokne lan sing ora gelem nampa dhawuh utawa prentah saka panjenengane supaya gelem kandha kanthi blaka apa anane. Piye sedulur-sedulur? Mligi kanggo aku, apa sing dadi prentah utawa dhawuhe Ki Lurah mesthi bakal tak lakoni kanthi senenging ati. Marang sedulur sing ora gelem nampa prentah coba ndika ngangkat tangan sadurunge guneman yen ora gelem kaparentah dening Ki Lurah Sarkara!”.

 

Ki Pawit kendel sakedhap ngentosi wangsulan saking rencang-rencangipun. Pranyata sedaya kendel, boten wonten ingkang ngangkat tangan lan wicanten menawi boten purun kareh dening Ki Sarkara.

 

“Dadi kabeh padha siyaga nampa dhawuh saka Ki Lurah Sarkara?” sareng sampun swatawis wekdal kawontenan sidhem, Ki Pawit lajeng sepisan malih  nanting pitaken dhateng rencang-rencangipun.

 

“Inggiiiiiiiiiih” sedaya rencangipun Ki Pawit semaur sesarengan.

 

“Bagus!” Ki Pawit wangsulan kalihan mesem lega, lajeng nginger linggihipun malih wangsul ngadhep dhateng Ki Sarkara sarwi matur :

“Ki Lurah sampun midhanget piyambak wangsulanipun kanca-kanca sedaya. Samangke kula lan kanca-kanca nengga dhawuh utawi parentah saking jengandika Ki Lurah ingkang saged kula tegesi menika parentah kapisan saking Ki Lurah”.

 

“Aku nedha nrima banget marang nDika Kakang Pawit lan sedulurku kabeh sing ana kene” wangsulanipun Ki Sarkara “saiki padha ndika rungokne, wiwit dina iki antarane awake dhewe ora ana sing diarani abdi lan ora ana sing diarani bendara. Sing ana mung loro ya kuwi pamong sing duwe jejibahan momong lan aweh tuladha marang wong sing manunggal karo aku Sarkara lan sing siji maneh Warga, sing duwe jejibahan aweh pambiyantu marang Pamong kanggo wuwuhe karaharjan lan kamakmurane awake dhewe iki kabeh. Dadi Prentah saka aku minangka Lurah ing Kepuhagal kene aja ana sing rumangsa dadi abdiku utawa kawulaku utawa rumangsa dadi abdine utawa kawulane sapa wae kajaba dadi abdi lan kawulane Gusti Sing Maha Agung!”.

 

Ana candhake

Sabtu, 01 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (067)

67.

Nyai Pandhanwangi ketingal rena penggalihipun midhanget ingkang dados wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika. Makaten ugi Ki Jurudah lan Ki Prasanta ingkang sarwi anglirik dhateng mBah Tambak, kekalihipun ugi mesem kalihan sunaring netra ingkang nedahaken gambiraning manah. Namung mBah Tambak ingkang ketingal boten ewah pasuryanipun.

 

“Ya gene ndika ora katon seneng ta mBah Tambak?” dumadakan Ki Prasanta pitaken dhateng mBah Tambak “nyata yen Angger Sarkara iki wis katon nek ya mung dheweke iki sing didhawuhake dening Kanjeng Ratu, sing bisa nglantarake ndika budhal suwita lan puruita marang Kanjeng Sunan Lawu, nanging tak sawang ndika babar pisan ora nuduhne senenging ati ndika krungu wangsulane Angger Sarkara kang kaya mangkono kuwi mau. Ana apa satemene he mBah Tambak?”.

 

“Aja salah tampa Ki Prasanta” wangsulanipun mBah Tambak ayem kemawon “wong seneng kuwi ora kudu dituduh-tuduhne, nanging nek aku oleh blaka, satemene wektu iki rasaning atiku ana sajroning dalan simpang. Ya kuwi, ati sing sisih tengen rumangsa seneng merga krungu kesaguhane Ki Sarkara kaya ngono kuwi mau, nanging ati sing sisih kiwa ketuwuhan rasa kuwatir sing aku dhewe ora ngerti sing tak kuwatirake kuwi apa. Mula, saiki aku mung arep meneng nganti ana putusan sing cetha saka Kanjeng Ratu  sawise ndika sakloron lan Nyai Pandhanwangi atur palapuran marang panjenengane”.

 

“Taksih wonten jejibahan ingkang kedah ndika lampahi mBah Tambak” Nyai Pandhanwangi numpangi rembag “ndika boten kenging namung kendel njagakaken kula menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit ing jejibahan menika mangke malah ndika ingkang baken, kasil utawi botenipun ndika ingkang badhe ngraosaken, kula kalihan Ki Jurudah lan Kiprasanta menika namung dhapur nindakaken kuwajibaning kawula awit kaprentah dening ratunipun”.

 

“Inggih Nyai” wangsulanipun mBah Tambak “kula nglenggana ing babagan menika, nanginhg menawi dipun nalar sepisan malih kula lan jengandika sami menika rak inggih sami-sami nembe nglampahi kuwajibaning kawula dhateng Gustinipun, lelantaran nindakaken dhawuh saking Kanjeng Ratu”.

 

“Leres mBah Tambak” Nyai Pandhanwangi suka wangsulan kalihan mesem “inggih awit saking menika, samangke sampun kedangon, mangga tumunten sareng-sareng tumandang. Ing prakawis kelampahan utawi botenipun Kaki Sarkara yasa padhukuhan Kepuhagal menika, ndika Raden Bagus Suwanda kaparenga amangarsani, Panjawat kanan lan Panjawat kering kula pasrahaken dhateng Ki Jurudah miwah Ki Prasanta, dene kula ingkang badhe anamengi Kaki Sarkara mbok menawi wonten bebaya lan badhe suka pitedah mbok menawi ing mangkenipun Kaki Sarkara kapengkok ing pancabaya”.

 

“Inggih Nyai boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulanipun mBah Tambak ingkang lajeng dhawuh dhateng Ki Sarkara “Ki Sarkara, gandheng ndika wis nyaguhi apa sing dadi rerigene wong papat iki, ya kuwi kaya sing wis didhawuhake dening Nyai Pandhanwangi mau, mula dina iki uga ndika tak prentah budhal ngajak anak lan bojo ndika nggoleki Wit Kepuh sing mau didhawuhake Nyai Pandhanwangi lan nek wis ketemu ndika wiwiti anggon ndika mbabat alas yasa padhukuhan sing nek klakon dadi, bakal duwe jeneng Padhukuhan Kepuhagal kuwi.”

 

Dereng ngantos Ki Sarkara atur wangsulan dhateng mBah Tambak, dumadakan wonten mendhung mendhung peteng ingkang nutupi langit. Kawontenan dados peteng dhet-dhet, bledheg ing langit sami sesautan ambal-ambalan, ndadosaken kekesing manah. Boten namung Ki Sarkara kemawon ingkang kekes manahipun nanging kalebet Nyai Sarkara ingkang kala wau nembe bethak lan olah-olah wonten pawon ngraos ajrih. Lajeng petrek-petrek nguwuh-nguwuh nyeluki anakipun jaler inggih pun Pradapa, ingkang kala wau nembe dolanan wonten plataran ngajeng griyanipun mBah Tambak. Anyarengi kepanggihipun Pradapa ingkang dening Biyungipun nunten kaajak nyaket Ki Sarkara, jawah saking langit wiwit dhumawah. Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng ngajak semah lan anakipun ngiyub, mlebet dhateng salebeting griya, murih boten kejawahan.

 

Ngantos sawatawis dangun jawah ingkang deresipun prasasat kados pineres saking langit menika boten tumuli terang. Malah sansaya dangu kawontenan ugi sansaya peteng. Sinurung dening nalurining biyung, tanganipun kanan Nyai Sarkara angekeb badanipun Pradapa, lan tanganipun ingkang kering keket nggondheli tanganipun Ki Sarkara. Kawontenan sansaya nggegirisi malih sareng kajawi jawah ugi wonten angin lesus  ingkang kados pinusus, temah sampun damel wit-witan sakiwa-tengening griyanipun mBah Tambak kathah ingkang sami rebah kasulayah. Malah ugi kapireng dening tiyang tiga ingkang kedadosan saking Bapa, Biyunbg lan Anak menika suwanten ingkang nedahaken empyak griyanipun mBah Tambak ugi wonten ingkang kendhang katrajang ing angin lesus.

 

Ki Sarkara ugi sampun boten nggagas ing pundi mapanipun mBah Tambak , Ki Jurudah lan Ki Prasanta miwah Nyai Pandhanwangi ingkang kala wau sami lelenggahan ing lincak ingkang wonten plataran wingking . Inggih awit saking deresing jawah saha bantering angin tuwin suwantening bledheg ingkang boten kendel-kendel anggenipun tetarungan. Langkung-langkung sareng sansaya dangu anginipun sansaya santer, suwanten empyaking griya ingkang kabur katut angin sansaya damel kekesing manah.  Inggih ing kawontenan ingkang kados makaten menika, Ki Sarkara lajeng wicanten dhateng anak lan semahipun murih sami merem, saprelu angrencangi anggenipun badhe nenuwun dhateng Ingkang Maha Kawasa.

 

“mBokmu kandhanana anakmu supaya ngeremne mripate, semono uga kowe remna mripatmu, rewang-rewangana nggonku arep nenuwun marang Sing Maha Agung”

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara kaliyan ngusap praupanipun Pradapa murih merem.

 

Nalika Ki Sarkara ingkang kalihan ngeremaken mripatipun nenuwun dhumateng Gusti Allah murih kaparingan slamet menika, dhumawahing angin sansaya kraos banteripun. Ki Sarkara ngraosaken bilih badanipun badhe kabur katut lampahing angin, boten sranta Ki Sarkara lajeng ngrayuk semah lan anakipun kekalihipun dipun rangkul kenceng, kanthi tekad menawi ta ngantos sami kabur katut ing angin boten sami pepisahan  anggenipun dhumawah. Saestu kados ron-roning wit-witan, Ki Sarkara sa-anak semahipun sami kabur katut angin. Namung eloking kawontenan, badanipun Ki Sarkara sa-anak semahipun boten nanggor wit-witan babar pisan, kamangka menika ing tengahing wana.

 

Sareng sampun sawatawis katut angin, Ki Sarkara ngraosaken menawi dening angin ingkang nggondhol raganipun, dipun dhawahaken ing siti, sareng kalihan anak saha semahipun. Lan nalika Ki Sarkara mbikak mripatipun malih, piyambakipun jebul sampun gumlethak ing siti ingkang benthak, boten ketuwuhan thethukulan menapa-menapa, jembaripun watawis selangkung jangkah mubeng. Radi dangu Ki Sarkara ingkang sampun boten ngraosaken menawi wonten angin menapa dene jawah sarta boten mireng suwantening bledheg ingkang sesautan, tolah-toleh, ningali kanan lan kering. Lajeng wicanten dhateng semahipun malih :

 

“mBokmu, lekna mripatmu, sajake awake dhewe wis lepas saka bebaya”

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara sarwi mbikak mripatipun.

 

“Kok aneh ?” dumadakan Nyai Sarkara ngedalaken panglocitaning manahipun.

 

“Iya pancen aneh mBokmu, lelakone awake dhewe iki wiwit wingi  pancen sarwa aneh” wangsulanipun Ki Sarkara “yen ndelok kahanane wektu, iki nuduhake yen isih esuk ngarepake pletheking srengenge. Kamangka saka rumangsaku, nggonku jagongan karo mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta lan Nyai Pandhanwangi mau sawise aku bali saka saka sendhang, lan wektune ya isih esuk. Lha iki kok sajake wis esuk maneh”.

 

“Lha sakniki awake piyambak niki dhateng pundi ta Pakmu? Lha mBah Tambak kalihan tamu-tamunipun kala wau sakniki wonten pundi? Kok awake dhewe dumadakan wonten mriki? Kamangka wau awakipun piyambak rak sami ngiyub ing griyanipun mBah Tambak?” Nyai Sarkara pitaken dhateng kakungipun.

 

“Uwis, aja takon kuwi dhisik, aku dhewe lagi bingung” wangsulanipun Ki Sarkara waton semaur, malah lajeng ngandhani anak semahipun murih tangi “saiki ayo awake dhewe padha tangi aja kesuwen ngglethak neng suketan ngene iki”.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara ingkang lajeng ngandhani yoganipun “ayo Nang, tangi dhisik”.

 

“Iya Biyung aku wis tangi kok” wangsulanipun Pradapa, ingkang lajeng kalihan semu gumun pitake dhateng tiyang sepuhipun jaler “Bapa……? Bapa kuwi nyengkelit apa kok katon mramong kaya mawa ?”.

 

Ki Sarkara kaget manahipun awit dipun takeni makaten menika dening yoganipun, mila boten sranta lajeng noleh lempengipun ingkang dipun tudingi dening Pradapa. Ki Sarkara wiwit wau mila boten kraos menawi estunipun ing lempengipun wonten Dhuwung ingkang dipun sengkelit ing tagenipun. Sareng sumerep menawi piyambakipun nyengkelit dhuwung ingkang ketingal mramong mratandhani bilih menika dhuwung pusaka, Ki Sarkara lajeng nyepeng ukiraning dhuwung ingkang dipun sengkelit, lajeng kaunus saking warangkanipun.

 

Ananging daya-daya Ki Sarkara murungaken anggenipun badhe ningali kados menapa wujudipun dhuwung ingkang dipun sengkelit nanging boten kamangertosan asal-usuling pusaka menika . Ing talinganipun Ki Sarkara wonten suwanten ingkang sakalangkung cetha. Suwantenipun tiyang estri ingkang ngemu wibawa :

 

“Aja kesusu selak weruh kaya apa wujude pusaka sing ana sengkelitan ndika kuwi Kaki. Keris kuwi mung saderma digadhuhne marang ndika. Saiki sing baku ndika kudu eling marang kesaguhan ndika temah  teka ing papan kene iki. Yen ndika isih bingung marang kahanan sing ndika alami, ndika kudu ngerti kene iki papan ngendi luwih dhisik. Sawangen ing mburi ndika kuwi wit apa ? muga-muga kanthi nyawang wit sing agal dhewe tinimbang wit-witan liyane ndika dadi eling apa sing dadi kesaguhan ndika”.

 

Tanpa kraos, Ki Sarkara lajeng noleh dhateng wingking. Sakala sumerep wit kepuh ingkang agengipun kinten-kinten kalih prangkulanipun tiyang kalih. Sakala Ki Sarkara kengetan dhateng menapa ingkang dipun ngendikakaken Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun bilih piyambakipun kaparingan rerigen murih mbabat wana ing sakiwa tengenipun Wit Kepuh Agal.

 

“Sokur ta Kaki yen ndika wis eling marang eguh pratikel lan rerigen sing wis tak kandhakne marang ndika. Lan sepisan maneh aja gampang gumunan lan aja gampang kagetan, nanging dadia wong sing pinter lan wicaksana. Sedhela maneh bakal teka ing ngarep ndika, wong-wong sing asale saka Padhukuhan Tambaksela. nDika ora tak lilani takon apa-apa marang wong-wong sing ngadhep ndika kuwi, ndika kudu wangsulan sing sipate mbenerake apa sing dadi kandhane wong-wong kuwi mengko. Wis semene dhisik mengko wae disambung maneh…. Saiki diage ndika temoni wong-wong sing suwarane wis keprungu saka kene kae” Suwantenipun Nyai Pandhanwangi dumeling malih ing talinganipun Ki Sarkara, paring prentah murih manggihi tiyang-tiyang ingkang criyosipun saking Padhukuhan Tambaksela.

 

Mila leres, dumadakan Ki Sarkara mireng suwantenipun tiyang kathah ingkang ketingalipun nembe mlampah tumuju dhateng papanipun mriku niku.  Ki Sarkara lajeng ngandhani semah lan anakipun kados anggenipun mituturi Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun kala wau :

 

“mBokmu, kae ana suwarane wong omong-omongan. Ngertia, wong-wong kae arep padha mrene nemoni awake dhewe. Mengko tak jaluk kowe aja gumunan, aja kagetan, aja takon apa-apa marang wong-wong sing teka kene, cukup aku wae sing guneman kanggo mangsuli omongane wong-wong sing arep mrene kae”.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara, kalihan ing batos rumaos sansaya gumun kalihan sikepipun Ki Sarkara.

Jebul ingkang dumugi papan mriku cacahipun kathah sanget, saklebatan dipun etang Ki Sarkara cacahipun langkung saking sedasa tiyang. Sedaya sami sikep gegaman. Wonten ingkang mbeta Clurit, Pedhang, Tumbak lan sanes-sanesipun. Sareng sampun dumugi ngajengipun Ki Sarkara watawis sedasa jangkah lajeng sami mandheg. Salah setunggal saking tiyang-tiyang ingkang nembe dugi niku lajeng majeng sajangkah, nganthukaken sirah minangka tandha kurmat, lajeng pitaken dhateng Ki Sarkara :

Nuwun sewu, sinten jengandika niku

Kang angemu teja

Menapa ndika puniki

Ki Sarkara Pangumbara saking Pajang ?

 

Ana candhake

 

 

Rabu, 29 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (066)

66.

Nyai Pandhanwangi namung mesem kemawon midhanget ngendikanipun Kyai Prasanta makaten menika. Malah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Sarkara malih :

“Kaki Sarkara, sawise ndika kober leren ing papan kene sarta banjur tepung lan kumpul karo mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta apa dene aku, mesthine ndika arep nutugne anggon ndika mlaku, miling-miling panggonan sing sajake jumbuh karo angen-angen ndika kanggo dipapani miwiti urip anyar. Aku ya ora arep takon papan kaya apa sing jumbuh karo angen-angen ndika, mung aku makili wong papat iki, mbok menawa ndika ora kabotan, wng papa tiki arep aweh rerigen marang ndika, mbok menawa ndika gelem nampa lan gelem nglakoni dene menawa miturut angen-angen ndika rerigen sing bakal tak kandhakne iki mengko ora nocogi karo angen-angen ndika, ya ora apa-apa,  ndika wenang nampik lan aku wong papat iki ya ora arep cuwa nganti gedhene dadi gela. Wong papat iki panggah ndhaku lan nganggep ndika saanak bojo ndika minangka kulawarga dhewe, sanandyan rerigene ora ndika gunakne”.

Nyai Pandhanwangi kendel sakedhap anggenipun ngendika, ketingalipun ngentosi tumanggapipun Ki Sarkara. Sauntawis Ki Jurudah, Ki Prasanta lan mBah Tambak ugi sami kendel boten ngendika menapa-menapa, ketingalipun sami kalihan Nyai Pandhanwangi ngentosi tumanggapipun Ki Sarkara. Nanging Ki Sarkara boten tumunten matur menapa-menapa, awit Ki Sarkara taksih ngentosi wujuding rerigen ingkang badhe kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi menika kados menapa?.

“Piye Kaki?” sareng sampun sawatawis kraos sepen awit boten wonten ingkang gineman, Nyai Pandhanwangi nunten ngambali anggenipun mundhut pirsa “ndika kabotan apa ora saupama wong papat iki nyawiji aweh rerigen marang ndika? Lan sepisan maneh tak kandhakne jenenge wae rerigen menawa jumbuh lan lakune nalar ndika, ndika bisa ngecakne rerigen iki mengko, nanging menawa ora jumbuh karo angen-angen ndika ora ndika gugu ya ora apa-apa”.

“Nyuwun pangapunten lan ngaturaken genging panuwun Nyai Pandhanwangi saha Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta miwah mBah Tambak” wangsulanipun Ki Sarkara ngatos-atos “estunipun salebeting manah, kula tansah ngajeng-ajeng pitutur saha pitedah saking jengandika sadaya. Namung badhe kula aturaken, raosing manah kula inggih kirang wantun, ajrih menawi pitedah ingkang kaparingaken mangke pranyata boten saged kula lampahi boten jalaran kula ingkang lumuh nanging awit boten cundhuking pitedah kalihan kekiyatan saha kasagedan kula”.

Nyai Pandhanwangi miwah Kyai Jurudah lan Prasanta menapa dene mBah Tambak, ketingal rena penggalihipun mireng wangsulan saking Ki Sarkara ingkang makaten menika.

“Awit ngene ya Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “rerigen sing bakal tak kandhakne iki mengko, ing jerone ana sing isine ngongkon ndika meres tenaga, nantang bebaya lan mbutuhake sabar lan narimaning ati sing tanpa upama, yen bisa katindakne kanthi becik mbok menawa wae bisa dadi lanjaran nggon ndika miwiti urip anyar ing papan sing ora adoh saka papan kene”.

“Inggih Nyai, mugi tumuli kadhawuhna rerigen ingkang badhe kaparingaken dhateng kula” Ki Sarkara atur wangsulan.

Nyai Pandhanwangi kendel sakedhap lan sasampunipun nyruput unjukanipun lajeng wiwit ngendika, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak kendel tumut midhangetaken dhawuhipun Nyai Pandhanwangi dhateng Ki Sarkara :

“Yen ora kleru, mau bengi dhayoh ndika sing ngaku jeneng Nyai Sapaetun kandha nek omahe ana ing Dhukuh Kepuhagal, apa ndika wis ngerti sing karan Dhukuh Kepuhagal kuwi Kaki?”

“Ngertos kula inggih namung dumugi ing sebutan naminipun Dhukuh kemawon. Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara blaka “malah menika kemawon inggih awit mireng kojahipun Nyai Sapaetun kala dalu menika”.

“Tak kandhani ya Kaki” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun paring dhawuh “Dhukuh Kepuhagal kuwi anane isih mbesuk ora biyen lan ora saiki, kuwi wae sidane klakon ana Dhukuh Kepuhagal gumantung marang sepira pambudidaya ndika sarta palimirmane Gusti Sing Maha Agung”.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara ndengengekaken sirahipun kalihan nyawang dhateng Nyai Pandhanwangi “nembe ing wiwitan kemawon kula kok sampun bingung kalihan ingkang jengandika dhawuhaken, mugi kababarna ingkang langkung cetha magepokan kalihan Dhukuh Kepuhagal kala wau, murih nalar kula saged mangertos”.

“Aja seneng kandha nek bingung Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika kalihan gumujeng alit, Ki Jurudah lan Prasanta namung mesem, dene mBah Tambak panggah boten ebah boten mosik ketungkul nyemak ingkang dados pangandikanipun Nyai Pandhanwangi “awit kandhaku mau isih ana sambunge, nek wis ketemu karo sambunge ndika mesthi bakal ora gumun maneh”.

“Inggih Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan ndhingkluk “nyuwun pangapunten menawi awit saking cupeting kawruh kula temah remen nyelani dhawuh jengandika ingkang estunipun dereng rampung”.

“Ora apa-apa Kaki” Nyai Pandhanwangi gumujeng renyah “ndika nyelani rembug ngono kuwi wis lumrah, lan uga ana gunane tumrap aku apa dene ndika. Lire banjur sing padha krungu ora mung kaya wong nonton pagelaran wayang beber, sing lagi nyemak lakune crita sing dikojahake dening Ki Dhalang ngana kae. Lha nek ndika kala-kala nyelani gunemku rak dadi luwih becik, aku lagi rembugan karo ndika ora kok aku ngomong dhewe he he he”.

“Inggih Nyai, matur nuwun sanget” Ki Sarkara atur wangsulan kalihan mesem malih, boten siyos rumaos rikuh utawi ajrih kados wau.

“Tak tutugne olehku kandha” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “ora adoh saka papan kene ana wit-witan alas sing ing kono ora ana tunggale sing jinise padha, ya iku Wit Kepuh . Wit Kepuh kuwi katon Luwih gedhe lan luwih dhuwur tinimbang wit-wit liyane sing ana kono. Dadi saupama diarani Kepuh kuwi sing agal dhewe ya wis bener”.

Nyai Pandhanwangi kendel sakedhap anggenipun ngendika. Ki Sarkara boten sumela atur, namung lamat-lamat Ki Sarkara kengetan kalihan ngendikanipun mBah Tambak ingkang nyariyosaken lelampahanipun Ki Puranta putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang estunipun taksih trah saking Sultan Adiwijaya. Ing criyosipun mBah Tambak kasebataken bilih Ki Puranta nate kegodha dening Dhemit Jrangkong ingkang semendhe ing Wit Kepuh ageng awit kataman Dhuwung Kyai Pantek. Lan Ki Puranta sampun dipun paringi pitulungan dening Nyai Pandhanwangi ingkang nalika samanten mBah Tambak dereng tepang kalihan nami menika. Ki Sarkara badhe nyuwun pirsa dhateng Nyai Pandhanwangi, menapa wit kepuh ingkang kadhawuhaken menika sami kalihan Wit Kepuh ing lelampahanipun Ki Puranta ingkang kacariyosaken dening mBah Tambak menapa Wit Kepuh sanes, nanging boten siyos, awit Ki Sarkara rumaos pekewet manahipun.  Ajrih menawi winastan dhemen nyela-nyela.

“Satemene alas ing laladan kono kuwi, jaman Kanjeng Sultan Pajang anyar-anyaran jumeneng Adipati, wis didhawuhake menawa bakal ditata kanggo papan padesan pasawahan lan pategalan lan sapa wae dikeparengake mbabat alas kono kuwi saprelu dipapani digawe pomahan utawa didadekne lemah garapan kanggo among tani. Awit Kanjeng Sultan sing uga titah kang anetra bathara kuwi wis pirsa menawa lemah ing sakiwa tengene Wit Kepuh sing Agal kuwi nduweni watak sing becik saupama didadekne kanggo olah tetanen. Dadi ya wis aran lumrah nek mau bengi Nyai Sapaetun kandha marang ndika yen dheweke nduweni pategalan sing ambane luwih saka patang bau lan nedheng-nedhenge tanduran pari gaga sing ana pategalan kuwi sajroning kahanan memping kuning, lire wis ngadhepake panen”.

 Ki Sarkara nembe saged nggathuk-nggathukaken nami Dhukuh ingkang sinebut dening Nyai Sapaetun kala dalu dhukuh Kepuhagal, nanging inggih dereng sampurna anggenipun nggathuk-nggathukaken, dados inggih taksih mbingungaken cariyosipun Nyai Pandhanwangi menika menawi kacocogaken kalihan ingkang dipun criyosaken Nyai Sapaetun kala dalu. Sanaosa makaten, Ki Sarkara inggih boten wantun sumela atur, nyuwun pirsa dhateng Nyai Pandhanwangi . Ing salebeting ciptanipun Ki Sarkara, mangke kemawon menawi ngantos rampung anggenipun ngendika Nyai Pandhanwangi, piyambakipun panggah taksih bingung, nembe badhe matur lan nyuwun pirsa kadospundi menggah cethanipun lelampahan.

“Saiki lagi aku bakal ngandhakne apa sing mau tak arani rerigene wong papat sing wis dadi siji kanggo ndika Kaki Sarkara” sasampunipun radi kathah anggenipun ngendika, nembe Nyai Pandhanwangi badhe miwiti ndhawuhaken wosing rerigen.

Ki Sarkara boten semaur, nanging sikepipun nedahaken bilih sampun sumadiya mirengaken menapa ingkang badhe kadhawuhaken dening Wanita sulistyeng warni ingkang busananipun sarwa wilis menika.

“Rerigen sing tak tuduhne marang ndika Kaki Sarkara ya iku, ndika supaya gelem mbabat alas sing tak kandhakne mau murih bisa dadi papan kanggo ulah tetanen, yen anggon ndika miwiti mbabat saka cedhake wit Kepuh sing agal mau, kaserepan tekad kang wutuh lan pambudidaya sing samurwate, dilandhesi tansah nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Agung, mbok menawa Dhukuh Kepuhagal ora suwe bakal maujud, bakal ana pategalan sing jembar kanthi manekawarna tanduran kang ngganteni papan sing saiki wujud alas kae. Mung kuwi rupane rerigen saka aku lan Ki Jurudah saha Ki Prasanta miwah saka mBah Tambak kanggo ndika Kaki Sarkara. Nek miturut ndika rerigen iki becik lamun ndika tindakne banjur ndika nyaguhi apa sing dadi rerigen iki, mangka pancen kuwi sing dikarepake dening wong papat iki. Nanging yen miturut angen-angen lan nalar ndika rerigen iki klebu rerigen sing mung bakal njlomprongne ndika sakulawarga marang kasangsaran lan kacintrakan, ndika wenang nampik rerigen saka aku sing makili wong telu liyane iki. Sepisan maneh tak baleni, yen ndika gelem nindakne rerigen iki mau, mangka sing kudu ndika lakoni sabanjure ora entheng lan ora gampang, nanging kebak laku sing abot sing bisa gawe rekasaning jiwa lan raga. Yen ndika ora gedhe sabare mangka ndika bakal bisa lebur tanpa dadi. Nanging yen ndika gelem teteken tekun, mangka mesthi bakal katekan sedya ndika ngowahi papan sing maune wujud alas banjur dadi papan padesan, pategalan apa dene pasawahan sing bakal bisa digawe minangka lanjaraning urip ora mung ndika sakulawarga dhewe wae, nanging uga kanggo wong akeh lan sansaya suwe sansaya akeh”.

Ngantos dangu Ki Sarkara boten tumunten atur wangsulan dhateng Nyai Pandhanwangi ingkang nembe kemawon ndhawuhaken ingkang dados rerigenipun mBah Tambak, Ki Jurudah lan Kiprasanta sarta Nyai Pandhanwangi piyambak. Waunipun Ki Sarkara rumaos eguh pratikel utawi rerigen ingkang dipun dhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi kala wau namung rerigen ingkang boten kalebet ing nalar, nglengkara sagedipun kasembadan menawi piyambakipun ingkang namung tiyang badan sepata, karigenaken mbubak  wana kinarya padhukuhan lan papan ulah tetanen. Nanging sareng Ki Sarkara emut bilih mBah Tambak menika menungsa setengah Dewa, makaten ugi Ki Jurudah saha Ki Prasanta, malah Nyai Pandhanwangi menika saking jinising jim menapa jinising prayangan Ki Sarkara dereng mangertos, ingkang cetha dede panunggalanipun tiyang limrah. Ki Sarkara rumaos bombong manahipun, tiyang sekawan menika ngaken suka rerigen dhateng piyambakipun, tartamtu badhe asung pambiyantu. Namung kemawon tiyang sekawan menika langkung rumiyin kepengin nodhi sepinten agenging tekad ingkang dipun gadhahi dening Ki Sarkara salebetipun badhe nglajengaken gesang.  Inggih awit saking menika, wekasan Ki Sarkara atur wangsulan dhateng Nyai Pandhanwangi saha Ki Jurudah lan Ki Prasanta miwah mBah Tambak :

“Kula namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng Nyai Pandhanwangi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak, ingkang tansah menggalihaken dhateng kula. Kula Sarkara ugi ngaturaken panuwun, awit peparingipun rerigen saking jengandika sedaya, lan kanthi pawitan raos pitados dhateng pitulunganing Hyang Agung, rerigenipun Nyai Pandhanwangi, Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saha mBah Tambak, badhe kula lampahi kanthi gambiraning manah”.

“nDika sanggup mbabat alas Kepuhagal sakiwa tengene kuwi Kaki? Apa kira-kira ndika bisa ngrampungi karya?” Nyai Pandhanwangi mundhut pirsa, nanging suwantenipun kepireng nedahaken menawi penggalihipun nembe rena.

“Gadhah kula namung tekad Nyai, lan kula pitados bilih boten wonten daya kekuwatan ingkang dipun darbeni sok sintena kemawon ing alam donya menika, kajawi inggih awit saking peparingipun Hyang Maha Agung. Babagan mbubak wana ingkang badhe kula lampahi menika, kula namung saged nyenyuwun dhumateng Hyang Maha Agung murih kasembadan ingkang kula sedya”.

 

Ana candhake

 

Selasa, 28 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (065)


 

65.

Didangu dening Nyai Pandhanwangi kados makaten kala wau Ki Sarkara radi mbrabak praupanipun. Awit sepisan malih piyambakipun ngrumaosi lepat dene criyos menawi keduwung sarta rumaos sampun lepat dhateng Nyai Pandhanwangi nanging kanyatanipun kala wau dalu Ki Sarkara boten kados tiyang ingkang purun nggagas, ketitik inggih lajeng angler anggenipun tilem, ngantos nglindur-nglindur pisan.

“Sumurupa Kaki” Nyai Pandhanwangi lajeng ngendika malih kasartanan esem ingkang kuwawa nundhung raos rikuhipun Ki Sarkara “yen ndika wangsulan “inggih” kuwi cetha nek wangsulan ndika kuwi ora padha karo kanyatan sing ana. Awit gajege mau bengi bener kedadean kaya sing tak kandhakne sadurunge aku budhal? Ana tamu menyang omahe mBah Tambak sing ndika tunggu kanthi melek ijen?”.

“Nuwun sewu Nyai, kula malah bingung piyambak” Ki Sarkara lajeng caos wangsulan “mila leres menawi kala dalu menika wonten tamu, satunggaling pawestri ingkang ngaken nami Nyai Sapaetun, griyanipun ing Dhukuh Kepuhagal, dumugi ing dalemipun mBah Tambak mriki awit nembe kedalon ing margi sasampunipun kekesahan saking Dhukuh Kepuhsluku, nanging menika tamu saestu ing alaming kanyatan menapa namung ing alaming pasupenan, kula bingung  badhe mastani……..”.

“Ora sah didedawa anggon ndika bingung Kaki” Nyai Pandhanwangi nigas rembag sarwi gumujeng renyah “perkara Nyai Sapaetun sing ayu, sing kober gawe sengseming rasa ndika, sing pungkasane ndika tinggal mlayu metu saka omah, kuwi kena diarani impen nanging uga kena diarani kelakon ing alam kang nyata. Sing cetha kepethuk ndika karo Nyai Sapaetun wiwit wiwitan nganti ndika digugah dening mBah Tambak mau, kabeh ora ana sing kliwatan saka panyemake mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta apa dene panyemakku…….”.

“Dados Jengandika sedaya sampun uninga, sedaya ingkang sampun kedadosan lan kula lampahi kala dalu menika, Nyai? Menapa kala dalu Nyai saha Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak boten siyos lumawat dhateng tepining lepen Gebyog?”  Ki Sarkara rumaos kaget wor lan ngungun awit mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang makaten kala wau.

“Mesthi wae aku apa dene mBah Tambak sarta Kyai Jurudah lan Ki Prasanta sida menyang pinggiring Kali Gebyog, Kaki” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “merga pancen ing pinggiring kali Gebyog kono kuwi aku wong papat nindakne ayahan sing baku, ya kuwi golek warta sing magepokan karo critane mBah Tambak, sing bakal nguwohake putusan mBah Tambak isih kudu pancet ngenggoni papan kene iki, apa ngalih panggonan sing ana sadhuwure Gunung Lawu kana”.

Ki Sarkara boten enggal gineman malih, awit salebeting manahipun kecondhokan raos ingkang sansaya gumun kemawon, magepokan kalihan ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi menika.

“Mesthine ndika arep takon maneh” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun ngendika “nek aku wong papat nindakne gaweyan neng pinggire Kali Gebyog? kok uga weruh malah bisa melu  nyemak kedadeyan sing ana omah kene mau bengi kabeh?”.

Estunipun Ki Sarkara ugi badhe mungel makaten, nanging gandheng kala wau wonten raos pakewet lan raos ajrih dhateng Nyai Pandhanwangi, wekasan Ki Sarkara inggih mendel kemawon. Milih ngentosi Nyai Pandhanwangi ngendika malih.

“Tak jarwani ya Kaki” ngendikanipun Nyai Pandhanwangi malih “tenane sing di arani Kali Gebyog mau bengi kae ngono mung tembung sanepan, kali kuwi kena diarani wates dene gebyog kuwi kena diarani aling-aling. Dadi aku wong papat mau satemene  midaki alam wates, pasang aling-aling kanggo sing ora bisa ndika weruhi menyang ngendi parane aku wong papat iki mau”.

“Makaten inggih Nyai?” sanaosa estunipun Ki Sarkara inggih boten patos mudheng kalihan ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi, nanging anggenipun caos wangsulan kapireng kados tiyang ingkang sampun mangertos kemawon. Awit Ki Sarkara estunipun boten mbetahaken mangertosi menapa ingkang dipun wastani wates menapa ingkang dipun wastani aling-aling.

“Sabanjure sawise ngaweruhi kabeh kang kedadean antarane ndika karo Nyai Sapaetun” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun ngendika, “aku wong papat ora ngluputake lan ora mbenerake kang dadi sikep ndika sing ora gelem nalika ndika diajak rabi dening Nyai Sapaetun. Mung wae ndika prelu weruh yen satemene saupama mau bengi ndika gelem ngrabeni Sapaetun, mangka ndika temen-temen bakal klakon dadi wong sugih tenan, merga pancen Sapaetun kae wong wadon sing sugih, turah bandha donya warisan saka wong tuwane sing uga sugih, ndika ora arep ngambah dalan sasar kalap ing alaming peri prayangan. nDika bisa mbaleni gaweyan lawas lan uga bisa miwiti gaweyan anyar. Nanging pranyata ndika mau bengi ora gelem-gelem tenan ngrabeni Sapaetun. Apa ndika saiki ora getun?. Aja kuwatir Kaki, nek ndika kepengin ngowahi apa sing ndika putusake saka emoh dadi gelem, mangka aku saguh aweh pambiyantu murih Nyai Sapaetun bali mrene maneh, sauntara Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing bakal gawe lilaning atine sisihan ndika ya Satiti  duwe maru sing jeneng Sapaetun. Kepiye Kaki?”.

Mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang makaten menika, Ki Sarkara boten patosa kaget. Sanaosa boten badhe wantun boten pitados dhateng menapa ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi, nanging Ki Sarkara sampun manteb salebeting manahipun boten badhe nambah semah malih sasampunipun gadhah semah Satiti ingkang samangke sinebat Nyai Sarkara menika. Paweling saha pandonga ingkang dipun ucapaken dening Marasepuhipun jaman badhe mengku Satiti jaman samanten taksih kapireng dumugi sapriki. Kajawi menika, Ki Sarkara inggih sampun gadhah dudutan bilih Nyai Sapaetun ingkang dados tamunipun kala dalu menika kalebet pawestri ingkang boten sae menawi kadadosaken semah, kirang saged angendhaleni panyurunging hawa nafsu mliginipun nafsu Supiyah. Pramila dupi Nyai Pandhanwangi paring dhawuh makaten kala wau, kanthi teteg lan boten wonten raos tidha-tidha babar pisan Ki Sarkara lajeng atur wangsulan :

“Ngaturaken sewu gunging panuwun Nyai, mugi kauningan bilih estunipun kula sampun prasetya dhateng semah kula saha dhateng Marasepuh kula, bilih boten badhe emah-emah malih sasampunipun kula emah-emah kalihan Satiti, inggih semah kula menika. Awit saking menika, badhea kados menapa kula boten badhe keduwung kalihan ingkang sampun kula cariyosaken dhateng Nyai Sapaetun kala dalu. Mila leres menawi salebeting manah kula kober gadhah raos sengsem ndulu kasulistyanipun Nyai Sapaetun, langkung-langkung nalika tanpa sengaja kula sumerep, satleraman ingkang wonten waliking pinjung. Nanging, menika inggih awit saking kalimrahan kemawon. Malah nalika Nyai Sapaetun criyos menawi badhe anglegena ing ngajeng kula, kula plalah mlajar nilar piyambakipun, nanging kula inggih bingung menawi saestu kala dalu menika kula mlajar, kok ngertos-ngertos kula tilem semendhe saka?”.

“Dadi ndika panggah ngukuhi prasetya ndika marang Marasepuh ndika apa dene marang Nini Satiti sisihan ndika yen ora rabi maneh kuwi mau Kaki?” Nyai Pandhanwangi mundhut pirsa malih, kados-kados nanting tekadipun Ki Sarkara.

“Kasinggihan Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara cekak.

“Saupama Nyai Sarkara uga wis ngolehi ndika palakrama maneh karo Nyai Sapaetun, apa ndika iya panggah arep ngukuhi prasetya ndika kuwi Ngger?” Ki Prasanta gentos ingkang mundhut pirsa dhateng Ki Sarkara.

“Mila makaten Kyai, nyuwun pangapunten” Ki Sarkara atur wangsulan kanthi ngatos-atos “menggah kula janji utawi prasetya ingkang kula ucapaken ing ngarsanipun Bapa Marasepuh lan Satiti nalika samanten, boten namung kapireng dening Bapa Marasepuh saha Satiti kemawon, nanging ugi kapiyarsa dening Gusti Ingkang Maha Pirsa, ingkang makaten prasetya kula boten namung dhateng tiyang kalaih kasebat, nanging ugi dhateng Gusti Allah. Pramila sanadyan saupami semah kula Satiti awit kadheseg ing kabetahan lajeng nglilani kula pados semah malih, menika nedahaken bilih Satiti sampun ngajak gujengan kalihan Gusti Allah, menawi Satiti kepara asung pamrayoga murih kula semah malih, mangka ing mriku ketingal menawi Satiti badhe njlomprongaken kula ing lampah ingkang boten leres, lampah ingkang cengkah kalihan prasetya kula. Pramila menawi ngantos saestu Satiti suka pamrayogi murih kula mendhet Nyai Sapaetun dados semah kula, sami kalihan Satiti sampun bosen dados semah kula. Menawi sampun makaten pedah menapa kula nglajengaken gesang kalih tiyang ingkang sampun bosen kalihan kula? Benten menawi semah kula lajeng muring awit kuwatos menawi kula ngantos kayungyun dhateng Nyai Sapaetun, mangka menika nedahaken menawi Satiti tuhu-tuhu boten badhe lila menawi ngantos kula ucul saking piyambakipun. Mangka ing mriku badhe kula kekahi langgenging bebrayan antawisipun kula kalihan Satiti”.

“Saiki tak kira Nyai Pandhanwangi apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta wis luwih cetha anggone ngaweruhi kaya apa satemene Ki Sarkara iki” gentos mBah Tambak ingkang ngendika dhateng Ki Jurudah lan Ki Prasanta “dadi saupama dipercaya ngayahi jejibahan kaya sing didhawuhake dening Kanjeng Ratu Setyawati kae tak kira ora bakal nguciwani. Harak inggih makaten ta Nyai Pandhanwangi?”

“Sekedhap mBah Tambak……” ingkang suka wangsulan dhateng mBah Tambak, Nyai Pandhanwangi “kula menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta kedah ngatos-atos salebeting nintingi calon-calon ingkang badhe kapitados nglampahi kuwajiban ingkang dipun dhawuhaken Kanjeng Ratu. Samangke mangga kasemak rumiyin kula badhe nutugaken anggen kula badhe rerembagan kalihan Kaki Sarkara ingkang dipun biyantu dening Ki Jurudah miwah Ki Prasanta menika”.

“Inggih, inggih Nyai, kula nyuwun pangapunten dene sampun keladuk atur” mBah Tambak lajeng kapireng asok kalepatan lan nyuwun pangapunten dhateng Nyai Pansdhanwangi.

“Boten dados menapa mBah Tambak, ndika boten keladuk mila menapa ingkang ndika dhawuhaken kala wau sampun jumbuh kalihan kawontenanipun Kaki Sarkara menika” Nyai Pandhanwangi suka wangsulan kalihan mesem.

“Saiki aku tak genti sing nyoba takon marang Angger Sarkara” Ki Prasanta gentos ingkang ngendika.

“Mangga Ki Prasanta, mirunggan kemawon” Nyai Pandhanwangi mrayogakaken Ki Prasanta ngendika.

“Matur nuwun Nyai” Ki Prasanta suka wangsulan lajeng dhawuh dhateng Ki Sarkara  “sing arep tak takokne marang ndika kuwi sepele wae kok Ngger”.

“Inggih Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara “tumrap kula boten wonten barang ingkang sepele lan boten wonten pitakenan ingkang boten saged kawangsulan, awit ingkang badhe ndika pundhutaken pirsa menika sedaya tartamtu ingkang wonten ing angen-angen kula”.

“Bener Ngger” Ki Prasanta mesem, lajeng wiwit ndangu dhateng Ki Prasanta “iki mung saupama, saupama jroning ndika lelungan sing durung cetha kang ndika tuju iki, dumadakan ndika diendheg dening wong-wong sing durung tau ndika tepungi banjur ndika dijaluki tulung supaya gelem nglurahi wong-wong mau, apa ndika gelem ngendheg anggon ndika lelungan banjur nuruti panjaluke wong-wong mau madeg dadi Lurah Ngger?”.

“Pamundhut pirsa ingkang kalebet aeng menika Kyai” Ki Sarkara atur wangsulan kalihan mesem wiyar “suwau sampun kula aturaken bilih sasampunipun kula mireng pitutur saha dedongengan saking mBah Tambak, kula lajeng nggadhahi pepenginan ingkang badhe kula udi murih pepenginan menika saged kasembadan, inggih menika mugia ing sisa-sisaning gesang kula ing jagad padhang menika sageda migunani tumrap kula warga saha tumrap titahing Gusti sedaya. Manawi saupami wonten ingkang mundhut pitulungan saking kula, jiwa raga kula badhe kula udhokaken kangge mitulungi titah kala wau, sauger pitulungan ingkang kapundhut boten cengkah kalihan piwucaling Gusti Ingkang Maha Agung, lan salebeting asung pitulungan menika nistha menggahing kula menawi kula ngantos gadhah pamrih kangge nyekapi kabetahaning hawa napsu kula pribadi. Dados saupami wonten kedadosan  kados ingkang jengandika dhawuhaken kala wau,  mangka kula boten badhe suwala sauger samudayanipun badhe anjog dhateng maujuding katentreman saha kaadilan tumrap  sadaya titahing Gusti ingkang wonten”.

Ki Prasanta ketingal karenan mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika. Lajeng ngendika dhateng Nyai Pandhanwangi malih :

“Kula kinten sampun cekap Nyai, samangke borong anggen jengandika badhe paring dhawuh murih Angger Sarkara tumunten ambukak margi kangge Raden Bagus Suwanda, ingkang badhe nglajengaken lelabetanipun ing pucaking Ardi Lawu, suwita dhateng Sri Brawijaya”.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...