Total Tayangan Halaman

Jumat, 20 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (148)

148.

        Ki Lurah sing uga rumangsa ora ngerti ya gene Tumenggung Tesengkusuma lan para prajurit pandhereke padha lungguh jengkeng, tumuli mrepegi. Ki Pawit, Para Bebau lan Para Sapukawat liyane uga banjur ngetutake. Rangga lan Marga kari ana papan sakawit karo nyawang wong-wong kuwi. Nanging ora suwe Rangga banjur mlengos, nuduhne nek atine ora pati seneng merga tekane sabregada Prajurit sing ditindhihi Tumenggung Tesengkusuma kuwi.

        “Sing salah ki pancen awakmu kok Marga” karo semu rada nggresah Rangga guneman alon, semune nenutuh marang Marga “merga aku kasengsem weruh olehmu geguyonan karo Dodor mau, nganti aku ora migatekne nek enek andhahane mBah Juru mara menyang papan kene”.

        “Barang wis kadhung Kakang, ora susah diomong maneh” wangsulane Marga ayem “karo maneh jejibahane awake dhewe ing Kepuh Agal iki kena diarani wis rampung, sawayah-wayah awake dhewe bisa lunga saka kene ora bakal dadi luput. Nanging gandheng nyatane Tumenggung tilas andhahane Gusti Pangeran Singasari kuwi wis weruh nek awake dhewe ana kene. Ya becike Kakang tumuli nemoni sedhela banjur pamitan nerusne laku, dadi ora gawe bingunge Ki Lurah Kepuh Agal lan para andhahane”.

        “Iya” wangsulane Rangga “awakmu wae sing marani andhahane mBah Juru kae, kandhanana nek arep tak temoni neng pendhapane kalurahan, sarta kandhaa maneh yen aku ora seneng weruh wong sing seneng nyembah drajat sing kenemenen ngana kae”.

        Marga banjur menyat, mlaku nusul Ki Lurah sakancane arep nindakne welinge Rangga. Sauntara kuwi, Ki Lurah, Ki Pawit, Pradapa lan Para Bebau sarta Para Sapukawat dadi sansaya gumun wor lan bingung, nalika Tumenggung Tesengkusuma ora ngrewes marang anggone padha mbagekne tekane. Lan gandheng rumangsa ora dianggep, Ki Lurah lan kanca-kancane kuwi uga banjur meneng, lungguh nglesot karo ndhingkluk neng ngarepe Tumenggung Tesengkusuma sing panggah isih lungguh jengkeng klawan sikep kurmat.

        “Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika nDara Menggung, bekti kula mugi katur” karo panggah ngadeg Marga mbagekne tekane Tumenggung saka Mataram kuwi.

        “Awit pandonganipun Adhimas Marga, lampah kula sakanca ngantos dumugi mriki tansah manggih basuki, kula ajrih nampi bekti jengandika Adhimas Marga, boten langkung taklim kula katur” bareng sing mbagekne Marga, Tumenggung sing dadi tetindhihe bregada prajurit jejaranan kuwi gelem wangsulan sing banjur ditutugne nungsung warta “ing mriki kula nengga dhawuh Adhimas, ambok bilih Keng Raka  sampun paring dhawuh ingkang katitipaken Adhimas Marga, mugi kaparenga ambabarana dhumateng kula”.

        “Mila leres dhawuhipun nDara Menggung, nanging saderengipun kula wedharaken weling ingkang kula tampi, kaparengna kula badhe matur dhateng Ki Kepuh Agal Kapindho langkung rumiyin” Marga wangsulan karo mesem.

        “Inggih Dhimas, kula badhe ngrantos dhawuhipun Adhimas kalihan remening manah” panyaute Tumenggung Tesengkusuma.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Marga genti guneman marang Ki Lurah Pawana “menawi kaparengaken saha wonten dhanganing penggalih, Kakang Rangga, badhe nyuwun ngampil Pendhapa Kepuh Agal sakedhap kangge pepanggihan kalihan nDara Menggung Raden Mas Tesengkusuma”.

        Lurah Pawana sing sansaya bingung merga ora ngira babar pisan yen antarane Rangga lan Marga karo Tumenggung Tesengkusuma jebul wis padha tepung, lan nitik sikepe Tumenggung Tesengkusuma sarta basa sing digunakne Marga lan Tumenggung Tesengkusuma nalika padha rembugan, Ki Lurah lan liya-liyane bisa njupuk dudutan yen satemene Rangga lan Marga kuwi cetha yen punggawa Kraton Mataram sing dhuwur drajat lan pangkate . Mula bareng ditembungi Marga yen Rangga arep nyilih pendhapa Kalurahan kuwi, kanthi groyok tumuli aweh wanngsulan :

        “Inggih Adhi, eh Raden, saestu kanthi suka gambiraning manah, pamundhutipun Adhi, eh Raden Rangga kula aturaken, kaagema Pendhapa Kepuh Agal sacekapipun. Samangke kaparenga kula lengser rumiyin, badhe nyawisaken gelaran kangge lenggah jengandika saha Gusti Tumenggung lan pandherekipun sedaya”.

        Ki Lurah banjur aweh sasmita marang Panulad lan Para Bebau sarta Para Sapukawat diajak ninggalne papan kuwi saprelu nyawis-nyawisake apa sing mbok menawa dibutuhne kanggo nampa tekane Tumenggung Tesengkusuma.

        “Matur nuwun Ki Lurah” kandhane Marga karo mesem “kula suwun mangke Kyai Pawit, Ki Lurah, Kakang Pradapa lan sedaya sedherek menika kaparenga ngancani kula lan Kakang Rangga manggihi nDara Menggung ing Pendhapa”.

        “Inggih sendika Raden” wangsulane Ki Lurah sing banjur ninggalne papan kuwi.

        “Dhawuhipun Raden Rangga kadospundi Dhimas?” pitakone Tumenggung Tesengkusuma sawuse Ki Lurah lan wong-wong ngalih.       

        “Aku kuwi nek ndika nyebut aku Adhimas ngono kuwi, kuwatir nek banjur ora ngerti nek sing ndika ajak guneman kuwi aku lho Kakang” wangsulane Marga karo rada mrengut “dadi wong kuwi mbok ya sing prasaja wae, ora sah ngowah-owahi adat, kaya jaman aku isih sok dolan menyang Kepatihan ngana kae, ndika nek nyeluk aku cukup “Marga” ngono wae, lan senajan umure rada akeh kaceke banjur ndika mbasakne aku supaya ngaturi “Kakang”. Mangkono mau rumangsaku ndadekne aku krasa duwe sedulur tuwa sing asmane “Jaka Sumarsana” . Nanging bareng saiki wis kaparingan nugraha asma dening Gusti Panembahan Senapati dadi Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma, lha kok banjur ngowah-ngowahi slaga, aku rak banjur dadi rikuh ta?”.

        “Ngene ya Dhi” Tumenggung Tesengkusuma wangsulan karo mesem “arepa kaya apa, si Adhi saiki wis katon luwih diwasa lan wis dadi sedulure pepundhenku Raden Rangga, nek aku ora basa lan ngaturi Adhimas, harak aku bisa diarani wong sing nrucak lan degsura? Nanging nek si Adhi ora karenan merga anggonku ngaturi tak owahi, aku ya njaluk pangapura. Banjur dhawuhe Gustiku Raden Rangga apa marang aku, apa Dhi?”.

        “Sepisan, ndika sakanca arep ditemoni dening Kakang Rangga ing Pendhapa, kaping pindho Kakang Rangga ora seneng nek ana wong sing anggone nyembah drajat nganti kenemenen kaya sing lagi wae ndika sakanca tindakne. Mung kuwi Kakang, saiki ayo tak dherekne munggah pendhapa sowan ing ngarsane Raden Rangga” wangsulane Marga cekak aos.

        Tumenggung Tesengkusuma banjur aweh sasmita marang andhahane diajak ngetutne Marga munggah menyang Pendhapa. Jebul tekan pendhapa kahanane wis malih, sanajan kunarpane Kyai Daka lan Ki Jenggi isih durung dielih, nanging wong-wong liyane wis padha nisih, klebu Lurah Danara sing isih gumlethak tanpa daya kanthi kahanan tangan sing kari siji. Lurah Danara dipapanake ing jogan sisih kiwa cedhak karo lawang butulan.

        Sawuse kabeh ya iku Ki Pawit, Ki Lurah, Pradapa, Panulad lan Para Bebau sarta Tumenggung Tesengkusuma wis padha lungguh kupeng neng klasa sing digelar ing joganing pendhapa, Rangga lan Marga uga wis lungguh neng kono. Sarta sawuse padha bage binage sawatara, Rangga banjur takon ya gene Tumenggung Tesengkusuma ngirid wadya sabregada menyang Kepuh Agal.

        “Nyuwun pangapunten Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma “estunipun kajawi wartos menawi Pasanggrahan ing Patalan sampun wiwit ebah, Telik Sandi Kapatihan ugi mbekta wartos menawi Ki Lurah Sarkara sampun seda. Magepokan kalihan warta sedanipun Ki Lurah Sarkara menika, Gusti Patih Mandaraka lajeng paring dhawuh dhateng kula murih ningali mriki menapa Pradapa yoganipun Ki Lurah Sarkara taksih wonten Kepuh Agal, menawi taksih, kula kadhawuhan anganthi piyambakipun sowan dhateng Kepatihan”.

        “Lha kuwi, Kakang Pradapa isih lungguh neng sandhing ndika kuwi apa Paman?” Rangga nyela ature Tumenggung Tesengkusuma “dadi mengko tak kira bisa ndika ajak bareng menyang Mataram”.

        “Inggih Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma “nalika lampah kula sakanca mlebet Kepuh Agal, kula kepanggih para kawula sami ketingal ajrih lan nalika kula takeni sami criyos menawi ing Kalurahan wonten geger ageng, geger awit mbalelanipun Bebau Danara ingkang dipun dombani dening Kyai Daka lan para siswanipun, wekasan dados perang ing plataran Kalurahan. Kula lajeng daya-daya dumugi mriki, jebul perang sampun rampung, miturut aturipun salah satunggaling sapukawat ingkang kula takeni ing sanjawining regol kala wau, Kyai Daka sampun dumugi ing pejah lan Bebau Danara ugi sampun saged dipun lumpuhaken. Lan nalika kula mlebet ing Plataran, jebul malah kula sumerep Jengandika Gusti Raden Rangga kalihan Adhi Marga wonten mriki. Awit saking menika kula rumaos begja kemayangan saestu…..”.

        “Rumangsa beja merga weruh aku lan Marga, Paman?” Rangga nyela rembug maneh karo takon “ya gene bisa mangkono?”.

        “Inggih Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma karo ngetokne bumbung saka waliking klambine “estunipun kajawi kapasrahan jejibahan ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, nalika kula badhe bidhal Gusti Patih maringaken Bumbung menika dhateng kula kawewahan dhawuh : mbok menawa kowe bisa kepethuk putuku, embuh neng dalan embuh neng ngendi, bumbung iki aturna marang putuku Rangga, dene yen ora kepethuk, gawanen bali menyang Mataram maneh. Jebul kula saged kepanggih jengandika Gusti kula Raden Rangga wonten mriki, awit saking menika, samangke kaparenga Gusti kula Raden Rangga nampi bumbung ingkang kula beta menika”.

        Rangga nampani bumbung sing diulungake Tumenggung Tesengkusuma, banjur dibukak, isine layang saka Patih Mandaraka. Rada sawantara nggone maca kanthi dibatin dening Rangga. Wong-wong sing ana kono padha meneng ora ana sing wani kumecap apa-apa. Luwih-luwih Ki Pawit, Pradapa, Ki Lurah lan Panulad sarta Para Bebau, sing babar pisan ora ngira yen nom-noman loro sing wis aweh pitulungan kuwi jebul Putra Pambayun saka Panembahan Senapati lan sedulur angkate, wong-wong kuwi mung bisa tumungkul amarikelu rumangsa yen anggone linggih neng kono kuwi kaya endhog manuk emprit sing cecaketan karo watu sing sagunung gedhene.

        “Matur nuwun banget Paman Tumenggung” kandhane Rangga sawise rampung nggone maca layang saka Patih Mandaraka lan dilebokne menyang bumbung maneh “saiki tak blakakne isine layang saka mBah Juru iki mau, marang ndika kabeh sing ana pendhapa kalurahan iki. Ya iku aku lan sedulurku Marga kadhawuhan tumuli nutugne laku. Awit sing tak upadi sasuwene iki wis meh ketemu, papan sing tak tuju wis ora adoh saka papan kene. Mula mangsa borong anggon ndika kabeh padha nutugne jejibahane dhewe-dhewe, aku lan Marga njaluk pamit arep nutugne laku. Sepisan maneh aku nedha nrima lan njaluk pangapura mbok menawa ana luputku lan lupute adhiku marang ndika kabeh”.

        Rangga banjur ngadeg Marga melu ngadeg. Ota guneman apa-apa maneh, bocah nom loro kuwi banjur mlaku ngudhuni Pendhapa, arep nutugne nggone lelaku ngupadi Sendhang Mustikaning Warih.

 

 

SIGEG.

Telas sinerat ing

Sanggar Maladi Hening,

Setu Kliwon,

5 Rabingulakir Tahun Jimawal 1957

Jam 10.35 WIB.

Kurup Salasiyah,

Windu Sancaya,

Mangsa Kalima,

Wuku Wuye,

Padangon  Tulus,

Padewan Dewi Uma,

Paringkelan Paningron.

Sinengkalan

Pandhita Njemparing Dewaning Bumi

Muga-muga bisa nutugne critane ing SMW 8.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (147)


 

147.

        Marga mung mesem krungu pamaidone Ki Dodor marang anggone nyeblakne pecute. Ora lagi iki Marga krungu tembung sing nyepelekne marang dheweke mangkono iku. Tumrap Marga diina utawa dialem dening menungsa kuwi babar pisan ora ana bedane. Sansaya yen sing mada utawa ngalembana kuwi mungsuh, kaya Ki Dodor iki, nek gela merga diremehne kuwi padha wae wis ngrewangi mungsuhe, saka ati kang gela bisa ngganggu lakuning nalar lan rasane. Kamangka ngadhepi mungsuh kuwi mbutuhake nalar sing wening lan rasa sing lungit. Yen nganti lakuning nalar lan rasane ora timbang bisa mbubrahne anggone tumandang.

        “Sakersa anggon ndika ngarani Ki Dodor” wangsulane Marga “merga menang kalahe wong perang kuwi ora gumantung apike gegaman, nanging sabab beja-bejan. Nek Gusti ngersakne aku oleh kabegjan, sanadyan mung gegaman pecut pangonan, aku mesthi menang. Kosok baline yen Gusti ngersakne ndika ora nampa kabegjan, ndika mesthi bakal kalah”.

        “Setan kowe Marga” Ki Dodor sansaya nesu krungu wangsulane Marga sing sareh nanging padha wae ngarani yen dheweke ora bakal menang kuwi “saiki rasakna gegamanku!”.

        Karo muni ngono kuwi, Ki Dodor ngobahne pedhange aweh prentah marang ula sing ana ngarepe. Kaya ora tinemu nalar, dumadakan ana ula loro sing siji ula Dumung Enthong, siji maneh Ula Weling, mletik kaya jemparing ucul saka sendhenging langkap. Ula loro kuwi ngarah marang gulune Marga, sisih kiwa lan sisih tengen. Tujune Marga wis siyaga, sadurunge ula loro kuwi nyokot gulune, wis keprungu swara pecute sing jumedhor ora pati banter, nanging katon asile. Ula loro kuwi wis padha remuk sirahe, ceblok neng ngarepe Ki Dodor.

        Wong-wong sing padha weruh kaprigelane Marga nyolahne pecute, padha keplok lan surak rame. Ki Dodor dadi sansaya muntap. Banjur ngobahne pedhange maneh, saiki sing diprentah ora mung ula loro, nanging ula lima. Kaya mau, ula lima sing kabeh nduwe wisa sing bisa gawe patine sok sapaa sing kena dicokot, mletik mendhuwur banjur nylorot ngarah marang lima perangan ragane Marga. Marga mletik jungkir walik mendhuwur karo nyolahne pecute. Mung sepisan pecut jumedher, lan saka sabetan pecute kuwi ndadekne wong-wong sing weruh dadi sansaya eram, ula lima kuwi tiba bareng mlumpuk neng ngarepe Ki Dodor, kanthi kahanan kabeh sirahe padha remuk dadi bathang. Sepisan maneh keplok lan surak keprungu rame. Wong-wong kuwi kaya lagi lali nek satemene Marga ora dolanan nanging lagi ngadhepi mungsuh sing nyata ngedab-edabi kasektene.

        Ki Dodor sansaya waringutan, untune kerot-kerot nganti keprungu saka kadohan. Ula sing cacahe sasat ora kena dietung ing ngarepe kuwi dirayuk, banjur karo ngrapal mantram sakti ula sapirang-pirang kuwi disawurake mengarep ngarah marang mungsuhe. Marga jempalitan jungkir walik mundur kanggo ngendhani sawurane Ki Dodor. Nanging ula sing disawatake kuwi banjur kepyar mencar dhewe-dhewe, kabeh banjur maju ngupengi Marga karo ngempros-ngemprosne wisane sing ditujokne marang Marga, upas sing ngemu hawa panas lan nggawa ganda arus sing bisa ndadekne sing mambu dadi mumet, muneg-muneg, kudu mutah.

        Marga ngiderake panyawange, jebul saka arah kiblat papat kabeh ana ula sing arep ngrayah dheweke. Lan luwih aneh maneh ula-ula kuwi katon bisa ngangkat meh separo saka awake perangan ngarep, malah ana sing mletak-mletik kaya kodhok sing lagi pencolotan, nanging durung ana sing olehe mletik nganti tekan ngarepe Marga, wangune ula-ula kuwi wis padha weruh nasib sing disandhang kancane sing wis padha mati mau. Mula sanadyan ula jebul uga duwe rasa wedi. Marga mung mesem weruh solahe ula sapirang-pirang sing ngupengi dheweke nanging padha ora wani nyedhak kuwi. Pecute banjur diputer mubeng, nuwuhake suwara kaya suwarane prahara lan nuwuhake geter ing sakiwa tengene. Wong-wong sing mau padha keplok-keplok surak rame padha cep klakep ora ana sing wani guneman. Kabeh ngampet ambegan, nguwatirake marang keslametane Marga. Mung emane kabeh padha ngrumangsani nek ora bisa ngrewangi Marga. Mung Rangga dhewe sing mesam-mesem weruh carane Marga guyon, cetha nek wis ngecakne aji Tamengwaja dirangkepi karo Aji Panawawisa, ewa dene Marga isih api-api wedi yen nganti kena wisane ula mandi.

        “Marga aku ngerti nek ula-ula sing ngupengi kowe kuwi padha pekewuh arep maju, merga mbok weden-wedeni karo getere pecutmu” karo nggereng Ki Dodor guneman marang Marga “nanging aja mbok kira kowe bisa slamet, patine ula pitu klangenanku kudu mbok ijoli karo mripatmu loro, kupingmu loro, karo drijimu sepuluh. Mripatmu arep tak cukil nganggo pucuking pedhangku, kupingmu loro-lorone arep tak perung lan drijimu sepuluh kuwi arep tak kethok-kethok mbaka siji. Kareben kowe weruh larane pasiksan saka Ki Dodor, sadurunge tak tugel gulumu lan tak sigar sirahmu kaya sing tak kandhakne mau”.

        Bareng karo enteke tembunge, dumadakan Ki Dodor ilang saka pandulu. Mung guyune wae sing sok keprungu. Ki Pawit lan kanca-kancane sansaya kuwatir. Ora mung nguwatirake kselametane Marga wae, nanging uga nguwatirake awake dhewe. Merga yen klakon apa sing dikandhakne Ki Dodor mau, mesthi Ki Dodor bakal sansaya nemen nggone ngumbar angkarane, kanthi pawadan malesne patine sedulur-sedulure bisa-bisa wong sa-Kepuh Agal bakal ditumpes utawa disiksa kabeh.

        Jebul sing kuwatir dudu mung Ki Pawit sakancane wae, Ula sing kedadeyan saka Ki Lembong uga melu nguwatirake sedulure tuwa sing arep gendhak sikara marang Marga kuwi. Kuwatir yen nganti Ki Dodor kena walat kaya dheweke. Nek dheweke kuwalat temah dadi ula sing ora bisa bali dadi manungsa maneh. Bisa-bisa Ki Dodor sing momor ing alaming para brekasakan ora bisa bali menyang jagad padhang maneh.

        “Kakang Dodor, rucaten aji pamungkas saka Guru kuwi, sing arep mbok paeka kuwi dudu manungsa wantah nanging Trahe Sang Wikudibya sing gedhe walate, sawangen wewujudanku sing saiki iki Kakang, iki merga aku wis kebacut tumindak kliru” kanthi ngetog sisa-sisa tenagane Ki Lembong sing wis wujud ula kuwi aweh sasmita marang sedulure tuwa.

        “Kowe aja ngendhon-ngendhoni tekadku Lembong” Ki Dodor semaur sereng marang adhine, saka alam panglemunan nanging keprungu tekan jagad nyata “aku iki wis gerang tuwek, kowe wae sing ora bisa mikir, wekasan gampang kena blithuke mungsuh. Menenga, neng kono wae mengko nek wis rampung gaweyanku, kowe tak balekne kaya wujudmu sakawit”.

        Krungu rembugan antarane Ki Dodor karo Ki Lembong kuwi, Marga mesem. Meneng sedhela ngecakne Aji Sasrapanggraita. Sanadyan mripate ora bisa meruhi blegere mungsuhe, nanging lumantar panggraitane, Marga bisa meruhi papan lan kabeh mobah-mosike Ki Dodor. Sawuse iku, munjerake aji peparinge Sang Hyang Wilis, ya Bagindha Kilir sing aran Asnamul-maslulatun menyang upat-upat lulup bolu sing dadi pethite cemethine. Marga banjur mencolot ngedohi ula sing ngupengi dheweke, karo siyaga ngenteni Ki Dodor nyedhaki.

        Temenan, Ki Dodor sing weruh Marga jempalitan ngedohi ula-ula sing ngupengi, ora ngira yen satemene Marga wis meruhi mobah mosike. Ki Dodor karo getem-getem arep ngecakne pangincim sing diucapne mau. Sing arep didhisikne merung kupinge Marga nganggo Pedhang Nagawelang.  Nanging, apes tumrape Ki Dodor lagi wae arep nyabetake pedhange ngarah kupinge Marga, tanpa weruh obahe Marga, ngerti-ngerti upat-upat pecute Marga wis nggubet krang pedhange, banjur disendhal ngeget dening Marga. Pedhange Ki Dodor ceblok neng lemah, epek-epeke Ki Dodor krasa kaya mentas nggegem mawa sambi. Ki Dodor kaget kaya disamber gelap rasane, lan sadurunge kagete ilang sepisan maneh pecute Maga muni ora banter, gegere Ki Dodor ditibani sabetan. Ki Dodor mencelat watara limang jangkah, ora bisa tangi, balung ula-ulane krasa kaya ana sing pedhot. Ki Dodor ora bisa bali menyang alam kang nyata nanging wis kadhung mencelat saka alam brekasakan. Dadine ragane Ki Dodor cat katon cat ora. Ki Dodor ngerti kahanane ngono kuwi nangis gero-gero.

        Ula sing kedadeyan saka Ki Lembong nyedhak karo nangis.

        “Uwis Kakang” kandhane Ki Lembong nganggo basane brekasakan “mbok menawa pancen pesthining Dewa awake dhewe kudu nglakoni kaya mangkene iki, ora ana gunane digetuni, becik saiki Kakang tumuli nyuwun pituduh marang Raden Marga, kepriye murih kakang bisa pulih kaya wingi uni, ora kaya saiki iki ora dadi brekasakan nanging uga ora dadi manungsa”.

        “Kula tobat Raden Marga…..” isih karo ngathang-athang merga ora bisa tangi, tur ya cat katon cat ora, Ki Dodor guneman “mugi kula kaparingan gesang, lan kawangsulna kula dados tiyang limrah”.

        “Sing gedhe pangapura ndika Ki Dodor” karo suwara sing sareh Marga aweh wangsulan “aku mung bisa mbalekne balung ndika sing ucul saka papane kuwi, nanging aku ora bisa mbalekne ndika dadi manungsa lumrah kaya mau. Jalaran pancen ndika wis nerjang pepacuh saka Guru ndika dhewe. Sabanjure, aku mung bisa nuduhi dalan sing kudu ndika liwati, mbok menawa bisa tekan panggonan ndika oleh pangapurane Hyang Suksma. nDika bisa kumpul bareng karo Ki Lembong ngenggoni panggonan kanggo ngranggeh pangapurane Gusti mau, lan sadurunge oleh pangapura saka Gusti ndika bakal wujud Brekasakan”.

        Bubar ngucap mangkono kuwi, Marga banjur nyabetake pecute sepisan maneh marang Ki Dodor sing isih gumlethak. Aneh Ki Dodor banjur bisa lungguh. Lara ing gegere wis ilang. Ki Lembong karo Ki Dodor tumuli pamitan arep menyang Kali Sumberlanang kaya sing dikandhakne Rangga marang Ki Lembong. Kabeh ulane Ki Dodor, sing isih urip lan sing wis mati digawa lunga.

        Sapungkure Ki Dodor lan Ki Lembong, wong-wong klebu Rangga nyedhaki Marga. Nanging durung nganti wawan gunem, ana barisan prajurit numpak jaran nganggo gendera Mataram mlebu Plataran Kalurahan. Kabeh mripat banjur maspadakne sing lagi padha teka. Jebul barisan cilik prajurit Mataram kuwi ditindhihi Raden Mas Tumengung Tesengkusuma. Wong-wong padha gumun. Ya gene Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma teka ing Kepuh Agal?. Nanging durung ilang gumune, wong-wong kuwi dadi mlenggong bareng weruh Tumenggung Tesengkusuma dumadakan mencolot saka dhuwur jarane banjur jengkeng atur sembah karo madhep marang wong-wong kuwi.

 

Ana candhake

 

Rabu, 18 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (146)


 

146.

        Gandheng wis wujud ula diuneni mangkono iku Ki Lembong ya ora bisa semaur apa-apa, mung solahe wae sansaya ngangseg lan sansaya kerep nyemburake geni saka cangkeme. Lan geni kuwi dudu geni daden-daden sing kanggo medeni mungsuhe wae, nanging geni sing panase kagila-gila, ketitik suket lan uga wit-witan kekembangan sing ditandur ing pinggir plataran minangka pethetan kuwi padha alum lan kobong nalika padha kena semburan geni sing metu saka cangkeme ula kedadeyan saka Ki Lembong kuwi. Maune Rangga tansah endha, nanging sawuse Rangga ngerti nek olehe ngendhani semburan geni upas kuwi jebul malah ora becik kedadeyane tumrap tanduran sing ana sakiwa tengene, wekasan Rangga sing wis ngecakne Aji Panawawisa dirangkepi nganggo Aji Tamengwaja, semburan geni banjur ditadhahi nganggo ragane. Lan kedadeyane wisa geni sing disemburne ula gedhe kuwi dadi kaya geni tumper sing dibuwang menyang tengah kali sing lagi banjir, babar pisan ora ana apa-apane.

        Ula naga sing sak bongkoting glugu kuwi sansaya nesu. Awake sing ngarep diangkat nganti rong dedege menungsa dhuwure, kanthi cepet Rangga disaut, pundhake dicengkerem nganggo siyung, sauntara awake banjur dipulet lan digubet keket. Karepe si Ula murih Rangga remuk bebalunge. Nanging Ula kuwi dadi kecelik, merga dayane Aji Tamengwaja awake Rangga malih dadi luwih atos tinimbang wesi giligen. Siyunge ula sing nyengkerem pundhake Rangga, krasa nganti kaya rampal-rampala nanging sing digigit nganggo siyung mawa wisa kuwi babar pisan ora bingget babar pisan. Sanadyan ta mangkono panggah wae Rangga ngrasakne risi, mula Rangga banjur kandha marang Ula Naga daden-daden kuwi :

        “He Lembong, ora padatan aku nduweni rasa sabar kaya dina iki. Kudune ora kesuwen, untumu sing mbok ngge nyokot pundhakku iki bisa tak thetheki kareben kowe ompong, banjur sirahmu tak remuk nganggo bongkotan pring kuning sing ana tanganku iki. Nanging gandheng aku isih duwe rasa welas marang kowe sing dina iki kepaten sedulur tuwa cacah loro, Daka karo Jenggi. Dina iki kowe bakal tak ngapura kaluputanmu, waton kowe tumuli bali marang wujudmu sakawit lan gelem mertobat marang Gusti Allah ora mbaleni dadi menungsa sing dhemen gawe sengsara sapepadhaning titah. Wis ngono wae kandhaku marang kowe Lembong kandha iki ora arep tak baleni selawas-lawase”.

        Kaya ora ngrungokne apa sing dikandhakne Rangga, Ki Lembong sing wis wujud ula naga kuwi sansaya keket nggone nggubet awake Rangga, sakehing daya kekuwatane ditumplak kanthi pangajab bisa ngremukne bebalunge mungsuhe. Mesthi wae Rangga sing rumangsa disepelekne kandhane kuwi, tumuli aweh piwales marang Ki Lembong sing angel tuturane kuwi. Sakala Rangga matak aji Ragamawa, awake sakujur dadi panas ngungkuli panase mawa sambi. Ula daden-daden sing nggubet Rangga kaget awit ngrasakne yen awake dadi kaya kobong rasane. Panggubete diuculi, banjur ngedohi Rangga, karepe arep bali marang wujud asale, ya iku wujude Ki Lembong sing saben dinane. Nanging, wola-wali mantram dicakne panggah wae ora ana asile, Ula ora bisa bali dadi menungsa maneh. Malah gedhene ula sansaya susut samono uga karo dawane.  Ula daden-daden kuwi sansaya bingung, jalaran tenagane uga krasa yen sansaya entek. Wekasan ula kuwi banjur meneng tanpa daya, arep sambat wis ora bisa jalaran tekdire ula pancen ora bisa guneman. Mung isih ana becike sethithik, senadyan wis wujud ula suprandene isih bisa ngrungokne suwara, beda karo lamake ula lumrah sing tinakdir ora duwe kuping kanggo ngrungokne suwara apa wae.

        “Saiki kowe mesthi getun Lembong” kandhane Rangga karo nyaketi Ula sing gedhene kari watara sapupune wong diwasa lan wis ora bisa obah merga kentekan tenaga kuwi “jebul dadi ula kuwi ora kepenak, isih kepenak dadi menungsa sing dijangkepi sikil tangan lan liya-liyane. Nanging gandheng kowe wis milih dadi Ula, saiki ya rasakna dhewe. Selawase kowe ora bakal bisa bali dadi menungsa maneh, kajaba yen kowe bisa ngranggeh pangapura saka Dzat Kang Mranata Jagad”.

        Krungu ucape Rangga sing mangkono kuwi, ula sing asale saka Ki Lembong kuwi dadi sansaya mengkeret. Ora keprungu suwarane, nanging saka mripate ndrodos luh bening sing nuduhne yen Ki Lembong lagi nangis. Nangisi nasibe sing babar pisan ora tau digambarne sadurunge. Pancen tenane Ki Lembong biyen, bareng-bareng karo Ki Dodor meguru marang Abdine Dhanyang Kedhung Gasrong, sing aran Kyai Nagabacingah, bangsa Jim sing wujude Ula gedhe. Dening Kyai Nagabacingah Ki Lembong kajaba diwenehi aji jaya kawijayan sing dadi kaluwihane bangsa ula, uga diwenehi Tumbak Kyai Nagakobra sing bisa malih wujud dadi Ula. Aji sing dhuwur dhewe sing diparingake dening Kyai Nagabacingah marang Ki Lembong, Ki Lembong bisa salin wujud dadi Naga sing sekti mandraguna. Nanging dening Gurune, Ki Lembong diweling ora kena gumampang nggunakne aji kuwi. Kajaba yen wis kepepet tenan, lan kudu eling aji kuwi bakal nuwuhake walat sing ndadekne Ki Lembong ora bisa bali dadi manungsa maneh yen nganti ora nggugu dikandhani dening Trahe Raden Bondhan Kejawan. Mula saiki Ki Lembong lagi ngerti yen Rangga kuwi isih trahe Raden Bondhan Kejawan, ketitik mau Rangga wis aweh pitutur marang dheweke lan sawuse ora digugu pituture Rangga, saiki Ki Lembong kena walat ora bisa bali dadi manungsa maneh. Ki Lembong getun lan banget kedhuwung, bisane mung kari nangis sing ora keprungu suwarane.

        “Wis Ki Lembong” wekasan Rangga tuwuh welase “mbok getunana barang sing wis kebacut, ora ana gunane. Nangisa nganti garing mripatmu kentekan luh, kowe panggah bakal dadi kaya wewujudanmu sing saiki. Yen kowe kepengin bali marang wewujudanmu sakawit, sranane kowe kudu bisa ngranggeh pangaksamane Kang Maha Agung. Ora adoh saka papan kene ana kali jenenge Kali Sumberlanang, kowe bisa nurut munggah kali kuwi. Yen wis kepethuk papan sing aran Kedhungbongkrah, sing kayoman dening Wit Ingas jejer loro, kowe mandhega lan miwitana mertapa ana papan kono nyuwun pangapura marang Kang Maha Agung, welingku kowe kena mangsa apa wae kajaba mangsa manungsa sing ora duwe dosa karo kowe. mBuh pira lawase aku ora ngerti, mbok menawa ing kono kowe bakal oleh pangapurane Gusti Allah”.

        Ula daden-daden kuwi ngobahne awake, banjur pamitan nganggo basane bangsa ula marang Rangga, arep budhal menyang Kali Sumberlanang kaya sing dikandhakne Rangga kuwi mau. Sadurunge budhal Ki Lembong sing saiki wis wujud ula sing rupane loreng ireng lan kuning sing sapupu gedhene kuwi isih kober nyedhaki sedulure tuwa, Ki Dodor sing isih silih ungkih genti kalindhih ngadhepi tandange Marga.

        Ki Dodor bener-bener ora ngira yen bakal kethetheran ngadhepi Marga. Sakehing aji jaya kawijayane wis dikuras lan ditumplak kanggo ngalahake Marga bocah nom sing mau arep didadekne muride, ewa samono kanthi gampang Marga bisa ngatasi. Wekasan Ki Dodor banjur nggunakne ula sing cacahe sapirang-pirang sing disimpen neng jero keba sing digendhong ana gegere. Keba disuntak, lan ula sapirang-pirang katon galak-galak, nunggu diprentah dening bendarane. Ki Dodor banjur ngunus Pedhang saka wrangkane. Pedhang pusaka sing katon mramong pamore, Pedhang sing ditampa saka gurune Kyai Nagabacingah saka Kedhunggasrong. Nganggo pedhang kuwi Ki Dodor aweh prentah marang pirang-pirang ulane.

        “Salahmu dhewe Marga, kowe ora nuruti pitutur becikku, sedhela maneh kowe bakal ngrasakne lara sing sewu lara carub dadi siji. Ula Bandhotan, Luwuk, Dumung, Weling, Welang lan liya-liyane iki arep namakne wisane lumantar siyunge dhewe-dhewe marang ragamu kuwi. Kowe mesthi bakal ngrasakne lara sing ora bisa dikaya ngapa mungguh rasane lan wekasane kapeksa kudu tak tugel gulumu, tak sigar sirahmu nganggo pedhang Nagawelang ing tanganku iki, kanggo pangane ula-ula kuwi kabeh kareben sansaya mandi wisane” karo ngathungne pedhange Ki Dodor guneman banter.

        “Pati lan uripku tak pasrahne marang sing duwe Ki Dodor” wangsulane Marga sareh, sanadyan satemene kajaba wis mageri awake nganggo Aji Tameng Waja, Marga uga wis ngecakne Aji Panawawisa sing madal saka sakehing wisa, nanging Marga panggah ora gelem ninggal pangati-ati lan kaprasajane “yen garising pesthiku kudu mati merga wisane ula sing ndika uculne saka keba kuwi, ya bakal tak tampa kanthi sabar lila lan legawa. Nanging minangka kawulane Gusti, aku duwe kuwajiban setiar lan mbudidaya ngayomi lan nylametake raga sing dititipne Gusti marang aku. Mula yen ndika nggunakne pedhang pusaka Nagawelang, aku ya arep migunakne gegamanku kanggo ngadhepi pedhang ndika”.

        Marga banjur nglolos pusaka sing selawase ora tau pisah saka ragane, Cemethi upat-upat lulup Bolu sing disabukne ing lempenge.

        Ki Dodor sing durung ngerti yen senjata piyandele Marga kuwi Pecut utawa Cemethi sing lagi wae dilolos saka bangkekane, tumuli mangsuli apa sing lagi wae dikandhakne Marga :

        “Iya Marga, aja nganti kowe mengko sansaya getun, tumekeng neraka durung kober ngetokne gegaman, ayo saiki gunakne gegamanmu kaya apa wujude? Tan wurunga bakal sumyur yen nganti senggolan karo Pedhang Nagawelang sing ana tanganku iki”.

        “Iki lho gegamanku Ki Dodor, yen ndika kepengin weruh!” Marga wangsulan karo nyeblakne pecute mendhuwur, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg sing nyamber mangsane. Wong-wong sing mau padha nonton perange Rangga mungsuh Ki Lembong sing pungkasane Ki Lembong ilang, padha kaget krungu suwara pecute Marga.  Kabeh banjur padha genti ngupengi kalangane Marga lan Ki Dodor sing neng ngarepe ana ula mandi pirang-pirang.

        Sauntara kuwi, ula sing mau kedadeyan saka Ki Lembong uga wis sansaya cedhak, ula kuwi milih dalan anggone nyedhaki Ki Dodor saka sisih mburi, dadi wong-wong sing kober weruh padha ngira yen ula sing gedhene kari sapupu kuwi tunggale Ula sing pating kruget ing ngarepe Ki Dodor.

        “O kuwi gegamanmu Marga? Pecut sing mung pantes kanggo meden-medeni wedhus sing ngebyong tanduran, banter suwarane nanging babar pisan ora ana tenagane” kandhane Ki Dodor, karo ngguyu nyepelekne marang Marga.

 

 

ana candhake

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (145)

145.

        Ki Pawit banjur melu nyawang wong-wong sing padha ngupengi kalangane, atine nicil lega awit katon anak-anake padha ora kurang sawiji apa, kabeh isih katon bregas lan waras. Ana sethithik rasa mangkog ing atine wong tuwa kuwi, anake sing siji bisa ngalahne Danara lurahe para siswane Kyai Daka, lan sing siji maneh sing rada angel dipercaya dene Pawana sing saiki wis wenang disebut Ki Lurah bisa gawe patine Kyai Daka. Mung sajroning atine Ki Pawit ana pangarep-arep muga-muga olehe padha menang perang anak-anake kuwi mau ora ninggal watake satriya.Ora nglimpe lan ora nganggo cara sing culika. Sawuse meneng sedhela Ki Pawit banjur aweh wangsulan marang mungsuhe :

        “Pancen kanthi jujur aku ngakoni Ki Jenggi, nek ngadhepi ndika, gojeg nggunakne gegaman sing mbebayani ngene iki, dudu gaweyan sing entheng. Lan saupama aku ngongkon anak-anaku sing wis ngrampungne gaweyane kanthi becik, kanthi katandhan kalahe Lurah Danara lan Kyai Daka, kuwi ya ora jeneng saru yen aku …….”.

        “Aja keladuk ucapmu Pawit” durung rampung anggone guneman Ki Pawit wis disaut dening Ki Jenggi sing nggetak banter “tangeh lan mokal yen Sedulurku tuwa ya Kakang Kyai Daka bisa dikalahne dening wong lumrah. Kakang Kyai Daka kae takerane wong selawe maju bareng lagi bisa nimbangi kasektene Kakang Kyai Daka”.

        “Mosok ndika ora krungi aloke wong-wong mau ta Ki Jenggi? Kanyatane Kyai Daka saiki wis bisa dikalahake dening anakku Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho, nek Kyai Daka durung dikalahake mokal Ki Lurah bisa ngadeg neng kono kuwi” Ki Pawit genti mangsuli panggetake Ki Jenggi nganggo tembung sing sareh.

        “Leres Kyai” salah siji saka Sapukawat sing uga melu ngupengi kalangane Ki Jenggi lan Ki Pawit perang tandhing mbengok banter “Lurah Danara sak niki taksih semaput kanthi tangan kantun setunggal kenging pedhangipun Ki Panulad, Kyai Daka sampun dumugi ing pejah, wadhukipun bedhah kababat pedhangipun Ki Lurah”.

        “Piye?” Ki Jenggi mbengok banter kaeo mripate mencereng “sapa sing wis wani gawe patine sedulurku tuwa he?”.

        “Aku Ki Jenggi” sing wangsulan Ki Lurah “aja gampang gumunan, wis lumrah jenenge wong perang tandhing ing paprangan, nek ora mateni mungsuhe ya mati dening mungsuhe”.

        “Iblis kowe Pawana!” Ki Jenggi mbengok karo misuh banter “nek ngono kowe kudu mati ana tanganku saiki”.

        Ki Jenggi nyawang marang Ki Lurah karo mripat sing murup, kanepsone wis tekan mbun-mbunan. Selawase dadi sedulure Kyai Daka, Ki Jenggi durung tau weruh Kakange kuwi kalah perang karo sapa wae. Mula bareng ngerti nek Kakange kudu tumekeng pati merga ngadhepi wong lumrah sing jeneng Pawana kuwi , Ki Jenggi banget olehe ora bisa narimakake. Sakala Ki Pawit sing isih ngadeg neng ngarepe ditinggal, Ki Jenggi marani Ki Lurah karo ngundha gadane.

        “Ki Jenggi, aja kaya wong sing ora duwe tata!” Ki Pawit guneman seru “perkara ndika karo aku durung rampung, ayo dirampungne dhisik sadurunge ndika golek mungsuh anyar!”.

        “Aja crewet kowe Pawit” karo mencolot marani papane Ki Lurah, Ki Jenggi mangsuli gunemane Ki Pawit “aja kiwatir, kowe mengko mesthi tak pateni, nanging sadurunge kuwi aku kepengin ngejur ndhase anakmu dhisik. Nek kowe ora gelem ngenteni, ya majua bareng!, krubuten aku!. Ora, ora nek bakal tak tinggal oncat!”.

        Ki Lurah tanggap, sanadyan rada ngedhap, nanging ora ana niyat arep nglungani. Pedhang sing mau dienggo mbabat wetenge Kyai Daka wis disiyagakne kanggo ngadhepi gada wesine Ki Jenggi sing sapupu gedhene.  Sing kuwatir malah Ki Pawit, merga Ki Pawit wis weruh yen Ki Jenggi lan Gada Wesine kuwi banget mbebayani. Karosane Ki Jenggi lan antebing gadane, angel ditandhingi karo tenaga wantah. Kudu nganggo akal, sabisa-bisa kudu diendhani, kaya sing dicakne Ki Pawit mau. Nanging katone Ki Lurah anggone ngadhepi Ki Jenggi arep nganggo cara adu dhadha, adu kekuwatan lan keprigelan. Yen kuwi ditindakne tan wurunga Ki Lurah bakal kalah. Kurang-kurang bejane bisa remuk kena gepukane gada wesi sing bobote ora lumrah kuwi. Nanging Ki Pawit wis ora ana wektu kanggo aweh peling marang anake lanang. Mula Ki Pawit sing senajan banjur nututi jangkahe Ki Jenggi, atine panggah kuwatir.

        Ora lidok, nalika Ki Jenggi ngobahne gadane kanggo mupuh sirahe Ki Lurah, Ki Lurah babar pisan ora ngendhani malah milih nangkis nganggo pedhange. Ana suwara sing nggegirisi nalika gada wesi tempuk karo pedhang, Ki Lurah ora kuwawa nandhingi kekuwatane Ki Jenggi, pedhang sing ana tangane mencelat, ucul saka gegeman. Gadane Ki Jenggi menggok arahe, nanging Ki Lurah kontal memburi watara limang jangkah, kuda-kudane buyar. Panyawange dadi klemun-klemun, meh wae Ki Lurah rubuh. Ki Lurah ngrasakne tenagane kaya dikuras dening kekuwatan pamupuhe Ki Jenggi. Nanging nalurine isih genep, Ki Lurah njempalik memburi arep ngedohi mungsuhe sing wis siyaga marani lan mupuhake gadane. Eman anggone njempalik Ki Lurah kurang sempurna, temah tiba klumah, ngathang-athang neng lemah.  Jangkahe Ki Jenggi wis sansaya cedhak, nalika Ki Lurah mbudidaya arep tangi, Ki Jenggi njejakne sikile menyang dhadhane Ki Lurah. Ki Lurah bali klumah. Ki Jenggi ngguyu lakak-lakak, gadane banjur diangkat dhuwur, tenagane diketog, arep digunakne kanggo nggepuk mungsuhe. Panulad lan wong-wong sing mau ngupengi nggone perang tandhing Ki Pawit mungsuh Ki Jenggi padha kaget, nanging ya ora bisa aweh pitulungan marang Ki Lurah sing isih ngathang-athang ing lemah. Saking ora mentalane meruhi kahanan kang mangkono kuwi mau, wong-wong kuwi banjur merem nutup mripate, Ora mentala weruh Ki Lurah ketiban gadane Ki Jenggi. Ki Lurah sing wis ora bisa polah, ngira lamun wis tumeka titi wancine ngadhep marang Gusti. Mripate diremne karo lambene umak-umik nyuwun pangapura marang Sing Gawe Urip.

        Nanging dumadakan, sepisan maneh wong-wong kuwi dikagetne suwara panjerit sing sanadyan diampet nanging meksa mrojol metu nuwuhake suwara sing seru. Panjerite Ki Jenggi sing wurung ngobahne gadane, malah banjur rubuh mengkurep, ngrungkebi lemah, kejet-kejet sedhela banjur meneng ora obah. Bareng wong-wong sing mau padha merem mbukak mripate, padha weruh yen ing gegere Ki Jenggi tumancep glathi dawane Ki Suluh sing katon mung kari kurang saka sapratelone.

        Mau bareng karo rubuhe Ki Lurah dijejeg Ki Jenggi, Ki Pawit sing nututi saka mburi kober nyipta sajroning ati yen bakal ditinggal dening anak lanange kanggo selawase. Nanging Ki Pawit ora kentekan pangarep-arep nampa pitulungan saka Sing Gawe Urip, karo memuji marang Gusti Allah, Kyai Suluh, Glathi dawa pusaka tiron agemane Ki Gedhe Banyubiru kuwi diclorongne sarosane marang Ki Jenggi. Titis panyawate Ki Pawit, mbarengi Ki Jenggi ngetog kekuwatane, Kyai Suluh mancep ing gegere, nembus jantung malah kliwat tekan dhadha sisih njaba. Saking ampuhe pusaka Kyai Suluh, Ki Jenggi njerit, tangan sing kanggo nyekeli gadane nggregeli, Ki Jenggi banjur rubuh ngrungkebi lemah. Mati.

        Ki Pawit banjur njabut Kyai Suluh, ragane Ki Jenggi dicandhak diwalik, jebul pancen wis entek ambegane. Panulad lan Para Bebau sarta para sapukawat banjur padha melu nyedhak. Sawise mrangkakne Kyai Suluh, Ki Pawit banjur prentah marang Panulad :

        “Panulad, tangekna sedulurmu tuwa kuwi. Katone kentekan tenaga merga nangkis pamupuhe Ki Jenggi mau”.

        “Sampun Bapa” durung nganti Panulad wangsulan, Ki Lurah wis tangi dhewe banjur ngadeg ing sisihe Panulad “kula boten menapa-menapa”.

        “Ya sokur ta Ngger yen kowe isih diparingi slamet dening Gusti” wangsulane Ki Pawit sing genti prentah marang wong-wong liyane “saiki padha angkaten layone Ki Jenggi sing kapeksa mati merga gaman Kyai Suluh iki, menyang Pendhapa Kalurahan kana. Sedhakepna lan lurupana kaya salumrahe layon. Aja ana sing dhemen degsiya marang layon, Gusti ora rena!”.

        “Inggih Kyai” Tanggon sing uga ana kono banjur gage wangsulan. Banjur direwangi sapukawat liyane, layone Ki Jenggi digotong menyang Pendhapa, diujurne ngalor lan ditata kaya lumrahe layon jejer karo kunarpane Kyai Daka.

        Lurah Danara sing wis eling saka anggone semaput, bareng weruh Gurune lan Ki Jenggi wis padha dadi layon, nggegetne untune. Ing batin banget olehe ora trima, nanging kahanane dhewe durung duwe daya. Awake krasa panas merga saka tatu ing tangane tengen sing pedhot sadhuwure sikut. Getihe wis akeh sing ilang, tenagane temen wis kekuras nganti ora kuwat ngglawat.

        Sawise rampung mapanake layone Ki Jenggi, Tanggon lan sapukawat liyane banjur mbalik menyang plataran. Nusul Ki Pawit lan liya-liyane sing nyaketi papane Rangga lan Ki Lembong padha ngunggar kasudiran.

        Nalika Ki Pawit lan wong-wong liyane wis sansaya cedhak, banjur padha mandheg, ora wani nerusne anggone kepengin sansaya cedhak karo papane Rangga lan Ki Lembong. Maune sing katon ing panyawange Ki Pawit lan wong-wong mau, ing tangane Ki Lembong ana Ula Bandhotan sing salengen gedhene. Buntute ula kuwi dicekel dening Ki Lembong, sirahe ula nyander-nyander karo ngemprosne semburan upase marang Rangga. Nanging kanthi gampang Rangga bisa ngendhani panyaute lan semburane ula sing dienggo gegaman dening Ki Lembong.

        Nanging dumadakan, miturut panyawange wong-wong mau, Li Lembong ilang saka pandulu. Nanging ing kono malih ana ula sing meh sabongkoting glugu gedhene, embuh pirang dhepa dawane. Awake sing ngarep bisa ngadeg dhuwur banget,  cangkeme sing amba ngetokne geni sing nggegirisi, banjur nylorong marang Rangga. Buntute ula sok mbanggel nyabet-nyabet sing banget mbebayani, wit-witan sing ana plataran Kalurahan kuwi padha rubuh kesabet buntute Ula sing gedhene ora lumrah kuwi. Rangga dadi pencolotan olehe ngendhani pangamuke ula gedhe mau. Nanging bareng wis sauntara, keprungu Rangga gumuyu banter banjur disusul karo kandha :

        “Lembong wong bodho, lha wong wujud menungsa wae kowe ora bisa nyenggol ragaku, kok saiki malah milih salin nganggo wujud ula? Apa rumangsamu kewan kuwi luwih pinter tinimbang manungsa he he he ?”.

 

 

ana candhake

 

 

Selasa, 17 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (144)

144.

        Para muride Kyai Daka kuwi padha ngerti nek mungsuhe Danara mau Panulad, nom-noman Kepuh Agal sing katone ora pati ndayani. Nanging jebul wis bisa ngalahake Danara, Lurahe para muride Kyai Daka. Kanthi anane kedadeyan iki, ndadekne kuwanene para siswane Kyai Daka kuwi padha susut, malah ora sethithik sing banjur ilang. Pikirane padha nglambrang, sasuwene melu Kyai Daka lan Lurah Danara, saben-saben oleh asil, ajeg sing bageyane akeh ya Kyai Daka karo Lurah Danara, nek wong telu sedulure Kyai Daka kae ya melu, sing bageyane akeh ya ditambah wong telu, Ki Jenggi, Ki Lembong karo Ki Dodor. Lha wong-wong sing dadi murid kuwi bageyane prasasat mung dikepyuri saka asil sing ana. Neng gaweyan sing lagi ditandangi iki, kudu ngadhepi Sapukawat lan bebau sing jarene Kyai Daka lan Lurah Danara padha ora mudheng ulah kanuragan, nanging nyatane nganti pirang-pirang jurus isih durung ana sing bisa dikalahake. Pancen Kyai Daka nate kandha, mengko sawise gaweyan rampung kena dijagakne asile bakal tikel tekuk nek dibandhing karo nyambut gawe ngampak neng nggone wong sugih kae. Nanging apa bedane asil sing akeh lan asil sing sethithik nek mengko bageyan sing ditampa ya padha padatan, mung dikepyuri? Sing bakal makmur panggah ya Kyai Daka lan sedulur-sedulure. Para murid ya mung bisa nyawang. Lha nek nganti para murid kuwi nekad diudhoni nganggo nyawane, harak ya kena diarani ora duwe utek sing kena kanggo mikir. Nek Lurah Danara kae wis netepi tekad mati apa mukti?, sanadyan wekasane olehe ya mati. Lha nek dheweke? Kurang-kurang bejane bakal tumekeng pati, nek ana muktine mung oleh kepyuran wae.

        Merga mikir sing kaya mangkono kuwi mau, siji loro wiwit ana muride Kyai Daka sing banjur seleh gegaman, lungguh ndhodhok karo nglumpukne tangane memburi, banjur dening para sapukawat banjur dibanda, dijak minggir neng ngeyuban nanging ora ana sing dipilara. Weruh kancane ana sing pasrah, wekasan wong liyane ya melu pasrah. Kabeh muride Kyai Daka wis ora ana sing wani nutugne perang. Kabeh wis dadi bandan, ana siji loro sing nandhang tatu merga kena gegamane para Sapukawat, banjur dening para Sapukawat padha ditambani, direngkuh kaya dudu mungsuh.

        Kocapa Kyai Daka sing uga krungu yen Danara wis mati pedhot tangane, kamangka mau Kyai Daka ya weruh nek sing diadhepi Danara mau Panulad, sedulur nome Ki Lurah sing saiki diadhepi, mula Kyai Daka sansaya mundhak anggone kepengin enggal-enggal bisa mateni Ki Lurah Pawana. Aji jaya kawijayane diketog, tandange sansaya nggegirisi, mung kuciwane ora dibarengi nganggo petung sing mateng. Mula Ki Lurah Pawana ya ora pati bisa didheseg mundur, malah kepara isih bisa nambahi tatu sing sanadyan ora mbebayani ing ragane mungsuhe.

        Dadi sansaya muntap kanepsone Kyai Daka bareng ngerti yen murid-muride padha teluk, pasrah dadi bandan. Karo ngetog hawa murnine Kyai Daka banjur nyuwara sora ditujokne marang murid-muride :

        “Hee….. bocah-bocah sing padha jirih getih wedi mati, sing saiki wis padha pasrah dadi bandan. Kowe kabeh mengko bakal getun, merga kowe kabeh mesthi bakal nampa pidana saka aku, pidana sing abot lan banget larane merga kowe wis nyidrani kasetyan marang Paguron. Dosamu bakal tak padhakne karo dosane Panulad sing wis wani gawe patine Lurah Danara!”.

        “Aja kakehan umuk Kyai Daka” Jebul Panulad wis ngadeg kanthi panggah sikep gegaman nyedhaki papane Kyai Daka sing lagi perang tandhing mungsuh Ki Lurah, ing sandhinge Panulad uga ana Bebau-bebau Pahang, Sambi lan Sudib sarta Tanggon sakancane kabeh padha sikep gegaman, sing mangsuli pambengoke Kyai Daka mau Panulad sing ditutugne nganggo ukarane “aja maneh kok midana aku, sedheng ngadhepi Ki Lurah wae, ndika durung karuwan bisa menang kok”.

        Kyai Daka sansaya muntab, merga ora ngira nek Panulad wis ana sacedhake. Mripate murup nyawang Panulad, praupane katon ireng saking nesune, Trisulane digegem kenceng, banjur jumangkah nyedhaki Panulad sing adohe watara ana limalas jangkah ing ngarepe. Ki Lurah ditinggal ngono wae, Kyai Daka selak kepengin males patine Danara marang Panulad.

        “Kyai, mungsuh ndika kuwi aku!” Ki Lurah nyuwara banter ngelingake Kyai Daka “dudu watake satriya ninggalne mungsuh, banjur kepengin salin tandhing”.

        Kyai Daka ora semaur, merga atine wis kobong dening kanepson marang Panulad. Tekade Panulad arep ditamani Trisilane yen Panulad wis mati, lagi arep nutugne nggone perang mungsuh Ki Lurah. Nanging Ki Lurah ora bakal ngumbar Kyai Daka ninggalne kalangan, mula banjur mencolot nututi Kyai Daka . Kanthi pedhang sing isih kenceng ana gegemane, Ki Lurah Pawana ngadhang ing ngarepe Kyai Daka. Kyai Daka sansaya liwung, temah tanpa petung banjur namakne trisulane marang Ki Lurah, sing diarah prenah ing dhadha. Nanging Ki Lurah Pawana luwih prayitna, jalaran mula wiwit pisanan Ki Lurah Pawana akeh nggunakne akal lan nalar kanggo ngadhepi Kyai Daka sing ngelmu kanuragane adoh mapan ing sadhuwure. Ki Lurah mendhakne awake banjur maju karo mbabatne  pedhange ngarah bangkekane mungsuhe. Kyai Daka kaget, ora lila yen nganti pedhane Ki Lurah Pawana mbacok lempenge. Kanthi cepet sikile njangkah mundur, nanging wis rada kasep, lempenge ora sida kebabat pedhang, nanging pucuk pedhange Lurah Pawana watara ana satabok saka pucuking pedhang, kober ngenani weteng sangisore puser, Kyai Daka mbengok banter, wetenge jebol amba, ususe mbrodhol metu neng njaba. Adege Kyai Daka dadi goyah, meh wae tiba klumah, nanging cepet kanthi sisa tenaga sing isih ana trisulane dirancapne neng lemah, landheyane kanggo gondhelan murih ora tiba. Lon-lonan, Kyai Daka banjur linggih, tangane kenceng nggoceki landheyan tumbake sing watara sakilan mancep neng lemah. Getih mbanjir saka tatu ing lambunge. Para Sapukawat lan Bebau Kepuh Agal bareng weruh yen Kyai Daka kena gegamane Ki Lurah, banjur padha keplok-keplok karo surak mawurahan, karo alok yen Kyai Daka rubuh kaprawasa.

        “Nyuwun pangapunten Kyai…..” karo nyedhak Ki Lurah njaluk ngapura marang Kyai Daka. Anggone nyedhak kuwi merga Ki Lurah Pawana kepengin aweh pitulungan marang Kyai Daka, murih usus sing mbrodhol ora kesuwen kena angin ben nyawane bisa dislametake.

        “Iblis kowe Pawana!” karo ngampet lara Kyai Daka misuh lan nggetak, banjur ngidoni praupane Ki Lurah Pawana.

        Ki Lurah kaget, ora krasa mencolot memburi banjur ngusapi idu sing nemplek ing pipine nganggo pucuking jarite. Ki Lurah babar pisan ora nyana yen Kyai Daka sing wis nandhang tatu abot kuwi arep ngidoni praupane. Kyai Daka banjur ngetog sisa-sisa tenagane kanggo njabut Trisulane sing mancep neng lemah, karepe trisula kuwi arep ditamakne mungsuhe, kareben bisa mati bareng sampyuh lan dheweke. Nanging kareping ati pranyata beda karo lakuning pesthi. Bareng karo kejabute Trisula saka jepitane lemah, tenagane Kyai Daka wis entek, sabanjure kaya gedebog gedhang sing kabotan tundhunan uwoh ketrajang angin gedhe, alon-alon Kyai Daka nggeblag memburi bareng lan pesating nyawane. Sepisan maneh keprungu surak ambata rubuh saka linggan, surake para Sapukawat lan para sinoman Kepuh Agal, disusul pating cruwet suara alok :

        “Kyai Daka mati… Kyai Daka mati…….”

        “Kyai Daka mati jebol wadhuke…. Kyai Daka mati jebol wadhuke ……” suwara liyane numpangi.

Wong-wong sing manggon ing panggonan rada adoh banjur padha nyedhak kepengin weruh kahanane Kyai Daka sing wis dadi kuwandha. Kahanane Kyai Daka kuwi pancen banget nrenyuhake, beda adoh karo mau esuk sing katon ngregemeng kebak wibawa. Saiki bareng dadi kuwandha, praupane katon mingkus, pucet, tutuke mangap, mripate mendelik mung katon putihe, irenge ilang. Ki Lurah banjur ngusap praupane Kyai Daka, mripat sing mendhelik ditutupne dadi merem.

“Kendhit karo kowe Godheg” Ki Lurah  Pawana banjur kandha marang sinoman sing ana sandhinge “tulung layone Kyai Daka iki angkaten menyang pendhapa, lurupana kaya lumrahe layon”.

“Inggih Ki Bau, eh… Ki Lurah” nom-boman loro kuwi wangsulan bareng.

“Karo tulung golekana Bebau Sidamulya” Ki Lurah nutugne prentahe “jare mau ya wis dadi layon? Selehna layone Ki Danara ing cedhake Kyai Daka”.

“Lurah Danara dereng pejah Ki Lurah” salah siji saka nom-noman kuwi wangsulan “namung tangane ical setunggal dipun babat dening Ki Panulad. Wau taksih dipun upakara dening lare-lare, awit dikengken dening Ki Panulad”.

Sawise layone Kyai Daka diusung menyang pendhapa, Ki Lurah banjur nyedhaki kalangane Ki Pawit sing lagi perang tandhing mungsuh Ki Jenggi. Jebul Panulad lan Para Bebau lan Para Sapukawat wis akeh sing ana kono, kabeh padha kupeng gawe kalangan ngubengi anggone Perang tandhing antarane Ki Pawit sing mungsuh Ki Jenggi. Perange wong loro kuwi sansaya serem, sanadyan akeh olehe endha tinimbang anggone aweh serangan marang mungsuhe, nanging Ki Pawit durung katon ketleyek mundur. Tenagane kaya ora kalong babar pisan, napase uga panggah ora katon menggeh-menggeh, kamangka nek ndelok saka umure, kudune wis mau-mau Ki Pawit kentekan tenaga lan napas. Nanging kanyatane, Ki Jenggi sing neter nganggo gada wesine sing mobat-mabit ngemu prahara, isih bisa diendhani dening Ki Pawit. Ki Pawit pancen banget ngrumangsani, yen nganti gada sing diputer dening mungsuhe kuwi nganti nyenggol ragane, tan wurunga dheweke bakal mung kari aran, ajur dadi glepung. Mula Ki Pawit banjur ngecakne aji simpenan sing selawase durung tau digunakne, ya iku aji Kapas Kabur sing ndadekne ragane entheng lan gampang ngendhani pamupuhe mungsuh. Kang mangkono kuwi ndadekne Ki Jenggi sansaya waringutan, saben-saben gadane dipupuhne kanthi gampang Ki Pawit bisa ngendhani. Lan sok-sok karo endha Ki Pawit isih bisa karo nyudukne glathi dawane ngarah perangan ragane Ki Jenggi sing mbebayani.

“Heh Pawit sajake kanca-kancamu padha teka mrene, nek kowe kabotan ngadhepi aku ijen, ora apa-apa kowe ngajak kancamu kanggo ngrubut aku” kandhane Ki Jenggi nalika weruh wong-wong padha ngupengi papane perang tandhing.

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...