Total Tayangan Halaman

Selasa, 31 Oktober 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (02)


 

Dening : IMMIR

02.

        Tekan omah barang-barang sing ana jero grobag rombonge diudhunke kabeh. Dagangan sing isih turah disisihne. Ora akeh mung gorengan watara limang iris, karo ayame turah telung tengkel, wujud endhas kabeh. Wingi sore olehe nyembeleh ayam ana pitu, dadi ya prasasat wis entek. Sega sing neng jero termos ya kari sethithik. Nek endhog asine pancen ya isih ana sepuluhan, nanging endhog kuwi isih bisa didol mengko bengi.

        “Lawuhe kari endhas, gawanen mulih Dhik, ben kena dienggo lawuh sarapan adhikmu” kandhane Murtala marang Dikin.

        “Ya, tak nggawa siji ya Mas?” wangsulane Dikin semu takon .

        “Ya digawa kabeh wae, karo gorengane kuwi isih apa wae? Nek gelem ya gawanen pisan” Murtala ngongkon maneh.

        “Lha pa gak dijupuk Lik Ginah ta Mas?” Dikin takon maneh “gajege sing turah kari tempe titipan saka Lik Ginah nek tahune isi wis entek”.

        “Ya mengko Lik Ginah tak warahe nek dagangan titipane payu kabeh ngono wae” wangsulane Murtala sing dibacutne ngongkon Dikin supaya enggal bali “wis iki tak urusane dhewe, awakmu ndang bali wae, adhikmu selak budhal sekolah mengko”.

        “Ya wis nek ngono Mas, tak balik dhisik, matur nuwun” wangsulane Dikin karo nyangking turahan dagangan sing diwenehake dheweke kuwi. Omahe Dikin pancen ya ora adoh saka omahe Murtala, kira-kira ya mung satusan meter.

        Murtala ya banjur nutugne olehe nandangi gaweyane. Barang-barang sing reged banjur digawa menyang sumur dikorahi kabeh nganti resik. Sega sing isih turah dielih neng wadhah anyar, merga termose ya prelu dikumbah. Rampung korah-korah lagi mlebu omah, liwat pawon. Bu Marsini, Ibune sing lagi nggodhog banyu neng Pawon, weruh nek anake lanang mlebu, banjur takon :

        “Wis mbok korahi kabeh ta Mur ? kok sega turahane wis mbok wadhahi cething kuwi?”

        “Sampun Bu” wangsulane Murtala “sekule kantun sakedhik, cekap nek kangge sarapan tiyang kalih".

        “Iya, mau ya wis tak tiliki” panyaute Marsini “Ibu ki rak wis omong ta Mur? Nek tekan omah kuwi ndang leren, ngombe-ngombe wedang apa piye, mengko regetane ben dikorahi Ibu. Kok mbok tandangi dhewe kabeh, njur ibumu iki kon nyambut gawe apa ?”.

        “Lha Ibu sak niki nembe napa?” Murtala genti takon karo mesem.

        “Genah lagi nggodhog banyu arep nggawekne wedang kowe ngono lho?!?”.

        “Lha nggih empun, Ibu nyambut damel ndamelne wedang kula, sakedhap malih masak ndamelaken maem kula, niku rak nggih empun nyambut gawe ta Bu?” .

        “Kowe kuwi jan ora nyimpang karo suwargi bapakmu kok Mur…Mur…..”.

        Murtala wis ora semaur maneh, merga wis mlebu omah, golek salin arep adus. Bu Marsini ya banjur ora gumenan apa-apa maneh, nutugne olehe ngracik gula karo kopi kanggo gawe wedange anake lanang. Sajroning atine Bu Marsini ana rasa matur nuwun marang Pangeran dene diparingi anak sing tansah mbangun turut, ora nakal senadyan wis ora diemong bapakne. Biyen garwane Bu Marsini, ya Bapake Murtala (asline jenenge Murtadla gandheng ilat jawa dadi Murtala), kuwi asmane Pak Kojin (asline Khozin), nyambut gawene dadi PNS, Pesuruh ngrangkep dadi Tukang Kebon utawa Penjaga SD Inpres. Nanging olehe nyambut gawe ora tutug, nalika pangkate lagi wae mundhak menyang Juru utawa golongan I C, kecandhak lelara sing wekasan dadi lan patine. Ninggal bojo lan anak siji, umur rolas  tahun ya Murtala kuwi.

        Iya awit saka rasa bekti lan tresnane marang Kakung, sanadyan kepetung durung pati tuwa, nanging Bu Marsini niyat sajroning atine ora arep omah-omah maneh. Mula sanadyan satemene ya ana wong lanang sing nakokne lan arep ngepek bojo, nanging Bu Marsini panggah ora gelem. Tekade wis gilig, katresnane arep disuntak marang anak tinggalane kakunge sing mung siji kuwi. Kanthi pawitan pengasilan minangka pensiunan randha, saka kakunge sing mung golongan siji ce lan akehe ora sepiroa, Bu Marsini duwe gegayuhan muga-muga anake bisa dadi wong pinter, bisa sekolah sing rada dhuwur kareben ora bodho kaya dheweke. Bu Marsini duwe kapitayan, wong kuwi nek duwe kapinteran mesthi uga pinter golek sandhang pangan. Lan nek wis pinter golek sandhang pangan mesthi migunani tumrap awake dhewe saora-orane ora arep ngrusuhi wong liyane. Mula sanadyan kanthi rada ngrekasa, Murtala lulus SD ya banjur dikongkon nerusne menyang SMP nganti lulus lan nutugne maneh menyang SMA. Bareng wis lulus SMA,  Murtala banjur melu-melu kancane golek gaweyan neng kutha dadi Buruh Pabrik. Kanggo nyenengne wong tuwane, asil olehe nyambut gawe disisihne, dicelengi lan saben sasi dikirimne marang Ibune. Kanggo nyukupi kabutuhan uripe, Murtala niat nganti nglinting usus paribasane, Nanging Murtala saben wulan mesthi kirim kabar marang Ibune nek uripe neng kutha wis kepenak. Nanging Bu Marsini krasa nek ana sing ora bares karo anake lanang sing mung siji kuwi. Merga Mardi, anake tanggane sing olehe nyambut gawe tunggal sapabrik karo Murtala lan luwih dhisik mlebune neng pabrik kono, aja maneh kok kirim dhuwit marang wong tuwane, malah sok-sok isih njaluk kiriman saka omah jerene kanggo nyambung uripe. Sing ngono kuwi ora mung Mardi dhewe, nanging bocah-bocah liyane ya ngono. Mula dening Bu Marsini kabeh kiriman saka Murtala ora digunakne, malah dicelengi dititipne neng BRI.

        Bareng wis oleh patang tahun anggone kerja neng Kutha, Murtala bali menyang ndesa maneh. Ora mung Murtala dhewe, nanging kabeh sing nyambut gawene tunggal sapabrik karo Murtala. Kabeh kena PHK merga Pabrik sing dieloni bangkrut, buruh lan karyawane akeh sing padha dilereni olehe nyambut gawe.

        “Wis ta Mur” kandhane Bu Marsini bareng wis sawatara dina Murtala bali neng omah lan kerep wae Bu Marsini weruh nek anake lanang lungguh thenger-thenger katon nek pikirane nglangut tekan ngendi-endi “ora sah mikir arep lunga saka omah golek gaweyan nyang kutha. Kowe oraa kandha, Ibu iki wis ngerti nek sak jane nyambutmu gawe neng kutha kuwi dhek emben ya ora kepenak. Upama mbok ngge urip lumrah kaya bocah-bocah liyane kae, kowe mesthi ya isih kurang. Nanging gandheng kowe kuwi kepengin gawe senenge Ibu, banjur mbok rewangi urip kesrakat, dhuwitmu mbok kirimne mulih. Iya apa ora?”.

        “Boten kok Bu” wangsulane Murtala karo mesem, nutupi nggrantese atine “arta sing kula kintun wangsul nika, arta turahan sak empune kula ngge gesang, menawi kula cepeng piyambak ajrih menawi kula kenging godha, arta telas tanpa tanja”.

        “Wis ta Mur” Bu Marsini guneman maneh “kowe ora sah ndadak kumbi kanggo nyenengne atine Ibu,  Ibu ki wis weruh kabeh critane bocah-bocah sing nyambut gawe neng kutha awor kowe kae. Malah saiki, nek kowe isih mikir arep lunga maneh menyang kutha, ibu sing malih ora lila. Ibu neng omah dhewe ngene iki rumangsa sepi, pikiran nglangut menyang ngendi-endi. Mula Ibu njaluk, sak nyambut-nyambut gawene kowe aja ninggalne omah. Ya nyambut gawe sakecandhake wae, wong kuwi janji gelem obah mesthi ya bisa mamah. Karo maneh, upama neng ndesa kowe akeh nganggure, kowe ya ora prelu kuwatir, ora-ora nek nganti kowe ora bisa mangan, arepa kaya apa Sawargi Bapakmu kuwi isih ninggali pangan kanggo kowe lan Ibu………..”.

 

Ana candhake

Senin, 30 Oktober 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (01)

 


Dening : IMMIR

01.

        Suwara Shalawat Tarhim saka Mesjid wiwit keprungu. Murtala nyilikne Volume Radione sing lagi nyiarne wayang kulit sawengi natas, dudu siaran langsung nanging rekaman lawas saka kaset sing diputer dening salah sijine setasiyun Radio FM sing ora adoh saka papan kono. Banjur nata piring lan gelas ubarampene warunge.

        “Lagi Tarhim kok Mas” Dikin sing lagi ketungkul dolanan hapene, nglorohi Murtala sing kena diarani majikane, wong Dikin kuwi neng warung kono mung ngrewangi sedulure nak dulur, sing tanggung jawab sawutuhe bab bukak lan tutupe warung ya Murtala.

        “Iya, tarhim rak supuluh menit ta?” wangsulane Murtala ora karo noleh “wingi awake dhewe rada kasep ngono kok, durung tekan Mesjid wis Komat, nganti ora kober sembahyang sunah”.

        “Iya, merga wingi rak ndadak korah-korah rada akeh?” karo wangsulan Dikin menyat mengarep, ngloroti piring-piring wadhah gorengan, isine dilumpukne neng piring sing isine isih rada akeh, banjur sing wis kothong digawa memburi arep dikorahi.

        “Napa empun ajeng kukut ta Mas?” dumadakan wong sing jajan neng warung kuwi takon.

        “Dereng kok Mas” sing mangsuli Murtala “sampun disekecakne mawon, niki bikake dugi byar kok. Nyarengi tiyang-tiyang sing ajeng teng peken kidul mriku budhal”.

        “Boten dugi siyang ta Mas?” wong sing sijine genti takon.

        “Nek dugi siyang nggih diseneni sing gadhah Toko Ta Mas?” wangsulane Murtala karo setengah ngguyu “merga adate jam pitu Toko wingking niku bukak, lha ngajengane rak kudu resik. Adate saderenge sing ajeng mbikak toko dugi, grobag rombong kula niki empun kula beta wangsul. Lha mengke dalu kula beta mriki malih. Panjenengan badhe kintun napa ta Mas? Kok prahotone terpalan rapet?”.

        “Klapa Mas” wangsulane wong jajan sing jebul sopir truck kuwi “namung ngeteri nggene Pak Kaji Dana, adate kula nek ngeteri klapa mriku rak sonten, lha dhek sonten Pak Kaji repot, tokone tutup, kintun We-A, ken ngeterne enjing niki”.

        “Inggih, dhek wingi sonten ponakane Pak Kaji  ijaban” Murtala nambahi katrangan.

        Saka Masjid adzane wis kumandhang. Murtala njupuk sarung karo sajadahe sing dibuntel tas kresek neng dhuwur rombonge. Banjur pamitan marang wong loro sing lagi ngedhep kopine kuwi :

        “Nuwun sewu, kula tilar subuhan riyin nggih Mas?. Namung sakedhap kok”.

        “Nggih”

        Pancen wiwit pisanan pacak bukak angkringan nem sasi kepungkur, saben wayahe salat subuh warunge ditinggal sedhela saprelu melu sembahyang jamaah neng Masjid Al-Ihlas cedhak warung angkringanme kuwi. Dikin sing jeneng komplite Ali Sodikin, adhik nak dulure uga dijak melu sembahyang, malah kepara diwajibne, biyen nalika Dikin nembung arep melu ngrewangi bakulan, wis dijanji nek Murtala gelem dieloni waton Dikin mareni nggone seneng ngombe tunggalane banyu landa sing mendemi kae lan kudu gelem bali nindakne limang wektune.

        Pancen warung angkringane Murtala iku rada beda karo liya-liyane. Manggone rada nisih mangalor, merga olehe panggonan ya neng papan sing rada nisih, ya kuwi neng ngarep Rukone Engkoh Han Swee, wong Tiong Hwa sing wis munggah kaji. Toko Besi lan bahan bangunan sing dijenenge Toko Sinar. Murtala diidini nek bengi bukak warung angkringan neng emper lan latare tokone Engkoh Han kuwi merga Engkoh Han ngerti nek Murtala kuwi bocah sing sregep saba masjid melu pengajian lan solah bawane andhap asor, ora seneng pecicilan. Warung angkringane Murtala bukak saben jam rolas bengi nganti tekan byar padhang. Dagangane sing baku sega pecel dipincuk karo lawuh ayam jawa sing digoreng. Banjur ditambahi gorengan, tunggalane tempe, pisang, bakwan lsp. Omben-omben sing ana wedang kopi, teh, es teh, wedang jahe lsp.

        Maune akeh sing padha ngandhani lan malah ana sing maido, wong niyat bukak angkringan kok olehe bukak karo tutup ora kaya kancane. Nanging Murtala duwe petung dhewe, nek mbudidaya kuwi pancen kuwajibane manungsa dene sing paring rejeki kuwi cetha nek ya mung Gusti Allah. Maune ya arep bukak padha warung angkringan liyane, ya kuwi pacak maghrib nganti tekan esuk. Nanging Murtala rumangsa abot ninggalne pakulinane, yen wayah bubar maghrib marahi mulang ngaji bocah-bocah cilik anake tangga-tanggane, banjur bubar ngisak nek malem Senen melu kajian Rutin sing dianakne Takmir Masjid Al-Ihlas, malem selasa sinau ngaji ngelmu Nahwu nyorogne Kitab Jurumiyah menyang Kyai Haji Nur Hamid, malem Rebo melu ngaji Nailul Authar marang Ustadz Wawan Setiyana, malem Kemis ngombyongi para Bapak-bapak sing isih miwiti sinau tatacarane salat. Malem Sabtu melu ngaji marang Kyai Zamzuri, mipili Tafsir Jalalain, lha nek malem Ngahad melu sinau nembang macapat karo kawruh budaya jawa. Kabeh ora ana sing bisa ditinggalne. Mula banjur milih wektu kanggo dodolan, wiwit tengah wengi nganti tekan esuk.  Sing ana angen-angene Murtala wektu kuwi, sing diarep-arep teka menyang warung angkringane, bocah-bocah sing bali saka gladhen kanuragan pencak silat sing mulihe sok jam siji utawa jam loro bengi, ya sing melu SH Terate, SH Winanga, Cempaka Putih, Marga Luyu lan sapiturute. Banjur Bapak-bapak sing dhemen Olah Raga Badminton neng Gedhung Pendhawa, Bapak-Bapak Tani sing nek wengi padha menyang sawah nunggu sumur diesel kanggo mbanyoni tandurane.

        Petunge Murtala ora mleset, Gusti Allah ngijabahi sing dadi pambudidaya lan pandongane. Kegawa saka rasane pecel gaweyane Ibune sing duwe ciri khas, sega sing olehe ngladekne ajeg sajrone kahanan anget, ora adhem, mundhak dina dagangane Murtala sansaya laris lan sing didol ya sansaya tambah-tambah. Sing padha andhok ing warung angkringane, ora mung wong-wong sing maune digagas ing angen-angene wae. Jebul sing mbutuhne andhok lan tuku ing warunge luwih akeh maneh. Nganti Murtala rada kuwalahan anggone ngladeni, andilalah anake Bulike sing rada nakal jeneng Dikin, nembung arep melu nyambut gawe. Mula dening Murtala banjur ditampa kanthi janji kaya sing kasebut mau. Dikin nyaguhi lan bisa nuruti sing dadi pituture Murtala nganti saiki.

        “Anu Mas niki wau enten lare meksa tumbas gorengan, namine Bogang. Mendhet gorengan diadhahi kresek lajeng dhuwite dititipne kula, kula ajeng menging boten wani wong ketoke larene medeni” lagi wae Murtala sing ditutne Dikin tekan warunge, wis dipapag gunem karo Pak Sopir sing mau lungguh neng kono.

        “Oh, nggih matur nuwun Mas” wangsulane Murtala karo mesem dhuwit puluhan ewon sing dilungne Pak Sopir kuwi ditampani “Bogang niku lare sae kok, namung taksih sok remen mendem. Boten napa-napa”.

        “Nggih empun nek ngoten” wangsulane Pak Sopir lega “sak niki panjenengan etang, sekul kalih lawuhe setunggal ayam sing setunggal tigan asin, kopi setunggal, es teh setunggal, toya mineral botol tanggung setunggal”.

        “Tigang dasa gangsal Mas” wangsulane Murtala.

        “O nggih, pas njenengan tilar wau tambah gorengan sekawan”

        “Sampun gorengane boten sah dietang, idhep-idhep atur panuwun kula sampun ditenggakne Mase” wangsulane Murtala maneh.

        Sawise mbayari Sopir karo kernet sing arep ngeterne Klapa menyang Tokone Pak Kaji Dana kuwi banjur pamitan. Murtala ya banjur aba marang Dikin dijak tata-tata ngukudi dagangane.

 

Ana candhake

 

Jumat, 20 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (148)

148.

        Ki Lurah sing uga rumangsa ora ngerti ya gene Tumenggung Tesengkusuma lan para prajurit pandhereke padha lungguh jengkeng, tumuli mrepegi. Ki Pawit, Para Bebau lan Para Sapukawat liyane uga banjur ngetutake. Rangga lan Marga kari ana papan sakawit karo nyawang wong-wong kuwi. Nanging ora suwe Rangga banjur mlengos, nuduhne nek atine ora pati seneng merga tekane sabregada Prajurit sing ditindhihi Tumenggung Tesengkusuma kuwi.

        “Sing salah ki pancen awakmu kok Marga” karo semu rada nggresah Rangga guneman alon, semune nenutuh marang Marga “merga aku kasengsem weruh olehmu geguyonan karo Dodor mau, nganti aku ora migatekne nek enek andhahane mBah Juru mara menyang papan kene”.

        “Barang wis kadhung Kakang, ora susah diomong maneh” wangsulane Marga ayem “karo maneh jejibahane awake dhewe ing Kepuh Agal iki kena diarani wis rampung, sawayah-wayah awake dhewe bisa lunga saka kene ora bakal dadi luput. Nanging gandheng nyatane Tumenggung tilas andhahane Gusti Pangeran Singasari kuwi wis weruh nek awake dhewe ana kene. Ya becike Kakang tumuli nemoni sedhela banjur pamitan nerusne laku, dadi ora gawe bingunge Ki Lurah Kepuh Agal lan para andhahane”.

        “Iya” wangsulane Rangga “awakmu wae sing marani andhahane mBah Juru kae, kandhanana nek arep tak temoni neng pendhapane kalurahan, sarta kandhaa maneh yen aku ora seneng weruh wong sing seneng nyembah drajat sing kenemenen ngana kae”.

        Marga banjur menyat, mlaku nusul Ki Lurah sakancane arep nindakne welinge Rangga. Sauntara kuwi, Ki Lurah, Ki Pawit, Pradapa lan Para Bebau sarta Para Sapukawat dadi sansaya gumun wor lan bingung, nalika Tumenggung Tesengkusuma ora ngrewes marang anggone padha mbagekne tekane. Lan gandheng rumangsa ora dianggep, Ki Lurah lan kanca-kancane kuwi uga banjur meneng, lungguh nglesot karo ndhingkluk neng ngarepe Tumenggung Tesengkusuma sing panggah isih lungguh jengkeng klawan sikep kurmat.

        “Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika nDara Menggung, bekti kula mugi katur” karo panggah ngadeg Marga mbagekne tekane Tumenggung saka Mataram kuwi.

        “Awit pandonganipun Adhimas Marga, lampah kula sakanca ngantos dumugi mriki tansah manggih basuki, kula ajrih nampi bekti jengandika Adhimas Marga, boten langkung taklim kula katur” bareng sing mbagekne Marga, Tumenggung sing dadi tetindhihe bregada prajurit jejaranan kuwi gelem wangsulan sing banjur ditutugne nungsung warta “ing mriki kula nengga dhawuh Adhimas, ambok bilih Keng Raka  sampun paring dhawuh ingkang katitipaken Adhimas Marga, mugi kaparenga ambabarana dhumateng kula”.

        “Mila leres dhawuhipun nDara Menggung, nanging saderengipun kula wedharaken weling ingkang kula tampi, kaparengna kula badhe matur dhateng Ki Kepuh Agal Kapindho langkung rumiyin” Marga wangsulan karo mesem.

        “Inggih Dhimas, kula badhe ngrantos dhawuhipun Adhimas kalihan remening manah” panyaute Tumenggung Tesengkusuma.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Marga genti guneman marang Ki Lurah Pawana “menawi kaparengaken saha wonten dhanganing penggalih, Kakang Rangga, badhe nyuwun ngampil Pendhapa Kepuh Agal sakedhap kangge pepanggihan kalihan nDara Menggung Raden Mas Tesengkusuma”.

        Lurah Pawana sing sansaya bingung merga ora ngira babar pisan yen antarane Rangga lan Marga karo Tumenggung Tesengkusuma jebul wis padha tepung, lan nitik sikepe Tumenggung Tesengkusuma sarta basa sing digunakne Marga lan Tumenggung Tesengkusuma nalika padha rembugan, Ki Lurah lan liya-liyane bisa njupuk dudutan yen satemene Rangga lan Marga kuwi cetha yen punggawa Kraton Mataram sing dhuwur drajat lan pangkate . Mula bareng ditembungi Marga yen Rangga arep nyilih pendhapa Kalurahan kuwi, kanthi groyok tumuli aweh wanngsulan :

        “Inggih Adhi, eh Raden, saestu kanthi suka gambiraning manah, pamundhutipun Adhi, eh Raden Rangga kula aturaken, kaagema Pendhapa Kepuh Agal sacekapipun. Samangke kaparenga kula lengser rumiyin, badhe nyawisaken gelaran kangge lenggah jengandika saha Gusti Tumenggung lan pandherekipun sedaya”.

        Ki Lurah banjur aweh sasmita marang Panulad lan Para Bebau sarta Para Sapukawat diajak ninggalne papan kuwi saprelu nyawis-nyawisake apa sing mbok menawa dibutuhne kanggo nampa tekane Tumenggung Tesengkusuma.

        “Matur nuwun Ki Lurah” kandhane Marga karo mesem “kula suwun mangke Kyai Pawit, Ki Lurah, Kakang Pradapa lan sedaya sedherek menika kaparenga ngancani kula lan Kakang Rangga manggihi nDara Menggung ing Pendhapa”.

        “Inggih sendika Raden” wangsulane Ki Lurah sing banjur ninggalne papan kuwi.

        “Dhawuhipun Raden Rangga kadospundi Dhimas?” pitakone Tumenggung Tesengkusuma sawuse Ki Lurah lan wong-wong ngalih.       

        “Aku kuwi nek ndika nyebut aku Adhimas ngono kuwi, kuwatir nek banjur ora ngerti nek sing ndika ajak guneman kuwi aku lho Kakang” wangsulane Marga karo rada mrengut “dadi wong kuwi mbok ya sing prasaja wae, ora sah ngowah-owahi adat, kaya jaman aku isih sok dolan menyang Kepatihan ngana kae, ndika nek nyeluk aku cukup “Marga” ngono wae, lan senajan umure rada akeh kaceke banjur ndika mbasakne aku supaya ngaturi “Kakang”. Mangkono mau rumangsaku ndadekne aku krasa duwe sedulur tuwa sing asmane “Jaka Sumarsana” . Nanging bareng saiki wis kaparingan nugraha asma dening Gusti Panembahan Senapati dadi Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma, lha kok banjur ngowah-ngowahi slaga, aku rak banjur dadi rikuh ta?”.

        “Ngene ya Dhi” Tumenggung Tesengkusuma wangsulan karo mesem “arepa kaya apa, si Adhi saiki wis katon luwih diwasa lan wis dadi sedulure pepundhenku Raden Rangga, nek aku ora basa lan ngaturi Adhimas, harak aku bisa diarani wong sing nrucak lan degsura? Nanging nek si Adhi ora karenan merga anggonku ngaturi tak owahi, aku ya njaluk pangapura. Banjur dhawuhe Gustiku Raden Rangga apa marang aku, apa Dhi?”.

        “Sepisan, ndika sakanca arep ditemoni dening Kakang Rangga ing Pendhapa, kaping pindho Kakang Rangga ora seneng nek ana wong sing anggone nyembah drajat nganti kenemenen kaya sing lagi wae ndika sakanca tindakne. Mung kuwi Kakang, saiki ayo tak dherekne munggah pendhapa sowan ing ngarsane Raden Rangga” wangsulane Marga cekak aos.

        Tumenggung Tesengkusuma banjur aweh sasmita marang andhahane diajak ngetutne Marga munggah menyang Pendhapa. Jebul tekan pendhapa kahanane wis malih, sanajan kunarpane Kyai Daka lan Ki Jenggi isih durung dielih, nanging wong-wong liyane wis padha nisih, klebu Lurah Danara sing isih gumlethak tanpa daya kanthi kahanan tangan sing kari siji. Lurah Danara dipapanake ing jogan sisih kiwa cedhak karo lawang butulan.

        Sawuse kabeh ya iku Ki Pawit, Ki Lurah, Pradapa, Panulad lan Para Bebau sarta Tumenggung Tesengkusuma wis padha lungguh kupeng neng klasa sing digelar ing joganing pendhapa, Rangga lan Marga uga wis lungguh neng kono. Sarta sawuse padha bage binage sawatara, Rangga banjur takon ya gene Tumenggung Tesengkusuma ngirid wadya sabregada menyang Kepuh Agal.

        “Nyuwun pangapunten Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma “estunipun kajawi wartos menawi Pasanggrahan ing Patalan sampun wiwit ebah, Telik Sandi Kapatihan ugi mbekta wartos menawi Ki Lurah Sarkara sampun seda. Magepokan kalihan warta sedanipun Ki Lurah Sarkara menika, Gusti Patih Mandaraka lajeng paring dhawuh dhateng kula murih ningali mriki menapa Pradapa yoganipun Ki Lurah Sarkara taksih wonten Kepuh Agal, menawi taksih, kula kadhawuhan anganthi piyambakipun sowan dhateng Kepatihan”.

        “Lha kuwi, Kakang Pradapa isih lungguh neng sandhing ndika kuwi apa Paman?” Rangga nyela ature Tumenggung Tesengkusuma “dadi mengko tak kira bisa ndika ajak bareng menyang Mataram”.

        “Inggih Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma “nalika lampah kula sakanca mlebet Kepuh Agal, kula kepanggih para kawula sami ketingal ajrih lan nalika kula takeni sami criyos menawi ing Kalurahan wonten geger ageng, geger awit mbalelanipun Bebau Danara ingkang dipun dombani dening Kyai Daka lan para siswanipun, wekasan dados perang ing plataran Kalurahan. Kula lajeng daya-daya dumugi mriki, jebul perang sampun rampung, miturut aturipun salah satunggaling sapukawat ingkang kula takeni ing sanjawining regol kala wau, Kyai Daka sampun dumugi ing pejah lan Bebau Danara ugi sampun saged dipun lumpuhaken. Lan nalika kula mlebet ing Plataran, jebul malah kula sumerep Jengandika Gusti Raden Rangga kalihan Adhi Marga wonten mriki. Awit saking menika kula rumaos begja kemayangan saestu…..”.

        “Rumangsa beja merga weruh aku lan Marga, Paman?” Rangga nyela rembug maneh karo takon “ya gene bisa mangkono?”.

        “Inggih Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma karo ngetokne bumbung saka waliking klambine “estunipun kajawi kapasrahan jejibahan ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, nalika kula badhe bidhal Gusti Patih maringaken Bumbung menika dhateng kula kawewahan dhawuh : mbok menawa kowe bisa kepethuk putuku, embuh neng dalan embuh neng ngendi, bumbung iki aturna marang putuku Rangga, dene yen ora kepethuk, gawanen bali menyang Mataram maneh. Jebul kula saged kepanggih jengandika Gusti kula Raden Rangga wonten mriki, awit saking menika, samangke kaparenga Gusti kula Raden Rangga nampi bumbung ingkang kula beta menika”.

        Rangga nampani bumbung sing diulungake Tumenggung Tesengkusuma, banjur dibukak, isine layang saka Patih Mandaraka. Rada sawantara nggone maca kanthi dibatin dening Rangga. Wong-wong sing ana kono padha meneng ora ana sing wani kumecap apa-apa. Luwih-luwih Ki Pawit, Pradapa, Ki Lurah lan Panulad sarta Para Bebau, sing babar pisan ora ngira yen nom-noman loro sing wis aweh pitulungan kuwi jebul Putra Pambayun saka Panembahan Senapati lan sedulur angkate, wong-wong kuwi mung bisa tumungkul amarikelu rumangsa yen anggone linggih neng kono kuwi kaya endhog manuk emprit sing cecaketan karo watu sing sagunung gedhene.

        “Matur nuwun banget Paman Tumenggung” kandhane Rangga sawise rampung nggone maca layang saka Patih Mandaraka lan dilebokne menyang bumbung maneh “saiki tak blakakne isine layang saka mBah Juru iki mau, marang ndika kabeh sing ana pendhapa kalurahan iki. Ya iku aku lan sedulurku Marga kadhawuhan tumuli nutugne laku. Awit sing tak upadi sasuwene iki wis meh ketemu, papan sing tak tuju wis ora adoh saka papan kene. Mula mangsa borong anggon ndika kabeh padha nutugne jejibahane dhewe-dhewe, aku lan Marga njaluk pamit arep nutugne laku. Sepisan maneh aku nedha nrima lan njaluk pangapura mbok menawa ana luputku lan lupute adhiku marang ndika kabeh”.

        Rangga banjur ngadeg Marga melu ngadeg. Ota guneman apa-apa maneh, bocah nom loro kuwi banjur mlaku ngudhuni Pendhapa, arep nutugne nggone lelaku ngupadi Sendhang Mustikaning Warih.

 

 

SIGEG.

Telas sinerat ing

Sanggar Maladi Hening,

Setu Kliwon,

5 Rabingulakir Tahun Jimawal 1957

Jam 10.35 WIB.

Kurup Salasiyah,

Windu Sancaya,

Mangsa Kalima,

Wuku Wuye,

Padangon  Tulus,

Padewan Dewi Uma,

Paringkelan Paningron.

Sinengkalan

Pandhita Njemparing Dewaning Bumi

Muga-muga bisa nutugne critane ing SMW 8.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (147)


 

147.

        Marga mung mesem krungu pamaidone Ki Dodor marang anggone nyeblakne pecute. Ora lagi iki Marga krungu tembung sing nyepelekne marang dheweke mangkono iku. Tumrap Marga diina utawa dialem dening menungsa kuwi babar pisan ora ana bedane. Sansaya yen sing mada utawa ngalembana kuwi mungsuh, kaya Ki Dodor iki, nek gela merga diremehne kuwi padha wae wis ngrewangi mungsuhe, saka ati kang gela bisa ngganggu lakuning nalar lan rasane. Kamangka ngadhepi mungsuh kuwi mbutuhake nalar sing wening lan rasa sing lungit. Yen nganti lakuning nalar lan rasane ora timbang bisa mbubrahne anggone tumandang.

        “Sakersa anggon ndika ngarani Ki Dodor” wangsulane Marga “merga menang kalahe wong perang kuwi ora gumantung apike gegaman, nanging sabab beja-bejan. Nek Gusti ngersakne aku oleh kabegjan, sanadyan mung gegaman pecut pangonan, aku mesthi menang. Kosok baline yen Gusti ngersakne ndika ora nampa kabegjan, ndika mesthi bakal kalah”.

        “Setan kowe Marga” Ki Dodor sansaya nesu krungu wangsulane Marga sing sareh nanging padha wae ngarani yen dheweke ora bakal menang kuwi “saiki rasakna gegamanku!”.

        Karo muni ngono kuwi, Ki Dodor ngobahne pedhange aweh prentah marang ula sing ana ngarepe. Kaya ora tinemu nalar, dumadakan ana ula loro sing siji ula Dumung Enthong, siji maneh Ula Weling, mletik kaya jemparing ucul saka sendhenging langkap. Ula loro kuwi ngarah marang gulune Marga, sisih kiwa lan sisih tengen. Tujune Marga wis siyaga, sadurunge ula loro kuwi nyokot gulune, wis keprungu swara pecute sing jumedhor ora pati banter, nanging katon asile. Ula loro kuwi wis padha remuk sirahe, ceblok neng ngarepe Ki Dodor.

        Wong-wong sing padha weruh kaprigelane Marga nyolahne pecute, padha keplok lan surak rame. Ki Dodor dadi sansaya muntap. Banjur ngobahne pedhange maneh, saiki sing diprentah ora mung ula loro, nanging ula lima. Kaya mau, ula lima sing kabeh nduwe wisa sing bisa gawe patine sok sapaa sing kena dicokot, mletik mendhuwur banjur nylorot ngarah marang lima perangan ragane Marga. Marga mletik jungkir walik mendhuwur karo nyolahne pecute. Mung sepisan pecut jumedher, lan saka sabetan pecute kuwi ndadekne wong-wong sing weruh dadi sansaya eram, ula lima kuwi tiba bareng mlumpuk neng ngarepe Ki Dodor, kanthi kahanan kabeh sirahe padha remuk dadi bathang. Sepisan maneh keplok lan surak keprungu rame. Wong-wong kuwi kaya lagi lali nek satemene Marga ora dolanan nanging lagi ngadhepi mungsuh sing nyata ngedab-edabi kasektene.

        Ki Dodor sansaya waringutan, untune kerot-kerot nganti keprungu saka kadohan. Ula sing cacahe sasat ora kena dietung ing ngarepe kuwi dirayuk, banjur karo ngrapal mantram sakti ula sapirang-pirang kuwi disawurake mengarep ngarah marang mungsuhe. Marga jempalitan jungkir walik mundur kanggo ngendhani sawurane Ki Dodor. Nanging ula sing disawatake kuwi banjur kepyar mencar dhewe-dhewe, kabeh banjur maju ngupengi Marga karo ngempros-ngemprosne wisane sing ditujokne marang Marga, upas sing ngemu hawa panas lan nggawa ganda arus sing bisa ndadekne sing mambu dadi mumet, muneg-muneg, kudu mutah.

        Marga ngiderake panyawange, jebul saka arah kiblat papat kabeh ana ula sing arep ngrayah dheweke. Lan luwih aneh maneh ula-ula kuwi katon bisa ngangkat meh separo saka awake perangan ngarep, malah ana sing mletak-mletik kaya kodhok sing lagi pencolotan, nanging durung ana sing olehe mletik nganti tekan ngarepe Marga, wangune ula-ula kuwi wis padha weruh nasib sing disandhang kancane sing wis padha mati mau. Mula sanadyan ula jebul uga duwe rasa wedi. Marga mung mesem weruh solahe ula sapirang-pirang sing ngupengi dheweke nanging padha ora wani nyedhak kuwi. Pecute banjur diputer mubeng, nuwuhake suwara kaya suwarane prahara lan nuwuhake geter ing sakiwa tengene. Wong-wong sing mau padha keplok-keplok surak rame padha cep klakep ora ana sing wani guneman. Kabeh ngampet ambegan, nguwatirake marang keslametane Marga. Mung emane kabeh padha ngrumangsani nek ora bisa ngrewangi Marga. Mung Rangga dhewe sing mesam-mesem weruh carane Marga guyon, cetha nek wis ngecakne aji Tamengwaja dirangkepi karo Aji Panawawisa, ewa dene Marga isih api-api wedi yen nganti kena wisane ula mandi.

        “Marga aku ngerti nek ula-ula sing ngupengi kowe kuwi padha pekewuh arep maju, merga mbok weden-wedeni karo getere pecutmu” karo nggereng Ki Dodor guneman marang Marga “nanging aja mbok kira kowe bisa slamet, patine ula pitu klangenanku kudu mbok ijoli karo mripatmu loro, kupingmu loro, karo drijimu sepuluh. Mripatmu arep tak cukil nganggo pucuking pedhangku, kupingmu loro-lorone arep tak perung lan drijimu sepuluh kuwi arep tak kethok-kethok mbaka siji. Kareben kowe weruh larane pasiksan saka Ki Dodor, sadurunge tak tugel gulumu lan tak sigar sirahmu kaya sing tak kandhakne mau”.

        Bareng karo enteke tembunge, dumadakan Ki Dodor ilang saka pandulu. Mung guyune wae sing sok keprungu. Ki Pawit lan kanca-kancane sansaya kuwatir. Ora mung nguwatirake kselametane Marga wae, nanging uga nguwatirake awake dhewe. Merga yen klakon apa sing dikandhakne Ki Dodor mau, mesthi Ki Dodor bakal sansaya nemen nggone ngumbar angkarane, kanthi pawadan malesne patine sedulur-sedulure bisa-bisa wong sa-Kepuh Agal bakal ditumpes utawa disiksa kabeh.

        Jebul sing kuwatir dudu mung Ki Pawit sakancane wae, Ula sing kedadeyan saka Ki Lembong uga melu nguwatirake sedulure tuwa sing arep gendhak sikara marang Marga kuwi. Kuwatir yen nganti Ki Dodor kena walat kaya dheweke. Nek dheweke kuwalat temah dadi ula sing ora bisa bali dadi manungsa maneh. Bisa-bisa Ki Dodor sing momor ing alaming para brekasakan ora bisa bali menyang jagad padhang maneh.

        “Kakang Dodor, rucaten aji pamungkas saka Guru kuwi, sing arep mbok paeka kuwi dudu manungsa wantah nanging Trahe Sang Wikudibya sing gedhe walate, sawangen wewujudanku sing saiki iki Kakang, iki merga aku wis kebacut tumindak kliru” kanthi ngetog sisa-sisa tenagane Ki Lembong sing wis wujud ula kuwi aweh sasmita marang sedulure tuwa.

        “Kowe aja ngendhon-ngendhoni tekadku Lembong” Ki Dodor semaur sereng marang adhine, saka alam panglemunan nanging keprungu tekan jagad nyata “aku iki wis gerang tuwek, kowe wae sing ora bisa mikir, wekasan gampang kena blithuke mungsuh. Menenga, neng kono wae mengko nek wis rampung gaweyanku, kowe tak balekne kaya wujudmu sakawit”.

        Krungu rembugan antarane Ki Dodor karo Ki Lembong kuwi, Marga mesem. Meneng sedhela ngecakne Aji Sasrapanggraita. Sanadyan mripate ora bisa meruhi blegere mungsuhe, nanging lumantar panggraitane, Marga bisa meruhi papan lan kabeh mobah-mosike Ki Dodor. Sawuse iku, munjerake aji peparinge Sang Hyang Wilis, ya Bagindha Kilir sing aran Asnamul-maslulatun menyang upat-upat lulup bolu sing dadi pethite cemethine. Marga banjur mencolot ngedohi ula sing ngupengi dheweke, karo siyaga ngenteni Ki Dodor nyedhaki.

        Temenan, Ki Dodor sing weruh Marga jempalitan ngedohi ula-ula sing ngupengi, ora ngira yen satemene Marga wis meruhi mobah mosike. Ki Dodor karo getem-getem arep ngecakne pangincim sing diucapne mau. Sing arep didhisikne merung kupinge Marga nganggo Pedhang Nagawelang.  Nanging, apes tumrape Ki Dodor lagi wae arep nyabetake pedhange ngarah kupinge Marga, tanpa weruh obahe Marga, ngerti-ngerti upat-upat pecute Marga wis nggubet krang pedhange, banjur disendhal ngeget dening Marga. Pedhange Ki Dodor ceblok neng lemah, epek-epeke Ki Dodor krasa kaya mentas nggegem mawa sambi. Ki Dodor kaget kaya disamber gelap rasane, lan sadurunge kagete ilang sepisan maneh pecute Maga muni ora banter, gegere Ki Dodor ditibani sabetan. Ki Dodor mencelat watara limang jangkah, ora bisa tangi, balung ula-ulane krasa kaya ana sing pedhot. Ki Dodor ora bisa bali menyang alam kang nyata nanging wis kadhung mencelat saka alam brekasakan. Dadine ragane Ki Dodor cat katon cat ora. Ki Dodor ngerti kahanane ngono kuwi nangis gero-gero.

        Ula sing kedadeyan saka Ki Lembong nyedhak karo nangis.

        “Uwis Kakang” kandhane Ki Lembong nganggo basane brekasakan “mbok menawa pancen pesthining Dewa awake dhewe kudu nglakoni kaya mangkene iki, ora ana gunane digetuni, becik saiki Kakang tumuli nyuwun pituduh marang Raden Marga, kepriye murih kakang bisa pulih kaya wingi uni, ora kaya saiki iki ora dadi brekasakan nanging uga ora dadi manungsa”.

        “Kula tobat Raden Marga…..” isih karo ngathang-athang merga ora bisa tangi, tur ya cat katon cat ora, Ki Dodor guneman “mugi kula kaparingan gesang, lan kawangsulna kula dados tiyang limrah”.

        “Sing gedhe pangapura ndika Ki Dodor” karo suwara sing sareh Marga aweh wangsulan “aku mung bisa mbalekne balung ndika sing ucul saka papane kuwi, nanging aku ora bisa mbalekne ndika dadi manungsa lumrah kaya mau. Jalaran pancen ndika wis nerjang pepacuh saka Guru ndika dhewe. Sabanjure, aku mung bisa nuduhi dalan sing kudu ndika liwati, mbok menawa bisa tekan panggonan ndika oleh pangapurane Hyang Suksma. nDika bisa kumpul bareng karo Ki Lembong ngenggoni panggonan kanggo ngranggeh pangapurane Gusti mau, lan sadurunge oleh pangapura saka Gusti ndika bakal wujud Brekasakan”.

        Bubar ngucap mangkono kuwi, Marga banjur nyabetake pecute sepisan maneh marang Ki Dodor sing isih gumlethak. Aneh Ki Dodor banjur bisa lungguh. Lara ing gegere wis ilang. Ki Lembong karo Ki Dodor tumuli pamitan arep menyang Kali Sumberlanang kaya sing dikandhakne Rangga marang Ki Lembong. Kabeh ulane Ki Dodor, sing isih urip lan sing wis mati digawa lunga.

        Sapungkure Ki Dodor lan Ki Lembong, wong-wong klebu Rangga nyedhaki Marga. Nanging durung nganti wawan gunem, ana barisan prajurit numpak jaran nganggo gendera Mataram mlebu Plataran Kalurahan. Kabeh mripat banjur maspadakne sing lagi padha teka. Jebul barisan cilik prajurit Mataram kuwi ditindhihi Raden Mas Tumengung Tesengkusuma. Wong-wong padha gumun. Ya gene Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma teka ing Kepuh Agal?. Nanging durung ilang gumune, wong-wong kuwi dadi mlenggong bareng weruh Tumenggung Tesengkusuma dumadakan mencolot saka dhuwur jarane banjur jengkeng atur sembah karo madhep marang wong-wong kuwi.

 

Ana candhake

 

Rabu, 18 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (146)


 

146.

        Gandheng wis wujud ula diuneni mangkono iku Ki Lembong ya ora bisa semaur apa-apa, mung solahe wae sansaya ngangseg lan sansaya kerep nyemburake geni saka cangkeme. Lan geni kuwi dudu geni daden-daden sing kanggo medeni mungsuhe wae, nanging geni sing panase kagila-gila, ketitik suket lan uga wit-witan kekembangan sing ditandur ing pinggir plataran minangka pethetan kuwi padha alum lan kobong nalika padha kena semburan geni sing metu saka cangkeme ula kedadeyan saka Ki Lembong kuwi. Maune Rangga tansah endha, nanging sawuse Rangga ngerti nek olehe ngendhani semburan geni upas kuwi jebul malah ora becik kedadeyane tumrap tanduran sing ana sakiwa tengene, wekasan Rangga sing wis ngecakne Aji Panawawisa dirangkepi nganggo Aji Tamengwaja, semburan geni banjur ditadhahi nganggo ragane. Lan kedadeyane wisa geni sing disemburne ula gedhe kuwi dadi kaya geni tumper sing dibuwang menyang tengah kali sing lagi banjir, babar pisan ora ana apa-apane.

        Ula naga sing sak bongkoting glugu kuwi sansaya nesu. Awake sing ngarep diangkat nganti rong dedege menungsa dhuwure, kanthi cepet Rangga disaut, pundhake dicengkerem nganggo siyung, sauntara awake banjur dipulet lan digubet keket. Karepe si Ula murih Rangga remuk bebalunge. Nanging Ula kuwi dadi kecelik, merga dayane Aji Tamengwaja awake Rangga malih dadi luwih atos tinimbang wesi giligen. Siyunge ula sing nyengkerem pundhake Rangga, krasa nganti kaya rampal-rampala nanging sing digigit nganggo siyung mawa wisa kuwi babar pisan ora bingget babar pisan. Sanadyan ta mangkono panggah wae Rangga ngrasakne risi, mula Rangga banjur kandha marang Ula Naga daden-daden kuwi :

        “He Lembong, ora padatan aku nduweni rasa sabar kaya dina iki. Kudune ora kesuwen, untumu sing mbok ngge nyokot pundhakku iki bisa tak thetheki kareben kowe ompong, banjur sirahmu tak remuk nganggo bongkotan pring kuning sing ana tanganku iki. Nanging gandheng aku isih duwe rasa welas marang kowe sing dina iki kepaten sedulur tuwa cacah loro, Daka karo Jenggi. Dina iki kowe bakal tak ngapura kaluputanmu, waton kowe tumuli bali marang wujudmu sakawit lan gelem mertobat marang Gusti Allah ora mbaleni dadi menungsa sing dhemen gawe sengsara sapepadhaning titah. Wis ngono wae kandhaku marang kowe Lembong kandha iki ora arep tak baleni selawas-lawase”.

        Kaya ora ngrungokne apa sing dikandhakne Rangga, Ki Lembong sing wis wujud ula naga kuwi sansaya keket nggone nggubet awake Rangga, sakehing daya kekuwatane ditumplak kanthi pangajab bisa ngremukne bebalunge mungsuhe. Mesthi wae Rangga sing rumangsa disepelekne kandhane kuwi, tumuli aweh piwales marang Ki Lembong sing angel tuturane kuwi. Sakala Rangga matak aji Ragamawa, awake sakujur dadi panas ngungkuli panase mawa sambi. Ula daden-daden sing nggubet Rangga kaget awit ngrasakne yen awake dadi kaya kobong rasane. Panggubete diuculi, banjur ngedohi Rangga, karepe arep bali marang wujud asale, ya iku wujude Ki Lembong sing saben dinane. Nanging, wola-wali mantram dicakne panggah wae ora ana asile, Ula ora bisa bali dadi menungsa maneh. Malah gedhene ula sansaya susut samono uga karo dawane.  Ula daden-daden kuwi sansaya bingung, jalaran tenagane uga krasa yen sansaya entek. Wekasan ula kuwi banjur meneng tanpa daya, arep sambat wis ora bisa jalaran tekdire ula pancen ora bisa guneman. Mung isih ana becike sethithik, senadyan wis wujud ula suprandene isih bisa ngrungokne suwara, beda karo lamake ula lumrah sing tinakdir ora duwe kuping kanggo ngrungokne suwara apa wae.

        “Saiki kowe mesthi getun Lembong” kandhane Rangga karo nyaketi Ula sing gedhene kari watara sapupune wong diwasa lan wis ora bisa obah merga kentekan tenaga kuwi “jebul dadi ula kuwi ora kepenak, isih kepenak dadi menungsa sing dijangkepi sikil tangan lan liya-liyane. Nanging gandheng kowe wis milih dadi Ula, saiki ya rasakna dhewe. Selawase kowe ora bakal bisa bali dadi menungsa maneh, kajaba yen kowe bisa ngranggeh pangapura saka Dzat Kang Mranata Jagad”.

        Krungu ucape Rangga sing mangkono kuwi, ula sing asale saka Ki Lembong kuwi dadi sansaya mengkeret. Ora keprungu suwarane, nanging saka mripate ndrodos luh bening sing nuduhne yen Ki Lembong lagi nangis. Nangisi nasibe sing babar pisan ora tau digambarne sadurunge. Pancen tenane Ki Lembong biyen, bareng-bareng karo Ki Dodor meguru marang Abdine Dhanyang Kedhung Gasrong, sing aran Kyai Nagabacingah, bangsa Jim sing wujude Ula gedhe. Dening Kyai Nagabacingah Ki Lembong kajaba diwenehi aji jaya kawijayan sing dadi kaluwihane bangsa ula, uga diwenehi Tumbak Kyai Nagakobra sing bisa malih wujud dadi Ula. Aji sing dhuwur dhewe sing diparingake dening Kyai Nagabacingah marang Ki Lembong, Ki Lembong bisa salin wujud dadi Naga sing sekti mandraguna. Nanging dening Gurune, Ki Lembong diweling ora kena gumampang nggunakne aji kuwi. Kajaba yen wis kepepet tenan, lan kudu eling aji kuwi bakal nuwuhake walat sing ndadekne Ki Lembong ora bisa bali dadi manungsa maneh yen nganti ora nggugu dikandhani dening Trahe Raden Bondhan Kejawan. Mula saiki Ki Lembong lagi ngerti yen Rangga kuwi isih trahe Raden Bondhan Kejawan, ketitik mau Rangga wis aweh pitutur marang dheweke lan sawuse ora digugu pituture Rangga, saiki Ki Lembong kena walat ora bisa bali dadi manungsa maneh. Ki Lembong getun lan banget kedhuwung, bisane mung kari nangis sing ora keprungu suwarane.

        “Wis Ki Lembong” wekasan Rangga tuwuh welase “mbok getunana barang sing wis kebacut, ora ana gunane. Nangisa nganti garing mripatmu kentekan luh, kowe panggah bakal dadi kaya wewujudanmu sing saiki. Yen kowe kepengin bali marang wewujudanmu sakawit, sranane kowe kudu bisa ngranggeh pangaksamane Kang Maha Agung. Ora adoh saka papan kene ana kali jenenge Kali Sumberlanang, kowe bisa nurut munggah kali kuwi. Yen wis kepethuk papan sing aran Kedhungbongkrah, sing kayoman dening Wit Ingas jejer loro, kowe mandhega lan miwitana mertapa ana papan kono nyuwun pangapura marang Kang Maha Agung, welingku kowe kena mangsa apa wae kajaba mangsa manungsa sing ora duwe dosa karo kowe. mBuh pira lawase aku ora ngerti, mbok menawa ing kono kowe bakal oleh pangapurane Gusti Allah”.

        Ula daden-daden kuwi ngobahne awake, banjur pamitan nganggo basane bangsa ula marang Rangga, arep budhal menyang Kali Sumberlanang kaya sing dikandhakne Rangga kuwi mau. Sadurunge budhal Ki Lembong sing saiki wis wujud ula sing rupane loreng ireng lan kuning sing sapupu gedhene kuwi isih kober nyedhaki sedulure tuwa, Ki Dodor sing isih silih ungkih genti kalindhih ngadhepi tandange Marga.

        Ki Dodor bener-bener ora ngira yen bakal kethetheran ngadhepi Marga. Sakehing aji jaya kawijayane wis dikuras lan ditumplak kanggo ngalahake Marga bocah nom sing mau arep didadekne muride, ewa samono kanthi gampang Marga bisa ngatasi. Wekasan Ki Dodor banjur nggunakne ula sing cacahe sapirang-pirang sing disimpen neng jero keba sing digendhong ana gegere. Keba disuntak, lan ula sapirang-pirang katon galak-galak, nunggu diprentah dening bendarane. Ki Dodor banjur ngunus Pedhang saka wrangkane. Pedhang pusaka sing katon mramong pamore, Pedhang sing ditampa saka gurune Kyai Nagabacingah saka Kedhunggasrong. Nganggo pedhang kuwi Ki Dodor aweh prentah marang pirang-pirang ulane.

        “Salahmu dhewe Marga, kowe ora nuruti pitutur becikku, sedhela maneh kowe bakal ngrasakne lara sing sewu lara carub dadi siji. Ula Bandhotan, Luwuk, Dumung, Weling, Welang lan liya-liyane iki arep namakne wisane lumantar siyunge dhewe-dhewe marang ragamu kuwi. Kowe mesthi bakal ngrasakne lara sing ora bisa dikaya ngapa mungguh rasane lan wekasane kapeksa kudu tak tugel gulumu, tak sigar sirahmu nganggo pedhang Nagawelang ing tanganku iki, kanggo pangane ula-ula kuwi kabeh kareben sansaya mandi wisane” karo ngathungne pedhange Ki Dodor guneman banter.

        “Pati lan uripku tak pasrahne marang sing duwe Ki Dodor” wangsulane Marga sareh, sanadyan satemene kajaba wis mageri awake nganggo Aji Tameng Waja, Marga uga wis ngecakne Aji Panawawisa sing madal saka sakehing wisa, nanging Marga panggah ora gelem ninggal pangati-ati lan kaprasajane “yen garising pesthiku kudu mati merga wisane ula sing ndika uculne saka keba kuwi, ya bakal tak tampa kanthi sabar lila lan legawa. Nanging minangka kawulane Gusti, aku duwe kuwajiban setiar lan mbudidaya ngayomi lan nylametake raga sing dititipne Gusti marang aku. Mula yen ndika nggunakne pedhang pusaka Nagawelang, aku ya arep migunakne gegamanku kanggo ngadhepi pedhang ndika”.

        Marga banjur nglolos pusaka sing selawase ora tau pisah saka ragane, Cemethi upat-upat lulup Bolu sing disabukne ing lempenge.

        Ki Dodor sing durung ngerti yen senjata piyandele Marga kuwi Pecut utawa Cemethi sing lagi wae dilolos saka bangkekane, tumuli mangsuli apa sing lagi wae dikandhakne Marga :

        “Iya Marga, aja nganti kowe mengko sansaya getun, tumekeng neraka durung kober ngetokne gegaman, ayo saiki gunakne gegamanmu kaya apa wujude? Tan wurunga bakal sumyur yen nganti senggolan karo Pedhang Nagawelang sing ana tanganku iki”.

        “Iki lho gegamanku Ki Dodor, yen ndika kepengin weruh!” Marga wangsulan karo nyeblakne pecute mendhuwur, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg sing nyamber mangsane. Wong-wong sing mau padha nonton perange Rangga mungsuh Ki Lembong sing pungkasane Ki Lembong ilang, padha kaget krungu suwara pecute Marga.  Kabeh banjur padha genti ngupengi kalangane Marga lan Ki Dodor sing neng ngarepe ana ula mandi pirang-pirang.

        Sauntara kuwi, ula sing mau kedadeyan saka Ki Lembong uga wis sansaya cedhak, ula kuwi milih dalan anggone nyedhaki Ki Dodor saka sisih mburi, dadi wong-wong sing kober weruh padha ngira yen ula sing gedhene kari sapupu kuwi tunggale Ula sing pating kruget ing ngarepe Ki Dodor.

        “O kuwi gegamanmu Marga? Pecut sing mung pantes kanggo meden-medeni wedhus sing ngebyong tanduran, banter suwarane nanging babar pisan ora ana tenagane” kandhane Ki Dodor, karo ngguyu nyepelekne marang Marga.

 

 

ana candhake

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...