– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –
Marti wira-wiri saka pawon menyang ruang tengah bablas mengarep, mbalik maneh genti mlaku memburi. Ngono kuwi bola-bali, pikirane Marti ora karuwan, sajroning ati ana rasa kuwatir, nguwatirake Bendarane sing nganti kliwat rong jam durung tekan omah.Kerepe Marti ndelok berita neng televisi sing ngabarake akehe kacilakan neng ratan gedhe, wis nggiring atine Marti dheg-dhegan, pikirane nglambrang ora karuwan. Thukul pikiran arep nelpon menyang kantore Haryadi, bendarane lanang, arep matur nek Ibuk-e durung bali kamangka wis luwih saka rong jam karo padatan. Nanging Marti isih tidha-tidha, gek wani, gek ora. Rada sauntara lungguh ngadhepi pesawat telepon, nanging arep muter nomer kantore Bendarane isih durung wani.
“Kriiiiiiiiing…….” dumadakan ana telepon mlebu.
Marti kaget ora karuwan, karo dheg-dhegan gagang telepon dicandhak.
“Sugeng siang, ini rumahnya Bapak Haryadi, ada yang bisa saya bantu?” grathul-grathul Marti ngangkat telepon.
“Make Hajir?” saka sabrang adoh kana ana suwara wangsulan. Atine Marti dadi mak cles adhem dadakan, merga Marti apal karo suwarane Bendarane “iki aku , Ibune Hajir”.
“Alhamdulillah……” Marti nyaut “inggih Buk-e? Buk-e wonten pundi?”.
“Maaf ya Make Hajir, aku mau kelalen ora ngomong nek arep mulih rada kasep” kandhane Astuti liwat telepon “iki aku neng Oro-oro Ombo, neng nggone Mas Harun, karo Bapake Hajir barang kok, sedhela maneh aku tekan omah. Sampean mesthi wis kuwatir mikir sing ora-ora iki mau, ya ta?”.
“Inggih no Buke, meh mawon kula badhe telepon kantore Bapak badhe matur nek Ibuk-e dereng kundur, dereng ngantos telepon malah Buk-e telepon rumiyin. Nggih kleresan”.
“Ya wis, ngono wae dhisik, sepisan maneh aku nyuwun ngapura ya?”
“Nggih Buk-e”.
Telepon ditutup, Marti krasa lega. Rasa bingung lan kuwatire wis ilang. Marti banjur bali nerusne olehe tandang gawe, kelut-kelut, banjur nyapu. Ora let suwe, Hajir teka mulih saka ngaji neng TPA. Durung nganti lawange ditutup maneh, Haryadi teka numpak sepedha montore Astuti, diiring Astuti sing nyetir mobile Haryadi. Motor lan Mobil kabeh wis mlebu garasi. Wong loro lanang wadon kuwi banjur mlebu omah dipapag karo esem bungah dening Marti.
“Kono, Make Hajir ndang dikandhani pisan Dhik” Haryadi kandha marang sisihane.
“Mosok saiki ta Mas?” Astuti wangsulan karo takon “apa ora mengko wae, bar-bar maghrib ngono karo ngopi, dadi olehe jagongan bisa kepenak”.
“Ya wis, ngono ketoke kok luwih becik” wangsulane Haryadi sing banjur bablas mlebu kamare ditutne Astuti, bojone.
Krungu olehe rembugan antarane Haryadi karo Astuti ngono kuwi mau, Marti dadi takon-takon sajroning ati. Dheweke arep dikandhani bab apa dening Bendarane? Nek ndelok olehe Astuti milih wektu bar maghrib karo ngombe kopi olehe jagongan ben luwih kepenak ngono kuwi, mesthine dheweke arep diwenehi kabar sing nyenengake utawa saora-orane dudu kabar ala sing bisa gawe mumete sirah utawa susahing ati. Nanging kabar apa ya?. Marti ora kober mikir suwe-suwe, merga kelingan nek eneng gaweyan sing durung ditandangi, ngentas kumbahan sing wis garing neng pekarangan mburi.
Bengine, bubar sembahyang Maghrib karo ngenteni Haryadi karo Hajir bali saka Masjid, Astuti aba marang Marti supaya nggawe kopi. Karo tandang Marti banjur kelingan olehe rembugan bendarane mau awan pas lagi teka mau. Jantunge Marti dadi rada dheg-dhegan maneh, nguwatirake warta apa sing arep dikandhakne marang dheweke dening bendarane. Muga-muga wae kabar sing becik. Marti banjur meneng, api-api ora nggagas omongane bendarane mau awan.
“Saiki sampean lungguh kene dhisik” kandhane Astuti marang Marti sawuse Marti nyelehne gelas kopi neng meja. Sing siji diseleh neng ngarepe Astuti sing siji maneh dicawisne kanggo Haryadi sing isih sembahyang neng Masjid bareng karo Hajir.
“Aku arep takon sethithik banjur kandha ya sethithik marang sampean” kandhane Astuti maneh sawise Marti mapan lungguh.
“Kok ngedheg-edhegi ta Buke? mosok sedaya sarwa sakedhik?” Marti takon.
“Wis ta, rungokna dhisik tak omong” Astuti mansuli karo mesem.
“Inggih” Marti wangsulan cekak, jantunge krasa dheg-dhegan tenan.
“Sing sepisan aku arep takon, sampean wangsuli kanthi jujur” Astuti miwiti kandhane. Marti meneng ngrungokne tembung sing arep diucapne bendarane sabanjure.
“Apa bener kira-kira rong wulan nek ora ya telung wulan kepungkur, sampean karo Hajir ziarah neng pasareyane Pak Taslim, kakunge sampean ?” Astuti wiwit takon.
“Inggih leres Buk-e” wangsulane Marti cekak.
“Sampean kepethuk Mas Harun ?”
“Nggih”
“Ya wis”
“Wonten napa ta Buk-e sak jane ngoten?” Marti takon.
“Mengko dhisik, aja takon!, aku durung rampung olehku takon” wangsulane Astuti sing banjur takon maneh “kira-kira let rong dina sawuse sampean kepethuk Mas Harun, neng nggone Pak Kadirin ketekan tamu sing selawase durung tau mara mrono? sapa?”.
“Nggih kula kemutan, Pak Marsana Tentara Kodim” Marti wangsulan maneh.
“Merga Pak Kadirin isih menyang sawah, tamu kuwi sing nemoni banjur sampean?”.
“Nggih leres, Buk-e, amargi kleresan juragan wedok wekdal niku nggih nembe medal”.
“Lha Pak Marsana takon apa wae marang sampean?” Astuti pitakon maneh.
“Napa…? nggih tangklet nami kula sinten, napanipun Juragan Kadirin, riyin sekolah teng pundi, asli kelahiran pundi, ketingale namung niku” wangsulane Marti karo ngeling-eling .
“Lha banjur sampean wangsuli apa anane apa ora?”
“Nggih namine tiyang ditangkleti sae-sae, nggih kula wangsuli napa wontene ta Buke?” Marti wangsulan rada akeh “kula nggih criyos nek nami kula riyin Marinem, pas alit kula sakit-sakiten lajeng kalih mBah Jaya Jenggot nami kula dielih dados Sri Sumarti kersane waras, mila nami kula dugi sapriki nggih lajeng Sri Sumarti. Kula nggih criyos nek kula niki rewange Juragan Kadirin wiwit jaman tiyang sepuhe taksih wonten ngantos sapriki, kula nggih matur nek kalih Simbok disekolahne namung dumugi MTs lajeng dirabekne kalih Pake Hajir sawargi.
“Ya wis, sampean ngerti sapa Pak Marsana Kodim kuwi?” Astuti takon maneh.
“Ngertos kula nggih Tentara ngoten mawon, lha tiyang-tiyang nek mastani nggih Pak Marsana Tentara Kodim thok. Ngertos kula nggih namung niku” wangsulane Marti apa anane.
Astuti mesem, banjur kandhane maneh :
“Pak Marsana kae daleme Gading kulon Asrama 501 kana, kae kancane Mas Harun wiwit cilik, kanca sekolah mung bareng wis gedhe nasibe dadi beda, Mas Harun Kuliah nyang IKIP Malang terus dadi Guru SMP lan akhire dadi Kepala Sekolah, lha Pak Marsana dadi Tentara nganti tekan saiki iki”.
“Lha kok dolan teng nggene Juragan Kadirin?”
“Kae ngono merga dijaluki tulung Mas Harun, dikongkon golek sisik melik sing ana gegayutane karo Randhane Pak Taslim, ndelalah pas tekan omahe Pak Kadirin sing nemoni malah sing arep diselidiki. Lha kajaba nakoni sampean, kae Pak Marsana ya golek warta neng warung sing jarene lor ratan, sisih wetane Pak Kadirin ngono pa piye?”
“Nggih warunge Yu Sendrong nika” Marti nyauti kandhane bendarane “Lha kula kok diselidiki Pak Tentara niku napa kula dicurigani nek kula niki tiyang jahat ngoten napa pripun Buk-e?”.
“Ora” Astuti wangsulan karo ngguyu “ora ana sing nyurigani sampean. Sing cetha, saiki sampean tak critani sethithik wae, Mas Harun sawise kepethuk sampean sing sepisanan kae, jane ngono rada kaget, sampean dikira mBak Asih garwane, merga jarene Mas Harun wajahe sampean ki persis karo mBak Asih. Mas Harun banjur crita marang Mas Har karo aku”.
“Assalamu’alaikum” olehe rembugan Astuti karo Marti kandheg, merga ana suwarane wong uluk salam. Jebul Haryadi karo Hajir sing lagi bali saka masjid.
ana candhake.