Total Tayangan Halaman

Rabu, 06 Maret 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)


 52.

        Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya sampun sami mangertos menawi ingkang kengkenan tiyang-tiyang ingkang badhe mejahi Bebau Pilang saha Bebau Pethek menika Bebau Kawisan. Sanaosa makaten, dupi mireng malih lekasipun Bebau Kawisan ingkang makaten kala wau tiyang-tiyang sami kimat anggenipun getem-getem lan ngigit-igit dhateng Bebau Kawisan. Namung Bebau Jambon ingkang ketingal manthuk-manthuk, nembe ngertos sinten Sapukawat kalih ingkang dipun kersakaken Ki Lurah kala wau.

        “Kajawi saking menika” Bebau Sumber nglajengaken anggenipun matur “Ki Bayan Kasna ugi nampi wartos ingkang sakalangkung nggegirisi malih.”

        “Mengko dhisik” Ki Lurah nyelani aturipun Bebau Sumber “ipene Kebayan Kasna teka ngerteni warta sing kudune banget ing wadine kuwi nalare kepriye? Apa dheweke kalebu Sapukawat Kawisan sing banget pinercaya dening Bebau Kawisan ?”

        “Mugi kauningana Ki Lurah” Bebau Sumber atur wangsulan “suwaunipun Sampir, inggih ipenipun Ki Bayan menika, padamelanipun rewang ing griyanipun Bebau Kawisan minangka tukang yasa kajeng obong kalihan kala-kala kaparentah mijeti Baune Kawisan. Nanging sareng Ki Dungkul lan para andhahanipun asring wonten joglonipun Baune Kawisan ingkang enggal, padamelanipun Sampir gantos ngladosi menapa kabetahanipun Ki Dungkul lan Ki Batasigar miwah para siswa padhepokan ingkang wonten mriku, kalebet mijeti ingkang sami sayah.”

        “O, iya iya, banjur warta sing nggegirisi sing dikandhakne Sampir marang Ki Bayan Kasna kuwi warta apa?” Ki Lurah ndangu malih.

        “Miturut kabar ingkang dipun pireng dening Ki Bayan Kasna” Bebau Sumber matur “kados-kados Ki Batasigar lan Ki Dungkul sampun mesthekaken menawi Jengandika Ki Lurah boten badhe kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang. Pramila Bebau Kawisan lajeng kaparentah murih tata-tata madeg dados Lurah lan njongkeng kawibawan jengandika. Miturut petanganipun, Bebau ingkang taksih langkung setya dhumateng jengandika Ki Lurah saha nggadhahi kekiyatan sapu kawat radi kathah, kantun Bebau ing Peleman, Bebau Krajan lan Bebau Munggur. Bebau ing Pethek lan Bebau ing Pilang kekalihipun sampun dipun sirnakaken kala dalu. Dene bebau ing dhukuh sanesipun kaanggep gampil dipun ajrih-ajrihi. Menika kala wau petanganipun Ki Batasigar lan Ki Dungkul kalihan Bebau Kawisan, Dene anggenipun badhe madeg Lurah Bebau Kawisan, ngentosi dhawuh saking Ki Batasigar lan Ki Dungkul ingkang badhe sepisan malih ngadhep lan nanting Jengandika Ki Lurah kersa manunggal kalihan Padhepokan Nagalanang menapa boten. Menawi saestu jengandika kekah boten kersa manunggal, nembe Ki Kawisan badhe dipun biyawarakaken menawi sampun madeg dados Lurah, mirong kampuh jingga, mbondhan tanpa ratu lan wantun kalihan jengandika Ki Lurah.”

        Tiyang-tiyang ingkang sami lenggah ing Pringgitan menika ketingal sami getem-getem, ngepelaken tanganipun lan kepireng nggegetaken untunipun mratandhani menawi nembe benter manahipun. Langkung-langkung Bebau Pilang lan Bebau Pethek, senaosa kekalihipun boten wicanten menapa-menapa nanging ketingal praupanipun ingkang mbrabak mengangah ngantos dumugi ing kuping. Untunipun kemrutug lan lathinipun kedher awit ngampet raos benter ingkang ngobong manahipun. Namung Ki Lurah ingkang ketingal ayem kemawon boten nedahaken menawi duka, namung wongsal-wangsul njengkerutaken palarapan, pratandha menawi nembe ngulir penggalih pados srana kangge ngudhari reruweting dhusun Pangapitan menika.

        “Nuwun sewu Kakang” dumadakan Ki Palir matur “patrapipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal saha rencang-rencangipun menika sampun kesangeten anggenipun ngliwati wates. Wirang ing manah kula sampun boten saged dipun aling-alingi malih. Inggih awit saking menika, kaparenga Kakang Lurah paring pangestu, dinten menika kula badhe dhateng Dhukuh Kawisan, badhe nglabrag lan nundhung Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal saking Pangapitan.”

        “Sampun tindak piyambakan Paman” saderengipun Ki Lurah dhawuh wangsulan dhateng Ki Palir, Sukmana numpangi rembag “kaparenga kula ugi badhe ndherek Paman Palir.”

        “Adhi Palir lan Kowe Sukmana” Ki Lurah paring dhawuh “kowe aja padha kaya bocah cilik sing mung nuruti ati sing lagi kebranang. Apa mbok kira nundhung Dungkul karo Dhangkal murih lunga saka Pangapitan kuwi gampang? kaya wong nggusah manuk glathik sing neba ing empingane pari gaga?. Dungkul lan Dhangkal kae kajaba nduweni kaluwihan ing olah kanuragan uga duwe watak julig lan culika. Nek kowe wong loro saiki budhal arep nglabrag menyang Kawisan, tan wurunga bakal lebur tanpa dadi, kaya dene kutuk sing marani sunduk utawa kaya ula sing marani gepuk……”

        “Leres menika Ki Lurah” Bebau Pilang nyela atur “tindakipun Ki Palir lan Adhi Sukmana kedah wonten ingkang ngombyongi, kula lan sedaya Sapukawat lan Pamong ing Pilang kanthi remening manah badhe ndherekaken Ki Palir lan Adhi Sukmana.”

        “Makaten ugi kula Ki Lurah” Bebau Pethek numpangi rembag “kula saha sedaya Pamong lan Sapukawat ing Pethek, ugi badhe ndherek ngombyongi tindakipun Ki Palir lan Adhi Sukmana nglabrag tiyang-tiyang ingkang badhe damel kisruh ing Pangapitan.”

        “mBoten kantun kula lan para Pamong lan Sapukawat ing Peleman ugi badhe ndherek lekasipun Ki Pilang lan Ki Pethek, Ki Lurah” Bebau Peleman ugi urun rembag.

        Bebau Sumber lan Bebau Jambon meh kemawon badhe wicanten nanging dados wurung, jalaran karumiyinan Ki Lurah paring dhawuh :

        “Kabeh-kabeh kok gampang temen nggone padha seneng nuruti panasing ati ta? nDika kabeh padha elinga, sing diadhepi awake dhewe iki wong julig sing dhemen tumindak culika, ora duwe rasa isin yen tumindake nyingkur marang jiwaning satriya, wani wirang waton menang, tega ngurbanake nyawaning wong tanpa dosa sing wis kadhung percaya marang pangebang-ebang ing crita kang ngayawara. nDika kudu ngerti, nek saupama ndika lan para sapukawat sing budhal nglabrag Dungkul lan Dangkal sarta kanca-kancane, mengko ndika sakanca bakal diadhepi dening para Pamong lan Sapukawat saka Kawisan. Dadi ndika sakanca bakal paten pinaten karo sedulur ndika dhewe sing padha-padha kawula lan warga Pangapitan. Yen wis mangkono banjur sapa sing bakal nandhang kapitunan? Ora liya ya Desa Pangapitan, dudu Paguron Nagalanang. Malah Paguron kuwi bakal oleh bathi sing akeh, tanpa kangelan mungsuhe wis ringkih jalaran saka bodhone dhewe, tukaran karo kanca lan sedulure dhewe. Yen wis mangkono, bebasan suwe mijet wohing ranti Paguron kuwi anggone bakal ngregem Desa Pangapitan.”

        “Lajeng prayogining lampah kados pundi Kakang?” sareng tiyang-tiyang sami ndhingkluk boten wonten ingkang wicanten, Ki Palir lajeng matur dhateng Ki Lurah “awit kanyatanipun sanaosa ingkang badhe ngreridhu lampah kula lan para Bebau tuwin Sapukawat lan Pamong saking Pangapitan menika mangke tiyang-tiyang Kawisan ingkang ugi warga Pangapitan nanging rak sampun cetha bilih tiyang-tiyang menika badhe damel kisruh ing Pangapitan menika?”.

        “Sing ndika kandhakne kuwi pancen ana benere Dhi” Ki Lurah paring wangsulan kalihan suwanten ingkang nedahaken raos sabaripun “nanging si Adhi uga kudu ngelingi, anane wong Kawisan tumindak mangkono kuwi mau jalaran merga keblithuk dening wong sing pinter umuk sing ndadekne padha lali marang piwulange para leluhur kang wis padha kundur ing kaswargan. Jalaran lali wong-wong mau banjur kleru nggone milih dalan, dadine kesasar nggugu kojahe mungsuh sing pancen nasar. Lha yen ana sedulure sing lali, wajibe dielingne, ora dimungsuhi nganggo kekuwataning raga luwih-luwih nganggo landheping gegaman. Aku wis nemu cara kanggo ngelingake sedulur-sedulur sing padha lali kuwi mau ngiras pantes cara kanggo ngadhepi trekahe Wong Brendhilan lan para Cantrik saka Padhepokan Nagalanang sing arep gawe kisruh ing Pangapitan iki. Mula iki aku njaluk tulung marang ndika kang ana ing Pringgitan iki kabeh, supaya kabeh para Bebau lan Pamong miwah para lelurahe Sapukawat ing dhukuh-dhukuh sa Pangapitan kajaba sing saka Dhukuh Kawisan, ing dina sesuk esuk ing wancine srengenge salandheyan dhuwure ing cakrawala iring wetan, padha mlumpuk ing Pendhapa Kalurahan. Aku arep medharake cara sing tak kandhakne iku mau. Satemene mengko sore ya bisa-bisa wae, nanging mengko sore kuwi aku lan Adhi Palir duwe gaweyan sing uga wigati, mula mlumpuke para Bebau lan pamong sarta lelurahe para Sapukawat luwih becik sesuk esuk kaya sing tak kandhakne mau wae.”

        “Nuwun sewu Kakang” Ki Palir matur “mangke Kakang Lurah lan kula badhe nindakaken padamelan menapa? Dugi kula supe prakawis menika?”

        “Si Adhi apa lali yen ing omahmu sing saiki isih diawat-awati dening para Sapukawat lan Ki Bau Krajan ana barang nyalawadi sing durung kamangertenan wujude? Ya gaweyan niti priksa isining omahmu kuwi sing mengko sore arep ditindakne awake dhewe” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem.

 Ki Palir boten wicanten namung sirahipun manthuk-manthuk tandha menawi sarujuk. Tiyang sanesipun sami nyawang Ki Palir mawi soroting netra ingkang ngemu tandha pitaken.

 

(ana candhake)

Senin, 04 Maret 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (51)


 

51.

        Bebau Jambon manthuk-manthuk mireng dhawuhipun Ki Lurah ingkang pungkasan kala wau. Mila leres, tumrap kawula lan Pamong ing Pangapitan menika boten kedah nggega sinten-sinten nanging wajib netepi menapa ingkang sampun kasarujukan minangka paugeraning Dhusun. Lan sok sintena ingkang wantun nerjang paugeraning dhusun lan boten purun kaemutaken kedah nampi pidananing dhusun.

        “Lan saiki ndika arep tak wenehi weruh sing ana gegayutane karo sing ndika critakne iki mau, Baune Jambon” Ki Lurah ngendika malih.

        “Inggih, menapa menika Ki Lurah?” Bebau Jambon nyuwun pirsa.

        “Mau ndika crita yen Dungkul apa Batasigar ngandhakake manawa sajroning sedina utawa rong dina bakal ana Pamong ing Pangapitan kang bakal ketiban walat merga ora percaya marang wong loro sing dadi Cantrike Kyai Nagalanang kuwi?”

        “Inggih Ki Lurah, mila leres Ki Dungkul lan Ki Batasigar wicanten makaten” bebau Jambon atur wangsulan.

        “nDika ngerti sapa Pamong Pangapitan sing dikarepake wong loro kuwi mau?”

        “Bares kemawon kula dereng mangertos Ki Lurah” Bebau Jambon atur wangsulan “nanging menawi nitik ingkang dipun ungelaken dening Jagabaya Kawisan ingkang kapireng sanget anggenipun ngigit-igit dhateng Ki Bau ing Pilang lan Ki Bau ing Pethek ingkang dipun anggep sampun wantun nggorohaken Ki Batasigar menapa dene Ki Dungkul, kula kinten inggih Ki Bau kekalih menika. Pramila enjing kala wau kula langaken mampir dhateng Pilang rumiyin, awit kula kepengin sanget nyumerepi kawilujenganipun Ki Pilang, saderengipun kula dumugi ing Kalurahan mriki, jebul malah dening Ki Pilang kula kaajak sareng-sareng kalihan Ki Pethek lan Ki Peleman mriki.”

        “Landhep panggraita ndika Ki Bau Jambon” Ki Lurah paring dhawuh malih “iya awit saka pangayomaning Gusti dina iki ndika isih bisa kapethuk lan lungguh sapajagong karo sedulur ndika, Baune Pethek apa dene Baune Pilang, Jalaran miturut palapuran sing ditampa Baune Peleman mau bengi kuwi ana wong sing nedya nyidra kaslametane Baune Pilang lan Baune Pethek, nanging konangan para Sapukawat, wekasan lekase wong-wong sing duwe sedya ala kuwi bisa digagarake, mung emane para sapukawat ora bisa mikut dadi bandan salah siji saka wong-wong mau.”

        “Eman sanget menawi makaten Ki Lurah” wicantenipun Bebau Jambon sareng mireng pangandikanipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau “saupami saged wonten ingkang kapikut kula kinten gampil sanget saged kamangertosan tiyang-tiyang kala wau kengkenanipun sinten.”

        “Bener Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging para Sapukawat wis padha ngerti, ing antarane wong-wong sing arep maeka Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek mau ana wong loro sing jebul Sapukawat ing Pangapitan kene.”

        “Sapukawat saking Pangapitan Ki Lurah?” Bebau Jambon mlenggong. Praupanipun nedahaken kados tiyang ingkang nembe bingung. Sajakipun Bebau Jambon boten pitados menawi wonten Sapukawat Pangapitan badhe damel kisruh ing dhusunipun piyambak sarana badhe damel cilakanipun Bebau Pethek lan Bebau Pilang.

        Nanging dereng ngantos Bebau Jambon ical ngungunipun, kedadak saking jawi kepireng suwanten gentha ingkang suka tengara menawi wonten tiyang ing pendhapa ingkang kepengin kepanggih kalihan Ki Lurah. Tanpa mawi kaparentah Sukmana lajeng ngadeg menyat saking Pringgitan badhe ningali sinten ingkang ngungelaken gentha. Boten dangu inggih sampun wangsul malih dhateng Pringgitan.

        “Sapa sing teka Sukmana?” Ki Lurah paring pandangu.

        “Kula tingali saking katebihan kadosipun Bebau Sumber Bapa” atur wangsulanipun Sukmana.

        “Timbalana mrene pisan, katone arep aweh kabar njangkepi warta sing wis dicritakne Baune Jambon” Ki Lurah paring dhawuh supados nimbali Bebau Sumber.

        Sukmana lajeng menyat malih tumuju pendhapa, boten dangu mlebet malih sesarengan kalihan Bebau Sumber ingkang lajeng ngrungkebi pangkonipun Ki Lurah, nangis asok kalepatan lan pasrah pejah gesang.

        “nDika iku kena apa Baune Sumber?” pandangunipun Ki Lurah kalihan ngangkat pundhakipun Bebau Sumber murih tangi saking pangkonipun Ki Lurah.

        “Kula sampun ngrumaosi lan ndhadha ing kalepatan kula Ki Lurah” aturipun Bebau Sumber ing sela-selaning tangisipun “kula sampun lepat dhateng Ki Lurah lan dosa dhateng Bumi Pangapitan, saestu kula nyuwun gunging sih pangaksama saking Jengandika Ki Lurah, menawi ta minangka sarana panebusing dosa lan kakepatan kula menika kedah mawi kapidana, jiwa lan raga kula aturaken ing ngarsa jengandika, sanadyan kados menapa wujuding pidana, alitipun sakit agengipun pejah, kula kanthi legawa badhe anampi, sauger dosa lan kalepatan kula kaparingan pangaksami.”

        “Mengko dhisik Baune Sumber” Ki Lurah paring dhawuh malih “ndika kuwi guneman kok ora cetha bongkot pucuke? Teka-teka banjur asok kaluputan pasrah pati urip pisan?. Kuwi ana kendhi sing isih kebak banyune, coba ndika ngombe dhisik banjur ndika lungguh sing kepenak, lagi ndika kandha apa sing ndika karepake?!?”

        Bebau Sumber lajeng nyaketi kendhi ingkang wonten ing tengahing jogan pringgitan, Bebau Sumber lajeng ngombe toya kendhi sakedhik, lajeng mapan linggih ing sisihipun Bebau Peleman.

        “Piye Ki Bau? Saiki coba ndika kandha sing cetha saka wiwitan ya gene ndika rumangsa yen wis duwe dosa marang Pangapitan lan duwe luput marang aku?” Ki Lurah inggih lajeng paring pandangu dhateng Bebau Sumber.

        “Inggih Ki Lurah, sepisan malih kula nyuwun pangapunten saderengipun” Bebau Sumber lajeng matur “estunipun sampun radi sawatawis dangu kula ngambah margi ingkang sasar, liripun  margi ingkang boten leres lan saged mbebayani tumrap kawilujenganipun Dhusun Pangapitan lan kasugengan jengandika, Ki Lurah. Boten namung dumugi samanten kula ugi sampun nasaraken Para Pamong ing Dhukuh Sumber mrembetipun dhateng Ki Bebau ing Jambon, kula boten mangertos Ki Bau Jambon sampun matur dhateng Ki Lurah prakawis menika menapa dereng?”

        “Apa sing ndika karepake kuwi prekara anggon ndika sing wis maguru marang sedulurku Dungkul lan kancane sing jeneng Batasigar kuwi Baune?” Ki Lurah nyela rembag mundhut pirsa nyethakaken aturipun Bebau Sumber “pancen iki mau lagi wae Baune Jambon crita prekara olehe wurung nggone arep ngangsu kaweruh kebatinan marang Dungkul lan Ki Batasigar lan sethithik iya nyenggol jeneng ndika barang.”

        “Leres Ki Lurah” Bebau Sumber atur wangsulan “menawi makaten kaparenga kula nglajengaken cariyos ingkang sampun dipun aturaken Ki Bau Jambon kala wau.”

        “Iya, saiki ndika critakne kanthi cetha murih padha dirungokne dening kabeh sing ana pringgitan kene iki” Ki Lurah paring dhawuh.

        “Mesthinipun Ki Bau Jambon sampun matur manawi kala dalu menika wonten pepanggihan ing joglonipun Ki Kawisan ingkang enggal” Bebau Sumber wicanten malih “lha sasampunipun pepanggihan kala wau dalu menika, Ki Jambon kula ajak mampir Sumber ngrembag wosing pepanggihan kalihan para Pamong ing Dhukuh Sumber, nanging piyambakipun boten purun, kanthi pawadan menawi manahipun taksih kisruh. Kula inggih lajeng ngajak rerembagan para Pamong sa Dhukuh Sumber piyambak.”

        “Mesthine ora kabeh pamong sing saka Dhukuh Sumber ta Baune?” Ki Lurah nyela rembagipun Bebau Sumber “gajege mau bengi kuwi ki Ki Modin Dulah karo Jagatirta Samirun ana pendhapa Kalurahan kene.”

        “Leres Ki Lurah” kebat anggenipun atur wangsulan Bebau Sumber “tiyang kalih menika mila kula prentah tumut ndugeni parepatan Akad Legen ingkang dipun majengaken kala dalu menika. Nanging, sawangsulipun saking pendhapi Kalurahan Ki Modin lan Ki Jagatirta ugi lajeng njujug panggenan kula. Dados kekalihipun inggih tumut rerembagan ingkang kula wontenaken kanthi dadakan menika.”

        “O, ngono? Sabanjure kepiye?”

        “Inggih” Bebau Sumber nyambet aturipun “inggih ing rerembagan menika kula prasajakaken dhateng pamong-pamong raosing manah kula ingkang memper kalihan pangraosipun Ki Bau Jambon. Inggih menika dados suda raos kapitadosan kula dhateng Bapa Dungkul menapa dene Bapa Batasigar.”

        “Lha panampane para Pamong ing Dhukuh Sumber kepiye?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Ketingalipun inggih sami kalihan kula” Bebau Sumber atur wangsulan  “malah jebul Ki Kebayan Kasna langkung mangertos prakawis menika katimbang kula, jalaran rayinipun ipe Kebayan Kasna menika mila griyanipun Kawisan, tunggil pager kalihan Bebau Kawisan. Criyosipun Kebayan Kasna kabar ingkang dipun tampi saking rayinipun ipe, wekdal samangke tiyang-tiyang padhepokan andhahanipun Bapa Dungkul menapa dene Bapa Batasigar sampun kathah ingkang mapan ing Kawisan, inggih menawi sampun satusan tiyang. Kebayan Kasna ugi sampun ngertos ingkang dipun kajengaken Ki Dungkul sinten Pamong ing Pangapitan ingkang badhe kenging walat saking Kyai Nagalanang, jalaran ipenipun Ki Kebayan mireng anggenipun Bebau Kawisan prentah dhateng Sijam kalihan Senthun, rayi saha ipenipun Bebau Kawisan, murih dados cucuk lampahing andhahanipun Ki Batasigar ingkang kajibah nyidra kawilujenganipun Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang…..”

 

(ana candhake)

Jumat, 01 Maret 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (50)


 

50.

        Ki Bau Sumber lajeng mandhap saking kapalipun. Para Pamong ingkang dados andhahanipun dipun prentah murih ngrumiyini wangsul dhateng Sumber lan nengga Ki Sumber ing griyanipun. Ingkang kantun ing papan mriku namung kula kalihan Bebau Sumber. Kula inggih sampun mandhap saking kapal lan mapan linggih ing watu ageng ingkang wonten sapinggiring margi, caket kalihan anggenipun linggih Bebau Sumber.

        “Apa ndika ora ngrasakne nek rembugan ing joglone Baune Kawisan iki mau, ana sing aneh Ki Jambon?” Ki Bau Sumber miwiti rembag kalihan nakeni kula.

        “Aneh piye ta Ki Sumber?” kula wangsul gentos pitaken “merga minangka wong anyar, bares wae aku mau bingung karo sing didhawuhne Ki Batasigar apa dene Ki Dungkul, dadi aku isih mbutuhne wektu kanggo ngangen-angen apa sing dikersakne dening panjenengane sakloron. Mligine ing tembung sapa sing ora nggugu lan ora percaya karo warta sing diasta dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar ditegesi wani marang Kyai Nagalanang lan dadi mungsuh tumrap awake dhewe sing nek prelu kudu disirnakne, kuwi sing nalarku durung bisa nampa.”

        “Mulane aku mau banjur matur marang Bapa Dungkul” Ki Sumber nyauti rembag kula “apa awake dhewe kudu wani marang Ki Lurah mau? Merga jaman biyen aku tau duwe prajanjen karo wong tuwaku sadurunge aku dadi Bebau biyen, ya kuwi wong tuwaku sing isih jejer dadi Bebau Sumber nglilani aku maris kalungguhane klawan janji aku kudu setya lan bekti selawas-lawase marang Ki Lurah, yen aku ora gelem mangka kalungguhan Bebau ing Sumber jaman semana arep dipasrahake marang Paman Gupuh, adhine ramakku. Mula nek aku nganti wani marang Ki Lurah, ateges aku wis nyidrani janjiku marang wong tuwaku dhewe.”

        “Aku ya mangkono Ki Sumber” wangsulan kula “sanadyan ora ana pranjanjen apa-apa, aku selawase ya ora bakal wani marang Ki Lurah. Jalaran wong tuwaku biyen tau dislametake dening Ki Lurah sing wis suwargi ya wong tuwane Ki Lurah sing saiki, dadi mokal aku arep wani marang wong sing motangake nyawa marang wong tuwaku, karo maneh sasuwene aku dadi Bebau durung tau aku meruhi tindake Ki Lurah sing nerjang paugeraning desa, sing ana mung tansah menggalihake murih kawula ing Pangapitan kabeh bisa sansaya makmur uripe. Kuwi sing tak rasakne lho Ki Sumber, mbok menawa bisa beda karo ndika utawa Ki Kawisan.”

        “Lhah, bareng ndika nyebut jenenge wong Kawisan atiku bali krasa panas maneh Ki Jambon” dumadakan wicantenipun Ki Sumber kepireng radi minggah “upama mau Bapa Dungkul ora tumuli ngendika, Baune Kawisan wis tak ajak metu neng latar arep tak todhi sepira kaprawirane. Rembuge Ki Kawisan mau, nyata wis kebacut nasare lan wis wani ngilani dhadhane bebau sa Pangapitan, klebu marang aku lan ndika. Apa rumangsane kuwi, ora ana wong lanang kejaba dheweke? Apa dikira nek bebau-bebau sa Pangapitan iki mung loro saudhon telu saurupan….?”

        “Sabar dhisik  Ki Sumber” kula nyelani rembagipun Ki Sumber ingkang kapireng sansaya benter “ndika kuwi apa lali karo wewatakane Ki Bau Kawisan sing sok dhemen ngumukne kaprawirane ta ? Olehe muni kaya ngana mau, Ki Kawisan ora nedya ngremehne kanca-kanca bebau liyane, nanging mung merga kepengin oleh pangalembana saka Ki Dungkul lan Ki Batusigar, sarana ngandhakne kasetyane marang Paguron Nagalanang. Dadi tak jaluk ndika aja kepancing marang rembuge sing akeh ngawure kae.” 

        “Hm…..” Bebau Sumber nggereng, lajeng wangsulan “ngawur ya ngawur nanging ngawure bocah Kawisan mau wis kebacut, malah wani guneman arep nyirnakne Ki Lurah barang. Aku dadi sujana, aja-aja anggone gelem percaya lan nggugu apa sing didhawuhne Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, mung merga Bocah kae kepengin madeg dadi Lurah njongkeng kalenggahane Ki Lurah, Ki Jambon?”

        “mBok menawa panduga ndika kaya mangkono kuwi mula ana benere Ki Sumber” wangsulan kula sareh “nanging aku ya durung wani mesthekne yen panduga ndika kuwi mau mesthi benere. Ya pangapura ndika wae marang aku sing gedhe, jalaran bares wae aku iki rada dhedhel yen dikongkon mikir. Klebu mikir prakara kabegjan lan kaslametan sing diasta Ki Batasigar lan Ki Dungkul iki. Maune sawise ndika kandhani lan sorene ndika ajak sowan marang Ki Dungkul kae, atiku wis manteb nggonku percaya, nanging sawise mlumpuk neng pendhapa joglone Ki Kawisan lan nyemak rembug-rembug sing ana, dumadakan rasa kapitayanku ora mundhak manteb nanging malah dadi rada kendho. Ora nggorohake nanging ya durung manteb nggonku percaya. Mula aku mrelokne wektu sing mirunggan kanggo nggagas prakara iki, kanggo mutusne bakal tak tutugne nggonku melu ndika meguru marang Padhepokan Nagalanang apa ora, aku dadi bingung, mula aku arep nentremne pikir luwih dhisik.”

        “Bener ndika Ki Jambon” Ki Sumber wicanten malih “ora mung ndika sing rumangsa dhedhel anggone mikir, sanadyan aku uga ora beda lan rumangsa dadi wong sing bodho banget. Kaya sing ndika weruhi, aku iki kena diarani wis manteb banget nggonku percaya marang kabeh sing didhawuhne dening Bapa Dungkul apa dene Bapa Batasigar, nanging kaya sing ndika alami, iki mau kedadak dadi suda. Luwih-luwih sawise aku krungu gunemane Bocah Kawisan sing nampeg rai mau. Lan nyatane dienengake wae dening Bapa Batasigar apadene Bapa Dungkul. Dadi cethane dina iki aku karo ndika kuwi padha. Padha olehe dadi tidha-tidha. Yen aku nyawang para pamong saka Sumber mau, sajake ya ngalami kaya sing lagi tak rasakne. Mula mau kabeh tak prentah supaya njujug neng omahku, arep tak ajak ngrembug prekara iki. Apa becike ndika mampir dhisik neng omahku? Banjur bareng-bareng ngrembug prekara iki karo aku lan pamong-pamong ing Sumber?”

        “Becike aku tak ora melu rembugan prekara kuwi dhisik Ki Sumber” kula suka wangsulan “atiku lagi bingung lan nalarku uga lagi ruwet, aku kuwatir yen aku melu rembugan neng Sumber malah nambahi kisruhing atiku sing bisa wae ndadekne kisruhe sing padha lagi rembugan. Becike, aku tak bali menyang Jambon wae, ya nek ndika ora kabotan apa sing dadi dudutan anggon ndika rembugan mengko, tulung aku ndika kabari, mbok menawa wae bisa nambani petenging atiku.”

        “Yen pancen mangkono, ya uwis saiki aku tak bali ndika ya bali menyang Jambon, ora liwat nek ana kabar anyar endi sing oleh dhisik gelema kabar-kabar.” Ki Sumber suka wangsulan, lajeng ngadeg nyaketi kapalipun.

        Kula inggih lajeng nglajengaken lampah, wangsul dhateng Jambon. Nalika kula dumugi regoling pekarangan griya kula, jebul anyarengi kalihan para Pamong saking Jambon wangsul saking kalurahan, sedaya sami mampir ing griya kula.

        Sareng sadaya sampun satata anggenipun linggih ing jogan pendhapa kula, Darja inggih Jagabaya Jambon lajeng nyariyosaken dhawuh-dhawuh saking jengandika Ki Lurah. Ingkang wosipun sedaya kawula ing Pangapitan kedah setya anetepi sumpah prasetyanipun para Leluhur ingkang yasa Dhusun Pangapitan menika. Inggih menika boten badhe wantun dhateng Gusti Panembahan Senapati ingkang jumeneng ing Mataram. Angemuti menawi Bumi Pangapitan menika rumiyin mila peparingipun Raden Sutawijaya dhumateng para leluhur ingkang yasa dhusun menika. Lan Pangapitan boten badhe saged kapisah kalihan Mataram.

        Inggih awit mireng cariyosipun Jagabaya menika kala wau, sakala manah kula dados padhang. Raos pitados dhateng warta ingkang dipun criyosaken dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar sampun ical babar pisan. Lan kula lajeng emut menawi beja lan apesing kawula menika boten ing tanganipun sinten-sinten, nanging ing astanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa. Menawi kawula tansah tumindak sae, boten remen damel kapitunaning liyan mesthi Gusti badhe paring kabegjan kan menawi kawula dhemen ngumbar hardaning angkara tartamtu badhe manggih cilaka.

        Makaten Ki Lurah, ingkang saged kula aturaken ing ngarsa jengandika. Salajengipun kaparenga kula angambali prasetya kula bilih pejah gesang kula namung badhe ndherek ingkang dados kersanipun Ki Lurah” Bebau Jambon mungkasi anggenipun matur.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika Baune Jambon” Ki Lurah ngendika paring wangsulan dhateng Bebau Jambon “nanging sadurunge tak tutugne anggonku arep guneman, prasetya ndika sing keri dhewe kuwi mau luwih dhisik ndika benerne. Aja ndika nduwe tekad mati urip melu aku utawa sapa wae, nanging nduwea tekad nganti ana jaman apa wae ndika bakal ngugemi apa sing dadi paugeraning Desa Pangapitan sing kebawah negara Mataram.”

 

 

(ana candhake)

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (49)


 

49.

        Radi sawatawis kawontenan dados temawon awit saking anggenipun sami grenengan sami rowang antawisipun tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa joglonipun Ki Bau Kawisan menika. Mila kathah ingkang gumun kaworan gawok kalihan cariyosipun Ki Sobrah kala wau. Tiyang ingkang gesang malih sasampunipun pejah lan tangi saking kuburipun kanthi kawontenaning raga ingkang pulih kados jaman taksih nem rumiyin.

        “Para siswa kabeh” dumadakan Ki Batasigar wicanten sora lan tiyang-tiyang ugi lajeng kendel anggenipun sami grenengan “critane Sobrah mau pancen kepara nyata, lan kang mangkono iku jalaran Sobrah wis manteb lahir trusing batin anggone percaya marang Bapa Guru Kyai Nagalanang. Dadi olehe percaya Sobrah ora mung lelamisan sing mung kandheg ana pangucap wae. Lan kang mangkono mau ora saben wong bisa. Kaya kang ora suwe maneh bakal kawiyak ing Pangapitan iki, endi sing percaya kanthi lahir batin marang Bapa Guru Nagalanang lan endi sing mung lelamisan. Mesthi wae tumrap wong sing mung lelamisan mesthi bakal nemu kacilakan lan kasangsaran ora beda karo sing padha wani nggorohake marang warta lan piwulang saka Bapa Guru lan sing wis manteb nggone percaya kanthi lahir trusing batin bakal nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan.”

        Sedaya ingkang wonten pendhapa sami ndhingkluk boten wonten ingkang wantun ndengengek lan atur wangsulan dhateng wicantenipun Ki Batasigar. Kalebet kula inggih makaten, jalaran sansaya kraos ing salebeting manah kula manawi ewuh aya ing pambudi. Badhe pitados, nalar kula wicanten menawi wicantenipun Ki Batasigar lan Ki Dungkul sarta criyosipun Ki Sobrah kala wau babar pisan tebih saking nalar ingkang waras, menawi badhe boten pitados salebeting manah wonten raos ajrih menawi ngantos manggih cilaka lan ugi taksih ngajeng-ajeng pikantuk kabegjan. Wasana kula inggih mendel ngraosaken campuhing nalar lan raos ingkang sakalangkung rame.

        “Cethane mangkene para siswa kabeh” gentos Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten nyambet wicantenipun Ki Batasigar “dhawuh sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai Nagalanang, wiwit dina iki awake dhewe kudu wani nuduhake marang jagad yen awake dhewe iki pandhereke Bapa Guru Kyai Nagalanang lan mung bakal manut lan miturut marang apa sing dadi dhawuhe Bapa Guru, jalaran sing sapa wonge duwe panutan liya mangka kuwi ora bakal bisa nampa kabegjan lan kaslametan sarta mesthi bakal cilaka. Mula marang kang ora ngandel lan ora gelem percaya marang dhawuhe Bapa Guru, awake dhewe ora kena maneh duwe rasa ewuh lan pakewuh, wong kang mangkono mau cetha nek wis wani marang Bapa Guru lan lan sing wani marang Bapa Guru kuwi padha karo dadi mungsuhe para siswa Padhepokan Nagalanang klebu aku lan ndika kabeh. Sakehing mungsuh kudu disirnakne, ora metung kuwi isih kanca sing raket utawa sedulur sing caket.”

        “Inggih Bapa” Bebau Kawisan ingkang atur wangsulan “kula sampun prasetya, sanaosa kadang pribadi, sanak utawi malah anak lan semah kula piyambak, menawi boten purun pitados lan manut miturut dhawuh saking Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang badhe kula cuthat kados dene cacing malah menawi prelu boten badhe kula eman kula kecalan nyawanipun tiyang-tiyang ingkang makaten menika.”

        “Bagus Baune Kawisan. Mula pantes ndika nampa kanugrahan drajat sing luhur saka Bapa Guru Kyai Nagalanang!” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem wiyar “nanging, apa ndika temen-temen wani saupama kudu ngadhepi wong sing sasuwene iki banget ndika ajeni lan ndika bekteni jalaran wong mau jebul wani marang Bapa Guru Kyai Nagalanang ?”

        “Sinten menika Bapa? Mesthi kemawon kula boten badhe ajrih” Bebau Kawisan wangsulan kalihan suwanten ingkang nedahaken tataging manahipun “wiwit rumiyin mila kula tansah ngaosi lan bekti dhateng tiyang ingkang pantes dados pepundhen, nanging menawi sampun kula dadosaken pepundhen nanging nyatanipun wantun kalihan Kanjeng Eyang Kyai Nagalanang, kula boten badhe tidha-tidha nyirnakaken piyambakipun. Ki Lurah Pangapitan upaminipun, sanaosa Ki Lurah menika sedherek jengandika Bapa Dungkul lan sadangunipun menika tansah dados pandom kiblating lelabetan tumrap kula, nanging menawi Ki Lurah boten kersa ndherek rerigen saking jengandika menapa dene Bapa Batasigar awit langkung nggega aturipun rayi jengandika pun Ki Palir, kula inggih badhe wentala dhateng panjenenganipun.”

        “Bener ndika Baune” Ki Dungkul wicanten malih kalih sansaya jembar esemipun “pancen sebutane wae Ki Lurah Pangapitan kae isih sedulur nek karo aku lan adhiku si Dhangkal, nanging kuwi ya mung winates ing sebutan wae, jalaran antarane aku karo Ki Lurah kae ora ana sambunging waris, beda nek karo si Palir, arepa kaya apa kae isih sedulurku nom tunggal bapa karo aku lan si Dhangkal. Lan si Palir kae mula isih adhine Ki Lurah Pangapitan, jalaran biyunge Ki Lurah iku uga biyunge Palir. Nanging sepisan maneh tak kandhakne, ndika kabeh kudu eling marang dhawuhe Bapa Guru Kyai Nagalanang, tumrap awake dhewe kabeh sing diarani kulawarga kuwi ya mung wong sing percaya lan ndherek marang dhawuhe Bapa Guru, yen ana wong sing cilike ora nggugu, gedhene wani marang Bapa Guru, kuwi cetha nek mungsuh sing kudu didohi lan nek prelu ya kudu disirnakne, sanadyan tata gelar isih waris dhewe.”

        “Nuwun sewu Bapa” dumadakan Bebau Sumber wicanten.

        “Iya piye Baune Sumber?” Ki Dungkul wangsul pitaken.

        “Menapa sampun cetha menawi kula sasedherek menika kedah wantun kalihan Ki Lurah?” Ki Bau Sumber nglajengaken anggenipun taken “menawi nyata makaten tak ateges kula sasedherek menika sampun boten nggadhahi Lurah? Lajeng sinten ingkang pantes nggentosi palenggahan Lurah ing Pangapitan menika Bapa?”  

        “nDika aja banjur kleru tampa Baune Sumber” Ki Dungkul suka wangsulan “sing dikandhakne Baune Kawisan apa dene sing tak kandhakne mau lagi teka ing tembung saupama. Lan sing prelu tak kandhakne, nganti dina iki aku apa dene Ki Batasigar durung nampa dhawuh pituduh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang magepokan karo Ki Lurah Pangapitan. Apa Ki Lurah kae wis kersa ndhahar aturku lan ature Ki Batasigar sing wujud kersa manunggal karo Paguron Nagalanang apa durung, kuwi durung cetha. Lan mesthi wae, sanadyan mung sedulur aran-aran, aku ngarep-arep lan kepengin Ki Lurah kersa manunggal dadi siji karo awake dhewe. Nanging, sepisan maneh saupama, Ki Lurah mbeguguk makutha waton ora kersa manunggal karo awake dhewe, ya pancen drajate Ki Lurah kae ora pantes yen nglurahi Desa lan kawula ing Pangapitan kene. Pantese ya ragane kareben koklok dadi rabuke bumi Pangapitan lan sukmane nyemplung ing kawah candradimuka kana.”

        “Pangarep-arep lan pepenginane Bapa Dungkul magepokan karo Ki Lurah kuwi padha karo aku Ki Sumber” dumadakan Bebau Kawisan numpangi rembagipun Ki Dungkul “lire, muga-muga wae Ki Lurah kebukan penggalihe lan kersa ngajak kabeh kawula sarta Pamong lan kabeh sapukawat ing Pangapitan mangayom marang Padhepokan Nagalanang, murih kabeh bisa nampa kanugrahan saka Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang wujud kabegjan lan kaslametan. Nanging yen kapeksa Ki Lurah mung nggugu kersaning priyanggane, ya arep kepriye maneh? Ya kapeksa kudu disirnakne. Lan ndika ora susah kuwatir sapa bakale sing gumanti nglurahi Pangapitan kene. Aku sing bakal madeg dadi Lurah, lan manawa ana sing ora trima aku saguh nandangi, tak tetere sepira kadigdayane, yen bisa ngalahne aku, kena dheweke madeg nggenteni dadi lurah ing Pangapitan kene.”

        Rembagipun Bebau Kawisan ingkang makaten kala wau sinauran keplok rame dening para pamong saking Dhukuh Kawisan. Nanging lajeng dipun lerem dening Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten malih :

        “Becike aja ngrembug barang sing durung karuwan kedadeyane. Sing luwih baku, apa kang tak kandhakne wengi iki padha ndika eling-eling, awit kabeh mau pituduh saka Bapa Guru sing kudu digugu dening sok sapawa sing kepengin nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan. Saiki ndika kabeh dikeparengake bali menyang omahe dhewe-dhewe, mung wae ing omah kudu tansah samekta, sawayah-wayah ndika bakal ditimbali mrene saprelu nampa dhawuh lan nindakne kuwajiban saka Bapa Guru Kyai Nagalanang.”

        Sareng Ki Dungkul wicanten makaten menika, kula inggih lajeng pamit badhe wangsul. Makaten ugi Bebau Sumber lan para Pamong ingkang saking Dhukuh Sumber. Gandheng saking Jambon kula namung piyambakan, mila kula inggih lajeng nyarengi lampahipun Bebau Sumber. Nalika dumugi margi protigan, inggih ing papan ingkang kala wau sonten dening Ki Sumber kangge ngentosi kula, Ki Sumber ngajak kula mandheg rumiyin.

        “Mandheg dhisik Ki Jambon, ana rasa ngganjel ing atiku sing arep tak walehne marang ndika” wicantenipun Ki Sumber kalihan narik lising kapalipun murih mandheg.

        “Iya Ki Sumber, ana apa maneh?” pitaken kula.

 

(ana candhake)

 

Rabu, 28 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (48)


 

48.

        Kula lirik tiyang-tiyang ugi katingal boten sami mangertos kalihan ingkang dipun ucapaken Bebau Kawisan makaten kala wau. Malah lajeng kepireng sami klesak-klesik sesamining rencang ingkang sami taken takenan menapa ingkang sampun katindakaken dening Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek, mesthi sampun wonten prakawis ingkang wonten sambetipun kalihan Jagabaya Kawisan, awit menawi namung prakawis Bebau Pilang lan Bebau Pethek boten pitados kalihan warta ingkang mungel bilih Ki Dungkul lan Ki Batasigar badhe andum kabegjan menika, mesthinipun Ki Jagabaya Kawisan boten ngantos kados makaten menika anggenipun gela.

        “Sing sabar Ki Jagabaya” gentos Ki Dungkul ingkang wicanten suka wangsulan dhateng Ki Jagabaya Kawisan “ora kudu ndika sing kudu tumandang, wis ana dhewe siswa Padhepokan Nagalanang sing kajibah ngrampungne prekarane Bebau Pilang lan Bebau Pethek kuwi. Kanggo ndika lan siswa-siswa liyane bakal nampa jejibahan sing adoh luwih abot lahir batine sing kudu ditindakne. Apa para siswa sing ana pendhapa iki padha saguh?”

        “Kangge nggayuh kabegjan lan kawilujenganing gesang, badhea awrat ingkang kados menapa kemawon, kula saha Pamong lan sapukawat ing dhukuh Kawisan mriki boten wonten atur sanes kajawi namung sendika ngestokaken dhawuh, Bapa”  sareng radi sawatawis boten wonten ingkang atur wangsulan dhateng Ki Dungkul, Ki Kawisan lajeng atur kasagahan “awit kula sadaya sami pitados bilih Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang tartamtu boten badhe negakaken kawilujengan kula sakanca.”

        “Pancen bener apa kang ndika kandhakne kuwi mau Baune Kawisan” Ki Dungkul wicanten malih, nanduki menapa ingkang dipun aturaken Ki Kawisan “Pukulun Kyai Nagalanang ora bakal negakne marang para pandherek lan para siswane ngadhepi apa wae, dadi saupama ndika kabeh sajroning ngayahi jejibahan nindakne dhawuh saka Panjenengane, ndika kudu ngadhepi mungsuh sing sekti pilih tandhing, ndika ora bakal bisa kasoran lan mungsuh ndika sing mesthi bakal sirna marga layu, kajaba….”

        “Kajawi menapa Bapa?” Jagabaya Kawisan nyela rembag, jalaran Ki Dungkul radi dangu boten nyambet wicantenipun nalika dumugi tembung “kajaba”.

        “Kajaba yen miturut paningale Bapa Guru Kyai Nagalanang ana peranganing raga ndika sing wis ora becik lan prelu diganti karo sing luwih apik” Ki nutugaken anggenipun wicanten kalihan mesem, lajeng paring pitakenan “wis ngerti sing tak karepake?”

        “Dereng” tiyang-tiyang sami atur wangsulan sesarengan.

        “Yen nganti ndika maju ana ing Palagan, nindakne dhawuh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang manawa peranganing raga ndika kuwi isih sentosa kabeh, ndika mesthi bakal unggul ing yuda, sanadyan mungsuh sapa wae. Nanging yen ana peranganing raga ndika ana sing wis ora sempurna, kaya upamane sikile sing pincang, tangan sing ceko, kuping sing wis suda rungon, mripat sing wis ora awas lan sapiturute, mangka ya lumantar paprangan kuwi, ndika bakal dipulihake. Mula aja kaget lan susah ati ndika yen mengkone weruh sedulur ndika rubuh kapupu ing yuda. Katone mula tumekeng pati, nanging tenane ora. Ragane sing wis rusak dipendhem ing bumi, sukmane kanggo sauntara kaleremake ing suwarga tundha sanga. Yen wis oleh patang puluh dina, sukmane yen gelem bakal dibalekne ing raga sing anyar sing tanpa cacat babar pisan lan bakal bali kumpul karo kulawargane maneh, nanging yen luwih krasan manggon ing Swarga laya, iya dikeparengake mapan ing kono selawase.”

        Tiyang-tiyang boten wonten ingkang wicanten utawi pitaken dhateng Ki Dungkul magepokan kalihan katrangan ingkang nembe kemawon dipun dhawuhaken. Menawi kula, bares kemawon mila dereng ngandel kalihan katranganipun Ki Dungkul kala wau, jalaran kajawi boten kalebet ing nalar, kok kados-kados kuwaosipun Kyai Nagalanang menika saged nyameni panguwaosipun Gusti Ingkang Paring Gesang kemawon. Kula kinten anggenipun boten wicanten tiyang-tiyang ing Pendhapa menika mbok menawi nggadhahi gagasan ingkang meh sami kalihan kula.

        “nDika kok padha meneng wae?” Ki Dungkul lajeng wicanten malih “apa ndika ora percaya karo sing lagi wae tak kandhakne iki mau?”

        Dipun takeni makaten kala wau, tiyang-tiyang sakala sami pucet jalaran ajrih dhateng Ki Dungkul. Nanging panggah boten wonten ingkang semaur. Ki Dungkul mesem, lajeng noleh dhateng tiyang ingkang linggih ing kananipun Ki Dhangkal kalihan wicanten ingkang ngemu prentah :

        “Sobrah coba ngadega ing tengah jogan kono!”

        “Kula Kyai?” nem-neman bagus ingkang nami Sobrah suka wangsulan kalihan pitaken.

        “Iya” wangsulanipun Ki Dungkul “ngadega neng tengah kalangan lan critakna marang sedulur-sedulurmu kuwi lelakon sing tau mbok alami magepokan karo sing tak kandhakne iki mau!”

        Sobrah lajeng mlampah ing tengah jogan, sasampunipun mbungkuk atur kurmat dhateng Ki Dungkul lan Ki Batasigar miwah sedaya ingkang linggih ing jogan pendhapa, lajeng wiwit wicanten :

        “Nuwun sewu para sedherek kula sedaya, dipun tepangaken kemawon nami kula Sobrah saking Dhusun Brendhilan. mBok bilih ndika sami nginten lan mastani menawi umur kula menika nembe kur-kuran inggih?”

        “Leres kisanak menawi panginten kula umur ndika niku nggih selangkung tahun kirang” Bebau Sumber ingkang suka wangsulan radi sora “rak iya mangkono ta Lur?”

        “Nggih leres, Ki Bau” Pamong-pamong ingkang saking Dhukuh Sumber sami semaur sesarengan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Bau lan para sedherek sedaya” Sobrah wicanten malih kalihan mesem “panginten jengandika sedaya dereng pas, jalaran kula menika kenging kawastanan sampun sepuh, nanging ugi boten lepat menawi kawastanan taksih lare. Jalaran, ingkang sepisan kula dipun lahiraken dening Biyung kula menika tebih saderengipun Ki Batasigar ingkang samangke sampun yuswa sewidak gangsal tahun. Cethanipun nalika Ki Batasigar miyos  kula sampun umur gangsal tahun, kula mangertos miyosipun Ki Batasigar jalaran tiyang sepuh kula menika mila abdi utawi rewang ing dalemipun Ki Batasigar. Nalika kula umur suwidak tahun kula wiwit suwita lan puruita dhateng Ki Gendirireng. Sasampunipun cekap anggen kula ngangsu kaweruh kebatinan dhateng Ki Gendirireng, lajeng kula kadhawuhan nutugaken sinau dhateng Bapa Guru Kyai Nagalanang ing Padhepokanipun. Sasampunipun ngangsu kawruh ing Padhepokan Nagalanang watawis tigang tahun kula kedah ndherek pandadaran siswa. Ing adicara pandadaran siswa menika dening Kyai Nagalanang kadhawuhan ndherek Ki Gendirireng numpes Paguron Bethetbiru ingkang mapan ing sak leripun wana Brangkal. Bethetbiru menika paguron ingkang mengsahi Padhepokan Nagalanang. Nalika badhe bidhal nglurug dhateng Padhepokan Bethetbiru dening Ki Gendirireng kula dipun paringi pitutur kados ingkang dipun dhawuhaken Kyai Dungkul kala wau. Lha ing mriku kula nembe ngertos ingkang dados kersanipun Bapa Guru Kyai Nagalanang. Inggih menika kajawi ndadar sapinten kasetyan kula dhateng Padhepokan saha Bapa Guru Kyai Nagalanang, Bapa Guru ugi kepareng badhe paring kanugrahan dhateng kasetyan lan kapitadosan kula. Suku, tangan, pamireng, lan panyawang kula sarta perangan sanesipun saking badan kula mila wekdal menika sampun wancinipun dipun pulihaken kados duk kula taksih nem rumiyin. Saestu ing paprangan mengsah Paguron Bethetbiru kala wau, dhadha kula sigar kenging tumbak. Tiyang-tiyang sami sumerep kula rebah ing siti. Nanging kula boten kraos menapa-menapa, malah rumaos kula, kula sampun ngalih ing papan ingkang sakalangkung endah lan asri lan ing mriku menapa ingkang kula betahaken sedaya sampun cumawis. Mila kula sakalangkung gumun. Capet-capet kula kemutan menawi kula wau kadhawuhan ndherek nglurug perang dhateng Padhepokan Bethetbiru, nanging kok dumadakan kula sampun dumugi papan ingkang endah lan asri menika?. Dumadakan kados wonten ingkang nuntun, kula mlampah lan saged mabur kados dene peksi. Inggih saking menika kula lajeng dumugi papan raga kula dipun kubur. Kula lajeng kemutan kalihan dhawuhipun Ki Gendiriireng nalika kula badhe bidhal dhateng Padhepokan Bethetbiru kala wingenane, inggih menika Bapa Guru Kyai Nagalanang ngersakaken mulihaken peranganing raga kula ingkang sampun risak wangsul kados jaman kula taksih nem rumiyin. Estunipun dening Jawata ingkang mangreh papan ingkang endah lan asri lan menapa ingkang kula betahaken sampun cumawis menika, kula kaparengaken manggen wonten mriku salami-laminipun. Nanging gandheng kula kepengin saged tansah cecaketan kalihan Guru-guru kula ing Gendiireng lan ing Nagalanang, kula lajeng nyuwun murih kula saged wangsul dhateng raga kula malih. Lan sasampunipun raga kula pulih kados jaman kula taksih nem rumiyin, dening Jawata kula dipun keparengaken manjing ing raga kula malih, temah kula saged tangi saking kuburan lan wangsul ngadhep Bapa Guru Kyai Nagalanang ing Padhepokan.”

        Sasampunipun cariyos makaten kala wau, Sobrah lajeng mapan linggih malih ing papanipun sakawit. Tiyang-tiyang sami ndomblong saking anggenipun kasengsem dhateng cariyosipun Sobrah, tiyang ingkang umuripun sampun pitung dasa langkung nanging kawonrenanipun kados nem-neman umur kur-kuran kemawon.

 

(ana candhake)

Senin, 26 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (47)


 

47.

        “Ing pangangkah anggen kula badhe dhateng Kawisan, kula boten badhe ngampiri Ki Bau Sumber” Bebau Jambon nglajengaken cariyos malih “jalaran anggenipun dhawuh Ki Dungkul kula namung kadhawuhan sowan malih ing Kawisan dinten Budha Jenar malem Respati Palguna, boten mawi kenging ngajak utawi nyuwun dikancani Baune Sumber. Nanging jebul nalika kula dumugi margi protigan tengah sabin gempolan, Ki Bau Sumber sampun wonten mriku ngentosi.

        “Meh wae aku mau arep nusul ndika lho Ki Jambon” wicantenipun Ki Sumber nalika kula sampun caket kalih piyambakipun “aku kuwatir ndika lali utawa sengaja murungake nggon ndika arep sowan menyang Kawisan, merga ana dhawuh saka Lurahe nek Parepatan Akad Legen dimajokne dadi wengi iki.”

        “Aku mau awan wis pamit marang Adhi Sukmana, Ki Sumber” wangsulan kula “pamit nek wengi iki aku kapeksa ora bisa melu teka ing adicara rembug desa, jalaran aku ditimbali guruku supaya ngadhep wengi iki lan aku wis kadhung nyaguhi. Ya muga-muga nggonku wis kumawani ngaku yen ditimbali guruku kuwi ora ndadekne dukane Ki Dungkul lan Ki Batasigar, jalaran sing dhawuh supaya aku menyang Kawisan wengi iki panjenengane Ki Dungkul lan Ki Batasigar, kamangka aku ya durung bisa mesthekne aku iki wis dipercaya tenan dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar apa durung.”

        “Sokur ta nek pancen mangkono Ki Jambon” Ki Sumber wicanten malih, suwantenipun kepireng menawi manahipun lega, lan kanthi pambiyantunipun soroting rembulan tanggal kaping sewelas, lamat-lamat ketingal menawi Bebau Sumber anggenipun wicanten kalihan mesem “ndika ora prelu kuwatir, ora bakal ndika kena duka saka Bapa Dungkul apa dene Bapa Batasigar awit anggon ndika kandha marang Adhi Sukmana yen ndika katimbalan dening Guru ndika. Jalaran sapungkur ndika wingenane kae, aku lan Ki Kawisan didangu akeh-akeh dening Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar bab watak-watak ndika lan aku apa dene Ki Kawisan ya matur blaka apa anane yen ndika kuwi kena diarani wong sing lugu, apa sing dikandhakne padha karo sing dadi isen-isening atine…..”

        “Lha Ki Dungkul lan Ki Batasigar banjur kepiye?” kula nyela rembag, ing batos kula nggagas teka benten kojahipun Ki Sumber menika kalihan dhawuh pangandikanipun Ki Dungkul dhateng kula, kala wingenane menika Ki Dungkul dhawuh menawi panjenenganipun ngrantos dhawuh saking Kyai Nagalanang magepokan kalihan wangsulan kula, leres tumusing manah menapa namung lelamisan, awit estunipun sanaosa Kyai Nagalanang boten wonten ing Kawisan, nanging panjenenganipun uninga menapa ingkang nembe dipun rembag dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar kalihan kula. Nanging menika kala wau nembe kemawon Ki Sumber criyos menawi piyambakipun lan Ki Kawisan dipun dangu kathah-kathah dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar, magepokan kalihan watak kula. Nanging kula inggih boten blaka dhateng Ki Bau sumber ngengingi suwantening batos kula menika.

        “Bapa Guru sakloron iya banjur percaya marang apa sing tak aturake apa dene sing diaturne Ki Kawisan” Baune Sumber suka wangsulan “dadi wangsulan ndika wingenane kae wis dipercaya, lan iki mengko ndika bakal kaparingan pituduh apa sing kudu ndika tindakne murih ndika bisa kagolong wong sing nampa kabegjan lan kaslametan saka Eyang Guru Kyai Nagalanang lumantar Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar. Mula saiki ayo daya-daya bareng karo aku marak ing ngarsane Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, aja nganti dadi pangarep-arepe Bapa Guru sakloron. Amarga kajaba kaya sing dak kandhakne iki mau, sajake bakal ana dhawuh saka Bapa Guru sakloron sing kudu ditindakne dening kabeh siswa-siswane, ketitik mau ana timbalan susulan supaya kabeh siswa mlumpuk ing joglone Ki Kawisan.”

        Kula kalihan Ki Bau Sumber inggih lajeng bidhal, anggenipun nggelak lampahing kapal inggih radi dipun rikataken. Nalika kula kalihan Bebau Sumber dumugi ing Joglonipun Bebau Kawisan, mila ing mriku sampun kathah tiyang. Nanging boten mlebet ing pendhapa, namung sami gegrombolan ing plataran lan ing pekarangan. Sedaya ketingal sami sikep dedamel, tiyang-tiyang menika boten wonten ingkang sampun kula tepangi awit dede warga Kawisan utawi Pangapitan. Ingkang wonten salebeting pendhapa namung Para Pamong saking Kawisan lan Pamong-pamong saking Sumber, namung menawi saking Sumber ketingalipun pamong ingkang wonten mriku boten jangkep. Sawatawis Ki Dungkul lan Ki Batasigar lenggah ing ngandhap talang, ing sisih kananipun ketingal Ki Dhangkal  jejer kalihan Ki Bau Kawisan lan tiyang gangsal malih ingkang dereng kula tepangi.

        “Kene, kene Baune Sumber lan Baune Jambon” Ki Batasigar grapyak anggenipun ngendika nalika pirsa kula kalihan Ki Bau Sumber minggah pendhapa “ndika wong loro padha linggiha sacakete baune Kawisan kene.”

        Mila radi benten kalihan lelampahan kala wingenane, Ki Batasigar menawi ngendikan kalihan kula ngginakaken basa krama, nanging dalu menika sampun ngginakaken basa ngoko. Salebeting manah kula nginten, menawi kula sampun dipun anggep dados siswanipun kados dene Ki Bau Sumber. Kamangka kanyatanipun kula dereng rumaos dados siswanipun Ki Batasigar menapa dene Ki Dungkul. Inggih kanthi wontenipun kedadosan kados makaten menika ingkang njalari raosing manah kula sansaya mindhak tidha-tidha, kapitadosan kula dhumateng Ki Batasigar lan Ki Dungkul dados suda. Nanging ingkang makaten menika boten kula lahiraken, kula namung kendel kemawon malah lajeng nirokaken slaganipun Ki Bau Sumber, ingkang ngabekti langkung rumiyin dhateng Ki Batasigar lan Ki Dungkul saderengipun mapan linggih ing sisihipun Bebau Kawisan.

        “Para siswa kabeh” Ki Batasigar lajeng ngendika kanthi suwanten ingkang radi sora “ndika kabeh padha sumurupa, Baune Jambon saiki wis dadi sedulur lahir batin karo awake dhewe kabeh. Awit saka kamurahane Bapa Guru Kyai Nagalanang, Panjenengane wis kepareng maringake Kabegjan lan Kaslametan marang Baune Jambon. Sabanjure dhawuh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang marang Baune Jambon lumantar aku lan Ki Dungkul ya iku supaya ngajak para kawula ing Dhukuh Jambon mligine para pamonge  supaya padha pinter lan ngalab kabegjan lan kaslametan sing diasta dening Bapa Guru Kyai Nagalanang lumantar aku lan Ki Dungkul. nDika wis ngerti Baune Jambon?”

        Dipun tlemak kalihan rembag makaten menika, kula boten saged wangsulan menapa-menapa kajawi namung manthuk kemawon lan kula tingali Ki Batasigar, Ki Dungkul menapa dene Ki Dhangkal lan Bebau Kawisan sami mesem kalegan.

        “Sabanjure” Ki Batasigar lajeng wicanten malih “ndika kabeh padha sumurupa, wujude kabegjan lan kaslametan iki ora suwe maneh bakal katon ngalela cetha wela-wela bareng lan katone kacilakan lan kasangsaran sing bakal disandhang dening wong-wong sing kumalungkung wani nggorohake warta saka Bapa Guru Kyai Nagalanang sing tak gawa karo Ki Dungkul sakanca iki.”

        “Nyuwun pangapunten Bapa Guru, menapa ing Pangapitan mriki menika taksih wonten tiyang ingkang kumalungkung boten pitados dhateng menapa ingkang jengandika dhawuhaken Bapa?” Ki Lempuk, Jagabaya Sumber kalihan nyembah matur nyuwun pirsa.

        “Aku kandha mangkono kuwi cetha yen isih ana malah kepara isih akeh ta Ki Jagabaya” Ki Batasigar suka wangsulan “yen sing mangkono kuwi kawula lumrah, mbok menawa isih ana sethithik pangapura sing diparingake dening Bapa Guru Kyai Nagalanang, nanging manawa sing mangkono iku kalebu Pamong mangka sajroning wektu embuh sedina embuh rong dina mesthi bakal ilang saka lumahing bumi iki, titenana wae!!!”

        “Nggegirisi…..” boten kraos tiyang-tiyang sami grenengan alon.

        “Ya nek dirasakne pancen nggegirisi” Ki Batasigar wicanten malih “nanging kabeh-kabeh kuwi iya jalaran saka salahe dhewe, ngendel-ngendelne dumeh duwe kalungguhan lan kaluwihan ing reh ulah kanuragan banjur kasinungan ati kumalungkung wani ngremehake sedulure sing duwe niyat becik sing ngajak murih padha oleh kebegjan lan kaslametan, wekasane undhuh-undhuhane ya kaya sing tak kandhakne mau, ilang saka lumahing bumi, ragane bakal dadi rabuke desa iki dene sukmane nyemplung ing kawah candradimuka mbuh pirang atus tahun lawase, yen wis lagi dientas lan dikumpulake karo bangsa lelembut ing alam sonya luri. Sepisan maneh tak baleni, marang wong sing mangkono iku ndika kabeh ora dikeparengake duwe rasa welas lan mesakake.”

        “Inggih Bapa Guru” Jagabaya Kawisan kalihan suwantenipun ingkang gumleger nyauti wicantenipun Ki Batasigar, “kula babar pisan boten badhe welas dhateng tiyang ingkang kumalungkung makaten menika, malah menawi dipun keparengaken kula langkung remen menawi kadhawuhan nyirnakaken tiyang-tiyang ingkang makaten kala wau, sakiting manah kula dhateng tiyang kumalungkung kados patrapipun Bebau Pilang lan Bebau Pethek ingkang kumawantun nggorohaken dhawuh saking jengandika Bapa Guru, dugi sapriki dereng mantun.”

        Ki Batasigar lan Ki Dungkul ketingal mesem ketawis remen mireng aturipun Jagabaya Kawisan makaten menika kala wau. Kula piyambak boten mangertos menawi Bebau Pilang lan Bebau Pethek pranyata sampun damel sakit manahipun Jagabaya Kawisan.

 

(ana candhake)

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...