5.
Sing
diarani dening Tanggon Guwa kuwi mau jebul mung wujud papan sing jembare watara
rong puluh jangkah mubeng sing dikupengi punthuk-punthuk rada dhuwur, mung ing
sisih kidul saka panggonan kuwi ana papan sing kaya erong gedhe manggon neng
ngisore punthuk. Papan sing kayoman
dening ngrembuyunge pang saka wit-witan sing gedhe-gedhe kuwi uga dipayoni
nganggo alang-alang garing sing diwelit lan digapit, rapet dadi kena kanggo
ngiyub manawa ana udan sing tumiba utawa kanggo nadhahi tumurune banyu ebun ing
wanci bengi.
Tekane
Tangon sing ditutne karo Pradapa, Rangga lan Marga pranyata nuwuhake rasa
seneng saka Pahing, Tolu lan Pangkas sing dina kuwi kudu leren mandheg ora oleh
metu saka guwa, merga sing kejatah golek pangan kanggo dina kuwi uga
ngulat-ulati kahanan sajabane guwa, tiba gilirane Tanggon. Wong telu kuwi
banjur padha kanthi grapyak semanak njagongi sing lago padha teka.
"Saestu
kula boten nginten menawi dinten niki kula saged kepanggih kalih ndika Gus
Dapa" kandhane Tolu makili kanca-kancane "sanaosa kula ngertos bilih
nalika samanten ingkang dhawahaken paukuman tundhung dhateng kula tiyang
sekawan niki, murih kesah saking Kepuh Agal mila nDika Gus Dapa, nanging kula
tiyang sekawan ugi ngertos bilih anggen ndika ndhawahaken paukuman tundhung
dhateng kula tiyang sekawan niki
estunipun namung kangge ngayomi kula lan kanca-kanca saking wentalanipun Lurah
Danara miwah murid-muridipun Kyai Daka".
"Iya
Paman" wangsulane Pradapa alon, sanajan tatu neng lempenge wis ora krasa
lara, nanging kekuwatane Pradapa durung pulih, isih krasa lemes lan kurang
daya. Tanggon sing wis ngerti yen Pradapa lagi nandhang tatu, banjur mbisiki
Pangkas. Sing dibisiki manthuk-manthuk banjur mundur alon-alon rada mire,
ngalih ing peranganing guwa sing kaling-kalingan wit gedhe, Tanggon ngetutne
ana mburine.
"Aku
dhewe uga ora ngira yen aku bakal ketemu karo ndika kabeh ing papan kene"
Pradapa nutugne anggone wangsulan "malah iki mau upama ora awit oleh
pitulungan saka Adhi Rangga lan Adhi Marga, sing nyingidake ragalku sing wis
ajur amoh mergakena gegamane para andhahane Lurah Danara, lan uga banjur
diusadani nganggo carane Dewa paring usadam kira-kira aku ora bakal bisa ketemu
ndika kabeh kanggo selawas-lawase. Merga miturut petungan nalar lumrah, tatu
sing ana lempengku merga kena disawat Kudhi dening si Parwa, kudune wis ora
bisa ditulungi maneh. Nanging iya awit mandining tamba sing didarbeni Adhi
Marga ora nganti ngentekne wektu seprapat dina, tatuku wis pulih".
"Sing
ndika kandhakne kuwi mau ana sing ora bener Kakang Pradapa" Marga nyaru
wuwus nugel omongane Pradapa.
"Boten
leres? ingkang lepat ingkang pundi Adhi?" Pradapa takon sajak gumun, merga
rumangsane sing diomongne kuwi mau ya jumbuh karo kahanan sing dilakoni.
"Dudu
tamba lan caraku mbudidaya murih tatu ndika enggal waras sing ndadekne ndika
isih bisa urip tekan saiki, nanging kabeh mau mung awit saka Maha Asihe Gusti
marang kawulaNe" wangsulane Marga aweh piwulang supaya menungsa ora
gampang nglalekne kamurahaning Gusti.
"Inggih-inggih
Adhi" wangsulane Pradapa "Adhi Rangga lan Adhi Marga lakar namung
dados srana kawilujengan kula".
"Nyuwun
pangapunten Gus Dapa" dumadakan Tolu bali guneman "estunipun
kadospundi larah-larahipun ngantos ndika
keplajeng lan dados buronipun Ki Lurah Danara menika? kamangka
sadangunipun menika Gus Dapa tansah ngalah lan boten nate nglanggati
pikajengipun Lurah Danara ingkang saben-saben tansah pados dadakaning pasulayan
menika?".
"Kuwi
rada dawa critane Paman Tolu" wangsulane Pradapa "lan kanggo crita
minangka wangsulan marang ndika kuwi, lagi bisa tak kandhakne mengko yen wis
rampung olehku atur wangsulan marang Adhi Rangga lan Adhi Marga kang uga
mbutuhne crita sing rada dawa yen wis rampung lagi aku bisa aweh wangsulan
marang ndika lan marang Paman Tanggon sing mau uga nakokne perkara kang padha
karo pitakon ndika marang aku lagi wae iki mau".
"Manawi
makaten, inggih mangga Gus Dapa wawan pangandikan rumiyin kalih Adhi kekalih
menika, murih boten angreregoni anggen ndika badhe rerembagan, kula kalih Adhi
Pahing tak mire sawatawis nusul Adhi Tanggon lan Adhi Pangkas ing
pepengkeran" kandhane Tolu sabanjure banjur ngatag Pahing diajak ngalih
"ayo Dhi, mire sauntara aja ngregon-ngregoni Gus Dapa lan Adhi Rangga
sarta Adhi Marga wawan pangandikan".
"Ora
prelu ngalih Paman" wangsulane Pradapa "malah kepara padha mlumpuka
ana kene, prelune mbok menawa ana kliwatane critaku Paman-paman sing uga ngerti
lelakon sing arep tak aturne marang Adhi Rangga lan Marga mengko, bisa nggenepi
critane. Lan mbok menawa wae, kanthi melu nyemak apa sing bakal tak aturake
marang Adhi Rangga lan Adhi Marga mengko, pitakonan ndika lan pitakone Paman
Tanggon katut bisa oleh wangsulan".
Tanggon
karo Pangkas sing mau ngalih, mbalik mara mrono maneh, karo nggawa panganan
sing diwadhahi tampah, uwi gembili godhogan karo daging kidang sing wis diolah
prasaja kanthi dipanggang dibumboni uyah. Sauntara minangka ombene banyu tawa
sing diwadhahi ing jero Kendhi.
"Nyuwun
pangapunten Raden, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga saha Gus Dapa" kandhane
Tanggon karo nyelehne tampah sing disangga ing dhuwur Theple sing dienam saka
blarake kelapa "mangga katuran ngrahabi tetedhan pala kependhem saking
wana saha ulam kidang asil mbebedhag kala dalu".
"Matur
nuwun Kakang" sing aweh wangsulan Rangga sing banjur kandha marang Marga
"lha uwi putih mau katut mbok gawa mrene apa ora Dhi?".
"Ingkang
mbeta mriki kula Adhi" sing aweh wangsulan malah Tanggon "ingkang
sampun bakaran nembe kemawon kula tedha kalih Adhi Pangkas, lha ingkang taksih
mentah kula wor kalih pala kependhem anggen kula pados ing pengkeran".
"Oo,
ya wis mau aku kober kuwatir nek olehku ndhudhuk uwi alus esuk mau jebul ora
kepangan" kandhane Rangga sabanjure.
"Inggih
Adhi" genti Pradapa sing guneman "mangga enggal dipun rahabi mawon,
saderengipun kula lajengaken ngaturaken lelampahan kula dhateng Adhi
kekalih".
"Iya
Kakang" wangsulane Rangga "mangga".
Dhasare
wis padha ngelih kabeh, mula sanadyan mung wujud pala kependhem digodhog, karo
dilawuhi iwak kidang sing mung dipanggang lan dibumboni uyah thok, ewa samono kabeh
padha ngrasakne enake panganan sing lagi dirahabi. Bubar mangan banjur padha
gentenan nglangga banyu tawa saka jerone kendhi, krasa seger lan nuwuhake
kasumyahan marang sakujuring raga.
"Criyosipun
rumiyin niku, rak makaten ta Dhi" kandhane Pradapa sawuse padha rampung
olehe padha mangan .
"Iya,
kepiye Kakang Pradapa?" Rangga wangsulan karo takon.
"Criyosipun
ingkang rumiyin manggeni papan ingkang samangke kasebat Dhukuh Kepuhagal utawi
Kepoh Agal, menika rak Bapa tuwin Biyung kula?" Pradapa miwiti crita.
"Ngono
Kakang ya?" Marga nyela rembug.
"Inggih
Adhi" wangsulane Pradapa nutugne crita "Tiyang Sepuh kula rumiyin
suwaunipun tiyang saking laladan Pajang, gesang minangka bakul utawi nindakaken
lampah dagang, dados gesangipun inggih kenging winastan sampun cekap. Nanging
andilalah garising pesthi ingkang kedah dipun pidak dening tiyang sepuh kula
lan anakipun inggih menika kula, ngedahaken nglampahi gesang kesrakat
ketula-tula dados tiyang klambrangan temah ngantos dumugi papan ingkang
samangke sinebat Dhukuh Kepoh Agal menika".
"Kok
Bisa mangkono Kakang?" Rangga sumela takon.
"Inggih
Adhi" wangsulane Pradapa karo nutugne critane "meh sareng jamanipun
Ki Gedhe Mataram nilar kitha Pajang saperlu mbabad wana Mentaok kalihan
putranipun ingkang samangke jumeneng ing Mataram, inggih Gusti Panembahan
Senapati, tiyang sepuh kula nampi pacoban saking Gusti Ingkang Paring Gesang.
Griyanipun tiyang sepuh kula kadugen Kampak ingkang dipun sraya dening salah
satunggaling sodagar ingkang boten remen dhateng tiyang sepuh kula. Sedaya
barang pengaji lan isen-isening griya dipun tedhi srana peksan, lajeng griya
dipun obong ngantos telas. Bapa kalihan biyung sarta kula dipun tundhung murih
kesah, menawi boten purun badhe dipun pejahi. Inggih awit karoban mengsah,
tiyang sepuh kula babar pisan boten saged suka panglawan. Inggih saderengipun
griya telas kamangsa ing latu, Bapa tuwin biyung nganthi kula kesah nilaraken
dhusunipun. Kesah sapurug-purug dados tiyang papriman".
"Ing
ngarep mau ndika dhawuh, yen sing wiwitan manggon neng Dhukuh Kepuh Agal kuwi
wong tuwa ndika, kuwi critane kepriye?" Rangga munggel rembug kanthi
pitakonan.
"Menika
kalampahan awit Bapa nindakaken dhawuh piwucalipun Kyai Juradah lan Kyai
Asmarasanta" Pradapa aweh wangsulan.
"Sapa
maneh kuwi?" Marga sumela takon.
"Kekalihipun
menika abdi kinasih saking Sang Hyang Bathari Setyawati, inggih Ratuning para
lelembat ing Kraton Ngiyom, ingkang menawi kasawang mawi mripat limrah
wujudipun inggih namung Sendhang alit ingkang mapan ing Kidul mrika radi
sawatawis tebih saking papan mriki. Dene jangkeping cariyos kados makaten
...................."
ana
candhake