Total Tayangan Halaman

Jumat, 30 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (025)


 

25.

Sudimin dhewe mung meneng ngapurancang, ngenteni dhawuh-dhawuh sing bakal dingendikakne dening Pak Suwaji. Mung wae Sudimin wiwit ngira-ira sajroning atine. Pamundhut pirsa saka Pak Suwaji mau sajake mung dhapur nocogake crita sing tau ditampa dening Pak Suwaji sadurunge karo atur wangsulan sing diaturne dening Sudimin. Pikirane Sudimin bali mecaki lan nggogoni karo crita bab Pak Dalal sing dhek esuk methuki Pak Suwaji. Apa Ninuk crita marang Bapake nek antarane Ninuk karo dheweke kuwi kanca sakelas sing raket ? Olehe duwe gagasan mangkono kuwi, merga Sudimin ngerti yen Ninuk tansah mbudidaya murih bisa luwih raket karo dheweke, iya nganggo cara apa wae.  Banjur apa gandheng cenenge karo pamundhut pirsane Pak Suwaji bab weling lan crita saka Bapakne sing saiki wis Transmigrasi kae?. Mau wangsulane Sudimin cetha yen ora nyambung karo sing dipenggalih dening Pak Suwaji. Apa ya? tata gelar Sudimin meneng, ngenteni dhawuh, nanging satemene atine gronjalan ora karuwan.

 

“Lha nek karo Sri Hartini putrane bakul gabah sing gedhe dhewe sa Kecamatan Kedunggalar kae, apa kowe ya tepung becik Min?”  dumadakan Pak Suwaji nutugne olehe mundhut pirsa. Pitakonan sing keri iki, sansaya ndadekne atine Sudimin kaget. Ya gene Bendarane kuwi mundhut pirsa sambung kekancan antarane dheweke karo Hartini barang ?.

 

“Inggih tepang sae ta Bapak?” karo tetep anteng Sudimin atur wangsulan “Hartini niku, nika lho Bapak lare estri ingkang dados Ketua kelas ing sinau kelompok ing dalem mriki menika, ugi piyambakipun menika menawi ing sekolahan ugi pinitados dados Ketua Kelas ing kelas kula”.

 

“Bocahe ayu ya Min?” Pak Suwaji mundhut pirsa karo mesem. Sudimin katut melu mesem, semu rada isin.

 

“Inggih, meh sedaya lare jaler kanca kula, sami mastani makaten” atur wangsulane Sudimin ing sela-selaning eseme.

 

“Kuwi jarene kanca-kancamu? Lha nek miturut panemumu dhewe ?” Pak Suwaji nguber nganggo pitakonan.

 

“Menawi pamanggih kula nggih sami kalih kanca-kanca, Bapak” wekasan Sudimin ya blaka ngaturne panemu nek Hartini pancen ayu, banjur ditambahi “kajawi makaten Hartini menika larenipun ramah, sopan, sregep lan nggadhahi raos tanggel jawab ingkang ageng, saupami boten piyambakipun ingkang kukuh kinten-kinten sinau kelompok nika sampun dangu bubar”.

 

“Dadi kowe ya raket banget ya nek karo Hartini kuwi? Mesthine kowe ya seneng wong bisa raket karo bocah ayu, sregep lan liya-liyane kuwi mau?” Eseme pak Suwaji sansaya amba. nDadekne Sudimin mbrabak abang rumangsa nek dibeda.

 

“Jan-jane ngono rak ngene ta Min” sawuse Sudimin ora wangsulan, meneng sedhela, Pak Suwaji nutugne olehe ngendika “olehe Bapak mundhut pirsa neka-neka marang awakmu iki mau rak ana sambung rapete karo rawuhe Pak Dalal ing omah kene esuk mau?!?”

 

“Inggih Bapak” Sudimin wangsulan alon.

 

“Maune Bapak ya rada gumun, kok dumadakan Pak Dalal kersa tindak mrene?” Pak Suwaji nutugne anggone crita “kathik pas Bapak nyuwun pirsa sing dadi wigatine rawuh mrene Pak Dalal mung gumujeng, karo dhawuh nek jare mung merga kangen karo Bapak”.

 

“Aneh, tiyang Pak Dalal menika rumaos kula radi kirang akrab kalihan Bapak, liripun sanes kanca raket makaten lho Bapak?” Sudimin nyela rembug.

 

“Iya pancen aneh” Pak Suwaji mesem maneh “nanging isih ana sing luwih aneh maneh Min”.

 

“Menapa menika Bapak?”

 

“Sing dipundhutne pirsa Pak Dalal malah awakmu, kok sing ngladekne kopi karo camilane Ibumu dhewe, kamangka iki rak dina prei, mesthine kowe rak ora lunga?” Pak Suwaji paring wangsulan “bareng Ibumu matur nek kowe menyang sawah ngirim Pakdhe Saidi, Pak Dalal malah banjur ngendikan akeh-akeh”.

 

“Ngraosi kula inggih Bapak?”

 

“Iya, nanging ngrasani apik kok, aja kesusu duwe pangira ala marang Pak Dalal” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Inggih ta Bapak?” Sudimin mlengak, gumun.

 

“Iya olehe paring pangalembana marang awakmu, jian nganti entek amek kurang golek ngana kae” Pak Suwaji sansaya amba anggone mesem “wiwit ngalem olehmu sregep nyambut gawe, gathekan ing samubarang gaweyan, pintere anggonmu sekolah lan liya-liyane. Nganti wekasan tekan sing Bapak pundhutne pirsa marang awakmu mau”.

 

“Ingkang pundi Bapak?”

 

“Ya kabeh, wiwit pitakon kapisan nganti pitakon pungkasan”.

 

Sudimin wis ora semaur, ora merga apa-apa nanging durung ngerti apa sing dingendikane Pak Suwaji.

 

“Pak Dalal mau rak crita, yen biyen jaman kowe isih bayi, Yu Sudinem ya simbokmu, gaweyane rak ngasag? gresek sisa-sisa pari sing keri ana kedhokan sawise dipanen wong derep. Pas ngasag ing sawahe Pak Dalal, dening simbokmu kowe digendhong nganggo jarik, olehe nggendhong dikojong wong wektu kuwi umurmu durung genep pitung lapan. Merga kowe keturon ana gendhongan, mula dening simbokmu pucuke jarik sing sesisih dienggo nutupi kowe” pak Suwaji nyritakne crita sing ditampa saka Pak Dalal.

 

Ora krasa krungu crita mangkono kuwi Sudimin ndhingkluk, atine keranta-ranta, kaya ngono rekasaning urip sing disandhang wong tuwane jaman semana, direwangi nyambi nggendhong bayi, nekad gresek gogrogan pari neng sawahe wong , betheke kepengin bisa nyukupi butuh. Tanpa keneng dipenggak, luhe Sudimin wiwit mili, nelesi pipine. Kelingan marang simboke sing saiki wis adoh manggon neng Bumi Sumatera sing dheweke ya durung pati ngerti kepriye mungguh nasibe.

 

“Lha jenate Paeran Dengkek, rewange Pak Dalal sing ora ngerti nek sing digendhong ditutupi pucuk jarik kuwi kowe” pak Suwaji sing ora pirsa nek Sudimin dleweran eluhe kuwi nutugne olehe ngendika “ngira nek simbokmu ndhelikne pari ageman neng gendhongane, ditutupi jarike. Paeran Dengkek banjur matur marang juragane, ngandhakne nek Yu Sudinem nyolong pari ditutupi pucuk jarik”.

 

“Astaghfirullahal’adziim……” ora sranta Sudimin nyebut, maca istighfar. Atine sansaya keranta-ranta, nganti samono aboting panandhanging urip sing dilakoni simboke.

 

“Aja banget-banget nggonmu mikir Min” Pak Suwaji sing dumadakan pirsa yen Sudimin mbrebes mili paring tutur “kuwi lelakon sing wis suwe banget kelakone lan ora bakal dilakoni maneh dening simbokmu”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin karo ndhingkluk.

 

“Maune, pas dilapuri Paeran Dengkek, Pak Dalal ya duka. Banjur simbokmu diparani, Paeran Dengkek luwih dhisik nyedhaki Yu Sudinem, arep nyendhal pucuke jarik, kareben “pari” sing didhelikne ceblok” Pak Suwaji nyambung critane “Nanging sepira kejoting penggalihe Pak Dalal, bareng jarik gendhongane Yu Sudinem digeret tanpa dikandhani luwih dhisik, Yu Sudinem njerit, nanging tangane isih luwih cepet nggone obah, ani-anine dibuwang sebrung banjur ngrayuk bayi sing meh tiba neng lemah, banjur dikekep karo ditangisi. Paeran Dengkek ya kaget setengah mati, jebul pangirane kleru, olehe ndakwa nek Yu Sudinem wis nyolong lan ndhelikne pari ageman neng gendhongane luput, Paeran Dengkek babar pisan ora ngira nek sing digendhong Yu Sudinem ditutupi nganggo pucuk jarike kuwi mau jebul kowe sing isih bayi”.

 

“Sareng ngertos menawi Simbok jebul boten nyolong kados pandakwanipun Pakdhe Paeran Dengkek niku, Pak Dalal lajeng kados pundi Bapak?” Sudimin nyela rembug, matur marang Pak Suwaji.

 

“Kaya sing wis Bapak kandhakne mau” Pak Suwaji paring wangsulan “Pak Dalal kejot, ngoplok, ngewel, ndhrodhog nganti dhawah lenggah ing galengan. Merga meh wae, panjenengane bakal keseret perkara kadurjanan sing ora entheng, saupama Simbokmu ora prigel lan kowe ceblok saka gendhongan kecemplung kedhokan sing endhute meh separo kentol, mesthi urusane dadi dawa, paling ora mesthi tekan Kantor Polisi malah kurang-kurang bejane, nek nganti ana apa-apa karo kowe sing isih bayi kuwi, bisa uga Pak Dalal bakal mlebu pakunjaran ngancani Paeran Dengkek. Wektu kuwi simbokmu uga ngrumangsani luput, dene meksa awake ngasag karo nggawa anak sing isih bayi, mula sanadyan kowe ora nganti tiba menyang lendhut kedhokan, nanging kira-kira awakmu ya dadi owah, ketitik kowe ya banjur nangis kekejer neng kekepane simbokmu. Gandheng dieneng-eneng olehmu nangis ora keneng, simbokmu ya banjur mentas saka kedhokan. Senik wadhah asagan sing keri neng sawahe Pak Dalal wis ora digagas maneh, Simbokmu bablas bali menyang omahe karo ngeneng-eneng kowe. Nalika samana wektune pancen wis ngasar cendhek”.

 

“Mesakaken sanget simbok” ora krasa Sudimin sumela atur karo suwara sing lirih nanging cetha.

 

“Lha Pak Dalal sing rumangsa salah lan binarengan rasa kuwatir yen nganti Bapakmu ya Kang Diman Bandhat ora nrimakne perkara kuwi, bengine Pak Dalal karo Bu Dalal dikancani Paeran Dengkek, mara menyang omahe wong tuwamu, arep asok kaluputan lan mundhut pangapura. Pak Dalal ngasta oleh-oleh pari patang agem, sing dipikul jenate Paeran Dengkek, karo beras sacenthak dibuntel neng glempo, dicangking Pak Dalal dhewe. Bu Dalal nggendhong putrane sing lagi umur rong lapan, ya Ninuk kae” Pak Suwaji paring wangsulan kanthi nyritakne maneh crita saka Pak Dalal mau esuk.

 

Sudimin mung meneng karo ngrungokne. Jaman semana murah temen sing jenenge pangapura. Meh wae gawe cilakane bocah cilik sing durung weruh dosa, nanging mung arep ditebus nganggo pari patang agem karo beras sacenthak. Batine Sudimin anyel, nanging dheweke ora guneman apa-apa.

 

ana candhake.

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (024)


24.

Bawaning ati sumpeg sing ora cetha sing disumpegne, bubar wudlu karo ngenteni rawuhe Kyai Wahid munggah langgar ngimami salat, Sudimin banjur nindakne sembahyang sunah rong rakaat, disambung karo ndedonga marang Sing Maha Kuwasa masrahake kabeh sing dadi sangganing pikire. Kanthi cara mangkono kuwi Sudimin tumuli bisa nemu dudutan, yen sing disumpegne kabeh mau, ya bab tekane Hartini, ya tekane Pak Dalal, ya critane Pakdhe Saidi, kabeh ora ana gunane yen ta digagas nemen-nemen. Isih ana prakara liya sing genah lan cetha sing mbutuhne digagas lan pantes digagas. Kaya dhawuhe Bu Suwaji sing nyritakne lelakone Koh Wie sing saiki dadi wong sugih sing tokone gedhe lan rame, duwe rewang sapirang-pirang, kuwi biyen ora kok dumadakan dadi wong sugih ngono wae, nanging ya diwiwiti saka sethithik sing katone ora pati ana sing nggagas. Lan Sudimin ya ora kepengin selawase urip mung dadi wong ndherek sing kaya sing dialami saiki iki. mBuh kapan wektune, Sudimin uga duwe pepenginan bisa males kabecikan marang Pak Suwaji lan kulawargane sing kepareng ngukup dheweke nganti bisa sekolah tekan SMP kaya saiki iki. Mula mbesuk yen wis tamat SMP Sudimin kepengin ngecakne ngilmu lan kaweruh sing ditampa sing bisa dienggo dadi lanjaran sing arep dirambati sajroning nindakne wajibing urip.

 

Ya merga gagasane Sudimin wis bali kaya adat lumrahe ngono kuwi, ndadekne olehe sembahyang dadi sansaya khusuk lan kapitayan menawa Gusti Sing Maha Asih ora nate kagungan sedya ala marang kawulaNe sansaya kenceng tumancep ing atine. Pancen manungsa urip neng donya kuwi jinejer dadi lakon, sarta adile ya kudu dilakoni kanthi sabar lan tawakal, wajibing manungsa mbudidaya murih uripe luwih tumata, kudu ora kena kendhat, terus dilakoni kanthi tumemen linandhesan ati sing sabar lan narima, pasrah marang purbaning Kawasa.

 

Tekan omah sawise salin panganggo, tumuli menyang babragan arep mangan awan. Sudimin bali eling marang dhawuhe Kyai Wahid, ambak-ambak mung sak mangan, sing satemene duwe kukum mubah. Nanging jebul bisa dadi wajib lan uga bisa dadi haram. Bisa dadi sarana nampani nugrahaning Gusti nanging uga bisa dadi sarana cilakaning dhiri.

 

“Ambak-ambak sing dipangan kuwi cetha nek barang sing halal, sing ora olehe saka nyolong utawa ngapusi, nanging yen ora ngati-ati bisa dadi dosa gedhe sing siksane bisa diundhuh sadurunge jagad padhang iki ditinggalne” ngono dhawuhe Kyai Wahid sing bola-bali dikandhakne nganti Sudimin apal “mangan kuwi bisa dadi kuwajibane wong urip, jalaran kanthi mangan menungsa wis nindakne laku murih raga sing dititipne marang dheweke dening Gusti Allah kuwi ora gampang rusak, mula dening Gusti menungsa kuwi kaparingan napsu sing aran napsu Aluamah ya kuwi napsu sing nyurung manungsa seneng mangan. Nanging yen nganti ana laline, menungsa ora bisa ngendhaleni napsu aluamah iki, bisa-bisa manungsa dadi cilaka, ketang saka senenge mangan nganti apa-apa dipangan kanthi sasenenge dhewe, wusana nekakne lalara sing manekawarna. Mula becike wong mangan kuwi diniyati ngibadah, saderma nyukup kabutuhaning raga, aja dhemen mangan sing nganti ngliwati wates. Merga nek mung nggugu karepe cangkem, cangkem kuwi ora duwe rasa wareg, kosok baline usus sing manggon neng weteng kuwi panggonane winates, yen kakehan diiseni dadine ya ora becik. Luwih prayoga yen ing babagan mangan iki, menungsa sing samadya wae, aja seneng mangan yen wetenge durung krasa luwe lan mandhega olehe mangan sadurunge weteng sambat kuwaregen”.

 

“Inggih Kyai” nalika samana meh kabeh santrine Kyai Wahid semaur ngestokne. Nanging kanyatane ya luwih akeh sing olehe semuar “inggih” ngono kuwi mung mandheg tekan ing lambe. Nanging nek Sudimin, pitutur ngono kuwi uga banjur dicakne sakuwasane, merga Sudimin percaya dhawuhe Kyaine kuwi dhawuh sing banget wigati sing bisa nuntun marang keslametaning urip wiwit ing donya tumeka ing akherat mbesuk.

 

“Lho kowe mau jebul wis neng omah ta Min?” lagi wae Sudimin mamah segane, Pak Suwaji nyedhaki karo mundhut pirsa, banjur lenggah neng kursi cedhake Sudimin “lha Ibumu mau kandha yen kowe isih neng Langgar luhuran”.

 

“Inggih, nembe kemawon kula wangsul lajeng maem”  Sudimin atur wangsulan, pikirane bali kelingan karo Pak Dalal sing ngendikane Bu Suwaji mau mara menyang omah kono, lan maneh Pak Suwaji kuwi arang banget paring dhawuh marang Sudimin nalikane Sudimin lagi mangan, kajaba yen pancen wigati banget, mula tumuli Sudimin nyuwun pirsa “menapa badhe wonten dhawuh kangge kula ta Bapak?”.

 

“Iya, nanging ora wigati kok” Pak Suwaji paring wangsulan “tutugna dhisik olehmu mangan, nek wis banjur lungguha sing kepenak, Bapak arep mundhut pirsa lan arep crita. Mau Ibumu kandha nek durung kober crita marang kowe, kesusu kowe menyang langgar, luhuran”.

 

Sudimin ora semaur, nanging banjur nutugne olehe mangan sing wis meh rampung. Pak Suwaji katon sabar ngenteni karo lenggah neng kursi.

 

“Sampun Bapak, mangga kaparenga Bapak paring dhawuh” sawise rampung olehe mangan Sudimin tumuli nyadhong dhawuh.

 

“Iya” Pak Suwaji ngendika sareh “sadurunge Bapak kepengin ngerti, mula pitakone Bapak mengko wangsulana kanthi sabener-benere”.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin karo tangane ngapurancang neng dhuwur meja makan.

 

“Sadurunge Bapakmu budhal menyang Sumatera kae biyen, Bapakmu tau crita apa marang kowe? Lan magepokan karo crita kuwi banjur meling piye?” Pak Suwaji miwiti olehe mundhut pirsa.

 

“Saemut kula, Pak-e boten nate criyos menapa-menapa dhateng kula, menika Bapak?” sawuse meneng ngeling-eling sauntara, Sudimin banjur atur wangsulan.

 

“Mengko kowe lali?” Pak Suwaji nyethakne pamundhut pirsane “apa kira-kira malah adoh sadurunge Bapakmu arep Transmigrasi olehe crita, sing ana gandheng cenenge lakonmu mbesuk yen wis wayahe omah-omah, rabi”.

 

“Ooo niku ta Bapak?” Sudimin matur karo ngguyu lirih.

 

“Iya, piye?”

 

“Menawi ingkang menika, Pak-e kalih mbok-e anggenipun criyos nalika kula badhe Bapak tetakaken dhateng panggenanipun Eyang Abu rumiyin” Sudimin wiwit atur wangsulan.

 

“Iya jangkepe piye?” Pak Suwaji sajak ora sabar kepengin enggal pirsa critane Sudimin.

 

“Jaman semanten Pake criyos teng mBok-e, menawi anggenipun ngrabi mBok-e rumiyin jaman Bapak nJaka angsal gangsal tahun. Tiyang Pak-e nikah rumiyin nembe umur wolulas, sampun nikah. Mila mBok-e lajeng meling dhateng kula, ampun tiru-tiru Pak-e, ken niru Mas-mas para putranipun Bapak lan Ibu mriki, ingkang boten kesesa palakrami” atur wangsulane Sudimin nyritakne welinge simbok-e.

“Ora kuwi sing bapak kersakne” suwarane pak Suwaji keprungu yen ngemu rasa cuwa, atur wangsulane Sudimin beda karo sing dadi kersane.

 

“Lho lajeng ingkang pundi malih no Bapak?” setengah wedi Sudimin matur “emut kula inggih namung menika ingkang dipun criyosaken mBok-e kalih Pak-e, sesambetan kalihan benjing menawi kula sampun wancinipun emah-emah”.

 

“Ya wis, nek ngono” pak Suwaji bali sareh maneh olehe ngendika “pitakon kang sabanjure…..”.

 

“Inggih Bapak, menapa menika?”.

 

“Wis dadi kodrating urip, manungsa kuwi yen wis umure saumuranmu bakal kasinungan rasa sengsem marang menungsa liyane sing duwe jinis sing beda, cekake bocah saumuranmu kuwi wis wiwit duwe rasa seneng marang bocah wadon lan kosok baline bocah wadon ya mangkono yen saumuranmu kuwi mesthi wiwit kapencokan rasa seneng marang bocah lanang. Kowe aja selak, kowe ya ngono apa ora?” Pak Suwaji mundhut pirsa maneh.

 

“Inggih” karo ndhingkluk isin Sudimin atur wangsulan “nanging…….”.

 

“Cukup” Pak Suwaji nigas wangsulane Sudimin “Bapak ora ngersakne wangsulan liyane inggih. Dadi ora sah mbok tutugne olehmu arep ngalesi nggonmu wis duwe rasa seneng marang bocah wadon lan kuwi ora luput”.

 

“Inggih Bapak”

 

“Saiki Bapak mundhut pirsa maneh, lan iki mengko wangsulana kanthi sajujur-jujure, Bapak ora rena nek nganti ana sing mbok singidake utawa mbok tutup-tutupi”.

 

“Inggih Bapak” Sudimin wangsulan karo atine wiwit dheg-dhegan.

 

“Bares wae” pak Suwaji nutugne olehe ngendika “Bapak iki ora pati apal karo putrane Pak Dalal sing jenenge Ninuk, merga kajaba ora tau pethuk, Ninuk biyen sekolahe SD ra kora awor kowe neng Pasopati ta?”.

 

“Inggih Bapak, Ninuk rumiyin dhateng Candhabirawa” Sudimin nyethakne sekolah SD ne Ninuk.

 

“Lha bareng wis neng SMP, Ninuk awor tunggal sakelas karo kowe?” Pak Suwaji mundhut pirsa maneh.

 

“Boten Bapak” Sudimin cepet olehe atur wangsulan “Kula manggen ing Kelas Kalih A lha Ninuk dhateng Kelas Kalih C”.

 

“Dadi kowe karo Ninuk ora tunggal sakelas tenan?”

 

“Boten”.

 

“Nanging padha-padha kelas lorone neng SMP ne nggone mBah Cip kae?”.

 

“Inggih”.

 

“Nanging kowe rak ya kerep ta pethukan karo Ninuk, omong-omongan kaya lumrahe wong kekancan?” pak Suwaji mundhut pirsa maneh.

 

“Inggih asring Bapak, tiyang Ninuk nggih ndherek sinau kelompok ing dalem mriki kok?” atur wangsulane Sudimin apa anane.

 

Pak Suwaji kendel sedhela, mung mustakane katon manthuk-manthuk, sajak lagi menggalih marang sing dadi wangsulane Sudimin.

 

 

Ana candhake. 

Kamis, 29 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (023)


 

23.

Durung nganti wayah bedhug, olehe nggawe Tepas wis oleh telu lan Erok-Erok loro, banjur wiwit ngeriki bathok klapa nganggo beling semprong, dadi alus lan katon resik. mBarengi karo suwara bedhug dzuhur ditabuh saka Masjid Naiban, gaweyane Sudimin wis rampung kabeh. Tepas telu karo erok-erok loro wis didangani kabeh, semono uga irus kanggo nyidhuk jangan lan irus gorengan kopi uga wis dadi lan ketok resik-resik, siwur cidhuk banyu genthong sing dangane digawe saka liningan bongkotan pring ori uga wis dadi. Sawise silatane dilumpukne banjur ditaleni, barang-barang kuwi banjur digawa menyang pawon diselehne awor kancane sing lawas.

 

“Lho lha olehmu nggawe tepas karo irus mau neng ngendi ta Min? Ibu kok ora pirsa ki?” Bu Suwaji sing pirsa nek Sudimin mlebu omah pawon karo nggawa barang-barang sing mentas wae digawe, mundhut pirsa semu gumun “tak kira kowe mau isih neng sawah? Wong adate aba wis neng sawah kumpul karo Pakdhe Saidi kowe kuwi sok banjur lali omah?!?”.

 

“Dhateng wingking griya Ibu” wangsulane Sudimin karo mesem sopan “wau dhateng sabin namung sakedhap, bakda sarapane telas ditedha Pakdhe Saidi kula inggih wangsul, lajeng ngethok deling damel tepas kalih erok-erok niki”.

 

“Lha kuwi irus sing kanggo jangan, karo ngge nggoreng kopi ya wis dadi, ketok apik lan pengkuh, siwure barang ya ngono” Bu Suwaji ngendika maneh “kowe kuwi jan pinter kok nek gawe barang-barang ngono kuwi, apik kuwi Min. Kowe ngerti Koh Tiong Wie sing saiki ngalih jeneng dadi Budiman kae?”.

 

“Oalah Koh Wie ta Bu? Inggih kula ngertos, wonten menapa ta Bu kok nyebat namine Koh Wie?” Sudimin nyuwun pirsa, neng ati krasa gumun dene Bu Suwaji nyebut-nyebut jenenge Cina sugih sing saiki duwe Toko Gedhe lan luwih seneng diaku kaya dene wong Jawa.

 

“Pak Budiman kae, biyen sadurunge sugih ngana kae, wiwitane mung gresek bangsane bathok, sepet lan sapiturute lho Min” Bu Suwaji paring wangsulan “olehe gresek barang-barang kuwi digawa mulih, banjur disulap bathok-bathoke digawe irus, siwur, centhong banjur sepete digawe keset, sapu lan liya-liyane. Barang-barang kuwi banjur didol, didhasarne neng emper omahe kae. Sansaya suwe sansaya mundhak, Pak Budiman banjur ora gresek dhewe, nanging nukoni barang-barang saka bocah-bocah sing gelem golek bangsane Sepet, Bathok ngono kuwi. Diwiwiti saka ngono kuwi, saiki Pak Budiman wis duwe Toko Gedhe, dodolan neka-neka, nanging dagangan sing wujud irus, centhong, keset sing gaweyan tangane dhewe tetep ana ing tokone, didadekne pangeling-eling yen maune dheweke kuwi ya wong sing ora duwe apa-apa”.

 

“Inggih Ibu, kula nggih ngertos” Sudimin matur “irus kalih centhong ingkang saking bathok mila sae-sae, nanging dhawuhipun Bapak jaman kula taksih SD rumiyin wonten cacadipun, bathokipun dipun paku lan centhongipun dipun tangsuli kawat, menika ingkang ndadosaken kirang sae”.

 

“Bener, pancen nek dipaku utawa dirut nganggo kawat lembut ngana kae nek kesuwen ora dienggo bisa neyeng, lan kuwi ora becik kanggo kesarasan. Sing bener ya kaya olehmu nggawe ngono kuwi, tanpa paku tanpa tali, nanging panggah kuwat” Bu Suwaji mbenerake kandhane Sudimin diwor karo aweh pangalembana “sing Ibu kersakne mau ngene lho, upama mbok tlateni sanajan mung duwe kabisan gawe centhong utawa irus, nek kowe taberi bisa mbok ngge sangu urip dina mbesuke, kaya sing dicakne Pak Budiman kae”.

 

“Inggih Ibu, pangestunipun Ibu kemawon ingkang kula suwun” wangsulane Sudimin karo manthuk kurmat.

 

“Oh, iya” dumadakan Bu Suwaji ngendika kaya lagi kemutan nek ana sing wigati sing panjenengane supe “mau pas kowe nyang sawah mesthi ora ketemu karo Pak Dalal sing kulinane ngirim Pakdhe Marimin sing nggarap sawahe kae ta?”.

 

“Inggih leres Ibu” Sudimin atur wangsulan blaka “malah Pakdhe Marimin wau ketingalipun inggih boten dhateng sabin mriku”.

 

“Iya genah nek bener” Bu Suwaji ngendika karo mesem “lha wong Pak Dalal mau esuk tindak mrene, jagongan gayeng karo Bapak neng pendhapa kono nganti taneg”.

 

“Inggih ta Bu?” Sudimin mlengak, ngatonake gumune dene Pak Dalal wong sugih kae gelem mara menyang daleme Pak Suwaji.

 

“Iya. Nanging kowe saiki rak arep sesuci banjur menyang langgare  Kyai Wahid sembahyang luhur ta?” Bu Suwaji ngelingne nek wis wayahe sembahyang luhur.

 

“Inggih”

 

“Ya wis kana ndang budhal, nek bar sembahyang aja lali maem. Kapan-kapan Ibu tak crita sing dirembug Pak Dalal karo Bapak mau, marang kowe. Karo mau ya ana sing nggoleki kowe, gandheng kowe neng sawah banjur karo Ibu diwarah supaya mengko sore wae mrene maneh, kae lho Hartini putrane Juragan Gabah sing bocahe ayu lencir kuning, karo Bocah Wonokerto sing jenenge Masirah banjur ana bocah lanang siji jenenge Warsidi” Bu Suwaji paring dhawuh supaya Sudimin enggal-enggal sembahyang dhisik ditambahi nek mau Hartini, Masirah lan Warsidi teka mrono nggoleki dheweke.

 

Sak jane oraa diprentah, pancen Sudimin saben wayah samono ngono kuwi, mesthi menyang langgare Kyai Wahid, nabuh Thonthongan banjur disambung adzan lan padatan sing melu sembahyang jamaah luhur neng langgare Kyai Wahid kono kuwi ora kliwat saka wong lima klebu Sudimin lan Kyai Wahid sing dadi Imam.

 

Karo mlaku menyang langgar pikirane Sudimin banjur nglambrang tekan ngendi-endi. Mikir dhawuhe Bu Suwaji sing arep nyritani olehe jagongan Pak Dalal karo Pak Suwaji. Mesthine sing dadi rembug antarane priyayi loro kuwi ana sambung rapete karo dheweke, nek ora mokal Bu Suwaji paring dhawuh nek arep paring crita marang dheweke gegayutan karo rawuhe Pak Dalal ing daleme Pak Suwaji kono. Sudimin babar pisan ora bisa lan ora wani ngira-ngira apa sing arep dirungu sawuse Bu Suwaji crita. Apa ana sambung rapete karo crita sing lagi wae ditampa saka pakdhe Saidi pas dheweke menyang sawah esuk mau?. Ah, embuh. Sudimin ora bisa nerusne angen-angene.

 

Pitakoning ati perkara Pak Dalal durung oleh wangsulan, banjur ketambahan nggagas tekane Hartini, Masirah karo Warsidi. Mung sanja lumrah apa ana prelu liyane?. Kamangka bocah telu kuwi ya wis padha ngerti, nek Sudimin ing daleme Pak Suwaji kuwi mung trima dadi bocah ndherek, dadi saupama nampa tamu kudu luwih dhisik nyuwun palilah marang sing didhereki, lagi nek sing didhereki ngeparengake, Sudimin bisa nemoni dhayohe. Bab ngono kuwi wis bola-bali dikandhakne Sudimin marang kanca-kancane sing duwe niyat arep dolan menyang panggonane. Masirah karo Warsidi?, kuwi ora ndadekne pitakonan sing neka-neka neng angen-angene Sudimin. Lha nek Hartini?.

 

Sudimin ora bisa nyelaki batine dhewe, sanadyan durung kena diarani nek dheweke kuwi wis kayungyun marang Hartini, nanging saka rumangsane ati kuwi dadi tentrem, dadi seneng yen bisa sesandhingan karo bocah ayu sing dadi ketua kelase kuwi. Kajaba saka kuwi, saben-saben dheweke nemoni lelakon sing nyenengne atine, mesthi rumangsa ana sing kurang, mendah luwih senenge saupama wektu kuwi Hartini ana sandhinge. Kerep wae, nalika nyawang srengenge sing meh surup ing mega sisih kulon, utawa nalika srengenge arep njudhul ing langit sisih wetan, atine Sudimin mesthi banjur kelingan karo Hartini. Iya Hartini bocah sing duwe pawakan lencir, pakulitane kuning ngemu giring, rambute lurus kerep dikucir loro ditaleni nganggo pita. Hartini sing solah bawane sarwa patut,  sarwa nengsemake, Hartini ……..

 

Ana perkara apa kok Hartini wani nekad mara nggoleki dheweke? Nek Masirah apa dene Warsidi kuwi ngono cetha nek mung ngancani. Sing duwe prelu mesthi Hartini. Iya Hartini sing senadyan dudu pacare, dudu apa-apane, nanging kanyatane Hartini katon nek seneng marang dheweke, kaya senenge dheweke marang Hartini, sing loro-lorone durung wani ngandhakne isen-isening atine. mBok menawa wae, nek Hartini ya merga jejere bocah wadon, bisa diarani saru dinulu yen ndhisiki ngandhakne katresnane. Lha Sudimin dhewe pikirane luwih waras tinimbang pangrasane, dheweke ngrumangsani yen mung drajate abdi sing ngenger marang Pak Suwaji, luwih saru lan luwih ora duwe duga yen wani-wani ngandhakne tresnane marang Hartini, bocah ayu kathik anake wong sing sugihe ora karu-karuwan pisan. Miturut wewaton sing disetujoni Sudimin, aja maneh kok ngandhakne tresnane marang Hartini, sedheng wani nduweni rasa tresna marang bocah wadon wae, wis bisa diarani luput. Wong ngenger kuwi ora kena nandhang tresna.

 

“Kowe apa lara ta kang Dimin?” Sudimin kaget, ora krasa yen lakune wis tekan ngarep langgare Kyai Wahid. Ngerti-ngerti wis ditakoni Pena, bocah nom sing umur-umurane luwih tuwa sethithik tinimbang dheweke, sing uga sregep jamaah neng langgar kono.

 

“Ora kok!” Sudimin wangsulan karo setengah kaget.

 

“Nanging ketok nek kowe lagi ngempet” Pena ngeyel “wong mlaku wae kowe karo mbesengut gek ora ngingeti dalan, ya wis tak tabuhe Kenthongane, sik adzan tak aku wae, wong ketoke kowe lagi masuk angin ngono kok”.

 

Sudimin ora wangsulan, mung sirahe wae dianthukne tandha yen nyetujoni kandhane Pena.

 

 

Ana candhake.

Rabu, 28 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (022)


 

22.

Nganti sauntara Sudimin mung meneng, ora nanggapi critane Pakdhe Saidi ngono kuwi. Pancen satemene ya merga kegawa saka umur sing wis dadi “Jaka Tanggung”, Sudimin uga kapencokan rasa sing jarene diarani rasa tresna utawa cethane rasa seneng marang bocah wadon. Sudimin ya wis bisa weruh endi sing diarani bocah ayu utawa kurang ayu, nanging kegawa dening kahanane sing mung pangkat dadi “wong ndherek” , Sudimin milih nyingidake rasa sing wiwit ngranuhi ing atine. Mung nek dhong wayah lungguh ijen ngana kae, Sudimin sajroning ati menang-meneng aweh biji marang bocah-bocah wadon sing kerep srawung karo dheweke, malah sok-sok ya mbiji wong wadon sing durung ditepungi barang, ora metung kuwi wong wadon enom, bocah, utawa wong sing wis setengah tuwa barang.

 

Ninuk, miturut pambijine Sudimin klebu bocah wadon sing duwe rupa lan duwe “daya tarik”, sanadyan uga duwe kekurangan sing ora sethithik. Nanging kekurangan-kekurangan sing diduweni Ninuk, kuwi satemene bisa diilangi utawa saora-orane disuda.  Sudimin uga ngerti nek jan-jane ngono, ora mung siji loro bocah lanang sing dadi kancane ing sekolahan, padha duwe rasa seneng marang Ninuk. Nanging merga (rumangsane Ngadimin) Ninuk kuwi duwe sipat seneng gumunggung dhiri, banjur ora krasa, kepencokan rasa, rumangsa ayu lan nduweni panganggep nek dheweke kuwi klebu golongane bocah wadon sing dhuwur kelase. Mula tumanggape Ninuk marang kanca-kanca lanang sing kepengin nyedhaki, ing semu rada nyepelekne. Kang mangkono mau mungguhe Sudimin klebu watak sing ora disenengi. Kajaba saka kuwi, merga Sudimin kerep ngerti lan srawung karo kulawargane Ninuk, mligine karo Bapake sing kerep ketemu nek ngepasi Sudimin ngirim Pakdhe Saidi menyang sawah ngana kae, Sudimin duwe dudutan nek dheweke kuwi ora sakelas karo kulawargane Ninuk. Pak Dalal kerep wae guneman sing mbok menawa jalaran ora krasa lan ora sengaja, wis ndadekne atine Sudimin lara.

 

Tau, ing angen-angene Sudimin tuwuh pangarep-arep sing keneng diarani pangarep-arep sing manut dawaning angen-angen utawa gagasan sing ngayawara. Gusti Allah malik kahananing uripe, temah dheweke bisa dadi wong sing ora kurang enthong, ora kurang irus lan wong-wong sakiwa tengene padha mbutuhake pitulungane, klebu kulawargane Ninuk, mligine Pak Dalal. Nek angen-angen kuwi bisa kasembadan, dheweke ora arep niru lekas lan watake Pak Dalal sing seneng nglarani atine wong liya, merga rumangsa dumeh duwe, dumeh pinter lan sapiturute, nanging Sudimin arep, ngajeni lan ngurmati Pak Dalal lan kulawargane, kareben wong kuwi kaweleh banjur dadi lan apike ……….

 

“Kok malah nglamun ta Min?” Sudimin kaget, Pakdhe Saidi mbuyarne sing ana angen-angene.

 

“Ora kok Pakdhe” karo setengah gragapan Sudimin wangsulan “mung lagi ora kepengin omong wae”.

 

“Lhah?. Aku iki mau ngomong apa anane” Pakdhe Saidi nutugne olehe guneman “dadi jebul Bu Dalal kae kepengin ngepek mantu kowe, gek dhasare anake wedok ya seneng marang awakmu. Kowe dhewe piye? Mesthi wae, ora saiki nanging ngenteni nek wis rampung anggonmu padha sekolah banjur nambah loro utawa telung tahun maneh”.

 

“Pakdhe Saidi ngerti Lumpang Watu sing manggon neng tulakan sawah kae?”  dumadakan Sudimin takon sing ora ana sambunge karo sing lagi digunem.

 

“Heh?” Pakdhe Saidi semaur gumun “ditakoni ora mangsuli malah takon bab Lumpang Watu sing neng tulakan? Ya ngerti ta neh? Kae Lumpang Watu wong-wong nek ngarani Lumpang Kentheng, sadurunge aku lahir Lumpang kae wis ana kana kae, ora tau ngalih, jarene kae tinggalane wong jaman Majapahit apa jaman sadurunge. Wong-wong ya ora ana sing wani ngelih utawa sembranan karo Lumpang kae, merga kae ana sing mbaureksa, Macan Putih sing gedhene sakebo babon, sok-sok nek wayah wulan purnama macan kuwi ngetok, ndadekne sing padha weruh girap-girap kaweden. Nek aku dhewe durung tau lan ora kepengin diweruhi macan putih kuwi.  Geneya kowe nakokne Lumpang Kentheng kae he?”.

 

“Upama mbesuk aku gelem dipek mantu Pak Dalal” Sudimin wangsulan karo mesem, suwarane keprungu sareh “ngibarate padha karo aku gelem nyunggi Lumpang Kentheng kae nganggo sirahku, Pakdhe”.

 

“Kok ngono?”

 

“Iya” Sudimin wangsulan karo mlengeh “wong sing gelem nyunggi lumpang kentheng kae, ora bakal ngolehne asil apa-apa, upama ana sing ngalembana ya mung dialem nek sing kuwat nyunggi kuwi wong sing rosa ngono wae, ora ana sing gelem ngopahi, dadi ya ora ana asile. Nanging, kurang-kurang bejane wong sing wani nyunggi lumpang kentheng kae, bisa muncrat polone he he he he”.

 

“Genahe piye Min?” Pakdhe Saidi durung mudheng karo sing dikandhakne Sudimin.

 

“Wani dadi mantune wong sugih kaya Pak Dalal ngana kae, kudu wani rekasa” Sudimin nyethakne trembunge “kudu sregep lan pinter nyambut gawe sing ana asile, sing bisa gawe senenge maratuwane, entuk-entukane ya mung akeh sing ngalembana nek mantune wong sugih kuwi sregep lan wekel nyambut gawe. Nanging sakehing tindak-tanduke kudu sarwa ngati-ati, ana klirune sethithik wae, utawa yen ana kurang penere olehe nyambut gawe, bisa cilaka. Bisa diundhat-undhat lan diundamana ora karuwan sing ndadekne ati lara, bisa uga diunek-unekne wong lanang sing tekane neng kono mung glundhung semprong, konthal-kanthil kathok thok. Banjur neng ngendi Pakdhe, manggone kepenak saupama aku kepengin dadi mantune wong sugih ? Banjur bojoku mengko ya mesthi kemaruk, rumangsa wis bisa nyukupi kabutuhane dhewe, karo wong lanang senengane mung sarwa ngremehake. Lha nek ngono apa ora banjur sirahku njeblos? Poloku muncrat? Apa ora nyekakne umur wae ?”.

 

Pakdhe Saidi ngguyu, krungu kandhane Sudimin sing ngono kuwi. Nek dinalar-nalar pancen ya ana benere. Arepa kaya apa nek wong lanang mung dianggep nunut urip marang maratuwa luwih-luwih marang bojo, kuwi genah neng ati lara. Sudimin jebul duwe pikiran sing luwih adoh tebane, ora mung nyawang satleraman wae nek dadi mantune wong sugih kuwi kepenak lan bisa melu mukti. Nek ngono, Sudimin mbesuk kira-kira bakal nyiriki saupama dipek mantu wong sugih, ngono panemune Pakdhe Saidi sing kober nyabrang ing angen-angene. Nek ngonowa, ketoke Sudimin kuwi mathuk upama dipek mantu dhewe, sanadyan si Sainem, anake wedok kae isih kelas papat SD, ketoke mbesuk nek wis wayahe dirabekne bakal cocog upama dadi bojone Sudimin. Nanging, apa sing ana pikirane kuwi dening Pakdhe Saidi sengaja disingidake dhisik, aja nganti Sudimin ngerti saiki, merga wektune isih suwe.

 

“Ya aja ngono olehmu nampa” kandhane Pakdhe Saidi ngiras nutupi suwara batine “aja su’udzon ngono kuwi. Jaremu dadi wong kuwi becik sing duwe pangira becik marang wong liya?”.

 

“He he he, he eh Pakdhe” wangsulane Sudimin “Ya wis nek ngono, sing tak omong bab lumpang kentheng mau cukup kanggo awake dhewe wae, nek nganti keprojol nyang wong liya marahi ora becik”.

 

Muni ngono kuwi Sudimin karo ngadeg, ngringkesi wadhah panganan sing mau dienggo madhahi kiriman kanggo Pakdhe Saidi.

 

“Lha kowe apa arep terus mulih ta Min?” Pakdhe Saidi takon, merga weruh Sudimin banjur nyangking wadhah kirimane.

 

“Iya” wangsulane Sudimin “arep ngethok pring apus, dening Ibu kadhawuhan nggawekne tepas pawon, karo erok-erok barang. Bar kuwi banjur nggawe irus karo ebor, wong Ibu wingi wis nglumpukne bathok cilik-cilik telu karo bathok klapa gedhe siji ngge gawe siwur”.

 

Pakdhe Saidi wis ora nyauti maneh, malah banjur ngadeg mlaku menyang kedhokan arep nutugne olehe ngaragi suket-suket sing ana kedhokan.

 

Sudimin ya banjur mulih. Karo mlaku angen-angene wis ngalih menyang gaweyan sing arep ditandangi, ngethok pring neng kebonan. Pancen Sudimin kuwi kajaba sregep ya duwe teku tlaten, pinter gawe barang-barang sing dianam saka iratan pring. Dadi nek mung tunggalane tompo, senik, tepas nganti tekan cikrak lan tomblok, kulawargane Pak Suwaji ora tau tuku, merga Sudimin bisa gawe dhewe.

 

Wingi pancen Sudimin weruh nek tepas neng pawon sing kulinane kanggo nepasi geni neng pawon wis ora wutuh maneh. Mula tanpa ngenteni diprentah Sudimin banjur matur nek dina iki arep gawe tepas sing anyar.

 

“Ya beneran nek sesuk mbok gawekne tepas anyar Min, sesuk erok-eroke gawekna pisan, wong erok-eroke wis coklek dangane” dhawuhe Bu Suwaji mangsuli kandhane Sudimin “jane sing dibutuhne ibu wektu iki kuwi irus karo siwur, irus sing kanggo nggoreng kopi kae wis ucul, bathoke wis cuwil kabeh, banjur siwur sing kanggo nyidhuk banyu neng genthong kae ya wis benthet, nanging arep ngomongi kowe tansah lali wae, lha kae ibu ya wis nyawisne bathok gedhe cilik, didokok neng paga sisih kidul kae”.

 

“Inggih benjing kalih ngethok deling apus, kula tak inggih pados bongkotan, mantun nganam tepas kalih erok-erok, irus kalih siwure kula damele pindhah, garanane kula damele saking bongkotan rosan ori kersane bakoh”  wangsulane Sudimin.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Selasa, 27 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (021)


 

21.

Kaya padatan nek bubar nampa raport sekolahan mesthi banjur libur, liburan triwulan kapindho iki suwene rong minggu. Tumrap bocah-bocah lumrah, lire sing isih melu wong tuwane dhewe, dina-dina libur mesthi dienggo seneng-seneng, dolan utawa plesiran. Niliki kerabat cedhak kaya dene simbahe sing ana liya kutha lan liya-liyane. Mula liburan mesthi ditampa kanthi seneng dening meh kabeh bocah sekolah. Tumrap Sudimin, dina libur ya panggah ditampa kanthi ati seneng, merga libur dheweke bisa luwih akeh nindakne gaweyan-gaweyan omah lan gaweyan liyane  kaya gaweyan menyang sawah ngrewangi Pakdhe Saidi, ngolah lemah lan ngopeni tanduran. Sudimin dhewe nek wayahe menyang sawah ngana kae, rumangsane lagi nglaras liburan, merga Sudimin seneng nyinaoni tata carane wong tetanen, sing akeh ya kanthi nyemak apa sing ditandangi Pakdhe Saidi lan para penggarap kiwa tengene, uga ana sing dicocogne karo wulangan Ilmu Hayat sing disinaoni neng sekolahan. Pakdhe Saidi dhewe ya rumangsa seneng nek Sudimin menyang sawah, ora kok merga ana sing ngrewangi wae nanging Pakdhe Saidi seneng nek weruh bocah nom sing sregep kaya Sudimin ngono kuwi. Ora mung trima sregep, nanging tumemen nggone kepengin ngerti carane ulah tetanen, kajaba saka kuwi Pakdhe Saidi uga kerep nampa pituduh babagan tetanen sing durung dingerteni, saka Sudimin sing asale saka anggone sinau ing sekolahane.

 

“Bares wae aku iki seneng lho Min nek kowe saba nyang sawah ngene iki” kandhane Pakdhe Saidi ngepasi leren, ndhudhah kiriman sarapan sing dicangking Sudimin saka omah “miturut panrawangku kowe mbesuk bakal dadi wong tani sing peng-pengan, merga kawruhmu ing babagan tetanen komplit, ya saka pakulinane wong nggarap sawah kaya aku ngene iki, ya saka nggonmu ngangsu kaweruh neng sekolahan, nek sipat taberimu kuwi panggah mbok kukuhi, kowe mbesuk mesthi dadi wong tani sing ndrebala tenan Min”.

 

“Dadi wong tani Pakdhe?”  Sudimin wangsulan ngiras takon, karo mesem seneng.

 

“Iya” wangsulane Pakdhe Saidi “apa kowe ora seneng? Oh, iya ya? Kowe mesthi kepengin dadi Pegawe, wong sekolahmu wae saiki wis neng SMP”.

 

“Ora ngono Pakdhe” wangsulane Sudimin “aku ya kepengin saupama bisa dadi Wong Tani kaya sing mbok kandhakne kuwi mau, nanging apa ya bisa? Dadi wong tani kuwi pawitane ora mung bau Pakdhe, kaya sampean iki upamane, kajaba nggarap sawahe Bapak rak sampean ya duwe sawah dhewe senajan mung sak wolon bau? Lha nek aku? Sawahe sapa sing arep tak waris ben aku bisa dadi wong tani? Ya paling bisa dadi buruh penggarap wae ya wis apik”.

 

“Ya aja ngono Min” Pakdhe Saidi aweh tutur “rejekine menungsa kuwi sing nyekel Gusti Allah, siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima nugraha kuwi kabeh menungsa mung bisa mbudidaya lan kabul utawa orane olehe mbudidaya kuwi gumantung ana astane Gusti Allah. Karo maneh, apa kowe ya ora ana gagasan arep nusul Bapakmu nyang Sumantrah kana?. Gajege, neng kana kuwi Bapakmu wis oleh dum-duman lemah sing amba”.

 

“Iya Pakdhe” wangsulane Sudimin ngenaki rembug “mbuh mengko kapan wektune mesthine aku ya nusul Pak-e karo mBok-e, nanging wong jatah lemah sing ditampa Pak-e neng Bumi Transmigrasi kuwi wis rupa kebun Karet embuh kebun Sawit kok Pakdhe, wong sing dieloni Pak-e kuwi biyen Transmigrasi PIR. Dadi saupama aku nusul, ya ora bakal bisa oleh sawah”.

 

“O ngono ?” Pakdhe Saidi sajak mudheng karo tembung sing dikandhakne Sudimin “oraa oleh jatah sawah saka Pamarentah, bisa wae kowe mbesuk duwe sawah sing amba neng Jawa kene wae lho Min?”.

 

“Kok bisa ngono Pakdhe?”

 

“Kowe ngerti sapa Pak Dalal sing sawahe pirang-pirang bau lan salah sijine digarap Pakdhe Marimin kuwi?” Pakdhe Saidi takon. Sudimin ora semaur, nanging nggedhegake sirahe, minangka wangsulan yen dheweke ora ngerti.

 

“Pak Dalal kuwi biyen wong neneka saka Kulonan kana lho” Pakdhe Saidi nutugne olehe guneman “mbuh Klaten embuh Salatiga, aku ora pati genah, banjur tekane kene merga dipek mantu karo mBah Kaji Dulrokim sing sawahe ora karuwan ambane. Gek ndelalah anake mBah Kaji Dulrokim biyen kuwi ya mung siji Bu Dalal kuwi thok, mula sawise mbah Kaji Dulrokim seda saanane sawah dadi duweke Bu Dalal. Biyen jaman mBah Kaji Dulrokim isih ana, Pak Dalal kuwi ya sregep nek nyang sawah, nanging bareng maratuwane wis ora ana kabeh lan kabeh bandhane diwaris karo Bu Dalal, Pak Dalal malah banjur dadi ngepenakne awak, sawahe padha digarap-garapne wong, malah ya ana sing wis dilempit dadi dhuwit barang”.

 

“Lhah, lhah… Pakdhe Saidi ki esuk-esuk kok wis ngrasani wong” Sudimin nyela rembug karo ngguyu “lha ana gandhenge apa karo omong sampean sing ngandhakne nek bisa wae aku mbesuk dadi wong sing sugih, duwe sawah amba?”.

 

“He he he……” Pakdhe Saidi ngguyu “ora ngrasani Min, mung crita kanyatane. Gandhenge ta? Sapa ngerti kowe mbesuk dipek mantu wong sugih sing sawahe amba kaya nasibe Pak Dalal kuwi? Nek ngerti ana bocah nom sing sregep lan taberi kaya kowe kuwi, mesthi akeh sing kepengin ngepek mantu kowe”.

 

“Ho alaaah Pakdhe, kok kaya crita neng dongeng wae” Sudimin mangsuli tembunge Pakdhe Saidi “wong sugih gelem ngepek mantu bocah ora duwe apa-apa kuwi kena diarani sewu siji durung karuwan tumon. Sing lumrah wong golek mantu kuwi mesthi nganggo tetimbangan Bibit, Bobot lan Bebed. Lha nek wong kaya aku iki genah nek ora ana sing  mlebu, Bibit aku anake wong sing wis Transmigrasi, Bobot genah nek aku iki mung ngertine dadi bocah ndherek, bebed wong nek aku bisa nganggo sarung wae, ngenteni nek dipundhutne Ibu”.

 

Pakdhe Saidi mesem amba. Ora krasa disambi karo omong-omongan sarapan olehe nggawakne Sudimin mau wis entek, mlebu wetenge. Banjur nyandhak Kendhi, nglangga banyu sawarege.

 

“Nanging iki upama lho ya?” karo nyelehne Kendhi neng galengan, Pakdhe Saidi guneman maneh.

 

“Upama Piye Pakdhe?” Sudimin takon.

 

“Upama kowe kuwi ditembung Pak Dalal arep dipek mantu diolehne putrane sing sekolahe barenganmu kae apa kowe emoh Min?” Pakdhe Saidi takon, sing mungguhe Sudimin kaya suwara bledheg bantere. Ya gene Pakdhe Saidi takon kaya ngono ? Kamangka Sudimin ya ngerti nek satemene Ninuk, putrane Pak Dalal kae kena diarani kedanan marang dheweke. Sudimin ngerti ya saka slagane Ninuk saben-saben kepethuk dheweke, uga saka critane kanca-kancane sing ngabarne yen Ninuk kae kerep crita yen jarene Ninuk kuwi wis dipacangake karo Sudimin wiwit jaman Sudimin lan Ninuk isih bayi biyen. Mula bareng krungu pitakonan saka Pakdhe Saidi mangkono kuwi mau, Sudimin mung meneng ora bisa aweh wangsulan apa-apa, pikirane nglambrang tekan ngawang-awang.

 

“Dijak omongan kok ora njagongi ta Min?” Karo nglinting mbako neng klobote Pakdhe Saidi nyendhu Sudimin “ditakoni ora semaur malah ngelamun kaya wong lagi kelangan tegesan ?”.

Sudimin ngguyu sepa.

 

“Jeneh sampean olehe takon ya waton takon ngono wae kok” wangsulane Sudimin “nek olehe takon sampean kuwi mau tinemu nalar, ya mesthi tak wangsuli. Lha wong takon kok blas ora sambung karo kanyatan, kaya takon upama Jaran kae diwenehi sungu ngono mundhak patut apa ora ya?”.

 

“Ngene lho Min” Pakdhe Saidi nginger lungguhe rada nyedhak karo Sudimin, banjur guneman klesik-klesik nanging cetha “olehku takon mangkono kuwi mau, merga watara sepasar kepungkur, Pak Dalal rak sambang sedulure sing neng Sragen, Bu Dalal gak dijak. Mula sing ngirim panganan Pakdhe Marimin nyang sawah Bu Dalal dhewe”.

 

“Jane sampean kuwi ngomong apa ta Pakdhe?” Sudimin semanta “wis omongane klesak-klesik kaya wong dodol upas, kathik malah nyritakne wong liya sing lunga”.

 

“Sabar sik ta” Pakdhe Saidi wangsulan karo mesem “aja mbok srekali dhisik tembungku iki, rungokna ben cetha”.

 

“Iya, piye?”

 

“Lha Pas Bu Dalal ngirim kuwi mau, wonge banjur nyedhaki aku wong olehku leren awor karo Pakdhe Marimin, wong ngepasi kuwi Pakdhe Marimin kentekan klobot. Lha Bu Dalal kuwi ngendika, ngrasani awakmu, ora ngrasani elek nanging malah ngalembana akeh-akeh. Bu Dalal ya crita nek putrane wadon sing jeneng Ninuk kae kancamu sekolah nyang SMP ne mBah Cip Dunggalar kana. Bu Dalal ngandhakne nek Ninuk karo kowe kuwi kanca sing cedhak lan akrab banget, Bu Dalal rumangsa seneng merga kuwi. Lha entek-entekane Bu Dalal banjur ngendika ngene marang aku karo Pakdhe Marimin : ya muga-muga wae antarane Ninuk karo Sudimin ora mung mandheg dadi kanca ya Pakdhe, aku kepengin nek bisa bocah loro kuwi manunggala dadi siji kanggo selawase………”.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...