Total Tayangan Halaman
Sabtu, 30 September 2023
SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (126)
Jumat, 29 September 2023
SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (125).
125.
Sampun sedasa dinten anggenipun Bapa
seda, Dalem Kalurahan kraos langkung sepen. Para abdi lan para rewang ketingal
taksih dereng ical raos sedhihipun, menapa malih kula ingkang samangke sampun
lola. Saenipun para Bebau, Sapukawat, sinoman lan sesepuh ing Kepuh Agal saben
dinten gentosan sami dugi dhateng Dalem Kalurahan ngajak jagongan kula, ingkang
makaten sakedhik-sakedhik saged nglipur manah lan nyuda raos sedhih. Wonten
sakedhik raos ngganjel ing manah kula, Ki Danara menapa dene Kyai Daka babar
pisan boten katingal menapa malih tumut suka tembung bela sungkawa. Nanging
badhe kula criyosaken dhateng Ki Pawana utawi Bebau sanesipun, kok rumaos kula
kirang pantes. Dados inggih panggah kula endhem kemawon dados ganjelan
salebeting manah kula piyambak.
Sonten menika ing pangangkah kula badhe
dhateng griyanipun Ki Pawit, badhe kula aturi murih ngrantam upacara kepyakan
inggih menika ngepyakaken Ki Pawana minangka Lurah enggal nggentosi Bapa.
Ingkang makaten menika jalaran nalika kula ngengken Ki Pawana ingkang minangka
sulihing Bapa ing reh parentah Kepuh Agal, murih tumunten ngempalaken sedaya
Bebau, Sapukawat lan Sinoman lan Sesepuh Kepuh Agal saprelu kabiwarakaken
sedaya dhawuh pungkasan saking Bapa, magepokan kalihan kalenggahaning Lurah
ingkang sampun kapasrahaken dhateng piyambakipun, Ki Pawana taksih dereng saged
suka wangsulan. Malah nalika kula kengken murih boyong dhateng Kalurahan ugi
taksih semados kemawon.
Nanging nembe kemawon kula rampung
ngayahi jejibahan manembah ing wanci seraping surya lan badhe bidhal dhateng
griyanipun Ki Pawit, ketingal Ki Pawit malah ndugeni Dalem Kalurahan. Ki Pawit
bablas minggah dhateng Pendhapa lan mapan linggih ing mriku. Kula tumunten
anyaketi kados padatan menawi wonten tamu utawi tiyang ingkang dumugi ing
Pendhapa Dalem Kalurahan.
“Kaleresan sanget Wa Pawit” wicanten
kula sasampunipun mapan linggih ing sacaketipun Ki Pawit “estunipun kula wau
badhe sowan Wa Pawit dhateng dalem, lha menika Wa Pawit malah sampun rawuh
mriki dados inggih kaleresan sanget”.
“Inggih ta Gus?” wangsulanipun Ki Pawit
kalihan mesem “niki wau kula sampun semadosan kalihan Baune Pawana lan Ki Bau
Grojoganngubal, sakedhap malih rak sami dugi”.
“Sampun semadosan kalihan Kakang Pawana
lan Ki Pahang Wa?” kula pitaken “sajakipun wonten prakawis ingkang badhe dipun
rembag ing mriki?”.
“Inggih Gus” Ki Pawit wangsulan lajeng
pitaken dhateng kula “mosok Gus Dapa dereng ngraosaken?”.
“Ngraosaken bab menapa Wa?” kula wangsul
pitaken.
“Ngengingi Bebau ing Sidamulya menika
lho Gus” Ki Pawit wangsulan kanthi nyebat naminipun Ki Lurah Danara.
“Estunipun boten namung Ki Danara
ingkang dados angen-angenan kula Wa, malah Kyai Daka ugi kula gagas” wangsulan
kula nyuntak ganjelaning manah “kala Biyung seda, Kyai Daka boten purun nglayat
kanthi pawadan badanipun kirang sekeca. Samangke sareng Bapa seda, piyambakipun
ugi boten purun atur pakurmatan. mBok menawi pawadanipun nalika nyarengi Bapa
seda menika Kyai Daka lan Lurah Danara nuju boten ing griya. Sok makatena,
mesthinipun menawi boten wonten pambeng ingkang sakalangkung wigatos,
sasampunipun dugi griya harak inggih saged dugi mriki. Nanging kekalihipun
babar pisan malah boten ngatingal lho Wa?”.
“Miturut kabar ingkang kula tampi saking
lare-lare” Wa Pawit lajeng wicanten malih “estunipun let sedinten saking
sedanipun Ki Lurah kala samanten, Ki Danara lan Kyai Daka sampun wangsul saking
anggenipun kekesahan. Malah kabaripun kanthi kadherekaken siswa-siswa lami
ingkang suwaunipun mapan ing sanjawining Kepuh Agal mriki, watawis wonten
selangkungan tiyang…..”.
“Tiyang selangkung Wa?” kula nigas
rembag kalihan pitakenan “kamangka saderengipun menika, ingkang criyosipun
siswa-siswa saking sanjawining Kepuh Agal sampun dumugi watawis kalih dasa
lajeng kadamelaken griya ing pekarangan sawingkinging Sanggar ?”.
“Mila saking menika Gus” Wa Pawit
mangsuli pitaken kula “awakipun piyambak kedah waspada, awit taksih kathah
kabar sanes ingkang magepokan kalihan Kyai Daka lan Ki Danara menika. Mangke
menawi Pawana kalihan Bebau Pahang sampun dugi kemawon dipun tutugaken
anggenipun ngrembag bab menika”.
“Kula nuwun, kula ingkang sowan Gus….” Dereng
ngantos kula mangsuli wicantenipun Wa Pawit, dumadakan wonten tamu ingkang
lajeng minggah pendhapa. Wa Pawit ketingal radi kaget, lajeng ngadeg ningali
sinten ingkang nembe dugi menika.
“Elho Kesit ta iki?” Ki Pawit pitaken
dhateng ingkang nembe dugi “arep sowan Gus Pradapa apa nggoleki aku?”
“Inggih Kyai” wangsulanipun ingkang
nembe dugi kala wau, jebul nem-neman Kepuh Agal ingkang naminipun Kesit “nyuwun
pangapunten, menapa Ki Bau boten wonten mriki Kyai?”.
“Sapa? Baune Jangglengan ?”
“Inggih”
“Ana apa ta?” Ki Pawit pitaken malih.
“Nyuwun pangapunten Kyai” Kesit atur
wangsulan suwantenipun alon sanget nanging taksih saged dipun mirengaken “kula
kalihan Pikat kala wau enjing kadhawuhan dening Ki Bau pados kabar, menawi
sampun pikantuk kapurih ngaturaken nanging boten ing griyanipun Ki Bau,
criyosipun kula kapurih nusul dhateng Dalem Kalurahan, makaten”.
“Ooo ngono?” Ki Pawit lajeng pitaken
malih “lha Pikat saiki ana ngendi?”
“Taksih dhateng Regol kempal kalihan
tiyang-tiyang ingkang sami rondha”
“Pikat ajaken mrene pisan, kandhaa yen
ditimbali Gus Pradapa, ngono ya?”
“Inggih Kyai” wangsulanipun Kesit ingkang
lajeng mandhap badhe madosi Pikat ing Regol ngajeng.
“Ketingalipun badhe wonten kabar enggal
malih Gus” kalihan wangsul mapan linggih ing papanipun wau, Ki Pawit wicanten
dhateng kula.
“Inggih Wa?” wangsulan kula cekak.
“Inggih Pikat kalihan Kesit menika
ingkang pinitados dening Baune Pawana kulak warta magepokan kalihan patrapipun
Bebau Sidamulya ingkang ketingal aeng-aeng lan pantes dipun sujanani menika” Ki
Pawit nyethakaken menggah jejibahanipun Kesit kalihan Pikat .
“Inggih Wa, kula pitados kalihan kawicaksananipun
Kakang Pawana ingkang mesthinipun samangke sampun wenang kasebat Ki Lurah Kepuh
Agal Kapindho lan kedah nglenggahi Dalem Kalurahan menika” wangsulan kula
ngiras ngemutaken Ki Pawit dhateng weling lan dhawuhipun Bapa.
“Sabar Gus, mangke menawi kawontenan
sampun radi padhang prakawis menika saged dipun rembag malih” wicantenipun Ki
Pawit salajengipun “samangke ngrembag prakawis ingkang sanget nguwatiraken
tumrap Kepuh Agal menika rumiyin. Nanging saenipun sampun wonten ing pendhapa
menika, gampil katingalan saking njawi”.
“Inggih Wa” wangsulan kula “menawi
dhateng panirat wingking kados pundi Wa? Ing mrika papanipun radi katutupan”.
“Inggih Gus, makaten kula kinten
langkung prayogi” wangsulanipun Ki Pawit.
“Kula nuwun Gus……” Kesit kalihan Pikat
sampun dugi lan alok kula nuwun.
“Kene, kene Paman Kesit lan Paman Pikat”
wangsulan kula ngacarani Kesit lan Pikat.
“Inggih Gus” tiyang kalih wau semaur
sesarengan lajeng mapan linggih boten tebih saking Ki Pawit, lajeng Pikat
nutugaken atur “kula sampun sawega nampi dhawuh saking Gus Pradapa”.
“nDika wong loro tak kongkon neng
pendhapa kene dhisik” kula lajeng suka prentah “mengko nek Ki Bebau Jangglengan
lan Ki Bebau Grojoganngubal teka kene, padha dherekna nusul aku lan Ki Pawit
ing Panirat mBuri ya?”.
“Inggih Gus” tiyang kalih wangsulan sesarengan.
“Mangga Wa, kula dherekaken dhateng
Panirat wingking rumiyin” Ki Pawit lajeng kula ajak ngalih dhateng Panirat
wingking.
“Mangga Gus”
Kalih mlampah dhateng Panirat wingking,
kula kober mampir ngatag dhateng para rewang murih nyawisaken pasegahan kangge
kanca melek kados padatan. Wedang kopi kalihan lalapan gendhis klapa kalihan
gembili ingkang dipun godhog.
“Kesit kalihan Pikat menika wiwit
rumiyin entranipun ngaten rak dados siswanipun Panulad ta Gus” sasampunipun
mapan linggih ing klasa ingkang kula gelar ing jogan panirat, Ki Pawit wiwit
wicanten “lan anggenipun gladhen kanthi sesidheman, dados boten wonten ingkang
mangertos menawi lare kalih menika sami sinau ulah kanuragan dhateng anak kula
pun Panulad”.
“Inggih ta Wa?” kula suka wangsulan,
kalihan ing manah lajeng kemutan kasagahan kula dhateng Paman Tanggon ingkang
dereng saged kula lampahi awit kasaru rawuhipun Bapa ingkang gerah lajeng seda
menika “estunipun para nem-neman ingkang sampun boten krasan sinau kanuragan
ing Sanggaripun Kyai Daka jalaran duginipun siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang
criyosipun candhala, criyos dhateng kula, gentos kepengin dipun wucal kanuragan
dening Kakang Panulad, nanging dereng ngantos kula rembagan prakawis menika
kalihan Kakang Pawana lan Kakang Panulad, kedadak Bapa rawuh kanthi kawontenan
gerah temah dados lan sedanipun menika, temah lajeng dados klendran”.
“Sami Gus” Ki Pawit wicanten malih “Panulad
menapa dene Baune Pawana, malah ugi para Sapukawat sarta sedaya Bebau ing Kepuh
Agal salintunipun Bebau Sidamulya, ugi ngrembag prakawis menika lan badhe
manggihi Gus Pradapa saprelu nyuwun palilah badhe ngginakaken plataran
Kalurahan kangge papan gladhen, andilalah lajeng Ki Lurah seda menika. Dados
inggih dereng siyos, lha sareng sampun radi sawatawis saking sedanipun Ki Lurah
malah lajeng wonten kabar enggal ingkang ketingalipun sanget nguwatiri menika”.
“Inggih Wa, mugi-mugi kawontenan ingkang
ketingalipun kados pedhut ing Kepuh Agal menika saged tumunten sirna, wangsul
padhang malih” wangsulan kula.
“Mugi-mugi makaten Gus” Ki Pawit
mangsuli wicanten kula” lha anggenipun Baune Jangglengan kengkenan lare kalih
kala wau mila sampun trep, jalaran Ki Bebau Sidamulya tuwin Kyai Daka dereng
apal dhateng Kesit saha Pikat menika. Kekalihipun sowan dhateng Kyai Daka
nembung badhe ndherek sinau ulah kanuragan ing sanggaripun Kyai Daka. Lajeng
dening Kyai Daka kapasrahaken dhateng Ki Danara. Lajeng dening Ki Danara, Kesit
lan Pikat badhe dipun cobi rumiyin, saestu menapa boten tekadipun sinau
kanuragan menika. Dene wujudipun pacoben, Kesit lan Pikat kapasrahan padamelan ing
griya ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang wonten ing
pekarangan wingking sanggar menika. Ing mriku lare kalih kaparentah kajawi
resik-resik ugi cecawis lan lelados tedhanipun tiyang-tiyang ingkang wonten
mriku. Dados inggih kaleresan sanget”.
“Nyuwun pangapunten Gus Dapa” dumadakan
Ki Pawana lan Ki Pahang dugi dipun
tutaken Kesit lan Pikat “radi randhat anggen kula sowan jalaran wonten prakawis
enggal”.
Ana candhake.
Kamis, 28 September 2023
SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (124)
124.
Anggen kula wicanten makaten kala wau
awit kula kuwatos menawi Ki Pawana lan Ki Pahang sampun cariyos dhateng Bebau
sanesipun ngengingi cariyos ingkang salugunipun cariyos ingkang ngayawara
saking Ki Danara. Lan kangge nuturi murih tiyang-tiyang menika boten pitados
dhateng cariyosipun Ki Danara mila inggih radi kangelan. Lan sareng kula
wicanten makaten kala wau, inggih boten wonten ingkang saulu menapa-menapa.
Sedaya mendel boten kumecap. Malah lajeng kapireng suwantenipun Ki Pawit
ingkang matur dhateng Bapa :
“Sampun cetha samanten kaluhuran lan
kamirahanipun Ki Lurah saha Gus Pradapa dhateng anak kula pun Pawana, kula
minangka tiyang sepuh namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa
pepindhan”.
“Samanten ugi kula Ki Lurah saha Gus
Pradapa” dereng ngantos Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawit, Bebau
Jangglengan sampun nyambet rembag matur dhateng Bapa saha cariyos dhateng kula
“bombong kaworan miris raosing manah kula nampi dhawuh saking Ki Lurah saha
panyengkuyung saking Gus Pradapa ingkang makaten menika. Bombong dene Ki Lurah
saha Gus Pradapa nyata kagungan kapitadosan dhateng kula, mirising manah kula awit
kuwatos menawi ing tembenipun damel kuciwaning penggalihipun Ki Lurah saha Gus
Pradapa, jalaran kula kirang pinter nindakaken jejibahan ingkang pinitadosaken
dhateng kula. Inggih awit saking menika, mugi Ki Lurah saha Gus Pradapa boten
kendhat tansah ngucuraken pangestunipun dhumateng kula temah anggen kula
ngayahi jejibahan agung mangke saged lebda ing karya”.
“Ki Pawit apa dene Ki Pawana” Bapa
paring wangsulan “aku percaya marang kasetyane Kakang Pawit becik marang aku
lan marang Kepuh Agal, sarta gedhening katresnane Kakang Pawit marang
putra-putrane, mligine marang Ki Pawana. Mula aku duwe rasa percaya kang
kandel, Kakang Pawit ora bakal negakne Kepuh Agal dadi bubrah lan mesthi tansah
asung pitutur marang putrane murih tansah eling marang darmaning uripe minangka
pangarsaning Desa sing kudu bisa aweh pangayoman marang kabeh wargane. Lan
marang Ki Pawana, aku titip weling jroning ndika nindakne kuwajiban aja
pisan-pisan ndika murih pituwas kang luwih saka warga ndika, lire ndika kuwi
kapiji murih leladi marang kawula ora kapiji murih diaji-aji dening kawula. Yen
becik nggon ndika ngladeni marang kawula ing Kepuh Agal sanajan ora ndika arep-arep
mangka pangaji marang ndika bakal teka dhewe. Wong nindakne kuwajiban kuwi aja
seneng yen dialem lan cuwa yen dipaido dening sapepadhaning wong, nindakne
kuwajiban kuwi padha wae laku manembah marang Allah, lan kudune sing
diarep-arep ya pambiji saka Allah, ora saka liyane Allah awit yen sing ndika
goleki pambiji saka liyane Allah mangka bisa wae anggon ndika nindakne
kuwajiban mung mburu murih senenge sing ndika ladeni sing wong mau gampang
apus-apusane, nanging yen sing ndika goleki kuwi pambiji saka Allah mangka
Allah kuwi Dzat Kang tan kena diapusi babar pisan”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur
wangsulan langkung rumiyin “pangestunipun Ki Lurah ingkang tansah kula suwun,
mugi-mugi sageda kula menika dados tiyang sepuh ingkang boten sepa kados
sepahan, nanging sageda dados tiyang sepuh ingkang sepen ing pamrih kajawi
namung murih pangalembana saking Gusti Ingkang Maha Agung”.
“Pangestunipun Ki Lurah saha Gus Pradapa
ingkang tansah kula suwun mugi kula sageda nindakaken sedaya piwucaling Ki
Lurah menika kala wau” Gantos Ki Pawana ingkang atur wangsulan “keparenga
nyuwun pitedah malih Ki Lurah”.
“nDika ngersakne apa maneh Ki Pawana?”
Bapa mundhut pirsa .
“Manawi kula sampun nindakaken menapa
ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah kala wau, lajeng sinten ingkang kedah
nggentosi padamelan kula minangka Bebau ing Jangglengan benjingipun? menapa
inggih taksih dados tanggel jawab kula?” Ki Pawana nyuwun pirsa.
“Ki Pawana yen ndika wis nganggo sebutan
Ki Kepuh Agal Kapindho, ndika kudu ninggalne Jangglengan lan mapan ana Dalem Kalurahan
iki, jalaran Dalem Kalurahan iki biyen sing yasa wong tuwa ndika sakanca kanggo
mapane Lurah Kepuh Agal lan kulawargane. Sarta maneh omah utawa dalem kalurahan
iki uga bakal suwung, dadi ya mung ndika sing duwe tanggung jawab manggon lan
ngupakara murih lestarine Dalem Kalurahan iki. Dene sapa sing kudu nggenteni
kalungguhan ndika minangka Bebau ing Jangglengan, kuwi ndika pasrahne marang
sesepuh lan sapukawating Dhukuh Jangglengan supaya miji salah siji saka wargane
murih linggih dadi Bebau ing kono, kaya jaman ndika kapiji supaya dadi Bebau
Jangglengan biyen”.
Anyarengi rampunging anggenipun Bapa
paring wangsulan dhateng Ki Pawana, dumadakan wonten angin sumribit mlebet
dhateng salebeting Sanggar, ndadosaken wulu-wulu sami mrinding. Jalaran angin
kala wau karaos dede angin sabaening angin, nanging angin ingkang mbeta ganda
wangi ingkang nyala wadi, wangining sekar telasih ingkang wor lan sekar
samboja. Ketingal Ki Pawit njengkerutaken palarapanipun, Ki Pawana lan para
Bebau sanesipun sami sawang-sawangan kanthi soroting netra kebak tandha
pitakenan. Kawontenan dados kraos tintrim.
“Kakang Pawit, Anakku Pradapa lan para
Kadang Bebau kabeh” dumadakan Bapa
ngendika kanthi suwanten ingkang alon “wis tumeka titi wancine aku bali marak
ing ngayunaning Gusti, ngaturake sakehing perkara kang wis tak lakoni, tak
jaluk pandongamu muga-muga sowanku bisa katampa dening Gusti. Welingku kang
pungkasan, raga kang tak tinggal sing sasuwene iki tak ajak bebarengan
ngrasakne legi lan paiting urip, tulung aja nganti gantalan dina tumuli ruktinen
sing becik aja nganti gandane ngganggu wong sing ana sandhinge, kuburen ragaku
ing prenahe longan sing ambene tak enggo turu iki, jumbuh karo satataning agama
sing tak rasuk”.
Bapa lajeng ngeremaken netranipun,
lathinipun ebah-ebah ngucapaken klimah sadat, kasusul saking saliraning Bapa
miyos cahya sekawan inggih menika cahya abrit, cemeng, jene ingkang kawungkus
ing cahya pethak. Cahya sekawan kala wau minggah dhateng nginggil nrabas
wuwunganing griya, boten mangertos dhateng pundi purugipun. Boten dangu kasusul
cahya ingkang warni maya ingkang ugi lajeng mesat manginggil.
“nDherekaken Sugeng tindak Ki Lurah,
mugi rahayuwa ingkang pinanggih” Ki Pawit wicanten alon suwantenipun nedahaken
menawi ngampet raos sungkawa, lajeng nglurupaken jarit kangge nutupi
saliranipun Bapa.
“Keng Bapa sampun seda Gus” Ki Pawit
lajeng wicanten dhateng kula, kula tingali wicanten makaten kala wau kalihan
netranipun Ki Pawit kekembeng waspa.
“Inggih Wa” kula suka wangsulan cekak,
boten saged kumecap menapa-menapa awit saking raosing manah ingkang dereng
saged nampi manawi Bapa sampun dumugi ing seda.
“Nyata elok lan nedahaken bilih Ki Lurah
nyata titahing Gusti ingkang kinasih” Ki Pawit wicanten malih “nembe menika
kula sumerep tiyang kundur ing ngayunaning Pangeran kanthi tuhu-tuhu tentrem,
kapapag gandanging Telasih lan Samboja, napsu sekawan medal angrumiyini lajeng
kasusul pesating sukma ingkang badhe marak ing ngarsaning Gusti”.
“Inggih Wa” sepisan malih namung saged
wangsulan cekak.
“Pawana” Ki Pawit lajeng wicanten
dhateng Ki Pawana “jumbuh karo dhawuh sing mbok tampa saka Ki Lurah Kepuh Agal,
wengi iki mesthine awakmu wis wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho,
nanging gandheng durung ana upacara kepyakan, luwih becik awakmu isih nganggo
sebutan lawas ya iku Bebau Jangglengan minangka sesulih saka Ki Lurah. Aku
minangka wong tuwa mung ngelingake, jejibahan ngrukti layone Ki Lurah kudu
tumuli katindakne kanthi sabecik-becike jumbuh karo dhawuh piwelinge sawargi”.
“Inggih Bapa” wangsulanipun Ki Pawana
taksih kalihan kekembeng waspa “kula suwun Bapa kalihan Gus Dapa lenggah ing
mriki rumiyin angreksa layon, kula kalihan kadang Bebau badhe medal dhateng
pendhapa sakedhap saprelu andum damel”.
Kula lan Ki Pawit nunten nyaket malih
dhateng layonipun Bapa, mapan linggih lajeng nyenyuwun dhateng Gusti mugi
sedanipun Bapa menika kepanggih seda patitis, ingkang tumunten saged mangayun
ing ngarsaning Gusti. Ki Pawana lajeng medal saking Sanggar dipun tutaken Bebau
tiga sanesipun. Boten dangu lajeng kapireng kenthongan kalurahan katabuh kanthi
irama dala muluk, lajeng kasambet kenthong kaping sanga ambal kaping tiga lan
katutup mawi uluk-uluk dara muluk.
“Kepiye Baune ?” nembe kemawon Ki Pawana
mlebet dhateng Sanggar sampun kadangu dening Ki Pawit.
“Inggih Bapa” Ki Pawana atur wangsulan “Netepi
dhawuhipun sawargi murih sampun ngantos gantalan wekdal, dalu menika ugi
layonipun Ki Lurah tumunten badhe kapetak ing papan ingkang sampun kapiji,
inggih menika ing sangandhapipun dhampar ingkang kagem sare Ki Lurah menika.
Samangke kula nembe nengga Ki Kaum lan para sekabatipun ingkang kapiji nyiram
jamasi saja anuceni layonipun Ki Lurah
tuwin anyembayangaken, dene ingkang badhe yasa luwangan kangge angubur layon, kula
lan Bebau Grojoganngubal, Bebau Sambirobyong miwah Bebau Sidadadi ingkang badhe
tumandang”.
“Lha mengko yen ana kawula Kepuh Agal
kang uga kepengin atur bekti kang pungkasan marang Ki Lurah kepiye?” Ki Pawit
pitaken malih,
“Ngiras pantes ngrantos dadosing papan
pasareyanipun Ki Lurah, mangke layon badhe kapapanaken ing pendhapa, Gus
Pradapa, Bapa lan Ki Kaum ingkang kajibah mangarsani tugur lan anampi menawi
wonten kawula ingkang dugi badhe ngaturaken bekti ingkang pungkasan dhateng Ki
Lurah. Salajengipun, mangke sasampunipun layon kasarekaken, ngantos pitung
dinten pitung dalu kula badhe panggah wonten mriki anengga pasareyan lan nampi
manawi wonten kawula Kepuh Agal ingkang badhe nyekar lan anjiarahi Ki Lurah” Ki
Pawana lajeng ngaturaken lampahing upacara pametaking layon.
Gandheng Ki Pawit boten wicanten malih,
kula ingkang lajeng wicanten dhateng Ki Pawana :
“Aku banget nedha nrima marang ndika
Kakang Kepuh Agal Kapindho awit sakehing rerigen kang ndika cakne kanggo
upacara pametaking layone Bapa iki, sabanjure aku njaluk palilah ndika supaya
dikeparengake ndherek tugur sasuwene ndika ngreksa pasareyane Bapa sing pitung
dina pitung bengi kuwi”.
“Inggih Gus, menawi Gus Dapa ngersakaken
makaten, kula kinten mila langkung utami”.
Sawatawis
menika ing jawi sampun kapireng suwanten rame, suwantenipun warga Kepuh Agal
ingkang badhe nglayat sedanipun Bapa.
Ana candhake
Rabu, 27 September 2023
SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (123)
Sanaosa namung
kalihan sarean, Bapa inggih lajeng mirsani dhateng Ki Pawit saha Ki Pawana,
gentosan. Sareng dipun rantos tiyang kalih kala wau boten tumunten wicanten,
Bapa lajeng ngendika :
“Mengko
dhisik Ki Pawit lan Ki Bau? Apa miturut ndika sakloron ana tembungku sing
kurang cetha?”
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” sasampunipun Ki Pawit ningali Ki Pawana ingkang lajeng
manthuk, Ki Pawit lajeng matur “sampun boten kirang cetha anggen kula
mirengaken dhawuh jengandika kala wau, namung kirang cetha menggah ingkang
jengandika kersakaken. Inggih menika babagan anggen jengandika dhawuh murih
anak kula pun Pawana ing benjangipun nggentosi kalenggahan jengandika Ki Lurah.
Menika cetha menawi boten jumbuh kalihan ungeling paugeran Kepuh Agal”.
“Apa
bener mangkono Ki Pawit?” Bapa mesem lajeng gentos mundhut pirsa.
“Saenget
kula mila makaten Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng nyethakaken
ungeling perangan Paugeran Dhusun ingkang dipun kajengaken “ing Bab ingkang
kaping kalih, paugeran Dhusun nyebataken bilih sawanci-wanci Lurah Kepuh Agal
lengser saking kalenggahanipun awit seda utawi sabab sanes, ingkang wenang
gumantos Lurah salajengipun inggih menika putra kakungipun ingkang sepuh
piyambak. Salajengipun menawi putra kakung ingkang kasebat menika boten kersa
utawi boten kuwawa ngemban jejibahan minangka Lurah Dhusun saged dipun gentosi
sedherekipun ingkang taksih tunggal Bapa. Dene menawi Lurah ingkang lengser
menika boten kagungan putra utawi putranipun boten wonten ingkang sagah ngemban
jejibahan minangka Lurah, palenggahan Lurah saged dipun lenggahi Warga Dhusun
Kepuh Agal ingkang sinengkuyung dening Bebau ing Kepuh Agal sedaya
saboten-botenipun langkung kathah Bebau ingkang anyengkuyung tinimbang ingkang
boten ………..”.
“Cukup
Kakang Pawit” taksih kalihan sarean Bapa munggel aturipun Ki Pawit “yen kuwi ndika
enggo wewaton ngluputake dhawuhku ing ngarep mau, wewaton ndika kuwi wis
kabantah dhewe dening unining paugeran sing ndika kandhakne. Awit kabeh wong sa
Kepuh Agal wis ngerti yen anakku kuwi mung siji yaiku Pradapa. Kamangka wektu
iki nganti tekan kapan rampunge ora ana sing meruhi, Pradapa bakal nindakne
jejibahan sing luwih abot ya iku jejibahan winadi kang durung bisa tak rampungake,
mula mokal lamun Pradapa uga kapasrahan jejibahan nggenteni kalungguhanku
minangka Lurah ing Kepuh Agal kene, aja maneh kok mung sa Pradapa bisaa,
sedheng aku dhewe wae ora bisa nglakoni kalamun jejibahan nata reh parentahing
Desa ora tak pasrahake luwih dhisik marang Bebau Jangglengan kang wis
disarujuki dening kabeh Bebau lan Sesepuh Kepuh Agal. Sabanjure Kalungguhane Ki
Pawana minangka sesulih Lurah sing ora winatesan ing wektu kuwi , cukup dadi
dhasar nggonku paring dhawuh netepake Ki Pawana nggenteni palungguhan Lurah
sawayah-wayah aku wis ora kuwat nindakne jejibahan iki kanggo salawas-lawase”.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” gentos Ki Pawana ingkang matur dhateng Bapa “kula saged
nampi kanthi legawaning manah dhawuh saking Ki Lurah bab wewahing jejibahan
ingkang kedah kula lampahi, nanging bab Kalenggahan Lurah kula kinten dereng
leres menawi benjang menika kaparingaken dhateng kula. Jalaran badhea kados
menapa taksih wonten ingkang langkung wenang nglenggahi palenggahan Lurah Kepuh
Agal menika salintunipun kula, nuwun inggih Gus Pradapa. Mila estu kula ugi
ngertos menawi Gus Pradapa kasep-kasepipun sekawan dasa dinten malih kedah
bidhal ngayahi jejibahan winados kados ingkang nembe kemawon Ki Lurah dhawuhaken,
nanging kula kinten kados menapa awratipun jejibahan ingkang dipun emban dening
Gus Pradapa tamtu boten ngantos mbetahaken wekdal sadanguning sugengipun,
benten kalihan jejibahan minangka Lurah. Inggih awit saking menika, kula nyuwun
dhateng Ki Lurah, sampun ngantos maringaken palenggahan Lurah dhateng kula
menapa sanesipun, jalaran ingkang wenang kaparingan palenggahan Lurah menika
namung Gus Pradapa. Dene menawi wekdal menika Gus Pradapa dereng saged ngayahi
jejibahaning Lurah nata reh parentah ing Kepuh Agal mriki, kula sagah minangka
sesulihipun jumbuh kalihan ungeling serat ingkang dipun tapak astani Ki Lurah
ingkang kaparingaken dhateng kula kala samanten. Serat kasebat saged dipun pundhut
kundur dening Gus Pradapa, menawi Gus Pradapa sampun purna anggenipun ngayahi
jejibahan winados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah kala wau”.
“Ki
Bau Jangglengan” mawi suwanten alon Bapa nimbali Ki Pawana.
“Inggih
Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana kurmat.
“Aja
ndika kira nek kuwajiban sing bakal ditandangi adhimu Pradapa kuwi luwih
entheng lan luwih gampang tinimbang nata reh parentahing Desa Kepuh Agal” Bapa
paring dhawuh “awit iki ana sambung rapete karo kawicaksanan Dalem Panembahan
Senapati ing Kutha Gedhe Mataram, lumantar Rekyana Patih Mandaraka lan mbok
menawa ngantia entek umure Pradapa jejibahan kuwi ora bakal rampung lan mbok
menawa bakal ditutugne dening anak tekan putune Pradapa mbesuk. Kamangka
jejibahan ndika kuwi ya ora kurang abote, mbutuhake kawibawan lan kakuwasan kang jumbuh lan lakuning
paugeran. Dadi murih rancage laku tata rehing parentah ing Kepuh Agal kene,
ndika pancen kudu dadi Lurah ora mung wewakiling Lurah, kaya sing wis tak dhawuhake
ing ngarep mau. Anane aku duwe dhawuh kang mangkono mau jalaran aku percaya yen
kadang Bebau sing ana Kepuh Agal kene meh kabeh padha nyarujuki apa sing dadi
panemu sing wekasane dadi dhawuhku mau”.
Bapa
kendel anggenipun ngendika, sawatawis Ki Pawit saha Bebau Jangglengan ugi
dereng ngaturakem pamanggihipun malih lan ugi dereng anyagahi ingkang dados
dhawuhipun Bapa ing ngajeng kala wau. Awit saking menika kula lajeng badhe nyobi
ndherek atur pamanggih .
“Nyuwun
pangapunten Bapa” alon-alon kula wiwit matur.
“Iya
Pradapa, mbok menawa awakmu duwe panemu?” Bapa paring wangsulan, mundhut pirsa
kalajengaken dhawuh “Kandhakna sing trawaca ben kabeh sing ana kene padha melu
ngrungokne!”.
“Inggih
Bapa” kula wiwit ngaturaken menapa ingkang dados isen-isening manah kula “manawi
kula suraos ungelipun Paugeran Dhusun Kepuh Agal ing babagan Gilir Gumantosing
Lurah, Putra Lurah menika mila saged kapiji nggentosi kalenggahaning tiyang
sepuhipun ingkang sampun lengser, menika ateges boten kedah. Dados ing
benjangipun menawi Bapa sampun lengser, kula boten kedah gumantos dados Lurah. Saged
ugi dipun tegesi makaten : menawi kula purun lan sembada sagah ngayahi
jejibahan Lurah kula saged gumantos dados Lurah, nanging menawi kula sanadyan
purun nanging pranyata boten kuwawa ngayahi jejibahan Lurah, langkung sae
menawi kula boten dados Lurah, sarta malih menawi kula boten purun dados Lurah,
mangka boten wonten pranatan ingkang saged meksa dhumateng kula murih purun
dados Lurah”.
“Iya
pancen mangkono kuwi Pradapa” Bapa nigas atur kula “sabanjure sing mbok karepne
kepiye?”.
“Inggih
Bapa” kula nutugaken atur “gandheng kula badhe nindakaken dhawuh saking Bapa
ingkang asaling dhawuh saking Gusti Patih Mandaraka ing Mataram ingkang
wekdalipun boten kamangertosan menggah dangunipun, saha malih ing mriki wonten
Kakang Pawana ingkang sampun kabukten sembada ngayahi jejibahan ing tata reh
parentahing Dhusun, kula langkung sarujuk menawi benjing menawi Bapa sampun
lengser, Kakang Pawana ingkang gumantos jumeneng Lurah ing Kepuh Agal mriki. Lan
kula boten badhe kepengin dados Lurah, awit saking menika, menawi pranyata
jejibahan winados ingkang Bapa dhawuhaken menika pranyata sampun rampung lan
kula kedah wangsul dhateng Kepuh Agal malih, mangka kula sampun trimah legawa
saha remen manawi kula saged dados salah satunggaling kawula ingkang
anyengkuyung Kakang Pawana minangka Lurah ing Kepuh Agal mriki”.
“Nggih
Gus saestu kula mathuk lan sarujuk sanget kalihan pamanggih ndika menika”
dumadakan Bebau Grojoganngubal tanpa mawi adangiyah menapa-menapa nyaut atur
kula dhateng Bapa makaten menika “nek Ki Pawit napa Ki Jangglengan boten mathuk
niku namine sampun kesangeten saestu”.
Awit
panyautipun rembag dening Ki Pahang ingkang radi seru makaten menika, sedaya
tiyang ingkang wonten ing Sanggaripun Bapa, kalebet ugi Bapa lajeng sami
ningali praupanipun Ki Bebau ing Grojoganngubal menika.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” dipun pirsani Bapa ingkang ketingal ngemu raos ngungun,
Ki Pahang lajeng ngrumaosi piyambak tanpa dipun emutaken menawi sampun kenging
kawastanan lancang ing pangucap “inggih labet kasurung raos sarujuk kalihan
dhawuh pangandikanipun Gus Pradapa kala wau, ndadosaken kula supe menawi menika
ing ngarsanipun Ki Lurah. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten awit kadegsuran
kula menika”.
“Ora
dadi apa Ki Bau” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “aku mung gumun ora
padatan ndika kuwi guneman banter kaya mangkono mau”.
“Inggih
Ki Lurah” Ki Pahang matur kalihan ndhingkluk “labet kula nembe kemutan dhawuh
pangandikanipun Ki Lurah menapa dene dhawuh pangandikanipun Gus Pradapa menika
sakalangkung leres, pramila kula nunten boten sranta selak kepengin ngedalaken
uneg-uneging manah kula kala wau”.
“Kaparenga
matur Ki Lurah” meh sesarengan Bebau Sidadadi lan Bebau Sambirobyong matur
dhateng Bapa.
“Nek
arep aweh panemu prayoga gentenan Ki Bau” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “saiki
coba Ki Sambi dhisik duwe panemu sing
kepriye? Yen wis lagi Ki Sudib sing genti ngandhakne panemune”.
“Matur
nuwun Ki Lurah” Ki Sambirobyong lajeng matur “kula namung badhe ngaturaken
bilih pamanggihipun Ki Grojoganngubal menika nyata leres lan kula nggadhahi pamanggih
ingkang sami kalihan pamanggihipun Ki Pahang”.
“Samanten
ugi kula Ki Lurah” Ki Sudib, Bebau ing Sidadadi menika nyambung aturipun Ki
Robyong “pamanggih kula sami kalihan pamanggihipun Ki Pahang, awit kula ugi
sampun mangertos sanaosa kirang cetha bilih jejibahan ingkang dipun emban
dening Gus Pradapa menika langkung wiyar tebanipun tinimbang jejibahan ing
Kepuh Agal menika”.
“Aku
banget nedha nrima marang Ki Pahang lan Ki Sambi apa dene Ki Sudib”
saderengipun Bapa paring wangsulan, kula langkung rumiyin wicanten dhateng para
Bebau menika “nanging tak suwun anggon ndika padha nyengkuyung panemuku iki
mau, ora jalaran percaya marang crita sing dikandhakne Ki Danara nalika sanja
menyang Jangglengan nalika samana”.
Senin, 25 September 2023
SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (122)
122.
Dalu menika Bapa ketingal saged sare
kanthi pules, babar pisan boten kepireng anggenipun ngeses menapa malih sambat.
Ingkang makaten menika ndadosaken kula lan para Bebau ingkang nenggani sami
kraos ayem. Malah kula kober kengkenan Paman Genter murih suka pasegahan
dhateng para Bebau kangge kanca jejagongan lan wungon ing sanggaripun Bapa
menika. Lan Para Bebau inggih kanthi sekeca sami ngrahabi unjukan wedang jahe
kalihan Uwi Senggani ingkang dipun godhog. Nalika wanci ngancik sapratiganing
dalu ingkang kantun, Bapa wungu nanging boten ngendika menapa-menapa, malah
lajeng sesuci mawi lebu suci, lajeng nindakaken lampah panembah dhateng Gusti
sanaosa inggih kalihan sasmita kemawon. Lan nalika bang-bang wetan sampun
ngetingal, Bapa wungu malih lan kados wau nindakaken sesuci lan lampah
panembah. Para Bebau inggih lajeng sami pamitan badhe wangsul ing griyanipun
piyambak-piyambak.
Ing siyangipun para rewang ing dalem
kalurahan, katimbalan dening Bapa murih marak ing papanipun sarean. Dhumateng
para rewang menika, Bapa mundhut pangaksami menawi sadangunipun para Rewang
menika suka pambiyantu dhateng Bapa lan kulawarga dalem Kalurahan, Bapa dereng
saged paring pituwas ingkang jumbuh kalihan lelabetanipun para rewang kala wau.
Bapa ugi dhawuh nedha nrima lan ndedonga dhumateng Gusti, mugi-mugi
pagesanganipun para rewang lan kulawarga sarta turun-turunipun kaparingan
karahayon, kabegjan lan kamulyan dening Gusti Ingkang Maha Mirah. Sedaya rewang
ingkang mireng dhawuh pangandikanipun Bapa makaten menika sami boten kiyat
ngampet raosing manahipun piyambak-piyambak, sedaya sami trenyuh manahipun lajeng
sami nangis sanaosa boten ngedalaken suwanten kajawi namung sesenggrukan.
Dening Bapa para rewang ugi kaparingan pitutur murih pinter lila lamun kelangan
ora gegetun, nrima yen kataman sak serik sameng dumadi legawa pasrah dhateng
purbaning Kawasa.
“Aku lan ndika kabeh kuwi satemene ora
beda” makaten antawising pitutur saking Bapa dhumateng para rewang dalem
kalurahan “nanging padha. Tegese, aku lan ndika kuwi ing ngarsaning Gusti padha
olehe bodho, padha olehe mlarat, padha olehe asor, padha olehe mung dadi
kawulane Allah. Awit satemen-temene kapinteran, kasugihan, kalungguhan lan
sapiturute kuwi kabeh kagungane Allah awake dhewe lan titah liyane mung sadrema
kapanggonan utawa katitipan murih digunakne kanggo sangu nglakoni urip ing alam
padhang iki supaya bisa nindakne kabeh kuwajibaning titah marang Gustine. Lan
ing mbesuke, kabeh titipan kuwi bakal dilandrat kaya apa anggone titah nanjakne
titipan mau, yen becik anggone nanjakne mangka bakal thukul ganjaran sing agung
dene yen olehe nanjakne mung nggugu kersa priyangga kang tinuntun dening hawa
nafsu sing ucul saka kekeran, mangka ya bakal ana pidanane. Mula sepisan maneh
aku njaluk pangapura saka ndika kabeh, awit aku nglenggana nggonku ngecakne
titipan sing tak tampa mligine kang tumanduk marang ndika kabeh, isih akeh
luput lan kurange, ya muga-muga wae pangapura saka ndika mengko bisa nyuda
pidana saka Gusti Kang Maha Asih. Sabanjure, ndika kabeh kudu taksah eling yen
jejering titah kuwi meh kaya sarah kang ana ing segara, lakune mung manut
marang ilining banyu. Nalika Gusti ngersakne manungsa lahir, mangka iya ora ana
sing bisa mambengi supaya ora sida lahir, samono uga nalika Gusti ngersakne
manungsa mati lan bali marang mula-mulane, mangka digedhongana dikuncenana tan
wurunga manungsa bakal mati. Ora ana titah sing ngaweruhi kapan tumibane
pesthi, embuh aku dhisik embuh ndika dhisik, anggone kapundhut bali. Mula
becike ayo aku lan ndika padha prasetya ing jeroning atine dhewe-dhewe, gelema
sing kapundhut keri ndongakne sing kapundhut luwih dhisik, murih bisa lepas
lakune, padhang dalane katampa sowane lan kapapanake ing papan kang jumbuh karo
lelabuhan sing dicakne nalika uripe”.
Sedaya ingkang sami mireng pututuring Bapa,
kalebet kula, lajeng sami nginggihi sinartan luh ingkang terus kumucur saking
mripat.
Trus ginelak ujaring tiyang ndongeng, ing
wanci dalunipun Ki Pawit lan para Bebau ingkang kala dalu kadhawuhan dening
Bapa murih dugi ing sanggar, sedaya sampun sami dugi. Kados ingkang kaaturaken
Ki Pawana, dugi dalu menika Ki Danara dereng dugi saking anggenipun kesah,
dados inggih boten tumut ngadhep ing ngarsanipun Bapa. Kados kala wingi, kula
inggih lajeng ngatag Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para ingkang
sami dugi kados pasegahan kala wingi.
“Kakang Pawit lan kadang Bebau kabeh”
mawi suwanten ingkang alon nanging cetha Bapa wiwit ngendika “ora krasa jebul
wis suwe anggone awake dhewe bebarengan labuh kanggo Desa Kepuh Agal iki”.
“Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan
Ki Pawit, sawatawis para Bebau taksih sami mendel “upami boten sok sumerep
putu-putu kula ingkang sampun sami gemrayah makaten, kula inggih boten kraos
menawi sampun dangu anggen kula ndherek ngayom ing Dhusun Kepuh Agal menika”.
“Sing bener kuwi ora Kakang Pawit sing
ngayom ing Kepuh Agal, nanging Kakang Pawit kuwi salah siji saka cikal bakal
saka Desa Kepuh Agal iki, Genah nalika awake dhewe saka sangkan sing beda
banjur kepethuk ing papan iki, gapyuk dadi sedulur kanthi janji sajroning ati
bakal sabaya pati bebarengan yasa Desa sing maune isih wujud alas kaya ngana
kae. Dening sing nggelar lakon, aku kapasrahan nglurahi ndika sakanca sing
saiki akeh sing wis padha kapundhut dening Kang Gawe Urip lan ndika kajibah
anyengkuyung apa kang dadi kuwajibanku. Dadi saupama ora ana ndika lan
kanca-kanca, nglengkara aku bisa dadi Lurah ing Desa iki” Bapa gentos paring
wangsulan, ngleresaken jejeripun Ki
Pawit ing Kepuh Agal ingkang boten namung tiyang ngayom, lajeng kasaambet
ngendika bab sanes “nanging anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki ora arep
tak jak ngrembug lelakon sing wis kawuri kuwi”.
“Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit
“sumangga kadhawuhna, kula badhe mirengaken saha sasaged-saged badhe nglampahi
menapa ingkang dados dhawuh jengandika”.
“Iya Kakang” Bapa lajeng paring dhawuh
malih “ndika sing ana kene rak wis padha weruh nek lungaku nalika samana
jalaran nindakne jejibahan sing kudu tak rampungne, jejibahan winadi sing mung
bisa tak lakoni dhewe. Nanging kanyatane durung kongsi rampung nggonku nindakne
jejibahan winadi kuwi, kedadak aku dadi lara kaya mangkene iki…..”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit nigas rembag
“mugi-mugi Gusti enggal paring waluya dhateng Ki Lurah lan saged ngrampungaken
jejibahan winados menika”.
“Ora mangkono Kakang” Bapa paring
wangsulan “aku wis ora kuwawa ngrampungne jejibahan winadi kuwi, tenagaku wis
entek lan wektuku ya wis ora ana maneh kanggo kuwi. Nanging isih ana cara
kanggo ngrampungake jejibahan winadi kuwi. Mula anggonku nekakne ndika lan para
Bebau iki mau, ora liya arep tak jak andum gawe murih kabeh jejibahanku
minangka Lurah Kepuh Agal bisa ketandangan kanthi sabecik-becike”.
“Menawi makaten kula namung saged
ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Ki Lurah” aturipun Ki Pawit ingkang
lajeng noleh dhateng Bebau sekawan ingkang lenggahipun mlempak sing
sakeringipun Ki Pawit, kalihan wicanten “ndika kabeh rak ya padha karo sing tak
aturne iki mau ta Ki Bebau kabeh?”.
“Inggih Ki Pawit” Bebau Sambirobyong,
Grojoganngubal lan Bebau Sidadadi sami wangsulan sesarengan. Sawatawis Ki Bebau
Jangglengan namung manthuk tanpa nyuwanten.
“Sampun Ki Lurah” Ki Pawit lajeng matur
dhateng Bapa “samangke kaparenga jengandika paring dhawuh menapa ingkang kedah
kula lampahi?”.
“Iki ngene Ki Pawit” Bapa lajeng
ngendika malih “gandheng kahananku saiki isih kaya ngene, embuh apa sing bakal
dumadi sawise aku lara iki, lire bisa bali waras apa bali marang sing Kagungan
Urip, aku ora ngerti, mung wae sing arep tak kandhakne mengko, tak jaluk padha
ditindakne. Kang kapisan perkara jejibahan sing mung aku dhewe sing weruh
wujude, dina iki tak pasrahake marang anakku lanang Pradapa. Pradapa wis tak
jarwani apa sing kudu ditindakake. Tak jaluk ora ana sing cuwa lan gela awit
jejibahan iki tak wenehake marang anakku dhewe, jalaran pancen mung Pradapa
sing nduweni sarat bisa nglakoni jejibahan iki”.
“Inggih Ki Lurah” Ko Pawit atur
wangsulan “kula pitados sampun satrepipun menawi jejibahan winados menika
manawi kapasrahaken dhateng Gus Pradapa. Lan kula ugi pitados sanget, bilih Gus
Pradapa tamtu boten badhe anguciwani”.
“Inggih Ki Lurah, kula nggadhahi
pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Bapa menika kala wau” Ki Pawana,
Bebau Jangglengan ugi ngaturaken pamanggihipun.
“Samanten ugi kula Ki Lurah” Bebau
Sambirobyong, Bebau Sidadadi lan Bebau Grojoganngubal ndherek matur sesarengan.
“Aku banget nedha nrima marang ndika
kabeh awit wis percaya marang anakku Pradapa kanggo nindakane jejibahan iki,
mula dhawuhku marang Pradapa kasep-kasepe patang puluh dina sawise dina iki,
kowe kudu wis budhal nindakne jejibahan iki” Ngendikanipun Bapa ingkang lajeng
paring dhawuh dhateng kula.
“Inggih Bapa” kula wangsulan cekak.
“Sabanjure kang kaping pindho” Bapa
paring dhawuh malih “gegayutan karo jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal sing
ora ngemu wewadi. nDika kabeh kudu ngerti yen Sarkara iki menungsa lumrah, sing
sawayah-wayah bisa mati. Nanging yen jenenge Lurah Kepuh Agal nganti kapan wae
ora bakal bisa mati. Matine Lurah Kepuh Agal bareng karo ilange Desa Kepuh Agal
dhewe. Kan sadurunge Lurah Kepuh Agal budhal lunga nindakne jejibahan winadi
nalika samana, Lurah Kepuh Agal wis napak astani layang sing isine parentah
marang Ki Pawana supaya nindakne jejibahan Lurah lan ngesuhi para Bebau sa Desa
Kepuh Agal, Layang parentah kuwi ora winatesan wektune nganti suk kapan. Dadi
embuh apa sing bakal kedadeyan tetepa Ki Pawana nindakne jejibahan kuwi kanthi
sabecik-becike, lan sawayah-wayah Sarkara tumekeng janjine bali marang Gustine,
Ki Pawana wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho ya iku Lurah Kepuh Agal
sawise Ki Sarkara”.
“Mangke rumiyin Ki Lurah……” meh sareng
Ki Pawit lan Ki Pawana ngangkat tanganipun badhe nyelani dhawuhipun Bapa.
Ana candhake
SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)
52. Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...

-
20. Demang Kedhungtuwung meneng sedhela krungu wangsulane Rangga sing ngabarake ngenani pangincim sing jarene saka Paguron Kluwihan, maran...
-
SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih. 83. Wedang ing cangkire Rangga lan Marga wis entek la...
-
30. Ali-ali dening Jodi banjur dibalekne marang mBah Di maneh. Banjur tangane dicedhakne tangane Gejrot, drijine wong loro kuwi died...