Total Tayangan Halaman

Kamis, 21 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (18)


 

018.

        Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal mencereng mripatipun, kekalihipun sami ngulati Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Kebayan Kuncen sampun ngepelaken tanganipun lan nggegetaken untu, nedahaken panasing manahipun dhateng Ki Jagabaya Munggur. Ki Jagabaya ketingalipun ugi sampun mangertos menawi tiyang kalih menika sami nesu dhateng piyambakipun, lan Ki Jagabaya sajak inggih boten remen menawi kaulatan kados makaten menika. Nanging gandheng Ki Jagabaya Munggur sampun dipun acarani Ki Lurah murih linggih nyaket, pramila raosing manahipun dhateng Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen inggih lajeng kasumenekaken rumiyin.

        “Olehku ngenteni ndika wiwit mau lho Ki Jagabaya” ngendikanipun Ki Lurah sareh kemawon “gandheng ndika ora teka-teka banjur aku kongkonan Sukmana nggoleki ndika, iki mau ketemu neng ngendi?”.

        “Inggih nyuwun pangapunten Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya ingkang lajeng mangertos ingkang dipun kersakaken Ki Lurah, Ki Jagabaya mbatos menawi Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen mesthi sampun madulaken piyambakipun kanthi wadulan ingkang boten-boten tumtap piyambakipun, ingkang namung adhedhasar panginten saha pamanggihipun tiyang kalih menika kemawon “mila kedahipun kula sampun marak ing ngarsanipun Ki Lurah kala wau saderengipun seraping surya, ngaturaken saha nyuwun dhawuh magepokan kalihan wontening kedadosan ing tepis wiring sisih ler Pangapitan ingkang dipun sumerepi dening Ki Kebayan Kuncen, Ki Lurah. Nanging sowan kula sakalangkung randhat jalaran wonten alangan ing margi, temah nembe saged marak sak niki, niki wau kula kepanggih kalihan Adhi Sukmana ing ngajeng regol Kalurahan”.

        “Ki Jagabaya oleh alangan ing dalan?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan suwanten ingkang nedahaken ngunguning penggalihipun.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “kala wau sasampunipun medal saking griyanipun Ki Bebau Peleman, kanthi daya-daya lan setengah kalih mlajeng kula badhe sowan Ki Lurah. Nanging boten kula sumerepi saking pundi asalipun, nalika lampah kula dumugi protigan Peleman dumadakan kula ngraosaken kados ketiban balangan saking wingking ingkang ngengingi geger lan githok kula, ingkang ndadosaken kula dhawah lan boten emut menapa-menapa. Rahayunipun wonen warga Peleman ingkang sumerep anggen kula rebah, kula lajeng dipun gendhong ing griyanipun. Dipun upakara salimrahipun, awit tiyang-tiyang nginten menawi kula kenging angin awon. Sakujuring badan kula ingkang anyep njejet dipun seka mawi toya benter kalihan awu anget, ewa samanten kula panggah dereng saged emut……”.

        “Sabanjure kepiye?” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Jagabaya.

        “Salajengipun duka saking tindak pundi boten wonten ingkang sumerep, rayi jengandika Ki Dungkul pirsa menawi wonten rame-rame ing griyanipun warga Peleman menika” Ki Jagabaya Munggur atur wangsulan “inggih awit kaparingan usada dening Ki Dungkul kala wau, kula lajeng emut malih”

        “Dadi ndika ditambani Adhi Dungkul?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “lajeng Ki Dungkul mrayogekaken murih kula kendel rumiyin boten kenging daya-daya wangsul. Kula lajeng matur, menawi kula boten badhe wangsul nanging badhe dhateng Kalurahan, badhe ngaturi pirsa lan nyuwun dhawuh awit wonten prakawis ingkang wigatos ingkang kedah kapirsanan dening Ki Lurah.”.

        “Banjur ndika mrene iki mau?”

        “Boten Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan lan nglajengaken anggenipun matur “sareng kula matur kados niku wau, Ki Dungkul lajeng gumujeng kalihan ngendika bilih panjenenganipun sampun pirsa prakawis wigatos ingkang badhe kula aturaken dhateng Ki Lurah menika, lan mila leres jebul Ki Dungkul sampun pirsa bilih kula nguwatosaken awit wontenipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing saleripun Dhukuh Peleman kala wau”.

        “Banjur Adhi Dungkul kandha kepiye?” Ki Lurah ndangu malih.

        “Ki Dungkul ngendika makaten : “kae dudu bebaya tumrap Desa Pangapitan Ki Jagabaya, merga wong-wong kae mung wong liwat wae, kae para murid Paguron Nagalanang  sing liwat kene merga arep menyang  Patalan, merga kadhawuhan mlumpuk ing Padhepokan Agung dening Kyai Nagalanang”. Salajengipun Ki Dungkul dhawuh menawi badhe nyulihi kula ngaturaken prakawis menika dhateng Ki Lurah, lan kula menawi sampun kendel sawatawis kadhawuhan ngabaraken bab menika dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen, murih kekalihipun boten kedlarung-dlarung anggenipun kuwatos. Nanging sareng kula wangsul dhateng Tepis wiring ler, jebul kawontenan sampun sepen, Ki Bebau lan Ki Kebayan lan para sinoman sampun sami boten wonten. Kula lajeng sowan Ki Lurah menika”.

        Ki Lurah kendel sekedhap boten tumuli ngendika malih. Penggalihipun lajeng tumuju dhateng Ki Dungkul. Menawi Ki Dungkul sampun ngertos menawi titiyang ingkang dipun sujanani dening Ki Bebau Peleman saha Ki Kebayan Kuncen jebul para pendherekipun Kyai Nagalanang, lajeng saking laladan pundi?. Sok makatena, kala wau enjing nalika Ki Dungkul lan Ki Dhangkal dhateng Dalem Kalurahan babar pisan boten atur uninga dhateng Ki Lurah menawi badhe wonten tiyang kathah ingkang badhe liwat Pangapitan. Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendikakaken ingkang dipun penggalih dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen menapa dene Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Lurah lajeng ndangu bab kasarasanipun Ki Jagabaya :

        “Lha saiki kahanan ndika kepiye? Wis waras tenan apa isih ana rasa mumet utawa liyane?”.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “samenika sampun boten mumet, nanging kula kinten kula boten kengin angin kados pangintenipun warga Peleman kala wau. Awit, githok saha geger kula ingkang rumaos kula kedhawahan balangan kala wau dugi sapriki sakedhap-sakedhap taksih kraos benter sok kraos kados dipun cengkerem dening kukunipun kucing”.

        “Coba Sukmana njupuka dimar tak colokane githok lan gegere Ki Jagabaya iki, kok atiku krasa ora pati kepenak” Ki Lurah dhawuh dhateng Sukmana mendhet dimar, kalajengaken dhawuh dhateng Ki Jagabaya “coba lukaren klambi ndika Ki Jagabaya tak deloke geger lan githok ndika sing lara kuwi”.

        Sukmana sampun mendhet dimar lan Ki Jagabaya Munggur ugi sampun mbikak rasukanipun. Kanthi kapadhangan sunaring dimar, Ki Lurah pirsa bilih ing gegeripun Ki Jagabaya ketingal gosong. Ki Lurah sakala njengkerutaken palarapanipun, sareng uninga gosong ing geger lan githokipun Ki Jagabaya menika ketingal boten gosong limrah.

        “Coba Ki Bau lan Ki Kebayan, aku njaluk tulung, ulatna sing premana apa sing katon ing geger lan githoke Ki Jagabaya iki, miturut panyawang ndika” Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman lan Kebayan Kuncen murih tumut ningali geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.

        Tiyang kalih ingkang dipun prentah Ki Lurah kala wau inggih lajeng nyaket, samanten ugi Sukmana ingkang nadyan boten kadhawuhan, nanging inggih tumut ningali kawontenaning geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.

        “Aneh…..” Ki Bebau Peleman wicanten lirih.

        “Nggegirisi!” Ki Kebayan Kuncen mewahi rembag.

        “Apa sing padha ndika weruhi ?” Ki Lurah ndangu pamong kalih kala wau.

        “Rumaos kula ing gigiripun Ki Jagabaya sisih nginggil dumugi ing githok kados dipun bathik mawi cacahan dom Ki Lurah” Ki Bebau Peleman atur wangsulan.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen mewahi atur “bathikanipun kados gambar sawer dumung ageng ingkang nembe mekrok gulunipun”.

        “Dadi bener apa sing dikandhakne Ki Jagabaya mau” Ki Lurah lajeng ngendika “Ki Jagabaya ora mung kena angin, nanging cetha yen ana sing mbalang saka mburi sing ora diweruhi dening Ki Jagabaya. Ora dibalang nganggo barang lumrah kaya dene watu utawa kayu, nanging Ki Jagabaya wis ketiban Pupuhan saka kadohan sing disurung nganggo hawa murni sing dhuwur. Nitik tatune, Ki Jagabaya wis kena dayane aji Sembur Sarpa, kuwi aji kuna sing lumrah diduweni dening para wong sekti saka laladan sukuning gunung lawu….”.

        “Adhuh…” Ki Jagabaya sambat lan matur dhateng Ki Lurah kalihan suwanten ingkang nedahaken kuwatosing manah “menapa kula badhe pejah Ki Lurah?”

        “Pati lan uripe menungsa kuwi ing astane Gusti, Ki Jagabaya” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang sareh “menungsa diwajibake mbudidaya sarta ndedonga. Mari lan orane gumantung marang kersaning Allah, mung kang wajib dipercaya dening manungsa kabeh, klebu aku lan ndika kabeh, apa sing dadi kersane Gusti, kuwi mesthi becike. Awit Gusti kuwi banget Maha Welas lan Maha Asihe marang kabeh kawulaNe.”

        Ki Lurah nunten jumeneng, mlebet dhateng griya wingking. Boten dangu lajeng medal malih kalihan ngasta dhuwung Kyai Wesi Tawa ingkang sampun dipun liga.

 

 

ana candhake

 

 

 

 

       

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (17)


 

017.

        Srengenge sampun radi sawatawis dangu anggenipun ambles ing cakrawala imbang kilen, kantun nisakaken cahya abang ingkang sansaya dangu sansaya manda-manda. Nalika samanten Ki Lurah lan Ki Palir saha kulawarga dalem Kalurahan taksih sami lenggah ing dalem wingking, mila nembe kemawon rampung anggenipun sami mancal kemul (makan malam). Dumadakan saking pendhapa kepireng suwantening gentha ingkang minangka tengara menawi wonten warga ingkang kepengin sowan ngadhep Ki Lurah.

        “Sapa iki? Lagi bubar surup kok wis ana sing kepengin ngadhep?” Ki Lurah ngendika piyambak kalihan njengkerutaken palarapanipun.

        “Nggih kirang ngertos ta Kyai?” Nyi Lurah nyauti pangandikanipun Ki Lurah “mesthinipun inggih warga Pangapitan ingkang mbetahaken rerigen menapa pitulungan saking ndika”.

        Ki Lurah jumeneng kalihan mesem, lajeng paring dhawuh dhateng Ki Palir :

        “Awakmu neng kene dhisik Dhi, kancanana sisihanmu kareben nutugne nggone jagongan karo mBakyune, aku karo Sukmana tak menyang Pendhapa dhisik, nemoni wong sing ngunekne gentha kae”.

        Ki Lurah lajeng ditutaken Sukmana dhateng pendhapa. Jebul ingkang ngungelaken gentha kala wau, Ki Bebau Peleman kalihan Ki Kebayan Kuncen. Kekalihipun ketingal nembe kemawon nandangi padamelan awrat, menawi boten inggih nembe dugi saking kekesahan tebih. Ketitik saking  sandhangan ingkang dipun engge ingkang taksih dereng garing kenging kringet.

        “nDika mau saka ngendi ta Ki Bau karo Ki Bayan ?” Ki Lurah daya-daya ndangu dhateng tiyang kalih ingkang sampun sila ing tikar ingkang dipun gelar ing jogan pendhapa menika “kok kadhingaren wong loro bebarengan, nitik saka kahanan ndika wong loro sajak lagi wae saka lelungan adoh ya?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, menapa Ki Jagabaya Munggur wau dereng dumugi mriki?” boten mangsuli menapa ingkang dados pandangunipun Ki Lurah Ki Kebayan Kuncen malah gentos nyuwun pirsa, suwantenipun kepireng radi kirang sekeca, mila Ki Kebayan Kuncen menika nggadhahi watak radi cugetan.

        “Wiwit awan mau durung ana wong mara mrene Ki Kebayan” wangsulanipun Ki Lurah alus kalihan mesem “lha ana apa ta? Sajake kok wigati banget?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” gentos Ki Bebau Peleman ingkang matur “badhe matur bilih ing tepis wiring ler kilen Pangapitan nembe mawon wonten kedadosan ingkang nyalawadi lan pantes menawi dipun sujanani”.

        “Kedeyan apa kuwi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Kala wau, saderengipun serap Ki Kebayan Kuncen ingkang nembe wangsul saking pategilanipun, sumerep tiyang kathah, ingkang dereng wonten ingkang dipun tepangi dening Ki Kebayan, tiyang-tiyang kala wau sami sesikep dedamel jangkep. Ketingalipun nembe mlampah ngiteri Dhusun Pangapitan. Lajeng Ki Kebayan ngabari kula, jalaran tiyang-tiyang kala wau ngambah laladan Dhukuh Peleman. Kaleresan wekdal niku wau, Ki Jagabaya Munggur nyarengi sanja ing griya kula, pados wiji gaga abrit ingkang badhe dipun tanem ing pategilanipun. Ki Jagabaya lajeng suka rerigen dhateng kula lan Ki Kebayan murih ngajak para sinoman Peleman saprelu ngangen lampahing tiyang-tiyang kala wau saking katebihan, lan Ki Jagabaya criyos menawi badhe sowan Ki Lurah ngaturaken prakawis menika. Ki Jagabaya ugi meling murih kula sakanca boten nyaketi tiyang-tiyang kala wau rumiyin, saderengipun nampi dhawuh saking Ki Lurah. Rerigen saking Ki Jagabaya nunten kula lampahi, kula kalih Ki Kebayan saha para sinoman Peleman inggih boten nyaketi tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel kala wau. Nanging inggih boten kendhat anggenipun ngulati, sinambi ngrantos duginipun Ki Jagabaya ingkang matur dhateng Ki Lurah. Jebul ngantos surya surup, Ki Jagabaya boten ngetingal malih. Temah kula lan Ki Kebayan boten sumerep sinten sejatosipun tiyang-tiyang ingkang nyalawadi menika kalawau”.

        Ki Lurah njengkerutaken palarapanipun midhanget aturipun Ki Bebau Peleman kados makaten menika kala wau. Rumaos ngungun kalihan Ki Jagabaya Munggur ingkang dugi sapriki dereng dugi ing Kalurahan, mila Ki Lurah inggih lajeng ngleresaken menawi Ke Kebayan Kuncen anyel manahipun.

        “Lha ndika kuwi kepiye? Kok malah wong loro mrene kabeh iki?” semu nutuh Ki Lurah mundhut pirsa “lha sing nuwani para sinoman sing ngulat-ulati wong-wong sing pantes disujanani mau banjur sapa?”

        “Kauningana Ki Lurah” Ki Bebau Peleman matur “ketingalipun tiyang-tiyang niku wau ngertos menawi dipun ulati, saderengipun surya surup kala wau tiyang-tiyang menika sami mlampah nebihi Dhusun, lajeng mlebet dhateng wana, temah boten kasumerepan malih dhateng pundi mapanipun, awit inggih kawontenan sampun sansaya peteng. Lare-lare sinoman lajeng kula prentah murih nutugaken anggenipun baris pendhem ing tepis wiring lajeng kula mriki niki wau”.

        “Kalian kula ugi badhe nyuwun palilah saha dhawuh ingkang kasampiran purba wasesa Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen nyambet aturipun Ki Bebau Peleman.

        “Palilah karo dhawuh sing kasampiran purba wasesa sing kepiye Ki Kebayan?" Ki Lurah mundhut pirsa kalihan njengkerutaken palarapanipun.

        “Mugi kaparengna kula badhe nganthi sawatawis sinoman” wangsulanipun Ki Kebayan Kuncen “Jagabaya Munggur badhe kula kendharat lan kula ajengaken ing ngarsanipun Ki Lurah. Piyambakipun kedah tanggel jawab ing prakawis menika, jalaran kula kinten Jagabaya Munggur menika wonten sambung rapetipun kalihan tiyang-tiyang ingkang kala wau kula tingali. Malah boten mokal Jagabaya Munggur badhe damel kisruhing Pangaputan mriki, ketitik piyambakipun sampun dora kalihan kula lan Ki Bebau ing Peleman”.

        “Sabar dhisik Ki Kebayan” Ki Lurah paring wangsulan “aja kesusu ndakwa ala marang kanca, kuwi ora becik kedadeyane. Luwih-luwih yen pandakwa kuwi ora ana pawadan sing nguwatake, kurang-kurang bejane lekas ndika sing kepengin gawe tentreme desa malah nuwuhake kisruh, jalaran yen panjaluk ndika kuwi mau tak turuti tan wurunga bakal ana pasulayan antarane ndika lan Ki Jagabaya Munggur”.

        “Lho lepatipun Jagabaya Munggur menika rak sampun ketingal cetha ta Ki Lurah?” Ki Kebayan Kuncen wangsulan kalihan suwanten ingkang radi inggil “piyambakipun sampun nyukani wekdal dhateng andhahanipun, tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel kala wau kangge umpetan, saupami kala wau Jagabaya boten meling murih Ki Bebau ing Peleman boten nyaketi tiyang-tiyang menika kala wau, sak boten-botenipun sampun kamangertosan sejatosipun sinten tiyang-tiyang ingkang nyalawadi menika”.

        “Panemu ndika mangkono kuwi ora luput Ki Kebayan” Ki Lurah paring wangsulan kalihan suwanten panggah sabar lan sareh “ing perkara iki Ki Jagabaya Munggur mula prelu dijaluki tanggung jawabe, nanging kudu nganggo cara sing ora nuwuhake prekara anyar sing nambahi ruwete kahanan”.

        “Lajeng caranipun kados pundi Ki Lurah?” Ki Kebayan Kuncen taksih ngeyel.

        “nDika leren dhisik, aku tak rembugan karo anakku si Sukmana” wangsulanipun Ki Lurah ingkang lajeng nimbali Sukmana “Sukmana…”.

        “Inggih, wonten dhawuh Bapa?” Sukmana atur wangsulan siyaga nampi prentah.

        “Saiki budhala nggoleki Ki Jagabaya Munggur” Ki Lurah paring dhawuh dhateng Sukmana “yen wis kepethuk, kandhanana kanthi tembung sing alus, yen tak timbali menyang dalem kalurahan saiki bareng sak lakumu. Aja nganti Ki Jagabaya Munggur ngerti yen saiki Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen lagi ana kene. Wis budhala, yen Ki Jagabaya ora gelem bareng salukumu, mangka purba wasesa tak pasrahake marang kowe”.

        Mireng dhawuhipun Ki Lurah dhateng Sukmana makaten menika, Ki Kebayan lajeng mesem kalihan ndhingklukaken sirahipun. Sukmana ugi lajeng atur wangsulan dhateng tiyang sepuhipun :

        “Inggih Bapa, nyuwun pangestu” Sukmana lajeng ngadeg badhe bidhal madosi Ki Jagabaya Munggur.

        Nanging nembe kemawon Sukmana mandhap saking pendhapa, lajeng mandheg, boten nglajengaken lampahipun. Saking regol ngajeng ingkang kapadhangan soroting diyan ting Sukmana sumerep wonten regemenging tiyang ingkang mlampah tumuju pendhapa dalem kalurahan. Sareng dipun waspadakaken langkung titi, Sukmana radi kaget. Boten pangling mila tiyang ingkang nembe dugi menika boten sanes kajawi Ki Jagabaya Munggur ingkang badhe dipun padosi.

        “Ki Jagabaya Munggur……” Sukmana alok mawi suwanten alon.

        “Inggih Adhi, kula ingkang sowan” wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “menapa Ki Lurah wonten dalem?”.

        “Wonten, wonten Ki Jagabaya” groyok anggenipun wangsulan “kaleresan sanget, mila Bapa sakalangkung anggenipun ngajeng-ajeng ndika, mangga katuran minggah dhateng Pendhapa”

        Ki Jagabaya inggih lajeng minggah dhateng pendhapa dipun tutaken dening Sukmana.  Sapandurat Ki Jagabaya ketingal kaget nalika sumerep Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen sampun linggih ing tikar ngadhep Ki Lurah Pangapitan. Nanging inggih lajeng kasamudana kalihan matur dhateng Ki Lurah :

        “Kula ingkang sowan Ki Lurah….”.

        “Kene-kene Ki Jagabaya, linggih cedhak aku kene” wangsulanipun Ki Lurah grapyak lan boten nedahaken raos sujana menapa-menapa.

 

ana candhake

 

 

 

Rabu, 20 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (16)


 

016.

        Ki Palir ketingal njengkerutaken bathuk, nggagas menawi sedherekipun jaler kalih niku sampun wangsul malih dhateng Pangapitan kok boten simpangan kalihan piyambakipun?, menapa anggenipun dumugi sampun kala dalu?, menapa anggenipun liwat ngginakaken margi sanes?. Lan tiyang sekawan ingkang dipun kanthi menika tiyang Brendhilan menapa tiyang Paguron? Menawi tiyang Brendhilan mesthinipun boten, kala wau Nyai Palir criyos menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal sampun dangu boten nyambangi griya lan semahipun.

        “Sakniki saenipun kados pundi Paman?” Sukmana wicanten nakeni Ki Palir “Paman Palir nglajengaken tindak dhateng Brendhilan mendhet barang-barang ingkang badhe kabekta dhateng Pangapitan menapa kados pundi?”.

        “Boten Ngger” wangsulanipun Ki Palir “langkung prayogi wangsul dhateng Pangapitan kemawon, menawi kula wangsul dhateng Brendhilan boten sande badhe dipun ranjap tiyang sa Brendhilan, Jagabaya Tampeng tamtu sampun wadul dhateng Ki Lurah prakawis anggenipun kerengan ing papan menika lan mesthi dhandhang dipun unekaken kuntul kuntl dipun ungelaken dhandhang”.

        “Menawi makaten mangga suwawi kula dherekaken Paman”

        Sukmana lajeng mendhet kapalipun ingkang kala wau dipun cancang ing papan radi tebih. Gothot inggih lajeng ngrakiti lembunipun malih. Dening ingkang jaler, Nyai Palir kaprentah murih nunggang ing cikaripun Gothot. Boten watawis dangu, cikar lajeng mlampah tumuju Pangapitan, ngetutaken lampahing kapalipun Dana lan Wala, dipun iring dening Ki Palir lan Sukmana ingkang kekalihipun ugi sami nunggang kapal.

        Dereng ngantos seraping surya, lampahipun Ki Palir sampun dumugi ing Dhusun Pangapitan. Ki Palir criyos dhateng Sukmana bilih badhe njujug ing dalem Kalurahan. Badhe ngaturaken sedaya ingkang sampun kedadosan ing wana kala wau. Ngiras pantes nepangaken Nyai Palir dhateng Ki lan Nyai Lurah tuwin kulawarga dalem kalurahan sanesipun.

        “Kok kebat temen lakumu dina iki mau Dhi?” panyapanipun Ki Lurah kalihan nyalami Ki Palir ingkang nembe kemawon dugi lajeng kaajak minggah dhateng Pendhapa “miturut petunganku, cepet-cepete si Adhi tekan kene maneh kuwi lagi sesuk bengi, kuwi nek si Adhi ora ndadak mubeng pamitan marang tangga teparo ing Brendhilan kana. Lha iki lagi wayah semene si adhi kok wis tekan kene maneh?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir suka wangsulan “mila kedahipun leres kados ingkang dados petanganipun Kakang Lurah, nanging niki wau jalaran wonten prakawis ingkang boten kalebet ing petangan saderengipun, rayi jengandika pun Tandur, bidhal saking griya kala dalu badhe nusul kula mriki, temah kalihan kula kepanggih ing satengahing margi”.

        “Kendel tenan sedulurku wadon iki” ngendikanipun Ki Lurah nanggapi wangsulanipun Ki Palir “wani mlaku ijen ing wanci bengi liwat alas pisan. Rahayune ora ana alangan, merga miturut kabar sing digawa dening Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal esuk mau, dina-dina iki kahanan alas ing antarane Pangapitan karo Brendhilan kuwi lagi gawat, akeh begal sing kluyuran ngadhang lakune wong sing liwat. Nganti Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal milala golek dalan liya murih ora kepethuk Begal ing dalan”.

        “Anggenipun Tandur wantun menika estunipun inggih saking kapeksa Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “sanaosa boten kepanggih kalihan Begal, niki wau meh kemawon rayi jengandika menika badhe manggih cilaka, malah saupami Angger Sukmana boten tumunten rawuh anggenipun nusul lampah kula, kula boten mangertos menapa kula, Ki Dana lan Ki Wala tuwin Paman Gothot menika taksih saged kepanggih kalihan Kakang Lurah menapa boten.”

        “Kok bisa mangkono? Cethane kuwi piye Dhi?”

        Ki Palir lajeng ngambali cariyosipun Nyai Palir dhateng Sukmana kala wau, lajeng kasambet lelampahan sasampunipun Sukmana dugi lan nulungi Nyai Palir saking tumindakipun Raden Mas Daksina ingkang murang tata. Ki Palir ugi nyariyosaken menawi Lurah Brendhilan lan meh sadaya Pamong Dhusun sarta para kawula ingkang dados siswanipun Kyai Gendirwesi sampun sami nggadhahi kapitayan bilih ing pungkasaning tahun menika ing Patalan badhe madeg nagari enggal ingkang nami Nagari Majapahit Enggal lan sadaya Adipati, Demang, Lurah lan sapiturutipun ingkang boten purun manunggal kalihan Majapahit Enggal menika badhe dipun sirnakaken.

        “Inggih kalihan wontenipun kedadosan menika, sansaya manteb anggen kula badhe ngaup ing sangandhaping kawicaksanan jengandika Kakang Lurah, dados warga ing Dhusun Pangapitan mriki” Ki Palir amungkasi cariyosipun lan nelakaken kasetyanipun.

        “Iya Dhi” wangsulanipun Ki Lurah Pangapitan “aku seneng nek si adhi wis manteb manggon neng desa kene iki. Mung sing gawe gumune atiku sing ora uwis-uwis kuwi malah karo tekune wong sing jeneng Raden Mas Daksina kuwi mau. Ingatase dheweke kuwi putrane Pangarsa Padhepokan, malah jarene uga cinaket karo Kyai Nagalanang, lha kok tumindake ora murih ditresnani wong akeh, malah kepara seneng gawe seriking liyan mung sabab kepengin nguja hardaning karsa priyangga. Kaya ngono kuwi rak malah bisa nuwuhake kapitunane dhewe? Wong-wong sing maune arep kepencut marang gegayuhane namjur manunggal marang padhepokane rak banjur mlayu ngethar kaya sing mbok alami iki ta Dhi?”

        “Inggih Kakang” Ki Palir mangsuli pangandikanipun Ki Lurah “kula piyambak inggih nggumun, jaman rumiyin nalika dumugi ing Brendhilan sapisanan para cantrikipun Kyai Gendirireng menika sakalangkung ing saenipun. Andhap asor ngajeni dhateng sesami, dhemen tetulung lan boten dhemen ngongasaken kalangkunganipun, malah kathah remen ngalah. Tembung satembung boten uwal saking damel remenipun ingkang mireng. Temah kathah tiyang ingkang kayungyun lajeng kapencut kepengin ndherek dhateng kapitayanipun, kalebet kula piyambak. Nanging sareng pandherekipun sampun kathah lan sansaya kathah, piwucal bab budi utami sansaya tipis, ingkang dipun tengenaken namung ing bab ulah kanuragan. Malah sampun radi sawatawis dangunipun wonten kados dene paugeran, sedaya ingkang dados gadhahanipun para pendherek, menawi dipun kersakaken dening Cantrik Paguron ingkang cinaket kalihan Kyai Gendirireng kedah dipun caosaken. Menika boten winates ing barang kemawon, nanging kalebet anak lan semah. Ingkang langkung mrihatosaken malih, nyumerepi ingkang kados makaten menika, Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tuwin Ki Lurah Brendhilan ugi tumut anyengkuyung lan paring duka menawi wonten pandherek ingkang rumaos kawratan masrahaken gadhahanipun ingkang dipun kersakaken dening para penggedhening Padhepokan menika”.

        “Yen pancen mangkono Dhi” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih “kedadean sing padha mbok alami, ya iku perkara anggonmu wis kerengan nganti meh paten pinaten karo Raden Mas Daksina lan kanca-kancane mau aja nganti dicritakne marang sapa wae. Aku kuwatir yen nganti Adhi Dungkul an Adhi Dhangkal krungu, bisa nuwuhake salah tampa.”

        “Inggih Kakang”

        “Dana lan Wala sarta Gothot padha kandhanana, Sukmana” Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Sukmana “saiki wae mumpung wong-wong kae isih ana kene lan durung kepethuk sapa-sapa”.

        “Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng menyat nyaketi Dana, Wala lan Gothot ingkang taksih linggihan ing dhingklik ngajeng Pendhapa.

        Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih dhateng Ki Palir :

        “Becike siadhi lan sisihanmu aja kesusu bali menyang omahmu dhewe dhisik Dhi. Bengi iki padha nginepa neng omah kene, merga isih ana sing arep tak rembug karo si Adhi magepokan karo sing diaturake Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal esuk mau”.

        “Inggih Kakang, ngestokaken dhawuh”

        “Saiki ajaken sisihanmu nemoni mBokayune neng pungkuran kana. Yen wis, ya banjur padha reresika kaya lumrahe. Mengko bengi wae, awake dhewe nutugne jagongan ing kene, sisihanmu kareben padha crita karo mbokayune”.

        Ki Palir lajeng mbeta semahipun dhateng pungkuran kepanggih kalihan Nyai Lurah. Nyai Lurah sakalangkung remen manahipun tetepangan kalihan kadang pripeanipun menika. Langkung remen malih sareng mangertos bilih wiwit dinten menika Ki Palir lan semahipun sampun manteb dados warga ing Pangapitan. Nyai Lurah lajeng paring rerigen bilih saenipun salebeting tiga utawi sekawan dinten Ki Palir lan semahipun manggen ing dalem kalurahan rumiyin. Mangke anggenipun manggen ing griyanipun piyambak saenipun dipun teraken Ki lan Nyai Lurah kados limrahipun kulawarga ingkang boyongan manggeni griya enggal. Menika ngiras pantes kalih pados ubarampe kangge isen-isen pawon, kados dene dandang, kwali, kukusan, lemper, munthu lan sapiturutipun, awit sedaya uba rampening Pawon gadhahanipun Nyai Palir sedaya kantun wonten ing Brendhilan. Ki Palir lan semahipun matur menawi kantun ndherek menapa ingkang dados rerigenipun Nyai Lurah kekalihipun ugi sanget anggenipun ngaturaken panuwun.

 

ana candhake

 

Senin, 18 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (15)

015.

        Sawatawis menika, Nyai Palir ingkang sampun saged ngadeg tangi lajeng nyaketi tiyang ingkang nggibeng Raden Mas Daksina kala wau.

        “Ngaturaken genging panuwun awit peparing pitulungan jengandika dhateng kula Den” kalian nangkebaken epek-epekipun lan katumpangaken dhadha, Nyai Palir ngaturaken panuwun dhumateng tiyang kala wau.

        “Dhawah sami-sami Bibi” wangsulanipun tiyang kalawau kalihan manthuk kurmat “menawi kalihan Bibi Palir kula menika  dede tiyang sanes, nami kula Sukmana, yoganipun  Bapa Lurah Pangapitan dados inggih taksih pulunanipun Bibi piyambak”.

        “O inggih, inggih Ngger, Kakang Palir mila asring nyariyosaken putranipun Ki Lurah ing Pangapitan dhateng kula lan samangke saestu sampun saged kepanggih saha maringi pitulungan dhateng kula, temah kula boten siyos cilaka awit saking pakartinipun tiyang ingkang murang tata kala wau”.

        Sukmana boten tumuli wangsulan jalaran Sukmana sumerep Ki Palir ingkang dipun tutaken Dana, Wala lan Gothot, nyaketi papanipun.

        “Nyuwun pangapunten Paman, anggen kula nusul radi randhat” nalika Ki Palir dumugi sacaketipun, Sukmana manthuk kurmat kalihan nyuwun pangapunten awit radi kasep duginipun.

        “Malah kula boten nginten menawi Angger badhe nusul” wangsulanipun Ki Palir blaka “awit Angger Sukmana boten paring uninga langkung rumiyin menawi badhe nusul. Pramila kula wau kober nglokro, meh kemawon kula mupus bilih gesang kula namung dumugi samanten sareng kula sumerep Denmas Daksina nyaketi Bibi ndika. Bares kemawon kula boten sumerep menawi Angger sampun rawuh lan nundhung Denmas Daksina, ngertos kula inggih sasampunipun Denmas Daksina ngajak kanca-kancanipun mlajeng kala wau”.

        “Nyuwun pangapunten Paman, ingkang nami Denmas Daksina nika kala wau sinten?” Sukmana pitaken dhateng Ki Palir “lan kados pundi cariyosipun dugi Paman Palir, Dana, Wala lan Man Gothot dumadakan kerengan wonten mriki menika kala wau? Ugi kenging menapa Bibi Palir sampun dumugi mriki? Awit miturut petangan kula, niki wau ndika mesthinipun dereng dumugi ing Brendhilan?”.

        “Mila leres petangan ndika menika Ngger” wangsulanipun Ki Palir “anggen kula mlampah kalihan Adhi Dana lan Adhi Wala menapa dene Paman Gothot saking Pangapitan kala wau, inggih nembe dumugi mriki niki. Lha ingkang dados jalaran kula sakanca sami kerengan kalihan tiyang-tiyang kala wau, murih runtutipun saking bongkot dumugi pucuk, kersanipun Bibi ndika kemawon ingkang matur, piyambakipun ingkang langkung mangertos wiwitanipun. Namung mugi kauningan bilih tiyang sekawan ingkang mlajeng kala wau, ingkang griyanipun Brendhilan namung setunggal, inggih menika Jagabaya Tampeng, ingkang estunipun taksih sedherek nak ndherek kalihan Bibi ndika menika”.

        “Menawi makaten, mangga Bibi kaparenga paring dhawuh” Sukmana lajeng ngengken Nyai Palir murih cariyos “awit kula mengke inggih badhe matur dhateng Paman Palir, bilih wonten wartos enggal magepokan kalihan Paman Dungkul lan Paman Dhangkal”.

        “Ayo Nyai, aturna apa sing wis mbok alami marang Angger Sukmana, kabeh aturna aja nganti ana sing kacicir” Ki Palir lajeng prentah dhateng semahipun.

        “Nyuwun pangapunten Gus Mana saha Ki Palir” dereng ngantos Nyai Palir guneman, dumadakan Gothot nyaru wuwus.

        Sedaya ingkang wonten mriku sami noleh ningali Gothot, awit boten kados padatan, Gothot menika arang sanget purun guneman kajawi namung menawi wonten prelu ingkang sanget.

        “Iya Man, ana apa?” Sukmana pitaken awit gumun.

        “Wekdal menika ketingalipun srengenge sampun ngglewang mangilen radi tebih” Gothot suka wangsulan kalihan sakedhap ndhangak dhateng prenahipun srengenge “kamangka kula tingali wiwit wau, praupanipun Wala kalih Dana sansaya mundhak ijem kemawon…..”.

        “Banjur ana sambunge apa antarane srengenge sing wis ngglewang karo praupane Dana lan Wala, Man?” Sukmana nigas tembungipun Gothot mawi pitakenan.

        ‘nDika niku pripun ta Gus?” Gothot wangsulan “srengenge ngglewang ngilen niku tandhane sampun sansaya siang lha praupan ijo pucet niku tandhane nek mpun sami ngelih, sampun wancine njaluk ingon….”.

        “Walaah Gus Mana niku kok nggih supe lho kalih klageyanipun Man Gothot?” dereng rampung anggenipun Gothot atur wangsulan sampun dipun punggel dening Wala kalih gumujeng “nanging nggih boten napa-napa kula kalih Kang Dana dipun damel pawadan, sanadyan kula ngertos nek cacing-cacing ing wadhuke Man Gothot mila sampun sami kroncalan. Nanging niku kirang baku Gus, ingkang langkung baken niku kula namung mesakaken menawi  sekul bontotan sing teng njero Cikar nika dados wayu, kelalen boten wonten ingkang nedha. Sak niki mumpung kelingan, badhe kula andhapne mriki lajreng sareng-sareng dipun sampurnakaken”.

        “O alaah ngono ta jebule?” Sukmana mesem, awit piyambakipun ugi ngertos menawi kala enjing dening Nyai Lurah, Gothot dipun betani bontot sekul ingkang radi kathah “bener kuwi, aku ya wis rada ngelih kok pancen wayah samene iki wancine madhang”.

        “Kowe ngangkat banyu sing ana pengaron tembaga kae wae lho La, ben diagem wijik Gus Mana lan Ki Palir karo Nyai Palir dhisik, bontote ben didhukne Dana” kalih ngadeg nututi Wala, Gothot ngaba murih Wala ngangkat toya kangge wijik.

        Dana inggih lajeng ngadeg badhe mlampah nyaketi cikar, kalih pitaken dhateng Gothot :

        “Lha ndika arep ngapa Man? Nek banyune wijik wis diangkat Adhi Wala, banjur bontote mbok kongkon ngangkat aku?”.

        “Kowe kuwi piye ta Na?” Gothot semaur kalih mesem “aku tak nggawa Kendhine, bubar madhang ora dicawisi kendhi kowe mengko plekiken?”.

        Boten antawis dangu ing papan mriku tiyang-tiyang sami nedha sesarengan. Dhasar inggih sampun sami ngelihipun, dados anggenipun sami nedha inggih ketingal seger, sanaosa namung lawuh kuluban ron kates kalihan sambel klapa, kawewahan dhendheng kidang asil anggenipun mbebedhag Sukmana kala emben.

        Sinambi nedha, Nyai Palir nyariyosaken kedadosan ingkang dipun alami. Wiwit dipun purugi dening Ki Lurah, Ki Jagabaya Tampeng lan Raden Mas Daksina sapendherekipun, ngantos piyambakipun nekad mlajar ing wanci tengah dalu badhe nusul ingkang jaler, ingkang nembe mbara kerja ing Pangapitan, jebul malah kepanggih ing tengah margi.

        “Dados kula inggih boten mangertos menawi Raden Mas Daksina kalihan rencang-rencangipun nututi plajeng kula, Ngger” Nyai Palir mungkasi anggenipun cariyos “andilalah Gusti ngersakaken Kakang Palir lan sedherek-sedherek menika kepanggih kula ing mriki, saha wekasanipun Angger Sukmana rawuh anyarengi kula badhe kabekta mlajar dening Raden Mas Daksina kala wau”.

        “Dados ingkang kula gibeng lajeng mlajeng kala wau, naminipun Raden Mas Daksina taksih putranipun Kyai Gendirireng ingkang kondhang sekti mandraguna menika? Saha siswa kinasih saking Kyai Nagalanang ingkang dados sesembahanipun Ki Lurah Brendhilan lan para kawulanipun menika?”.

        “Ngakenipun mila makaten Ngger, dene leres lan botenipun kula boten mangertos” wangsulanipun Nyai Palir.

        “Nuwun sewu Bibi” Sukmana taken dhateng Nyai Palir malih “ing lelampahan menika mliginipun nalika Ki Lurah Brendhilan murugi griyanipun Bibi kala wingi, Paman Dungkul lan Paman Dhangkal menapa boten mangertos?”

        “Lho Kakang Dungkul kalihan Kakang Dhangkal rak sami kalihan Kakang Palir ta Ngger? Sami-sami anggenipun mbara kerja dhateng Pangapitan. Kekalihipun inggih nuju boten wonten Brendhilan, tiyang Kakang kekalih menika langkung awis sambang griya menawi dipun tandhingaken kalihan Kakang Palir” Nyai Palir suka wangsulan .

        Sukmana manthuk-manthuk, lajeng kemutan kalihan ingkang nate dipun aturaken Ki Palir dhateng Ki Lurah Pangapitan, ingkang Sukmana ugi tumut mirengaken, bilih Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika estu pandherekipun Kyai Nagalanang ingkang setya. Lan Ki Palir ugi matur bilih dereng kantenan menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal ingkang pamit badhe sambang griya menika estu-estu badhe wangsul dhateng griyanipun, saged ugi menika namung damel pawadan anggenipun badhe manggihi para pepundhenipun ingkang wonten ing Padhepokan Gendirireng utawi ing Padhepokan Nagalanang.

        “Inggih, inggih ngaturaken genging panuwun Bibi” sareng radi sawatawis kendel Sukmana lajeng wicanten malih “samangke gentos kula ingkang badhe caos kabar dhateng Paman Palir magepokan kalihan Paman Dungkul lan Paman Dhangkal”.

        “Inggih Ngger” Ki Palir suka wangsulan “suwawi tumunten kababarna pawarta ingkang wonten sambung rapetipun kalihan sedherek jaler kula kekalih menika”.

        “Namung kabar sepele Paman” Sukmana wicanten kalihan mesem “ingkang ndika aturaken dhateng Bapa kala wingenane menika nyata leres”.

        “Leres kados pundi Ngger?”

        “Paman Dungkul lan Paman Dhangkal mila sampun wangsul dhateng Pangapitan malih, malah mbeta rencang cacah sekawan. Kala wau nalika kula badhe bidhal nusul ndika, Paman Dungkul lan Paman Dhangkal dhateng Kalurahan badhe kepanggih Bapa kalihan nganthi kancanipun sekawan kala wau, badhe matur menapa dhateng Bapa kula dereng mangertos, awit kula lajeng bidhal nusul ndika niki wau”.

 

ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (14)

014.

        Raden Mas Daksina lajeng nyaketi kapalipun ingkang kala wau dipun cancang lan dipun singidaken ing gegrumbulan watawis seket jangkah saking papanipun tiyang-tiyang ingkang sami kerengan menika. Kapal lajeng dipun tuntun nyaketi papanipun Nyai Palir. Nyai Palir ingkang nembe kasengsem ningali anggenipun perang tandhing ingkang jaler babar pisan boten sumerep menawi nembe dipun rindhik dening Raden Mas Daksina saking katebihan. Ngertos-ngertos sareng Raden Mas Daksina kantun watawis sedasa jangkah saking papanipun. Jalaran Raden Mas Daksina nyandhung pang garing ingkang malangi margi temah putung lan nuwuhaken suwanten ingkang radi banter, ndadosaken Nyai Palir noleh dhateng asalipun suwanten temah sumerep Raden Mas Daksina ingkang nyaketi papanipun kalihan nuntun kapal. Sakala Nyai Palir kaget, meh kemawon njerit. Rahayunipun Nyai Palir kemutan menawi ngantos piyambakipun njerit tartamtu badhe ngagetaken ingkang jaler ingkang nembe ngadhepi mengsah. Boten sengaja Nyai Palir ngebahaken tanganipun kangge nutupi tutukipun, lan mripatipun tanpa kedhep ngulati ingkang nembe dugi.

        “Aja kaget lan aja wedi Nyai…..” ngertos menawi dipun ulati Nyai Palir, Raden Mas Daksina lajeng wicanten alus, esemipun angrenggani lathi. Tangsul lising kapal ingkang kala wau dipun cepengi mawi tangan kering, dipun uculi. Kapal ingkang sampun lulut lan ambandara menika boten dipun cepengi malih.

        “Jengandika badhe menapa Den Mas?” kanthi mripat murup Nyai Palir pitaken dhateng Raden Mas Daksina.

        “Nek guneman aja banter-banter, wong ayu” suwantenipun Raden Mas Daksina panggah kapireng alus “mesakna marang Kang Palir, nek wonge kaget, kawigaten marang sing diadhepi bisa buyar, lan iku banget mbebayani”.

        Dipun emutaken makaten menika, Nyai Palir sansaya rapet anggenipun nutupi tutukipun mawi tangan. Lan Raden Mas Daksina inggih lajeng sansaya nyaket.

        “Ngene lho wong ayu” wicantenipun Raden Mas Daksina sasampunipun caket kalihan Nyai Palir “tak sawang saka kadohan, kahanane Kang Palir kae sansaya nguwatiri, semono uga karo kanca-kancane wong telu kae. Mula sadurunge kebacut ana kedadean rajatatu munggahe dadi rajapati, apa ora luwih becik yen sing padha kerengan kae dipisah?”.

        “Kersa jengandika kados pundi Denmas?” mireng wicantenipun Raden Mas Daksina makaten menika, Nyai Palir kraos ngungun, mila lajeng pitaken.

        “Aku ora kepengin ing papan kene ana rajatatu utawa rajapati, wong ayu” wangsulanipun Raden Mas Daksina kalihan mesem “nanging kuciwane aku ora bisa ngundurne sing lagi padha ngudang gegamane kae. Lan miturut pamawasku, ora ana sing bisa misah sing lagi padha kepengin gawe cilakane sing diadhepi kae, kajaba mung sliramu, wong ayu”.

        “Jengandika sampun ngajak gegujengan Denmas” wangsulanipun Nyai Palir, suwantenipun sampun boten atos kados wau “jengandika kemawon ingkang pria gagah prakosa, ngendika menawi boten kuwawi ngendheg ingkang sami pasulayan menika, menapa malih namung kula sak drajate tiang estri ingkang karubyung kabotan pinjung menika?”.

        “Aku ora guyon Tandur” Raden Mas Daksina wangsulan malih “sliramu mula bisa gawe paprangan sing tanpa guna iku bakal sirep padha sakala. Yen sliramu durung ngerti carane, aku saguh nuduhi”.

        “Inggih, kados pundi caranipun Denmas?”

        Raden Daksina sansaya nyaket lajeng suka wangsulan kalihan mesem :

        “Sliramu manut aku wae, saiki ayo ndherek aku kundur menyang Kasatriyan ing sacakete Pandepokan Gendirireng, ayo tak kanthi nitih jaran sing wis sumadya kae. Nanging sadurunge awake dhewe budhal, prayoga sliramu kandha marang Kang Palir yen katresnanmu marang dheweke wis entek tekan kene, sabanjure katresnanmu mung bakal mbok wenehake marang aku ………”

        “Cukup!” dumadakan Nyai Palir wangsulan radi seru lan mripatipun ketingal murup malih angulati dhateng Raden Mas Daksina “ora ana gunane aku basa marang ndika heh Raden Mas Daksina, menungsa sing ngakune duwe drajat luhur nanging lakumu luwih nggilani tinimbang lakune Iblis. Ora bakal aku nyidrani katresnanku marang Kakang Palir, luwung mati tinimbang aku ngladeni ndika, sing mung blegere wae menungsa nanging teku ndika luwih asor tinimbang kewan…..”

        “Sasenengmu anggonmu arep guneman,  Tandur” Raden Mas Daksina munggel rembagipun Nyai Palir “sing baku dina iki sliramu kudu ndherek aku kundur marang kasatriyan lan dadi garwa selirku. Sliramu wis ora bakal bisa budi maneh, ora bisa mlayu menyang ngendi-endi. Bisamu mung kari manut lan nurut marang sing dadi kersaku”.

        Kalihan wicanten Raden Mas Daksina sansaya majeng, tekadipun Nyai Palir badhe dipun ruket lan kabekta nunggang kapalipun. Nanging, dumadakan saking waliking kemben Nyai Palir ngedalaken patrem, ndadosaken Raden Mas Daksina kandheg anggenipun badhe angruket Nyai Palir.

        “Aja kaya mangkono kuwi wong ayu” Raden Mas Daksina wicanten alon “ora becik wong wadon seneng dolanan gaman landhep, ngertia Tandur, nek mung ngadhepi gaman kaya sing mbok cekel kuwi wae, aku ora bakal wedi. Apa maneh nek sing nyekel mung wadon ayu kaya kowe he he he….”.

        “Kaya sing tak kandhakne mau Daksina” Nyai Palir wangsulan kalihan nggeget untu “luwih becik aku mati tinimbang dadi papan panyuntaking napsu kewanmu, Patrem iki wis tak unus saka wrangkane, yen ora bisa ngendhegne polahmu luwih becik tak sudukne dhadhaku dhewe…..”.

        Rampung mungel makaten menika, Nyai Palir lajeng ngeremaken mripatipun. Lathinipun umak-umik nyebut asmanipun Ingkang Maha Agung, nyuwun pangaksami awit ngrumaosi badhe nindakaken prakawis ingkang dados pepacuhing agami, inggih menika nganyut tuwuh suduk salira. Sadaya menika kapeksa katindakaken labet ajrih menawi ngantos kabekta dening pria ingkang murang tata. Inggih kalodhangan menika ingkang lajeng dipun ginakaken dening Raden Mas Daksina. Tanganipun Nyai Palir ingkang nyepengi patrem kenging dipun saut. Ugel-ugel tanganipun Nyi Palir dipun gegem kenceng semu dipun cengkerem, temah patrem ingkang dipun cepeng dhawah ing siti. Raden Mas Daksina lajeng ngrangkul lan ngruket Nyai Palir, ingkang lajeng kroncalan awit bangga boten purun dipun ruket, nanging inggih tanpa pedah, jalaran kekiyatanipun Raden Mas Daksina mila tebih langkung rosa tinimbang Nyai Palir. Inggih awit tansah polah, ndadosaken sinjangipun Nyai Palir nyingkap. Raden Mas Daksina geter dhadhanipun, boten sranta Nyai Palir lajeng dipun bopong kalih dipun arasi, sanadyan tanganipun Nyai Palir lajeng nyakar saliranipun inggih boten dipun reken. Dangu-dangu kekiyatanipun Nyai Palir telas, lajeng semaput ing pondhonganipun Raden Mas Daksina.

        Raden Mas Daksina rumaos bingah, kalihan mesam-mesem Nyai Palir dipun beta nyaketi kapalipun. Nanging boten ngertos sangkan paraning bilahi, dumadakan Raden Mas Daksina kraos menawi saking wingking wonten tiyang ingkang njawil pundhakipun. Sakala Raden Mas Daksina noleh, kepengin mangertos sinten ingkang sampun njawil pundhakipun menika.  Inggih nalika noleh menika, dumadakan wonten kepelan ingkang nyamber uwangipun. Sakala Raden Mas Daksina rebah ing siti kalihan mbengok sambat sakit. Nyai Palir ugi lajeng mrucut saking pondhongan, dhawah ing siti ndadosaken emut saking anggenipun semaput. Kalih setengah ngesot Nyai Palir nebihi Raden Mas Daksina ingkang ugi nembe glenteran ing siti kalihan gereng-gereng, jebul saking tutukipun Raden Mas Daksina ngedalaken rah lan wonten untunipun ingkang ucul saking gusi, jalaran kenging gibengan ing uwangipun dening paraga ingkang wau njawil pundhakipun.

        “Ayo tangia leganing atiku” tiang ingkang nembe dugi lan nggibeng Raden Mas Daksina menika wicanten, kalihan tanganipun ngepel sukunipun siyaga pasang kuda-kuda “yen nyata lanang tenan, ayo adhepana aku, aja rumangsa wis peng-pengan dumeh kowe bisa ngalahake wanita”.

        Mireng sumbaripun tiyang ingkang nggibeng uwangipun ingkang ndadosaken rampal untunipun makaten menika, Raden Mas Daksina lajeng tangi. Ngadeg. Nanging jebul sirahipun taksih kraos mumet, pandulunipun klemun-klemun. Nggraita salebeting manah, badhe manggih kawirangan menawi wantun lumawan. Boten sranta lajeng mlumpat ing gigiring kapalipun, kapal dipun gebrag wantun, mlajar nilaraken papan mriku kalihan nyukani sasmita dhateng rowang-rowangipun murih mlajar sedaya.

        Kocapa Ki Jagabaya Tampeng tuwin para pendherekipun Raden Mas Daksina ingkang sampun kethetheran ngadhepi mengsahipun, dupi nampi sasmita saking pepundhenipun boten sranta ugi lajeng sami mencolot mundur, sedaya sami mlajar nilar mengsahipun, sami madosi kapalipun piyambak-piyambak ingkang kala wau dipun cancang lan dipun singidaken ing papan ingkang boten tebih saking mriku. Boten dangu kepireng suwantenipun tracaking kapal ingkang nebihi papan ingkang wau dados papan kerengan. Gothot, Wala lan Dana lajeng sami nyaketi Ki Palir ingkang taksih ngadeg ing papanipun.

 

Ana candhake

        

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...