kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
17
Anggone Ki Sudima gelem nglakoni kaya kang dikarepake panguwasa ing Demak kuwi, pawadane Ki Sudima sapisan wektu iki saupama Sudima nulak sing dadi karepe Panguwasa Demak, mesthi Panguwasa Demak kukuh meksa malah kepara sing didadekne wong kaparcayane dudu Ki Sudima malah wong liya. Kapindho : yenta kekarepane Panguwasa Demak ora dituruti, merga ngukuhi yen kuwi turusing satru, anggone nyingidake dhiri yen satemene kulawargane Raden Kumala iku isih Trah Majapahit bakal kadenangan lan kang mangkono iku banget ora ana bathine babar pisan malah kepara bisa nuwuhake kapitunan. Kaping telu kanthi oleh kaparcayan saka Demak, bisa luwih omber anggone nusun kekuwatan, ora ana sing nyujanani, sarta luwih gampang ngawruhi ing ngendi mapane pangapesan tumrap panguwasa Demak, mangkene iki padha karo sing tau dicakne dening Sinuwun Girindrawardana nalika kersa kapundhut putra mantu dening Sri Brawijaya Kalima biyen.
"Dadi mangkono ya Kakang, ya aku bisa nampa lan aku ngakoni luput, wis wani ndakwa Kakang Sudima klawan pandakwa sing kaya mau" wasana Ki Sutambar bisa nampa karo pawadan sing dikandhakne sedulure tuwa.
"Ya ora dadi apa Dhi" wangsulane Ki Sudima karo mesem "anane aku duwe cara kang mangkono iku, awit aku ora duwe kasekten kaya sing diduweni si Adhi, upama aku duwe kasekten kaya si Adhi aku dhewe ora ngerti, mbuh bisa nemu cara kaya mangkono kuwi mbuh ora".
"Lan yen ora" Ki Sutambar wangsulan karo ngguyu "Kakang Sudima lan kulawargane kanjeng Rama Raden Kumala kira-kira malah wis tapis dikisas kanthi pandakwa sisa-sisaning musuh sing kudu dipidana pati".
Kahanan bali katon tentrem maneh. Ki Sutambar ya banjur nerusake anggone ngudi kasekten lan kanuragan, kanthi ngakeh-akehne laku pangumbaran lan nenepi ing papan wingid. Omahe mung digawe nggon ampiran, panggulawenthah marang anake wadon sing mung siji dipercayakne marang bojone dhewe.
Sajroning nindakne laku pangumbaran Ki Sutambar nganti tumeka ing Kedhung Gasrong, yaiku papan sing wingid sing direksa dening Raden Bintulu, Putrane Prabu Girindrawardana sing biyen lolos saka Majapahit banjur ditulungi Kyai Dandanglemah Lelembut ing Kedhung Gasrong. Merga nyecep ngilmune Ki Dandanglemah, Raden Bintulu banjur bisa kalis ing pati, urip dadi prayangan ing Kedhunggasrong kono lan duwe anak siji sing aran Raden Kudana, bagus rupane tur sinung kasekten sing nggegirisi. Raden Kudana samengko urip melu biyunge ing Tambaksela, awit isih wujud manungsa.
Bareng ngerti yen Ki Sutambar iku isih putrane Raden Kumala, dening Raden Bintulu Ki Sutambar uga diparingi tambahing aji jaya kawijayan. Banjur Ki Sutambar kadhawuhan bali menyang Kalipethuk lan ngampiri Raden Kudana sing saiki isih melu biyunge ing desa Tambaksela. Dhawuhe Raden Bintulu marang Ki Sutambar sing isih kaprenah pulunane kuwi mangkene :
"Sutambar, kowe kudu ngerti yen anggone kakang Kumala ya wong tuwamu, yasa padesan sing saiki karan Jatipethuk kuwi merga oleh suwaraning batin yen anggone bisa mbalekne Kaluhuraning Majapahit kuwi kudu diwiwiti saka Jatipethuk. Mula wis bener apa sing ditempuh dening Sudima sing api-api gelem dadi gedibale Ratu Demak sing awit kepengin nerusake gegayuhane Kakang Kumala, Sudima api-api gelem nyidrani marang Trah Majapahit. Kang mangkene iki mesthi wae ana watese, yaiku yen wis tumeka titimangsane Jatipethuk bakal bisa nungkulake panguwasa Tanah Jawa sing saiki dilungguhi Trahe Prabu Brawijaya Kalima. Mung wae, kabeh turune Kakang Kumala kudu tetep setya marang gegayuhan luhur iki, aja kongsi banjur lali. Kanggo kuwi, aku dhawuh marang kowe supaya bali menyang Jatipethuk, kanthinen jejaka ing Tambaksela anake mBok Randha Lasmiyati, sing jeneng Kudana. Jodhokna Kudana karo anakmu wadon. Muga-muga ing mbesuk anake Kudana sing patutan karo anakmu wadon iki bisa dadi pangarepe Trah Majapahit sing ana ing Jatipethuk kanggo ngendhih panguwasane para turune Prabu Brawijaya Kalima".
"Dhawuhipun Paman Bintulu badhe kula estokaken" Ki Sutambar wangsulan "nanging kula ugi kepengin ngertos sinten sejatosipun Jejaka ing Tambaksela ingkang nami Kudana punika?".
"Sumurupa Sutambar, Kudana iku dudu wong liya, nanging kuwi anakku dhewe sing durung bisa kumpul manunggal karo aku, jalaran Kudana iku isih kaya dene kowe, isih wujud manungsa sing uripe isih mbutuhake anane getih, daging, balung lan otot ing ragane" Raden Bintulu nggenahake sapa satemene Kudana iku.
Cekaking crita, Ki Sutambar klakon bali menyang Jatipethuk lan mantoakae anake wadon sing aran Sulastri karo Raden Kudana. Wektu iku Ki Sudima wis tuwa lan wis nglintirake palungguhan minangka Wong kang pinercaya Kasultanan Demak, marang anake lanang sing aran Sudiya. Ya jaman Sudiya nggenteni kalungguhane bapakne kuwi utusan saka Kadipaten Jipang teka lan ngukuhake lamun Jatipethuk dadi kademangan kang kabawah dening Kasultanan Demak liwat Kadipaten Jipang. Utusan saka Jipang kuwi ya wis ngukuhake minangka Demang kapisan ing Jatipethuk yaiku Ki Sudiya lan kena nganggo sebutan Ki Demang Jatipethuk. Oleh telung setahun anggone dadi Demang Ki Sudiya kaparingan turun metu lanang dijenengne Sukirna. Sing kabare saiki wis ngrasuk agamane wong Ngarab lan dadi Guru ing Banyugurih kanthi sebutan Ki Guru Sukirna.
mBaleni critane Ki Sutambar, wis meh telung tahun anggone duwe mantu parandene durung kaparingan putu. Kamangka miturut wecane Raden Bintulu, saka anake wadon Ki Sutambar sing jeneng Sulastri sing omah-omah karo Raden Kudana bakal nukulake anak sing tembene bakal dadi pangarsane Kawula ing Jatipethuk . Nanging kanyatane nganti meh telung tahun dadi bojone Kudana, durung ana tandha-tandha Sulastri anggarbini. Luwih-luwih yen Ki Sutambar weruh lamun Ki Sudiya ponakane dhewe, wis duwe anak lanang, tan wurunga mengko sing bakal nggenteni kalungguhan Demang lamun Sudiya wis surut, ya anake lanang sing dijenengne Sukirna kuwi. Dadi Ki Sutambar bingung karo unine weca sing diucapne Raden Bintulu nalika semana. Mula Ki Sutambar banjur ngongkon anak lan mantune sowan menyang Kedhung Gasrong, nyuwun pitulung sarta pitutur marang Raden Bintulu sing wis urip mrayang ing alam kajiman. Piye mungguh beciking laku kanggo mujudake gegayuhan luhur sing disandhang dening Trah Majapahit putra wayahe Prabu Girindrawardana.
Ora kacaritakake reroncening crita, Raden Kudana lan Sulastri tumuli budhal menyang Kedhunggasrong, ing wanci tengah wengi ora ana sing meruhi kajaba Ki Sutambar dhewe. Ya nalika anak lan mantune sajroning lelaku menyang Kedhunggasrong kuwi Ki Sutambar karawuhan utusane Ki Ageng Jenggrik, Ya Kiyai Nagabiru gurune Ki Sutambar kang wus wujud Kumara kanthi raga rupa Taksaka sing gedhene sak bongkoting Tal. Utusan mau ngabarake lamun wis wancine Ki Sutambar lan sisihane netepi isining prajanjen jaman arep nyecep ngilmune Ki Ageng Jenggrik biyen, yaiku kalamun wis titi wancine aluse Ki Sutambar kudu manunggal dadi sawiji kumpul lan wadya balane Ki Ageng Nagabiru ing Padhepokan Jenggrik sing manggone ing alam Kajiman. Ki Sutambar wis nglenggana lan ora ana tembung suwala, dina iku uga Ki Sutambar budhal menyang Padhepokan Jenggrik bareng lan utusane Ki Nagabiru, miwiti urip dadi prayangan ing Padhepokan kono.
Let sepasar saka kedadeyan kuwi, Kademangan Jatipethuk geger. Awit Ki Sutambar saanak bojo sarta mantune lunga ora kinaweruhan menyang ngendi parane. Ki Demang Sudiya banjur prentah para Bebau lan para prajurite supaya nggoleki lungane Ki Sutambar sanak batihe kuwi. Nanging mesthi wae ora bakal ana sing bisa nemokake, merga olehe nggoleki ya mung winates ing alam sing kasat mata iki. Ki Sudiya rumangsa susah lan bingung ditinggal pepundhen lan sedulure kuwi, mula banjur nibakne prentah supaya omah lan pekarangane Ki Sutambar rina lan wengi rineksa sabecik-becike, kanthi pangajab sawayah-wayah Ki Sutambar bali omah lan pekarangane ora rusak merga ora ana sing ngopeni.
ana candhake.