SENDHANG
MUSTIKANING WARIH III
kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
51
Marga kaget, gumun campur seneng
ditekani gurune ing papan paprangan kuwi, gage-gage nom-noman kuwi nyaket arep
ngaturne bekti. Nanging sepira kagete Marga, lagi wae dheweke arep menyat
dumadakan Ki Tanparupa wis ilang saka pandulune. Wong tuwa sing mulang muruk
ing reh kanuragan lan kabatinan marang Marga liwat impen-impene kuwi musna tan
kasumurupan menyang ngendi parane. Mung suwarane sing banjur keprungu aweh
tutur marang muride :
"Ngger
Marga, aja kok terusne nggonmu arep nguber titah sing wis niyat bali marang
alame, sumurupa kowe bisa ngalahne titaah-titah saka alam liya kuwi amarga kowe
tetep setya netepi jiwa kamanungsanmu, mangka menawa kowe nguber titah-titah
sing wis keplayu bali menyang alam asale, kowe genti bakal kena dikalahake
lamun titah-titah kuwi netepi jiwa kalelembutane. Mung kuwi welingku, aja
kongsi kok lelekne. Saiki awat-awatana Rangga sing lagi ngadhepi Raden
Sentani, aku tak nguwasi apa sing arep
ditindakne dening Nagaburik karo Raden Bintulu sing uga lagi nguwasi nggone
perang tandhing Rangga lan
Sentani".
"Ngaturaken
sewu gunging panuwun Bapa" Marga wangsulan "awit saking sedaya
pitedahipun Bapa. Boten langkung keng putra namung saged ngestokaken
dhawuh".
mBaleni
critane Pangeran Singasari sing dipondhong lan digawa mlayu dening Tumenggung
Sudirenglaga. Pranyata Pangeran Singasari tuhu Prajurit sing sekti mandraguna,
klebon wisa sing mbebayani pancen bisa nglumpuhake tenagane, metengne
pandulune, nanging wisane Dumungkuning lan Ketonggengireng ora kuwawa nguwurake
nalare Senapati Agung Mataram kuwi. Ngerti yen ana sing mbudidaya nylametake
jiwane, Pangeran Singasari banjur takon saka pondhongan :
"Sing
mondhong lan nggawa mlayu aku iki sapa?" .
"Punten
dalem sewu Pangeran" Tumenggung Sudirenglaga semaur karo terus mlayu
"kula pun Sudirenglaga".
"Aku
arep kok gawa menyang ngendi Tumenggung?
yen ndelok rasaning awakku, katone dina iki aku kudu tumeka ing pati
kena gegamane Sentani sing tumanduk ing bau kanan keringku. Sadurunge aku mati
Tumenggung, prentahna marang para prajurit Mataram supaya bareng ngranjab
Sentani saka kadohan, yen ora wong kae bisa gawe kapitunane prajurit Mataram
kabeh" Pangeran Singasari isih kober aweh prentah.
"Punten
dalem sewu Pangeran" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga, sing wektu kuwi
nggone mlayu wis tekan regole Padhepokan Banyugurih "Gusti Pangeran kula
aturi ngleremaken panggalih langkung rumiyin, prakawis Sentani sampun wonten
ingkang badhe ngrampungi".
"Sapa? Sapa
sing bisa menang mungsuh Sentani sing duwe kasekten sing nggegirisi?
Aku wae klakon digawe kaya ngene, yen ana sing wani maju ngadhepi, aja oleh
maju ijen, tan wurunga bakal nemoni lelakon kaya aku" Pangeran Singasari
suwarane nuduhne kuwatiring atine.
Tumenggung
Sudirenglaga ora kober wangsulan maneh, merga wis munggah neng pendhapane
Padhepokan, dipapag dening Ki Guru Sukirna sing uga banjur ngerti apa sing kudu
ditindakne magepokan karo kahanane Pangeran Singasari. Senapati Agung sing wis
tanpa daya kuwi diglethakne ing lincak cilik, banjur diupakara nut lan carane
Ki Guru Sukirna. Dimen sing ditambani ora kober kelah lan polah, dening Ki Guru
Sukirna luwih dhisik digawe bisa turu kepati, sarana dipijet jempolan tangane.
Sawuse
masrahake Pangeran Singasari sawutuhe marang Ki Guru Sukirna, Tumenggung
Sudirenglaga banjur pamitan arep bali menyang papan palagan maneh. Jalaran
Tumenggung Sudirenglaga uga kepengin ngerti kaya apa dadine yen Sentani perang
tandhing mungsuh Rangga. Tumenggung sing wis suwe ngabdi ing Mataram kuwi
ngerti yen Sentani nduweni kasekten sing ngeab-edabi, uga duwe kaluwihan bisa
ngereh bangsa lelembut kanggo ngrewangi dheweke, nanging Sudirenglaga uga weruh
yen Rangga kuwi putrane Panembahan Senapati, sing kasektene ora bisa diukur
sepira jerone, ora keneng ditaker sepira akehe. Perang tandhing iki mesthi
luwih rame tinimbang perang tandhinge Sentani lan Singasari mau.
Pangirane
Tumenggung Sudirenglaga ora luput, Raden Sentani sing maune duwe pangira yen
Rangga kuwi bocah lumrah klakon ketanggor. Wis ora bisa dietung akehing jurus
sing dicakne kanggo nglumpune mungsuhe sing dicakne Raden Sentani, parandene bebasan
ora bisa nggigrikne wulu kalonge Rangga. Pedhang Pusakane Raden Sentani ora
kuwawa njebol pager sing dicakne Rangga sing mung wujud teken bongkotan pring
kuning sing mung sadriji jempolan gedhene limang kilan dawane. Pedhange Raden
Sentani ora bisa mbusikne kulite Rangga, malah bola-bali Raden Sentani kudu
ngempet lara, merga pisan pindho balung kentole kober kampiran thuthukan teken
bongkotan pring kuning sing dicekeli Rangga.
Nalika ana kalodhangan
sethithik, Raden Sentani mlumpat memburi banjur matak aji pamungkase. Sakala
ilang wujude Raden Sentani, ing kono dumadakan ana Ula meh sabongkoting glugu
gedhene, ngakak galak nyander-nyander karo nyemburake wisa sing ampuhe
kagila-gila. Semburaning wisa sing bisa diendhani Rangga, nampeg watu kumalasa
sing meh sakebo gedhene, dadi kobong banjur ambyar dadi sawalang-walang. Giris
sing padha weruh. Para Tumenggung lan Prajurit Mataram sing mau padha ngadeg
ngupengi sing perang tandhing, padha mlayu mundur, ngedoh, kuwatir yen nganti
kena semburan lan sabetaning buntute Ula gedhe jilmanane Raden Sentani. Mung
Marga sing ora ngedoh, nanging tangane kenceng nggegem dangan pecute, siaga
nadhahi yen ana bebaya sing ngampiri.
Ngadhepi
pangamuke Ula daden-daden panjilmane Raden Sentani, Rangga banjur kelingan karo
welinge Ibune ya Dewi Semangkin, nalika dheweke arep dikanthi ingkang Rama
Panembahan Senapati menyang Mataram biyen.
"Kulup
Rangga" ngono welinge Dewi Semangkin nalika samana "miturut dhawuh
sing tak tampa saka Eyangmu sawargi ing sajroning pasupenan, Ibu ora
nyumelangake kaslametanmu, merga aji jaya kawijayan sing kok gadhuh wis cukup
kanggo mbetengi uripmu saka bebaya. Mung siji welinge Eyangmu, kowe kudu ngati-ati
yen nganti nemoni Naga Sekti sing pinuja puja dadi sesembahane wong-wong sing
duwe karep njongkeng kawibawane Ramamu ing Mataram".
Eling
pawelinge Ibune sing mangkono iku, Rangga banjur nggagas sedhela yen sing
dikarepne Naga Sekti sing pinuja-puja lan dadi sesembahane wong-wong sing arep
njongkeng kawibawan Mataram kuwi, atake Ula daden-daden iki?. Nggagas mangkono
kuwi, ndadekne Rangga kepengin mbuktekne bener utawa orane gagasan sing liwat
ing angen-angene. Sawise mencolot memburi rada ngadohi Ula sing lagi
nyander-nyander kuwi, Rangga ngrapal aji Makbudul Mudamir peparinge ingkang
Paman Pangeran Benawa, dirangkepi karo aji Kasaratul Mutamaridin peparinge Kyai
Saepullah, dipunjerake marang sajroning teken sing digegem nganggo tangane
tengen. Sakala Teken bongkotan Pring Kuning kuwi katon murup kalawan pega sing
kuning rupane. Rangga banjur mencolot maju, arep ngepruk sirahe Ula gedhe kuwi
nganggo tekene.
Jebul solahe
Rangga isih kalah cepet karo Raden Bintulu sing amping-amping alam parayangan.
Ngerti yen Rangga ngrapal aji sing nggegirisi kuwi, Raden Bintulu mencolot
Sentani sing isih wujud Ula gedhe, disaut digawa mlayu manjing alam prayangan.
Sauntara Ki Nagaburik sing uga duwe rasa kuwatir lan miris marang aji sing
dicakne Rangga, melu nggeret lan ngajak mlayu mantune bareng karo Raden
Bintulu. Sakala Ula gedhe ilang saka pandulu, banjur ing awang-awang keprungu
suwara sesumbar :
"Heh Tanparupa,
aku ngakoni dina iki muridmu luwih unggul tinimbang muridku, nanging titenana
mbesuk mesthi ana wektune, muridku bakal males marang muridmu. Wis Tanparupa,
aku bali dhisik, saiki muridku durung bisa mbedhah Mataram, nanging mbuh kapan
wektune Mataram mesthi bedhah dening Trah Sri Girindrawardana".
Suwara
banter sing uga mlebu ing kupinge kabeh wong sing ana kono kuwi, ora diwangsuli
karo sing disebut nganggo jeneng Tanparupa kuwi, sing banjur keprungu malah
suwarane wong mituturi Rangga lan Marga :
"Rangga
lan Marga, dina iki pedhut peteng sing nutupi Kademangan Jatipethuk wis sirna.
Sing omong karo mlayu kuwi mau Lelembut utawa kena diarani Dhedhemit, mung wong
sing bakal dadi balane dhedhemit sing gelem percaya karo sing diomongne
Lelembut. Wis cukup Rangga loan Marga, terusna nggonmu ngayahi wajib. Aku bali
menyang papanku".
Rangga lan
Marga mung manthuk-manthuk karo nindakne sembah Kalbu. Tumenggung Sudirenglaga,
Tumenggung Jaya Kartika, Tumenggung Dibyanegara lan para prajurit liyane padha
nyedhak aweh kurmat marang Raden Rangga putra dalem Panembahan Senapati kuwi.
Sing oleh pakurmatan banjur kandha alon karo mesem :
"Kakang-kakang
para Tumenggung lan prajurit Mataram kabeh, paprangan wis rampung Raden Sentani
wis digawa minggat gurune menyang alaming lelembut, kari para pandhereke padha
openana sing becik. Wektu iki Paman Singasari isih diusadani dening Ki Guru
Sukirna ing padhepokane, dimen luwih cepet waluyane aku titip marang Kakang
Tumenggung Sudirenglaga, iki aku duwe watu kumala supaya diaturne marang Bapa
Guru Sukirna kanggo mbuwang wisa ing ragane Paman Singasari. Lan tulung bektiku
karo bektine Adhi Marga aturna marang Bapa Guru Sukirna banjur pamitna pisan
aku bocah loro arep nerusne laku, ngupadi Sendhang Mustikaning Warih ing
sukuning Gunung Mahendra".
Bub ar muni
ngono kuwi Rangga ngulungne watu kumala sing bunder kaya endhog marang
Tumenggung Sudirenglaga. Banjur njawil Marga diajak mlaku ninggal papan kono.
SIGEG.
tlas sinerat
ing sanggar maladi hening 19 Dulkangidah Jimakir 1954, Kurup Salasiyah, Windu
Sengara, mangsa Kasa, Wuku Wuye, Padangon Gigis, Padewan Bathara Yamadipati,
Paringkelan Mawulu.
29 Juni 2021
Jam 07:39 WIB.