dening: IMMIR
10.
Mur sing olehe tandang gawe rewang neng omahe Budhe Narti ora beda yen tandang gawe neng daleme Bu Kardiman. Tansah cak-cek, cekat-ceket, ora grusa-grusu nanging cepet. Mesthi wae anggone Mur tandang gawe mangkono kuwi kegawa saka pakulinan, lan ora digawe-gawe murih oleh pangalembana saka sing direwangi, nanging anggone tandang mung merga Mur weruh tekane neng kono kuwi mau merga diprentah dening Bu Kardiman juragane, sing wis nuku bau lan tenagane klawan blanja sasen sing miturut petunge Mur ora sethithik cacahe. Mula Mur ya tansah mbudidaya aja nganti gawe gela utawa kuciwaning bendarane sing wis kasok tresna marang dheweke, tresnane bendara marang abdine. Ora ana cara kanggo males kabecikan sing wis ditampa kajaba klawan ngecakne gaweyan sing bener, sing bisa nuwuhake rasa seneng marang atine sing wis paring katresnan.
Kanthi, rewange Bu Narti uga rumangsa seneng marang Mur, sanajan sok ana rasa rumangsa kalah pinter olehe tandang gawe. Nanging kalahe Kanthi ora ateges kalah sing marahi lara, nanging kalah sing bisa ngundhakne kawruhe sarana niru marang carane tandang gawe Mur. Dhasare pancen Kanthi dhewe ya durung suwe anggone ketampa dadi rewang ing daleme Bu Sunarti kono kuwi.
"Aku seneng mBak Mur" kandhane Kanthi marang Mur "merga awakmu aku dadi bisa luwih ngerti carane nyambut gawe sing bener lan cepet".
"Ya ngono kuwi merga saka pakulinan wae mBak Kanthi" wangsulane Mur "mbesuk nek wis suwe ndherek Budhe Narti sampean rak ya terus pinter. Aku maune ya bingung nandangi gaweyan neng daleme Buk-e, merga gaweyan-gaweyan sing kudu tak tandangi durung tau tak temoni neng omah, untunge neng daleme Buk-e ki ana mBok Ti, terus aku diwarahi carane nyambut gawe sing bener".
"Lha sampean ki asline ngendi ta mBak?" Kanthi takon maneh.
"Asliku saka Kedunggalar, gaweyanku sadurunge tukang ngasak pari neng sawah-sawah. Dadi blas ora ana sambunge karo gaweyan neng daleme Buk-e. Lha sampean asline ngendi? wis pirang sasi ndherek Budhe Narti kene?" Mur genti takon.
"Asliku saka Sulursewu Paron, isih tangga nek karo sampean. Aku neng kene wis meh setahun, ewa semono nyambut gawe durung trampil-trampil, tujune Ibuk-ku ki sabar, aku ora tau didukani".
Mur mesem. nek Budhe Narti sabar, Bu Kardiman luwih sabar tur ya loma, ngono batine Mur. Pas jam loro awan, pesenan brekatan saka Rumah Makan La Tanza wis teka. Banjur padha diwadhahi neng tas plastik ditumpangi jajanan sing diwadhahi kerdhus sing mau ditandangi Mur lan Kanthi. Banjur Bu Narti dhawuh marang bocah loro kuwi supaya ngiderne, diter-terne neng omahe warga lingkungan, kabeh dietung ana sewidak telu wong.
Ora nganti sak jam olehe ngeter-ngeterne brekat wis rampung. Banjur bocah loro kuwi diutus ngeterne brekat menyang Panti Asuhan.
"Kowe wis ngerti Bu Enggar Pamonge Panti Asuhan kae ta Kan ?" sadurunge bocah loro kuwi budhal Bu Narti ndangu Kanthi.
"Sampun Buk-e, rak ingkang asring tindak mriki nitih Sepeda Onthel nika ta?" wangsulane Kanthi nggenahne.
"He eh" Bu Narti nerusne ngendika "dhuwit neng amplop iki aturna, ora sah matur neka-neka pokoke sawise brekatan kuwi kok pasrahne, banjur dhuwite aturna ngono wae. Bu Enggar wis pirsa kok, mau lagi wae tak telpon".
"Inggih Buk-e"
"Mengko nek matur nganggo basa jawa wae, Bu Enggar kae piyayi Klaten, nek ngendikan karo aku kulina nganggo basa jawa".
"Inggih Buk-e".
Bocah loro banjur budhal, Bu Narti mlebu omah banjur nerusne anggone jagongan karo adhine ipe.
"Nyawang rupane karo ngerti tandang gawe sarta solah bawane Mur kuwi, aku dadi kasengsem lho Dhik" kandhane Bu Narti marang Bu Kardiman.
"Inggih ta mBakyu?" Bu Kardiman ngegongi "kula nggih cocog kok kaliyan Mur, sanaosa namung sak rewang nanging kula anggep kados kulawarga piyambak, inggih awit sampun kalih tahun lare niku tumut kula, rumaos kula dereng nate kok anggenipun nyambut damel boten kleresan".
"Iya bocah kuwi wis ketok nek bocah sing pinter, sregep lan temen. Apa Mur kuwi ora duwe ha pe ta Dhik?" Bu Narti takon maneh.
"nGGih gadhah jane" wangsulane Bu Kardiman "ning kanggene nggih namung nek kula betahaken mawon. Kula sok-sok rak nggih medal, lha menawi mbetahaken Mur pas kula boten teng griya ngoten niku nembe kula telepon utawi kula kintuni We A".
"Lha nek wis ngerti aplikasi We A barang, rak ya banjur kanca-kancane akeh sing ngajak ngobrol chatingan ngono?".
"Andilalah boten mBakyu. Kula ngertos nomer sing disimpen dhateng Ha Pe ne Mur niku boten kliwat tiyang pitu, inggih punika : Nomer kula, nomere Bapake lare-lare, Nomere Doni, Nomere Angga, Nomere mBok Ti, Nomere Nita ingkang rumiyin mbekta Mur dhateng nggen kula kalih nomere juragane Simboke Mur ingkang dhateng dhusun. Tiyang nomere Satpam, sopir kalih rewang jaler griya nika mawon Mur boten purun nyimpen, criyose ajrih nek keganggu anggenipun nyambut damel".
"Walah, nek ngono Mur kuwi ya pancen bocah apik tenan, merga adate bocah saiki ki nek wis nyekel Ha Pe terus lali sakabehane. Lha wong Kanthi kuwi wae ora ketang mung seminggu oleh jatah sedina olehe nyekel Ha Pe, sasat sedina utuh ha pe ne ora ucul saka tangan. Ya dienggo We-A nan karo kanca-kancane, ya karo pacare. Lha Mur kuwi nek karo pacare apa ora tau we-a nan?".
Krungu sing diomongne Bu Narti ngono kuwi Bu Kardiman ngguyu, banjur kandhane :
"Mur niku estu lare lugu mBakyu, wau pas kalih bidhal mriki wau nggih rembagan kaliyan kula lan Sopir bab anggenipun dereng kepengin emah-emah. Criyose wau, paling cepet gangsal tahun malih nembe badhe mikir tiyang jaler. Kula nggih pitados kalih sing dicriyosne Mur niku, tiyang nate larene nyuwun tulung kula supados mangsuli WA saking kancanipun jaler ingkang nomeripun boten dipun simpen. Kamangka isinipun We A inggih limrah kemawon, nanging menggahing Mur criyose menawi We A ngoten niku ditanggapi saged ndadra".
Bu Narti sansaya kasengsem krungu rembuge adhine ipe sing nyritakne teku lan kapribadene rewange sing jeneng Mur kuwi. Ing angen-angene Bu Narti ana pikiran sing sajake dianggep becik sing ana sambung rapete karo Murjiyati rewange adhine ipe kuwi.
"Sampean kelingan Sujud kae Dhik?" dumadakan Bu Narti ngalih rembug nakoni adhine ipe.
"Sujud-e piyambak?"
"Iya neh, ponakanmu sing lugune kaya wong ora duwe nepsu kae neh?". Bu Narti nggenahne.
Bu Kardiman mesem, Sujud kuwi ngono tenane anake Pak Sakun dhewe. Anak saka wong wadon sing dinikah siri sing maune ora dingerteni dening Bu Narti. Nanging nalika ibune Sujud ninggal donya nalika Sujud isih umur siji setengah tahun, Pak Sakun banjur blaka marang Bu Narti bab anggone wis duwe bojo sing dinikah siri. Wektu kuwi, ketang welase Bu Narti marang bocah sing durung ngerti dosa, sing jeneng Sujud, kabeneran Bu Sunarti ya durung duwe anak lanang, Sujud banjur diopeni ing omah kono nganti gedhe.
Ana candhake.