Total Tayangan Halaman

Sabtu, 14 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (12)

 

dening: IMMIR

 

12.

Bubar mbisiki Bu Kardiman, Bu Narti ketok sumringah . Bu Kardiman ketok rada owah polatane , sajak ora pati mathuk karo sing dadi karepe mBakyune. Nanging Bu Kardiman nganti sauntara ora omong apa-apa, ndadekne Bu Narti malih dadi rada gumun, mula ya banjur nakoni adhine ipe kuwi :

"Mathuk ta Dhik? Kuwi miturut pamawasku lho?".

Bu Kardiman rada domblang-domblong, mula banjur wangsulan :

"Pripun nggih mBakyu? nek kersane mBakyu makaten kala wau napa nggih boten mesakaken Sujud?"

"Merga aku mesakne kuwi mau Dhik, banjur aku duwe pikiran sing mangkono iku mau" wangsulane Bu Narti "Lha piye ta?".

"Ngaten nggih mBakyu" Bu Kardiman nyawang pernahe lawang, bareng sing dikuwatirne teka sawayah-wayah durung katon, banjur nerusne ngomong alon sajak ngati-ati  "sedaya niku rak nggih kedah timbang  ta mBakyu? Lha wong Sujud niku lare pinter, sarjana ingkang wawasanipun wiyar, turun utawi trahipun kulawarga kinurmat, mesthinipun menawi dipun padosaken jodho inggih ingkang satimbang, bibit, bobot lan bebetipun ta mBakyu? Boten kok nuwun sewu, waton lare estri ngaten kemawon".

"Olehku milihne kuwi ya ora waton milih lho Dhik?" wangsulane Bu Narti "saiki pilihanku kuwi mau kurange manggon neng ngendi?  coba karo sampean pirsani anakmu si Sujud kuwi kahanane wektu iki, wong-wong sing diweruhi Sujud kuwi wong tani utun sing uripe ora kopen merga ora ana sing ngurusi".

"Nuwun sewu nggih mBakyu" Bu Kardiman ngomongne panemune "Menawi sampun ngertos kanthi wetah sinten lare ingkang dipun kersakaken mBakyu kala wau, kula kinten kok anak kula Sujud kathah boten purunipun".

"Kok sampean duwe panemu mengkono? nganggo dhasar apa?" Bu Narti nugel rembug.

"Rumiyin Sujud sampun nate gadhah semah, sanadyan bab rupa boten kaot kathah kaliyan ingkang dados pilihanipun mBakyu punika nanging babagan kawruh harak inggih langkung inggil sanget kaliyan ingkang punika. Rumiyin Vera lulusan SMA , lha nek lare sing niki? namung dugi kelas gangsal SD lho mBakyu" Bu Kardiman njlentrehne pawadane.

"Mengko dhisik Dhik" Bu Narti genti aweh pawadan kanggo nguwatne panemune "ora ateges ngremehne bocah weton sekolahan lho ya ? Jareku nadyan ora sekolah pisan, waton wis ngerti tulis, bisa maca kanthi lancar kuwi tumrape Ibu Rumah Tangga wis cukup, lire kanggo ngayahi kuwajiban dadi Ibu Rumah Tangga ora kudu pinter ing babagan Matematika sing njlimet, Bahasa Inggris sing bisa cas-cis-cus, Biologi utawa IPA liyane nanging cukup siji ngerti ing kuwajibane. Dene perkara ana kurange mengko dadi kuwajibane sing lanang supaya mulang muruk. Karo maneh jenenge kawruh sing ana sambung rapete karo kuwajibane wong omah-omah kuwi sing akeh ora diwulangake ing sekolahan lho Dhik, nanging kawruh sing ditampa awit ombyaking kahanan. Iya apa ora?".

Bu Kardiman meneng sedhela, pancen sing dadi dhasar utawa pawadan lan pancatane Bu Narti kuwi ora kabeh salah, nanging ya ana benere. Nanging sabodho-bodhone wong urip mesthi ngerti nek lulusan SMA kuwi tetep dudu tandhinge yen dijejerne karo sing ora duwe ijasah babar pisan, sanadyan ora buta hurup. Arep ngomong ngono, nanging Bu Kardiman wedi yen nganti gawe gelane mBakyune. Mula banjur meneng lan durung semaur kanggo mbenerake utawa nampa sing dadi pawadane Bu Narti sing ngono kuwi mau. Bu Narti ya ora omong apa-apa maneh, ngenteni wangsulan saka adhine ipe.

Nalika wong loro kuwi padha meneng-menengan, saka ngarep keprungu suwarane Kanthi lagi omong-omongan karo Mur, sajake olehe omong-omongan karo mlaku.

"Ngaturi pirsa Budhe" Mur sing tekane bareng karo Kanthi kuwi banjur lungguh neng jogan sacedhake Bu Narti lungguh neng kursi. Kanthi ya melu lungguh njejeri Mur.

"Iya piye? wis rampung ta?" Bu Narti wangsulan karo takon.

"Sampun Budhe" wangsulane Mur sopan banget "para adhik-adhik panti sami ngaturaken panuwun dhteng Budhe lan ndherek ndedonga mugi-mugi Pakdhe Sakun kaparingan barakah dening Gusti Allah dipun suda dosa lan kalepatanipun lan dipun wewahi ganjaranipun".

"Amiin" Bu Narti nyauti karo muni amiin.

"Lajeng niki wau kaliyan Bu Enggar kula diparingi Kwitansi supados dipun aturaken Budhe" kandhane Mur karo ngulungake kwitansi.

"Apa? Kuitansi?" Bu Narti nampani sing diulungne Mur karo takon.

"Inggih" Mur wangsulan "estunipun kula wau injih sampun matur bilih Budhe Narti boten ngersakaken kuitansi, nanging ngendikanipun Bu Enggar punika wajib kangge sarat tertibipun administrasi, kula wau injih kadhawuhan supados parap neken dhateng buku, inggih sasaged-saged kula lajeng kula parap".

"Iya-iya" Bu Narti manthu-manthuk banjur pitakon maneh "dadi mau sing matur menyang Bu Enggar Mur? dudu Kanthi?".

"Nyuwun pangapunten Buk-e" Kanthi sing wangsulan "kula radi ajrih wong kula boten pati saged basa krama inggil kados mBak Mur, mila kula lajeng nedhi tulung teng mBak Mur, kersane boten nglelingsemi".

"Iya, iya ora dadi apa" wangsulane Bu Narti "mula kowe kuwi kudu sregep ngelingt-eling nek dhong tak warahi basa ngana kae".

"Injih Buk-e, anu lho wau mBak Mur kalih Bu Enggar dikinten taksih pulunane Ibuk-e lho" Kanthi genti crita.

"He? Piye?" Bu Narti takon karo mesem.

"Injih Budhe" Mur genti sing nerangne "Bu Enggar namung ndangu punapa Mur pulunanipun Budhe ngaten, lajeng kula matur bilih kula punika abdinipun Buk-e, rayinipun Budhe. Bu Enggar inggih namung gumujeng lan boten njabel basanipun".

"Iya, sak jane upama mau kok wangsuli inggih kula ponakane Budhe Narti ngono ya ora apa-apa kok" Bu Narti wangsulan karo ngguyu sajak seneng.

"Lhah Budhe niku kok, niku rak nami goroh? mengke dosa kula rak tumpuk undhung" wangsulane Mur.

"Lha kok tumpuk undhung?"

"Lha inggih, sepisan dosa dhateng Gusti Allah, ping kalih dosa dhateng Bu Enggar amargi kula sampun wani ngapusi, ping tiga kula dosa dhateng Budhe Narti, awit sampun wantun ngaken bilih kula pulunanipun, ping sekawan dosa dhateng Buk-e awit sampun nerjang piwucalipun Buk-e supados kula boten goroh".

Bu Narti ngguyu seneng krungu wangsulane Mur sing ngono kuwi mau.

"Ya wis, mau jajane wis padha dimaem apa durung? kana ndang padha dimaem, mau tak selehne neng kenap cedhak lemari makan" Bu Narti banjur wangsulan.

"matur nuwun Budhe" Mur karo Kanthi manthuk banjur lon-lonan padha mundur.

Sapungkure bocah loro kuwi Bu Narti banjur genti nyawang Bu Kardiman karo kandha :

"Arang lho dhik jaman saiki bocah sing unggah-ungguhe komplit kaya bocah sing dadi pihanku kuwi mau".

Bu Kardiman ora semaur mung manthuk karo mesem. Bu Narti mbacutne kandhane "malah ora arang bocah weton sekolahan , SMA pisan ta sing nek omong nganggo basa krama dadi kuwalik-walik".

"Inggih mBakyu, sakniki ngatren kemawon mangke utawi benjing punapa mBakyu enggal ndangu lan naros Sujud ing prakawis punika, menawi Sujud mathuk nembe kula badhe nyobi nari lare ingkang dipun pilih mBakyu punika".

"Iya Dhik, aku ya mathuk nek ngono kuwi" wangsulane Bu Narti sajak kalegan atine.

Kira-kira jam papat sore, olehe ngganti olie Andhik wis bali saka anggone ngganti olie. Bu Kardiman banjur pamitan arep bali menyang Jakarta.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG (11)

 

dening: IMMIR

 

11.

Bu Kardiman mesthi wae eling. wong pancen tenane ngono Sujud kuwi isih kepetung ponakane dhewe. Biyen Sujud kuwi ya kerep dolan menyang omahe Bu Kardiman. Bocah kuwi bektine marang Bu Narti ngluwihi bektine Rani marang Ibune. Ya lumrah wong Sujud kuwi ora tau kelingan rupane ibune dhewe, wiwit cilik sing dingerteni ibune kuwi ya Bu Sunarti kuwi. Rampung kuliah Sujud banjur ketampa nyambut gawe neng Perusahaan Properti blanjane lumayan gedhe, mula ora aneh sadurunge omah-omah wis bisa duwe omah lan kendaraan dhewe. Pak Sakun lan Bu Narti sansaya tresna marang Sujud. Budhal nggebyur neng jagading bebrayan, Pak Sakun lan Bu Narti ora nggawani apa-apa merga Sujud nyata wis opor bebek, bisa ngentas awak dhewek.

Nanging lakuning urip sok beda karo kersane sing gawe urip. Oleh rong tahun omah-omah Vera sisihane Sujud katimbalan marak ing ngarsaning Gusti luwih dhisik, seda konduran bareng lan jabang bayi sing dilahirne. Bubar lelakon kuwi Bu Kardiman ora pati krungu kepriye lelakone Sujud sabanjure, lagi iki mau dumadakan mBakyune Ipe nakoni dheweke, apa isih kelingan karo ponakane kuwi.

"Lha wonten napa ta mBakyu kalih anak kula Sujud?" Bu Kardiman takon.

"Saiki mung dadi pikiran wae kok Dhik, jan mesakne banget" wangsulane Bu Narti sawise unjal ambegan dawa.

"Mesakne kados pundi ta mBakyu? Napa sakit napa pripun?".

Bu Sunarti bola-bali unjal ambegan landhung, sawise meneng sauntara banjur wiwit kandha :

"Saiki iki Sujud wis ora manggon neng Kota Wisata Cibubur maneh, Dhik!"

"Lha griyane sing nika?" Bu Kardiman nyela takon.

"Omahe kae dikontrakne. Maune sadurunge arep ngontrakne omahe bocahe ki ya matur Masmu karo aku, nek kanggo nglalekne kenangan karo Vera kanggo sauntara arep ninggalne omah kuwi. Aku karo Masmu ya mathuk wae, wong tak kira arep bali manggon neng omah kene maneh. E jebule pangiraku luput, Sujud malah tuku omah karo sawah neng Leuwiliang kana. Banjur metu saka anggone nyambut gawe, ngalih gaweyan dadi Tani sayuran. Sampean rak ya ngerti dhewe, wiwit cilik bocah kae ora tau kenal sing jenenge nyambut gawe abot kaya wong tani ngono kuwi. Saiki Sujud ki awake dadi ireng, thik kuru pisan. Pa gak mesakne nek ngono kuwi ?".

"Menawi prakawis kulit dados cemeng amargi asring kenging sunaring surya niku boten dados napa mBakyu, badanipun dados ketingal kera punika awit gajihipun sampun luluh kenging panasing raga, dados kula kinten malah dados lan sehatipun pun Sujud" wangsulane Bu Kardiman nerangake adhedhasar ngelmuning kasarasan.

"Iya Dhik" Bu Narti nyauti rembug "tak kira apa sing sampean kandhakne kuwi mau ya ana benere. Nanging ora mung kuwi sing marakne aku mikirake si Sujud kuwi".

"Punapa malih punika mBakyu?" Bu Kardiman takon.

"Nek mung mergta kuru karo ireng ngono wae ora sepirowa Dhik" Bu Narti wangtsulan " kahanan penampilane si Sujud kuwi saiki ketok nek ora diopeni, rambute kerep diingu dawa ora diurus, nyandhang nganggone ya mung sak kecandhake. Wis jan ora ngatonake nek bocah kuwi biyen ketok resik, nyandhang nganggo sarwa patut. Klambine ketok nek ora tau mambu penatu. Pokoke jan ketok melas ngana kae lho Dhik".

"Lha mBakyu punapa boten paring pitutur, murih Sujud boten ngulinakaken gesang ngaten punika?"

"Jane ya wis tak kandhani akeh-akeh, ning ya ora tau digabres blas. Iki aku nemu pikiran anyar Dhik kanggo murih becike ponakanmu si Sujud kuwi" .

"Penggalihan enggal kados pundi ta mBakyu?" Bu Kardiman takon karo njengkerutne bathuke mratandhani yen durung mudheng karo sing dikarepne Bu Narti.

Bu Narti noleh nyawang lawang, banjur mbalik nyawang Bu Kardiman karo nerusne kandhane :

"Ngene lho Dhik, aku saiki rak ya wis ngrumangsani nek wis tuwa. Kamangka Masmu ya wis ora eneng, sansaya tuwa mengkone aku rak ya mbutuhake kanca sing nocogi ati ta Dhik?".

"Inggih lha lajeng?"

"Tan wurunga mbesuke aku rak ya genti melu anak, sanajan Sujud kuwi anak sing ora olehku nglahirne dhewe, ewa semono rumangsaku atiku iki luwih cedhak menyang Sujud tinimbang marang anakku dhewe si Rani. Nanging gandheng kahanane Sujud kaya mangkono iku mau, kaya-kaya mokal mbesuke kena tak eloni. Lha wong ngopeni awake dhewe wae ora bisa mosok arep ngopeni ibune sing wis tuwa ? Ya pa ra?".

"Inggih" Bu Kardiman semaur karo mesem.

"Mulane saiki aku mikir kepengin golek sing bisa lan gelem ngopeni Sujud, cekake ngono aku duwe dudutan yen wektu iki Sujud mbutuhne bojo sing bisa ngopeni" Bu Narti kandha sajak manteb.

"Lha mBakyu badhe pados mantu ? Lha Sujud sampun ditari napa dereng? sampun purun emah-emah malih napa dereng? rak nggih ngaten ta mBakyu?" Bu Kardiman semaur semu takon.

"Ya durung ta Dhik" wangsulane Bu Sunarti "olehku nari piye? wong calone wae lagi ketemu neng angen-angen iki mau kok. Nek perkara Sujud wis niyat omah-omah maneh apa durung, kuwi gampang mengko dikandhani sing becik. Ngandhani Sujud kuwi ora pati angel kok, wong bocah kae kuwi bpcah sing duwe pikiran lantip".

"Lha mBakyu napa kemutan menawi wonten lare estri ingkang kinten-kinten cocog kaliyan Sujud? Mesthine larene dereng dipun dangu ta mBakyu? gek enggal didangu mawon, cocog saestu menapa boten kaliyan Sujud" Bu Kardiman aweh rerigen.

"Ora Dhik, aku ora tau kepethuk luwih-luwih srawung karo bocah wadon sing miturutku cocog upama dadi sisihane Sigid. Mesthi wae bocahe ya durung tak tari, cocog apa ora nek dadi sisihane Sujud. Merga mengko sing arep tak kongkon nakoni lan ngrimuk atine bocah kuwi, ora ana liya sampean dhewe".

"Lho kok kula ta mBakyu?" Bu Kardiman njomblak "kados pundi niku genahe?".

Bu Narti gumuyu alon, banjur kandhane :

"Ngene lho Dhik, kanggo kabecikane Sujud, bocah wadon sing mengkone dadei sisihane kuwi kudu duwe sipat jujur, doyan ing gawe, trampil, gathekan lan ora seneng aleman. Kamangka golek bocah wedok sing nduweni sipat ngono kuwi saiki iki angel, sansaya maneh bareng usum Ha Pe Android ngene iki. Ya apa ora ?"

"Ketingale nggih ngaten punika mBakyu" wangsulane Bu Kardiman karo mesem.

"Nanging, sing diarani angel digoleki kuwi ora ateges ora ana wujude. Dadi bocah wadon sing mangkono mau sak temene ya akeh, mung wae kena diarani mung wong beja sing bisa nemokne. Lha Sampean kuwi miturut pamawasku salah sijine wong sing beja kuwi mau. Amarga sampean wis bisa nemokne bocah wadon lan nggulawenthah sing saiki bocah wadon kuwi dadi kaya sing tak omongne mau. Pirsa ?".

"Boten" wangsulane Bu Kardiman karo gedheg "kula boten paham kalih ingkang mBakyu dhawuhne niku wau. Malah kula dados mumet amargi bingung kaliyan pangandikanipun mBakyu ingkang makaten punika".

"Mengko dhisik ta, aja kesusu mumet" Bu Narti mesem amba "sampean nyedhak mrene tak bisiki".

Bu Kardiman manut banjur nyedhak, kupinge dicedhakne menyang Bu Sunarti. Siap dibisiki.

 

 

ana candhake.

 

 

Kamis, 12 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (10)

 

dening: IMMIR

10.

Mur sing olehe tandang gawe rewang neng omahe Budhe Narti ora beda yen tandang gawe neng daleme Bu Kardiman. Tansah cak-cek, cekat-ceket, ora grusa-grusu nanging cepet. Mesthi wae anggone Mur tandang gawe mangkono kuwi kegawa saka pakulinan, lan ora digawe-gawe murih oleh pangalembana saka sing direwangi, nanging anggone tandang mung merga Mur weruh tekane neng kono kuwi mau merga diprentah dening Bu Kardiman juragane, sing wis nuku bau lan tenagane klawan  blanja sasen sing miturut petunge Mur ora sethithik cacahe. Mula Mur ya tansah mbudidaya aja nganti gawe gela utawa kuciwaning bendarane sing wis kasok tresna marang dheweke, tresnane bendara marang abdine. Ora ana cara kanggo males kabecikan sing wis ditampa kajaba klawan ngecakne gaweyan sing bener, sing bisa nuwuhake rasa seneng marang atine sing wis paring katresnan.

Kanthi, rewange Bu Narti uga rumangsa seneng marang Mur, sanajan sok ana rasa rumangsa kalah pinter olehe tandang gawe. Nanging kalahe Kanthi ora ateges kalah sing marahi lara, nanging kalah sing bisa ngundhakne kawruhe sarana niru marang carane tandang gawe Mur. Dhasare pancen Kanthi dhewe ya durung suwe anggone ketampa dadi rewang ing daleme Bu Sunarti kono kuwi.

"Aku seneng mBak Mur" kandhane Kanthi marang Mur "merga awakmu aku dadi bisa luwih ngerti carane nyambut gawe sing bener lan cepet".

"Ya ngono kuwi merga saka pakulinan wae mBak Kanthi" wangsulane Mur "mbesuk nek wis suwe ndherek Budhe Narti sampean rak ya terus pinter. Aku maune ya bingung nandangi gaweyan neng daleme Buk-e, merga gaweyan-gaweyan sing kudu tak tandangi durung tau tak temoni neng omah, untunge neng daleme Buk-e ki ana mBok Ti, terus aku diwarahi carane nyambut gawe sing bener".

"Lha sampean ki asline ngendi ta mBak?" Kanthi takon maneh.

"Asliku saka Kedunggalar, gaweyanku sadurunge tukang ngasak pari neng sawah-sawah. Dadi blas ora ana sambunge karo gaweyan neng daleme Buk-e. Lha sampean asline ngendi? wis pirang sasi ndherek Budhe Narti kene?" Mur genti takon.

"Asliku saka Sulursewu Paron, isih tangga nek karo sampean. Aku neng kene wis meh setahun, ewa semono nyambut gawe durung trampil-trampil, tujune Ibuk-ku ki sabar, aku ora tau didukani".

Mur mesem. nek Budhe Narti sabar, Bu Kardiman luwih sabar tur ya loma, ngono batine Mur. Pas jam loro awan, pesenan brekatan saka Rumah Makan La Tanza wis teka. Banjur padha diwadhahi neng tas plastik ditumpangi jajanan sing diwadhahi kerdhus sing mau ditandangi Mur lan Kanthi. Banjur Bu Narti dhawuh marang bocah loro kuwi supaya ngiderne, diter-terne neng omahe warga lingkungan, kabeh dietung ana sewidak telu wong.

Ora nganti sak jam olehe ngeter-ngeterne brekat wis rampung. Banjur bocah loro kuwi diutus ngeterne brekat menyang Panti Asuhan.

"Kowe wis ngerti Bu Enggar Pamonge Panti Asuhan kae ta Kan ?" sadurunge bocah loro kuwi budhal Bu Narti ndangu Kanthi.

"Sampun Buk-e, rak ingkang asring tindak mriki nitih Sepeda Onthel nika ta?" wangsulane Kanthi nggenahne.

"He eh" Bu Narti nerusne ngendika "dhuwit neng amplop iki aturna, ora sah matur neka-neka pokoke sawise brekatan kuwi kok pasrahne, banjur dhuwite aturna ngono wae. Bu Enggar wis pirsa kok, mau lagi wae tak telpon".

"Inggih Buk-e"

"Mengko nek matur nganggo basa jawa wae, Bu Enggar kae piyayi Klaten, nek ngendikan karo aku kulina nganggo basa jawa".

"Inggih Buk-e".

Bocah loro banjur budhal, Bu Narti mlebu omah banjur nerusne anggone jagongan karo adhine ipe.

"Nyawang rupane karo ngerti tandang gawe sarta solah bawane Mur kuwi, aku dadi kasengsem lho Dhik" kandhane Bu Narti marang Bu Kardiman.

"Inggih ta mBakyu?" Bu Kardiman ngegongi "kula nggih cocog kok kaliyan Mur, sanaosa namung sak rewang nanging kula anggep kados kulawarga piyambak, inggih awit sampun kalih tahun lare niku tumut kula, rumaos kula dereng nate kok anggenipun nyambut damel boten kleresan".

"Iya bocah kuwi wis ketok nek bocah sing pinter, sregep lan temen. Apa Mur kuwi ora duwe ha pe ta Dhik?"  Bu Narti takon maneh.

"nGGih gadhah jane" wangsulane Bu Kardiman "ning kanggene nggih namung nek kula betahaken mawon. Kula sok-sok rak nggih medal, lha menawi mbetahaken Mur pas kula boten teng griya ngoten niku nembe kula telepon utawi kula kintuni We A".

"Lha nek wis ngerti aplikasi We A barang, rak ya banjur kanca-kancane akeh sing ngajak ngobrol chatingan ngono?".

"Andilalah boten mBakyu. Kula ngertos nomer sing disimpen dhateng Ha Pe ne Mur niku boten kliwat tiyang pitu, inggih punika : Nomer kula, nomere Bapake lare-lare, Nomere Doni, Nomere Angga, Nomere mBok Ti, Nomere Nita ingkang rumiyin mbekta Mur dhateng nggen kula kalih nomere juragane Simboke Mur ingkang dhateng dhusun. Tiyang nomere Satpam, sopir kalih rewang jaler griya nika mawon Mur boten purun nyimpen, criyose ajrih nek keganggu anggenipun nyambut damel".

"Walah, nek ngono Mur kuwi ya pancen bocah apik tenan, merga adate bocah saiki ki nek wis nyekel Ha Pe terus lali sakabehane. Lha wong Kanthi kuwi wae ora ketang mung seminggu oleh jatah sedina olehe nyekel Ha Pe, sasat sedina utuh ha pe ne ora ucul saka tangan. Ya dienggo We-A nan karo kanca-kancane, ya karo pacare. Lha Mur kuwi nek karo pacare apa ora tau we-a nan?".

Krungu sing diomongne Bu Narti ngono kuwi Bu Kardiman ngguyu, banjur kandhane :

"Mur niku estu lare lugu mBakyu, wau pas kalih bidhal mriki wau nggih rembagan kaliyan kula lan Sopir  bab anggenipun dereng kepengin emah-emah. Criyose wau, paling cepet gangsal tahun malih nembe badhe mikir tiyang jaler. Kula nggih pitados kalih sing dicriyosne Mur niku, tiyang nate larene nyuwun tulung kula supados mangsuli WA saking kancanipun jaler ingkang nomeripun boten dipun simpen. Kamangka isinipun We A inggih limrah kemawon, nanging menggahing Mur criyose menawi We A ngoten niku ditanggapi saged ndadra".

Bu Narti sansaya kasengsem krungu rembuge adhine ipe sing nyritakne teku lan kapribadene rewange sing jeneng Mur kuwi. Ing angen-angene Bu Narti ana pikiran sing sajake dianggep becik sing ana sambung rapete karo Murjiyati rewange adhine ipe kuwi.

"Sampean kelingan Sujud kae Dhik?" dumadakan Bu Narti ngalih rembug nakoni adhine ipe.

"Sujud-e piyambak?"

"Iya neh, ponakanmu sing lugune kaya wong ora duwe nepsu kae neh?". Bu Narti nggenahne.

Bu Kardiman mesem, Sujud kuwi ngono tenane anake Pak Sakun dhewe. Anak saka wong wadon sing dinikah siri sing maune ora dingerteni dening Bu Narti. Nanging nalika ibune Sujud ninggal donya nalika Sujud isih umur siji setengah tahun, Pak Sakun banjur blaka marang Bu Narti bab anggone wis duwe bojo sing dinikah siri. Wektu kuwi, ketang welase Bu Narti marang bocah sing durung ngerti dosa, sing jeneng Sujud, kabeneran Bu Sunarti ya durung duwe anak lanang, Sujud banjur diopeni ing omah kono nganti gedhe.

 

Ana candhake.

 

 

TEMBANG CEMPLANG (9)

dening: IMMIR

9.

Bubar markir mobile Andhik ngrewangi Mur ngudhun-ngudhunke gawan digawa mlebu omah. Sing duwe omah kuwi kapernah mBakyune Pak Kardiman, dadi nek karo Bu Kardiman tiba mBakyu Ipe, nanging sasuwene dadi ipene tangkepe Bu Kardiman kuwi menyang ipene ya kaya marang sedulur wedok dhewe, malah kepara luwih raket maneh. Samono uga tangkep lan sikepe Bu Sunarti marang adhine ipe kuwi. Tekane Bu Kardiman dipapag klawan ulat sumeh, wong loro banjur padha rerangkulan. Bu Kardiman ora dilungguhne neng ruang tamu, nanging malah banjur diajak menyang pawon, merga Bu Narti lagi nandangi gaweyan gawe kuwih pirang-pirang arep kanggo isen kerdhus ing brekatan pendhak pindhone Pak Sakun, garwane Bu Sunarti.

"Kebeneran, mengko aku direwangi nata isi kerdhuse, nek brekatan sing isi sega wis dipesenke Rani nyang nggone Bu Fakih sing duwe Rumah Makan La Tanza cedhak prapatan kae, wong Rani dhewe ya ora bisa bali jare repot banget" kandhane Bu Narti sawuse wong loro kuwi tekan pawon.

"Lha kageme mengke jam pinten ta mBakyu?" Bu Kardiman takon "ngundang tangga tepalih teng dalem mriki napa diter-terne mawon?".

"Diter-terne tangga teparo sak Gang iki thok kok Dhik, mengko nek berkatan sing saka La Tanza wis teka ben terus diiderne si Kanthi".

"Ooo, dados boten tahlilan teng dalem mriki?" Bu Kardiman takon maneh.

"Ora, wong Masmu biyen ki jaman isih urip ya ora nindakne acara-acara ngono kuwi, lha caos dhahar menyang tangga-tangga ngene iki rak ya golek patut ta? ngiras pantes kanggo ngraketne paseduluran antarane tangga".

"Nggih, mengke Mur kersane ngrencangi Kanthi. Ya Mur?".

"Inggih Buk-e" wangsulan Mur sing wis utheg nekuki kertas sing digawe kerdhus. Pancen pas Mur mlebu mau weruh nek rewange Bu Narti sing jeneng Kanthi lagi nekuki kertas gawe kerdhus wadhah panganan, mula ora ndadak ngenteni dikongkon ya banjur tumandang ngrewangi.

"Iki apa si Mur sing biyen kae ta Dhik?" Bu Narti takon "dhek emben kae rumangsaku isih cilik ngono lho? saiki kok wis samene gedhene?".

"Inggih Budhe" wangsulane Mur karo mesem sopan "murugaken kaliyan Buk-e dipun dhawuhi menawi ma'em kedah kathah, mila lajeng cepet ageng".

"Iya tenan kok, awakmu saiki ketok wis prawan tenan, tur ya mundhak ayu pisan. Tenan aku mau pangling lho, tak kira nek rewang anyar".

Karo omong-omongan Bu Narti lan Bu Kardiman direweangi pembantu-pembantune terus nata lan ngiseni kerdhus. Sauntara iku neng parkiran, Andhik lagi lungguh neng bangku cilik karo nyekeli ha pe ne. Karo dolanan ha pe pikirane Andhik ngambara ing awang-awang. Tembung-tembunge Mur neng mobil mau ndadekne Andhik mikir-mikir. Wis cetha apa sing dingendikakne Bu Kardiman karo Mur mau, yaiku paling cepet Mur gelem omah-omah ya patang tahun maneh. Umure Andhik saiki lagi rolikur, upama ditambah patanmg tahun maneh dadi nem likur, umur sing pas-pasan tumrape wong lanang miwiti omah-omah. Ora kenomen ya ora ketuweken.  Nek ndelok ukarane mau, ketoke Mur durung duwe calon bojo. Sanajan nalika dheweke mau mralambangi nek sejatine jroning atine ana pepenginan kanggo ngajak Mur bebarengan urip bebrayan, Mur olehe wangsulan yen wektu iki Mur durung duwe pikiran marang wong lanang. Nanging ngono kuwi aja banjur ditegesi yen Mur wis nampik katresnane. Malah Andhik kudu bisa migunakne wektu patang tahun kuwi kanthi sak becik-becike.  Ya kuwi sajroning patang tahun, kudu bisa nuduhne marang Mur yen kajaba dheweke temen-temen tresna marang prawan ayu kuwi, uga kudu bisa nuduhne yen dheweke nadyan mung sadrajat sopir ya pantes nampa katresnane Murjiyati.

"Ora-ora Mur yen nganti tumiba ing  kakurangan lan kacingkrangan yen kowe dadi bojoku" batine Andhik ngomong dhewekan "najan mung sak sopir, nanging tak kira guna kayaku bisa cukup yen dienggo urip bebarengan karo awakmu lan kira-kira ora bakal kethetheran kanggo ngragadi anak-anake dhewe ing mbesuke. Nyatane, saiki wae dhuwit sing tak simpen neng Bank sansaya suwe sansaya tambah, kabeh mau merga saka anggonku gemi nastiti lan ngati-ati, ora seneng nguja kekarepan sing bisa ngentekne dhuwit. Mula mbesuk nek sing nglumpukne pengasilanku kuwi awakmu, tak kira bakal luwih becik dadine".

"Kowe kuwi aja kesusu ngangen-angen bisa mbangun bebrayan karo Mur dhisik" dumadakan ana suwara dumeling saka pojok atine sisih liya "bener saiki Mur pancen durung mikir wong lanang, nanging durung karuwan yen wis teka titi wancine Mur kuwi gelem mikirne wong lanang durung karuwan kowe bisa mlebu neng pikirane Mur".

"Kok bisa? Aku arep mbudidaya sakuwatku murih Mur ngerti nek aku temen-temen trisna marang dheweke, lan ora arep gawe laraning jiwa lan ragane, aku arep mbudidaya supaya Mur ngerti yen aku iki wong lanang sing pantes nampani tumibaning katresnan saka Mur......." atine aweh wangsulan.

"Rumangsamu wong lanang sing disawang Mur ki mung kowe dhewe ngono apa piye?  kudu ngerti isih akeh wong lanang sing bisa disawang dening Mur, sing cedhak-cedhak wae, neng kene ana Marsana, ana Singgih ana Sadirun, wong-wong kuwi ketoke kabeh ya kepengin nepek atine Mur, padha karo kowe. Dadi bisa-bisa tumibaning pilihan saka atine Mur mengko marang salah siji saka wong-wong kuwi".

"Aku ngerti kok, Sadirun, Marsana lan Singgih kuwi ya kepencut karo Mur. Nanging aku uga weruh yen Mur durung nibakne pilihan marang salah siji saka wong-wong kuwi, dadi aku isih bisa mbudidaya murih atine Mur ora tumelung marang wong-wong kuwi, nanging bakal dipasrahne marang atiku".

"Lan kowe kudu ngerti" suwara kuwi isih mbacutne tutur "isine jagad iki wong lanange ora mung wong papat sing kok sebut mau, lan Mur kuwi ora mung bisa disawang lan nyawang sing ana ing jerone dalem Kardimanan kono thok. Bisa uga sasuwene iki ana mripat sing saka kadohan tansah nyawang saparipolahe Mur, bisa uga dumadakan teka saka awang-awang ana mripat sing nyawang Mur banjur niyub lon-lonan, nyaketilan gawe kepencuting atine Mur banjur Mur kanthi lila legawaning ati manut diajak mabur ninggalne Dalem Kardimanan kene..........".

"Mbuh..mbuh...mbuh.....!" saking anyele batine Andhik mencolot kawetu liwat lambene kanthi suwara sing banter.

"Ana apa Mas Andhik?" kaya disamber gelap kageting atine Andhik bareng dumadakan ing ngarepe Mur wis ngadeg karo takon merga Andhik ketrucut ngetokne suwara ing batine mau.

"Ora ana apa-apa, wis suwe kowe mau Mur? ana apa? aku ditimbali Ibuk ya?" karo glagepan Andhik isih bisa wangsulan.

Mur mesem manis banget.

"Iya, karo Buk-e kon ngomongi, iki mengko neng kene tekan sore, Buk-e mau ngendika jare sampean arep ngganti olie barang, mula karo Buk-e sampean didhawuhi ngganti olie dhisik, iki dhuwite" muni ngono kuwi MJur karo ngelungne dhuwit marang Andhik.

"Gak sah Mur, tak nganggo dhuwitku dhisik wae" wangsulane Andhik "mengko tak njaluk nota, sesuk diijolne neng Kantor".

"Ya wis nek ngono".

Mur mbalik banjur banjur mlaku arep mlebu omah maneh. Andhik nyawang saka mburi, rumangsane lakune Mur wis gawe kumesaring dhadhane.

 

ana candhake. 

Rabu, 11 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (8)

 

dening: IMMIR

8.

Kaya padatan nek pas ora ana gaweyan, Andhik lungguh neng Pos ngarep karo dolanan hape ne. Dina kuwi sing anceran jaga Pos utawa nek jaman biyen diarani Regol Singgih. Ngerti nek Andhik lungguh neng jaba, Singgih ngadeg banjur metu mapan lungguh neng dhingklik dawa njejeri Andhik karo takon :

"Ora nyang Kantor ta Bro?" sing dikarepne Singgih nyang Kantor, kuwi "ora ndherekne Pak Kardiman".

"Ora kok nDhan" wangsulane Andhik, karo tetep thak-thik mijeti ha-pe ne "anu, Bapake tindak Luar Kota".

"Layak mau isih esuk Fortuner Kantor wis teka kene banjur ora let suwe wis metu maneh" panyaute Singgih .

"Iya, sing nyetiri mau Pak Kus. Ora mampir kene pa?"  Andhik takon.

"Ora mung mbukak kaca thok karo mesem, sajake rada kesusu ketoke" wangsulane Singgih sing dibacutne takon "Lha awakmu dina iki ora metu blas no?".

"Metu, mengko ndherekne Ibuk niliki mBakyune sing neng Gunung Putri" Andhik aweh wangsulan "mbuh mengko tekan jam pira, wong saiki durung mangkat ngene".

"O alah, nyang nggone Budhe Narti ta? cedhak wae nek ngono?"

"Iya, adate kuwi nek neng nggone Budhe Narti, Ibuk ki krasan, sok nganti tekan sore lagi balik. Apa maneh iki Bapak tindak Luar Kota? tekan omah nek gak mengko bengi ya sesuk, kira-kira Ibuk mengko ya tekan sore maneh olehe neng Gunung Putri".

Wong loro kuwi banjur ketungkul padha dolanan hape ne dhewe-dhewe. Wong loro padha meneng-menengan, merga padha ndhingkluk karo ndemeki key board neng hape. Saking anggone padha ketungkul dolanan Ha Pe nganti padha ora ngerti nek ana sing marani padha lungguhan.

"Mas Andhik, ditimbali Ibuk-e" Mur teka kono karo ngomongi Andhik.

"He, piye? apa Mur?" Andhik kaget.

"Ditimbali Ibuk Mas, dijak budhal saiki" Mur wangsulan sareh.

Singgih sing ora disebut jenenge melu kaget, mripate manther nyawang Mur sing ngadeg ora adoh ana ngarepe. Dhadhane Singgih krasa dheg-dhegan, miturut panyawange, esuk iki Mur ketpk luwih ayu timbang adate. Pancen esuk kuwi Mur niyat macak, pupuran manda-manda, lambene ya diusapi nganggo benges, rambute sing dawa diklabang loro banjur ditaleni nganggo pita. Nganggo Clana Jeans, kaosan lengen dawa rupa putih.  Ketok nek luwih ayu tenan.  Anggone Mur macak ngono kuwi merga didhawuhi dening Bu Kardiman, arep diajak menyang Gunung Putri sanja menyang omahe Budhe Narti.

Ora mung Singgih sing dhadhane dadi nratab weruh tekane Mur, senajan Andhik uga ora beda. Sopire Pak Kardiman kuwi dadi kamitenggengen weruh Mur sing esuk kuwi malih dadi kaya widodari.

"Tak tinggal dhisik Mas" gandheng wis sauntara Andhik ora semaur, Mur banjur pamitan.

"E eee... iya,  budhal saiki ta?" Andhik nyauri setengah gragapan banjur ngadeg hape ne dilebokne sak, ngetokne kunci mobil banjur setengah mlayu nututi Mur sing wis mlaku meh tekan garasi.

Bu Kardiman kuwi nek numpak mobil senengane manggon neng ngarep, mula Mur banjur manggon neng bangku sisih tengah karo mangku gawan oleh-oleh kanggo Budhe Narti sing diwadhahi Kerdhus tilas wadhah Mie Instan. Andhik olehe nggelak mobile ngati-ati banget, sing numpak bisa ngrasakne kepenak, ora mikir kuwatir yen ana apa ta apa ing ratan sing rame kuwi.

"Niki Bablas teng daleme Budhe Narti Buk?" karo nyetir Andhik takon marang bendarane.

"Lha iya lah, ora bablas mrana ki arep mampir neng ngendi?" wangsulane Bu Kardiman tanpa nganggo noleh marang sing ngajak omong "Oh, iya dhing adate kae mampir nyang Mini Market ya nDhik? ngana kae ki nek butuh sangu ngombe, lha iki mau karo Mur wis dicepaki ngombe sapirang-pirang dadi ya ora perlu mampir neng ngendi-endi".

"Nggih" Andhik wangsulan cekak.

"Lha ngombene Andhik ndang diwenehne ta Mur, mbok menawa Andhik ngelak sawayah-wayah" Bu Kardiman genti ngomong marang Mur.

"Sampun kok Buk, kula sukakne teng nggen pintu niku" Mur wangsulan "lha kagem Buk-e, nggih sami kula paringne dhateng panggenan botol ngandhap kaca pintu niku".

"Oh, ya, ya.... kowe kuwi pancen bocah sing setiti kok Mur, bejane mbesuk sing ngepek bojo" Bu Kardiman kandha karo mesem setengah guyon.

"Ah, Buk-e ki kok, kula dereng mikir emah-emah Buk" karo ngguyu Mur wangsulan "taksih remen ndherek Ibuk mawon".

"Ya sokur nek kowe tetep krasan melu aku" wangsulane Bu Kardiman "najan ngonowa, suwening suwe kowe rak ya bakal ninggalne aku, genti melu lan ngladeni bojomu, malah mbok menawa ora mokal nek kowe kudu gelem ngenger marang maratuwa".

"Ngoten nggih Buk-e?"

"Lha iya no, saiki umurmu pira? pitulas tahun ta? upama kowe mengko omah-omah umur rolikur tahun, ateges limang tahun maneh aku kudu gelem kok tinggal, nek sing ngepek bojo kowe mengko anak tunggal tur wong tuwane isih, paling kowe mengko ya dijak manggon awor wong tuwane bojomu, dadi kowe bakal ngenger marang maratuwa, kaya aku biyen".

"Upami Mur emah-emah nanging taksih ndherek Ibuk napa boten saged Buk?" dumadakan Andhik nyela rembug, melu takon.

"Lha kuwi rak ya kari nari sing nglakoni ta nDhik?" Bu Kardiman wangsulan "mBok menawa Mur mbesuk oleh bojo sing omahe ora adoh saka nggone dhewe saiki iki, terus dening bojone ya dililani nyambut gawe kaya saiki iki, kira-kira ya bisa wae. Nanging rak ya ora suwe? merga rak ya banjur kudu ngopeni anak barang? Lha nek wis ngopeni anak tak kira ya ora keneng disambi".

"Upami sing dados semahe Mur niku kula ngoten, kula mesthi langkung remen nek nerasaken anggenipun ngabdi dhateng Ibuk" Andhik semaur karo ing batin ngarep-ngarep kepriye tanggapane Mur utawa juragane marang olehe duwe angen-angen ngono kuwi.

"Lho thik awakmu ngomong saupama sing dadi bojone Mur mbesuk ki kowe? apa sajake kowe gelem upama diolehne Mur?" Bu Kardiman takon karo mesem.

"Aaaa, menawi kula nggih turah purun ta Buk-e? duka menawi Mur?" Andhik wangsulan tatag.

"Duka piye ?"

"Lha kula rak namung drajating abdi cara rumiyin ngoten namung pangkat kusire bendara, lha nek sak niki nggih namung sopir, napa kinten-kinten diajengi kalih tiyang estri? klebet Mur?".

"Ora ngono Mas pitakone" dumadakan Mur sing maune mung meneng wae kuwi melu udhu rembug "wong jejodhowan kuwi ora gumantung marang pangkat drajat utawa semat, nanging cocoging ati. Arepa pangkate Jendral Pethak, pintere ngungkuli Propesor Buthak, sugihe bebasan kabeh isine langit disuntak, nek ora nocogi neng ati ya tetep ora cocog. Sanajan kere neng ngisor kreteg, rupane kaya bokong celeng, nanging nek wis nocogi ati ya ora kena dipenggak, kuwi jenenge tresna. Ora kok peh mung sopir njur sampean duwe pitakon mosok diarepi wong wedok?, kuwi pitakon sing ora pas. Nggih ta Buk-e?"

Krungu tembunge Mur sing dawa ngono kuwi, Bu Kardiman banjur ngguyu lan semaur :

"Bener kuwi Mur. Kowe pancen pinter. Aku biyen jane arep dijodhokne karo wong pangkat, putrane priyayi luhur, wonge ya bagus. Nanging gandheng aku wis kadhung cocog karo Bapak, sidane ya dadi jodhone Bapak, najan jaman semana Bapak ki nyambut gawene ya mung dadi Mandhor Proyek".

Merga karo omong-omongan  lakune mobil ora krasa wis menggok menyang platarane sing arep diparani. Kaya padatan Andhik banjur markir mobile neng latar sing ora pati amba kuwi.

 

ana candhake.

Selasa, 10 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (7)

 

dening: IMMIR

7.

mBok Ti esuk kuwi kaya padatan, sadurunge srengenge njudhul mesthi wis milih-milih sayuran seger kaya dene bayem, lombok, kacang lsp neng prapatan cedhak omah. Neng kono kuwi bakul-bakul sayur sing nggawa mobil padha ngepos. Mengko awan mBok Ti kepengin njangan bobor kanggo mangane para sapukawat ing dalem Kardimanan, mula mBok Ti milihi bayem karo terong sing isih seger-seger. Sing milihi sayur ngono kuwi ya ora mung mBok Ti dhewe, mula mBok Ti ajeg milih budhal isih rada peteng perlune ora dheseg-dhesegan karo wong sing arep tuku liyane.

 Nalika mBok Ti lagi ketungkul ngiling-ilingi sayuran sing arep dituku, mBok Ti krasa lengene sing kiwa disenggol dening lengene wong liya, gage mBok Ti noleh mengiwa nyawang wong sing nyenggol lengene.

"Blanja ya mBak?" sing ditoleh ndhisiki takon karo mesem.

"Inggih....? panjenengan rak Mas ..... ?" mBok Ti takon karo rada gumun.

"Iya mBak aku Tanto putrane Bu Suryadi ngarepe panjenengan" wong sing takon kuwi nggenahne sapa dheweke.

"Inggih Mas, putrane Bu Kristin Penjahit niku ta? nek piyayine kula apal mung asmane sing durung wanuh" wangsulane mBok Ti karo mesem ditutugne takon "kok sing blanja Mase, lha Ibuk napa tindakan ?".

"Ora kok mBak" wangsulane bocah lanang sing jeneng Tanto kuwi karo milihi Timun "iki mau aku rak ndelalah weruh Timun sing seger-seger iki, mula karo mlaku-mlaku esuk aku banjur mampir neng nggone Pak Bakir iki".

mBok Ti ngingeti sandhangan sing dienggo Tanto, clana pendhek, kaosan, sepatune sepatu olah raga.

"Lha mBake, kok dhewekan? adate rak ngajak kancane kae ta? sapa kae mBak jenenge?" Tanto takon.

"ngGih Mas, Mur ta? Anu larene niki wau nandangi damelan nggriya sing dereng rampung" wangsulane mBok Ti .

Tanto luwih dhisik olehe rampung milihi Timun, karo ngelungne dhuwit bocah nom bagus kuwi takon marang sing dodol :

"Empun Pak, pinten?"

"Timun tiga niku thok ta Mas? tigang ewu mawon" wangsulane Pak Bakir karo njupuk tas kresek kanggo madhahi timun sing dipilih Tanto.

"Aku dhisik ya mBak?" Tanto pamitan marang mBok Ti, banjur ngalih.

"Inggih Mas" mBok Ti wangsulan karo mesem.

Karo mlaku mulih mBok Ti mbatin sing dadi pitakone Tanto, sing ndhengarekne kok blanja dhewe, kamangka sasuwene iki mBok Ti nek blanja ya ajeg dhewekan, ora tau ngajak Mur. Nanging iki mau didhengarekne karo Tanto, kok ora ngajak Mur. Mau jane mBok Ti ya arep wangsulan nek saben esuk ajegan dheweke blanja dhewe, nanging kanggo ngenaki rembug olehe wangsulan ora ngono, nanging kandha nek Mur lagi repot neng omah. mBok Ti banjur nggagas, takon marang awake dhewe, apa kira-kira bocah nom sing jeneng Tanta anake Bu Kristin kuwi ya ana rasa marang Mur? Upama ngono tenan, ya lumrah wae wong pancen Mur ki wis ketok mencorong pamore. Dadi sepisan maneh upama Tanta kepencut kuwi nya ora jeneng aneh.

"Mur kowe mau ditakokne lho?!?" pas nyedhaki wektu leren awan karo nata kanggo mangan awan mBok Ti ngomongi Mur.

"Ditakokne piye ta mBok?" wangsulane Mur genti takon "sapa sing nakokne gajege durung suwe mau aku lagi bar ditimbali Buk-e ki, mosok wis digoleki maneh?"

"Dudu Buk-e kok sing nakokne" karo nandangi gaweyane mBok Ti wangsulan "ditakokne bocah lanang bagus, sajake bocahe kangen karo awakmu".

"mBok Ti ki kok ya ana-ana wae lho?" Mur mesem, rumangsane mBok Ti ngajak guyon dheweke "eh aku ya kangen dhing, rak cah bagus sing gawene metu neng pilem India kae ta mBok? sapa kae jenenge Amitaba, eh kok amitaba, amitaba ki rak sing sirahe gundhul-gundhul kaya woh kawis kae dhing, he he he".

mBok Ti melu ngguyu krungu wangsulane Mur sing nanggapi karo guyon ngono kuwi mau, kandhane :

"Kowe kuwi kok malah guyon lho? aku iki ditakoni wong tenanan, dhek esuk pas aku golek sayur neng nggone Pak Bakir".

"Tenane lho mBok? aku neng kene iki ora tau tepung karo sapa-sapa lho mBok? lha kok sampean malah ngomongi enek sing nakokne, gek jare malah bocah nom bagus pisan, lha rak ya marahi aku dadi bingung ta? lha wong bagus sing kerep tak sawang kuwi anane ya neng jero Tipi kae thok, jare".

"Mosok ta Mur?" ora ngerti sangkan parane dumadakan Sadirun wis teka neng papan kono karo nyauti omongane Mur lan mBok Ti "mosok neng kene iki kowe ora tau kenal sapa-sapa? berarti karo aku barang ya gak kenal no?".

"O alaah" mBok Ti sing mangsuli karo semu nyrengeni "Sadi ki ya gawe kaget wae, teka-teka kok banjur melu nyaut omongane wong ngono wae, mbok nek lagi teka ki aweh tandha watuk-watuk dhisik apa dhehem-dhehem dhisik, ben ora ngeget-egeti kancane ngene iki".

Disrengeni mBok Ti, Sadirun ora nesu malah ngguyu ngakak, nglenggana marang kaluputane.

"Jane iki mau ya ora arep nyaut olehe sampean rembugan mBok" kandhane Sadirun karo cengar-cengir "nanging bareng aku krungu nek jare Mur ki ora tau tepung sapa-sapa, aku banjur ketrucut melu nyaut. Jeneh Mur ki ya kenemenen kok, mosok duwe tepungan sapirang-pirang kok malah ngakune ora duwe kenalan sapa-sapa........".

"Kuwi beda Om Sadi" Mur nyaut omongane Sadirun "sing nyambut gawe neng omah iki kabeh wis dudu tepungan maneh, nanging wis dadi sedulur. mBok Ti iki wis padha karo Mak-ku dhewe, sampean tak anggep Omku dhewe. Tur maneh, sing tak rembug karo Mak Ti iki mau rak ora na gandhengane  karo wong-wong sing nyambut gawe neng dalem kene? dadi ngrembug wong liya sing sajake durung tau tak tepungi, Ngono lho Om. Mudheng?".

Sadirun ngguyu maneh, banjur takon :

"Lha ngrembug kok wong sing rung ditepungi banjur piye no?"

"Uwis ora sah dibacutne kuwi perkaraku karo Mur, kana wong-wong ndang dikandhani nek mangane wis cemawis" mBok Ti wangsulan ngiras ngatag supaya Sadirun nyeluk kanca-kancane dikongkon mangan awan.

"Oraa diceluk sedhela maneh rak ya padha teka dhewe" Sadirun ora budhal nyeluk kanca-kancane malah ndhisiki lungguh kursi ngadhepi meja.

"Ya wis, tak aku wae sing ngomongi mBok" Mur semaur karo menyat mangkat arep ninggalne papan kuwi, nanging ora sida merga bener apa sing diomongne Sadirun , saka kadohan Marsana karo Andhik ketok lagi mlaku menyang papan kono.

"Wis padha mara tenan ta Mur?" mBok Ti sing ngerti nek Mur ora sida menyat takon.

"Iya mBok" Mur wangsulan karo manthuk.

Ora suwe neng kono wis keprungu gumyak suwarane wong omong-omongan sinambi karo mangan awan. Anggone mBok Ti ngabari marang Mur nek ditakokne bocah nom bagus dadi wurung, kesilep omongan klobot liyane.

 

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG (6)

 

dening: IMMIR

6.

mBok Ti lagi wae rampung tata dhahar kanggo mangan awane para sapukawat ing omahe Pak Kardiman. Mur ora ngrewangti merga isih nerusne nyletlika agemane Pak Kardiman lan Bu Kardiman sing arep dingge kondangan mengko sore, klambi anyar nadyan wis disetlika dening penjahite, nanging Bu Kardiman isih kurang marem yen sing nyetlika dudu Mur. Jam sing ana tembok nuduhake wektu pandom cendhak neng angka rolas, pandom dawa neng antarane angka sepuluh karo sewelas. Wektune mangan para sapukawat isih kurang wolung menit. Nanging mBok Ti sing arep ninggalne nggon mangan kuwi dadi ora sida, bareng dumadakan Andhik mlebu, karo takon :

"Kok dhewe, lha Mur neng neng ndi ta mBok?".

"Neng mburi, nggosok agemane Bapak karo Ibuk sing arep diagem njagong mengko sore" wangsulane mBok Ti "lha eneng apa ta?".

"Ora eneng apa-apa kok, wong adate ki wong loro kok iki sampean ijen" wangsulane Andhik.

"Ya wis, tak kira nek ana apa ta apa?" mBok Ti wangsulan karo arep mlaku ngalih.

"Sik...sik.. aja ngalih dhisik mBok" Andhik menggak mBok Ti ngalih.

"Eneng apa ta?" mBok Ti mandheg karo takon.

"Arep takon" wangsulane Andhik karo mesem-mesem isin.

"Takon, ndang takon ta neh" wangsulane mBok Ti "takon apa? ndang mumpung aku rung ngalih".

"Anu, anu... arep takon si Mur ....."

"Wis tak wangsuli ngono lho" mBok Ti nyauri banter "wonge karo Ibuk didhawuhi nggosok ageman, neng m buri kana. Genah?".

"St...st... aja banter-banter mBok" Andhik ketara semu klicutan "aku takon tenanan iki".

"Iya... jane kowe kuwi arep takon apa ta?" mBok Ti njengkerutne bathuke.

"Anu, Mur ki wis duwe calon apa durung, kira-kira. Sampean ngerti ta mBok?".

mBok Ti mesem amba, ing batine wis ngerti nek satemene Sopire Pak Kardiman kuwi lagi kesandhung rasa marang Mur. mBok Ti dhewe bisa maca yen wis sawatara wektu para bujangan sapukawat dalem Kardimanan kuwi padha ketaman rasa branta marang pembantu sing pamore wiwit sumunar kuwi. Kang mangkono kuwi bisa dititik saka anggone padha seneng mbalang liring marang Mur nalika kepethuk ngepasi ana papan mangan. Malah ora mung saka obahing mripat pas padha nglirik wae, nanging uga anane owah-owahan slaga nalika wong-wong kuwi padha cedhak karo Mur. Lha Andhik iki sing dhisik dhewe wani golek sisik melik, takon marang mBok Ti perkara Mur wis duwe calon apa durung.

"Piye mBok? Sampean ngerti ta?" Andhik mbaleni pitakone bareng mBok Ti rada suwe ora semaur.

"Lha thik ngurus-ngurus ki eneng apa ta jane?" mBok Ti genti mbales takon, sing ndadekne Andhik sansaya kepengin weruh jawaban pitakone.

"Ya ora eneng apa-apa, ning mosok aku kepengin ngerti kuwi wae ora entuk neh? ndang ta mBok, mBok Ti mesthi ngerti, wis duwe apa durung?".

"Luwih genahe kowe rak ya bisa takon dhewe ta?" mBok Ti wangsulan "aku bares wae ora tau dijak crita perkara kuwi karo Mur".

Krungu wangsulane mBok Ti ngono kuwi, Andhik sajak rada cuwa, nanging mung sedhela banjur omong semu njaluk tulung :

"Ngono ya mBok? Tulung mBok nek pas mBok Ti jagongan ngana kae, tulung sampean takoni".

Durung nganti mBok Ti wangsulan gelem lan orane, saka ngarep wis keprungu suwarane Marsana karo Sadirun sing mlaku tumuju papan nggon mangane para sapukawat dalem Kardimanan kuwi. Andhi gage-gage nyelehne driji panuding menyang ngarep lambene, aweh sasmita supaya mBok Ti ora aweh wangsulan saiki. mBok Ti uga wis ngerti karo apa sing dikarepne Andhik, mula sadurunge Marsana karo Sadirun ngerti nek mBok Ti karo Andhik lagi wae bubar omong-omongan perkara Mur, mBok Ti banjur ngalih. Mlaku memburi arep nyeluk Mur, dijak mangan bebarengan karo para Sapukawat liyane. Mur sing ora nggagas apa-apa, krungu nek dijak mangan nutugne gaweyane sing kari sethithik maneh rampung,  ora nganti rong menit gaweyane wis bisa diti8nggal. Banjur nusul mBok Ti lan sapukawat liyane neng panggonan kanggo mangan bareng. Mur ya ora nggagas lan ora salah inget, merga ya ora nggatekine yen kancane telu sing wis ana kono  yaiku Singgih, Andhik karo Sadirun padha mbudidaya narik kawigatene. Mula tangkepe Mur ya lumrah kaya padatan. Linggih njuejeri mBok Ti banjur imbuh sega sak lawuhe lan mangan kaya padatane. Singgih, Sadirun karo Andhik ora leren-leren anggone padha rebutan nglirik saparipolahe Mur, sing saka rumangsane wong telu kuwi, kabeh sarwa patut, sarwa resep yen disawang.

"Kadhingaren olehmu mbumboni sambel iki mau kok rada asin ta Mur?" karo mangan mBok Ti saulu ngomong sambelane Mur "adate ki pas, tur ya nyampleng lho. Iki mau rada kakehan olehmu menehi uyah ya?".

"Iya mBok kira-kira" wangsulane Mur nglenggana "ketoke trasi weton Rembang iki wis asin, adate rak trasine weton Lamongan".

"Iya, pancen nek trasi jinis sing iki wis asin, dadi sesuk uyahe sudanen" mBok Ti wangsulan "nanging ya ora kenemenen kok asine".

"Iya mBok, sesuk tak sudane uyahe" panyaute Mur karo mesem "nek gak tak suda, kuwatir nek sampean arani kepengin rabi mengko".

Wong sing lagi padha mangan kuwi kabeh melu mesem, krungu wangsulan guyone Mur ngo nbo kuwi.

"Nek kepengin rabi ya ora apa-apa kok Mur" Sadirun ngegongi guyone Mur "pancen wis wayahe kok".

"Ah, durung wayahe kok Lik" Mur nyaut omongan "aku iki rak isih cilik ?".

"Cilik piye?" Sadirun nyauri "sak awakmu kuwi wis turah patut upama dadi manten Mur".

"Nggih ta Lik?" Mur nyaut karo ngguyu "jarene wong arep dadi manten ki sarate kudu kalih? leres napa boten Lik?".

"Thik loro ki apa wae?" Sadirun mlengak, sega sing neng sendhoke ora sida diemplok.

"Kalih ora loro" mBok Ti sing nyauri.

Sadirun ngemplok segane, banjur dipamah, bareng wis diulu banjur takon :

"Kalih kok dudu loro kuwi karepe piye ta? aku malah ora mudheng iki".

Singgih karo Andhik meneng, wong loro kuwi ya katut ora mudheng karo wangsulane mBok Ti.

mBok Ti ngguyu, banjur kandhane :

"Tegese wong arep rabi kuwi kudu wis ana calone ngono lho Run, kalih ki bacute kalih sinten? mudheng?"

"O alaaaah, ngono ta?" Sadirun melu kiatut ngguyu "dadi sing dikarepne Mur kuwi mau, saiki iki Mur durung duwe calon ngono ta?  Gampang kuwi Mur, waton sing kok arah ora kedhuwuren wae gampang awakmu kuwi nupama golek calon sisihan".

"Gampange gampang" mBok Ti wangsulan maneh "sing angel kuwi cocoge ngono lho".

"Bener mBok" Mur melu nrambul gunem "merga jarene, gegarane wong akrami ki dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane. Merga wong omah-omah kuwi jarene luput pisan kena pisan? yen gampang luwih gampang yen angel angel kelangkung. Iya ta mBok?".

mBok Ti nutugne olehe mamah segane, ora mangsuli sing diucapne Mur, dipilih ngematne enake panganan sing dipamah. Beda karo Singgih, Sadirun lan Andhik sing banjur meneng, pikirane padha nglambrang, nggagas apa sing diomongne Mur sing keri dhewe iki mau.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...