dening: IMMIR
24.
Mak Jah, Bu Mandhor karo anake lanang olehe ngrungokne lan nyemak critane Srimurni, sing saiki wis ngalih jeneng dadi Srinthil utawa Biyange Yem (Yang Yem) tenanan banget. Ora ana sing nyelani takon, kabeh katut keseret mlebu menyang critane Yang Yem. Lagi bareng wis rampung olehe crita, kabeh padha unjal ambegan landhung, ketara yen kabeh bisa melu ngrasakne paiting urip sing lagi dikecap dening Yang Yem.
"Lha nek sesuk awakmu bali menyang Sala utawa menyang Sragen, sing arep kok jujug nggone sapa?" Mak Jah takon, njajagi atine Yang Yem "Mesthine awakmu ngangen-angen arep nggoleki Bapakne Si Yem kuwi, kamangka nggoleki wong lanang sing ngono kuwi adate luwih gampang nggoleki wiji wijen sing kecer neng wedhi pinggir kali".
"Nggih niku Mak sing marahi kula sansaya judheg" wangsulane Yang Yem alon.
"Iki upama lho, ya ndhuk" Mak Jah banjur omong sajak ngati-ati "ora apa- apa ta awakmu tak celuk nDhuk?"
"mBoten napa-napa Mak, sakersa angsale Mak ajeng ngarani, upami pripun Mak?"
"Dicuthel teka samene wae olehmu arep nggoleki Bapakne si Murjiyem, wonge pasrahna marang sing momong jiwa ragane ben dikandhani sing sak becik-becike. Saiki awakmu miwiti urip anyar maneh, mecaki dalan anyar sing kudu kok liwati karo anakmu kuwi. Tak kandhani ya nDhuk, satemene lakonmu iki, ora beda adoh karo lakonku lan lakone Bu Mandhor. Aku iki biyen ya wong inggatan saka Jamanganti , cedhak kuburane Bethara Katong kana lha Bu Mandhor kuwi ya wong inggatan saka Wonogiri. Awakmu, aku karo Bu Mandhor ki padha-padha olehe dadi mangsa utawa korbane wong lanang sing seneng kepenak nanging ora wani tanggung jawab. Aku keplantrang teka Dunggalar jaman limang tahun sawise Merdika, terus mandheg lan wiwit nggelar urp anyar neng Dunggalar kene. Banjur Bu Mandhor kuwi, tekan kene kira-kira ya telung tahunan sadurunge geger sewidak lima, uga padha banjur miwiti urip anyar neng kene, mung kaceke nasibe Bu Mandhor rada luwih becik tinimbang nasibku".
"Iku merga aku oleh pitulungane Pengeran liwat Bapakne Jimin, Mak" Bu Mandhor nyelani critane Mak Jah "upama ora diopeni Bapakne Jimin banjur digrujugi berkahe Ibune Jimin kira-kira aku ya ora ngerti piye nasibku saiki".
"Iya, kabeh-kabeh kuwi wis ginaris sing jarene diarani Pesthi ngana kae" Mak Jah mangsuli.
"Lha punapa kinten-kinten garising gesang kula kedah miwiti babak enggal teng mriki nggih Mak?" Yang Yem takon, suwarane alon sajak ngati-ati.
"Kuwi kari awakmu ndhuk" wangsulane Mak Jah "nek jareku, tinimbang wektumu entek kok enggo nggoleki wong lanang sing genah ora keneng dicekel guneme ngono kuwi, aluwung awakmu mandheg neng kene. Nyambut gawe saanane, sing baku cukup dienggo mangan saben dinane, ngancani aku dodolan tepo-lonthong neng kene".
"Mak Jah purun menawi kula ngengeri?" Yang Yem takon.
"Ya gelem wae waton awakmu gelem nrima urip saanane ngene iki. Ora kok ngenger ya nDhuk, nanging awakmu ngancani lan ngrewangi aku, sokur bage nek awakmu gelem ndhaku aku iki Makmu lan awakmu kuwi anakku, aku mesthi bakal seneng banget" Mak Jah mangsuli pitakone Yang Yem.
"Nggih empun Mak, kula ndherek Mak-e mawon, kula remen sanget gadhah Mak enggal, Yem ngggih mesthi seneng gadhah simbah malih" Yang Yem omong karo ngrangkul sikile Mak Jah, luh sing ana njero mripat ora bisa dibendung, mbanjir mili ngliwati pipi. Tangise wong sing rumangsa seneng awit rumangsa ketiban kabegjan saka Sing Maha Kuwasa. Mak Jah dhewe uga katut melu nangis, atine uga rumangsa oleh kabegjan, merga sasuwene iki Mak Jah wis ngrumangsani yen ora suwe maneh ragane bakal sansaya ringkih. Saben dina tansah nenuwun marang panguwasane jagad, sinambi milang-miling golek wong sing gelem dititipi ragane sing wis gapuk kepangan umur kuwi. Ndelalah kersane Sing Gawe Crita, dina iku Mak Jah ketekan Mak Yem saanake pisan, wektu iki keneng diarani Yang Yem saanake arep ngayom marang Mak Jah, nanging mbok menawa ora suwe maneh lakone bakal diwalik Mak Jah sing bakal ngenger marang Yang Yem sing lagi wae ngucapake yen wis ndhaku Mak Jah dadi wong tuwane.
"Eman olehmu tekan kene lagi saiki Sri" bareng wis padha anteng lan bali lungguh neng panggone dhewe-dhewe Bu Mandhor omong karo mesam-mesem "upama olehmu teka kuwi jaman Mak Jah isih rada enom kae ngono, wiwit sesuk uripmu bakal keceh dhuwit ora karuwan, ora mung kuwi mesthi jenengmu banjur dadi kembang lambene wong sak Dunggalar kene".
"Uwis, aja diterusne" Mak Jah nugel rembuge Bu Mandhor "jamane wis kliwat, lelakon jaman biyen ora perlu dirembug, cukupa dadi pangeling-eling minangka kaca pangilone urip. Jamane ya wis owah adoh, saiki Mak Jah sing tau bantalan dhuwit wis trima lan luwih seneng sarta tentrem nglakoni urip kanthi buruh ngisahi piring lan karo cangkir, klawan opah oleh turahan anggone bakulan tepo lonthong saben dinane".
Srinthil alias Yang Yem mung meneng wae, ora melu nyauti sing diomongne Bu Mandhor karo Mak Jah, merga Srinthil ya ora ngerti karo sing diomongne wong loro kuwi.
..........................................................................................................................................
"Kok nglamun mikir apa Mak?" dumadakan Bu Mandhor wis ana ngarepe Mak Yem karo takon.
"Eh, boten kok, boten nglamun" Mak Yem wangsulan karo gragapan.
"Ora nglamun ning meneng wae, karo gaweyan sing ditandangi ora digatekne, genine pawon mundur ya ora disugokne, karon wis wayahe tapung ya diumbar wae" Bu Mandhor wangsulan semu nyrengeni "jane mau Nita ngomong apa? Kok bar ditelpon Nita banjur awakmu malih dheglang-dhegleng kaya wong getun ngono kuwi?".
"Dhik Nita criyos nek njing Riyadin ajeng wangsul, gek suk bada niku si Yem eh, Mur nggih badhe tilik griya" wangsulane Yang Yem sakecandhake.
"Oo dadi critane iki mau awakmu ngangen-angen anak wedok ta? wis sepira gedhene, rupane wis dadi kaya apa?, wis wayahe digolekne bojo apa durung? Ngono ya?".
"Ah, Bu Mandhor ki kok bisa wae lho?" Mak Yem semaur karo mesem.
"Kuwi lumrah Mak, jenenge wong tuwek ditinggal anak nyambut gawe neng papan sing adoh kuwi mesthi kerep nglangut, luwih-luwih anak wedok sing mung siji thil kaya Mur kuwi. Nanging awakmu kuwi isih luwih beja lho Mak, timbang aku".
"Kok saged Bu?"
"Arepa kaya apa, awakmu isih duwe turun, lha nek aku?" Praupane Bu Mandhor ketok mbrabak.
"Sing sabar Bu" Mak Yem wangsulan ngarih-arih bendarane sing sajak lagi sedhih atine "sanaosa boten gadhah turun piyambak, ning nyatane Pak Lik Jimin kalih Dhik Nita niku kalih Buk-e nggih bekti kados dhateng ibuke piyambak".
"Iya, aku ya ngrasakne kuwi kok Mak" Bu Mandhor wangsulan "Oh, iya mau si Nita telepon maneh, jare bocahe wis oleh calon ngge jodhone Mur, jare wonge sugihe ora karuwan, mau awakmu apa ora diomongi bab kuwi?".
"Nggih disanjangi, nanging kula malah dados bruwet, mengke napa njing-enjing sir kula ajeng matur ngiras nyuwun pitedah murih saene" wangsulane Mak Yem karo ngadeg, nyandhak karon arep ditapungne. Kukusane wis tumumpang ing lambe dandang wiwit mau.
ana candhake.