kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
17.
Ora mangsuli apa-apa Rangga melu ngadeg, arep ninggalne papan kono uga. Panembahan Timur lan Janggan Kumala, uga banjur ngadeg, wong loro kuwi semune rada kaget. Ora ngira yen pancingane Janggan Kumala ditampa klawan sikep sing padha dening Marga. Maune Janggan Kumala ngira sawuse ngerti yen sing diadhepi kuwi Panembahan Timur, nom-noman loro kuwi bakal manut apa sing dadi kekarepane Panembahan Timur lan Janggan Kumala tanpa ndadak nganggo takon neka-neka. Kang mangkono iku iya awit saka wis kasuwure jeneng Panembahan Timur ing laladan kono sing duwe kasekten bebasan Kadang Dewa lan Kendhitan Mimang. Nanging jebul pangirane Janggan Kumala luput, Rangga lan Marga ora wedi, malah sajak ora nggatekne karo pakone Panembahan Timur sing wis ditulis ing godhong plasa garing lan dikirimne marang nom-noman loro kuwi.
"Mengko dhisik Adhi Marga lan Adhi Rangga" Janggan Kumala nyandhet nom-noman loro sing arep lunga kuwi "ndika arep menyang ngendi?".
"Aku ora ngerti Ki Janggan" Rangga sing wangsulan "merga grenjeting atiku durung mrentahne aku kudu menyang ngendi. Bisa uga aku bali menyang Dalem Kademangan, bisa uga aku mung nglalih enggon banjur turu neng pinggir tegalan kene, utawa bisa uga aku terus mlaku-mlaku ngubengi Kademangan sing disuhi dening Ki Panjer iki".
"Dadi ndika ora migatekaken pesene Paman Panembahan Timur sing ditulis ing gadhong Plasa mau?" Janggan Kumala takon suwarane wiwit keprungu rada sereng.
"Ya gene kudu aku kudu migatekne pesen sing kanggoku ora wigati kuwi Ki Janggan?" wangsulane Rangga balik takon karo suwara keprungu rada ngece.
"Dadi kowe wis wani ngremehake dhawuhe Paman Panembahan Timur?" Janggan Kumala wiwit nesu, krungu wangsulane Rangga sing cetha nganggep pesene Panembahan Timur kuwi dudu pesen sing wigati.
"Sakarep ndika arep ngarani" wangsulane Rangga panggah karo suwara ngece "mung wae, upama aku dianggep ngremehake ya ora luput, awit sing diremehne pancen niyat njaluk diremehne. Upama ora ndadak kirim pesen klawan pamer kaluwihan kaya sing lagi wae tak tampa neng Dalem Kademangan mau, ora bakal aku ngremehne sapa-sapa".
"Yen mangkono ya gene kowe ndadak teka mrene?" Janggan Kumala sansaya muntap kanepsone.
"Lha kuwi merga aku ngajeni marang nDika lan Paman nDika sing njaluk aku teka mrene klawan suwara manuk Kedasih sing ngasih-asih. Jebul bareng aku mara, kaya sing dikandhakne adhiku mau ora ana gunane" wangsulane Rangga sajak ayem, ora kepancing karo suwarane Janggan Kumala sing wiwit nesu.
"He Rangga lan kowe Marga" Janggan Kumala wis nesu tenanan "ngertiya, aku ngongkon kowe bocah loro mrene iki mau mung supaya kowe ngerti nek sing dhawuh liwat pesen kuwi mau Paman Panembahan Timur, dudu wong sembarangan, kudune kowe matur nuwun wis digatekne dening Paman Panembahan Timur, ngelingi drajatmu mung wong lumrah sing seneng klambrangan. Bakune kowe bocah loro, Paman Panembahan ngersakne kowe enggal lunga ninggalake Kademangan Kedhungtuwung kene, awit Paman Panembahan ora kepranan ing galih yen kowe bocah loro cilike ngajeni gedhene nganti ngrewangi Demang Panjer menungsa sing mentala karo sedulure dhewe kuwi. Uwis nek arep lunga enggal lunga, aja kesuwen kowe manggon neng tlatah Kedhungtuwung kene".
"He Kumala rungokna kanthi cetha" Marga sing genti semaur "nek teka utawa lungaku neng ngendi wae, kalebu neng Kedhungtuwung kene, iku amarga aku nuruti pakoning atiku thok. Sapa wae kena ngandhani aku, nanging aja gela yen kapeksa ora tak gatekne. Selawase uripku aku wegah diprentah sapa wae, apa maneh mung diprentah dening manungsa sing mung drajate Kumala lan sing ngaku dadi Panembahan, kaya pamanmu kuwi".
Saking ora kuwat ngempet nesune, ora sranta Kumala ngobahne tangane arep nempiling sirahe Marga sing ngadeg ana ngarepe. Mesthi wae, Marga ora pasrah ngono wae arep ditempiling Kumala. Sirahe diiringne mengiwa kanggo ngendhani tempilingane Kumala, karo kepelan tangane sing tengen njotos dhadha. Janggan Kumala sing ora ngira yen Marga bisa luwih cepet ngobahne tangane, ora kober ngendhani utawa aweh panangkis, temah dhadhane kena kepelane nom-noman kuwi. Janggan kumala kesurung memburi limang jangkah, banjur mutah getih seger, tandha yen jotosane Marga ora kalah bobote karo tempilingane Kumala sing bisa diendhani Marga.
Ora mung Janggan Kumala sing kaget ndulu cukate Marga, Panembahan Timur uga ora kalah kagete lan sansaya muntab kanepsone. Ora sranta banjur ngunus keris saka wrangkane, keris pusaka sing katon mencorong pamore. Panembahan Timur nemplekne wilahing keris neng bathuk, banjur kandha marang Kumala :
"Wektune wis sansaya lingsir Kumala, becike bocah loro sing ora kena ditata iki enggal disingkirne wae, aja nganti kedhisikan karo metune srengenge".
"Sendika Paman Panembahan" Janggan Kumala wangsulan karo ndudut tumbake, tumbake Kumala uga katon sumunar, mratandhani yen tumbak sing nduweni daya linuwih.
Rangga lan Marga tanggap, yen wong loro sing diadhepi kuwi dudu wong sembarangan. Duwe kaluwihan lan uga wis nyekel pusakane dhewe-dhewe. Malah nek ndelok omongane Panembahan Timur iku mau, cetha yen wong saka Paguron Kluwihan kuwi duwe karep enggal-enggal bisa mateni dheweke wong loro. Klawan mangkono kena dipesthekne, yen Panembahan Timur karo Janggan Kumala bakal nggunakne jurus-jurus pilihane. Mula Rangga ora tanggung-tanggung, Teken Pring Kuning nuli digegem kenceng ana tangan tengene. Semono uga Marga, klawan cepet wis nglolos pecut saka bangkekane.
"Wis meh esuk Adhi" Rangga ngandhani Marga "lintang Kemukus umpetan mega, merga lintang Jakatawa ngatonke besuse".
Marga mesem krungu sasmitane Rangga ngono kuwi, sasmita yen Marga dikongkon ngetrepne ngelmu Panawa Wisa sarta Ngelmu Tameng Raga, kekarone ngelmu peparinge Ki Tanparupa marang nom-noman loro kuwi.
Ora suwe sabanjure, neng tegal bera kuwi wis dadi rame. Rangga sing ngadhepi Panembahan Timur sing kebat lan cukat tandange, prasat bisa ora ngambah lemah sikile. Isih ditambah karo keris pusaka sing ngemu perbawa gedhe. Nanging Rangga ora kalah prayitna, kaya-kaya pikirane nom-noman kuwi bisa maca kabeh sedya mobah musike mungsuhe. Nganti oleh pirang-pirang jurus, kabeh panyerange Panembahan Timur durung ana sing bisa ngenani ragane Rangga. Kosok baline, nadyan mung rupa senggolan sing ora ngemu bebaya, sikile Marga wis bola-bali nyenggol awake Panembahan saka Paguron Kluwihan kuwi. Sansaya suwe perang tandhing iki dadi sansaya rame.
Ing sisihe, Marga katon tanggon ngadhepi pangrangsange Janggan Kumala sing nyata baud nyolahne tumbak neng tangane. Tumbak sing mung siji kuwi neng tangane Kumala katon bisa malih dadi sepirang-pirang, ana sing ngrangsang Marga saka kiwa uga akeh sing nerjang saka tengen. Nadyanta mangkono, durung ana tilase tumbak sing bisa nggarit kulite Marga. Malah siji loro pucuking upat-upat pecute Marga wis kasil gawe nggaler gegere Janggan Kumala. Tatu nggaler sing adoh nyawa, rasane panas kagila-gila lan nalikane rasa panas krasa suda, rasa perih genti sing teka, jalaran tatu-tatu sing wiwit kesiram dening banyu kringet sing mbanjir saka raga. Sansaya suwe sansaya katon yen tataran ngelmune Janggan Kumala isih adoh yen ditandhing karo kabisan sing digadhuh Marga. Bola-bali Janggan kuwi tiba kajengkang kena sadhukan sikile Marga, lan pucuke upat-upat sansaya kerep mbeler geger lan sikile Kumala.
Panembahan Timur sing nadyan kethetheran ngadhepi Rangga, isih kober weruh kahanane Kumala sing sansaya kadheseg mundur. Panembahan Timur nyuwara seru, aweh sasmita marang Kumala :
"Aja kesuwen Kumala, enggal tamakna Pega Wisa ing pucuking tumbakmu!".
ana candhake.