25.
Rangga lan Marga banjur meling marang prajurit loro sing lagi nindakne wajib kuwi supaya luwih ngati-ati maneh. Bubar kuwi nom-noman loro kuwi bali menyang gandhok kulon, yaiku papan sing dicawisake dening Ki Demang kanggo palerenane Rangga lan Marga sasuwene mapan ing Kademangan Kedhungtuwung kono. Nom-noman loro kuwi satemene uga lagi seser pikire mrangguli lelakon sing dingerteni ing Kademangan kono kuwi, tanpa dinyana lan tanpa dikira, Rangga lan Marga wis oleh tambahan wong sing mapanake dheweke dadi mungsuh, kamangka tenane Rangga lan Marga uga durung cetha apa perkarane sing ndadekne Paguron ing Banjarsemanggi memungsuhan karo Paguron Kluwihan. Nanging wiwit parak esuk mau genah nek Paguron Kluwihan wis nambahake jeneng Rangga lan Marga ing urutane kulawargane Ki Demang Kedhungtuwung sing wis suwe dadi mungsuhe Paguron Kluwihan.
"Aku kok dadi kepengin ngerti ta Dhi?" kandhane Rangga sawise nom-noman loro kuwi lungguh neng gandhok kulon.
"Ngerti bab apa Kakang?" Marga takon.
"Ngerteni sing nganti saiki durung tak ngerteni, nanging wis ndadekne awake dhewe kudu melu mumet mikirake" wangsulane Rangga. Marga meneng ora semaur, Marga ngenteni tembung liyane saka Rangga.
"Nek miturut critane Ki Demang" Rangga mbacutne tembunge "Ki Jatikuning kuwi genah nek gurune Ki Demang, sesambungan antarane Padhepokan Banjarsemanggi lan Kademangan Kedhungtuwung kuwi wis cetha. Lan wektu iki aku isih duwe pangira yen Paguron Banjarsemanggi kuwi paguron sing mulangake kabecikan lan kautaman marang para cantrik-cantrike, kuwi pangiraku mbuh kanyatane. Banjur ya gene Paguron Banjarsemanggi memungsuhan karo Paguron ing Kluwihan? Awake dhewe nganti saiki durung ngerti Paguron Kluwihan kuwi Paguron sing kepriye? Apa sing wis ndadekne Paguron loro kuwi memungsuhan? Banjur ana maneh Paguron Bulak Badher sing nadyan kira-kira mung Paguron cilik, nanging pangarsane nduweni gegayuhan sing dhuwur sing kepengin ndadekne Kademangan Kedhungtuwung iki mung minangka papan kanggo ancik-ancik lan pancadan kanggo mlumpat ing papan sing luwih dhuwur maneh. Banjur apa kira-kira sing kepengin digayuh dening Kunthara lan gurune kuwi? ".
"Iya Kakang" Marga aweh wangsulan "pancen prayogane awake dhewe kudu ngerteni klawan cetha, apa lan sapa sing lagi diadhepi awake dhewe iki, kanthi mangkono awake dhewe ora gampang kleru jroning tumindak. Nanging kanggo ngawruhi apa lan sapa kuwi mau, kepriye carane? Nek mung nggugu karo critane Ki Demang apa wong-wong liyane sing ana kene, tak kira durung pas. Kabeh mesthi mung arep nuduhne becike dhewe lan nutupi apa sing dadi cacade. Apa kira-kira ora ngono Kakang?".
"Bener Dhi" Rangga tumanggap "neng ngendi wae, sing lumrah manungsa kuwi sing diweruhi ya mung apike dhewe lan cacade wong liya. Awake dhewe kudu bisa oleh kabar sing luwih adil lan sing luwih bisa dipercaya".
Marga arep wangsulan nanging ora sida, saka lawang gandhok sing ora tutupan kuwi Marga weruh ana paraga Kademangan sing mara nyedhaki papane palerenane.
"Nuwun sewu Anakmas" kandhane Paraga Kademangan kuwi saka ngarep lawang Gandhok.
"Inggih wonten kersa napa Paman?" Marga nakoni wong sing lagi teka kuwi.
"Anakmas kekalih dipun rantos Ki Demang lan para Jagabaya ing Pendhapa" wangsulane wong setengah tuwa kuwi alus lan kebak pangurmatan.
"Oh, inggih Paman, ngestokaken dhawuh" wangsulane Marga ora kalah aluse "mangga kula dherekaken dhateng Pendhapa".
Muni ngono kuwi Marga karo ngadeg, Rangga melu ngadeg, kekarone banjur metu saka Gandhok palerenane, mlaku arep menyang pendhapa Kademangan ditutne karo Paraga Kademangan sing mlaku ana mburine. Neng Pendhapa Ki Demang diapit-apit dening para Bebau lan Jagabaya lagi lungguh neng klasa sing digelar neng jogan. Neng ngarepe Ki Demang katon Gurawa lan andhahane cacah papat katon linggih kanthi sirah ndhingkluk, tumungkul neng lemah katon pasrah karo apa sing bakal ditindakne wong-wong sing jarene arep aweh pangadilan gegayutan karo sing wis ditindakne.
"Mangga Anakmas, pinarak" Ki Demang mbagekne lan ngacarani Rangga lan Marga supaya lungguh.
"Inggih Ki Demang" Rangga lan Marga wangsulan bareng, banjur mapan lungguh njejeri Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori, madhep marang Gurawa sakancane.
"Nuwun sewu Anakmas Rangga lan Anakmas Marga" Kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse Rangga lan Marga mapan lungguh "sampun saged diwiwiti inggih?"
"Mangga Ki Demang" Rangga wangsulan karo ngangkat jempol tangane neng ngarep dhadha.
"Nuwun sewu Ki Demang" dumadakan salah sijine Jagabaya nututi wangsulane Rangga marang Ki Demang.
"Iya, ana apa Ki Sumpring?" Ki Demang wangsulan karo pitakonan marang Jagabaya sing jeneng Sumpring kuwi.
"Punapa Ki Kunthara boten katimbalan lan kadhawuhan ndherek ing pirembagan punika? Padatan Ki Kunthara ingkang kagungan pamawas ingkang jembar punika, asring urun pamanggih ingkang sae lan saged dipun tampi sadhengah tiyang, menawi ing antawisipun awakipun piyambak punika manggih pamanggih ingkang benten" wangsulane Jagabaya Sumpring.
Ki Demang meneng sedhela, banjur noleh ngiwa nengen, nyawang para Bebau lan Jagabaya liyane. Sajake wong-wong kuwi ana sing mbenerne ature Jagabaya Sumpring nanging uga ana sing ora nyarujuki babar pisan.
"Ki Sumpring durung ngerti kanthi wutuh kedadeyan mau bengi ya?" dumadakan Ki Demang takon bab liya marang Jagabaya sing ngusulake supaya Kunthara uga ditekakne ing rembugan sing jare kanggo aweh pangadilan marang durjana sing wis kecekel mau bengi kuwi.
"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Ki Sumpring wangsulan "kala wingi kula sampun matur bilih kula badhe dhateng dhukuh Ngablak, awit marasepuh kula pejah lan sareng kaliyan pletheking surya kala wau kula nembe dugi griya malih, dados kula inggih dereng mangertos wonten kedadosan punapa".
"Mula saka kuwi, tak jaluk Ki Sumpring ora sah gumun yen ing parembugan iki Kunthara ora tak katutake melu rembugan. Iki ana gegayutane karo kedadeyan mau bengi" Demang Kedhungtuwung aweh wangsulan marang usule Ki Jagabaya Sumpring. Sing oleh wangsulan mangkono iku, meneng lan ora umbal rembug maneh.
"Uwis?" Demang Kedhungtuwung noleh kiwa tengen maneh, bareng wis ora ana sing udhu panemu maneh Demang Kedhungtuwung kuwi banjur mbacutake kandhane "saiki, rembugan kanggo nibakne pangadilan marang wong-wong sing digawa Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori mau bengi bakal tak wiwiti".
"Inggih" wong-wong bareng wangsulan.
"He, nDika wong lima sing tekane ndika neng papan kene mau bengi kena diarani wis rupa bandan sing dilarapake dening Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori, apa ndika wong lima wis bisa aweh wangsulan menawa ana pitakonan ing pirembugan iki?" Ki Demang wiwit nakoni Gurawa sakancane.
"Nuwun inggih Ki Demang" Gurawa makili kanca-kancane aweh wangsulan "kula sakanca nengga punapa ingkang badhe kapundhutaken pirsa dening Ki Demang dhateng kula sakanca".
"Pitakon kang kapisan" Ki Demang nerusne kandhane "ndika wong lima mesthine duwe jeneng, saiki tak jaluk padha nyebut jenenge dhewe-dhewe, gentenan saka sisih kiwa".
"Kula Gurawa" Gurawa sing wangsulan dhisik dhewe klawan nyebut jenenge, ditututi kancane papat :
"Kula Punjul"
"Kula Galah"
"Kula Gilar"
"Kula Tadhah".
Sawuse wong lima kuwi ngucapne jenenge dhewe-dhewe, Ki Demang aweh sasmita marang Ki Juru Panyarikan supaya jenenge wong-wong kuwi dicathet ing rontal kademangan. Ki Juru Panyarikan manthuk aweh sasmita lamun kabeh dhawuhe Ki Demang wis ditulis neng lembaraning rontal sing ana ngarepe.
ana candhake.