SENDHANG
MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
35.
Dening Marga wong papat sing wis anteng lungguh ora bisa obah kajaba mung plira-plirik thok kuwi banjur dijunjung ditumpangne neng watu - watu sing ana tengah kali, dijejer-jejer kaya reca. Bubar kuwi Rangga lan Marga banjur arep nerusne lakune, ya kuwi munggah satekukan maneh bakal teka papan sing mau awan ana wewayangan baya lan ana wong tuwa sing aweh pesen supaya nom-noman loro kuwi mara mrono wengi iki ing wanci sepi bocah. Sadurunge budhal ninggalne Gima sakancane, Rangga isih kober pamitan :
"Padha dikepenakne dhisik olehe padha lelungguhan ya? Aja kuwatir, neng kono kuwi ora bakal ana semut abang sing marani. Tak tinggal sedhela, mengko tak parani maneh".
Bubar muni ngono kuwi Rangga banjur aweh sasmita marang Marga nerusake olehe mlaku. Ora nganti sapanginang, nom-noman loro wis tekan panggonan sing arep dituju. Rangga lan Marga milih mlumpat lan mapan lungguh neng watu gedhe sing manggon tengah kali, ngongkang kedhung sing sajake banyune jero. Ora let suwe saka dhuwur gampeng, katon ana wewayangan sing mlaku nyedhaki papan kono. Wewayangan kuwi kaya ngleyang mencolot menyang watu sing ora adoh karo nggon sing dilungguhi Rangga lan Marga. Bareng ditamatke wewayangan kuwi jebul Kaki-kaki Tuwa awan mau.
"Ngaturaken kasugengan ing dalu punika Raden, kula pun Darim nyuwun pangapunten sampun kumawantun ngrawuhaken Raden ing papan punika" beda karo slagane dhek mau awan, wong tuwa sing nepungake awake dhewe kanthi jeneng Darim kuwi mbagekne Rangga lan Marga kanyhi tatakrama sing genep, malah uga migunakne basa krama.
"Awit pikantuk berkah saha pangestunipun Kaki Darim, lampah kula kekalih tansah manggih rahayu temah saged dumugi mriki, nuhoni dhawuhipun Ki Darim kala wau siyang" wangsulane Rangga ora kalah anggone ngajeni wong tuwa sing aneh kuwi.
"Sepisan malih kula nyuwun lumunturing sih pangaksami Raden, anggen kula sesongaran kala wingi estunipun namung awit lamuring paningal kula temah kula boten pitados bilih ingkang kula adhepi punika siswa gaib saking Korinipun Pangeran Surawiyata, inggih Raden Rangga putra Mataram ingkang tuhu luhuring budi" Ki Darim wangsulan klawan luwih alus.
"Boten dados punapa Ki Darim" wangsulane Rangga "ing mriki mila boten wonten Putranipun Panembahan Senapati ing Alaga, ingkang wonten nuwun inggih namung lare ingkang dolan klambrangan radi tebih nilaraken griya. Nuwun sewu, menawi kaparengaken mugi kaprasajakna dhumateng kula Ki Darim punika estunipun sinten? saha wonten kersa punapa sampun kepareng nimbali kula kaliyan adhi kula ing papan ingkang sepen lan wingit punika?".
"Inggih Ngger" Ki Darim wangsulan "estunipun kula punika abdinipun Ingkang Eyang Buyut, nenggih Gusti Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak, ingkang kapundhut dados siswa sinengker dening Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging".
"Oo, dados Ki Darim punika taksih siswanipun Ki Ageng Pengging dhuk ing uni?. Pangabekti kula katur Kanjeng Eyang" Rangga lan Marga bareng-bareng nangkepake tangan ditumpangne dhadhane nindakne laku sembah kalbu minangka tandha atur bekti.
"Sampun makaten Raden, pancen miturut gelar wujud, kula punika tebih langkung sepuh tinimbang Raden, nanging mugi kaemutan kula punika namung darajating abdi, sanes trahing kusuma rembesing madu kados dene Raden punika. Dados kapeksa kula boten wantun nampi paringipun pangabekti saking Raden Rangga dhateng pun Darim, malah sembah kula mugi katampia Raden" Ki Darim nagkepne epek-epeke banjur ditemplekne pernah janggute.
"Inggih, Inggih Ki dhawah sami-sami" wekasan Rangga nanggapi "estunipun, pranataning jagad punika sampun cetha, lare anem ngajenana dhateng tiyang sepuh, tiyang sepuh ngasihana dhateng ingkang langkung anem. Prakawis drajat ing kalenggahan lampahing parentah, punika boten ajeg, ing rumiyinipun ingkang linahiraken minangka sutaning Nata miwah priyagung luhur, dereng kantenan menawi langgeng nglenggahi ing kaluhuranipun ingkang rumiyin tinitah dados yoganipun sudra sempali, boten kirang ingkang ing diwasanipun dados kajen kineringan awit kasampiran panguwaos . Kados ingkang sampun lumampah ing kulawarganipun Kaki miwah ing Kulawarga kula. Ki Ageng Kebo Kenanga rumiyinipun putra Adipati, wayah dalem kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya ing Majapahit, nuntenamijilaken admaja Lare klambrangan ingkang nama Karebet ingkang sarawunganipun inggih namung kaliyan para kawula alit, nanging awit kapitados dening Gusti Ingkang Maha Kawasa, Karebet nunten kajunjung dados Sultan Gung Binathara ing Pajang. Sami kaliyan lelampahanipun mbah-mbah kula ing dhusun Sela, Tiyang dhusun ingkang namung gesang tetanen, parandene dumugi Bapak kula, samangke nembe pinitados dening Gusti sinampiran panguwaos ing Nagari Mataram. Sok makatena, kula pitados bilih ing benjangipun duka kapernah canggah duka kapernah gantungsiwuripun, tamtu wonten trahing Panembahan Senapati ingkang namung daos kawula alit ingkang boten benten kaliyan kawula sanesipun. Kalebet kula ing titi wanci punika, ingggih ingkang namung lare klambrangan kumleyang kabur kanginan, labet nuhoni dhawuhipun mBah Juru, ingkang rumiyin namung Dhukun Dhusun, nanging samangke nembe ngemban kanugrahan kanthi sebatan Kanjeng Patih Mandaraka".
Dawa banget wangsulane Rangga sing nggenahne mungguh pangkat lan drajat kuwi ora langgeng kahanane, isih langgeng garising jagad yen ngalam donya iki nisine ana sing tuwa lan ana sing enom. Sing tuwa ora kena ngendelake dumeh tuwane, nanging wajib suka sih marang wong nom. Lan sing isih nom kudu eling marang kuwajibane kudu ngajeni marang sing tuwa, amarga ora suwe maneh si nom uga bakal dadi tuwa, lan mesthi lara atine yen disiya-siya lan disepelekne dening sing isih rosa.
"Inggih Ngger" Ki Darim wangsulan "sedaya dhawuhipun Raden Rangga punika estu nedahaken bilih Raden punika tuhu mustikaning para titah, ingkang sampun saged nglenggahaken samudayanipun jumbuh ing papan ingkang saktrepipun. Badhea kados punapa boten saged dipun selaki lan boten saged dipun singidaken, bilih Raden Rangga miwah Angger Marga punika tuhu satriya sejati lan sejatining satriya, ingkang kasatriyanipun mijil saking lelabetan memayu hayuning bawana murih rahayuning sanggya titah, boten mbenten-mbentenaken asal-usul, drajat-pangkat, kapitayan lan sanes-sanesipun".
"Sampun, kacekapana dumugi samanten rumiyin Ki" Rangga nigas tembunge Ki Darim "Inggih labet saking taksih kathahing prakawis ingkang kedah kula ayahi sarta kula rampungaken, boten kirang prayogi menawi ing wekdal kados punika memanjang rembagt ingkang makaten punika, benjang - benjang kemawon menawi wonten wekdal ingkang mirunggan saged dipun lajengaken. Samangke mugi kajarwanana punapa wigatosipun Ki Darim ngersakaken kula kaliyan sedherek kula punika dumugi ing papan mriki punika?".
Wong tuwa sing rambute ora ana irenge kuwi manthuk-manthuk, mbenerake apa sing dadi kandhane Rangga. Mula banjur kandha klawan suwara sing ora pati banhter nanging cetha :
"Inggih Ngger, sadaya dhawuhipun angger mila leres. Nanging gandheng kaliyan kawontenan kula ingkang sampun sepuh kados makaten, mugi Angger kekalih kersa paring kalonggaran dhumateng kula, kaparengna kula kendel sakedhap saperlu ngemut-emut lan nglempakaken prakawis-prakawis ing angen-angen kula dhumateng Angger Rangga miwah Angger Marga, ingkang estunipun sampun radi dangu kula tengga ing Lepen Tuwung mriki awit saking pitedah ingkang kula tampi lumantar Ki Tanparupa".
"Inggih Ki sumangga" wangsulane Rangga karo nata lungguhe samekta ngrungokne apa sing arep dikandhakne dening wong tuwa sing umure wis atusan tahun akehe kuwi.
ana candhake.