Total Tayangan Halaman

Minggu, 26 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 45

 


 

45.

Sasampunipun nampi serat kekancingan ingkang dipun tapak astani dening Sultan Trenggana, Darim lajeng pamitan wangsul. Nanging anggenipun wangsul boten laju dhateng Kedhungtuwung, Darim langkung rumiyin mampir sowan Kanjeng Sunan Kudus langkung rumiyin. Darim ngrumaosi bilih anggenipun saged nyumerepi sinten sejatosipun tiyang sepuhipun, inggih awit saking pitedahipun Sunan Kudus. Sunan Kudus sakalangkung rena penggalihipun nampi sowanipun Darim ingkang ngaturaken lelampahan ingkang dipun panggihi wiwit bidhal saking Demak dumugi ing papan ingkang samangke nami Kademangan Kedhungtuwung punika. Lelampahan lan sedaya kedadosan ingkang dipun panggihi salebetipun mbabad wana awit nindakaken dhawuhipun Kanjeng Sultan Trenggana ugi dipun cariyosaken sadaya.

"Aku melu bungah dene keng slira bisa lebda ing karya Darim" dhawuh pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus "mung welingku, keng slira kudu tansah eling yen satemene kabeh kang sinandhang dening titah ing ngalam donya iki tuhune amung pacoban sarta ujian saka ngarsaNe Kang Maha Adil lan Maha Asih. Iya sandhangan kang awujud papa cintraka apa dene kang arupa kamulyan lan kaluhuran. Rikalane titah sinandhangan ing papa ing kono Gusti anyoba sepira gedhene kasabarane titah lan nalika Gusti anyandhangi kamulyan tuhune Gusti anyoba sepira gedhene rasa panarimanira. Mula poma poma dipoma, sabegja-begjaning titah ing jagad padhang iki ora ana kajaba titah kang tansah eling marang Gusti, temah bisa tansah manunggal klawan karsaNe, ya ing kono iku dununge manunggaling Gusti lan Kawula, kawula lawan Gustine. Mung manungsa kang tan kendhat nggone eling marang Gusti, kang sinebut Wali, yaiku kerataning basa saka tembung uwal saka ing lali, yaiku lali ora bakal cumondhok ing atine manungsa, awit tansah eling marang Gustine, lire eling marang kabeh dhawuhe, eling marang apa kang dadi pepacuhe".

"Kawula nuwun" Darim atur wangsulan dhateng Sunan ing Kudus "pangestunipun Kanjeng Sunan ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged dados tiyang ingkang kalebet tiyang beja, kados ingkang dipun dhawuhaken Kanjeng Sunan punika".

"Iya Darim" dhawuh pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus "ora liwat ayo padha donga-dinonga, padha nyenyuwun lan nyuwunake sedulure marang Gusti, murih bisa bareng-bareng kuwawa nindkane kuwajibane klawan becik. Gandheng ing Kedhungtuwung, keng slira wis diantu-antu dening kuwajiban kang ana kana, mula Aku ora wani nyandhet lakumu supaya leren dhisik kangen-kangenan ing panti Kudus kene. Nanging, sadurunge keng slira bali menyang Kedhungtuwung mampira luwih dhisik menyang Pengging, dadi manungsa poma aja dhemen lali lelabuhaning Kang wus aweh lelabuhan marang awake dhewe. Lan aku uga percaya, lamun dongane Ki Ageng ing Pengging tumrap kamulyanira bakal luwih gampang kinabulake dening Dzat Kang Maha Nasa".

Kairing donga tuwin puja pangestu saking Kanjeng Sunan Kudus, Darim nglajengaken lampahipun badhe dhateng Pengging langkung rumiyin. Dumugi ing Pengging, Darim katampi dening Ki Ageng Kebo Kenanga kanthi suka gambira. Langkung-langkung sareng Darim ngaturaken sedaya lelampahanipun, kawewahan kaliyan pitutur saking Kanjeng Sultan Trenggana miwah Kanjeng Sunan Kudus dhateng piyambakipun.

"Pancen bener apa sing dingendikane Sunan ing Kudus marang awakmu Darim" ngendikanipun Ki Kebo Kenanga dhateng Darim "ing alam kang gumelar iki pancen papane pacoban, lire pacoban saka Gusti marang kawulaNe. Yen ta kawula bisa lulus saka pacoban mangka bakal kabukak lawanging dalan kang bakal anjog ing papan baline mbesuk, yaiku bali marang mula mulane. Kosok baline yen manungsa ora lulus nggone nampa pacoban, ing kono lakune manungsa bakal ngambah dalan sasar, kesasar nggone lumaku temah ora bisa bali marang asal mulane, klambrangan sing ora cetha parane bebasan kaya uwuh kang montang-manting katempuh dening ombak ing satengahing samodra laya. Lan adhakane wong sing lali iku ora gampang bisane bali eling, jalaran ora rumangsa lali. Nalika lakune ngambah dalan kang sasar, ora gampang dienggaki, jalaran rumangsane dalan sing diambah kuwi wis bener. Kang mangkono iku awit saka ora bisane ngrumangsani lamun si titah wis ora mangeran marang Gusti kang nitahake, nanging mangeran marang hawa nafsu, nalar lan karsa priyanggane. temah asamNe Gusti kang den ucapake muhung mandheg tumeka gorokan walaka, ora bisa rumesep sajroning sanubarine".

"Kawula nuwun  nuwun inggih Ki Ageng" wangsulanipun Darim sarwi ngrumesepaken pituturipun Ki Kebo Kenanga dhateng manahipun "mugi Gusti tansah paring kekiyatan dhumateng pun Darim temah boten ngantos supe dhateng pitedah punika".

"Kang luwih baku sira ngerteni Darim" Ki Ageng nglajengaken pangandikanipun "miturut warta lelakoning manungsa wiwit jaman kuna makuna, akeh manungsa kang lulus nalikane tampa pacoban rupa kasangsayan jroning uripe, nanging banjur lali marang Gustine bareng kasangsayaning urip disalini dening Gusti klawan rupane Kamulyan lan Kaluhuran. Mangkono uga suwalike, akeh manungsa kang wasis anyukuri kanikmatan nalika kaparingan nugrahaning Gusti, nanging ora pinter malah kepara bodho, ora bisa nglakoni sabar nalikane kakemulan klawan kasangsayaning urip. Mula Darim, pawelingku marang awakmu, sepisan maneh dadiya kaya kang wus didhawuhake dening Sunan ing Kudus, yaiku dadiya WALI , yaiku awakmu kudu bisa uwal saka lali temah tan ana wektu ing sajroning uripmu kajaba tansah manunggal klawan Gusti".

Sasampunipun pitutur saha wejangan ingkang kathah saking Ki Ageng ing Pengging, Darim lajeng katundhung wangsul dhateng ing Kedhungtuwung. Jalaran Ki Ageng Kebo Kenanga ugi uninga bilih estunipun ing Kedhungtuwung taksih kathah prakawis ingkang kedah dipun ayahi dening Darim. Sami nalika liraken Kudus, Ki Kebo Kenanga ugi nguntabaken bidhalipun Darim saking Pengging inggih kasurung dening puja pangestu miwah pandonga dhumateng Gusti Allah, murih Darim tansah kinayoman dening Dzat Ingkang Maha Nasa.

Ing salebeting lumampah wangsul dhateng Kedhungtuwung, Darim boten mandheg-mandheg kajawi namung menawi badhe nglerenaken kapal ingkang dipun tunggangi murih nyenggut rumput lan ngombe sacekapipun. Lan punika ajeg kalampahan anyarengi menawi wekdal kangge manembah dhumateng Gusti sampun dumugi. Dados nalikanipun kapal nedha lan leren, Darim nindakaken panembah.  Anuju ngajengaken wancinipun serap surya, lampahipun Darim sampun dumugi sacaketipun benawi ageng ingkang toyanipun nedheng bena. Darim ngendhegaken lampahing kuda, nunten mandhap, kudanipun dipun tuntun sinambi  ngulat-ulati mbok bilih wonten toya ingkang bening ingkang sae menawi kangge sesuci. Boten dangu Darim mkireng wonten suwanten kumricik, suwantenipun toya pancuran ingkang dhumawah ngengingi sela-sela padhas ing ngandhapipun. Darim nunten nyancang kapalipun ing wit alit lan ingkang ing mriku kathah suket ingkang ijem seger ledhung-ledhung, lajeng Darim mlampah nyaketi toya pancuran ingkang medal saking sela ingkang mangku witing waringin. Sasampunipun nindakaken sesuci Darim wangsul dhateng papanipun nancang kapalipun, lajeng anggelar sorban peparing saking Sunan Kudus kangge lemek anggenipun nindakaken lampah panembah.

Salebeting manembah dhateng Gusti Allah, Darim boten nyipta punapa-punapa kajawi muhung nynyuwun dhumateng Allah nut lan jumbuh kaliyan pocapan-pocapan ingkang dados wajibing pocapan salebeting manembah dhumateng Allah. Temah Darim ugi boten maelu sakanan keringipun ingkang pranyata wonten pinten-pinten pasang netra ingkang anguwasi anggenipun nglampahi wajib sembahyang ing wanci maghrib.  Nembe sasampunipun Darim rampung anggenipun sembahyang kanthi noleh manengen miwah mangering, Darim sumerep saking waliking gegrumbulan sami medal tiyang-tiyang ingkang ngliga gegamanipun lan anyaketi papanipun linggih.

 

ana candhake.


Sabtu, 25 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 44

 

 

44.

Sumerep tingkahipun tiyang-tiyang ingkang ngaken saking Paguron Gunung Bancak makaten punika, Darim kaget. Salebeting manah boten nginten manawi badhe kedadosan ingkang kados makaten kala wau. Satunggal-satunggal tiyang gangsal punika dipun tamataken kanthi setiti, katingal ing praupanipun tiyang gangsal wau bilih punapa ingkang dipun ucapaken tulus dumugining manah. Sok makatena Darim boten suda ing kaprayitnan, dumadakan sukunipun ingkang tengen dipun gedrugaken dhateng siti temah nuwuhaken horeg ing sakanan keringipun. Tiyang gangsal ingkang nembe linggih amarikelu punika, ngraosaken geter ing manahipun awit saking horegipun siti ingkang dipun linggihi.

"Kisanak kabeh, tak jaluk ndika kabeh padha ngadeg!" Darim wicanten kanthi suwanten ingkang sora, nedhi supados tiyang gangsal wau ngadeg . Nanging tiyang gangsal wau boten wonten ingkang ebah, malah anggenipun linggih sansaya amarikelu nedahaken raos ajrihipun.

"nDika wong lima kuwi, nek arep rembugan karo aku ora ngono kuwi carane" sareng pangatagipun boten dipun lampahi, Darim lajeng wicanten malih "saiki padha nyedhaka mrene, ayo rembuan sing kepenak".

"inggih Guru" tiyang gangsal wangsulan sesarengan, lajeng sami ngadeg nyaketi papanipun Darim ngadeg.

Sareng titiyang sami nyaket, Darim lajeng mapan linggih, tiyang gangsal niku ugi lajeng sami linggih ing ngajengipun Darim, linggihipun jejer sedaya sami ndhingkluk kanthi sikep kurmat dhateng ingkang wonten ngajengipun.

"Karep ndika padha ndadekne aku guru ndika kuwi kepriye? nDika kabeh mesthine ngerti, umur-umuranku luwih nom yen ditandhing karo ndika kabeh? Lan nDika uga wis padha duwe Guru ing Paguron ndika kana,  kok dumadakan ndika banjur arep maguru marang aku tanpa palilah saka guru nDika, apa lekas ndika iku ora jeneng degsura marang Guru sing wis akeh paring tuntunan lan kabecikan marang ndika kabeh?" Darim wicanten, ngemutaken dhateng tiyang gangsal kala wau, bilih lekasipun nyuwita dhateng piyambakipun makaten kala wau boten leres, malah sampun kalebet tumindak ingkang degsura dhateng gurunipun.

"Nyuwun pangapunten Guru" Sambada tiyang ingkang sepuh piyambak lajeng wangsulan "estunipun nalika kula sakdang badhe mandhap saking Gunung Bancak rumiyin dening Guru kula inggih Ki Bancaksaidi kadhawuhan makaten : Heh murid-muridku kabeh, ngelmu sing tak duweni wis tak turunake marang sira kabeh. Nanging sira kabeh kudu sumurup, ngibarate gegaman ngelmu kuwi bakal dadi kethul lamun ora saben dina diasah, kamangka ngelmu sing padha sira duweni kuwi isih anyar kaya dene gegaman ingkang lagi metu saka pandhen, mula dimen luwih bisa digunakne kudu diasah ing watu ungkal sing becik. Aku minangka Pandhene gegaman, ora kabotan kepara malah seneng yen gegaman sing tak pandhe iki padha diasah dening sing tak titipi, lan aku bakal rumangsa eman yen sing tak titipi gegaman iki mung digunakne ngono wae tanpa diasah kanthi becik. Dene ing ngendi olehmu padha arep ngasah gegaman, aku ora ngerti dununge mung wae aku meling yen bisa goleka papan pangasahan ingkang becik, murih gegamanmu ora gampang rusak. Lan sira kabeh kudu weruh, murih luwih ana ngunane gegaman sing lagi metu saka pepandhen iku, luwih becik yen sira padha njangkepi wujuding gegaman klawan gagang utawa danganan, warangka lan sapiturute.

Makaten menggah dhawuhipun Guru kula Ki Bancaksaidi dhumateng kula sakadang, samangke sareng kula sakadang kepanggih kaliyan Guru, kula sakadang nyuwun wontena rilaning panggalih,  Guru kepareng nampi pasuwitan kula sakdang murih kula sakadang saged nindakaken pawelingipun Guru kula ingkang rumiyin nenggih Ki Bancaksaidi, ingkang makaten kala wau".

Cekaking cariyos, wiwit dinten punika tiyang gangsal babaran Paguron Gunung Bancak punika nunten dados siswa-siswanipun Darim. Ingkang lajeng sami yasa papan kangge palereman piyambak-piyambak sarta lajeng sami ngrencangi Darim nindakaken kuwajiban nglajengaken anggenipun badhe mbabad wana lan yasa padhusunan. Sareng anggenipun sami babad sampun radi wiyar, papan punika nunten kadenangan tiyang-tiyang ingkang kaleresan ngliwati papan mriku. Lan warta bilih ing papan mriku kabikak padhusunan enggal nunten sumebar dhateng pundi-pundi lan kathah ingkang sami ndugeni papan mriku nembung badhe ndherek mbabad lan mangayom dhateng Darim. Darim piyambak ugi boten kawratan awit wontenipun tiyang-tiyang ingkang sami nembung badhe ndherek babad wana punika. Mesthi kemawon mawi prajanjen bilih sadaya kedah tundhuk dhateng punapa ingkang dipun kejengaken dening Darim ingkang nggadhahi kawenangan murba misesa papan mriku cundhuk kaliyan ungelipun Layang Kakancingan saking Kasultanan Demak Bintara.

Boten dangu namung antawis Setunggal tahun langkung sakedhik ing papan mriku sampun wonten padhusunan alit ingkang warginipun antawis seketan somah. Pategilan ugi sampun dados lan sampun kenging kawastanan wiyar . Tiyang-tiyang enggal ingkang ndugeni papan punika lan nembung badhe mangayom dhateng Darim, kados toya ingkang mili inggih taksih wonten kemawon. Sareng sampun jangkep kalih tahun, Darim lajeng sowan dhateng Demak, marak ing ngarsa dalem Kanjeng Sultan Trenggana saperlu ngaturaken kawontenan ing papan babadanipun.  Kajawi punika Darim inggig ngaturaken wiwit piyambakipun dumugi ing papan mriku, bab anggenipun nyupena kepanggih lan kaparingan gegaman kampak dening Bagindha Kilir. Sadaya cariyos saking Bagindha Kilir ingkang dipun tampi salebeting pasupenan boten wonten ingkang kacicir sadaya kaaturaken dhateng Kanjeng Sultan Trenggana.

"Dadi saiki wis ana kira-kira satus somah sing ana ing tilas alas sing kok babad kuwi Darim?" Kanjeng Sultan ndangu dhateng Darim.

"Kasinggihan Sinuhun" atur wangsulanipun Darim.

"Banjur papan kono kuwi wis kok tengeri nganggo sebutan apa? minangka araning padesan?" Kanjeng Sultan paring pandangu malih.

"Cadhong duka Gusti" Darim matur "ngaturi uninga bilih papan punika dereng wonten sebatanipun, ambok bilih kaparengaken abdi paduka pun Darim nyuwun berkah dalem, mugi Gusti kula kepareng paring nami dhateng papan babadanipun abdi dalem pun Darim".

Kanjeng Sultan sakalangkung rena penggalihipun, ketitik lajeng paring dhawuh :

"Darim Ingsun kagungan pangira Lemah babadanira iku ing tembene bakal dadi papan sing subur lan reja. Kanggo pepeling labuh labetira marang wong akeh sing bakale padha manggon lan mangayom ing papan kono, sarta minangka pakurmatanira marang wong tuwanira sing sira ngerteni mung kari wujud crita sing didhawuake Kanjeng Nabi Khidir ing impenira, papan kono jenengna Tuwung. Iki dijupuk saka arane wong tuwanira wadon sing aran Kitu, dijupuk wanda sing keri yaiku Tu, lan arane wong tuwanira lanang sing jeneng Sawung, uga dijupuk wanda sing keri yaiku Wung. Dadi jangkepe papan kono kena diarani Tuwung utawa Kedhungtuwung, awit nggonmu mbabad sira wiwiti saka cedhaking Kedhung".

"Ngunjukaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan Sinuhun" Darim atur sembah kanthi gambiranipun manah "dhawuh saha berkah dalem estu badhe kula pundhi ing salami-laminipun".

"Sabanjure" Kanjeng Sultan paring dhawuh maneh "sira Ingsun keparengake njembarake padhukuhan ing kono nganti seket pambalang mubeng ambane, lan sira Ingsun parentahake supaya nata papan kono kadidene nagara sing wis ana, gandheng sira suwe mapan ing Pengging entranen tataning parentah ing Tuwung memper tataning parentah ing Pengging. Mung sebutane sing nyekel punjering parentah ora Ki Ageng, nanging Ingsun lilani nganggo sebutan Demang lan papan kono dadiya Kademangan Tuwung lan Kademangan iki kebawah Kasultanan Demak. Sira uga Ingsun paringi purba wasesa, milih sapa sing kudu didegake dadi Demang lan para praboting Kademangan Bisa sira dhewe uga bisa sapa wae sing sira piji".

"Sendika Gusti" Darim atur sembah.

"Entenana sedhela, bakal Ingsun yasakaken Layang Kekancingan minangka paugeranira nindakne dhawuh Ingsun iki, dimen ditulis dhisik dening abdi kapanyarikan".

 

ana candhake.


Jumat, 24 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 43

 


 

43.

Tiyang gangsal ingkang sumerep kekiyatan ajinipun Darim sami cingak lan ngungun,  sami mengkeret manahipun, kajawi Anggara. Anggara namung sakedhap ngraosaken kaget, salajengipun malah gumujeng ngece. Anggara pancen nate mireng bilih wonten ngelmu ingkang namung dhapur wewayangan semu, inggih punika ngelmi ingkang namung apus-apus, ngapusi panyawanging tiyang sanes murih miris lan ajrih, nanging salugunipun namung semu kemawon. Makaten ugi ngelmi ingkang nembe kemawon dipun tingali, Anggara boten pitados menawi Darim gadhah kekiyatan ingkang ngedab-edabi kados makaten kala wau, nanging Anggara pitados bilih Darim nggadhahi ngelmi wewayangan semu, dados ingkang katingal sela item ajur katamplek epek-epekipun Darim punika kaanggep dening Anggara namung ngelmu apus-apus kemawon.

"Ha...ha...ha....." Anggara gumujeng kenceng lajeng kasambet kaliyan wicanten ingkang kapireng ngece "mung bocah cilik sing gumun weruh wewayangan sing nggegirisi sing nyatane mung ngapusi mripate wong akeh".

Darim ingkang dipun guyu dening Anggara radi panas manahipun, mila lajeng wangsulan :

"Sakarepmu anggon ndika arep ngarani, aku mung ngelingake  wae lan ora niyat pamer mung aku duwe pangeman marang tanganku aja nganti gawe cilik lara gedhene tatune wong sing ketibanan".

"Aja kakehan wuwus Darim, ayo kene dicoba dhisik" wangsulanipun Anggara kalih siyaga "tak wenehi wektu sepuluh jurus, nek kowe isih bisa ngadeg tak guroni kuwandhamu".

"Iya ta yen ngono, sepuluh jurus ta? limang jurus sing ngarep nek ndika bisa nyenggol kulitku, aku ngaku kalah. Limang jurus sing mburi nek ndika kuwat nangkis utawa ngendhani seranganku, ndika tak anggep wis menang. Piye yen ngono?" Darim wangsulan ugi kaliyan nata kuda-kudanipun.

Anggara sansaya kemropok manahipun, tanpa taha-taha tumunten ngrangsang Darim mawi sikil kananipun ngarah dhateng padharan. Kados ingkang dipun sumbaraken, Darim boten niyat nangkis, malah namung ngendhani mawi ebahing raga ingkang boten ngawistarani, inggih punika namung mawi miring sakedhik, panyerangipun Anggara sampoun saged dipun endhani. Ngertos menawi panyadhukipun namung ngengingi angin, Anggara sansaya muntab, lajeng mangsuli anggenipun ngrangsang. Tangan lan sikilipun ebah sareng, cepet kados ebahing kitiran ingkang katempuh angin . Ing wiwitan taksih ketingal limrah, nanging sansaya dangu sansaya cepet, temah ingkang katingal ing mriku namung wewayangan ingkang ngemu perbawa, kados lesus ingkang dados gambul muser boten wonten pedhotipun. Ewa samanten panggah kemawon, seranganipun Anggara ingkang kados lesus makaten kala wau boten wonten ingkang saged ngengingi raganipun Darim, labet saking pas anggenipun Darim ngecakaken ngelmi ingkang dipun angsu saking Kebo Kenanga ing Pengging. Sareng pangrangsangipun Anggara ingkang tansah lepat, langkung saking sedasa jurus. Darim mletik manginggil lajeng kaliyan njungkir walik radi nebih saking papanipun Anggara. Sasampunipun ngadeg jejeg ing siti, Darim nunten wicanten :

"Kisanak Anggara, tak anggep wis cukup nggonku tansah ngendhani pangrangsangmu. Saiki genti aku sing miwiti, seksenana nek nganti limang jurus ndika bisa ngendhani utawa kuwawa nangkis seranganku, ndika tak anggep menangake tetandhingan iki".

"Ora ah kakehan gunem Darim, ayo kene tibakna seranganmu, ora-ora nek aku bakal mundur nadyan mung sajangkah" wangsulanipun Anggara sarwi siyaga.

Darim lajeng maju, tanganipun kumlawe boten katingal cukat, ngarah sirahipun Anggara, boten banter namung alon kemawon. Anggara ingkang rumaos dipun remehaken , nedya nangkis seranganipun Darim. Nanging jebul ebahing tanganipun Darim benten kaliyan ingkang dipun nyana dening Anggara, panangkisipun Anggara boten ndadosaken tanganipun Darim kandheg, nanging bablas, driji temunggulipun Darim, kabantu driji jempolan, ebah nylenthik godhoh kupingipun Anggara. Sanaosa namung sak slenthikan, suprandene ndadosaken Anggara kados kapupuh mawi gada ing talinganipun, Anggara mencolot mundur sarwi nekem kupingipun mawi tangan.

"Siji" Darim wicanten banter. Anggara rumaos sansaya dipun remehaken, lajeng tata-tata malih, boten namung badhe nangkis utawi ngendhani panyerangipun Darim, nanging malah badhe mangsuli anggenipun badhe nyerang, nyadhuk mawi sikil utawi mupuh mawi tangan.

Nalika Darim badhe ngecakaken serangan dumadakan Anggara mencolot mengajeng sarwi ngirimaken sadhukan ngarah padharan, Darim kaget nanging inggih namkung sagebyaran, saderengipun sukunipun Anggara dumugi padharanipun, sikut kananipunpun Darim langkung rumiyin  ebah ngadhang lampahing sukunipun Anggara, saantawis lengenipun Darim ingkang kering kadamel nyangga mikuwati sikut kanan. Tumapaking suku ingkang nempuh sikut linambaran lengen, ndadosaken Anggara mencelat mundur ngantos tigang jangkah langkung, balung garesipun kraos sakit ingkang boten kanten-kantenan. Temah adegipun Anggara dados sempoyongan.

Darim mencolot maju mburu mangajeng, lajeng sukunipun ngirim sadhukan dhateng lambungipun Anggara. Sukunipun Darim nanggor balung iga, Anggara njerit banter awit boten kober endha, temah rebah ing siti, gulungt-gulung ing pangangkah badhe radi nebih saking pun Darim. Nanging Darim boten nyukani kalodhangan babar pisan dhateng Anggara. Nalika rampung anggenipun Anggara gulung-gulung lan nedya tangi, jebul ing ngajengipun Darim sampun siaga badhe mupuhaken tanganipun utawi badhe nyadhukaken sukunipun. Anggara wurung anggenipun badhe tangi, namung jaga-jaga badhe nangkis sawanci-wanci seranganipun Darim dumugi.

Darim ngepelaken tanganipun kanan, Anggara ngtinten manawi badhe kapupuh praupanipun, lajeng tata-tata badhe nangkis. Darim lajeng ngebahaken tanganipun ingkang sampun ngepel kenceng, nanging boten siyos kapupuhaken dhateng Anggara. Ing sacaketing Anggara wonten tunggak kajeng ingkang ageng , inggih tunggak sisaning babadanipun Darim. Kepelanipun Darim kadhawahaken dhateng tunggaki kala wau, wonten suwanten jumlegur, tunggak kobong mulat-mulat kados dipun besmi, oyotipun rungkat, tunggak ngalih papanipun.

"Yen iki kabeh isih ndika anggep wewayangan semu, aja ngluputake aku yen tunggak sing kobong kuwi genine nylomot lan ngobong kulit ndika" sarwi wicanten makaten Darim lajeng ngungkuraken Anggara ingkang taksih ngglethak kamitenggengen, Darim mlampah badhe dhateng papanipun nyambut damel malih.

Dumadakan Anggara wicanten seru nanging boten kepireng kados suwantenipun tiyang ingkang nembe nesu.

"Aja ngalih dhisik Kisanak, aku tulungana........!".

Darim lajeng mandheg, noleh dhateng wingking lajeng semaur :

"Aja ngalem kaya bocah cilik, ndika ora tatu lan ora apa-apa, mosok ora bisa tangi dhewe?".

Anggara kalih krengkangan nunten tangi, sasampunipun ngadeg lajeng maju nyaketi Darim, lajeng wicanten malih :

"Kisanak Darim, kaya sing wis tak ucapne ing ngarep mau. Yen sajroning sepuluh jurus, isih bisa ngadeg, aku bakal meguru marang ndika. Samengko wis kebukten, kliwat saka selawe jurus ndika panggah isih ora kurang sawiji apa, malah aku sing upama ana tegane ndika mesthi wis dadi bathang. Mula jagad saisine mugi neksenana........."

Anggara ndhawahaken awakipun ing siti, nunten dheprok ngapurancang sarwi wicanten :

"Guru mugi wonten sarjuning panggalih kaparenga nampi pasuwitan kula, prasetya kula pun Anggara, nadyan lebur kinarya sesawur, nadyan putung kinarya bebalang, Anggara boten badhe kawratan sauger Guru kepareng nampi pasuwitan kula".

"Mengko dhisik" Darim rumaos kaget kaliyan tingkah tuwin pangucapipun Anggara ingkang makaten kala wau . Nanging saderengipun Darim nglajengaken wicantenipun, Anggara sampun langkung rumiyin wicanten sora dhateng kanca-kancanipun :

"Kakang-kakangku lan adhi-adhiku saka Gunung Bancak, sing gedhe pangapuramu yen ndika arep nerusne laku aku mung bisa ngaturaken sugeng tindak, aku ora bisa melu maneh. Aku arep nyuwita marang Guruku Ki Darim neng papan kene".

Kanca-kancanipun Anggara ingkang cacah sekawan kala wau, dupi mireng wicantenipun Anggara lajeng sami mlampah nyaket, sasampunipun dumugi sacaketipun Anggara nunten sami ndheprok ing siti lan nindakaken kados lekasipun Anggara :

"Guru, kula Lampit"

"Kula Sambada"

"Kula Guritna"

"Kula Kartika"

"Nyuwun rumentahing sih kawlasan mugi Guru Kersa nampi pasuwitan kula. Mugi Bumi lan Langit anekseni, kula badhe nuhoni sadaya dhawuhipun Ki Darim inggih Guru kula".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 42

 


42.

Darim lajeng linggih malih ing ngandhap wit punika kalian ngumbar gagasan, miturut cariyos ingkang dipun tampi saking Bagindha Kilir kala wau cetha sanget bilih Budheng Cemeng punika ingkang mitulungi piyambakipun nalika nandhang kasatan saha keluwen, dhuk rikala piyambakipun taksih wujud bayi abrit, inggih ing papan mriki . Ingkang kinarya ndulang piyambakipun rikala samanten uwohipun wit ing papan mriku ugi. Lajeng kala wau enjing, Darim ugi ngraosaken lemes dhempes tanpa daya, awit padharanipun ngraosaken kothong tanpa isi, lajeng sarana nedha wohing uwit punika piyambakipun saged waras pulih tenaganipun, malah lajeng kraos ngantuk temah tilem lan kapanggih kaliyan Bagindha Kilir. Inggih awit wontenipun lelampahan punika, Darim lajeng gadhah dudutan bilih piyambakipun sampun kaping kalih saged slamet awit wontenipun uwoh ingkang kulitipun abrit saha witipun cemeng punika. Pramila Darim lajeng nggadhahi janji ing salebeting manahipun bilih boten badhe ngethok utawi negor jinising wit punika kajawi manawi sanget kapeksa. Kaping kalih, piyambakipunj ugi janji salebeting manah bilih boten badhe ganggu damel dhateng Budheng Cemeng kados ingkang dipun tingali niku ing salami-laminipun.

Dinten punika ugi Darim lajeng amiwiti padamelan ingkang dinawuhaken dening Kanjeng Sultan Trenggana, inggih punika babat wana kinarya padhusunan, pategilan lan pasabinan. Prasasat boten tepang kaliyan sayah, Darim boten leren anggenipun nebangi Kajeng-kajeng ing wana mriku niku. Lan nyata estu bilih Kampak peparingipun Bagindha Kilir punika, dede kampak ingkang limrah nanging kampak ingkang sakalangkung nggadhahi daya kekiyatan ingkang linangkung. Namung ing salebeting sapeken, babadanipun Darim sampun ketingal wiyar. Darim nunten yasa gubug kangge palereman ing wanci dalu, yasa langgar kinarya manembah dhumateng Gusti, langgar punika dipun papanaken pas ing sangandhaping wit ingkang uwohipun kaanggep sampun dados sarana milujengaken gesangipun.Damel kandhang kangge lerem kapal ingkang dipun tunggangi wiwit saking Kudus ngantos dumugi papan mriku niku.  Darim ugi miwiti nanem uwi gembili lan sapiturutipun ing siti tilas babadanipun, lan saged gesang kanthi subur, winihing wi gembili kapendhet saking wana sacaketipun, ing batos Darim ugi nggagas menawi sampun wiyar saestu, anggenipun ndamel pategilan, badhe  pados wiji lan winih ing padhusunan, inggih wiji lan winih ingkang limrah dipun tanem dening para among tani, kados bangsanipun gaga,kacang, kedhele, jagung lan sapiturutipun.

Anuju satunggaling dinten, nalika Darim nembe ketungkul babad wana lan nyithak pategilan dumadakan wonten tiyang gangsal ingkang dugi mriku sarta nyaketi anggenipun merdamel.Tiyang Gangsal kala wau umur-umuranipun racak, langkung sepuh sakedhik menawi katandhing kaliyan Darim. Sedaya sami nggadhai bebau ingkang pengkuh lan katingal santosa. Darim lajeng kendel anggenipun makarya, saperlu badhe manggihi ingkang ndugeni.

"Nuwun sewu Kisanak, ndika wong lima nyedhaki aku sing lagi nyambut gawe iki sajake ana wigatine ya?"  Darim nakeni tiyang gangsal kala wau kanthi tembung ingkang limrah, liripun boten kasar lan boten alus sanget.

"Aja dadi atimu Ki Sanak" wangsulanipun salah satunggal saking tiyang gangsal kala wau "ndika neng kene lagi ngapa? kanca ndika sapa? lan omah ndika kuwi ngendi?".

"Kaya sing ndika sawang" Darim lajeng wangsulan "neng kene aku mbabad alas, arep tak cithak dadi pategalan lan sokur yen mbesuke bisa dadi padesan barang, neng kene aku ijen tanpa rowang kajaba karo jaranku sing ana kandhang kae, lha nek omahku saiki ya gubug sing ana sisih kulon kae".

"Aneh" dumadakan tiyang wau wicanten alon, kados wicanten kaliyan badanipun piyambak.

"Aneh kepiye Kisanak? nDika kabeh kuwi sapa saka ngendi lan arep menyang ngendi?" Darim gantos nakeni tiyang gangsal kala wau.

"Iya aneh, ingatase mbabad alas kok ora duwe kanca, malah jare arep yasa pategalan lan padhukuhan barang, kamangka wis pirang sasi wae anggonmu miwiti gaweyan iki? Kajaba saka iku tak arani aneh awit babad alas kok milih sing adoh lor adoh kidul kaya ngene? Iki karep ndika dhewe apa ana sing ngongkon? teka tega temen sing ngongkon ndika mbabad alas kok ijen lan papane adoh karo padhukuhan liyane kaya ngene?". wangsulanipun tiyang wau kalih semu gumujeng, sajakipun tiyang punika nggadhahi panganggep menawi Darim punika tiyang ingkang boten jangkep nalaripun, temah purun nindakaken padamelan ingkang boten klebet ing nalar limrah.

"Sing aneh kuwi malah ndika kabeh, Kisanak" rumaos dipun gumujengi, Darim males mangsulaken dhateng tiyang kala wau.

"Aneh kepiye?" tiyang kala wau pitaken kaliyan ngempet anggenipun gumujeng.

"Pitakonan ndika kabeh tak wangsuli, nanging siji wae ora ana pitakonku sing ndika wangsuli, malah sing keri dhewe pitakon ndika iku nek tak rasakne kupingku cetha yen ndika wis ngremehake sing ngongkon aku mbabad alas iki, apa ndika isih pranakane para Dewa saka Kahyangan dene kumawani ndakwa Panguwasa Tanah Jawa wis tumindak tega marang abdine he?" wicanten ngaten punika Darim kaliyan suwanten sereng sinartan mripat radi mentheleng.

"Elho? sajake ndika ora trima karo sing tak ucapake ya Kisanak? nDika mentheleng kaya ngono kuwi apa ndika arep nantang aku?" rumaos dipun sauri mawi tembung sereng lan dipun penthelengi tiyang ingkang pitaken wau lajeng muring , lan wangsulan kanthi sereng ugi.

"Iya ora mung ndika sing tak tantang, wong lima barenga maju aku ora bakal mundur, tembungmu sing nyepelekne aku karo sing ngongkon aku iku mau sing ndadekne aku ora wedi nek mung ngadhepi ndika wong lima kuwi" Darim wangsulan kanthi suwanten ingkang atos nedahaken menawi manahipun nembe panas. Estunipun makaten punika Darim namung badhe nyobi kekiyatan saha dayaning ngelmu enggal ingkang dipun sinaoni saking Kitab Kanuragan yasanipun Pangeran Handayaningrat ingkang dipun paringaken dhateng Kanjeng Sunan Kudus.

"Ha ha ha.... wong ora waras arep nantang perkara" dumadakan kancanipun tiyang ingkang taken kala wau wonten ingkang wicanten kaliyan gumujeng seru, malah wantun ngelokaken Darim tiyang boten waras "kowe ora ngerti sapa aku wonmg lima iki he?".

"Neng ngarep wis tak akoni, aku babar pisan durung ngerti sapa sejatine ndika kuwi kabeh" wangsulanipun Darim suwantenipun panggah atos "nanging saupama ndika kuwi pranakane Dewa saka Kahyangan pisan, aku ora wedi ngerti?".

"Ngertiya he wong sing ora njawa" tiyang ingkang gumujeng wau sakalangkung ing nesunipun mireng wangsulan saking Darim ingkang makaten kala wau "aku wong lima iki adoh sangka Gunung Bancak, wis meh sewulan aku sakanca mudhun nindakne laku pangumbaran nuhoni dhawuhing guruku, ngeriya jenengku Anggara, sing iki sedulurku tuwa Kakang Lampit, sisihe sedulurku sing tuwa dhewe Kakang Sambada, sing iki adhiku Kartika lan sing iki adhiku sing nom dhewe Guritna. Saiki ngakuwa sapa jenengmu he?" .

"He he he" Darim gumujeng ngece "jebul mung  bocah Gunung Bancak kono kuwi ta? Ya, ditepungake wae jenengku Darim".

"Iya, saiki pilihen salah siji saka wong lima iki sapa sing arep kok jajal ngelmune?" Anggara wicanten nari pun Darim. Dumadakan Darim mireng suwanten ingkang mlebet ing angen-angenipun, inggih suwantenipun Bagindha Kilir ingkang paring pemut murih Darim sampun ngantos damel sakitipun tiyang sanes. Wasana Darim lajeng wicanten dhateng murid-murid Gunung Bancak punika kanthi suwanten alon nanging kapireng cetha :

"Milih kabeh satemene ya bisa wae Kisanak, nanging rungokna aku kuwatir yen tumibane tanganku bisa ndadekne ora becike raga lan jiwamu kabeh".

"Apa karepmu He?" Anggara nggetak.

Darim boten semaur, nanging malah nyaketi sela item ingkang agengipun meh samenda njerum, Darim ngrapal aji, pitedah saking kitab kanuraganipun Pangeran Handayaningrat, sukunipun dipun angkat satunggal tanganipun kekalih dipun angkat kados badhe ngranggeh langit lajeng saking dhasaring jejantung mungel Kanthi Asma Dalem Dzat Kang Maha Misesa tan ana daya kekuwataning titah kajaba awit pitulungane Gusti Kang Maha Agung.

"Aku mung pengin ngerti, sirah ndika kabeh apa luwih atos yen karo watu iki?" Darim mungel makaten lajeng epek-epekipun ingkang tengen dipun tamplekaken dhateng sela item ingkang wonten ngajengipun kala wau.

"Byur" sakala sela item niku lebur dados awu ketiban tanganipun pun Darim.

 

ana candhake.


Kamis, 23 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 41

 


41.

Bagindha Kilir kendel sakedhap anggenipun criyos, nanging Darim boten wantun saulu nyelani rembag. Darim emut kaliyan cariyos saking Ki Kebo Kenanga bilih Kanjeng Nabi Musa nate dipun tilar dening Bagindha Kilir awit Kanjeng Nabi Musa boten kiyat ngampet anggenipun badhe taken dhateng Bagindha Kilir, lan Darim boten niru lekasipun Kanjeng Nabi Musa ing babagan punika. Sanaosa makaten, ing salebeting manahipun Darim sanget anggenipun nelangsa, kelara-lara inggih mikiraken tiyang sepuhipun kekalih pisan pranyata anggenipun pejah kenging winastan lumantar margi ingkang sakalangkung ngeres-eresi manah. Nadyan sakecap datan ngucap punapa-punapa nanging wedaling luh saking mripat boten saged dipun bendung, Darim nangis kanthi boten nyuwanten.

"Wasana Budheng sing lagi luru panganan kuwi weruh, sumbering suwara tangis kuwi" Bagindha Kilir nglajengaken cariyosipun "klawan obah sing cukat, Budheng ireng kuwi mudhun banjur marani bayi sing lagi nangis kekejer. Weruh yen bayi sing nangise kaya ngono kuwi, tuwuh rasa welas ing atine si Budheng. Bayi kuwi alon-alon dielus-elus, bareng weruh yen lambene garing Budheng nggagas lan duwe pangira yen Bayi kuwi lagi keluwen. Si Budheng banjur njupuk woh-wohan tunggale sing dipangan mau, bayi banjur didulang nganggo woh-wohan kuwi. Oleh separo saka woh siji, bayi wiwit katon anteng. Malah bisa ngguyu karo sikile mancal-mancal, ndadekne Si Budheng melu seneng. Bayi banjur dipondhong digawa menyang pandhelikane si Budheng. Dina sesuke, bayi bali digawa menyang ngisor wit kuwi maneh didulang nganti wareg. Banjur diajak guyon kaya dina wingine kae. Nanging dumadakan Budheng ireng kuwi kaget, kupinge krungu ana suwara rame-rame suwarane manungsa campuh lan suwara tracaking jaran sing mlayu tumujuu papan kono. Budheng nyipta lamun ana bebaya sing teka. Ora sepisan ora kaping pindho, Budheng krungu crita yen manungsa sing jarene titahing Gusti sing sampurna dhewe kuwi, kerep seneng ganggu gawe marang pepadhaning titah klawan sasenenge dhewe, malah kerep keprungu manungsa seneng gawe patine titah liya sing tanpa dosa. Mula Budheng Ireng kuwi banjur mlayu ndhelik neng gegrumbulan, karo nginceng apa sing bakal kedadeyan sabanjure. Bayi sing ditinggal Budheng, sing maune ngguyu-ngguyu seneng, malih dadi nangis banter, luwih banter karo tangis sing dhek wingi nalika wetenge lagi luwe.

Ora suwe banjur kesusul tekane wong akeh sing padha jejaranan. Pangirane Budheng yen manungsa sing liwat kuwi bakal nyebar memala jebul luput. Weruh ana bayi sing nangis, manungsa sing numpak jaran ing ngarep dhewe banjur mudhun. Bayi sing nangis kuwi banjur ditulungi diemban-emban nganti meneng. Budheng Ireng saka pandhelikane iya weruh yen manungsa-manungsa kuwi padha takon lan nggoleki wong tuwane si Bayi, nanging panggah ora bisa nemokne. Wekasan bayi mau digawa lunga dening wong-wong, mau. Lan saiki bayi kuwi wis gedhe ngancik wayah diwasa. Lha wong sing ngramut bayi kuwi ora liya Ki Ageng Kebo Kenanga sing lagi bali saka Palagan Majapahit.

"Mangkono critaku marang sira Darim, saiki apa sing bakal sira takokne marang aku?" Bagindha Kilir mungkasi anggenipun cariyos.

"Ngaturaken genging panuwun Kanjeng" Darim matur dhateng Kanjeng Bagindha Kilir "ingkang ndadosaken kirang trimahing manah kula, kenging punapa para prajurit punika degsiya dhateng tiyang sepuh kula ingkang estunipun boten sumerep punapa-punapa ing babagan peperangan kala wau?".

"Yen sliramu ora nrimakake, banjur arep apa? arep nggoleki prajurit sing wis ndadekne patine wong tuwanira kuwi?  Banjur arep males patine wong tuwamu?" Bagindha Kilir mundhut pirsa.

"Kasinggihan Kanjeng" wangsulanipun Darim.

"Sumurupa Darim, Gusti kuwi Maha Adil, patine wong tuwamu yegti wis ana dhewe sing malesake marang prajurit sing wis gawe patine wong tuwamu. Ora kudu sira dhewe sing kudu malesake, kajaba kedadeyan kuwi wis suwe banget, uga durung karuwan sing gawe patine wong tuwamu kuwi isih urip apa wis mati dadi rabuking paprangan. Luwih-luwih, patine wong tuwamu kuwi ora bisa dipisahake karo anane peperangan kuwi. Lan jenenge perang kuwi pancen mbutuhake kurban sing ora sethithik, ewa samono nganti saiki utawa malah mbuh nganti suk kapan, manungsa isih tansah dhemen nindakne perang mung awit nuruti kekarepane wong siji utawa loro, banjur nuwuhake kurban sing atusan akehe. Mula welingku marang sira, yen isih bisa dirembug karo lisan dirampungake nganggo pikiran, aja kesusu nindakne perang".

"Inggih Kanjeng"

"Sabanjure, sawuse sira weruh sapa sejatine wong tuwanira, mesthine banjur ana pitakon sajroning atimu kepriye mungguh carane ngabekti marang wong tuwanira sing wis ora ana kuwi iya apa ora?" Bagindha Kilir ndangu malih dhateng Darim.

"Inggih Kanjeng".

"Iku sing luwih becik sira tindakne tinimbang sira enggo nggagas olehmu arep nuruti panase atimu, males lara wirange wong tuwamu".

"Punapa ingkang kedah kula lampahi Kanjeng Nabi?" Darim lajeng nyuwun pirsa.

"Sumurupa, sira iku linahirake dening wong wadon utawa wanita, yen sira kepengin bekti marang biyungmu eling-elingen pawelingku, yaiku aja pisan-pisan kowe gawe lara lahir utawa atine wong wadon, mbuh wong wadon sapa wae. Yen ana wong wadon wis gawe seriking atimu, becik lunganana aja kok wales genti nglarani atine, yen ana wong wadon sing mbutuhake pitulungan aja wedi kangelan tulungana sakuwasamu. Kaping pindho yen sira kepengin bekti marang wong vtuwamu lanang, ngakeh-akehna tumindak becik marang wong lanang, aja dhemen ngremehne aja dhemen gawe cilakane, becik ngajenana marang sesama. Senenga tetulung marang sing mbutuhake aja seneng melik marang barang sing dudu darbeke, aja gandrung marang pangalembananing titah, nanging nggedhekna rasa wedi lan isin marang sing nitahake uripmu".

"Kula nyuwun pangestu panjenengan kanjeng, mugi kula saged nglampahi sadaya piwucalipun Kanjeng Nabi punika" Darim matur kaliyan kekembeng waspa.

"Mung kuwi welingku Darim, wiwit dina sesuk wiwitana nggonmu ngayahi wajib nindakne dhawuhe Kanjeng Sultan ing Demak. mBabad alas lan yasa padesan. Tak suwunake marang Gusti muga-muga nggonmu ngayahi kuwajiban iki antuka berkah temah nuwuhake kabecikan tumrap sakehing titah, wiwit kawitan nganti enteking jaman. Iki sliramu tak paringi piranti kanggo mbabad kayu, muga-muga kena digunakne".

Kanjeng Bagindha Kilir lajeng ngedalaken Kampak saking waliking jubah, kaselahaken ing ngajenge Darim.  Darim sakalangkung ing sukanipun, lajeng nubruk sukunipun Bagindha Kilir sarwi ngaturaken panuwun ingkang wongsal-wangsul. Nanging dangu-dangu Darim lajeng kraos gumun, awit Kanjeng Bagindha Kilir babar pisan boten paring wangswulan. Sareng Darim nyetitekaken kawontenan ing kanan keringipun, Darim nembe kraos menawi sadaya kedadosan ingkang dipun lampahi punika kala wau namung wonten ing alaming pangimpen. Darim sampun tangi saking tilemipun.

Eloking kawontenan, kampak peparingipun Bagindha Kilir ing salebeting impen kalawau samangke ketingal wonten ing ngajengipun. Kampak lajeng dipun pendhet dening Darim, dipun iling-ilingi, nyata menawi kampak punika kadamel saking waja ingkang pinilih saestu. Darim lajeng ngadeg, nyaketi wit ageng ingkang boten tebih saking papanipun tilem, kampak dipun angkat badhe katamaken dhateng wit punika kangge nyobi menggah landhep kethulipun. Nanging wurung, dumadakan Darim sumerep ing panging wit punika ketingal wonten budheng warni cemeng ingkang nembe luru woh-wohan kados ingkang dipun tedha wau enjing. Darim lajeng emut kaliyan cariyosipun Kanjeng Nabi Kilir, mmbok menawi menawi boten wonten budheng ireng saha woh-wohan punika, piyambakipun taksih gesang punapa boten.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 40

 


40.

Sakalangkung pules anggenipun tilem pun Darim, inggih labet sampun pinten-pinten kirang tilem kawewahan keseling raga. Ing salebeting tilem Darim ngimpi bilih piyambakipun nembe wonten satunggaling nagari ingkang salaminipun gesang dereng nate dipun ambah. Nagari ingkang sakalangkung reja lan makmur kawontenanipun. Griya-griya ing salebeting kitha katingal sae-sae, tiyang-tiyangipun ugi sami grapyak semanak. Darim piyambak inggih gadhah lan ngenggeni griya ingkang boten benten kaliyan griyanipun tangga tepalihipun. Rumaosipun pun Darim, piyambakipun sampun boten apal kaliyan nagari punika. Ugi sampun akrap kaliyan tangga tepalihipun.

Pekaranganipun griya kalebet wiyar, ing kiwa tengening latar, miwah ing sawingkingipun griya kacithak minangka pategilan dening Darim kataneman Tela pohung ingkang sampun wancinipun dipun panen. Nalika samanten Darim nembe wonten ing pategilan sacaketing griyanipun kala wau. Ing pangangkah badhe amanen tanemanipun. Dumadakan Darim kadhatengan piyantun ingkang busananipun sarwa ijem, angagem sumping sekar melathi ingkang taksih katingal seger, piyantunipun taksih timur pasuryanipun resik sumunar kados cahyaning rembulan ing wanci purnama.

"Assalamu'alaikum" Piyantun kala wau nyaketi Darim lajeng uluk salam, kados limrahipun para kaum ingkang sampun nggilut agaminipun Kanjeng Nabi.

"Alaikum salam" kanthi grapyak semanak Darim mangsuli salamipun tamu ingkang nembe dugi niku wau, kalajengaken ngajak tamunipun mlebet griya "mangga kisanak, kula aturi pinarak ing lebeting gubug kemawon".

"Ora sah neng jero omah Darim, neng kene wae luwih mirunggan lan hawane uga luwih seger" wangsulanipun tiyang punika kaliyan mapan lenggah ing guludan ingkang resik awit sampun garing sanget sitinipun.  Darim inggih lajeng tumut mapan linggih ing caketipun.

"Nuwun sewu, sampun kawastanan tambuh pancen estu kula rumaos dereng nate kepanggih, Kakang punika dalemipun pundi ngagem asma sinten inggih?" pitakone Darim sawise mapanake lungguhe kanthi kepenak.

"Bener kandhamu Darim" wangsulanipun tiyang punika kaliyan mesem "pancen lagi sepisan iki aku karo awakmu kepethuk. Ya ditepungake wae, wong-wong ngarani aku iki Sang Hyang Ijowan utawa Bagindha Kilir lan ana sing ngarani aku iki Nabi Hidhir".

Darim rumaos kaget salebeting manah, pancen Darim nate pikantuk wejangan saking Ki Ageng Pengging bilih wonten titahing Gusti ingkang tuhu sakalangkung sekti lan waskitha aprasat anetra Muhammad apandulu Rasulullah, ingkang dhemen nyebar pitulungan dhumateng titah ingkang nembe nandhang kasangsayan, aparing pitedah dhumateng tiyang ingkang nandhang  bingung kecalan margi ingkang badhe dipun liwati. Ingkang asmanipun Bagindha Kilir utawi Nabi Hidhir.  Ki Gedhe Kebo Kenanga ugi nate paring dhawuh sok sintena ingkang karawuhan Bagindha Kilir, sami kemawon kaliyan kadhawahan nugraha saking Gusti Ingkang Maha Kawasa. Pramila dupi Darim mangertos bilih ingkang rawuh ing pategilanipun punika Bagindha Kilir, Darim lajeng angraup sampeyanipun Paraga ingkang busana sarwa wilis punika, sarwi ngunjukaken pangabektinipun.

"Uwis Darim" Bagindha Kilir nyepeng baunipun Darim lajeng kaangkat minggah murih linggih kalawan limrah "sira ngaturake bekti wis tak tampa, tumrapku nalika sira mangsuli uluk salamku mau wis cukup, aku lan awakmu iki temene padha-padha kawulaNe Gusti, sing ora sepi saka lali, luput, beja kalawan apes. Mula aku tansah ngajak marang sapa wae, kalebu marang awakmu aja kendhat nggone padha nyenyuwun pitulungan miwah pangayomaning Gusti Ingkang Maha Paring Slamet".

Tumrapipun Darim, pangandikanipun Bagindha Kilir ingkang makaten punika minangka wejangan kapisan ingkang dipun tampi lan badhe kaemut-emut ing salamining gesangipun saha badhe katindakaken sakuwasanipun.

"Darim" salajengipun Bagindha Kilir paring dhawuh malih "kabar sing tak tampa, awakmu keraya-raya ninggalake Bumi Pengging nganti tekan kene iki jare awakmu mung kepengin weruh lan mangerteni sapa sejatine wong tuwanira, apa bener mangkono?"

"Kaluhuran sanget ingkang dipun sabdaaken Kanjeng Nabi punika" wangsulanipun Darim sarwi tumungkul awit boten wantun ningali pasuryanipun Kanjeng Nabi Kilir "mila kula sakalangkung kepengin sumerep sinten tiyang sepuh kula".

"Yen wis ngerti banjur arep apa?" Bagindha Kilir mundhut pirsa malih.

"Kula kepengin sanget ngaturaken bekti dhumateng tiyang sepuh kula ingkang sampun dados lantaran wonten kula ing jagad padhang punika" wangsulanipun Darim.

"Sumurupa Darim" Bagindha Kilir nglajengaken anggenipun paring dhawuh "miturut kabar sing tak weruhi awakmu iki anake wong wong wadon sing jeneng Kitu lan wong tuwamu lanang  jenenge Sawung. Nalika awakmu isih bayi abang, wong tuwamu wadon lagi antuk pacoban rupane lara panas. Wong tuwamu lanang banget ing susahe, banjur pamitan arep ngupaya tamba. Nanging garising pesthi sok ora padha karo sing dadi karepe sing nglakoni. Nalika wong tuwamu lanang metu saka omah golek tamba kuwi, ambarengi anane perang gedhe antarane Trah Brawijaya Lima musuh Brawijaya Girindrawardana sing wis tuwa umure. Sawung kepethuk karo prajurit sing gedhe sujanane, didakwa minangka mata pitaning mungsuh banjur dilunasi dadi lan patine".

"Bapak kula pejahipun awit dipun pejahi Prajurit? Prajurit pundi punika Kanjeng?" Darim nigas rembag dhawuhipun Bagindha Kilir.

"Aja takon dhisik, critaku durung rampung" Bagindha Kilir paring wangsulan dhateng Darim. Darim rumaos dipun sendhu dening Bagindha Kilir, mila lajeng matur :

"Nyuwun pangapunten Kanjeng".

"Andilalah ana salah sijining tanggane Sawung sing becik atine, mayite Sawung banjur dikukub digawa bali arep dirukti klawan samesthine. Tangga sing becik atine kuwi mau banjur waleh marang Kitu yen bojone mati merga anane salah pangira saka Prajurit sing lagi ngayahi wajib. Malah miturut kabar sing ditampa wong mau, kabeh warga desa papane Sawung lan Kitu manggon, wis kecathet minangka desane para mata-pitaning mungsuh lan bakal dipidana kabeh. Mula wong mau banjur ajak-ajak tangga teparone kalebu marang Kitu sing isih nandhang lara lan duwe bayi abang sing durung bisa apa-apa supaya lunga ninggalne desa kono lan golek urip dhewe-dhewe. Akeh sing padha lunga ngungsi menyang panggonane sanak lan tepungane. Nanging uga akeh sing olehe lunga ora ngerti panggonan sing arep diparani, butuhe bisa ninggalne papan kono, ngono wae. Kalebu Kitu sing wis ora duwe sanak lan ora duwe kadang, Kitu lunga saparan-paran, mlayu mangulon karo nggendhong bayine. Ora ngrasakne larane awak Kitu terus mlayu karo ngendhong bayine. Bareng wis oleh rong dina anggone mlaku, Kitu kentekan tenaga lan leren ing sapinggiring kali sing adoh lor adoh kidul ing tengahing alas sing kena diarani gung liwang-liwung.  Kajaba kentekan tenaga Kitu uga kentekan banyu susu, bayine sing ngelak lan luwe njaluk ngombe mung bisa kekejer anggone nangis. Sanadyan wis tanpa daya, nanging Kitu tetep mbudidaya murih bayine bisa meneng anggone nangis. Situ weruh yen ing sacedhake ana kali, karo ngrekasa Kitu nggremet nyedhaki kali arep njupuk banyu kanggo menehi ngombe bayine. Wis dadi kodrating Gusti, Kitu kepleset suket garing sing dipidaki kacemplung neng jerone kedhung, Kitu sing kajaba wis ora duwe daya uga ora bisa nglangi kuwi kelem lan mati ana sajeroning kedhung. Bayi sing ditinggal ana pinggiring dalan sapecak kuwi terus nangis kekejer sansaya banter. Nalika iku ing wit gedhe sacedhake kono, ana kewan sing aran Budheng lagi penekan golek pangan ngundhuhi wohe wit sing dipeneki. Budheng sing wulune ireng kuwi krungu suwarane bayi sing nangis banter, mripate clilang-clileng nggoleki dununge sing lagi kekejer nangis.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 39


39.

Dangu Darim lan para santri pandherekipun Sunan Kudus ngrantos ing Pendhapa kempal kaliyan para Prajurit ingkang nembe jagi. Nanging para abdi dalem Kasultanan ugi boten nglirwakaken ing kuwajibanipun njyugata tamu. Darim lan para pandherek sami kaparingan tedha saha ngunjuk sakcekapipun. Sareng sampun radi dalu, Kanjeng Sunan Kudus miyos saking kedhaton, para pandherek sami daya-daya mapagaken, sami nyadhong dhawuh punapa ingkang kedah katindakaken sasampunipun Sunan Kudus pepanggihan kaliyan Kanjeng Sultan Trenggana. Kanjeng Sunan Kudus lajeng lenggah ing pendhapa lan para pandherek kalebet Darim kadhawuhan mirengaken dhawuh-dhawuh ingkang badhe dipun ngendikakaken.

"Para pandherek kabeh lan sira Darim" Sunan Kudus miwiti pangandikanipun "anggonku rerembugan karo ngersa dalem wis rampung, lan wengi iki uga sira kabeh arep tak ajak bali menyang Kudus, kajaba si Darim".

"Wonten dhawuh punapa dene kula boten kaparengaken ndherek wangsul dhateng Kudus Kanjeng Sunan?" semu kaget Darim nyuwun pirsa "punapa kula nindkaken kalepatan temah kedah kapidana ing Demak mriki?".

"Sliramu ora luput Darim" Sunan Kudus paring wangsulan kaliyan mesem "yen sliramu ora tak ajak bali menyang Kudus kuwi ora ateges aku ora ngeparengake sira bali menyang Kudus. Nanging sliramu nampa dhawuh saka Kanjeng Sultan kanthi layang kekancingan sing saiki isih tak gawa iki".

"Kula nampi dhawuh saking Kanjeng Sultan Kanjeng?" Darim sansaya bingung manahipun, langkung-langkung sareng Sunan Kudus ngedalaken bumbung isi Serat Kekancingan ingkang ugi katapakastani dening Kanjeng Sultan Demak Bintara.

"Bener pancen mangkono" Sunan  Kudus paring wangsulan "sumurupa, jebul ora mung sliramu sing wis nampa sasmitaning Gusti, nanging Kanjeng Sultan jebul uga nampa sasmita, dene isine sasmita kinen nimbali aku sarta supaya matur kanthi blaka apa aku lagi wae nampa siswa anyar sing lagi ngupaya wong sing ngerti lan bisa ditakoni mungguh sing dadi pepenginane siswa anyar mau. Sasmita iki katampa dening Kanjeng Sultan ambarengi tekane Darim ing Panti Kudus. Mula aku ya banjur apa anane bab siswane Ki Gedhe Kebo Kenanga sing diutus gurune supaya nemoni aku. Uga tak aturake manawa siswane Ki Gedhe Pengging kuwi saiki uga tak kanthi menyang Demak. Anane sasmita rukyah shahihah sing sira tampa, uga sesawangan sing mau esuk sira weruhi kabeh uga tak aturake".

Sunan Kudus kendel sakedhap anggenipun ngendika, Darim lan para santri ingkang ndherek sami kasengsem katungkul mirengaken punapa ingkang dipun ngendikakaken dening Sunan Kudus, nanging boten wonten ingkang wantun matur anyelani.

"Bareng aturku wis rampung" Sunan Kudus nglajengaken pangandikanipun "Kanjeng Sultan banjur ngasta layang kekancingan sing ana jerone bumbung iki. Dene isine layang kekancingan iki yaiku Kanjeng Sultan ndhawuhake marang Darim supaya yasa padhukuhan sarana mbabat alas ing papan ngadege teja sing diweruhi dina iki mau. Aku uga banjur gawe dudutan mbok menawa, iya ing papan sing arep kok babat mengko pepenginanmu ngaweruhi sapa wong tuwamu bakal oleh wangsulan. Mula aja kesuwen bengi niki uga prayogane sira budhala mangetan tumuju arahing Teja sing nyada lanang mau. Lamun lakumu wis tekan papan Teja ora bisa disawang maneh, lire sliramu wis ora weruh Teja kuwi mau, ing kono wiwitana nggonmu nidakne dhawuhe Kanjeng Sultan Trenggana iku mau".

"Menawi makaten dalu punika, Kanjeng Sunan lan kadang santri badhe kundur dhateng Kudus lan kula nglajengaken lampah mangetan semu mangidul Kanjeng?" darim miterangaken malih dhateng Sunan Kudus.

"Bener mangkono, lan iki kanggo sangumu tampanana : siji dhuwit mas lan dhuwit perak sakanthong cilik, dhuwit iki peparinge Kanjeng Sultan marang sira sing dinaku minangka abdi Kasultanan Demak, jangkep kang angka loro, iki ana kitab cilik isi ngilmu kanuragan yasane Kanjeng Pangeran Handayaningrat uga Ki Ageng Pengging Sepuh, sing biyen diparingake marang aku sadurunge aku budhal nglurug menyang Majapahit midana Girindrawardana. Saiki kitab cilik iki tak paringake marang sira minangka ahli waris paguron Pengging, muga-muga ana guna lan paedahe. Dene sing kaping telune, jaran putih sing kok tunggangi mau tetepa dadi duwekmu nganti sak matine".

Cekaking cariyos, dalu punika Darim siyos bidhal mangetan klawan sangu ingkang kasebataken kala wau. Nalika gagat rahina kalih lumampah ing nginggiling kapal, Darim ngulati Teja ingkang dipun tingali kala wingi, taksih katingal manther, nyada lanang. Darim inggih lajeng nerusaken lampah malih. Ngantos pinten-pinten dinten Darim lumampah, kendelipun namung saperlu ngendelaken kapal murih nedha suket sarta boten katelasan napas. Lan saben enjing boten supe ningali teja ingkang nyada lanang ing imbang wetan taksih ketingalan, pramila Darim inggih dereng wantun ngendhegagaken lampahipun. Nadyan nglangkungi padhusunan ugi wana tuwin bulak ingkang panjang, suprandene Darim babar pisan boten gadhah pepenginan kangge kendel kajawi namung menawi wonten kabetahan ingkang boten kenging dipun semadosi.

Sareng anggenipun mlampah angsal pitung dinten, ing satengahing wana ingkang wit-witanipun maneka warni. Inggih ing pinggiring lepen alit ingkang toyanipun bening semu nyarong, nalika samanten wekdalipun nembe badhe ngajengaken pletheking surya, dumadakan Darim sumerep wonten cahya kados kilating baledheg, kasusul suwanten jumlegur nanging cetha menawi boten suwantenipun gludhug, awit nalika samanten wancinipun mangsa katiga. Salebeting manah Darim ngraos nratab kaworan ngedhap, mila lajeng kendel. Kapalipun dipun uculaken murih ngombe toyaning lepen lan nyrenggut rumput ing kiwa tengenipun. Darim piyambak dumadakan ugi kepengin ngraupi praupanipun mawi toyaning lepen alit ingkang bening kala wau. Nanging sepinten kageting manahipun Darim, nalika ing salebeting toya katingal wonten wewayangan teja bengkok ingkang ngekuwung cahyanipun mancawarni. Sakala darim emut kaliyan teja ing imbang wetan ingkang saben enjing dipun ulati. Pranyata teja ingkang saben enjing ketingal nyada lanang punika samangke sampun boten katingal malih. Wongsal-wangsul Darim ngulati panggah kemawon teja boten katingalan. Sapisan malih darim lajeng ningali wewayangan teja ingkang wonten ing salebeting toya lepen, namung sagebyaran teja punika katingal nunten ical.  Darim lajeng nggagas bilih anggenipun mlampah sampun dumugi panggenan ingkang dipun tuju. Darim nunten sujud kaliyan madhep mangilen ngunjukakaken sokuring manah dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan.

Darim lajeng cucul sandhangan, adus dhateng lepen punika sarta sesuci pisan. Ing salebeting manahipun sasampunipun sesuci badhe nindakaken panembah minangka raosing sokur awit pitulunganing Pangeran, lampahipun sampun manggih rahayu lan boten kepanggih alangan punapa-punapa. Sasampunipun kraos seger badanipun awit nembe dipun adusi, Darim lajeng mlampah nyaketi dhareng sangandhaping wit ingkang cemeng warnaning kulitipun. Ing ngriku darim nunten sembahyang, pasujudanipuning sela ingkang leter praenipun. Rampung sembahyang, dumadakan padharanipun kraos luwe ngintir-intir, badanipun kraos lemes tanpa daya. Darim lajeng lenggah sila sarwi nata lampahing napas kangge mulihaken tenaganipun ingkang kraos telas. Dumadakan ing pangkonipun dhawah satunggaling woh-wohan, inggih punika wohipun wit ingkang kulitipun cemeng punika kala wau. Nalika darim ndhangak, piyambakipun sumerep wonten peksi ingkang nembe enak-enak nucuki wohing wit ingkang warninipun abrit, kados uwoh ingkang dhawah ing ngajengipun. Darim lajeng mendhet woh punika dipun onceki lan dipun tedha dagingipun, kraos eca mawi ganda ingkang arum mangambar, inggih punika ingkang sinebat woh mertega.

Rampung angenipun nedha woh mertega ingkang ageng, raos ngelih ing padharanipun sampun ical, tenaganipun sampun wiwit pulih. Nanging nalika wonten angin sumribit, Darim boten kiyat ngampet raos arip ing mripatipun, wasana darim lajeng tilem ing ngandhaping wit mertega kala wau.

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...