Total Tayangan Halaman

Jumat, 01 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 55

 

 

55.

Anggenipun Darim mirengaken pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus sansaya katrem. Kepengin enggal-enggal mangertos ing kawusananing cariyos. Nanging Sunan Kudus anggtenipun cariyos, sakedhap-sakedhap kendel, sakedhap-sakedhap unjal ambegan landhung ketingal bilih anggenipun cariyos kalimputan dening suwasananing kasungkawan. Darim ugi boten wantun anyelani, awit ajrih menawi nambahi sungkawanipun Sunan Kudus. Sasampunipun sawatawis kendel, Sunan Kudus inggih lajeng ngendika malih :

"Tekaku ing Pengging dipapag klawan sikep kang becik dening Ki Kebo Kenanga.Sing nalika iku ambarengi lagi wae Ki Kebo Kenanga rampung nggone slametan, slametan sepasaran putrane kakung".

"Ki Kebo Kenanga sampun kagungan putra Kanjeng Sunan?" tanpa sengaja Darim nyela nyuwun pirsa.

"Iya, Ki Kebo Kenanga kaparingan ganjaran dening Gusti wujuding putra kakung sing banjur kaparingan tenger Karebet" wangsulanipun Sunan Kudus.

Darim ngunjukaken sukur dhateng Gusti Allah, awit nalika Darim taksih mapan ing Pengging rumiyin Ki Kebo Kenanga dereng kersa pala krama.

"Ki Ageng Pengging banjur ngajak jejagongan aku ana ing Langgar" Sunan Kudus nglajengaken cariyosipun "ya ing kono kuwi mau banjur dumadi bawa rasa lan tukar kawruh antarane aku karo Ki Ageng Pengging. Nalika aku nyuwun pirsa ya gene Ki Ageng ora kersa marak seba menyang Demak, Ki Ageng paring dhawuh yen ora niyat mbalela ing ratu. Nanging, miturut panemune Ki Ageng, Demak lan Pengging iku ora beda. Ya iku padha-padha trahing Sri Brawijaya Kalima. Kaping pindhone mungguhing Ki Kebo Kenanga, titah iku duwe drajat sing padha yaiku padha-padha kawulane Gusti, kamangka wektu iku Ki Kebo Kenanga rumangsa wis manunggal kalawan Gusti, dadi yen Ki Ageng kudu seba menyang Demak, padha wae karo ngecakne Gusti seba marang kawula. Iki genah yen luput. Mula Ki Ageng banjur ora kersa seba menyang Demak".

Darim manthuk-manthuk, salebeting manahipun ngleresaken dhateng pamanggihipun Ki Kebo Kenanga kados ingkang dipun cariyosaken dening Sunan Kudus. Ora sak trepe nek padha-padha titah sing wujud manungsa banjur siji lan sijine rumangsa duwe kalungguhan sing luwih luhur banjur sing ora gelem manut dianggep mungsuh, kuwi cetha nek ora benere.

"Nanging" Sunan Kudus ngendika malih "nalika Ki Ageng tak aturi pemut yen jejering Sultan iku minangka Kalipah utawa wewakiling Gusti kanggo mranata lan marentahke kukum kang adil, kawula sa negara wajib anurut. Sing sapa tan nurut marang parentahing Katong, padha karo mbadal dhawuhe Hyang Maha Agung. Awit bakal ora ana pranatan lan paugeran sing kudu digugu, saben-saben wong bakal gawe paugeran dhewe-dhewe dijumbuhne klawan kabutuhane dhewe. Samono uga kuwajibaning Sultan, kabeh kawicaksanane Sultan kudu tundhuk klawan paugeran sing wis disarujuki dening para-para kang weruh ing kukum, yen ing Tanah Jawa wiwit Kaparentah dening Kanjeng Sultan kapisan paugeran kuwi sing melu yasa yaiku parepatan Wali Sanga. Yen ana tumindake Sultan sing nalisir saka paugeran kang wis tinetepake dadi paugeraning nagara dening parepatan luhur Wali Sanga, mangka Sultan wajib diemutake, lamun kongsi nekad, ing kono Sultan wajib dilengserake lan yen perlu kaptrapan pidana pati. Samono uga tumraping kawula, yen kumawani mbdal dhawuhing Sultan kang lelandhesan paugeran, mangka Sultan wajib nibakne kukum adil sarana paring penget marang kawula mau supaya netepi kuwajibane minangka kawula. Yen nganti nekad ora kena dielingake, kawula kasebut ateges wani marang pranatane nagara.  Lan kang mangkono iku sinebut ing kukum pekih sing diarani bugah, tegese mbalela lan bugah iku gedhe pidanane. Yaiku padha karo pidanane Sultan sing nalisir saka paugeran kang wus ginarisake dening Parepatan Luhur Para Wali Sanga.  Ing kono Ki Ageng banjur waleh".

"Waleh kados pundi Kanjeng ?" Darim nyela pitaken.

"Waleh, yen tenane Ki Ageng ngersakne dhawuh Dalem Sri Brawijaya Kalima yen sapungkure Kanjeng Panembahan Jin Bun, sing ngasta pusaraning praja kudu Trah Handayaningrat" Sunan Kudus paring wangsulan.

"Salajengipun kados pundi Kanjeng Sunan?" Darim nyuwun pirsa malih.

"Aku ya banjur matur, yen sing ngudokne lumakuning sabda kang kawecakne dening Sri Brawijaya kalima kuwi Gusti Sing Maha Nasa, dudu titah kaya aku apa dene Ki Ageng Pengging dhewe. Yen wis tiba titiwancine, mbuh apa sing dadi jalarane sing gumanti Keprabon dadi Sultan ing tanah jawa mesthi trahe Kanjeng Pangeran Handayaningrat lan bakal disengkuyung dening Parepatan Wali Sanga. Ora kena digege, luwih-luwih manawa panggegene kaya sing ditindakne Ki Ageng Kebo Kenanga iki, miturut kukum udanegara kasultanan tetep diarani luput lan mbalela ing pranatan, kuwi wajib nampa pidana".

"Sareng Ki Gedhe Pengging dipun ngandikani makaten lajeng kados pundi Kanjeng Sunan?"

"Ki Kebo Kenanga nglenggana ing kaluputane, nanging suthik ndilat idu sing wis kawetu. Mula banjur ndhadhagi apa sing pidana sing bakal ditibakne marang panjenengane Ki Ageng pengging ora bakal wegah, bakal diadhepi klawan jiwa kasatriyane. Aku sing banjur dadi bingung dhewe, jalaran tekaku ing pengging kuwi wis sinampiran purbawasesaning ratu lan wis nggegem pikukuh asiling rembug ing Parepatan Luhur Wali Sanga. Yen Ki Ageng Pengging mbeguguk Makuthawaron kaya mangkono, padha wae karo ngajak ngadu siyunge Bethara Kala karo aku" wangsulanipun Kanjeng Sunan Kudus ingkang lajeng kendel sarwi unjal ambegan landhung.

Darim saged ngraosaken sapinten repoting penggalihipun Kanjeng Sunan Kudus nalika samanten. Kados pundi raosing manah menawi kedah aben ajeng kaliyan Ki Ageng Pengging ing glangganing payudan. Kamangka sadangunipun punika Ki Ageng Pengging punika sakalangkung ageng kasok tresnanipun dhateng Sunan Kudus. Makaten ugi Sunan Kudus punika sanget ageng anggenipun bekti dhateng Ki Kebo Kenanga. Boten kraos Darim ndhingkluk, pikiranipun kaseret dhateng cariyos ribeting penggalihipun Kanjeng Sunan Kudus. Darim kemutan cariyos lelampahan ing perang agung bharata yuda ingkang sinerat ing Kitab Mahabharata, lelampahan ingkang dipun adhepi dening Sunan Kudus punika kados lelampahanipun satriyaning para Pandhawa nenggih Arjuna ingkang njegreg buneg nalika kedah aben ajeng dados mengsah kaliyan para pepundhenipun piyambak ingkang agteng katresnanipun dhateng para Pandhawa kados Resi Bhisma, Prabu Salya, Resi Drona lan sapiturutipun. Katujunipun, nalika samanten Arjuna sinisihan Sang Krisna, ingkang nunten ambabar wejangan Bagavatgitha. Lajeng ing lelampahanipun Sunan Kudus ingkang ngadhepi Ki Kebo Kenanga punika sinten ingkang badhe ambabar wejangan Bagavatgitha?.

"Wusanane" Kanjeng Sunan Kudus nglajengaken cariyosipun "gandheng aku ngrumangsani sepira mungguh kadigdayanku, kena diparibasakake timun mungsuh duren lamun kudu adu arep karo Ki Kebo Kenanga, sapa sing kuwawa nadhahi yen Ki Kebo Kenanga wis matak ajine sing aran Sasra Birawa? . Mula aku banjur ngunus pusakane sawargi Pangeran Surawiyata sing aran Keris Kyai Setan Kober, ukirane keris tak aturake marang Ki Ageng Pengging, supaya Panjenengane kersa nguntapne patiku murih aku bisa antuk nugrahaning pati utama yaiku gugur awit netepi kasatriyanku minangka dhutaning nata. Ing kono, banjur lelakone Prabu Salya kang wis matak ajine sing aran Candhabirawa ginelar maneh ing Langgare Ki Ageng Pengging, mung bedane yen Prabu Salya sing ora ana tandhinge kuwi runtuh awit tangise Nakula lan Sadewa, ing kene Ki Ageng Pengging runtuh kasudirane awit ora kuwat nampa pasrah pati uripku".

"Salajengipun kados pundi Kanjeng Sunan?" Darim nunten nyuwun pirsa malih.

 

ana candhake.


Kamis, 30 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 54

 


54.

Sasampunipun sawatawis anggenipun sami rerembagan antawisipun Darim kaliyan Kanjeng Sunan Kudus. Sunan Kudus nunten mundhut pirsa kados pundi menggah anggenipun Darim nyebaraken kapitayan agami Rasul dhateng tiyang-tiyang ing Kedhungtuwung, sampun sami purun nglampahi sarengatipun agami punapa dereng. Sunan Kudus ugi paring pitutur bilih Darim kedah tlaten sarta sabar, ngajak dhateng kasaenan punika langkung gampil digega dening ingkang dipun ajak manawi katindakaken sarana lampah, inggih punika boten kandheg ing pangucap, nanging kedah saged kinarya tuladha. Tresna asih ing sasama, dhemen tetulung lan nebihi pepenginan pados panggunggunging liyan, sadaya kedah linampahan mawi lelandhesan nindakaken dhawuh saking Gusti Ingkang Maha Nasa.

Ing babagan punika Darim matur bilih sedaya pitedah ingkang katampi saking Kudus punapa dene saking Pengging, inggih sampun dipun cakaken. Mila radi randhat anggenipun tiyang-tiyang anggenipun tiyang-tiyang purun nglampahi dhawuhing sarengat, nanging ing babagan mungamalat sampun radi katingal lumampahipun piwucal agami rasul.

Dumadakan Darim sumerep wonten ewah-ewahan ing pasuryanipun Sunan Kudus, inggih nalikanipun Darim anyebat piwucal saking Pengging. Katingal Sunan Kudus dados suntrut lajeng kendel anjetung, temah atur saha cariyosipun Darim kados boten dipun mindhangetaken babar pisan. Darim inggih lajeng kendel badhe taken dhateng Sunan Kudus nanging boten wantun.

"Darim" sasampunipun radi dangu anjetung Sunan Kudus lajeng paring pangandika klawan ulat ingkang ketingal sungkawa "bareng keng slira nyebut-nyebut Pengging rasa susah ing atiku sing maune wis ilang, saiki dadi tuwuh maneh. Ya muga-muga Gusti Ingkang Maha Asih paringa pangapura marang aku lan marang Ki Gedhe ing Pengging kang wekasane kudu sesimpangan dalan".

"Nyuwun pangapunten Kanjeng" Darim kirang mudheng kaliyan ingkang dipun ngendikakaken Sunan Kudus "punapa pun Darim kaparengaken wonten kedadosan punapa antawisipun Kudus kaliyan Pengging satemah kedah sami sesimpangan margi?".

"Dadi kabar kedadeyan sing kober gawe horeging Kasultanan Demak iki durung tekan Kedhungtuwung?" Kanjeng Sunan Kudus ndangu dhateng Darim.

"Pakabaran ingkang pundi Kanjeng ? jalaran awit nuhoni dhawuh saking Kanjeng Sultan ugi netepi pitutur saking Ki Kebo Kenanga sarta pitedah saking Kanjeng Sunan, sasampunipun siti Babadan pikantuk sebatan Kademangan Kedhungtuwung, babar pisan kula dereng nate medal nilaraken Kedhungtuwung, mila inggih lajeng boten mireng kabar punapa-punapa" Darim matur blaka.

"Kabeh Kang dumadi ora bisa ucul saka garising pepesthen" Kanjeng Sunan Kudus ngendika sasampunipun wongsal-wangsul unjal ambegan landhung "Ki Gedhe Kebo Kenanga wis murud ing kasedan jati Darim".

"Ki Ageng Pengging sampun seda Kanjeng?" Darim kaget.

"Pancen mangkono" wangsulanipun Sunan Kudus "lan sedane Ki Ageng Pengging kuwi merga saka panyuwunku temah aku uga nyekseni anggone seda Ki Kebo Kenanga. Mula rasa sedhih lan rasa susah kuwi mesthi banjur bali tuwuh ing sajroning atiku saben-saben aku krungu jeneng Pengging utawa asmane Ki Kebo Kenanga diucapake dening sapa wae".

"Nyuwun pangapunten Kanjeng Sunan" Darim ingkang dereng mangertos kaliyan pangandikanipun Sunan Kudus ingkang makaten punika nunten matur "Sedanipun Ki Kebo Kenanga jalaran nuruti pamundhutipun Kanjeng Sunan, kenging punapa ngantos Kanjeng Sunan tega mundhut sugengipun Ki Kebo Kenanga, punapa Ki Ageng Pengging nunten nglalu asuduk jiwa Kanjeng?".

"Ora, Ki Ageng Pengging ora nglalu, nanging ngersakne ninggalne jagad kang gumelar iki manjing alaming jagad langgeng, jalaran wis ora kersa kaereh dening pepenginan kang semu, lire pepenginan kang mung nuruti panjaluke nafsu sing tenane ora ana enteke. Mula Ki Ageng Kebo Kenanga banjur miyak wiwara kang dadi wates antarane jagad kang gumelar iki klawan jagad langgeng kang tan ana winatesan dening papan lan wektu" Kanjeng Sunan Kudus paring wangsulan "kang mangkono iku mesthi wae ana sabab lan jalarane".

"Sababipun punapa Kanjeng?"

"Kedadeyan iki kawiwitan saka crita lawas" Sunan Kudus lajeng ngendika "yaiku nalika Pangeran Handayaningrat lan Kanjeng Sunan Kali munggah Gunung Lawu, kautus Panembahan Jimbun ya Sultan Ali Akbar Abdul Fatah kang kapisan, nyuwun lan ngaturi Kanjeng Sinuhun Brawijaya Kalima supaya kundur menyang Majapahit lan bali jumeneng ing Majapahit, Sinuhun Brawijaya ora kersa awit wis rumaos tentrem sawuse uninga jatining Sastra Jendra Yuningrat Pangruwating Diyu, lan ngersakne jumeneng dadi waliyullah ing Gunung Lawu. Nalika samana Sri Brawijaya sing wis ngagem asma Sunan Lawu mung paring dhawuh yen wektu kuwi sing kudu anyulihi dadi Wewakiling Gusti ngratoni tanah jawa iya Raden Hasan utawa Raden Patah, nanging kuwi ya ora suwe, yen wis teka titi mangsane wahyuning raja tanah jawa bakal kaasta dening trah saka Pangeran Handayaningrat carub lan Trah saka Raden Gugur".

Kanjeng Sunan Kudus kendel anggenipun ngendika, Darim ingkang tansah anyemak ingkang dipun ngendikakaken dening Sunan Kudus nunten matur :

"Samangke Raden Patah ugi Pangeran Handayaningrat sedaya sampun murud ing kasedan jati, lajeng sambetipun kalih sabda dalem Kanjeng Sunan Lawu punika kados pundi Kanjeng Sunan?".

"Mula saka kuwi" Sunan Kudus lajeng ngendika malih "dhawuh dalem Kanjeng Sunan Lawu kuwi banjur diugemi dening Kanjeng Sultan Demak lan uga Gusti Pangeran Handayaningrat dadi crita sing turun tumurun. Wangune awit anane dedongengan kuwi, banjur ana paraga sing ngujuk-ujuki Ki Kebo Kenanga sing uga trah lajer saka Pangeran Handayaningrat  supaya nggege murih wahyuning kraton Jawa tumuli bisaa manjing marang Ki Ageng Pengging. Ki Ageng Pengging banjur madeg suraning driya, suthik marak seba menyang Demak, ngabyantara marang Kanjeng Sultan Trenggana".

"Dados Ki Gedhe Kebo Kenanga lajeng mirong kampuh jingga, mbalela ing ratu Kanjeng Sunan?" Darim nyela pitaken.

"Kena diarani mangkono" wangsulanipun Sunan Kudus "malah nalika Kanjeng Sultan ngutus Rekyana Patih Wanasalam nakyinake lan nimbali Ki Kebo Kenanga supaya marak menyang Demak, banjur dadi gendra. Kedaden perang antarane Patih Wanasalam lan prajurit pandhereke karo prajurit ing Bumi Perdikan Pengging. Wadyabala saka Demak sing diembani Patih Wanasalam kapupuh mundur bali menyang Demak".

"Salajengipun kados pundi Kanjeng Sunan?" .

"Mesthi wae kang mangkono iku ndadekne dukane Kanjeng Sultan" Sunan Kudus nglajengaken ngendikanipun "Luwih-luwih ora mokal yen anggone Patih Wanasalam matur uga diemperi klawan crita sing sansaya muwuhi dukane Kanjeng Sultan. Banjur Kanjeng Sultan ngrawuhake saka gurune Kasultanan Demak kang dumadi saka Kadang Wali kang lumrah sinebut Wali Sanga. Asiling parepatane para Kadang Wali dadi dudutan yaiku Ki Kebo Kenanga wis wani mbalela ing ratu, banjur aku kapiji supaya lumawat menyang Pengging kasampiran purba wisesaning ratu kanthi dhasar dudutaning parepatan kadang wali. Budhalku menyang Pengging kairing wadyabala Demak sagelar sepapan pepak klawan pirantining perang".

"Kedadosan Perang ageng antwisipun Demak kaliyan Pengging Kanjeng Sunan?" Darim sumela atur.

"Ora" Sunan Kudus paring wangsulan "nalika samana, wadya bala tak dhawuhi ngenteni ana sajabaning kutha, banjur aku ijen sowan marak ing ngarsane Ki Kebo Kenanga, ing pangankah aku kepengin ngajak rembugan luwih dhisik karo Ki Ageng Pengging, ngiras pantes mbuktekne crita sing digawa dening Patih Wanasalam lan diaturake marang Kanjeng Sultan Trenggana. Awit sing tak ngerteni Ki Ageng Kebo Kenanga kuwi kagungan watak sing ora kaya dicritakne dening Patih Wanasalam. Dadi barese wae aku ora pati percaya karo kandhane Patih Wanasalam sanadyan tata gelar Wanasalam uga duwe seksi-seksi sing bisa mikuwati karo apa sing dikandhakne".

 

ana candhake.


Rabu, 29 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 53

 


53.

Enjingipun Darim pamitan nglajengaken lampah wangsul dhateng Kedhungtuwung. Boten kacariyosaken reroncening margi, ingkang kocap Darim sampun dumugi ing Kedhungtuwung malih. Darim lajeng ngempalaken para warga, nami Kademangan Kedhungtuwung kabiwarakaken. Tiyang-tiyang sami remen manahipun awit papanipun sampun gadhah nami, langkung mongkog malih papan punika ingkang maringi nami Kanjeng Sultan Trenggana piyambak. Nalika para warga dipun anjak ngrembag bab tata lan lampahing paprentahan, sedaya sampun sarujuk menawi ingkang kalenggahaken dados Demang ing Kademangan Kedhungtuwung ingkang kapisan nenggih pun Darim. Wiwit punika, nami Darim lajeng santun mawi nami sepuh Ki Demang Kedhungtuwung Kapisan utawi Ki Kedhungtuwung ngaten kemawon.

"Para sedulurku kabeh" sasampunipun jumeneng minagka Demang, Ki Kedhungtuwung nunten paring sesorah dhumateng para warganipun "aku saiki wis dadi Demang ing Kedhungtuwung kene, nanging tak jaluk ora ana sing nganggep manawa Kademangan iki duwekku dhewe, awit Kademangan iki duweke wong akeh, klebu aku lan ndika kabeh sing wis babad yasa padhusunan iki. Mula, murih kabeh nduweni rasa andarbeni nanging ora rumangsa mangwasani becike para cikal bakal yaiku sing melu babad dhisik dhewe, kudu gelem lungguh dadi Demang ing kene. Cethane ngene, Demang Kapisan aku, sabanjure yen wis oleh limang tahun aku bakal masrahake kalungguhan iki marang parapatan Cikal Bakal maneh, banjur parepatan cikal bakal kudu milih salah siji saka cikal bakal nggenteni aku dadi Demang kanggo wektu limang tahun. Mangkono sabanjure turun maturun. Kepriye mungguh panemu ndika kabeh karo lekasku kang kaya mangkene iki?"

"Kula namung ndherek punapa ingkang sampun andika dhawuhaken Guru" Sambada salah satunggal saking cikal bakal wicanten, manut kemawon kaliyan Darim.

"Kula inggih ndherek kados ingkang dipun aturaken Kakang Sambada Guru" Lampit ngrojongi aturipun Sambada.

"Nuwun sewu Guru" Anggara wicanten badhe pitaken  "kados pundi kaliyan kalenggahan ingkang sampun wonten, sedaya cikal bakal sampun kaparingan dhawuh supados ngesuhi padhukuhan alit minangka bebau, saupami ing mangke kapiji nglenggahi palenggahan Demang gangsal tahun, kados pundi kaliyan jejibahanipun minangka bebau? punapa saged kalintiraken dhateng tiyang sanes ? punapa kedah dipun rangkep?".

"Kuwi ngene Ki Anggara" wangsulanipun Ki Kedhungtuwung "perkara kang gumanti nglungguhi jejibahan Bebau yen bebaune kapiji dadi Demang, bisa dirembug luwih dhsisik karo Demang sing bakal digenteni. Kepriye murih prayoganing laku".

"Inggih Guru ngestokaken dhawuh".

Gangsal tahun nindakaken kuwajiban minangka Demang, Darim sakalangkung ketungkul mikiraken para warganipun. Salebeyting gangsal tahun papan padhusunan sansaya wiyar, makaten ugi kaliyan siti garapan ugi tambah wiyar. Para warga sami ayem tentrem, nyambut gawe tansah kraos sekeca, boten wonten ingkang namung mikir betahipun piyambak. Lampah tulung tinulung sarta lampah kangge majengaken Kademangan tansah kukuh tumancep ing manahipun para warga. Kademangan gadhah bandha donya piyambak kangge ngragati kademangan, kalebet kangge pepancen para-para ingkang ngayahi wajib nyepeng bot-repoting kademangan ingkang limrah sinebat pamong. Kademangan Kedhungtuwung lajeng kondhang dumugi pundi-pundi, awit kajawi ulah ing tetanen para warga ugi wonten ingkang ulah laku dagang dhateng padhusunan-padhusunan sanes. Ugi kathah para sodagar ingkang mbeta daganganipun dhateng Kademangan Kedhungtuwung mriku.

Sareng sampun jangkep gangsal tahun anggtenipun dados Demang, Darim lajeng ngempalaken para Cikal Bakal kaajak milih calon ingkang badhe gumantos dados Demang. Parepatan lumampah kanthi sae, lan kasembadan asiling rerembagan netepaken Anggara ingkang kedah nggentosi Darim.

"Guru" Anggara matur dhateng Darim sasampunipun nampi kuwajiban gumantos dados Demang ing Kedhungtuwung mriku "sanadyan suwaunipun kula kekeh apamanggih bilih Kakang Sambada ingkang pantes anggentosi Guru dados Demang ing mriki, nanging gandheng kula kawon suwanten, malah kula ingkang  kapokoh nggentosi palenggahanipun Guru, kula inggih boten badhe suwala. Nanging kula nyuwun supados Guru tansah angulati sedaya laku jantra kula salebeting ngayahi jejibahan punika, sawanci-wanci nalisir saking paugeraning Kademangan tuwin Paguron Kedhungtuwung murih sampun ngantos nuwuhaken kapitunaning warga, kaparenga Guru paring penget dehateng kula".

"Iya, iya Ki Anggara, panjalukmu kang kaya mangkono iku bakal tak turuti" wangsulanipun Darim.

"Ugi dhumateng sedaya kadang Cikal Bakal, kula inggih nyuwun supados boten kendhat anggenipun sami angulati laku jantra kula, lan panyuwun kula dhateng para kadang ugi sami kaliyan panyuwun kula dhumateng Guru kala wau" Ki Anggara nglajengaken wicantenipun ingkang punika katujokaken dhateng para Cikal Bakal.

Para cikal bakal ugi lajeng sami saur manuk wangsulan anyagahi.

Estunipun nalika samanten salebeting manahipun Darim kethukulan raos kangen dhateng pepundhenipun nenggih Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging lan ugi kangen sanget dhateng Gurunipun nenggih Kanjeng Sunan ing Kudus. Nanging gandheng sampun anyagahi panyuwunipun Anggara, wasana raos kangen punika dereng saged dipun wujudaken. Ngendhem raos kangen pranyata awrat, setahun kalih tahun Darim taksih kiyat ngampet raos kangenipun. Nanging sareng sampun ngendhem raos kangen punika jangkep tigang tahun, raos kangen punika boten saged dipun ampah malih. Kawewahan kaliyan kanyatan kawontenanipun Kademangan Kedhungtuwung  ingkang langkung ngrembaka. Sadangunipun nyepeng parentah dados Demang, babarpisan Anggara boten pisan-pisan nalisir saking paugeran, malah kepara anggenipun nindakaken kuwajiban sakalangkung sae, ingkang uwohipun ndadosaken pagesanganing warga ing Kedhungtuwung sansaya makmur. Pramila kanthi sesidheman Darim lolos nilaraken Kedhungtuwung tanpa pamitan dhateng Demang Anggara punapa dene dhateng para Cikal Bakal sanesipun. Ing wanci tengah dalu, angleresi dinten Rebo Wage, Darim bidhal dhateng Kudus, ing pangangkah mangke sasampunipun lerem ing Kudus sawatawis wekdal, sokur-sokur saged kawewahan ngelmi dening Kanjeng Sunan Kudus,badhe nglajengaken lampahipun dhateng Pengging. Darim lampah ndharat kemawon, boten nunggang kapal kados padatanipun tiyang kekesahan. Awit Darim ugi niyat badhe angumbara.

"Rahayu salakumu Darim" pambagenipun Kanjeng Sunan Kudus nalika Darim sampun marak ing ngarsanipun.

"Awit pikantuk pangestu tuwin pandonga saking kanjeng Sunan, wilujeng lampah kula, bekti kula katur Kanjeng" wangsulanipun Darim kanthi trapsila.

Sasampunipun kabar kinabaran bab kawilujengan sacekapipun. Darim lajeng nyariyosaken, sasampunipun nindakaken dhawuhipun Sultan Trenggana ingkang sinerat ing serat kekancingan. Ugi anggenipun ngecakaken kawicaksanan andum damel kuwajiban dados Demang dhateng para Cikal Bakal Kedhungtuwung sadaya kacariyosaken dhateng Kanjeng Sunan ing Kudus.  Midhanget cariyosipun Darim ingkang makaten punika kala wau, Kanjeng Sunan Kudus sakalangkung rena panggalihipun, pangandikanipun :

"Aku banget senang krungu critamu Darim, kanthi mangkono katon  cetha menawa keng slira duwe kapribaden karo wong-wong ing salumrahe".

"Benten kados pundi Kanjeng? punapa lekas kula punika lepat?" Darim nyuwun pirsa.

"Wangsulanku : Ora!, ora luput. Sing tak karepake beda iku mangkene, barang sing aran lumrah menungsa kuwi seneng mburu kakuwasan, lire meh kabeh manungsa kuwi padha seneng nyekel panguwasa. Malah ora sethithik ketang  kepengine dadi panguwasa, manungsa padha lali banjur nempuh dalan sing ora bener, malah akeh sing paseduluran dadi pedhot, memitran dadi memungsuhan mung jalaran saka anggone wong mau kepengin nyekel panguwasa. Nanging kanyatane, sing sira tindakne adoh saka kuwi kabeh, keng slira malah mulangake lan paring conto sing becik kanthi cara kaya kang keng slira critakake iki mau. Ya muga-muga wae, para cikal bakal rewangira iku tetep lestariya nggondheli wewarah saka sliramu lan ora ana sing banjur lali, kaya laline  bocah cilik sing ngemut glali, krasa legi banjur wegah nglepeh maneh".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 52

 


52.

Sumerep Ki Lurah lan tiyang-tiyang Gunungwijil sampun sami mudheng kaliyan ingkang dipun kajengaken Darim rumaos remen manahipun. Awit kanthi makaten tiyang-tiyang Gunungwijil boten badhe gampil malih dipun apusi tiyang-tiyang ingkang wasis micara ingkang dipun bumboni kaliyan kapitadosan ingkang boten mlebet ing nalar. Mila ing jaman samanten boten namung tiyang Gunungwijil kemawon ingkang taksih nggadhahi kapitadosan ingkang aeng-aeng magepokan kaliyan bangsa alus, nanging meh ing pundi-pundi panggenan radin-radin taksih kathah tiyang ingkang nggadhahi cara kapitadosanipun makaten punika.

"Sepisan malih kula aturaken ing mriki" Darim lajeng wicanten malih "kula punika dede punapa-punapanipun Eyang Kepuh, malah kepanggih utawi sumerep kaliyan ingkang asmanipun Eyang Kepuh punika kemawon kula inggih dereng. mBok menawi para kadang sampun wonten ingkang nate kepanggih kaliyan Eyang Kepuh?"

"Dereng nate Raden" Ki Lurah Wiguna ingkang langkung rumiyin wangsulan "sadangunipun kula gesang mila kula inggih dereng nate sumerep".

Wangsulanipun Ki Lurah Wiguna kasambet kaliyan suwanten gumrenggeng malih saking tiyang-tiyang ing pendhapa Kalurahan niku.Gumrenggeng ingkang boten cetha, wonten ingkang lajeng damel dudutan bilih Eyang Kepuh niku namung ngayawara wontenipun, nanging ugi wonten ingkang taksih kukuh mitadosi bilih Eyang Kepuh niku nyata wontenipun sanadyan dereng sumerep wujudipun.

"Makaten para kadang" Darim nglajengaken wicanten "sanadyan kula dereng nate sumerep wujudipun Eyang Kepuh, nanging boten ateges menawi Eyang Kepuh punika namung cariyos ngayawara, ugi boten ateges bilih Eyang Kepuh punika estu-estu wonten. Saged nampi atur kula ingkang makaten?".

"Blaka suta, kula taksih bingung kaliyan ndhawuh punika Ngger" Ki Lurah Wiguna ingkang semaur.

"Cethanipun makaten" Darim wangsulan "punapa ingkang sinebat Eyang Kepuh punika wonten punapa namung cariyos ngayawara, punika boten baken. Ingkang baken kula lan andika sami tartamtu pitados bilih kajawi nitahaken kawula ingkang kasat mata, kados dene Manungsa, Kewan, tetuwuhan lan sadaya ingkang katingal. Gusti ugi nitahaken kawula ingkang boten kasat mripat, kados dene Malaikat, Jim, Setan, peri prayangan lan sanes-sanesipun. Inggih makaten punapa boten?"

"Inggih leres Raden" Ki Lurah Wiguna ngleresaken ingkang dipun ucapaken dening Darim. Tiyang-tiyang sanesipun ugi sami, sedaya ngleresaken wicantenipun Darim.  Darim lajeng wicanten malih :

"Kajawi mangertosi bab kawulanipun Gusti ingkang kasat mripat tuwin ingkang boten katingal utawi ingkang sinebut bangsa alus utawi titah ingkang asipat gaib, ugi kedah dipun mangertosi bilih kajawi nitahaken jagad kangge mapanipun para titah punika ugi boten namung salembar. Liripun pinten-pinten lembar. Wonten salembar ingkang dipun cawisaken dados papanipun titah ingkang kasat mripat, ingkang wujudipun dharatan punika dipun cawisaken kangge manungsa lan kewan-kewan dharatan, wonten toya, punika cawisan kangge buron toya. Ingkang dharatan kaperang malih minangka kangge mapanipun manungsa lan rajakaya, ugi wonten dharatan ingkang dipun panggeni dening buron wana. Samanten ugi toya, wonten toya seganten punika kangge mapanipun buron seganten, ugi wonten kali lan telaga, punika kangge papanipun buron toya ingkang namung saged gesang ing toya ingkang tawa. Lan sanes-sanesipun".

Darim kendel sakedhap anggenipun wicanten, ningali tumanggapipun tiyang-tiyang ingkang dipun ajak wicanten. Pranyata sedaya sami manggut-manggut sajak sampun saged nampi kaliyan punapa ingkang dipun ucapaken Darim. Gandheng boten wonten ingkang nanggapi mawi pangucap, Darim lajeng wicanten malih :

"Wonten malih lembaraning jagad ingkang boten kasat mripat, liripun boten saged katingalan dening manungsa lan titah ingkang ingkang mapan ing jagad kasat mripat. Inggih punika kangge cawisan tumrap titah ingkang boten kasat mripat, kados dene wonten jagad kangge mapanipun para Malaikat, wonten jagad cawisan kangge bangsa Jim, setan, peri prayangan lan sapiturutipun. Salajengipun ingkang langkung baken lan kedah kauningan inggih punika sampiraning kuwajiban dhumateng titah, inggih punika titah kedah ngreksa jagadipun piyambak-piyambak murih jagad ingkang dipun panggeni boten gampil risak. Awit menawi jagad ingkang dipun panggeni risak, titah badhe manggih rekaos nglampahi gesangipun. Upaminipun menawi manungsa dhemen ngrisak sumber toya, menawi sumberipun mampet mangka manungsa badhe nandhang kasatan lan sanes-sanesipun. Inggih punapa boten?".

"Leres Raden" Ki Lurah semaur angleresaken wicantenipun Darim, lajeng kasambet kaliyan pitaken  "lajeng sambetipun tiyang Gunungwijil kaliyan Eyang Kepuh ingkang cumondhok ing Pancuran Kepuh pinggir benawi punika kados pundi?".

"Punika makaten Ki Lurah" wangsulanipun Darim kaliyan mesem "kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, wontenipun kula lan andika sami dugi sapriki dereng nate kepanggih kaliyan Eyang Kepuh punika awit jagad ingkang dipun panggeni piyambak-piyambak. Dados, Eyang Kepuh punika punika mapanipun boten ing jagadipun awake piyambak punika. Nanging mapan ing jagadipun piyambak, kenging ugi winastanan mapan ing waliking jagad ingkang awakipun piyambak panggeni. Dados pancuran lan sakiwa tengenipun punika kalebet wit kepuh ageng punika estunipun cawisan kangge manungsa ing Gunungwijil mriki cawisan ingkang wajib dipun reksa dening ingkang dipun cawisi. Dados upami wonten tiyang ingkang sengaja damel risak ing Pancuran Kepuh upaminipun, lajeng manggih sakit, punika boten awit kenging walatipun Eyang Kepuh, nanging awit kesiku dening Gusti lumantar sipat-sipating jagad ingkang tinitahaken. Kados dene tiyang ingkang nandhang mlonyoh kulitipun awit penekan dhateng witing ingas, puniku boten awit kenging walatipun sinten-sinten, nanging awit kaprabawan dening sipating jagad ingkang wonten tlutuh miwah kajengipun ingas".

"Inggih Raden" Ki Lurah Wiguna miwah tiyang-tiyang ingkang kempal ing pendhapa kalurahan punika sami manthuk-manthuk ketingal menawi sampun saged nampi punapa ingkang dipun kajengaken dening Darim.

Nalika samanten wancinipun sampun nglangkungi wanci tengah dalu. Sakedhap malih gagat rahina. Nanging tiyang-tiyang ingkang mlempak ing pendhapa Kalurahan Gunungwijil punika boten wonten ingkang katingal ngraosaken raos ngantuk, inggih jalaran sami kasengsem anggenipun sami rerembagan kaliyan Darim.

"Nuwun sewu Raden" dumadakan Kebayan Sepuh ingkang sonten wau tumut udhu pamanggih bab walat saking Eyang Kepuh ngangkat drijinipun nyuwun wekdal badhe wicanhten.

"Inggih wonten dhawuh punapa Ki?" Darim suka tanggapan kanthi kurmat.

"Menawi dede wayahipun Eyang Kepuh, Raden punika sinten? saking pundi menggah pinangkanipun? lajeng sinten ingkang Raden sebat mawi asma Raden Sawung Dhedhali dhateng Ki Ratasu kala wau? . Punapa Raden punika mila utusaning Gusti murih paring pepajar dhateng tiyang-tiyang ing Gunungwijil mriki?" Kebayan sepuh punika wangsulan kaliyan pitaken kathah-katah  "Mugi Raden kepareng paring katrangan dhumateng kula miwah para warga Gunungwijil, Raden"

Darim gumujeng remen ugi ngraosaken lucu kaliyan pitakenanipun Kebayan Sepuh punika.

"Inggih Ki, sepisan malih kula matur" Darim lajeng wangsulan "kula mila dede punapa-punapanipun Eyang Kepuh, kula punika estunipun lare kleyang kabur kanginan, wiwit aloit kapupu dening Ki Gedhe ing Pengging minangka siswanipun, lajeng dening Ki Ageng Pengging inggih Ki Kebo Kenanga, kula kadhawuhan ngangsu kawruh dhateng Kanjeng Sunan ing Kudus, salajengipun awit kepareng dalem Gusti Prabu, nenggih Kanjeng Sultan Trenggana nalika kula kaajak sowan dhateng Demak dening Kajeng Sunan Kudus, kula kapiji dados abdi dalem Kraton Demak lan kadhawuhan dening Kanjeng Sultan murih babad wana lan yasa padhusunan ing sangandhaping Redi Lawu iring ler wetan sapinggiring benawi ageng, ingkang samangke sinebat Kademangan Kedhungtuwung. Kula dede utusanipun Gusti Allah Ki, anggen kula dumugi mriki punika awit kaajak dening Ki Lurah sasampunipun Ki Lurah uninga bilih cariyos bab walat saking Eyang Kepuh punika jebul namung ngayawara, dene nami Sawung Dhedhali ingkang kula sebat ing ngajengipun Ki Ratasu kala wau, inggih namung nami rekan, kangge males dhateng Ki Ratasu ingkang sampun ngapusi kanthi ngaken minangka siswanipun Eyang Kepuh. Dados kangge ngadhepi tiyang ingkang remen ngapusi kados Ki Ratasu punika mila perlu gentos ngapusi. Nanging ngapusi murih pikantuk kasaenanipun tiyang kathah, boten ngapusi awit pados kauntunganing dhiri pribadi".

 

ana candhake.


Selasa, 28 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 51

 



 

51.

Tiyang-tiyang namung sami ningali kesahipun Ki Ratasu kaliyan panyawang ingkang nedahaken boten remenipun dhateng tiyang ingkang kala wau taksih dipun aji-aji lan dipun gegga sedaya pangucapipun. Sasampunipun Ki Ratasu ical kauntal petenging dalu, Darim lajeng mapan linggih malih, titiyang inggih nunten sami linggih kepung ing joganining pendhapa kalurahan. Tiyang-tiyang ingkang kala wau wonten ing plataran ugi kathah ingkang ndherek minggah linggih pendhapa, tiyang-tiyang kala wau sami kepengin sumerep wayahipun Eyang Kepuh ingkang sampun ngatingal saha paring pidana dhateng Ki Ratasu ingkang ngaken-aken minangka siswanipun Eyang Kepuh, ingkang pranyata tiyang ingkang kekudhung asamanipun Eyang kepuh kangge mbalithuk tiyang kathah.

"Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Raden" sareng sampun saantawis sami kendel Ki Lurah Wiguna miwiti wicanten malih "kula lan para warga Gunungwijil saestu boten mangertos menawi sampun kajlomprongaken dening Ki Ratasu temah sampun nggadhahi pamanggih ingkang klintu dhateng inkang Eyang . Kula miwah warga Gunungwijil ugi ngaturaken genging panuwun dene Raden sampun kepareng rawuh saha madhangaken pepeteng ingkang wonten ing padhusunan mriki niki".

"Mangke rumiyin Ki Lurah" Darim tumanggap kaliyan mesem "estunipun anggen kula ngantos dumugi mriki niki wau rak namung dhawah kaleresan kemawon?. Saupami kala wau sonten kula boten kadenangan sesuci ing pancuran kepuh saha nindakaken sembahyang ing siti ingkang kaanggep minangka plataraning Kraton Kepuh, kula kinten kula sampun tebih nilaraken laladan mriki".

"Inggih Raden" Lurah Wiguna suka wangsulan "nanging wajib tumrap kula lan brayat ing Gunungwijil mriki ngaturaken panuwun dhateng Raden ingkang sampun mbikak wewadinipun Ki Ratasu ingkang sampun tebih anggenipun njlomprongaken manah tuwin nalar kula lan tiyang Gunungwijil sedaya magepokan kaliyan ingkang Eyang".

"Sakniki ngaten kemawon Ki Lurah" Darim wicanten "kula nyuwun wekdal kangge ndongeng, ingkang dongeng punika mangke saged dipun penggalih dening Ki Lurah miwah para kadang ing Gunungwijil mriki murih boten gampil kajalomprong, boten gampil dipun blithuk dening tiyang ingkang pados - pados . Pripun menawi makaten Ki Lurah saha sedherek sedaya? kersa mirengaken doneng kula punapa boten?" .

"Mangga Raden kula aturi enggal kadhawuhaken kemawon" Ki Lurah wangsulan kaliyan sajak remen manahipun.

"Inggih Raden, kula sami badhe remen sanget menawi Raden kersa paring dhawuh makaten punika kala wau" saur manuk titiyang sapendhapa sami wangsulan.

Darim kendel sakedhap, nyandhak cangkir ning ngajengipun nyruput sisaning kopi ingkang kalawau kasegahaken dening rewangipun Ki Lurah. Lajeng nata anggenipun linggih, nunten miwiti wicanten malih :

"Ki Lurah lan para kadang sedaya, mila leres bilih Ki Ratasu punika meh sedaya ingkang dipun criyosaken dhateng andika sami mliginipun ingkang magepokan kaliyan kawulaning Gusti ingkang nami Eyang Kepuh, punika dora utawi goroh. Mesthinipun botena kula aturaken, ndika sadaya mesthi sampun pirsa sasampunipun Ki Ratasu wawan rembag kaliyan kula kala wau inggih napa boten ?"

"Inggih leres Raden" Ki Lurah Wiguna tuwin tiyang-tiyang sami wangsulan sareng.

"Nah, samangke gentos kula badhe pitaken dhateng andika danten, menawi samangke ndika sampun boten badhe pitados malih dhateng Ki Ratasu ingkang suwaunipun sedaya wicantenipun ndika anggep leres, lajeng kados pundi kaliyan wicanten tuwin cariyos ingkang medal saking tutuk kula? nDika pitados punapa boten?" pitakenipun Darim dhateng Ki Lurah tuwin tiyang-tiyang Gunungwijil.

"Inggih Raden kula sedaya sami pitados dhateng sedaya dhawuhipun Raden" tiyang-tiyang sami wangsulan.

"Ngaten inggih para kadang" Darim wicanten kaliyan sareh "tiyang pitados dhateng tiyang sanes ing babagan gaib, utawi prakawis ingkang boten saged dipun nalar, langkung-langkung dhumateng tiyang ingkang dereng dipun tepangi saderengipun, punika kedah ngatos-atos daos boten gampil kesasar ing pamanggih".

Darim kendel sakedhap anggenipun wicanten, tiyang-tiyang sami pating plenggong sajak kirang mangertos kaliyan punapa ingkang dipun ucapaken Darim, kalebet Ki Lurah Wiguna inggih namung ndomblong kemawon awit wangunipun inggih dereng mudheng kaliyan wicantenipun Darim.

"Gampilipun makaten" Darim lajeng nggenahaken wicantenipun "nalika kula ngaken bilih kula punika putunipun Eyang Kepuh, ndika sedaya lajeng pitados ngaten kemawon. Punika kenging menawi nuju boten ngepasi wonten kedadosan ingkang kados niki wau, utawi malih menawi kula boten gadhah pamrih punapa-punapa kajawi namung wangsulan menawi wonten tiyang taken dhateng kula : Darim kowe kuwi putune sapa? lajeng kula mangsuli putune Eyang Kepuh, ngaten punapa-punapa, nanging menawi anggen kula ngaken kados kala wau prayoginipun boten kesesa dipun pitados, kedah kanalar langkung rumiyin, cundhuk kaliyan nalar ingkang waras punapa boten. Menawi boten klebet ing nalar inggih langkung sae menawi lajeng boten dipun pitados ngaten kemawon, tinimbang damel sasaring pikiran. Samangke anggen kula ngaken bilih kula punika putunipun Eyang Kepuh mlebet ing nalar punapa boten?"

Tiyan-tiyang sami gedheg-gedheg, sansaya boten mudheng kaliyan ingkang dipun ucapaken dening Darim, temah boten wonten ingkang semaur babar pisan. Darim ngertos menawi tiyang-tiyang sami kewetan anggenipun badhe wangsulan. Pramila lajeng nyambung wicantenipun :

"Ngaten kemawon, kula badhe tangklet ingkang gampil-gampilan mawon, menawi wonten tiyang menungsa kados kula lan andika sami ngaten punika dumadakan gadhah anak cempe, utawi gudel, utawi kuthuk, makaten punika klebet nalar punapa boten ?"

"Temtu kemawon boten Raden" Ki Lurah Wiguna suka wangsulan "wiwit jaman kuna makuna naminipun manungsa punika menawi gadhah anak inggih bayinipun manungsa, dede cempe utawi gudel".

Tiyang-tiyang ugi lajeng ngguyu sareng, ngleresaken wangsulanipun Ki Lurah ingkang makaten punika.

"Leres Ki Lurah" Darim tumut gumujeng lan ngleresaken wangsulanipun Ki Lurah "sakniki kula tangklet malih, Eyang Kepuh punika  kinten-kinten bangsanipun manungsa punapa sanes? menawi kula wastani bilih Eyang Kepuh punika kalebet bangsa alus, utawi jinising Jim, setan, peri prayangan kinten-kinten leres punapa boten?".

"Menawi kula pitados bilih Eyang Kepuh punika dede bangsanipun manungsa Raden" Ki Lurah wangsulan cetha "lan kula langkung pitados bilih Eyang Kepuh punika inggih kalebet bangsa alus, panunggilanipun Jim, Setan, Peri, Prayangan".

Tiyang-tiyang sami gumrenggeng malih, sami ngleresaken wangsulanipun Ki Lurah.

"Dados menawi menungsa punika anakipun menungsa, mesthinipun bangsa alus punika menawi gadhah anak wujudipun inggih bangsa alus, rak makaten ta? Sak niki ndika miturut ndika sedaya kula punika bangsa alus punapa bangsa menungsa? menawi kula bangsa alus mesthi kemawon boten saged dipun senggol, boten ngambah lemah, boten terus-terusan katingal, boten saged diajak jagongan kaliyan tiyang kathah, boten nedha sekul, ngombe wedang kados punika. Inggih punapa inggih? Lajeng menawi kula punika manungsa kados ndika sedaya, lajeng kula ngaken-aken bilih kula putunipun bangsa alus, klebet nalar punapa boten? ingkang pitados bilih bangsa alus punika gadhah anak manungsa punika nalaripun sampun pas punapa dereng?".

Darim ngendeli anggtenipun wicanten, lajeng ningali praupanipun tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa kalurahan kaliyan mesamk-mesem.  Ki Lurah Wiguna tuwin tiyang-tiyang Gunungwijil ingkang wonten ing pendhapa mriku sami manthuk-manthuk, ugi kaliyan mesem radi kecut.

"Niki ngaten para kadang kula sedaya" Darim wicanten malih "saupami ingkang mastani kula anak dhemit punika tiyang sanes, kula mesthi badhe muring. Nanging kala wau kula malah ngaken piyambak menawi kula punika putunipun Dhemit, lucu punapa boten? Menawi lucu kok boten wonten ingkang gumujeng? Punika kala wau wonten sababipun. nDika sedaya ngersakaken pirsa sababipun punapa boten?".

"Inggih Raden, punapa sababipun?" Ki Lurah Wiguna pitaken kaliyan mesam-mesem.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 50

 


50.

Tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa kalurahan Gunungwijil sadaya sami bingung kaworan ajrih. Tiang-tiang punika sampun sumerep katiyasanipun Ki Ratasu ingkang sekti mandraguna sugih jimat sugih kemat. Nanging Ki Lurah lan tiyang sanesipun ugi sampun sumerep piyambak bilih nem-neman ingkang nami Darim punika ugi nggadhahi kasekten ingkang nggegirisi. Ki Ratasu ingkang kondhang minangka siswanipun Eyang Kepuh, dipun gorohaken dening Darim ingkang criyos bilih sedaya siswanipun Eyang Kepuh sampun tepang kaliyan piyambakipun, mesthinipun menawi Ki Ratasu nyata siswa saking Eyang Kepuh tartamtu sampun ngertos naminipun nem-neman punika, nanging kanyatanipun babar pisan dereng tepang.

"Rungokna Ki Ratasu" sareng sampun mandheg anggenipun gumujeng Darim lajeng wicanten "nek wong liya kena wae kok apusi nek kowe kuwi muride Eyang Kepuh, aja maneh kok mung ngaku muride lha wong upama kowe ngaku nek gurune Eyang Kepuh wae, wongt-wong iki ya padha percaya merga saking lugune.  Lha nek aku? genah wae ora bisa kok blithuk, merga aku iki Darim putune Eyang Kepuh. Mula kanggo ngentheng-enthengi paukuman sing bakal kok tampa, diage kowe njaluk pangapura lan ngakoni kabeh kaluputanmu neng ngarepe Ki Lurah Wiguna lan  para warga ing Gunungwijil kene".

Tiyang-tiyang ingkang mireng wicantenipun Darim lajeng sami pating plenggong, gumun. Boten wonten ingkang nyana menawi nem-neman ingkang wau sonten badhe dipun pidana awit kadakwa keceh toyaning pancuran kepuh, jebul taksih wayahipun Eyang Kepuh piyambak. Ki Ratasu ingkang ugi mireng wicantenipun Darim lajeng sumerep ewahipun praupane tiyang Gunungwijil ingkang katingal pitados kalih ingkang dipun ucapaken Darim, sakala muntab. Katujune enggal pikantuk ukara kangge mangsuli wicantenipun Darim.

"Mengko dhisik" Ki Ratasu wicanten sareh boten nggetak-getak kados wau "yen keng slira bener isih wayahe Eyang Kepuh, keng slira kuwi putrane sapa lan ngagem asma sapa?".

"Ha ha ha....." Darim wangsul gumujeng malih, lajeng wicanten "sansaya katon olehmu goroh Ki Ratasu. Kabeh wae mbuh kuwi dhemit mbuh kuwi manungsa sing tau tepung karo Eyangku, mesthi wis padha weruh nek putrane Kanjeng Eyang Kepuh kuwi mung siji, yaiku Bapakku sing asmane Raden Sawung Dhedhali. Kowe sing ora ngerti nanging ngaku-aku ngerti dadi kawiyak wadimu dhewe, hayo arep omong apa maneh kowe?".

"Aku ngerti pancen putrane Eyang Kepuh kuwi mung siji, yaiku Raden Sawung Dhedhali, karepku keng slira iku patutan karo putri sing endi ngono lho Adhi Darim" wangsulanipun Ki Ratasu kepireng saklangkung alus, malah kepara ngaturi Adhi dhumateng Darim.

"Cukup Ki Ratasu" Darim wangsulan kanthi suwanten anteb "ora sah kok dedawa nggonmu wicara dora mundhak sansaya katon akeh bodhomu, Raden Sawung Dhedhali kuwi satriya wadat selawase ora tau kagungan garwa. Aku iki dumadi saka cipta kang kang manjing sajroning tumetesing kringet saka salirane Raden Sawung Dhedhali dhuk rikala nampa Aji Guntur Sakethi saka  Malaikat Jabarail, nalika Raden Sawung Dhedhali teki-teki neng pucuking Gunung Raung. Wis cetha yen kowe kuwi wong ngawu gawar kanggo ngapusi wong akeh. Mula saiki kowe gelem njaluk npangapura apa ora?".

Sadaya panyawang tumuju dhateng Ki Ratasu ingkang sampun kadenangan sedaya anggenipun apus-apus. Tiyang-tiyang wiwit gumrenggeng rembagan kaliyan ntiyang sacaketipun ngrembag prakawis Ki Ratasu ingkang sadangunipun punika dipun aji-aji minangka tiyang pinter ingkang waskitha tur wicaksana jebul kadenangan namung tiyang ingkang adol umuk ngapusi sakathahing tiyang.

"Darim" dumadakan Ki Ratasu wangsul nyuwanten sugal "pancen wasis kowe micara, temah wong-wong padha katut kabeh marang wicaramu. Ing ngarep wus tak kandhakne yen Keris Kyai Nagageni wis tak unus saka wrangtkane ngene iki, ateges baline menyang warangka maneh yen wis ngombe getihe manungsa, mula nyata kowe perwira ayo adhepana kridhane Kyai Nagageni iki".

Rampung anggenipun wicanten ngaten punika, Ki Ratasu lajeng mlumpat mangajeng badhe nuwak dhadhanipun Darim mawi wangkingan Kyai Nagageni. Nanging Darim langkung prayitna, panyudukipun Ki Ratasu saged dipun endhani kaliyan nginger adegipun, temah panyudukipun Ki Ratasu boten kenging, saking rosanipun Ki Ratasu badanipun ngantos kasurung majeng, keris ingkang boten ngengingi dhadhanipun Darim bablas ngengingi sakaning Pendhapa Kalurahan, temah ambles dumugi kembang kacangipun keris. Ki Ratasu kepengin njabut keris ingkang ambles ing saka kala wau, nanging kawratan, keris kados dipun cepit dening serating kajeng saka. Darim enggal tumandang, Ki Ratasu ingkang nembe ungkang-ungking nyobi njabut kerisipun dipun tampel tanganipun lajeng dipun pluntir dhateng wingking kaliyan bangkekan katindhihan suku dening Darim. Ki Ratasu bangga nanging  boten saged punapa-punapa. Wekasan Darim kados telas sabaripun, tanganipun Ki Ratasu ingkang dipluntir lajeng dipun untir malih temah ucul sambunganing balung sikut. Ki Ratasu mbengok banter lajeng dhawah boten eling punapa-punapa.

Darim lajeng nedhi tulung dhateng tiyang ingkang wonten pendhapa murih Ki Ratasu ingkang nembe semaput dipun angkat kaselehaken dhateng gelaran. Watawis sapanginang dangunipun Ki Ratasu sempaut, lajeng emut malih. Nanging tanganipun sampun boten kenging kaebahaken. Ki Ratasu namung saged gereng-gereng sambat sakit.

"Ki Ratasu" Darim wicanten dhateng Ki Ratasu "aja kuwatir, rasa lara ing tanganmu sedhela maneh mesthi tak tambani. Nanging, entenana sawise rampung nggonku nguras aji jaya kawijayanmu, kabeh ngilmu sing ana awakmu bakal tak jupuk lan tak buwang murih kowe ora bisa apa-apa. Jalaran ngilmu sing ana ragamu kuwi ora ndadekne kowe bisa urip mulya sarana kok enggo aweh pitulungan marang pepadhaning titah sing mbutuhake pitulungan, nanging ngilmumu malah ndadekne uripmu nistha awit wis kok anggo nyebar pitnah lan mblithuki wong akeh".

Sasampunipun wicanten makaten Darim lajeng linggih sila, tanganipun tengen dipun tumpangaken dhadha . Sasampunipun makaten, lajeng gegeripun Ki Ratasu dipun templeki kaliyan epek-epek. Ki Ratasu mbengok banter, saking mbun-mbunanipun katingal kumedhul kados keluk ingkang medal saking bedhiyang. Boten dangu Ki Ratasu lajeng kendel anggenipun bengok-bengok sambat sakit. Praupanipun ketingal pucet, cahyanipun ical, Ki Ratasu katingal kados tiyang ingkang boten gadhah nalar. Eloking kawontenan, tanganipun Ki Ratasu ingkang dipun untir Darim kala wau samangke sampun pulih, boten abuh malih. lan ketingal boten sakit.

"Ki Ratasu, saiki kowe wis ora duwe daya kekuwatan linuwih" Darim wicanten dhateng Ki Ratasu "minangka paukumanmu nggonmu wis adol umuk ngapusi wong Gunungwijil kene, wiwit dina iki kowe kudu lunga saka kene lan ora kena ngambah laladan Gunungwijil kene maneh. Yen kowe gelem mertobat nynyuwun pangapura marang sing Nyipta Jagad, ngilmumu sing mau wis ilang bakal bali menyang kowe maneh sajroning wektu pitulikur tahun, ksosk baline nek kowe ora gelem mertobat marang sing Maha Kuwasa, saungkurmu saka Gunungwijil kene kowe bakal kena lelara sing banget nggegilani kanthi rasa gatel lan panas sing ora ana mendhane nganti pitung tahun suwene wekasan kowe bakal mati amarga lelara kuwi mau".

"Matur nuwun Raden, dene paduka taksih maringi gesang dhateng kula" kaliyan ngusapi eluh Ki Ratasu atur wangsulan dhateng Darim "samangke kaparenga kula nyuwun pamit badhe nilar bumi Gunungwijil mriki".

"Iya sing ngati-ati" wangsulanipun Darim "kabeh welingku eling-elingen lan titenana bener apa orane".

Ki Ratasu nunten medal nilar pendhapa nasak petenging dalu.

 

ana candhake.

 


Senin, 27 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 49

 

 

49.

Jebul padhusunan ingkang nami Gunungwijil punika boten patos tebih saking wana papanipun Pancuran ingkang criyosipun gadhahanipun Eyang Kepuh niku wau. Watawis namung let sewu jangkah kemawon. Pramila namung sakedhap anggenipun sami mlampah, sampun dumugi griyanipun Wiguna ingkang nglurahi padhusunan mriku niku. Bangkenipun sima ingkang dipun gotong rame-rame dening kanca-kancanipun Wiguna kala wau lajeng dipun selehaken ing plataranipun kalurahan Gunungwijil, ingkang ugi griyanipun Lurah Wiguna piyambak. Sanaosa wancinipun sampun radi dalu, nanging dupi mireng bilih wonten sima ingkang saged kapejahan lan bangkenipun dipun selehaken ing plataran kalurahan, para warga nunten kathah ingkang ndugeni namung saperlu kepengin sumerep wujudipun sima kewan galak ingkang dados rajanipun para buron wana punika. Radin-radin ingkang sami sumerep lajeng sami eram awit saking agengipun sima ingkang meh sak maesa punika. Langkung-langkung nalika dipun criyosi bilih sima punika pejah awit kapupuh mawi tangan lamba dening nem-neman ingkang nami Darim, tiyang-tiyang ugi lajeng sami kepengin sumerep menggah wujuding nem-neman kala wau. Pramila plataran Kalurahan punika sansaya dalu dados sansaya rame.  Sami ningali tiyang-tiyang ingkang nguliti saha ngopeni bangkenipun sima, nanging ugi sami ningali saking katebihan wujudipun Darim ingkang nembe linggih ing jogan pendhapa jejagongan kaliyan Lurah Wiguna lan sawatawis Bayan lan pamonging desa sanesipun.

Dalu punika boten namung tiyang-tiyang jaler ingkang sami rame, nadyan tiyang estri inggih kathah ingkang dipun damel repot, awit Ki Lurah Wiguna nunten mrentahaken dhateng Nyai Lurah supados olah-olah kangge nyugata Darim ingkang kanggep minangka tamu wigatos, ugi kangge tedhanipun para-para ingkang suwau ndherek dhateng pancuran kepuh lan titiyang ingkang samangke ngupakara bangkenipun sima.

Nalika samanten Ki Lurah Wiguna lan para pamong sami rerembagan kaliyan Darim prakawis kawingitanipun Pancuran Kepuh tuwin asringipun Eyang Kepuh ndhawahaken walat dhateng warga ing Gunungwijil, jalaran wonten tiyang ingkang sampun wantun mendhet toyanipun pancuran utawi tumindak ingkang kaanggep lepat dening Eyang Kepuh. Kamangka ingkang nindakaken awisan kala wau dede tiyang Gunungwijil, nanging ingkang nampi walatipun tiyang Gunungwijil.

"Dados Eyang Kepuh punika nggadhahi kasekten ingkang sakalangkung inggil inggih Ki?" Darim nyelani takon marang Ki Lurah Wiguna.

"Mila makaten Anakmas, ugi wadya balanipun Eyang kepuh punika boten saged kawilang cacahipun sedaya sami nggadhahi kadigdayanlangkung-langkung ing babagan nyebar teluh" wangsulanipun Ki Lurah Wiguna.

"Mangke rumiyin Ki Lurah" Darim wicanten malih "ing ngajeng Ki Lurah ngendikakaken bilih Eyang Kepuh punika remen ndhawahaken walat dhumateng tiyang ing Gunungwijil mriki. Punapa estu bilih walat punika estu-estu saking Eyang Kepuh? manawi dede saking Eyang Kepuh, harak sami kemawon Ki Lurah lan para warga sami ndakwa boten sae dhateng Eyang Kepuh? Inggih punapa boten? Kados ingkang kula aturaken dhateng Ki Lurah sonten wau nalika Ki Lurah badhe ndhawahaken pidana dhateng kula, estunipun Eyang Sepuh punika boten bodho lan kagungan sipat ingkang wicaksana, boten remen ganggu damel dhateng tiyang ingkang boten tumindak dosa. Nanging menawi dipun dakwa awon, inggih limrah menawi Eyang Kepuh lajeng dados duka".

"Punika makaten anakmas" wonten salah satunggaling Bayan ingkang sampun radi sepuh nigas rembag wicanten dhateng Darim "pamanggih bilih titiyang ingkang sakit utawi sanesipun punika awit kadhawahan walatipun Eyang Kepuh punika mawi dhasar dados boten namung waton ndakwa".

"Dhasaripun punapa Ki?" Darim gentos pitaken.

"Ing wanci dalu menawi Eyang Kepuh ndhawahaken walatipun punika, ketingal saking mriki wonten kados kembang api ingkang minggah dhateng nginggil wongsal-wangsul, punika tandha ebahing walat" Kabayan Sepuh wau suka wangsulan.

"Kembang api minggah saking ngandhap manginggil? kawastanan tandha teluhipun Eyang Kepuh punika sinten ingkang criyos? punapa wonten ingkang dipun paringi sumerep dening Eyang Kepuh? awit saged ugi punika dede ebahing teluh, nanging tandha sanesipun" Darim wicanten malih nanggapi wangsulanipun Kabayan sepuh wau.

"Ingkang paring pirsa menawi punika tandhanipun teluh punika siswanipun Eyang Kepuh piyambak Anakmas, dados kula lan warga mriki inggih lajeng pitados" ingkang wangsulan gentos Ki Lurah Wiguna.

"Siswanipun Eyang Kepuh? saestu punapa namung tiyang ingkang ngaken-aken minangka siswanipun Eyang Kepuh Ki Lurah? Awit sangertos kula, Titahipun Gusti ingkang sajinis kaliyan Eyang Kepuh makaten punika gadhah wewatakan ingkang meh sami kaliyan kula lan panjenengan, boten ngawur suka midana tiyang ingkang boten dosa" Darim gentos mangsuli wangsulanipun Ki Lurah.

"Lha menawi punikia kula ingkang dereng ngertos Anakmas" wasana Ki Lurah waleh "siswanipun saestu punapa sanes sepisan malih kula boten ngertos, nanging kula pitados jalaran ajrih dhateng piyambakipun".

"Nuwun sewu Ki Lurah" Darim wicanten sareh "siswanipun Eyang Kepuh punika tiyang pundi? asmanipun sinten? kok kula taksih kirang pitados menawi piyambakipun punika estu siswanipun Eyang Kepuh?".

"Inggih Anakmas, asmanipun Ki Ratasu manggenipun ing sabranging Benawi, menawi anakmas ngersakaken kepanggih kaliyan panjenenganipun Anakmas saged tindak mrika".

"Sapa sing kepengin weruh jenengku lan ngendi omahku Lurah Wiguna?" dumadakan wonten tiyang setengah yuswa ingkang minggah ing pendhapa, tanpa taha-taha lajeng nyuwanten sora pitaken dhateng Ki Lurah Wiguna.

Sadaya ingkang sumerep sami pucet praupanipun, ketingal menawi sami ajrih, awit tiyang kala wau ngetingalaken bilih piyambakipun nembe muring. Kawontenan sakala dados tintrim, sepen, boten wonten ingkang wantun cemuwit. Sareng radi dangu boten wonten ingkang nyuwanten, tiyang kala wau taksih kalih ngadeg ngunus pusakanipun wujud wangkingan panjang mawi luk dhapur Nagageni, kalih wicanten :

"Ayo sapa sing nggoleki aku? He aja padha mbidheg wae, tuduhna aku kepengin ngerti wujude menungsa sing degsura kumawani nakokne muride Eyang Kepuh. Kowe kabeh aja ndadak ngenteni nesuku luwih dhisik".

Tiyang sapendhapa sansaya ajrih, malah tiyang-tiyang ingkang wonten ing plataran ugi sami katut ajrih. Sumurup kedadosan makaten kala wau, Darim lajeng ngadeg sarwi ningali tiyang ingkang nembe dugi niku, Darim lajeng wicanten kaliyan suwanten sajak ngece :

"Ooo, ndika ta sing wani-wani ngaku dadi siswane Eyang Kepuh kuwi?".

"He sapa jenengmu Bedhes?" tiyang ingkang naminipun Ratasu punika nggetak kaliyan taken dhateng Darim.

"Nek omong aja seneng bengak-bengok Ki Ratasu, sing kok takoni ora ana sing suda rungon" wangsulanipun Darim kepireng radi muring.

"Ditakoni ora ngaku malah omong kaya wong edan, nek gak budheg kupingmu, ngakuwa sapa jenengmu He?" Ratasu sansaya nemen anggenipun muring.

"Pancen tak sengaja, aku ora mangsuli pitakonmu, merga nek kowe temen-temen muride Eyang Kepuh kowe mesthi wis ngerti sapa sejatining aku, sebab kabeh siswane iya sing bangsa manungsa iya sing bangsa jim kabeh mesthi wis ngerti lan weruh sapa jenengku. Saiki ketok cetha nek kowe mung ngaku-aku lan wis ngapusi wong sak Gunungwijil kabeh, sing luwih gedhe dosamu kowe wis bola-bali gawe pitnah ngucemake asmane Eyang Kepuh kok dakwa seneng nyebar teluh lan nibakne walat marang wong sing tanpa dosa. Kowe kudu nampa pidana Ki Ratasu".

"Keparat setan alas kowe, ngakuwa sadurunge tak sudhet wadhukmu nganggo Kyai Nagageni sing wis ngelak kepengin selak ngombe getih iki" Ki Ratasu nggetak kaliyan ngethungaken wangkinganipun dhateng Darim.

Darim gumujeng latah-latah, babar pisan boten ngreken dhateng Ki Ratasu ingkang praupanipun sampun mbrabak abang mangar-mangar kados ulam yuyu kacemplung ing toya umub.

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...