Total Tayangan Halaman

Senin, 01 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 17

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

17.

Pas Karmini mlaku menyang Mushalla neng lorong Rumahsakit dheweke weruh, tangga-tanggane Bu Asper. Ketoke arep padha bezuk, Karmini api-api ora weruh terus bablas olehe arep menyang Mushalla. Pikire, mengko wae nek bar sembahyang melu nemoni. Tujune wong-wong mau ya ora ngingeti Karmini, dadi ya ora ana sing aruh-aruh. Ora mung butuh arep sembahyang thok, Karmini ya nunut adus pisan neng kamar mandhi Mushalla kono, dadi bar sembahyang awake isih krasa seger. Bubar sembahyang Karmini enggal-enggal mbalik maneh menyang kamar panggonane Bu Asper dirawat. Olehe mlaku ora ngingeti ngendi-endi, karo ndhingkluk ngener tumuju papan sing dituju. Lagi ndengengek nalika wis meh tekan ngarep lawang kamare Bu Asper. Sepira kagete atine Karmini, nalika dheweke pas ndengngek nyawang mengarep dumadakan panyawange tatapan karo mripat loro sing uga nyawang dheweke, kanthi panyawang murup ngandhut kanepson lan rasa gething semu gila marang Karmini. Karmini mandheg, ora nerusne lakune, sawuse genah sapa sing nguwasi marang dheweke, banjur ndhingkluk ora kumecap apa-apa.

 

"Arep ngapa kowe mrene?" Hartini, wong sing mau nguwasi Karmini karo sorot mripat sing murup nakoni Karmini.

 

"Nyuwun pangapunten Den Ayu....."  Karmini wangsulan alon nanging cetha dirungokne "kula nembe saking Mushalla....".

 

"Aku gak takon kowe saka ngendi" wangsulane Hartini galak, najan suwarane ora banter "isih kurang lega rasaning atimu? Iya, isih arep kok sengkakne ben niyatmu enggal bisa kasembadan? Dahasar anak lonthe".

 

Krungu tembung sing kasar lan ngarani nek simboke lonthe, Karmini kaya dadi krasa panas kupinge. Sirahe diangkat, Sri Hartini disawang wani, karo lambe sing kedher ngampet ubaling geni sing ngobong pangrasane Karmini wangsulan :

 

"Nuwun sewu, Den Ayu kenging ngina lan nyepelene kula, Karmini boten badhe napa-napa, nanging Den Ayu sampun nyenggol-nyenggol tiyang sepuh kula sing boten ngerti napa-napa.......".

 

"Kowe ora trima ya? Ora trima merga tak arani anak lonthe? Pancen simbokmu kuwi Lonthe, nek ora trima arep ngapa kowe?. Aku mung omong sing sabenere wae, kowe wis nesu arep wani karo aku? Apa rumangsamu atiku ora lara? Merga klakowanmu Ibuku dadi gerah nganti mlebu Rumah Sakit iki? Nek kupingmu ora budheg, matamu ora picek, kowe ngerti sing ndadekne Ibu nganti tensine munggah dhuwur, malah jarene Mas Heru mau ana tandha-tandha gejala stroke barang, kuwi merga Ibu ngempet rasaning penggalihe nggone menggalih Bagus sing merga kena plengket pengasihane Simbokmu sing tandhak tayub kae, Bagus dadi bubrah pikirane ngeboti kowe tinimbang sedulur lan wong tuwane.......".

 

"Mangke rumiyin Den Ayu......" Karmini nggeget untune, driji-driji tangane wiwit dikepelne. Arepa kaya ngapa, Karmini kuwi biyen jaman sekolah iya tau melu pelajaran ekstra kurikuler, Pencak Silat sing diwulangake ing sekolahane, Karmini wis kasil katut disahne dadi Warga Persaudaraan Setia Hati Terate, sing salah sijine mulangake ora niyat golek musuh, nanging yen kepethuk tan bakal mingkuh  (musuh tidak dicari bila bertemu tak akan lari). Sore kuwi, ora kedhisikan ngimpi apa-apa, dumadakan ana wong teka ing ngarepe, nguman-uman tanpa pawadan, ngundamana golek perkara. Karmini eling jati dhirine, nadyan tinitah wadon ora ateges kudu mung dadi Kembang Mlathi sing arum gandane, nanging kudu bisa dadi mawar sing bisa migunakake eri sing tuwuh ing ragane, kanggo mbela kahurmatane.

 

"Gak sah kakehan gunem sing tanpa guna" dumadakan Sri Hartini nggetak "aku wis ngerti, tekamu mrene api-api arep nuduhne nek duwe rasa kawigaten marang wong tuwane Bagus ta? Ben wong-wong padha kapusan banjur ngarani kowe kuwi wong sing duwe budi luhur, sanajan ora diakoni dadi mantune, nanging bareng Ibu gerah kowe isih gelem tilik ? . Tujune konangan aku, upama kowe kebacut mlebu lan Ibu nganti pirsa rerupanmu sing njejemberi kuwi, tan wurunga bakal nambahi santer gerahe Ibuku. Saiki kowe milih minggat saka kene, apa ndadak ngenteni tak celukne Satpam supaya ngrangket kowe?".

 

Meh wae, tangane Karmini kumlawe arep napuk lambene Sri Hartini. Nanging dumadakan, wewayangane Harmana bojone Sri Hartini sing Perwira Polisi kuwi liwat ing angen-angene. Karmini dadi mikir, nek nganti kedadeyan dheweke nibakne tangane marang Sri Hartini lan kedaden tukaran, kira-kira ora nganti sapanginang Hartini mesthi wis rubuh njebabah ndhepani lemah, nanging buntute bakal dadi dawa. Arepa dheweke rumangsa bener, nanging bisa wae Harmana tetep luwih milih ngrewangi bojone, Karmini mesthi bakal dirangket, dikecrek tangane dadi tahanan. Lan ing alam maya, Karmini dumadakan weruh wewayangane Karmin Bengkring, Bapak-e, lagi lungguh karo drijine mipili kawat siter, disamb karo ura-ura :

 

Dedalane guna lawan sekti,

kudu andhap asor,

wani ngalah luhur wekasane,

tumungkula lamun den dukani,

bapang disingkiri,

ana catur mungkur.

 

Sanajan uran-uran kuwi jarene kanggo sangune sing arep suwita utawa ngabdi, nanging uga cocog yen ditujokne marang Karmini sing lagi berjuang mbangun Rumah Tangga karo Bagus. Supaya anggone urip karo Bagus bisa nurunake anak-anak sing becik, kudu andhap asor lan kudu wani ngalah murih ing tembe bisa antuk drajat sing luhur, yen ora dheweke ya tibaa marang anak-anake. Luwih becik tumungkul nalika nampa deduka, wektu kuwi dheweke kudu weruh arepa dikaya ngapa, Hartini kuwi sedulur tuwane Bagus, sisihane, guru sing dibekteni. Dadi kudu nyingkiri bapang, utawa pepalang sing bisa murungake gegayuhane lan luwih becik mungkur ora ngladeni caturane Hartini sing nek diladeni bakal nuwuhake brahala.

 

Alon-alon tangane sing ngepel lan wis arep digunakne kanggo napuk Hartini kuwi diudhunke. Karo ndhingkluk Karmini mbalikne adhepe, banjur ngalih ninggalne Hartini sing isih katon abang mangar-mangar praupane. Lakune Karmini nadyan alon nanging ora noleh ngiwa lan ora noleh nengen, bablas tumuju lawang metu saka Rumah Sakit.

 

"Lho kuwi rak mBak Karmini garwane Mas Bagus ta?" dumadakan nalika lakune Karmini wis teka plataran Rumah Sakit, ana wong aruh-aruh. Karmini ndengengek, nyawang wong sing nglorohi dheweke. Bu Ningrum karo Pak Yunus, mesem semanak karo nyawang Karmini. Bu Ningrum kuwi Guru ing SMA Negeri Ngawi, isih kapernah adhine Pak Dokter Heru, let siji.

 

"Oh, Bu Ningrum ta? kula wau boten ngertos" Karmini mbales wangsulan karo mesem.

 

"Kados pundi kabaripun Keng Ibu ?" Bu Ningrum takon "niki wau kula rak dikabari Mas Heru, nek Bu Asper dirawat  teng VIP Nomer kalih sing nenggani mBak Karmini, ngoten".

 

"Inggih Bu Ningrum" Karmini wangsulan "alhamdulillah kawontenanipun sampun radi sae, ketingalipun kantun nengga akase mawon, sampun kersa dhahar, ngunjuk lan endikanipun ugi sampun kathah. Mangga menawi badhe tuwi, wau Mas Tiok kaliyan mBak Vero nembe mawon kundur, sak niki ingkang nembe rawuh Den Ayu Sri Hartini kaliyan garwanipun. Nyuwun pangapunten kula badhe pados kopi dhateng wande rumiyin, kadhung ketagihan ngeten niki, nek mboten enggal diombeni mumete boten mantun-mantun".

"Oh, inggih mBak" Bu Ningrum wangsulan karo ngguyu "mangga menawi makaten, kula kalih Pak-e tak mrika rumiyin".

 

"Inggih Bu, Nyuwun pangapunten" wangsulane Karmini sing banjur lungguh neng buk plawangan Rumah Sakit. Karmini bingung, mau dhompete dilebokne tas awor saline sing diseleh neng ngisor amben sing kanggo sare Bu Asper. Dadi upama arep bali Karmini ya ora bisa, merga kajaba Angkota jurusan Sidowayah ya wis ora ana, dheweke ya ora nggawa dhuwit babar pisan.

 

ana candhake.

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 16

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

16.

Vero lan Tiok wingi kae pas dolan nyang omahe Karmini, wong loro kuwi isih krungu nek anggone Karmini nyebut maratuwane isih nganggo sebutan "ndara putri" lan ora krungu nganggo sebutan "Ibu", lha kok iki mau nganggo sebutan Ibu, kamangka malah ana sacedhake Ibune. Tiok nggagas, apa kira-kira mau Ibune wis ngandhani Karmini kaya olehe ngandhani wingi supaya ora nyeluk dheweke nganggo sebutan Den, nanging dikongkon ngganti nganggo sebutan Mas, merga Karmini kuwi sisihane Bagus, adhine. Tiok, bali nyawang marang Ibune maneh, merga Bu Asper ngendika, nakokne bojone Bagus.

 

"Lha bojone Bagus mau wis bali ta Yok?" sanajan pitakonan kuwi ditujokne marang Tiok, nanging wong sakamar krungu kabeh merga pancen ya suwarane Bu Asper keprungu cetha.

 

"Wonten dhawuh punapa Ibu? kula wonten mriki?" durung nganti Tiok wangsulan Karmini wis ngadeg nyedhaki maratuwane karo guneman.

 

"Tak kira nek wis bali, wong mau awakmu omong nek arep gentenan karo Bagus" wangsulane Bu Asper "gek Bagus ya wis teka".

 

"Dereng kok Ibu" Karmini nyauti gunem, banjur nari maratuwane "niki wau mBak Vero ngasta buwahh-buwahan, Ibu ngersakaken dhahar Apel punapa Jeram ?"

 

"Iya aku ya wis ngerti, anu aku oncekna apel wae tak nggene nambani paite ilat" Bu Asper kandha kepengin dhahar apel, banjur ditutugne ngendika kaya ditujokne marang awake dhewe "sak jane aku kepengin mengko bengi kuwi dikancani Bagus karo Karmini.......".

 

"Inggih Buk" Bagus sing uga krungu olehe grenengan ibune gage nyaut karo ngadeg nyedhak "mengke Ibune Arka kersane boten wangsul, tiyang kala wau mBahe nggih empun ngandhani kula murih Ibune Arka boten wangsul rumiyin".

 

"Lha jaremu Ibune Arka kuwi nek esuk ngiderne dagangan tempe neng pasar? lha nek dikon nunggoni aku, sing ngiderne tempene banjur sapa?" Bu Asper takon.

 

"Mangga Ibu, kula aturi dhahar apelipun" Karmini sing wis rampung ngonceki apel lan diiris cilik-cilik diwadhahi lepek, disandhingi garpu cilik, dicedhakne menyang Bu Asper .

 

"Ibu dulangen ta nDhuk" wangsulane Bu Asper mundhut supaya didulang "gajege sak jege dadi mantuku, awakmu ki rak durung nate ndulang Ibu ta?"

 

"Injih Ibu" wangsulane Karmini alus, karo mbatin "aja maneh kok ndulang, dilorohi wae lagi dhek esuk kuwi kok".

 

Tiok karo bojone sing weruh lan ngerti owah-owahan slagane Bu Asper marang Bagus lan Karmini padha manthuk-manthuk. Ana rasa aneh nggremeti dhadhane. Wong loro kuwi ora kendhat nggone ngingeti Bu Asper sing katon seger olehe dhahar apel sing didulangne Karmini nganggo garpu.

 

"Lha ya, nek awakmu nunggoni aku neng kene, banjur sing ngiderne tempene sapa nDhuk?" ing sela-selane mamah apel, Bu Asper ndangu maneh marang Karmini.

 

"Kala wau Mak-e sampun criyos dhateng Bapakipun Arka, bilih badhe kengkenan Lik Mitun supados ngideraken tempe ingkang kangge benjing enjing kok Bu" wangsulane Karmini.

 

Lawang Kamar dibukak saka njaba, petugas Rumah Sakit ngladekne jatah mangan sore marang pasien. Ditampani Vero banjur diselehne neng meja cedhak ambene Bu Asper. Wektune wis nyedhaki Maghrib, ketitik saka Masjid sacedhake Rumah Sakit wis keprungu suwarane wong maca Kitab Suci Al-Qur'an. Tiok nyawang Bagus karo takon :

 

"Dadi mengko awakmu karo Ibune Arka ora mulih?"

 

"Iya Mas" wangsulane Bagus cekak.

 

"Ya wis nek ngono aku karo mBakyumu tak bali dhsisik, nek ana apa-apa ndang telpon omah, neng ngarepan kono kuwi ana telepon umum koin" kandhane Tiok maneh karo noleh bojone.

 

"Ya" sepisan maneh Bagus mung wangsulan cekak.

 

"Sik Pa, aku tak metu sedhela nyang Kantin ngarepan kono kuwi, golek ngge dhahar Dhik Bagus mengko" Vero ngadeg karo pamit menyang Tiok.

 

"Ora sah mBak" Bagus nyaut kandhane Vero "aku mau wis digawani bontot kok karo mBahe, ngge mangan aku karo Ibune Arka mengko, kae ta tak selehne neng rak lemari makan ngisor dhewe".

 

Vero ora sida metu, Tiok banjur ngadeg, ngajak Vero nyedhaki Bu Asper arep pamitan bali dhisik, merga neng omah anak-anake ora ana kancane. Dipamiti Tiok karo Vero, Bu Asper ora akeh olehe wangsulan, mung meling supaya wong loro kuwi neng dalan supaya ngati-ati. Sawuse padha sungkem klawan salim cium tangan, Tiok karo Vero banjur padha metu saka kamar arep bali. Bagus nguntabne nganti tekan njaba .

 

"Sesuk askese Ibu tak urusane" kandhane Tiok marang Bagus karo mlaku.

 

Bagus bali menyang kamar maneh, Karmini isih lungguh neng kursi cedhake Ibune, olehe dhahar apel Bu Asper lagi wae rampung. Suwara adzan Maghrib saka masjid keprungu cetha.

 

"Aku tak nyang Mushalla dhisik" Bagus pamitan marang Karmini "olehe sembahyang gentenan wae".

 

"Inggih Mas" wangsulane Karmini "mengke dijamak takdim kalih dikosor pisan, kersane gampil".

 

"Ya" wangsulane Bagus cekak, karo mlaku metu arep menyang mushalla Rumah Sakit.

 

Bu Asper mirsani putra ragile sing arep menyang mushalla kuwi karo panyawang sing katon seneng.

 

"Bagus ki saiki wis bisa tertib ya nDhuk olehe sembahyang?" Bu Asper ndangu Karmini.

 

"Inggih awit pangestunipun Ibu, Bapak-e Arka sembahyangipun sampun boten nate gothang, sembahyang tahajud inggih radi asring" wangsulane Karmini.

 

"Ya sokur ta nDhuk nek pancen mangkono, sak jege duwe sisihan awakmu Bagus malih dadi sansaya cedhak karo Gusti Allahe" Bu Asper nutugne olehe ngendika "nek wis bali saka Rumah Sakit, Ibu ya arep wiwit sembahyang maneh, wong biyen jaman isih cilik Ibu iki ya tau sinau sembahyang neng Langgare mBah Yahmin. Nek sawargi Bapakmu biyen, sak wise pensiun sembahyange ya rada tertib lho".

 

"Inggih Ibu" wangsulane Karmini sing banjur matur nari maratuwane "Ibu ngersakaken dhahar sak niki terus ngunjuk obatipun ?" .

 

"Mengko sedhela engkas wae, wong lagi wae bubar mangan apel ngono lho?" wangsulane Bu Asper.

 

"Inggih sampun" wangsulane Karmini karo mbenerake kemule Bu Asper sisih ngisor.

 

Sanajan lagi sedina neng Rumah Sakit, nanging kesehatane Bu Asper wis ketok akeh kemajuane. Ora kaya lagi teka dhek esuk mau sing ketok nglumruk tanpa daya, saiki wis wiwit katon seger. Ya kira-kira kagawa saka penggalihe sing ing dina kuwi bisa nemokne rasa bungah, rasa karenan. Putra wuragile sing sasuwene iki dianggep wis mrucut saka gendhongan, luput saka kudangan, jebul anggepane sing ora pati bener. Bagus nyata anak sing bekti marang wong tuwa, Karmini sing sasuwene iki dianggep menungsa sing tanpa guna, sing wis nglorot drajate Bagus, jebul bisa nglungguhake dhirine dadi putra mantu sing bekti lan ngajeni marang maratuwane.

 

Bagus wis bali saka mushalla, ditutne Pak Marsudi karo garwane sing mau kepethuk Karmini neng Mushalla utawa masjid Rumah Sakit, pas Karmini rampung sembahyang ngasar. Sawise nyalami Bu Marsudi lan Pak Marsudi, Karmini pamitan arep sembahyang :

 

"Nyuwun pangapunten, dipun sekecakaken rumiyin lenggahipun, kula badhe dhateng Mushalla rumiyin" .

 

"Iya  Mbak, mangga, aku karo Pake lagi wae saka kana" wangsulane Bu Marsudi .

 

ana candhake.


Minggu, 31 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 15

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

15.

Bu Asper ora semaur, mung batine mbenerne karo apa sing dikandhakne mantune sing lagi dina iki diajak omongan sawuse pitulas tahun dadi mantune. Bu Asper ya banjur kelingan lelakone dhewe jaman didukani dening Ibu lan Ramane merga mbeguguk makutha waton ora gelem dipisahnne karo Surya Gutama, bocah lanang sing wis dadi woding atine. Lan sawuse dadi mantune sepuluh tahun lan bisa nuduhne nek Surya Gutama nyata wong lanang sing tanggung jawab, lagi wong tuwane sadar lan gelem ndhaku Surya Gutama kuwi mantune, malah kepara dadi mantu sing banget diasihi dening wont tuwane. Luwih-luwih bareng ditlusur-tlusur, wong tuwane Surya kuwi jebul isih trah Mangkunegaran, sing jalaran kegawa saka kahanan banjur nyingidake dhiri urip dadi wong lumrah ing padesan, sing wekasane kudu nemahi pati dadi rabuke revolusi. Bu Asper unjal ambegan landhung, jebul lelakon sing tau diliwati dibaleni maneh dening putra wuragile. Mung bedane, nek lelakone Bagus sing mberung nekad wani lunga saka omah merga ngeboti tresnane marang Karmini, ora mung Bu Asper dhewe sing ngluputake, nanging putra-putrine ndelalalah duwe pikiran sing padha yaiku, kabeh nganggep nek dalan sing ditempuh dening Bagus kuwi wis gawe kuceming kaluhurane kulawarga. Bu Asper ora kober ndedawa angen-angene, pengaruh obat njalarari Bu Asper ngantuk sing ora kena disuyudi maneh, Bu Asper banjur bali sare pules.

 

Kira-kira jam papat sore Bagus teka, nggawa klasa termos isi banyu panas lan barang-barang sing kerep dibutuhne kanggo nunggoni wong lara sing dirawat neng Rumah Sakit.

 

"Kula wau panjenengan betakne Rukuh Mas?" pitakone Karmini karo nampani barang-barang sing digawa Bagus sing banjur diselehne neng papan sing bener.

 

"Iya, tak lebokne tas, awor karo salinmu" wangsulane Bagus disambung karo pitakonan "kahanane Ibu piye?".

 

"Wau sapengker panjenengan, Ndara, eh Ibu sampun kersa ngendikan kathah lajeng sare. Wau wungu sakedhap, dhahar siang nanging inggih namung sakedhik, jatah sakit Rumah Sakit namung telas sepalih, lajeng sare malih" wangsulane Karmini aweh katrangan ngenani kahanane Bu Asper.

 

"Awakmu ora didukani ta?" Bagus takon, dumadakan ana rasa getun carup rasa kuwatir, atake anggone dheweke ngongkon Karmini nunggu Ibune kuwi mau banjur ndadekne Ibune cuwa penggalihe. Mau esuk Bagus ora kober mikir nganti tekan kono kuwi.

 

"Boten kok, malah Ibu rumaos karenan ing penggalih, jalaran Panjenengan sampun ndhawuhi kula supados kantun wonten mriki" wangsulane Karmini.

 

Bagus mesem atine lega, sing dikuwatirake ora kedaden.

 

"Kala wau kula inggih dipun dhawuhi supados boten ngaturi nDara Putri malih dhateng Ibu, ngendikanipun boten sae menawi kapireng dening tiyang sanes" Karmini nutugne olehe kandha.

 

"Ya sokur, alhamdulillah" wangsulane Bagus.

 

"Kula tak sembahyang riyin nggih Mas? dereng sembahyang wiwit dzuhur wau, mangke badhe kula jamak pisan kalih ngasar" Karmini pamit arep sembahyang.

 

"Iya, iya.. ya dijamak kosor pisan, jarene pak Ustadz kae nek dhong lelungan ngene iki oleh dikosor" wangsulane Bagus karo ngandhani Karmini supaya ngosor salate.

 

"Inggih" wangsulane Karmini banjur mlaku menyang Masjid Rumah Sakit, Bagus ya banjur mapan lungguh neng kursi sing cedhak karo amben sing kanggo sare Bu Asper. Mripate kober nyawang botol infus sing dicanthelne cagakane ing sisihe Ibune, sajake durung suwe olehe ngganti.

 

Bubar sembahyang, pas nglempit rukuhe Karmini rada kaget, ana wong sing marani dheweke karo nglorohi  :

 

"Iki rak mBak Karmini ta? sapa sing gerah neng kene?"

 

"Karmini ndhangak nyawang sing nakoni dheweke, banjur wangsulan karo mesem :

 

"Oh, Bu Marsudi ta? inggih Bu, anu, Ibu opname teng mriki".

 

"Ibu sapa? Mak Jiyah gerah? gerah apa?" Bu Marsudi takon .

 

"Anu, Ibunipun Bapak-e Arka" wangsulane Karmini nggenahne wangsulane "wau enjing tensinipun radi minggah lajeng kalih Pak Dokter kaaturan opname supados saged istirahat. Sak niki nggih mpun mandhap malih kok".

 

"Ooo, Bu Asper ta? Neng Kamar Apa? Nomer pira?" Bu Marsudi takon maneh karo diimbuhi aweh katrangan "wong iki mau aku bareng-bareng karo kanca-kancane Bapak-e neng SMP kok, bezuk Bu Imam sing dirawat neng Kelas Siji kidul kono kuwi. nDelalah aku kepengin nunut nyang kamar mandhi masjid, lha kok malah kepethuk sampean iki mau".

 

"Oh, Ingkang gerah Bu Imam SMP setunggal nika? Gerah napa Bu?" Karmini wangsulan diwiwiti nganggo pitakonan luwih dhisik "Ibu dipun rawat ing Kamar VIP Nomer kalih Bu".

 

"Ya Padha mBak, saiki usum tensi munggah, ketoke Bu Imam kesayahen terus tensine munggah" Bu Marsudi mangsuli pitakone Karmini "Ya wis nek ngono, aku tak methuki kanca-kanca dhisik, mengko Bapak-e tak jak-e sowan niliki Bu Asper pisan".

 

Bu Marsudi banjur ngalih marani panggonane kanca-kancane. Karmini nerusne olehe nglempit rukuhe. Bu Marsudi kuwi Bakul neng Pasar Kedunggalar, kiose gedhe dhewe sapasar, dagangane paling komplit, garwane ngasta dadi Guru neng SMP siji Kedunggalar. Bu Marsudi ya dadi Pelanggan tempe gaweyane Mak Jiyah sing diiderne Karmini saben esuk.

 

Rampung nglempit rukuhe Karmini ya banjur mbalik arep menyang kamar panggonane Bu Asper dirawat. Atine wis ora kemrungsung kaya dhek esuk mau, kahanane Bu Asper wis ketok sansaya apik, banjur saiki Bagus ya wis teka, muga-muga wae kanthi pethuk karo putrane sing wuragil bisa dadi lantaran Bu Asper bali waras kaya wingi-uni, ngono batine Karmini karo mlaku. Tekan ngarep kamar Karmini mandheg, mripate weruh neng ngarep lawang kamar sing tutupan rapet kuwi katon sandhal rong setel, sandhal lanang karo sandhal wedok. Karo ati rada dheg-dhegan, Karmini mbukak lawang alon-alon arep mlebu. Jebul sing duwe sandhal kuwi mau, Tiok karo bojone, Vero. Pas Karmini mlebu Tiok lagi lungguh neng kursi sing mau dilunguhi Bagus. Saiki Bagus ngalih lungguh neng klasa, Vero ya lungguh neng Klasa. Mlebune Karmini dipapag esem semanak dening Vero, Karmini nyalami banjur mapan lungguh neng sisihe Vero.

"Lha ya lho Dhik" Vero kandha marang Karmini, suwarane grecek kemrecek kaya padtan "aku jan ora ngira nek Ibu kuwi mau arep gerah ngene iki. Wong pas aku karo Masmu arep budhal kerja mau esuk ki Ibu ya ora ngendika apa-apa lho. Dadi aku ya ora ngerti blas. nDelalah pas ditelpon Dokter Heru, Masmu lagi metu saka kantor, sing nampa stafe, Lha stafe lali pisan lagi kelingan bareng Masmu wis tekan omah, banjur telepon. Dadi orawa ditelpon stafe Masmu karo aku ya wis ngerti, wong lagi teka dhog wis dipapag karo kabar nek Ibu gerah dening Kang Dasim".

 

"Inggih mBak" Karmini mung wangsulan cekak.

 

"Wong dhek esuk ki, pas aku karo Masmu budhal nyambut gawe ya kepethuk karo Dhik Bagus neng cedhak Gedhung Pancasila, kober omong-omongan sedhela nanging ya ora ngrembug Ibu, wong padha olehe ora ngerti nek Ibu arep gerah ngene iki" kandhane Vero maneh.

 

"Inggih mBak" Karmini wangsulan "kula nggih boten ngertos kok, ngertos-ngertos pas medal saking peken dijak Pak-e Arka ngidul,  kula boten ngertos menawi Ibu dhawah ing Kamar Mandhi".

 

Krungu Karmini nyebut "IBU" Vero ketok rada kaget, Tiok sing lagi lungguh neng kursi uga melu kaget.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 14


 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

14.

Tekan Pos Pasar  Kedunggalar, jebul Karmini wis ngenteni neng kono. Bagus mudhun saka Angkudese, wong-wong nututi mudhun karo ngelungne ongkos olehe numpak Angkudes. Sawuse Angkudes kosong, Karmini nyedhak arep mapan lungguh kaya padatane. Bagus bali munggah neng mburi setir banjur nguripne mesin, ora nganggo omong apa-apa Angkudes diputer balik madhep mangidul, bablas digelak menyang omahe wong tuwane.

 

"Kok ngidul napa badhe murugi tiyang ta Mas?" Karmini sing ora ngerti karepe Bagus takon.

 

"Ibu gerah santer" wangsulane Bagus "lagi wae jarene Dasim Ibu tiba neng Kamar Mandhi terus dadi rejengan wong akeh".

 

Karmini kaget, nanging ora nyuwara apa-apa. Mung pikirane terus kelingan tekan ngendi-endi, kelingan Bapake, biyen olehe dadi jalaran matine ya merga tiba pas arep adus, terus jarene wong-wong keneng angin dhudhuk. Jroning ati Karmini banjur nyenyuwun muga-muga olehe tiba nDara Putri banjur ora kaya critane Bapak-e biyen.

 

"Nembe dipriksa Pak Dokter Heru, Den" lagi wae Bagus arep mlebu kamare Ibune wis dipapagne dening Dasim lan dikandhani yen Ibune lagi dipriksa dokter "Bakda nyriyosi Panjenengan kula terus ngilen mriku, pak Dokter kula bedhog".

 

"Iya, matur nuwun Kang Dasim" wangsulane Bagus sing banjur bablas mlebu kamare Ibune ditutne Karmini.

 

nDara Asper Putri mung meneng wae nalika Dokter Heru ndelok tekanan darahe. Bagus nyedhak ngadeg neng sisihe Dokter Heru, alon-alon Bagus takon :

"Pripun Dok ?" .

 

Dokter Heru, ndengengek nyawang Bagus, banjur wangsulan karo mesem :

"Oh, Mas Bagus ta?" wangsulane Dokter Heru bareng ngerti sapa sing takon "Saene dibeta teng Rumah Sakit mawon, keng Ibu mbetahaken perawatan serius niki".

 

"Makaten Dok ? Inggih"

 

"Inggih Mas, mengke kula tak ndherek teng Rumah Sakit nyarengi keng Ibu. Sak niki Mas Bagus nyiapaken mobil mawon".

 

"Inggih, menawi ngangge grobag Angkudes kula pripun Dok?" Bagus takon.

 

Dokter Heru meneng sedhela, banjur wangsulan :

"Ngeten mawon Mas, mbeta mobil kula mawon, mengke nyuwun tulung Panjenengan setiri, kula tak ngancani keng Ibu".

 

Muni ngono kuwi dokter Heru banjur mlaku metu saka kamar kono. Dokter Heru kuwi sanakan cedhake nDara Asper, biyen nalika isih kuliah kerep nDara Asper paring pambiyantu murih lancar kuliahe. Mula panganggepe Dokter Heru marang kulawargane nDara Asper kuwi, ya banjur kaya marang kulawargane dhewe. Kaya esuk iku mau, nalika Dasim teka aweh kabar nek nDara Putri tiba neng kamar mandhi, ora sranta dokter Heru ya banjur gage-gage mara. Sithik akeh dokter Heru ya ngerti crita ing kulawargane nDara Asper mligine crita sing magepokan karo putrane nDara Asper sing ragil sing jeneng Bagus, sing saiki uripe mung dadi Sopir Angkudes kuwi.

 

Sawuse mlebu UGD sedhela, sidane nDara Asper Putri kudu dirawat lan kudu nginep neng Rumah Sakit, tekanan darahe dhuwur lan ana indikasi yen kena gejala stroke. Dening dokter Heru digolekne kamar sing kelase paling dhuwur. Senajan Dokter Heru uga wis nitipne nDara Putri marang para perawat sing akeh-akeh isih Mahasiswane dhewe neng Akper kono, Dokter Heru uga mrayogakne supaya Karmini ngancani maratuwane sasuwene nDara Putri dirawat neng Rumah sakit kono.

 

"Inggih Dok" kandhane Bagus marang dokter Heru  "mengke Ibune lare-lare saged gentosan kalih kula, nek siang kersane Ibune lare-lare sing teng mriki lah nek dalu, kula sing nggentosi".

 

"Inggih Mas, ngoten nggih prayogi"  wangsulane Dokter Heru  "Sakniki awakipun piyambak wangsul riyin mawon, kersane Bu Bagus piyambak ingkang kantun".

Dokter Heru ngrogoh sak clanane, ngetokne dhompet, banjur ndudut sepuluh lembar dhuwit seketan, dilungne menyang Karmini.

 

"Niki kagem cepengan Bu, menawi mbetahaken punapa-punapa" kandhane.

 

Dokter Heru pancen ngerti kahanan sosial ekonomine Bagus sing beda adoh karo sedulur-sedulure tunggal rama ibu. Lan Dokter Heru uga ngrumangsani yen olehe labuh  Sawargi nDara Asper marang dheweke klebu wis akeh, mula olehe duwe karep ninggali dhuwit kanggo cekelan Karmini sing kajibah nunggoni gerahe nDara Putri iki, ya kanthi lila legawa tanpa pamrih apa-apa.

 

"Sampun kok Pak Dokter, kula nggih sampun wonten kok" Karmini wangsulan kanthi alus arep nampik pawewehe Dokter Heru.

 

"Boten napa-napa Bu, sampun ta niki mengke saged kangge imbuh mawon" Dokter Heru meksa supaya Karmini gelem nampani .

 

Karmini nyawang Bagus karo sunaring mripat njaluk tetimbangan. Bagus manthuk, banjur kandha :

"Matur nuwun lho Dok, lemah teles"

 

"Napa ta Mas Bagus? kula niki wiwit alit ingkang tumut nggedhekne nggih Sawargi keng Rama kaliyan keng Ibu"  wangsulane Dokter Heru karo mesem "sampun, sak niki mangga kula diterne wangsul, sampun menggalih neka-neka, insya'allah keng Ibu benjing rak sampun wangsul sehat malih. Mengke Mas Tiok, kalih mBak Tien kula telpone, nek mBak Evie kula dereng ngertos nomere".

 

"Inggih matur nuwun Dok" kandhane Bagus nanggapi wangsulane dokter Heru "ingkang ngabari mBak Evie kersane mBak Tien mawon".

 

Bagus karo Dasim sing mau melu ngeterne nDara Putri menyang Rumah Sakit, mudhun neng ngarep daleme nDara Asper. Dokter Heru bablas bali menyang omahe dhewe, mesthine ya banjur budhal menyang papane nyambut gawe. Bagus ya banjur nggelak Angkudese bali menyang omah, arep ngabari mara tuwane yen esuk kuwi Karmini nunggoni mara tuwane neng Rumah Sakit. Bagus ya banjur nyepak-nyepakne sandhangane bojone, kareben mengko dienggo salin, arep diterne mengko awan.

Sauntara iku, nDara Putri sing lagi gerah lan sareyan neng amben Rumah Sakit lagi ditunggoni Karmini sing lungguh nglesot neng jogan.

 

"Sing lungguh neng ngisorku kuwi sapa?" bareng wis suwe kendel wae, alon-alon nDara Putri ngendika, mundhut pirsa sapa sing nunggoni anggone sareyan.

 

"Nyuwun pangapunten, kula nDara Putri, Karmini" Karmini gageyan wangsulan karo ngadeg banjur nyedhak siyaga cadhong dhawuh.

 

"Karmini?" nDara Putri takon karo nyawang praupane Karmini, suwarane keprungu nek rada bingung.

 

"Injih nDara, Karmini yogane Mak Jiyah semahe Pak Karmin Bengkring" Karmini wangsulan nggenahne sapa dheweke.

 

"Oh Karmini ta? Kowe kuwi wis dadi anakku ya nDhuk ? Nek ngaturi Ibu ki ya cukup Ibu ngono wae, aja nDara Putri ngono kuwi, ora becik, nek ana sing krungu marahi nuwuhake sing ora apik" Bu Asper ngendika nuturi Karmini.

 

"Injih nDara... eh, Injih Ibu"

 

"Lha neng kene kowe karo sapa nDhuk?" Bu Asper takon maneh.

 

"Injih kaliyan Ibu kemawon, Bapake Arka nembe wangsul ndherekaken Pak Dokter, mangke badhe mriki malih" wangsulane Karmini.

 

"Lha iya ta nDhuk? tujune mau kok ana Bagus karo kowe, upama ora, aku mau rak sida ketrinen ijen neng omah. Ora ana sing ngeterne nyang Rumah Sakit, banjur upama awakmu ora bisa ninggalne gaweyanmu, aku rak banjur neng kene dhewe, ora ana sing ngancani?" karo ngendika ngono kuwi, waspane Bu Asper wiwit deres mili nelesi pipine, jroning ati krasa getun awit sikepe marang Bagus lan Karmini sasuwene iki, sing nyatane bareng ana apa-apa sing dhisik dhewe teka aweh pitulungan  "Dhuh Gusti, kula sampun ngrumaosi lepat, nyuwun pangapura Gusti........"  .

 

"Sampun nDara, eh Ibu, sampun menggalih ingkang boten-boten, estu Ibu boten lepat" Karmini cepet wangsulan karo tangane nyandhak kacu kanggo nyeka luh sing nelesi pipine Bu Asper "samangke kangge istirahat rumiyin, penggalihipun dipun tentremaken murih Ibu engal dhangan".

 

ana candhake.

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 13

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

13.

Nalika Bagus teka saka subuhan neng Masjid, Karmini wis ngenteni karo nyepakne dagangane sing diwadhahi tenggok, tempe kedhele dibunteli cilik-cilik. Nanging dina iki ditambah Tempe Benguk, dadi dagangane rada akeh. Pancen saben dina, Karmini kuwi nek budhal menyang Pasar ajeg bareng karo budhale Bagus. Karmini mudhun neng Pasar Kedunggalar, Bagus banjur nerusne lakune golek penumpang menyang Pos Angkudes neng Jogorogo. Mengko baline pas Bagus nglakokne angkudese  saka  Pasar Kedunggalar tumuju Pos Angkudes neng Sidowayah, Karmini diampirne sedhela menyang omah. Ngono kuwi saben dina.

 

"Isine amplop angsale maringi mBak Vero wingi nika mpun kula tingali Mas" kandhane Karmini pas angkudese Bagus wis mlaku teka tengah dalan .

 

"Iya, pira ?" Bagus wangsulan sakecandhake.

 

"Kathah lho Mas, setunggal juta, arta seketan kalih dasa lembar, gambare Pak Harto mesem" .

 

"Kok akeh temen? Kuwi rejekimu ya disimpen sing becik utawa ditanjakne ben ora ilang muspra" wangsulane Bagus ngandhani sing wedok.

 

"Damel napa nggih Mas?" Karmini takon.

 

"Ya terserah awakmu" wangsulane Bagus "aku mung meling becike aja dienggo royal nuku-nuku barang sing ora pati ana gunane, aja dientekne dienggo nuruti karep sing ora pati ana manpangate, sokur bage awakmu bisa ndawakne amale sing weweh, mbok tanjakne sing bisa migunani kanggo awake dhewe sokur kanggo wong liya barang. Sepisan maneh kuwi dhuwitmu dadi ya terserah awakmu".

 

"Nggih Mas, nanging kula nggih ngertos kok" Karmini guneman maneh, angkudese Bagus wis meh tekan Pasar Kedunggalar.

"Ngerti piye?" Bagus genti takon.

 

"Sanaosa niku dhakone kula sing gadhah, nanging mpun melih namung sa arta kula, lha wong jiwa raga kula kemawon sedaya kagungane panjenengan lho" wangsulane Karmini.

 

"Kandhamu kuwi thik ngelingake aku jaman manten anyar biyen neh?" Bagus ngguyu "wis tekan nggon, gek ndang mudhun, aku tak bablas nyang Jogorogo dhisik selak dienteni wong akeh".

 

"Nggih Mas" Karmini nyalami tangane sing lanang banjur diambung.  Bagus nimbangi karo ngelus-elus sirahe bojone sing ketutupan jilbab.

 

Sawuse Karmini mudhun Bagus banjur mancal gas mobile, nggendring tumuju Jogorogo. Tekan Prapatan Lor Gedhung Pancasila ana bocah Sekolah telu ngendheg angkudese, bocah telu kuwi pancen wis langganan saben budhal sekolah nyang SMA Jogorogo budhale kerep bareng karo budhale Bagus ngidul. Sawuse bocah sekolah telu kuwi munggah, Bagus arep nerusne laku, nanging saka ngarep ana mobil Taft GT ngedhim banjur nyedhaki Angudese Bagus.  Bagus ora sida nerusne laku, malah banjur mudhun saka mobil marani Taft GT sing mandheg nanging mesine durung mati kuwi.

 

"Awakmu mengko neng omah jam pira Gus?" jebul sing nyetir Taft GT kuwi Tiok sing arep budhal nyambut gawe, Tiok nakoni Bagus saka mburi setir, ora mudhun nyang aspalan kaya sing ditindakne Bagus.

 

"Nek rame ya Bar magrib wis neng omah Mas" wangsulane Bagus lumrah wae.

 

"Iya Dhik" Vero sing lungguh neng jejere Tiok genti sing omong karo mesem sajak semanak banget "aku karo Masmu mengko kepengin dolan nyang dalem".

 

"Iya mBak matur nuwun" Bagus wangsulan karo menyat bali menyang angkudese. Tiok ya banjur nerusne lakune.

 

"Niku wau Pak Pras Kepala Cabang BRI nggih  Pak ?" lagi wae bagus mapan neng mburi setir, salah siji saka penumpange takon.

 

"Iya mBak, apal karo mobile ya?" Bagus wangsulan karo genti takon, tangane ngobahne kontak nyetater angkudese.

 

"Enggih niku rak Bosse Bapak kula" wangsulane bocah sekolah sing dadi penumpang angkudese Bagus kuwi.

 

"Oo, Keng Bapak ngasta neng BRI ya?" Bagus takon maneh.

 

"Nggih dados Satpam Pak".

 

Bagus wis ora wangsulan maneh, karo nyetitekne dalan sing ana ngarepe pikiran sing mau bengi bali ngranuhi maneh. Duwe karep apa Tiok lan Vero kok arep mara menyang omahe kuwi? Nek mung arep butuh omong sakecap rong kecap mesthine cukup dikandhakne nek pas ketemu ana dalan kaya iki mau. Nanging Bagus ya ora bisa ndedawa angen-angene, merga esuk kuwi dalan wiwit rame. Bocah-bocah sekolah sing numpak sepedha pancal saka kidul, sing arep mlebu sekolah menyang SMP Siji Kedunggalar lan MTsN Kedunggalar wiwit akeh sing padha ngebaki dalan. Lumrah jenenge bocah sekolah sing isih durung pati keneng dikandhani. Dadi sing tuwa kudu dawa ususe.

 

Tekan Pos Jogorogo sing ngenteni wis pirang-pirang, Bagus ya cepet-cepetan ngingerne mobile arep mbalik ngalor ngangkut wong-wong sing wis wiwit mau padha ngenteni tekane. Sauntara angkudes liyane iya padha durung teka. Wis dadi pakulinan, penumpange Bagus kebak malah ana sing padha seg-segan neng lawang, ngadeg karo tangane gocekan palang lawang sing sisih dhuwur. Satemene Bagus ya ngerti nek ngono kuwi melanggar aturan lalu lintas, nanging kepriye maneh penumpang butuh enggal tekan ngenggon kabeh sauntara angkudese kajaba Bagus durung padha teka. Akhire ya dadi sesak ora karuwan ngono kuwi, ngono wae isih akeh sing durung bisa katut kekangkut. Mula Bagus ya kudu sabar, olehe nyetir dadi luwih lan sansaya ngati-ati banget, merga yen nganti ana apa-apane tetep wae Sopire sing bakal diluputake.

 

Tekan Pasar Begal penumpange Bagus wiwit suda, merga akeh sing padha mudhun ana kono. Tekan prapatan Sambirejo, ana wong nyegat kepengin melu, dening Bagus ya kudu diendhegi. Angkudes bablas mengalor arep menyang Kedunggalar. Ya nek wis tekan Pasar Kedunggalar ngono kuwi padatan Bagus ngenteni sedhela, banjur Karmini metu saka njero pasar olehe ngiderne tempene wis rampung. Pancen anggone dodolan tempe Karmini kuwi wis ana pelanggan tetape, tempe kedhele murni tanpa campuran apa-apa gaweyane Mak Ijah wis kondhang enake. Akeh-akeh pelanggane Karmini kuwi ya para Bakul neng pasar kono, bakul sing duwe toko gedhe-gedhe neng jero pasar. Dadi ora nganti awan dagangane ajeg nek wis entek. Nek wis ngono Karmini banjur nunut bareng sing lanang sing nggelak angkudese menyang Sidowayah, mengko mudhune ora nganti tekan omah nanging neng protelon cedhak omahe.

 

Nanging dina kuwi, beda karo padatan wiwit saka prapatan Sambirejo mau, atine Bagus krasa ora kepenak. Kamangka wiwit budhal saka omah mau nganti tekan Jogorogo atine krasa ayem lan seneng. Nanging, bareng ngliwati prapatan Sambirejo atine Bagus kok kaya gampang trataban ora karuwan. Mula kanggo njagani nek arep ana apa-apa, Bagus pilih meneng karo panyawange dipunjerne menyang ratan sing arep diliwati, aja nganti ana  kedadeyan apa-apa. Durung adoh anggone Bagus nggelak Angkudese ngliwati prapatan Kaliwowo, atine Bagus dadi trataban tenan. Ing pinggir ratan ketok Dasim, rewange Ibune sing kulina ngresiki pekarangan daleme Bu Asper, awe-awe ngendheg lakune Angkudes sing digelak Bagus.

 

"Arep menyang ngendi Kang Dasim?" saka dhuwur mobil Bagus takon.

 

"Nyuwun pangapunten Den" Dasim wangsulan karo mulat sajak kuwatir "anu keng Ibu.....".

 

"Ibu geneya? Keneng apa?" Bagus takon semu kaget.

 

"Keng Ibu dhawah teng kamar mandhi, kantaka" wangsulane Dasim groyok.

 

"Kapan? Saiki Ibu neng ngendi?"

 

"Nembe kemawon dereng enten gangsal menit, sak niki kula sarekaken ing kamar, dipun upakara kanca estri kalih tiyang-tiyang".

 

"Ya wis, entenana sedhela tak nyeluk Ibune Arka pisan".

 

Ora ngenteni wangsulan, Bagus mancal gas angkudese daya-daya ngeterne penumpange menyang Pasar Kedunggalar sing ora nganti sekilo adohe kuwi.

 

ana candhake.


Sabtu, 30 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 12

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

12.

Bagus dhewe ora tau ora bares karo kulawargane, iya karo bojone iya karo Maratuwane. Saben-saben bubar ngendhangi Ibune, Bagus mesthi banjur crita marang Karmini lan Mak Jiyah. Sing padha dicritani padha seneng anggone ngrungokne. Ora ana sing maido luwih-luwih ngluputne apa sing wis ditindakne Bagus marang Ibune. Malah Mak Jiyah sing uga wis rumangsa dadi sansaya tuwa kuwi kandha yen lekase Bagus sing ngono kuwi aran wis trep lan kudu dilestarekne.

 

"Kula kinten tiyang niku menawi empun sepuh tengpundi-pundi nggih sami, Pakne Arka" kandhane Mak Jiyah pas Bagus crita nek mau lagi wae sowan tilik ibune "rumaos sepi salebeting manah, mula nggih matur nuwun sanget dhateng panjenengan ingkang sampun kersa lenggah dhateng griya mriki. Cobi upami Pakne Arka rumiyin nekad ngajak Karmini medal saking griya mriki? Kula boten saged nggambaraken sepinten rekaosing manah kula. Lha tiyang nDara Putri kemawon ingkang katenggan bandha donya samonten kathahipun, badhe ngersakaken punapa-punapa kantun dhawuh, ngoten mawon taksih sok asring sekel penggalihipun, upami kula tebih kalih lare-lare, mendah sansaya sedhihipun manah kula?".

 

"Inggih mBah" wangsulane Bagus "mila menawi mireng sambatipun Ibu ingkang makaten nika, isinipun namung mesakaken".

 

"Lha inggih, Pakne Arka inggih kedah emut. Keng Ibu punika boten saged dipun wilang anggenipun nglabuhi Pakne Arka. Wiwit alit nalika Pake Arka dereng saged dhahar piyambak, dening keng Ibu dipun dulang, Pakne Arka kepengin saged tindak piyambak dipun tetah, dereng menawi Pakne Arka mular lan rewel, menawi Pakne Arka nembe gerah, keng Ibu tansah sabar lan boten nate rumaos eman ngurbanaken punapa kemawon kangge Pakne Arka.....".

 

"Inggih Mbah"

 

"Menawi sak niki sasampunipun keng Ibu Sepuh, namung ngersakaken sok dipun sowani kemawon, menawi Pakne Arka kawratan inggih nami kesangeten sanget".

 

"Inggih Mas" Karmini melu urun rembug "Mas kedah langkung kerep sowan niliki nDara Putri, Gusti Allah niku Maha Murah, boten-boten menawi rejekinipun Mas suda kathah menawi namung nyuda wekdal sedinten sak jam kangge sowan lan niliki nDara Putri, ingkang wonten malah pikantuk berkah ingkang langkung kathah".

 

"Awakmu kuwi jane apa ora bisa ta nek ngaturi Ibu kuwi ora nganggo sebutan nDara Putri ngono? Ibu kae maratuwamu ya?" kandhane Bagus nyendhu bojone.

 

"Nyuwun pangapunten Mas" wangsulane Karmini alus "benjang kemawon menawi nDara Putri sampun paring palilah dhateng kula ngaturi panjenenganipun kanthi sebatan Ibu, kula badhe ndherek dhawuh panjenengan, menawi sak niki kula dereng wantun, ajrih menawi kenging walat awit dereng pikantuk dhawuh".

 

"Iya, aku ya mesakne Ibu" kandhane Bagus maneh "Ibu kuwi tau dhawuh menyang aku nek kepengin pirsa wayah-wayahe sing lahir saka awakmu, nanging Ibu ora wani dhawuh supaya aku ngajak Arka lan Indri supaya sowan marang Eyange, Ibu kuwatir yen nganti konangan Tiok, utawa mBak Tien. Wong loro kuwi mesthi bakal muring, jeneh aku wae yen sowan Ibu kudu ngati-ati, murih wong loro kuwi ora ngerti kok".

 

"Inggih sampun, lare-lare kemawon kedah dipun kandhani murih boten kendhat menawi rampung sembahyang supados ndongakaken Eyang-eyangipun murih kaparingan rahmat lan berkahipun Gusti Allah" wangsulane Karmini "kalih nuwun sewu lho Mas, mbok Panjenengan niku menawi ngaturi Mas Tiok boten njangkar ngaten punika, menawi dipun tiru Arka punapa Indri rak boten sae ta?".

 

Krungu tembunge Karmini sing keri dhewe kuwi, Bagus ngguyu. Ngguyu sepa. Pancen wiwit Tiok nyatru dheweke biyen, Bagus wis wegah nyeluk Mas marang kakangane kuwi. Nganti saiki atine isih krasa lara, nalika Tiok ngunekne dheweke ora duwe utek merga wis kedanan karo Karmini, anake Tandhak Tayub sing nyambi dadi Lonthe. Nanging, batine Bagus ya mbenerake apa sing dikandhakne bojone kuwi mau, nek nganti Indri tiru-tiru bapake banjur nyeluk Arka kanthi njangkar ngono wae, kuwi sing luput dudu Indri, merga bocah kuwi mung niru apa sing wis diucapne Bapak-e.

 

Nyuuuuut...... Bagus  bali kelingan kedadeyan sing lagi wae dirungokne saka bojone. Mau awan Tiok teka neng omahe, nggawa oleh-oleh kanggo dheweke, kanggo anake, nukokne barang-barang  wong saomah kabeh rata, isih ninggali dhuwit Karmini, Mak Jiyah lan nyangoni anake, Arka karo Indri. Apa karepe?. Apa Tiok wis ilang rasa gething lan sengite karo Mak Jiyah sing kerep diarani lonthe? Apa Tiok wis ngerti yen sasuwene iki dheweke wis bali rukun karo Ibune?.  Apa..... apa...... apa..... mbuh Bagus ora bisa nerusne angen-angene. Kegawa saka kesele awak, Bagus keturon dhewe.

 

Watara ngarepake parak esuk, Bagus nglilir. Saka kamar pasalatan lamat-lamat keprungu suwarane Karmini maca Al-Qur'an. Mbuh surat apa sing diwaca Bagus ora ngerti, wong Bagus ya durung bisa ngaji. Tau bukak-bukak rekake sinau nganggo Buku Iqra, nanging durung tutug wis kaselak nindakne gaweyan liyane, Bagus lagi bisa ngerti aksara arab tekan Iqra' loro thok. Nadyan mangkonowa, krungu suwarane sing wedok lagi ketungkul ngaji, atine Bagus ketuwuhan rasa geter, rasa kangen, rasa kepengin nyedhak marang paring urip marang dheweke. Suwara ngajine Karmini krasa beda karo suwara ngaji sing kerep dirungokne dening Bagus.  Sanajan yen krungu suwarane wong ngaji, mbuh kuwi  saka kaset utawa saka suwara langsung, ya ana rasa sing beda neng jero atine, nanging suwarane Karmini iki bener-bener beda adoh, saka rumangsane Bagus luwih nges lan luwih piye ngono. Alon-alon Bagus mlaku menyang sumur arep wudlu.

 

"Badhe sembahyang ta Mas? Gajege wau empun ngisakan ta?" Karmini nutup Kitab sing diwaca banjur nakoni sing lanang sing mlebu kamar pasalatan.

 

"Arep sembahyang wengi" wangsulane Bagus "embuh dumadakan wengi iki aku kangen karo Gusti Allah".

 

"Inggih mangga" Karmini nyauti "empun jam tiga, mangke pas rampung sembahyang dalu, pas manjing wekdal subuh, Mas mangke saged ndherek Jamaah teng Masjid, mangke Arka rak bungah saged bidhal jamaah sareng kaliyan Bapakne".

 

Bagus ora wangsulan merga wis ngadeg madhep mangulon ngangkat tangane miwiti sembahyang. Bener apa sing dikandhakne Karmini, lagi wae Bagus rampung olehe sembahyang, saka Masjide Kyai Anas wis keprungu suwarane wong maca shalawat, minangka tandha yen limang menit maneh wektu subuh wis teka. Alon-alon Bagus mudhun saka amben pasalatan arep mlaku metu. Karepe arep marani kamare Arka, anake. Nanging Bagus kecelik lagi wae nyingkap slambu sing kanggo tutup lawang kamar pashalatan Bagus weruh Arka wis dandan, bebetan sarung karo nyampirne sajadah neng pundhake.

 

"Ayo ndang Budhal Le" kandhane Bagus karo nyedhaki Arka.

 

"Bapak tindak masjid ta?" Arka takon sajak gumun.

 

"Iya mumpung bisa tangi esuk" wangsulane Bagus karo mesem "ayo budhal!".

"Nggih, Arka tak pamit Ibuk teng Pawon riyin" Arka wangsulan karo mlaku menyang pawon nusul Ibune sing lagi nata tempe dagangane, mengko bar subuhan arep digawa menyang pasar kaya padatan.

 

Karo mlaku, Bagus ngrasakne ana rasa aneh sing nggremet ing atine. Rasa kangen lan rasa kepengin bisa luwih cedhak karo Pangerane.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 11

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

11.

Let sewulan saka sedane nDara Asper, ana kabar sungkawa maneh. Yaiku Karmin Bengkring Bapakne Karmini ninggal ndadak jarene kena serangan angin dhudhuk. Bagus uga banjur melu repot, ngurusi pangruktine layon nganti rampung. Karmini sing ditinggal bapake lan Mak Jiyah sing ditinggal bojone, rumangsa susah banget. Wis ora ana wong lanang sing ana omah kono. Arepa kaya ngapa pancen sajroning kulawarga iku bakal krasa gothang yen ora ana wong lanange, utawa ora ana wong wedoke. Mak Jiyah banjur njaluk tulung Pak Ketua RT, diajak nemoni Bagus neng kost-kostane saperlu ngrembug babagan sesambungan antarane Bagus karo Karmini. Sasi candhake klawan climen Bagus sida nikahan karo Karmini. Sing nekani wektu nikahan kuwi ora akeh, wong Mak Jiyah lan Karmin Bengkring kuwi ya ora duwe sedulur kajaba tangga teparo lan tepungane wae, saka kulawargane Bagus ya ora ana sing teka, wong Bagus dhewe ya ora ngundang sedulure supaya teka, mung sedina sadurunge ijaban Bagus sowan Ibune, ngabari yen arep rabi. Wektu dikabari ngono kuwi nDara Asper Putri ya ora aweh wangsulan apa-apa. Bagus wis dianggep luwih saka wong liya braya. Lan wiwit kuwi Bagus ora tau mara menyang daleme wong tuwane.

 

Wiwit dadi bojone Karmini Bagus ya banjur manggon neng omahe Maratuwane, pancen Mak Jiyah nembung menyang Bagus supaya Karmini ora diajak metu saka omah kuwi.

"Pokoke dados napa-napa Panjenengan kalih Karmini kula suwun ngempal dados setunggal teng griya mriki Den" kandhane Mak Jiyah marang Bagus sawuse sepasar Bagus ijaban "tilaran saking jenate Pak-e Karmini nggih namung siti sailat sing ditancepi gubug niki sak niki kula pasrahne Karmini pisan, lha Den Bagus kula suwun ndherek ngreksa pusaka tilarane Pak-e niki teng mriki, lha kula gentos sing ngenger dhateng anak kemawon".

 

"Inggih Mas" Karmini melu mbumboni rembuge Mak Jiyah "kula piyambak gadhah raos boten tega nilaraken Mak-e gesang piyambakan, dados kula nggih nyuwun supados Panjenengan kersa ngancani kula mbaturi Mak-e teng mriki".

 

Bagus meneng sauntara, maune pancen duwe pikiran Karmini arep diajak golek pondhokan kanggo miwiti urip bebrayan karo dheweke. Nanging bareng ana tembung saka Maratuwane mangkono iku mau, diimbuhi karo panjaluke Karmini sing ora tega ninggalne wong tuwane wadon, Bagus mutusake murungne olehe arep golek pondhokan.

 

"Iki jenenge kuwalik" kandhane Bagus marang bojone sawuse meneng sauntara "Make karo awakmu  sing kudune tak muktekne merga wis dadi wong tuwaku lan awakmu wis dadi sisihanku, malah banjur aku sing ora duwe apa-apa iki ditampung neng omah kene dening Mak-e karo awakmu".

 

"Nggih boten ngoten Den" sanadyan sing diajak ngomong kuwi Karmini, nanging Mak Jiyah luwih dhisik sing nyaut omongane Bagus "Panjenengan ing mriki punika boten kok kula tampung, nanging dipun suwitani dening anak kula Karmini lan kula gandheng boten kiyat gesang piyambakan, kula nunut anak kula ingkang suwita dhateng panjenengan".

 

"Inggih Mak, badhea diwastani kados punapa, bakenipun kula sakniki gesang ndherek Maratuwa. Lan kula inggih matur nuwun sanget dhateng Mak-e ingkang sampun kersa kula dhereki, lan kula suwun Mak-e mangke sampun ngantos pekewet ngemutaken menawi wonten kirang-pasipun jangkah kula salebeting ndherek Mak-e ingkang sampun dados tiyang sepuh kula piyambak punika" wangsulane Bagus alus.

 

Sawuse Bagus manggon dadi siji karo maratuwane lan ora ngekost neng nggone pak Paruntungan, Bagus tetep nyambut gawe melu Pak Paruntungan. Lan nalika celengane Bagus wis mlumpuk rada akeh Bagus banjur duwe pikiran arep ngalih gaweyan. Dhuwit anggone nyelengi diimbuhi dhuwit celengane Karmini wiwit isih sekolah biyen, dienggo nuku mobil angkudes bekas. Nanging jebul dhuwite durung cukup, isih kurang sethithik lan sing duwe mobil ya wis entuk kurangane digenepi karo mlaku.  Bagus banjur miwiti urip dadi sopir angkudes, nglakokne mobile dhewe. Bareng Mak Jiyah ngerti nek mobile mantune kuwi durung lunas, Mak Jiyah banjur nglolosi ali-aline karo ngetokne gelang simpenane, dipasrahne Karmini supaya didol kanggo nglunasi mobile Bagus.

 

Bener petunge Bagus, dibandhing karo urip dadi Pegawe BTL nggone Pak Paruntungan, pengasilane nggelak angkudes Sidowayah - Kedunggalar - Jogorogo rada luwih akeh, tur ora keprentah dening wong liya. Sauntara Bagus nggelak Angkudes, saben dina Karmini nerusne olehe bakulan tempe, sing gawe tempene Mak Jiyah, dibunteli nganggo godhong plasa. Ora pati akeh bathine lha wong ya sedina-dinane mung ngentekne Kedhele sacenthak. Nanging wis aran luwung, bisa kanggo nyangga urip saben dinane, dene oleh-olehane ngelak Angkudes Bagus, kanggo kabutuhan liyane  bangsane Layat, Sambang, Jagong lan sapanunggalane, nek ana turahe iya banjur dilebikne menyang celengan. Welinge Bagus marang sing wedok, aja gampang njupuk dhuwit sing wis mlebu neng tabungan yen isih bisa nganggo cara liya kanggo ngatasi kabutuhan sing teka sawayah-wayah, upamane kanthi cara nyuda jatah blanja sethithik-sethithik.

 

Pitulas tahun Bagus urip karo Karmini, manggon dadi siji karo Maratuwane, sanadyan urip sarwa prasaja nanging krasa ayem lan tentrem. Sanadyan wis dicuthat saka kulawargane, nanging Bagus tetep tansah eling karo pituture Ustadz Syaifulloh Huda, yaiku kudu bekti marang wong tuwane. Mula bareng nDara Asper Putri sansaya sepuh lan wiwit gerah-gerahen, Bagus sok ngelangake tilik sowan ibune. Olehe mara mesthi ngepasi jam kantor, dadi ora kuwatir kepethuk karo sedulur-sedulure. Pisan pindho Ibune isih kukuh karo panemune, tekane Bagus nadyan ora diuman-uman nanging panggah ora digatekne. Nanging bareng wis bola-bali Bagus mara sowan karo nyangking oleh-oleh sing dadi karemane Ibune, luwih-luwih tekane Bagus sok mbarengi karo kondisine Ibune ora pati sehat, mbaka sethithik nDara Asper Putri bali tuwuh rasa tresnane marang anak ragile kuwi. Malah keri-keri iki katone Ibune Bagus wiwit duwe rasa getun anggone wis nundhung anak lanang sing dianggep ora keneng ditata kuwi saka omah. Kang mangkono iku mau kegawa saka pangrasane Bu Asper sing kerep rumangsa kasepen nalika ngepasi slirane ora sehat. Tiok sing mbengkoni daleme wong tuwane, malah arang anggone bisa migatekne Ibune. Kabeh mung dipercayakne marang rewang utawa abdine. Wiwit esuk Tiok karo Vero, bojone wis budhal menyang papane nyambut gawe dhewe-dhewe, baline wis rada sore, tekan omah wis kesel banjur leren. nek ana wektu rada senggang, malah dienggo metu golek hiburan kanggo nylemur kesele awak lan pikiran merga ngurusi gaweyane. Semono uga Sri Hartini, sing omahe ora pati adoh saka kono, nanging ya arang bisa mara, jalaran iya saka akehe ayahan sing kudu ditandangi. Nek Evie pancen omahe ana kutha liya, dadi ya lumrah nek arang sambang marang wong tuwane, kajaba iku uripe ya padha karo sedulur-sedulure sing nyambut gawe neng Bank duweke Negara. Mung Bagus anak lanang sing dianggep murang tata kuwi sing saiki, ora ketang seminggu kaping pindho meh ajeg mara sowan ibune. Lan nalika Bu Asper sambat merga putra-putrane sing padha ora migatekne ibune, wangsulane Bagus ajeg bisa gawe tentreme Bu Asper.

 

"Mas Tiok, mBak Vero, mBak Tien, Mas Har punapa dene mBak Evie kalih Mas Bambang niku dipun pitados dening Pemerintah nanggel pagesanganipun tiyang kathah Bu. Dados Ibu sampun menggalih ingkang boten sae, mangke menawi sampun wonten wekdal ingkang radi senggang rak inggih sami gentosan sowan ngancani Ibu" tembung ngene iki kerep diucapne dening Bagus kanggo mangsuli sambat lan pangresulane Bu Asper.

 

ana candhake.

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...