Total Tayangan Halaman

Rabu, 03 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 20

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

20.

Sawuse Harmana karo Hartini pamitan lan ninggalne kamar, Bu Asper bali mbukak socane maneh. Olehe sambat ngantuk mau mung dienggo pawadan supaya Hartini ora mbacutne olehe ngrembug Karmini utawa Bagus. Satemene Bu Asper mau kepengin ngandhani putra pambarepe kuwi supaya aja mbacutake anggone duwe rasa sengit marang Bagus utawa Karmini, merga kanyatan sing ditemu dening Bu Asper wis mbuktekne yen biyen Bagus kuwi ora kleru nibakne pilihan marang Karmini minangka sisihane. Bu Asper wis pirsa dhewe yen Karmini bisa ndadekne Bagus luwih becik tinimbang sadurunge. Nanging Bu Asper mau kapeksa murungake olehe arep paring pitutur marang Hartini, merga Bu Asper ya wis apal karo watak wantu sarta sipate putra pembarepe, sing nek wis duwe panemu angel dieluk, ora seneng nampa panemune wong sing duwe panemu beda karo panemune. Upama sida dituturi neng kono, tan wurunga bakal nuwuhake eyel-eyelan sing bisa kurang becik akibate. Mula Bu Asper banjur api-api sambat ngantuk, pawadan kena pengaruh obat.

 

Jebul bareng Harmana lan Hartini lunga, kamar dadi sepi. Bagus luwih dhisik lunga bareng karo tamu-tamu sing padha bezuk mau, Bu Asper ya wis ngira nek lungane Bagus merga ora kepengin kepancing emosine krungu tembung-tembunge mBakyune. Nanging kok olehe lunga Bagus ora bali-bali? Apa durung ngerti nek mBakyu karo sedulure ipe wis lunga saka kono? Bu Asper unjal ambegan landhung.  Karmini barang ya ora ana katon, wiwit sadurunge Hartini karo Harmana teka mau Karmini metu pamit arep sembahyang neng Mushalla Rumah Sakit, nanging nganti saiki kok ya durung bali mrono?. Bu Asper wiwit gelisah.

 

Bagus ora nggagas yen Ibune lagi gelisah mikirne dheweke lan sisihane, merga Bagus lagi wae nemokne Karmini sing mau dikira ilang. Lan bareng dikandhani dening Pak Yunus yen Karmini mau kober jagongan karo Bu Ningrum neng plataran Rumah Sakit lan jarene sambat sirahe ngelu merga ketagihan kopi, Bagus dadi kaget. Bagus ngerti nek Karmini kuwi selawase urip ora tau ngombe kopi, dadi mokal yen nganti sirahe ngelu, merga sedina durung ngopi.

 

"Panjenengan olehe pethuk Ibune Cah-cah neng ngendi Mas?" Bagus sepisan maneh takon marang Pak Yunus.

 

"Neng latar, cedhak plawangan mlebu kana kae lho" wangsulane Pak Yunus "wong ditakoni Dhik Ningrum mangsuli nek Bu Asper wis rada sehat, malah kandha nek sing neng kamar ana mBak Tien karo Mas Har barang, banjur mBak Karmini kandha nek sirahe ngelu ketagihan kopi ngono".

 

"Ya wis Mas Matur nuwun" Bagus nyauti rembug banjur ditutugne kandha "njajal tak golekane nyang warung ngarep Rumah Sakit kae, mbok menawa leren neng kana".

 

Muni ngono kuwi Bagus karo mangkat mlaku, Pak Yunus ya banjur ngetutne neng mburine. Karo mlaku Bagus oleh dudutan, yen mau sadurunge mlebu neng kamare ibune, mBak Tien mesthi wis luwih dhisik kepethuk Karmini, mbuh nyang ngendi. Kanthi dhasar ndelok watak lan pakulinane Hartini, Bagus wis wani mesthekne nek Hartini wis nguman-uman sisihane karo pandakwa sing nglarakne ati. Banjur Karmini milih ora mbalik menyang kamare Bu Asper merga neng kono ana mBak Tien karo Mas Har.

 

"Mas Bagus....." Bu Ningrum nyeluk Bagus sing mlaku sajak kesusu ditutne Pak Yunus kuwi. Bagus noleh nyawang sing nyeluk jenenge, lan atine dadi krasa padhang bareng weruh Karmini lagi lungguh awor karo Bu Ningrum neng plawangan dalan  mlebu Rumah Sakit.

 

"Awakmu mau kepethuk mBak Tien karo Mas Har ta?" ora nganggo adangiyah Bagus langsung nakoni sisihane.

 

Karmini mung manthuk, ora bisa wangsulan. Bagus nggeget untune, atine panas ora nrimakne bojone disewiyah dening mBakyune dhewe.

 

"Pancen wong kae wis kebacut tenan kok" kandhane Bagus karo nggereng "ya wis, ayo mbalik neng kamare Ibu maneh, setan loro kae wis minggat kabeh kok".

 

"Nek ngendikan mbok sing sae ta Mas, boten sae nek kapireng tiyang sanes" Karmini nyauti kandhane Bagus "lha nek Den Ayu kalih Den Har mpun kundur, ingkang ngancani Ibu sinten? kok panjenengan malah mriki niku?".

 

"Ibu dhewekan" wangsulane Bagus "lha aku rak ya bingung, jare awakmu mung nyang mushalla kok gak mbalik-mbalik. Aku ya ora nggagas nek awakmu kepethuk buta cakil, tujune iki mau Mas Yunus ngandhani aku, jare awakmu ngelu ketagihan kopi?".

 

"Sampun, sak niki mangga wangsul dhateng kamar, mesakaken Ibu namung piyambakan, mengke nek ngersakaken napa ta napa rak boten wonten ingkang saged didhawuhi" kandhane Karmini ora nanggapi tembunge sing lanang malah ngajak bali menyang kamare Ibune.

 

"Aku tak ya melu menyang Kamar ya Mas Bagus?" Bu Ningrum nrambul gunem "wong mau durung kober salaman karo Budhe Asper, kesusu melu pamit mBah Mantri Guru".

 

"Iya mBak" wangsulane Bagus "mangga bareng-bareng mrana, mangga Mas Yunus".

 

Wong papat kuwi banjur bareng mlaku, balik menyang kamar papan dirawate Bu Asper. Sauntara kuwi, Bu Asper sing dhewekan neng kamar dadi sansaya gelisah. Penggalihe bingung, nguwatirake Bagus lan Karmini, sing dienteni nganti suwi ora bali-bali. Ana rasa anyel marang putrane sing mbarep, ya merga saka omongane Hartini sing wis gawe laraning atine Bagus, Bagus banjur nglungani. Nanging kok ya suwi temen? ketoke bocah kuwi durung ngerti nek mBakyune wis rada suwe olehe bali. Gek Karmini brang iki mau ya banjur menyang ngendi? apa banjur kepethuk Bagus terus dijak bali nyang omah?. Bu Asper sansaya gelisah, mustakane krasa ngelu maneh.

 

"Assalamu'alaikum" dumadakan lawang kamar dibukak saka njaba. Bu Asper ndengengek mirsani sing uluk salam. Penggalihe sakala dadi padhang maneh, sing mbukak lawang jebule Bagus ditutne Ningrum sak bojone, lan sing neng mburi dhewe Karmini.

 

"Alaikum salam" Bu Asper wangsulan.

 

"Kula ingkang sowan Budhe" Bu Ningrum karo Pak Yunus nyedhak banjur nyalami Bu Asper karo matur "Budhe Asper enggal dhangan inggih Budhe".

 

"O alaaah Ningrum ta?" Bu Asper wangsulan karo mesem seneng "iya, iki Budhe wis sehat kok, upama dhek esuk ki gak konangan Heru terus digawa mrene ya embuh".

 

"Inggih Budhe" Pak Yunus melu omong "ketingale Budhe niku sayah nanging boten diraosaken".

 

"Ketoke ya ngono Nak Yunus. Kono padha pinarak dhisik kono" Bu Asper ngendika ngacarani supaya Bu Ningrum karo Pak Yunus lenggah. Karmini banjur nyedhaki maratuwane karo matur :

 

"Ibu wau sampun dhahar punapa dereng? Obate sampun diunjuk?"

 

"Awakmu kuwi piye ta nDhuk?" Bu Asper genti ndangu Karmini "lha Ibu dhahar ki banjur sing ndulang sapa? wong awakmu ora eneng ngono kok?. Ayo Ibu didulang tak dhahar terus mengko ndang ngombe obat, ben bisa terus leren".

 

"Injih Ibu, nyuwun pangapunten wau kula nembe medal" wangsulane Karmini karo njupuk panganan jatah saka Rumah Sakit arep dienggo ndulang Bu Asper. Olehe dhahar Bu Asper katon krasa seger, jatah saka Rumah sakit kanggo makan malam kuwi bisa dientekne kabeh. Banjur Karmini njupuk obat sing arep diunjuk Bu Asper kanggo bengi kuwi.

 

ana candhake.


Selasa, 02 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 19

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

19.

Bagus nguntabne tamu-tamu sing padha bezuk kuwi karo melu metu saka kamar. Nganti tamu-tamu kuwi adoh olehe mlaku, Bagus durung bali mlebu maneh. Malah banjur mapan lungguh neng kursi Rumah Sakit sing ana teras. Bagus ngerti nek olehe pamitan wong-wong mau amarga rumangsa ora kepenak krungu olehe rembugan antarane Bu Asper karo Sri Hartini sing ngomongne dheweke karo sisihane. Bagus lagi nggagas, ya gene Karmini wiwit mau durung bali menyang kamar maneh? Kamangka mau pamite mung arep sembahyang neng Masjid Rumah Sakit, kok wiwit mau nganti bubar adzan ngisak durung bali? Ana apa iki?. Atake, mau Karmini wis kepethuk karo Harmana lan Hartini?  Banjur Karmini diunek-unekne kaya padatan nek Hartini ketemu karo dheweke ngana kae?.

 

Sing dikuwatirake Bagus ngono kuwi, meh padha karo sing dipikir salah siji saka tamu sing lagi wae pamitan mau, ya iku Bu Ningrum karo kakunge, sing olehe teka ing kamare Bu Asper luwih keri tinimbang wong-wong liyane klebu karo Hartini lan bojone. Malah mau gandheng pas Bu Ningrum karo Pak Yunus mlebu, Bu Asper lagi asyik ngendikan karo  Hartini, Pak Yunus karo Bu Ningrum ora wani nyedhaki Bu Asper dhisik lan milih nyalami Bagus, banjur melu lungguh awor tamu-tamu sing teka luwih dhisik. Mau Adhine Dokter Heru kuwi sadurunge mlebu menyang kamare Bu Asper kober kepethuk karo Karmini neng Plataran, lan miturut panyawange Bu Ningrum Karmini olehe mlaku ketok rada beda. Mau Karmini ngaku nek lagi mumet sirahe merga durung ngombe kopi, nanging bareng digathukne karo olehe rembugan Hartini karo Bu Asper sing dirungokne mau, sajake sadurunge mlebu menyang kamare Ibune Hartini luwih dhisik kepethuk karo Karmini lan ndadekne Karmini ora gelem balik menyang kamare maratuwane.

 

"Mandheg neng kene dhisik sedhela Mas, Aku arep matur sethithik ......" Bu Ningrum ngomong alon marang kakunge.

 

"Ana apa?" Pak Yunus takon karo ngendhegne lakune, sauntara wong liyane bablas olehe padha mlaku arep menyang parkiran marani mobile.

 

"Aku kok kepikiran karo mBak Karmini ta?" wangsulane Bu Ningrum .

 

"Uwis pora sah diomong, kuwi dudu urusane awake dhewe" Pak Yunus ngandhani sisihane.

 

"Dudu bab sing dadi rembugan antarane Bu Asper karo mBak Tien mau Mas" Bu Ningrum nggenahne karepe "mBak Karmini mau kandha nyang awake dhewe nek mung arep golek kopi, kok nganti suwe ora bali-bali? gek mau pas arep tak takoni, rumangsaku ana sing aneh karo mBak Karmini. Atake mau bar tukaran karo mBak Tien Mas? Terus mBak Karmini bablas mulih ora wani mbalik nyang kamar maneh?. Tukaran sing ora diweruhi dening Mas Bagus?".

 

"Tukaran ya ben neh" Pak Yunus wangsulan "kuwi rak urusane kana dhewe, awake dhewe ora sah melu-melu mundhak kleru".

 

"Sing tak pikir ngene lho Mas, atake Mas Bagus nggoleki sisihane? merga dienteni nganti suwi ora mbalik-mbalik?. Mengko nek Mas Bagus bingung rak ya mesakne ta Mas?" kandhane Bu Ningrum maneh.

 

"Lha banjur terus piye?" Pak Yunus takon .

 

"Panjenengan mbalik Mas, Mas Bagus panjenengan kandhani nek mau awake dhewe kepethuk mBak Karmini neng latar, jare arep golek kopi ngono" Bu Ningrum ngongkon kakunge supaya ngandhani Bagus "nig alon-alon wae, aja nganti mBak Tien krungu. Ngono wae, aku tak ngenteni neng ngarep kono".

 

Pak Yunus banjur mbalik arep nemoni Bagus kaya sing diprentahne garwane, sauntara Bu Ningrum nerusne olehe mlaku arep ngenteni Pak Yunus neng plawangan dalan metu saka Rumah Sakit. Nanging dumadakan Bu Ningrum weruh, Karmini lagi lungguh, neng cedhak plawangan dalan mlebu. Gageyan Bu Ningrum banjur nyedhaki .

 

"Sampun ngopi mBak?" Karmini sing lagi nglamun ora ngerti nek Bu Ningrum wis lungguh neng jejere karo takon. Karmini kaget banjur noleh, nyawang sing nakoni.

 

"Oh, Bu Ningrum ta? sampun kepanggih Ibu Bu?" Karmini wangsulan karo suwara gagap.

 

"Sampun, Lha mBak Karmini kok taksih teng mriki? nyegat sinten?" Bu Ningrum takon maneh.

 

"Boten nyegat sinten-sinten kok, anu mumpung ingkang ngancani Ibu kathah, kula medal riyin pados hawa njawi sing radi seger" wangsulane Karmini dora sembada.

 

"Oh, nggih nek ngoten kula tak tumut pados hawa seger teng mriki" Bu Ningrum mangsuli karo mesem.

 

Karmini ngrasa ana sing aneh karo tembung sing lagi wae dikandhakne Bu Ningrum kuwi. Nanging Karmini mung meneng, malah banjur thukul pikiran anyar ing uteke. Karmini arep njaluk tulung supaya ngandhani Bagus yen karmini arep bali menyang omah dhisik, lan mengko olehe bali Karmini arep nunut bareng karo Bu Ningrum karo Pak Yunus.

 

"Mangke Bu Ningrum kundur dhateng Kedunggalar napa taksih badhe wonten acara sanes?" Karmini miwiti takon.

 

"Nggih terus wangsul mBak, wonten punapa ta ?" Bu Ningrum wangsulan banjur ngenti takon.

 

"Anu, menawi pareng kula badhe ndherek nunut wangsul" kandhane Karmini "nanging badhe pamitan Bapake Arka rumiyin ajrih, teng mrika enten Den Ayu Tien. Pripun nggih ?".

 

"mBak Karmini badhe wangsul sareng kula? Nggih, kleresan malah kula wonten sing ngancani" wangsulane Bu Ningrum semanak "nek mbak Karmini badhe matur dhateng Mas Bagus pekeet mergi enten mBak Tien, mengke Mas Yunus kula criyosane ben mamitne mBak Karmini teng Mas Bagus".

 

Sauntara Bu Ningrum ngenteni Pak Yunus sing lagi nemoni Bagus, neng kamare Bu Asper sing ditunggoni Hartini karo Harmana sambat yen ngantuk banget lan ngendika nek kepengin enggal sare.

 

"Keneng pengaruhe obat, Ibu ngantuk banget" ngendikane Bu Asper marang hartini lan Harmana "saiki ibu kepengin enggal bisa sare".

 

"Inggih Bu" sing mangsuli Harmana "kagem sare kemawon, Ibu mbetahaken istirahat ingkang cekap".

 

"Ibu sare mawon sak niki, Tien kalih Mas Har tak wangsul riyin, mengke perawat-perawat kula criyosane supados sakedhap-sakedhap Ibu dipun tingali".

 

"Iya, nek mulih neng dalan sing ngati-ati" wangsulane Bu Asper karo ngeremne mripate.

 

Harmana karo Hartini banjur metu arep mangkat bali. Sawise tekan jaba, dumadakan Hartini kelingan, mau kayane dheweke weruh klebat lan krungu suwarane Bagus. Nanging wonge saiki ana ngendi?. Satemene sing kumlebat neng pikirane Hartini meh padha karo sing ana pikirane Harmana, kekarone lagi sadar yen mau wis weruh lan krungu suwarane Bagus. Nanging wong loro kuwi padha olehe meneng, ora ngandhakne sing lagi dipikir marang sisihane. Malah banjur padha daya-daya anggone mlaku menyang parkiran marani mobile.

 

Bareng karo Harmana lan Hartini mlaku menyang parkiran, Bagus lagi wae metu saka Mushalla Rumah Sakit nggoleki Karmini nanging ora ketemu. Saka kadohan Bagus ngingeti mBakyu lan Mase Ipe kuwi nanging ora suwe, merga dumadakan Pak Yunus mara nyedhaki, banjur karo bisik-bisik Pak Yunus ngandhani nek mau bubar kepethuk Karmini neng latar Rumah Sakit cedhak plawangan mlebu, jarene arep golek kopi.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 18

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

18.

Karmini lungguh ijen, gegere disendhekne neng cagak pager Rumah Sakit, karo pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Sok ngonowa, jroning ati Karmini isih rumangsa matur nuwun marang Gusti Allah dene isih kaparingan eling. Saupama mau nganti lali banjur tangane kumlawe, kira-kira pancen ya ana rasa marem nanging rasa marem kuwi mesthi kudu dituku klawan rasa getun sing ora ana enteke. Kajaba bakal urusan karo Polisi, Karmini uga ora bisa nggambarake sepira susah, sedhih, duka lan lara wirange  Bu Asper, yen nganti pirsa putra putrine sing pambayun babak bundhas dipilara dening mantune sing lagi dina mau dilorohi. Lan bakal bener-bener kedadeyan karo apa sing dadi pandakwane Hartini marang dheweke, yaiku yen sing dadi jalaran gerahe Bu Asper kuwi merga kelakuwane Karmini.

Nanging Karmini dadi bingung, saiki kudu kepriye? Arep bali, genah dhuwite keri Tas sing ana jero kamar papan dirawate Bu Asper lan genah mokal yen dheweke bali mrana saprelu njupuk dhompete. Hartini genah nek bakal mawuk-mawuk ora karuwan, neng ngarepe Bu Asper lan wong-wong liyane. Lan kang mangkono mau genah nek ora ana apike babar pisan. Karmini mung duwe pangarep-arep muga-muga, Bagus ora bingung merga dheweke sing pamit nyang Mushalla kok ora bali-bali. Muga-muga Bu Asper ora nakokne dheweke menyang ngendi. Lan Muga-muga Hartini karo bojone ndang cepet bali, merga nek nganti kepethuk maneh dheweke neng Rumah Sakit kene, Karmini kuwatir ora bisa ngampet ubaling kanepsone.

 

Sauntara Karmini lungguh thenger-thenger nek Buk Rumah Sakit, sing ana kamare Bu Asper lagi padha jagongan gayeng. Wong-wong sing padha bezuk lagi ngobrol karo Bagus. Bareng wis padha weruh yen kahanane Bu Asper wis katon luwih apik, wong-wong ya padha seneng. Merga mau kondhange kabar sing sumebar, jare Bu Asper dhawah kantaka neng kamar mandhi, nganti digawa menyang Ngawi durung emut.

 

Luwih gayeng maneh bareng Hartini karo Harmana teka, putra mbarepe Bu Asper sak mantune kuwi banjur sungkem.Nyuwun pangapura, jalaran nadyan olehe ngabari Dokter Heru neng Kantor durung pati awan, nanging gandheng isih kudu ngrampungne gaweyan sing wigati, lagi bisa menyang Rumah Sakit bengi kuwi.

 

"Lha nek pancen repot ya ora apa-apa" wangsulane Bu Asper ngenaki rembug "wong Tiok karo Vero ya lagi wae bali saka kene, mau  jam papatan olehe teka. Ketoke Ibu sesuk utawa sesuke wis dikeparengne kundur kok, dadi ora sah padha kuwatir".

"Inggih Bu" Hartini semaur alon "sokur ta nek Tiok napa mpun mriki siang wau, tujune perawat mriki niki sami apal kalih Mas Heru, dados mesthine nggih sami migatosaken dhateng Ibu".

 

"Iya, sing durung ketok ki kari Evie dhewe" Bu Asper ngendika maneh "ya ora apa-apa jeneh Evie ki omahe ya rada adoh, mbuh wis eneng sing ngabari mbuh durung".

 

Bareng Bu Asper nyebut jenenge Evie Hartini rada kaget, banjur nyawang bojone karo takon :

"Mau Evie piye Pah?"

 

"Iya?" Harmana melu kaget "Papah mau lali Mah, pas arep nelpon Dhik Sugeng mau ndelalah ana tamu, terus klendran, dadi Dhik Sugeng karo Dhik Evie durung padha ngerti yen Ibu ngamar neng kene".

 

"Dhuh, Papah ki jane piye ta? Kok bisa-bisane klendran lho?" Hartini guneman suwarane keprungu nek lagi cuwa atine.

 

"Ya uwis, ora sah padha udur" Bu Asper ngendika maneh "sing ora kekabaran ya ora apa-apa, wong Ibu ya wis ora apa-apa ngene lho?".

 

"Inggih Bu, Tien nyuwun pangapunten" wangsulane Hartini karo ndhingkluk ngrumangsani lupute.

 

"Ya ora apa-apa, sing baku kabeh sehat. Ibu wis seneng nek krungu putra-putrane padha sehat kabeh, padha rukun karo kulawargane dhewe-dhewe, uga ora padha tukaran karo padha-padha sedulure, kuwi wae wis cukup kanggone Ibu" ngendikane Bu Asper sabanjure.

 

"Inggih Bu, menawi para putranipun Ibu sedaya sami tansah ngugemi piwucalipun Ibu miwah sawargi Bapak, ketingalipun namung kantun Bagus piyambak ingkang dereng purun sadar. Nanging Ibu sampun sekel ing panggalih, ingkang dereng sadar kantun satunggal boten sisah dipun lebetaken manah, benjing-benjing menawi radi longgar kula kandhanane malih murih enggal kaparingan sadar" Hartini wangsulan sajak ngati-ati banget, najan suwarane alon nanging bisa dirungokne wong-wong sing ana kamar kono, klebu Bagus lan wong sing padha bezuk. Sajake Hartini karo bojone mau ora weruh yen Bagus lungguh neng klasa awor wong-wong sing lagi padha bezuk Ibune.

 

Krungu gunemane Hartini sing kaya ngono kuwi mau Bagus rada ora kepenak sajroning atine. Nanging Bagus milih ora nanggapi, jalaran dipikir nanggapi omongane Hartini ngono kuwi cetha yen akeh rugine dibandhing karo bathine.

 

"Tak jaluk kowe aja gething karo Bagus ya?" Bu Asper ngendika maneh marang Hartini "Kowe durung ngerti, Bagus kuwi putrane Ibu sing becik, ora kok durung sadar kaya sing kok kandhakne mau".

 

"Inggih Bu" Hartini wangsulan karo suwara sing rada dhuwur "kula nggih ngertos Bagus niku adhik kula, putranipun Ibu kaliyan Bapak, dhasaripun lare ingkang sae, namung kuciwanipun sakedhik gampil kenging godha. Nanging bakenipun Bagus punika sae, namung nembe kenging godhanipun lare estri ingkang boten gadhah isin, boten sumerep ing reh tata krami, boten ngrumaosi andhaping drajatipun. Nanging Ibu boten sisah  menggalih awrat bab punika, kula janji dhateng Ibu Bagus badhe kula kandhani ngantos saged wangsul mlampah ing margi ingkang leres malih".

 

Bu Asper ketok ngencangne alise mireng ature putra pambarepe sing mangkono kuwi. Banjur kendel, penggalihe lagi arep nata ukara kanggo mangsuli tembunge Hartini sing kebak rasa sengit marang Karmini kuwi.

 

Wong sing padha bezuk melu kaget campur gumun krungu omongane Hartini sing keri dhewe kuwi. Kabeh padha mandeng marang Bagus karo sorot mripat sing kebak pitakonan. mBah Mantri Guru Mur sing yuswane wis rada sepuh nanging isih katon kiyeng , nyedhaki Bagus karo bisik-bisik supaya diaturne menyang Bu Asper yen sing padha bezuk arep pamitan. Kang mangkono mau ditindakne dening mBah Mantri, jalaran rumangsa ora kepenak melu ngrungokne rembugan sing kudune winates ora kena dingerteni dening wong liya.

 

"Inggih, inggih mBah Mantri" wangsulane Bagus grapyak semanak, banjur diterusne matur marang Ibune karo suwara sing rada seru "Ibu, punika mBah Mantri kalih sedherek-sedherek ngersakaken badhe kundur".

 

Bu Asper sing lagi nata ukara sajroning penggalih dadi buyar angen-angene, banjur ngendika paring wangsulan :

"Oh, Mas Mantri arep kundur? Inggih, inggih Matur nuwun lho Mas Mantri lan sedherek-sedherek kula sedaya, nyuwun pangapunten sampun damel repotipun Mas Mantri lan sedherek sedaya".

 

"Inggih mugi-mugi enggal dhangan, wangsul sehat kados wingi uni mBakyu" mBah Mantri Guru makili wong-wong liyane mangsuli pangandikane Bu Asper "sampun inggih mBakyu, Nak Har, Nak Tien lan Nak Bagus, kepareng kula sakanca nyuwun pamit wangsul".

 

"Inggih, mBah Mantri matur nuwun" Bagus sing wangsulan.

 

ana candhake.


Senin, 01 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 17

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

17.

Pas Karmini mlaku menyang Mushalla neng lorong Rumahsakit dheweke weruh, tangga-tanggane Bu Asper. Ketoke arep padha bezuk, Karmini api-api ora weruh terus bablas olehe arep menyang Mushalla. Pikire, mengko wae nek bar sembahyang melu nemoni. Tujune wong-wong mau ya ora ngingeti Karmini, dadi ya ora ana sing aruh-aruh. Ora mung butuh arep sembahyang thok, Karmini ya nunut adus pisan neng kamar mandhi Mushalla kono, dadi bar sembahyang awake isih krasa seger. Bubar sembahyang Karmini enggal-enggal mbalik maneh menyang kamar panggonane Bu Asper dirawat. Olehe mlaku ora ngingeti ngendi-endi, karo ndhingkluk ngener tumuju papan sing dituju. Lagi ndengengek nalika wis meh tekan ngarep lawang kamare Bu Asper. Sepira kagete atine Karmini, nalika dheweke pas ndengngek nyawang mengarep dumadakan panyawange tatapan karo mripat loro sing uga nyawang dheweke, kanthi panyawang murup ngandhut kanepson lan rasa gething semu gila marang Karmini. Karmini mandheg, ora nerusne lakune, sawuse genah sapa sing nguwasi marang dheweke, banjur ndhingkluk ora kumecap apa-apa.

 

"Arep ngapa kowe mrene?" Hartini, wong sing mau nguwasi Karmini karo sorot mripat sing murup nakoni Karmini.

 

"Nyuwun pangapunten Den Ayu....."  Karmini wangsulan alon nanging cetha dirungokne "kula nembe saking Mushalla....".

 

"Aku gak takon kowe saka ngendi" wangsulane Hartini galak, najan suwarane ora banter "isih kurang lega rasaning atimu? Iya, isih arep kok sengkakne ben niyatmu enggal bisa kasembadan? Dahasar anak lonthe".

 

Krungu tembung sing kasar lan ngarani nek simboke lonthe, Karmini kaya dadi krasa panas kupinge. Sirahe diangkat, Sri Hartini disawang wani, karo lambe sing kedher ngampet ubaling geni sing ngobong pangrasane Karmini wangsulan :

 

"Nuwun sewu, Den Ayu kenging ngina lan nyepelene kula, Karmini boten badhe napa-napa, nanging Den Ayu sampun nyenggol-nyenggol tiyang sepuh kula sing boten ngerti napa-napa.......".

 

"Kowe ora trima ya? Ora trima merga tak arani anak lonthe? Pancen simbokmu kuwi Lonthe, nek ora trima arep ngapa kowe?. Aku mung omong sing sabenere wae, kowe wis nesu arep wani karo aku? Apa rumangsamu atiku ora lara? Merga klakowanmu Ibuku dadi gerah nganti mlebu Rumah Sakit iki? Nek kupingmu ora budheg, matamu ora picek, kowe ngerti sing ndadekne Ibu nganti tensine munggah dhuwur, malah jarene Mas Heru mau ana tandha-tandha gejala stroke barang, kuwi merga Ibu ngempet rasaning penggalihe nggone menggalih Bagus sing merga kena plengket pengasihane Simbokmu sing tandhak tayub kae, Bagus dadi bubrah pikirane ngeboti kowe tinimbang sedulur lan wong tuwane.......".

 

"Mangke rumiyin Den Ayu......" Karmini nggeget untune, driji-driji tangane wiwit dikepelne. Arepa kaya ngapa, Karmini kuwi biyen jaman sekolah iya tau melu pelajaran ekstra kurikuler, Pencak Silat sing diwulangake ing sekolahane, Karmini wis kasil katut disahne dadi Warga Persaudaraan Setia Hati Terate, sing salah sijine mulangake ora niyat golek musuh, nanging yen kepethuk tan bakal mingkuh  (musuh tidak dicari bila bertemu tak akan lari). Sore kuwi, ora kedhisikan ngimpi apa-apa, dumadakan ana wong teka ing ngarepe, nguman-uman tanpa pawadan, ngundamana golek perkara. Karmini eling jati dhirine, nadyan tinitah wadon ora ateges kudu mung dadi Kembang Mlathi sing arum gandane, nanging kudu bisa dadi mawar sing bisa migunakake eri sing tuwuh ing ragane, kanggo mbela kahurmatane.

 

"Gak sah kakehan gunem sing tanpa guna" dumadakan Sri Hartini nggetak "aku wis ngerti, tekamu mrene api-api arep nuduhne nek duwe rasa kawigaten marang wong tuwane Bagus ta? Ben wong-wong padha kapusan banjur ngarani kowe kuwi wong sing duwe budi luhur, sanajan ora diakoni dadi mantune, nanging bareng Ibu gerah kowe isih gelem tilik ? . Tujune konangan aku, upama kowe kebacut mlebu lan Ibu nganti pirsa rerupanmu sing njejemberi kuwi, tan wurunga bakal nambahi santer gerahe Ibuku. Saiki kowe milih minggat saka kene, apa ndadak ngenteni tak celukne Satpam supaya ngrangket kowe?".

 

Meh wae, tangane Karmini kumlawe arep napuk lambene Sri Hartini. Nanging dumadakan, wewayangane Harmana bojone Sri Hartini sing Perwira Polisi kuwi liwat ing angen-angene. Karmini dadi mikir, nek nganti kedadeyan dheweke nibakne tangane marang Sri Hartini lan kedaden tukaran, kira-kira ora nganti sapanginang Hartini mesthi wis rubuh njebabah ndhepani lemah, nanging buntute bakal dadi dawa. Arepa dheweke rumangsa bener, nanging bisa wae Harmana tetep luwih milih ngrewangi bojone, Karmini mesthi bakal dirangket, dikecrek tangane dadi tahanan. Lan ing alam maya, Karmini dumadakan weruh wewayangane Karmin Bengkring, Bapak-e, lagi lungguh karo drijine mipili kawat siter, disamb karo ura-ura :

 

Dedalane guna lawan sekti,

kudu andhap asor,

wani ngalah luhur wekasane,

tumungkula lamun den dukani,

bapang disingkiri,

ana catur mungkur.

 

Sanajan uran-uran kuwi jarene kanggo sangune sing arep suwita utawa ngabdi, nanging uga cocog yen ditujokne marang Karmini sing lagi berjuang mbangun Rumah Tangga karo Bagus. Supaya anggone urip karo Bagus bisa nurunake anak-anak sing becik, kudu andhap asor lan kudu wani ngalah murih ing tembe bisa antuk drajat sing luhur, yen ora dheweke ya tibaa marang anak-anake. Luwih becik tumungkul nalika nampa deduka, wektu kuwi dheweke kudu weruh arepa dikaya ngapa, Hartini kuwi sedulur tuwane Bagus, sisihane, guru sing dibekteni. Dadi kudu nyingkiri bapang, utawa pepalang sing bisa murungake gegayuhane lan luwih becik mungkur ora ngladeni caturane Hartini sing nek diladeni bakal nuwuhake brahala.

 

Alon-alon tangane sing ngepel lan wis arep digunakne kanggo napuk Hartini kuwi diudhunke. Karo ndhingkluk Karmini mbalikne adhepe, banjur ngalih ninggalne Hartini sing isih katon abang mangar-mangar praupane. Lakune Karmini nadyan alon nanging ora noleh ngiwa lan ora noleh nengen, bablas tumuju lawang metu saka Rumah Sakit.

 

"Lho kuwi rak mBak Karmini garwane Mas Bagus ta?" dumadakan nalika lakune Karmini wis teka plataran Rumah Sakit, ana wong aruh-aruh. Karmini ndengengek, nyawang wong sing nglorohi dheweke. Bu Ningrum karo Pak Yunus, mesem semanak karo nyawang Karmini. Bu Ningrum kuwi Guru ing SMA Negeri Ngawi, isih kapernah adhine Pak Dokter Heru, let siji.

 

"Oh, Bu Ningrum ta? kula wau boten ngertos" Karmini mbales wangsulan karo mesem.

 

"Kados pundi kabaripun Keng Ibu ?" Bu Ningrum takon "niki wau kula rak dikabari Mas Heru, nek Bu Asper dirawat  teng VIP Nomer kalih sing nenggani mBak Karmini, ngoten".

 

"Inggih Bu Ningrum" Karmini wangsulan "alhamdulillah kawontenanipun sampun radi sae, ketingalipun kantun nengga akase mawon, sampun kersa dhahar, ngunjuk lan endikanipun ugi sampun kathah. Mangga menawi badhe tuwi, wau Mas Tiok kaliyan mBak Vero nembe mawon kundur, sak niki ingkang nembe rawuh Den Ayu Sri Hartini kaliyan garwanipun. Nyuwun pangapunten kula badhe pados kopi dhateng wande rumiyin, kadhung ketagihan ngeten niki, nek mboten enggal diombeni mumete boten mantun-mantun".

"Oh, inggih mBak" Bu Ningrum wangsulan karo ngguyu "mangga menawi makaten, kula kalih Pak-e tak mrika rumiyin".

 

"Inggih Bu, Nyuwun pangapunten" wangsulane Karmini sing banjur lungguh neng buk plawangan Rumah Sakit. Karmini bingung, mau dhompete dilebokne tas awor saline sing diseleh neng ngisor amben sing kanggo sare Bu Asper. Dadi upama arep bali Karmini ya ora bisa, merga kajaba Angkota jurusan Sidowayah ya wis ora ana, dheweke ya ora nggawa dhuwit babar pisan.

 

ana candhake.

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 16

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

16.

Vero lan Tiok wingi kae pas dolan nyang omahe Karmini, wong loro kuwi isih krungu nek anggone Karmini nyebut maratuwane isih nganggo sebutan "ndara putri" lan ora krungu nganggo sebutan "Ibu", lha kok iki mau nganggo sebutan Ibu, kamangka malah ana sacedhake Ibune. Tiok nggagas, apa kira-kira mau Ibune wis ngandhani Karmini kaya olehe ngandhani wingi supaya ora nyeluk dheweke nganggo sebutan Den, nanging dikongkon ngganti nganggo sebutan Mas, merga Karmini kuwi sisihane Bagus, adhine. Tiok, bali nyawang marang Ibune maneh, merga Bu Asper ngendika, nakokne bojone Bagus.

 

"Lha bojone Bagus mau wis bali ta Yok?" sanajan pitakonan kuwi ditujokne marang Tiok, nanging wong sakamar krungu kabeh merga pancen ya suwarane Bu Asper keprungu cetha.

 

"Wonten dhawuh punapa Ibu? kula wonten mriki?" durung nganti Tiok wangsulan Karmini wis ngadeg nyedhaki maratuwane karo guneman.

 

"Tak kira nek wis bali, wong mau awakmu omong nek arep gentenan karo Bagus" wangsulane Bu Asper "gek Bagus ya wis teka".

 

"Dereng kok Ibu" Karmini nyauti gunem, banjur nari maratuwane "niki wau mBak Vero ngasta buwahh-buwahan, Ibu ngersakaken dhahar Apel punapa Jeram ?"

 

"Iya aku ya wis ngerti, anu aku oncekna apel wae tak nggene nambani paite ilat" Bu Asper kandha kepengin dhahar apel, banjur ditutugne ngendika kaya ditujokne marang awake dhewe "sak jane aku kepengin mengko bengi kuwi dikancani Bagus karo Karmini.......".

 

"Inggih Buk" Bagus sing uga krungu olehe grenengan ibune gage nyaut karo ngadeg nyedhak "mengke Ibune Arka kersane boten wangsul, tiyang kala wau mBahe nggih empun ngandhani kula murih Ibune Arka boten wangsul rumiyin".

 

"Lha jaremu Ibune Arka kuwi nek esuk ngiderne dagangan tempe neng pasar? lha nek dikon nunggoni aku, sing ngiderne tempene banjur sapa?" Bu Asper takon.

 

"Mangga Ibu, kula aturi dhahar apelipun" Karmini sing wis rampung ngonceki apel lan diiris cilik-cilik diwadhahi lepek, disandhingi garpu cilik, dicedhakne menyang Bu Asper .

 

"Ibu dulangen ta nDhuk" wangsulane Bu Asper mundhut supaya didulang "gajege sak jege dadi mantuku, awakmu ki rak durung nate ndulang Ibu ta?"

 

"Injih Ibu" wangsulane Karmini alus, karo mbatin "aja maneh kok ndulang, dilorohi wae lagi dhek esuk kuwi kok".

 

Tiok karo bojone sing weruh lan ngerti owah-owahan slagane Bu Asper marang Bagus lan Karmini padha manthuk-manthuk. Ana rasa aneh nggremeti dhadhane. Wong loro kuwi ora kendhat nggone ngingeti Bu Asper sing katon seger olehe dhahar apel sing didulangne Karmini nganggo garpu.

 

"Lha ya, nek awakmu nunggoni aku neng kene, banjur sing ngiderne tempene sapa nDhuk?" ing sela-selane mamah apel, Bu Asper ndangu maneh marang Karmini.

 

"Kala wau Mak-e sampun criyos dhateng Bapakipun Arka, bilih badhe kengkenan Lik Mitun supados ngideraken tempe ingkang kangge benjing enjing kok Bu" wangsulane Karmini.

 

Lawang Kamar dibukak saka njaba, petugas Rumah Sakit ngladekne jatah mangan sore marang pasien. Ditampani Vero banjur diselehne neng meja cedhak ambene Bu Asper. Wektune wis nyedhaki Maghrib, ketitik saka Masjid sacedhake Rumah Sakit wis keprungu suwarane wong maca Kitab Suci Al-Qur'an. Tiok nyawang Bagus karo takon :

 

"Dadi mengko awakmu karo Ibune Arka ora mulih?"

 

"Iya Mas" wangsulane Bagus cekak.

 

"Ya wis nek ngono aku karo mBakyumu tak bali dhsisik, nek ana apa-apa ndang telpon omah, neng ngarepan kono kuwi ana telepon umum koin" kandhane Tiok maneh karo noleh bojone.

 

"Ya" sepisan maneh Bagus mung wangsulan cekak.

 

"Sik Pa, aku tak metu sedhela nyang Kantin ngarepan kono kuwi, golek ngge dhahar Dhik Bagus mengko" Vero ngadeg karo pamit menyang Tiok.

 

"Ora sah mBak" Bagus nyaut kandhane Vero "aku mau wis digawani bontot kok karo mBahe, ngge mangan aku karo Ibune Arka mengko, kae ta tak selehne neng rak lemari makan ngisor dhewe".

 

Vero ora sida metu, Tiok banjur ngadeg, ngajak Vero nyedhaki Bu Asper arep pamitan bali dhisik, merga neng omah anak-anake ora ana kancane. Dipamiti Tiok karo Vero, Bu Asper ora akeh olehe wangsulan, mung meling supaya wong loro kuwi neng dalan supaya ngati-ati. Sawuse padha sungkem klawan salim cium tangan, Tiok karo Vero banjur padha metu saka kamar arep bali. Bagus nguntabne nganti tekan njaba .

 

"Sesuk askese Ibu tak urusane" kandhane Tiok marang Bagus karo mlaku.

 

Bagus bali menyang kamar maneh, Karmini isih lungguh neng kursi cedhake Ibune, olehe dhahar apel Bu Asper lagi wae rampung. Suwara adzan Maghrib saka masjid keprungu cetha.

 

"Aku tak nyang Mushalla dhisik" Bagus pamitan marang Karmini "olehe sembahyang gentenan wae".

 

"Inggih Mas" wangsulane Karmini "mengke dijamak takdim kalih dikosor pisan, kersane gampil".

 

"Ya" wangsulane Bagus cekak, karo mlaku metu arep menyang mushalla Rumah Sakit.

 

Bu Asper mirsani putra ragile sing arep menyang mushalla kuwi karo panyawang sing katon seneng.

 

"Bagus ki saiki wis bisa tertib ya nDhuk olehe sembahyang?" Bu Asper ndangu Karmini.

 

"Inggih awit pangestunipun Ibu, Bapak-e Arka sembahyangipun sampun boten nate gothang, sembahyang tahajud inggih radi asring" wangsulane Karmini.

 

"Ya sokur ta nDhuk nek pancen mangkono, sak jege duwe sisihan awakmu Bagus malih dadi sansaya cedhak karo Gusti Allahe" Bu Asper nutugne olehe ngendika "nek wis bali saka Rumah Sakit, Ibu ya arep wiwit sembahyang maneh, wong biyen jaman isih cilik Ibu iki ya tau sinau sembahyang neng Langgare mBah Yahmin. Nek sawargi Bapakmu biyen, sak wise pensiun sembahyange ya rada tertib lho".

 

"Inggih Ibu" wangsulane Karmini sing banjur matur nari maratuwane "Ibu ngersakaken dhahar sak niki terus ngunjuk obatipun ?" .

 

"Mengko sedhela engkas wae, wong lagi wae bubar mangan apel ngono lho?" wangsulane Bu Asper.

 

"Inggih sampun" wangsulane Karmini karo mbenerake kemule Bu Asper sisih ngisor.

 

Sanajan lagi sedina neng Rumah Sakit, nanging kesehatane Bu Asper wis ketok akeh kemajuane. Ora kaya lagi teka dhek esuk mau sing ketok nglumruk tanpa daya, saiki wis wiwit katon seger. Ya kira-kira kagawa saka penggalihe sing ing dina kuwi bisa nemokne rasa bungah, rasa karenan. Putra wuragile sing sasuwene iki dianggep wis mrucut saka gendhongan, luput saka kudangan, jebul anggepane sing ora pati bener. Bagus nyata anak sing bekti marang wong tuwa, Karmini sing sasuwene iki dianggep menungsa sing tanpa guna, sing wis nglorot drajate Bagus, jebul bisa nglungguhake dhirine dadi putra mantu sing bekti lan ngajeni marang maratuwane.

 

Bagus wis bali saka mushalla, ditutne Pak Marsudi karo garwane sing mau kepethuk Karmini neng Mushalla utawa masjid Rumah Sakit, pas Karmini rampung sembahyang ngasar. Sawise nyalami Bu Marsudi lan Pak Marsudi, Karmini pamitan arep sembahyang :

 

"Nyuwun pangapunten, dipun sekecakaken rumiyin lenggahipun, kula badhe dhateng Mushalla rumiyin" .

 

"Iya  Mbak, mangga, aku karo Pake lagi wae saka kana" wangsulane Bu Marsudi .

 

ana candhake.


Minggu, 31 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 15

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

15.

Bu Asper ora semaur, mung batine mbenerne karo apa sing dikandhakne mantune sing lagi dina iki diajak omongan sawuse pitulas tahun dadi mantune. Bu Asper ya banjur kelingan lelakone dhewe jaman didukani dening Ibu lan Ramane merga mbeguguk makutha waton ora gelem dipisahnne karo Surya Gutama, bocah lanang sing wis dadi woding atine. Lan sawuse dadi mantune sepuluh tahun lan bisa nuduhne nek Surya Gutama nyata wong lanang sing tanggung jawab, lagi wong tuwane sadar lan gelem ndhaku Surya Gutama kuwi mantune, malah kepara dadi mantu sing banget diasihi dening wont tuwane. Luwih-luwih bareng ditlusur-tlusur, wong tuwane Surya kuwi jebul isih trah Mangkunegaran, sing jalaran kegawa saka kahanan banjur nyingidake dhiri urip dadi wong lumrah ing padesan, sing wekasane kudu nemahi pati dadi rabuke revolusi. Bu Asper unjal ambegan landhung, jebul lelakon sing tau diliwati dibaleni maneh dening putra wuragile. Mung bedane, nek lelakone Bagus sing mberung nekad wani lunga saka omah merga ngeboti tresnane marang Karmini, ora mung Bu Asper dhewe sing ngluputake, nanging putra-putrine ndelalalah duwe pikiran sing padha yaiku, kabeh nganggep nek dalan sing ditempuh dening Bagus kuwi wis gawe kuceming kaluhurane kulawarga. Bu Asper ora kober ndedawa angen-angene, pengaruh obat njalarari Bu Asper ngantuk sing ora kena disuyudi maneh, Bu Asper banjur bali sare pules.

 

Kira-kira jam papat sore Bagus teka, nggawa klasa termos isi banyu panas lan barang-barang sing kerep dibutuhne kanggo nunggoni wong lara sing dirawat neng Rumah Sakit.

 

"Kula wau panjenengan betakne Rukuh Mas?" pitakone Karmini karo nampani barang-barang sing digawa Bagus sing banjur diselehne neng papan sing bener.

 

"Iya, tak lebokne tas, awor karo salinmu" wangsulane Bagus disambung karo pitakonan "kahanane Ibu piye?".

 

"Wau sapengker panjenengan, Ndara, eh Ibu sampun kersa ngendikan kathah lajeng sare. Wau wungu sakedhap, dhahar siang nanging inggih namung sakedhik, jatah sakit Rumah Sakit namung telas sepalih, lajeng sare malih" wangsulane Karmini aweh katrangan ngenani kahanane Bu Asper.

 

"Awakmu ora didukani ta?" Bagus takon, dumadakan ana rasa getun carup rasa kuwatir, atake anggone dheweke ngongkon Karmini nunggu Ibune kuwi mau banjur ndadekne Ibune cuwa penggalihe. Mau esuk Bagus ora kober mikir nganti tekan kono kuwi.

 

"Boten kok, malah Ibu rumaos karenan ing penggalih, jalaran Panjenengan sampun ndhawuhi kula supados kantun wonten mriki" wangsulane Karmini.

 

Bagus mesem atine lega, sing dikuwatirake ora kedaden.

 

"Kala wau kula inggih dipun dhawuhi supados boten ngaturi nDara Putri malih dhateng Ibu, ngendikanipun boten sae menawi kapireng dening tiyang sanes" Karmini nutugne olehe kandha.

 

"Ya sokur, alhamdulillah" wangsulane Bagus.

 

"Kula tak sembahyang riyin nggih Mas? dereng sembahyang wiwit dzuhur wau, mangke badhe kula jamak pisan kalih ngasar" Karmini pamit arep sembahyang.

 

"Iya, iya.. ya dijamak kosor pisan, jarene pak Ustadz kae nek dhong lelungan ngene iki oleh dikosor" wangsulane Bagus karo ngandhani Karmini supaya ngosor salate.

 

"Inggih" wangsulane Karmini banjur mlaku menyang Masjid Rumah Sakit, Bagus ya banjur mapan lungguh neng kursi sing cedhak karo amben sing kanggo sare Bu Asper. Mripate kober nyawang botol infus sing dicanthelne cagakane ing sisihe Ibune, sajake durung suwe olehe ngganti.

 

Bubar sembahyang, pas nglempit rukuhe Karmini rada kaget, ana wong sing marani dheweke karo nglorohi  :

 

"Iki rak mBak Karmini ta? sapa sing gerah neng kene?"

 

"Karmini ndhangak nyawang sing nakoni dheweke, banjur wangsulan karo mesem :

 

"Oh, Bu Marsudi ta? inggih Bu, anu, Ibu opname teng mriki".

 

"Ibu sapa? Mak Jiyah gerah? gerah apa?" Bu Marsudi takon .

 

"Anu, Ibunipun Bapak-e Arka" wangsulane Karmini nggenahne wangsulane "wau enjing tensinipun radi minggah lajeng kalih Pak Dokter kaaturan opname supados saged istirahat. Sak niki nggih mpun mandhap malih kok".

 

"Ooo, Bu Asper ta? Neng Kamar Apa? Nomer pira?" Bu Marsudi takon maneh karo diimbuhi aweh katrangan "wong iki mau aku bareng-bareng karo kanca-kancane Bapak-e neng SMP kok, bezuk Bu Imam sing dirawat neng Kelas Siji kidul kono kuwi. nDelalah aku kepengin nunut nyang kamar mandhi masjid, lha kok malah kepethuk sampean iki mau".

 

"Oh, Ingkang gerah Bu Imam SMP setunggal nika? Gerah napa Bu?" Karmini wangsulan diwiwiti nganggo pitakonan luwih dhisik "Ibu dipun rawat ing Kamar VIP Nomer kalih Bu".

 

"Ya Padha mBak, saiki usum tensi munggah, ketoke Bu Imam kesayahen terus tensine munggah" Bu Marsudi mangsuli pitakone Karmini "Ya wis nek ngono, aku tak methuki kanca-kanca dhisik, mengko Bapak-e tak jak-e sowan niliki Bu Asper pisan".

 

Bu Marsudi banjur ngalih marani panggonane kanca-kancane. Karmini nerusne olehe nglempit rukuhe. Bu Marsudi kuwi Bakul neng Pasar Kedunggalar, kiose gedhe dhewe sapasar, dagangane paling komplit, garwane ngasta dadi Guru neng SMP siji Kedunggalar. Bu Marsudi ya dadi Pelanggan tempe gaweyane Mak Jiyah sing diiderne Karmini saben esuk.

 

Rampung nglempit rukuhe Karmini ya banjur mbalik arep menyang kamar panggonane Bu Asper dirawat. Atine wis ora kemrungsung kaya dhek esuk mau, kahanane Bu Asper wis ketok sansaya apik, banjur saiki Bagus ya wis teka, muga-muga wae kanthi pethuk karo putrane sing wuragil bisa dadi lantaran Bu Asper bali waras kaya wingi-uni, ngono batine Karmini karo mlaku. Tekan ngarep kamar Karmini mandheg, mripate weruh neng ngarep lawang kamar sing tutupan rapet kuwi katon sandhal rong setel, sandhal lanang karo sandhal wedok. Karo ati rada dheg-dhegan, Karmini mbukak lawang alon-alon arep mlebu. Jebul sing duwe sandhal kuwi mau, Tiok karo bojone, Vero. Pas Karmini mlebu Tiok lagi lungguh neng kursi sing mau dilunguhi Bagus. Saiki Bagus ngalih lungguh neng klasa, Vero ya lungguh neng Klasa. Mlebune Karmini dipapag esem semanak dening Vero, Karmini nyalami banjur mapan lungguh neng sisihe Vero.

"Lha ya lho Dhik" Vero kandha marang Karmini, suwarane grecek kemrecek kaya padtan "aku jan ora ngira nek Ibu kuwi mau arep gerah ngene iki. Wong pas aku karo Masmu arep budhal kerja mau esuk ki Ibu ya ora ngendika apa-apa lho. Dadi aku ya ora ngerti blas. nDelalah pas ditelpon Dokter Heru, Masmu lagi metu saka kantor, sing nampa stafe, Lha stafe lali pisan lagi kelingan bareng Masmu wis tekan omah, banjur telepon. Dadi orawa ditelpon stafe Masmu karo aku ya wis ngerti, wong lagi teka dhog wis dipapag karo kabar nek Ibu gerah dening Kang Dasim".

 

"Inggih mBak" Karmini mung wangsulan cekak.

 

"Wong dhek esuk ki, pas aku karo Masmu budhal nyambut gawe ya kepethuk karo Dhik Bagus neng cedhak Gedhung Pancasila, kober omong-omongan sedhela nanging ya ora ngrembug Ibu, wong padha olehe ora ngerti nek Ibu arep gerah ngene iki" kandhane Vero maneh.

 

"Inggih mBak" Karmini wangsulan "kula nggih boten ngertos kok, ngertos-ngertos pas medal saking peken dijak Pak-e Arka ngidul,  kula boten ngertos menawi Ibu dhawah ing Kamar Mandhi".

 

Krungu Karmini nyebut "IBU" Vero ketok rada kaget, Tiok sing lagi lungguh neng kursi uga melu kaget.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 14


 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

14.

Tekan Pos Pasar  Kedunggalar, jebul Karmini wis ngenteni neng kono. Bagus mudhun saka Angkudese, wong-wong nututi mudhun karo ngelungne ongkos olehe numpak Angkudes. Sawuse Angkudes kosong, Karmini nyedhak arep mapan lungguh kaya padatane. Bagus bali munggah neng mburi setir banjur nguripne mesin, ora nganggo omong apa-apa Angkudes diputer balik madhep mangidul, bablas digelak menyang omahe wong tuwane.

 

"Kok ngidul napa badhe murugi tiyang ta Mas?" Karmini sing ora ngerti karepe Bagus takon.

 

"Ibu gerah santer" wangsulane Bagus "lagi wae jarene Dasim Ibu tiba neng Kamar Mandhi terus dadi rejengan wong akeh".

 

Karmini kaget, nanging ora nyuwara apa-apa. Mung pikirane terus kelingan tekan ngendi-endi, kelingan Bapake, biyen olehe dadi jalaran matine ya merga tiba pas arep adus, terus jarene wong-wong keneng angin dhudhuk. Jroning ati Karmini banjur nyenyuwun muga-muga olehe tiba nDara Putri banjur ora kaya critane Bapak-e biyen.

 

"Nembe dipriksa Pak Dokter Heru, Den" lagi wae Bagus arep mlebu kamare Ibune wis dipapagne dening Dasim lan dikandhani yen Ibune lagi dipriksa dokter "Bakda nyriyosi Panjenengan kula terus ngilen mriku, pak Dokter kula bedhog".

 

"Iya, matur nuwun Kang Dasim" wangsulane Bagus sing banjur bablas mlebu kamare Ibune ditutne Karmini.

 

nDara Asper Putri mung meneng wae nalika Dokter Heru ndelok tekanan darahe. Bagus nyedhak ngadeg neng sisihe Dokter Heru, alon-alon Bagus takon :

"Pripun Dok ?" .

 

Dokter Heru, ndengengek nyawang Bagus, banjur wangsulan karo mesem :

"Oh, Mas Bagus ta?" wangsulane Dokter Heru bareng ngerti sapa sing takon "Saene dibeta teng Rumah Sakit mawon, keng Ibu mbetahaken perawatan serius niki".

 

"Makaten Dok ? Inggih"

 

"Inggih Mas, mengke kula tak ndherek teng Rumah Sakit nyarengi keng Ibu. Sak niki Mas Bagus nyiapaken mobil mawon".

 

"Inggih, menawi ngangge grobag Angkudes kula pripun Dok?" Bagus takon.

 

Dokter Heru meneng sedhela, banjur wangsulan :

"Ngeten mawon Mas, mbeta mobil kula mawon, mengke nyuwun tulung Panjenengan setiri, kula tak ngancani keng Ibu".

 

Muni ngono kuwi dokter Heru banjur mlaku metu saka kamar kono. Dokter Heru kuwi sanakan cedhake nDara Asper, biyen nalika isih kuliah kerep nDara Asper paring pambiyantu murih lancar kuliahe. Mula panganggepe Dokter Heru marang kulawargane nDara Asper kuwi, ya banjur kaya marang kulawargane dhewe. Kaya esuk iku mau, nalika Dasim teka aweh kabar nek nDara Putri tiba neng kamar mandhi, ora sranta dokter Heru ya banjur gage-gage mara. Sithik akeh dokter Heru ya ngerti crita ing kulawargane nDara Asper mligine crita sing magepokan karo putrane nDara Asper sing ragil sing jeneng Bagus, sing saiki uripe mung dadi Sopir Angkudes kuwi.

 

Sawuse mlebu UGD sedhela, sidane nDara Asper Putri kudu dirawat lan kudu nginep neng Rumah Sakit, tekanan darahe dhuwur lan ana indikasi yen kena gejala stroke. Dening dokter Heru digolekne kamar sing kelase paling dhuwur. Senajan Dokter Heru uga wis nitipne nDara Putri marang para perawat sing akeh-akeh isih Mahasiswane dhewe neng Akper kono, Dokter Heru uga mrayogakne supaya Karmini ngancani maratuwane sasuwene nDara Putri dirawat neng Rumah sakit kono.

 

"Inggih Dok" kandhane Bagus marang dokter Heru  "mengke Ibune lare-lare saged gentosan kalih kula, nek siang kersane Ibune lare-lare sing teng mriki lah nek dalu, kula sing nggentosi".

 

"Inggih Mas, ngoten nggih prayogi"  wangsulane Dokter Heru  "Sakniki awakipun piyambak wangsul riyin mawon, kersane Bu Bagus piyambak ingkang kantun".

Dokter Heru ngrogoh sak clanane, ngetokne dhompet, banjur ndudut sepuluh lembar dhuwit seketan, dilungne menyang Karmini.

 

"Niki kagem cepengan Bu, menawi mbetahaken punapa-punapa" kandhane.

 

Dokter Heru pancen ngerti kahanan sosial ekonomine Bagus sing beda adoh karo sedulur-sedulure tunggal rama ibu. Lan Dokter Heru uga ngrumangsani yen olehe labuh  Sawargi nDara Asper marang dheweke klebu wis akeh, mula olehe duwe karep ninggali dhuwit kanggo cekelan Karmini sing kajibah nunggoni gerahe nDara Putri iki, ya kanthi lila legawa tanpa pamrih apa-apa.

 

"Sampun kok Pak Dokter, kula nggih sampun wonten kok" Karmini wangsulan kanthi alus arep nampik pawewehe Dokter Heru.

 

"Boten napa-napa Bu, sampun ta niki mengke saged kangge imbuh mawon" Dokter Heru meksa supaya Karmini gelem nampani .

 

Karmini nyawang Bagus karo sunaring mripat njaluk tetimbangan. Bagus manthuk, banjur kandha :

"Matur nuwun lho Dok, lemah teles"

 

"Napa ta Mas Bagus? kula niki wiwit alit ingkang tumut nggedhekne nggih Sawargi keng Rama kaliyan keng Ibu"  wangsulane Dokter Heru karo mesem "sampun, sak niki mangga kula diterne wangsul, sampun menggalih neka-neka, insya'allah keng Ibu benjing rak sampun wangsul sehat malih. Mengke Mas Tiok, kalih mBak Tien kula telpone, nek mBak Evie kula dereng ngertos nomere".

 

"Inggih matur nuwun Dok" kandhane Bagus nanggapi wangsulane dokter Heru "ingkang ngabari mBak Evie kersane mBak Tien mawon".

 

Bagus karo Dasim sing mau melu ngeterne nDara Putri menyang Rumah Sakit, mudhun neng ngarep daleme nDara Asper. Dokter Heru bablas bali menyang omahe dhewe, mesthine ya banjur budhal menyang papane nyambut gawe. Bagus ya banjur nggelak Angkudese bali menyang omah, arep ngabari mara tuwane yen esuk kuwi Karmini nunggoni mara tuwane neng Rumah Sakit. Bagus ya banjur nyepak-nyepakne sandhangane bojone, kareben mengko dienggo salin, arep diterne mengko awan.

Sauntara iku, nDara Putri sing lagi gerah lan sareyan neng amben Rumah Sakit lagi ditunggoni Karmini sing lungguh nglesot neng jogan.

 

"Sing lungguh neng ngisorku kuwi sapa?" bareng wis suwe kendel wae, alon-alon nDara Putri ngendika, mundhut pirsa sapa sing nunggoni anggone sareyan.

 

"Nyuwun pangapunten, kula nDara Putri, Karmini" Karmini gageyan wangsulan karo ngadeg banjur nyedhak siyaga cadhong dhawuh.

 

"Karmini?" nDara Putri takon karo nyawang praupane Karmini, suwarane keprungu nek rada bingung.

 

"Injih nDara, Karmini yogane Mak Jiyah semahe Pak Karmin Bengkring" Karmini wangsulan nggenahne sapa dheweke.

 

"Oh Karmini ta? Kowe kuwi wis dadi anakku ya nDhuk ? Nek ngaturi Ibu ki ya cukup Ibu ngono wae, aja nDara Putri ngono kuwi, ora becik, nek ana sing krungu marahi nuwuhake sing ora apik" Bu Asper ngendika nuturi Karmini.

 

"Injih nDara... eh, Injih Ibu"

 

"Lha neng kene kowe karo sapa nDhuk?" Bu Asper takon maneh.

 

"Injih kaliyan Ibu kemawon, Bapake Arka nembe wangsul ndherekaken Pak Dokter, mangke badhe mriki malih" wangsulane Karmini.

 

"Lha iya ta nDhuk? tujune mau kok ana Bagus karo kowe, upama ora, aku mau rak sida ketrinen ijen neng omah. Ora ana sing ngeterne nyang Rumah Sakit, banjur upama awakmu ora bisa ninggalne gaweyanmu, aku rak banjur neng kene dhewe, ora ana sing ngancani?" karo ngendika ngono kuwi, waspane Bu Asper wiwit deres mili nelesi pipine, jroning ati krasa getun awit sikepe marang Bagus lan Karmini sasuwene iki, sing nyatane bareng ana apa-apa sing dhisik dhewe teka aweh pitulungan  "Dhuh Gusti, kula sampun ngrumaosi lepat, nyuwun pangapura Gusti........"  .

 

"Sampun nDara, eh Ibu, sampun menggalih ingkang boten-boten, estu Ibu boten lepat" Karmini cepet wangsulan karo tangane nyandhak kacu kanggo nyeka luh sing nelesi pipine Bu Asper "samangke kangge istirahat rumiyin, penggalihipun dipun tentremaken murih Ibu engal dhangan".

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...