Total Tayangan Halaman

Selasa, 09 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 34

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 


34.

 

Bar markir sepedhane Eva ya banjur arep mlebu omah, Hartini sing weruh owah-owahan ing ulate anake wedok sing ragil kuwi banjur nututi mlebu. Hartini wis ngira mesthi ana bab-bab sing wis gawe seneng atine Eva ing daleme Eyange mau. Merga Hartini ya ngerti nek wis ana rong minggu iki anake wedok kuwi saben-saben mung nuduhne polatan sing suntrut. Lan nalika Hartini nyoba nakokne kabar kanca akrape Eva sing dhek emben kerep telepon, wangsulane Eva keprungu ora pati kepenak.

 

"Embuh Mah, gak sah takon perkara Fredi. Aku wis gak tau caturan karo bocah ora anteban kae kok" wangsulane Eva nalika iku.

 

"Ora anteban piye ta?" Hartini nguber pitakonan.

 

"Ya ngana kae neh" wangsulane Eva "wis ra sah ngrembug cah kae, marahi ngundang emosi wae".

 

Merga saka omongan kuwi Hartini banjur duwe dudutan nek anake wedok wektu iki lagi kapedhotan tresna karo pacare. Mula ya ora maido nek banjur duwe polatan suntrut, apa-apa sarwa ora kebeneran, kerep salah tampa karo sapa wae. Merga kepengin anake oleh panglipur, Hartini banjur kongkonan Eva supaya niliki Eyange, ngiras ngeterne Roti Kismis sing kulina dadi pakaremane Ibune. Maune Hartini arep ngajak sing lanang niliki Ibune, nanging merga isih pegel karo Tiok, akhire ora sida lan banjur kongkonan anake wedok sing cilik dhewe kuwi. Mau batine Hartini ya kober ndhengarekne anake, Eva kuwi nek niliki Eyange padatan ora suwe ya banjur bali, nanging iki mau wiwit esuk nganti awan kok durung tekan omah maneh, Hartini kober duwe pangira nek Eva mampir menyang papan liyane sawuse niliki Eyange.

 

"Lha kok nganti yahmene, mau kowe mampir nyang ngendi ta Va?" Hartini nakoni anake. Eva sing wis arep mlebu kamare, noleh menyang Mamahe banjur nyedhak, mapan lungguh neng kursi karo semaur :

 

"Ora mapir neng ngendi-endi ki Mah?. Mau karo Eyang didhawuhi maen neng kana barang, Eyang bar nampa punjungan sega kulup karo panggang ayam, terus kabeh didhawuhi maem bareng-bareng. Dhik Pantara mau ya neng kana kok".

 

"Pantara dhewe apa karo ibune?" Hartini takon maneh.

 

"Dhewe, jarene Tante Evie karo Om Bambang Sugeng lagi nekani kondangan neng Graha Maospati" wangsulane Eva.

 

"Lha Eyangmu rak ya sehat ta?" Hartini ngabarne kesehatane Ibune.

 

"Sehat banget kok" wangsulane Eva sing banjur takon perkara seje : eh, mah ? Nikah karo sedulur sepupu kuwi apa oleh ta ? kok kancaku mau ngabari nek arep menikah karo sedulur nak dulure?".

 

"Ya oleh wae, waton padha senenge" wangsulane Hartini "sapa sing arep nikah karo sedulur nak dulure?".

 

"Kancaku, Si Fredi sing dhek emben kober ditakokne Mamah kae neh, jarene arep rabi karo anake budhene, budhene ki mbakyune bapake" Eva wangsulan karo ngarang crita.

 

"Fredi arep nikah? Lha kowe thik malah ketok seneng ngono neh? rumangsaku Fredi kae rak akrap banget ta karo kowe?" Hartini nakoni anake sing isih katon gembira atine.

 

"Iya Mah" wangsulane Eva karo mesem "Fredi kae pancen akrap karo Eva, nanging dudu apa-apane Eva. Nanging Eva ya melu seneng nek Fredi wis ketemu karo jodhone, sing jebul nak dulure dhewe. Sapa ngerti Eva suk emben jodhone Eva ya sedulur nak dulure dhewe kaya si Fredi?".

 

"Hus!" Hartini nyentak anake wedok "omong kok angger wae, Nak dulurmu kuwi sing lanang mung Pantara kae, gek Pantara ki umure adoh sangisormu, ya ora mungkin. Lha anake Om Tiok ya mung sitok, Pramesthi kae thok. Arep Nak dulur sing endi maneh?".

 

"Lha adhike Mamah sing ragil sing jarene Om Bagus kuwi Mah? Om Bagus duwe anak lanang apa ora? Marahi Eva ki ya durung pati ngerti lho karo Om Bagus ki, apa maneh karo anak-anake" Eva mancing Mamahe.

 

Krungu anake wedok nyebut-nyebut jenenge Bagus, sakala Hartini kumat nesune. Kelingan karo olehe wis padu karo Tiok wingenane. Kelingan olehe wis digawe wirang dening Karmini merga diumbar mbranggang neng emper omah lan ditinggal Karmini mlebu banjur ngancing lawange. Lha kok iki malah Eva, anake wedok, nyela-nyela nakokne Bagus duwe anak lanang apa ora. Apa kira-kira Eva ya wis krungu nek Arka anake Bagus lagi "bermasalah" karo Bandana adhike Ipe? Nek nganti Eva bisa ngerti berarti kuwi mesthi saka Tiok. Hartini saya nemen nesune.

 

"Ngapa kowe ndadak nyebut jenenge Om mu sing ora keneng ditata kae?. Masiya Om Bagus kae putrane Eyangmu, nanging mungguhe Mama kae wis dudu adhine Mama maneh. Najanta jarene Ommu Tiok utawa Tantemu Evie, Om Bagus kae sedulure sing paling apik lan Eyangmu ngarani nek kae anak sing bekti marang wong tuwa, ning kanggone Mamah,Om Bagus kae tetep menungsa sing wis ngorek-orek asmane wong tuwane Mamah, wong sing wis ngreged-ngregedi kaluhurane kulawarga Surya Gutaman. Ngerti?" tembunge Hartini wis keprungu sereng neng ngarepe Eva, anake wedok sing ora ngerti masalah antarane wong tuwane karo Pakne cilik sing jeneng Bagus lan duwe anak lanang sawijining Doktor lulusan Luwar Negeri kuwi.

 

"Sik ta Mah" Eva sing rumangsa disenggrang karo tembunge Mamahe banjur guneman "Eva ki luput apa ta karo Mamah? Kok ujug-ujug Mamah ndukani Eva iki? Eva ki ora mudheng antarane Mamah karo Om Bagus kuwi enek masalah apa? Eva sing dingerteni ya mung Eyang kuwi sayang banget marang Om Bagus, Om Tiyok ya sayang karo Om Bagus, nek Tante Evie kepriye Eva ora ngerti. LHa nek jebul Mamah ora seneng karo Om Bagus, Eva rak ya ora weruh ta Mah? Eva mung matur Om Bagus kuwi kagungan putra lanang apa ora? ngono wae kok Mamah terus duka, iki rak ora lucu ta Mah?".

 

"Pancen dudu pelawak kok, kon lucu" wangsulane Hartini isih karo suwara sereng "kowe didubluki apa wae karo Ommu Tiok mau?".

 

"Mamah iki kok malah ngatut-ngatutne Om Tiok barang, lho? pitakone Eva iki mau ora ana sambung rapete karo Om Tiok, Mah?" Eva mbalik takon marang Mamahe.

 

"Kowe kuwi bisa nampa pitakone Mamah apa ora? Mamah iki takon, Om mu Tiok crita apa wae marang kowe sing ana gandhengane karo Om Bagus? Ditakoni wong tuwa kok ora enggal wangsulan malah mbulet tekan ngendi-endi!" Hartini sansaya sereng suwarane.

 

"Mamah dhewe sing mbulet!" Eva semaur karo suwara sing wiwit dhuwur "Om Tiok kuwi ora kandha apa-apa nyang Eva sing eneng gandheng cenenge karo Om Bagus".

 

"Eva?!?" Hartini nggetak "kowe wis wani ora jujur ya karo Mamah?".

 

"Ora jujur piye ta Mah?" Eva wiwit prembik-prembik arep nangis "sumpah demi Allah, Eva kuwi omong apa eneke. Om Tiok ora crita apa-apa menyang Eva, nek Mamah ora percaya ya wis, terserah Mamah!".

 

 

ana candhake.


Senin, 08 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 33

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

33.

 

Wong papat putune Bu Asper kuwi, sanajan lagi wae anggone padha tepungan, nanging wis ketok nek akrap. Eva anake Sri Hartini sing ragil kuwi ketok nek tansah kepengin cedhak karo Arka. Samono uga Pantara. Bocah loro kuwi gentenan olehe padha takon pengalamane Arka sing klebu durung suwe bali menyang Kedunggalar, sawuse rada suwe manggon neng negara Landa. Arka ya kanthi seneng, nyritakne lara lapane olehe kuliah sing wragad saka omah mung sarwa pas-pasan, malah kepara sok akeh kurange kuwi, nanging ya merga saking gedhene tekad lan ora kendhat anggone nyuwun pitulungan marang Pangeran, wekasan kasil ngrampungake kuliahe neng UGM lan sawuse oleh bea siswa banjur bisa nutugne kuliah menyang Leiden. Pantara lan Eva anggone nyemak critane Arka ketok nek serius banget.

 

"Dadi mBak Eva karo Mas Pantara ora perlu cilik ati" kandhane Arka ing sela-selaning critane "bisa sekolah menyang ngendi-endi kuwi nek miturut panemuku, ora bisa dipisahake karo sing jenenge nasib utawa kabegjan. Kancaku sing, maaf, pas kuliahe uga ora pati pinter, saka Perguruan Tinggi swasta pisan, merga nasib sing becik saiki isih nutugne sekolahe menyang Luar Negeri kanthi bea siswa. Lha nek Mas Pantara utawa mBak Eva kepengin sekolah menyang Luar Negeri, nek eneng kesempatan, melu wae. Sing penting wani dhisik".

 

"Iya Dhik" Pantara nanggapi kandhane Arka "sing uga angel kuwi klebu olehe bisa oleh nasib becik kuwi mau lho".

 

"Lha sing ngatur nasibe manungsa kuwi rak Gusti Allah ta Mas?" Arka wangsulan "mula ben oleh nasib sing apik, kudu tansah nyuwun supaya kaparingan nasib sing becik disranani pambudidaya sing sakuwasane".

 

"Intine rak kudu sregep sinau dibarengi sregep ngibadah ngono ta Mas?" Eva genti takon.

 

"Bener mBak" wangsulane Arka.

 

"Perkara loro kuwi lho sing sok angel ditindakne" kandhane Eva maneh karo ngguyu "merga akeh kalahe karo godha sing teka".

 

"Lha sing nggodha sapa mBak?" Indri urun rembug nakoni Eva.

 

"Sing nggodha ya awake dhewe Dhik" wangsulane Eva "wiwitane kanggo selingan kuliah, banjur dolan karo pacaran. Lha suwe-suwe dolan karo pacaran kuwi malih dadi kabutuhan, banjur sekolahe dadi keganggu, kaya aku iki semester rolas lagi bisa rampung S1, he he he".

 

"Kuwi lumrah mBak" Arka nyauri wangsulane Eva menyang adhine "ya merga saka anane godha kaya sing sampean kandhakne mau, aku banjur ngerti nek tinitah urip dadi anake wong ora duwe kuwi ora kudu digawe susah nemen-nemen, upama aku dudu anake wong ora duwe kira-kira mbuh bisa kasil tutug kuliahku mbuh ora".

 

"Kok ngono Dhik?" Pantara nyela takon.

 

"Iya Mas, merga aku iki anake wong ora duwe, sing kerep wae kentekan dhuwit sadurunge kiriman saka omah teka, tujune aku, uga adhimu Indri kuwi, gedhene bea siswa sing ditampa sok luwih gedhe tinimbang jatah saka omah. Merga kahanan sing sarwa cingkrang kuwi, meksa aku ora bisa dolan kaya kanca-kancaku merga ora duwe wragad kanggo saba Mall, blanja sandhangan, mlebu restoran.... lan ora tau pacaran, merga ora ana cewek sing gelem dadi pacare, he he he" Arka mangsuli pitakone Pantara "lha hiburane banjur sinau, ngaji lan mengadu kepada Tuhan".

 

Jagongan karo sedulur sing lagi  sepisan ketemu pancen nyenengake. Ora krasa wektune wis sansaya awan. Arka karo Indri banjur matur Eyange, pamitan arep bali, merga awan kuwi Arka ana gaweyan, wingi dijaluki tulung Ketua Takmir Masjid supaya aweh Pembinaan marang Remaja lan Pemuda Masjid cedhak omahe kae.

 

"Ya nek pas bali ngana kae padha langna dolan mrene" ngendikane Bu Asper marang Arka lan Indri nalika bocah loro kuwi pamitan "Eyangmu iki wis sansaya sepuh, nek ora kerep padha diendhangi bisa-bisa kaselak Eyang kapundhut sing kuwasa, kowe durung kober sowan".

 

"Inggih Eyang" wangsulane Arka "dhawuhipun Eyang badhe kula estokaken, nanging keng wayah boten kendhat saben bakda sembahyang tansah ndedonga dhateng pangeran supados Eyang kaparingan panjang yuswa, lestantun momong lan anenggani wayah lan buyutipun, sokur ngantos dumugi canggah lan wareng".

 

Sadurunge bali Arka lan Indri ya isih kober pamit marang Pakpuh Tiok lan Budhe Vero sing lagi padha nunggu Tokone. Dipamiti ponakane, Tiok lan Vero rumangsa marem lan mongkog dene duwe ponakan sing pinter-pinter, sing tetep ngenggoni jiwa satria, bekti marang wong tuwa lan tresna asih marang sasama.

 

Sapungkure Arka lan Indri, Pantara karo Eva ya banjur padha bali. Pantara bali menyang Madiun, wong pancen omahe Evie kuwi Madiun. Nek omahe Eva rak ora pati adoh saka daleme Eyange. Karo mlaku nggelak sepedha motore, Pantara isih ngangen-angen karo apa sing dikandhakne Arka, yaiku urip neng ngalam donya iki kena diupamakne kaya wong neng ratan gedhe sing rame, ora kena mandheg nek ora kepengin ketabrak saka mburi, ora kena alon satitahe, nek ora kepengin ditinggal kancane, kudu cukat, trengginas lan cekat-ceket sarta ora tinggal kawaspadan lan kaprayitnaning batin.

 

Beda karo sing digagas Pantara karo mlaku ngono kuwi mau, sawuse tetepungan karo Arka lan Indri sing jebul isih sedulure, ana rasa seneng sing ngisi jero dhadhane Eva. Rasa seneng nalika mau omong-omongan karo Arka, krasa luwih marem maneh nalika Eva weruh nek lagi digatekne dening sedulur nak dulure kuwi. Ora ngerti sebabe, Eva rumangsa durung tutug lan isih kepengin luwih suwe maneh anggone sesandhingan, jagongan lan guyon karo Arka. Nanging, gandheng mau Arka luwih dhisik pamitan merga ana gaweyan sing kudu ditandangi, kapeksa kanthi rasa sing abot Eva ya banjur melu pamitan.

 

"Lhah, kleru sak sretan iki mau" dumadakan karo nyetir sepedha motore Eva grenengan dhewe "jathuka aku mau rak melu Mas Arka karo Dhik Indri wae? ben weruh omahe. Ah, wong kuwi nek pikirane dhedhel ya ngene iki......".

 

"Nanging ya ora dhing" olehe grenengan Eva disauri dhewe "dolan nyang omahe ki ya arep banjur ngapa? wong mau Mas Arka matur Eyang neng jare arep menehi pembinaan Remaja Masjid ngono kok?  Upama wonge ora ana kegiatan ngono, dolan menyang omahe kira- kira ya nyenengake".

 

Batine Eva ora leren-leren olehe nggagas Arka. Tepungan karo Arka ing daleme Eyange mau, bener-bener wis nggeret kawigatene, ana rasa aneh sing nggremeti pangrasane. Rasa sing endah kaliwat endah. Ing atine Eva kaya tuwuh kembang mawar sing lagi mekar, warnane biru sing nyebarake ganda wangi mangambar-ambar. Nganti tekan omah lan markir sepedha motore, rasa seneng isih ngrenggani atine Eva, temah nuwuhake cahya bingar sing sumunar ing praupane.

 

"Lha kowe mau jare niliki eyangmu ta Va?" Hartini, Ibune Eva, takon, bareng weruh nek sing mlebu lan markir sepedha motor neng garasi kuwi anake wedok sing ragil.

 

"Iya Mah, lagi wae" wangsulane Eva cekak. Sri Hartini weruh ana ulat bingar sing sumunar ana praupane anake.

 

 

ana candhake.

 


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 32

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

32.

 

Bu Asper sanadyan wis sansaya sepuh nanging isih sehat lan isih ethes, pasuryane ketok bingar mratandhani yen lagi karenan ing penggalih. Putune sing wiwit lahir nganti tekan saiki wis padha dadi diwasa kabeh, lagi iki sungkem lan ngabekti marang panjenengane. Luwih rena malih bareng Bu Asper pirsa yen Arka karo Indri sing mung anake Karmini, pranyata luwih duwe tata krama sing jangkep tinimbang putu-putu liyane. Dhasar putu loro kuwi sing siji bagus pideksa sing siji ayu merak ati, sing siji lungguh timpuh neng sisih tengen sing siji neng sisih kiwane kursi sing dilenggahi Bu Asper, ndadekne Bu Asper sansaya rumangsa mongkog sajroning penggalih. Andilalah, pas Arka karo Indri sowan neng daleme Eyange, Pantara anak ragile Evie, sing isih Kuliah neng Madiun uga ngepasi sanja tilik eyange, anake Sri Hartini sing siji, sing jenenge Eva, sing kuliahe uga neng Yogya, nanging ora neng UGM,  ya lagi pas dolan mrono. Putu-putune Bu Asper sing dudu anake Bagus kuwi padha olehe durung tepung karo Arka lan Indri sing isih sedulur nak dulure kuwi. Kabeh lungguh neng kursi ruang tengah sing jembar, kajaba Arka lan Indri sing pilih lungguh timpuh nyedhaki eyange.

 

"Jane sing kebangeten kuwi ya Bapak karo Ibumu kok ngger" ngendikane Bu Asper marang Arka lan Indri sing lungguh timpuh neng ngisor sisihe kursine Eyange "Eyang iki wis suwe bola-bali dhawuh menyang Bapakmu supaya ngajak kowe bocah loro mrene, Eyang kepengin banget bisa kepethuk. Nanging lagi saiki pepenginane Eyang kuwi bisa kasembadan".

 

"Inggih Eyang" Arka matur caos wangsulan "kula piyambak estunipun inggih sampun dipun dhawuhi kaliyan Bapak, nanging gandheng kaliyan kawontenan dereng marengaken, nembe dinten punika kula kaliyan adhik saged sungkem dhateng Eyang. Inggih keng wayah nyuwun pangapunten Eyang".

 

"Iya, wis tak ngapura sadurunge kowe nyuwun pangapura" wangsulane Bu Asper karo ngelus sirahe Arka "sak jane repotmu kuwi rak ya merga sekolah kuwi ta?".

 

"Injih Eyang, saupami sekolah kula caket ngaten kemawon, mbok menawi saged dipun padosi sela-selanipun, lha murugaken sekolahipun Arka kaliyan Indri rak dhateng Yogya ta Eyang? sareng rampung saking Yogya, Arka inggih boten nunten saged wangsul dhateng Kedunggalar, awit lajeng sekolah dhateng Nagari Walandi lan nembe wangsul antawis setunggal tahun punika, lajeng nata padamelan. Meh sami kaliyan Indri Eyang, wulan ngajeng punika Dhik Indri, awit saking pangestu tuwin pandonganipun Eyang, badhe bidhal dhateng Nagari Walandi nglajengaken sekolahipun" wangsulane Arka rada dawa merga gawe pawadan marang Eyange.

 

"Dadi awakmu kuwi olehe sekolah neng negara Walanda kana? saiki wis rampung? banjur Suk sai ngarep genti adhimu sing nerusake sinaune ya negara Walanda kana?" Bu Asper ndangu Arka karo suwara keprungu rada kaget.

 

Tiok sing kabeneran lagi metu saka kamar, krungu pitakone Ibune marang Arka sing keprungu rada kaget kuwi, banjur nyaut :

 

"Leres Bu, Wayahipun Ibu ingkang sekolahaipun ngantos dumugi Leiden, punika nembe anakipun Bagus kemawon. Wayahipun Ibu, Arka niku sinau ing babagan Wet lan sampun pikantuk gelar Doktor, lha nek wayahipun Ibu si Indri niku, badhe sinau ing babagan Sastra Jawa ugi ing Leiden Walandi mrika".

 

"Alhamdulillah.........." Bu Asper nyebut asmane Gusti Allah, socane kembeng-kembeng "awit Adile Gusti Allah, papa cintraka sing ditampa dening Bagus lan Karmini kanthi lila lan legawa, wis oleh piwales saka Sing Maha Kuwasa. Pancen bener yen sepira gedhening sengsara yen tinampa kanthi lila legawa bakal nurunake nugraha".

 

"Kasinggihan Eyang" Arka alon-alon caos wangsulan.

 

"Sing ana kene kuwi kabeh sedulurmu tuwa, Arka karo awakmu Indri" Tiok ngandhani Arka lan Indri, banjur ditutugne nganggo pitakonan "Wis padha ngerti jenenge apa durung ?" .

 

"Dereng Pak Puh" Arka karo Indri wangsulan bareng.

 

"Karo sedulur-sedulure iki padha durung tepung?" Bu Asper ndangu semu rada gumun, banjur paring dhawuh "ayo saiki, kana Arka karo Indri, kana padha nepungake marang Mase karo mBakyune kana".

 

Arka karo Indri banjur ngambung jengkune Eyange, nuli padha ngadeg nyedhaki papan lungguhe Eva karo Pantara. Arka neng ngarep ditutne Indri.

 

"Dipun tepangaken Mbak, kula Arka" kandhane Arka karo ngethungne tangane ngajak salaman Eva.

 

"Karo sedulur sing tingkatane padha, ora sah ndadak nganggo basa-basanan, marahi kurang akrab" Tiyok sing isih ana kono kandha maneh "ayo dibaleni, gak sah nganggo basa, ngoko wae".

 

"Inggih Pak Puh" Arka wangsulan, banjur mbaleni tembunge marang Eva "Iya mBak, ditepungne wae aku sedulure sampean, jenengku Arka".

 

Eva nampani tangane Arka sing ngajak salaman, banjur takon menyang Tiok :

 

"Aku nek ngaturi piye Om? Mas apa, apa?".

 

"Kuwi adhimu Va" wangsulane Tiok karo mesem amba "Bapake Arka karo Indri kuwi adhine Ibumu sing ragil".

 

"Tapi aku luwih nom lho Om" wangsulane Eva " tak nyeluk Mas wae ya? Iya Mas, jenengku Eva"

 

"Tepungne mBak Eva" genti Indri sing nyalami "jenengku Indri, kayane aku sering weruh sampean neng Yogya ya?".

 

"Iya Dhik, aku ya kerep weruh sampean neng Yogya, ning ora ngerti nek sampean iku sedulurku, dadi aku ya ora nakoni" wangsulane Eva grapyak.

 

"Iya mBak, padha. Aku ya ngono, mBak Eva kuliahe Yogya neng Fakultas apa?" kandhane Indri marang Eva. Bocah loro kuwi wis ketok akrap, padha olehe ora ngerti nek wong tuwane padha satron ora gelem lorohan.

 

"Aku neng Agronomi Fakultas Pertanian UPN, Dhik sasi ngarep wisuda S1"  wangsulane Eva "lha Dhik Indri dhek emben neng ngendi?"

 

"Aku njupuk Sastra Jawa neng UGM mBak, kuliahe kaum ekonomi lemah, he he he".

 

"Ya ora ngono Dhik, wong kuliah ki duwe pilihan dhewe-dhewe".

 

Arka banjur genti nyedhaki Pantara, ditutne Indri.

 

"Ditepungne aku masmu jenengku Pantara" Pantara ndhisiki ngomong karo nampani tangane Arka sing ngajak salaman "masiya ketoke umure akeh sampean, nanging awune isih luwih tuwa aku he he he".

 

"Bener Mas, aku adhik sampean,  Arka"  Arka wangsulan karo mesem.

 

"Aku ya adhik sampean Mas Pantara, jenengku Indri" Indri nrambul gunem.

 

"Arka karo Indri......" Bu Asper ndangu Arka lan Indri.

 

"Injih Eyang" bocah loro wangsulan bareng banjur nyedhak Eyange.

 

"Saiki kareben luwih akrab antarane padha sedulur, Arka, Indri, Eva karo Pantara padha lungguha sing kepenak banjur padha ngobrola neng kene........".

 

"Nyuwun pangapunten nDara Putri....." dumadakan rewange Bu Asper sing jeneng Rukiyem mara karo matur.

 

"Iya ana apa Yem?" Bu Asper mundhur pirsa.

 

"Kala wau kula rak kadhawuhan mbedhah punjunganipun Mas Arka kaliyan mBak Indri kunjuk Eyangipun, samangke sampun rampung lan sampun kula tata dhateng meja dhahar" Rukiyem ngaturake yen gaweyane wis rampung.

 

"Iya, iya nganti lali aku" wangsulane Bu Asper " Eva, Pantara, Arka lan Indri, ayo kabeh ndherekne Eyang nyang Meja Makan. Eyang ngersakne dhahar bareng karo putu-putune".

"Inggih Eyang, mangga kula dherekaken" sing mangsuli mung Arka dhewe, makili sedulur-sedulure.

 

 

ana candhake.


Minggu, 07 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 31

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

31.

 

Sore kuwi hawane seger, dhasare terang ora udan, langite resik ora ana mendhung sethithik-sethithika sing gumandhung neng langit, rembulan tanggal pat belas katon bunder ing cakrawala sisih wetan sumunar padhang, mimbuhi endahing kahanan sore kuwi.  Neng omahe, Bagus lagi wae rampung nindakne sembahyang maghrib sing mau wis rada kasep olehe nindakne merga mau ngeterne Lindha anake Pakdhe Sakat, tanggane, menyang nggone Bu Bidan Parti, arep babaran. Lagi wae Bagus metu saka kamar pasalatan, Karmini wis ngenteni lungguh neng kursi sing padatan dilungguhi nek karo mangan. Neng ngarep kursi sing kulinane dienggo lungguh Bagus, wis cemawis wedang kopi sing isih panas.

 

"Wau pripun Mas? Langsung saged ditangani kalih Bu Bidan?" Karmini nakokne Lindha sing lagi wae diterne Bagus nganggo angkudese menyang Bidan "Wau kula nggagas, atake bayine lahir teng dalan lho.....".

 

"Ora kok" wangsulane Bagus karo mapan lungguh ngadhep kopine "bar munggah angkudes mau let sedhela, banjur ora sambat maneh, ndelalah nggon bidhanan lagi sepi pasien, dadi ya banjur ditangani ngono wae. Pas aku mangkat mulih mau, Karsana teka mesthine Lindha ya mundhak ayem wong wis ditunggoni sing lanang".

 

"Nggih sokur ta Mas nek Karsana nggih empun dugi, dados mBokdhe Sakat enten sing ngrencangi nyemangati anake, wong nggih Lindha niku babaran pisanan" kandhane Karmini nanggapi wangsulane Bagus.

 

"Kwalik, sing ngrewangi kuwi Yu Sakat, wong sing arep lahir ki anake Karsana kok"

 

"Nggih  ndhe......." Karmini ngguyu karo ngadeg arep njupukne piring Bagus kanggo mangan.

 

"Aku ora mangan, wetengku isih wareg" kandhane Bagus menging bojone njupuk piring "wong olehku mangan sukun olehe nggoreng mBahe mau rada kakehan, mengko wae nek wis krasa luwe tak mangan".

 

"ngGih empun nek ngoten" Karmini nyauri "kula nggih taksih wareg kok".

 

"Lha Arka karo Indri mau apa jik neng Masjid?" Bagus genti nakokne anak-anake.

 

"Nggih, sajake kepanggih kanca-kancane, tiang dangu boten wangsul, mesthine nggih lajeng jagongan riyin" wangsulane Karmini.

 

Pancen anak-anake Bagus kuwi sanajan wis manggon neng kutha gedhe, nanging nek wayah bali utawa endhang omah isih ajeg olehe sembahyang neng Masjid. Ora ngetok-ngetokne dumeh wis dadi wong kutha, nek wayah ana omah ya mbalik kaya jaman isih cilik mbiyen, ngumpuli kanca-kancane jaman isih cilik.

 

Ora let suwe bocah loro kuwi wis bali, kaya padatan banjur nyalami lan ngambung tangane bapak-e.

 

"Benjing siyos lho Bapak" bubar ngambung tangane Bapake Indri kandha menyang Bagus.

 

"Sing sida apane?" Bagus takon.

 

"Criyose sowan Eyang Putri ?" wansulane Indri ngelingne Bapak-e "Indri thik ajrih neh Bapak, mengke gek didukani kalih Eyang?"

 

"Aku ya wedi kok Dhik" Arka sing ana sandhinge Indri numpangi rembug "aku jik njit-njiten nek weruh omah kae, biyen jaman isih SD  aku tau dolan nganti tekan kana kae, pas aku mandheg merga arep mbenakne sandhal jepitku sing ucul klampene, dumadakan digetak banjur disrengeni wong wedok saka njero pager, dikira arep nyolong pelem sing wohe mangklung nyang ratan. Tekan saiki janji kelingan aku isih ndhredheg lho. Pripun Bapak?".

 

"Ya sesuk ben dikancani Ibumu" wangsulane Bagus karo mesem  "wong wedok sing nggetak kowe kae asmane Budhe Tien, mBakyune Bapak, wis ora manggon neng kana, saiki daleme cedhak prapatan Sambireja. Sesuk kowe cah loro boncengan wae, lha Ibumu bareng Bapak kaya adate ngana kae".

 

"Nggih Bapak" wangsulane Indri karo Arka meh bareng.

 

"Jane wis suwe banget Eyangmu ngersakne ketemu karo kowe bocah loro, nanging Bapak kadhung janji karo atine Bapak dhewe, nek olehe arep nepungne putra-putrane Bapak menyang Eyange kuwi nek putra-putrane Bapak wis dadi wong pinter. Saiki janjine Bapak arep ditepati, merga Arka wis lulus S3 lan Indri wis lulus S1 lan isih arep nerusne maneh".

 

"Inggih Bapak" Arka sing wangsulan "nggih mugi-mugi kula boten nemen-nemen damel kuciwanipun Eyang".

 

Bareng anak-anake wis padha ngalih, Karmini banjur alon-alon kandha marang bojone :

 

"Kangge uba-rampe mbenjing-enjing niku nggih mpun kula cawisne kok Mas".

 

"Uba-rampe apa maneh kuwi?" Bagus takon semu gumun.

 

"Namine nggih wong jawa Mas" Karmini wangsulan "jenenge putu nembe pisanan badhe sowan eyange, nggih saene mbeta punjungan, Panggang Buceng jangkep. Ndelalah kala wau enjing, Ibu ngendika dhateng kula menawi kangen kepengin dhahar sekul gudhangan kaliyan ayam panggang".

 

"Lhah nek ngono ya kudu nyembeleh ayam dhisik no?" Bagus takon maneh.

 

"Inggih, punika sampun wonten, benjing subuh ajeng ditandangi Mak-e piyambak, Mak-e rak sampun kondhang nek pinter masak ayam panggang ?" Karmini wangsulan "Mak-e niku rumaos remen, lare-lare dipun timbali marak Eyange, mila wau meh sak siyang Arka lan Indri diwejang caranipun ngabekti dhateng Eyangipun ingkang taksih trahing kusuma rembesing madu, sampun ngantos damel lingseme Bapakipun. Gandheng Arka sak niki sampun gadhah pengasilan piyambak, kalih mBahe dikandhani boten ketang namung sakedhik Eyangipun murih dipun caosi bulu bekti woh anggenipun makarya, awit anggenipun Arka saged kasil dados Dosen niku, salah satunggalipun inggih jalaran saking donganipun para sepuh".

 

Bagus meneng sedhela gagasane rumangsa eram marang alusing rasa sing ana atine maratuwane, Mak Jiyah, wong ndesa sing prasaja jebul nduweni jiwa sing mulya. Tansah ngandhani marang anak putune murih bisa dadi wong sing becik.

 

"Lha Arka ki sasuwene iki tau nyaosi dhuwit apa liyane marang mbahe kene apa ora?" Bagus nakoni Karmini sawuse meneng sedhela.

 

"Putrane panjenengan niku rak wiwit alit mila langkung caket kalih mbahe ta Mas?. Saben-saben Arka wangsul tilik griya ngoten nika, boten ketang sakedhik Mak-e niku mesthi dicepengi arta. Lan ajeg, Arka niku nek angsale dugi griya sonten ngoten nika, enjinge mesthi dhateng peken, tumbas Suruh gambir piyambak kangge kinangan mBahe" wangsulane Karmini karo nyritakne pakulinane Arka marang simbahe.

 

"Ya sokur ta nek ngono" kandhane Bagus sabanjure "lha Arka omong awakmu apa ora, perkara olehe ngandhani simbahe kuwi?".

 

"Criyos Mas, waune Arka radi bingung pinten anggenipun ngisi amplop kagem Eyange, nanging siang wau larene medal, wangsule sampun mbeta sesupe mas kawan likuran gangsal gram, angsale tumbas teng nggene Semar, criyose badhe dipun aturaken Eyange" wangsulane Karmini.

 

Saka Masjide Kyai Anas wis keprungu swarane wong adzan, aweh tengara yen wektu kanggo sembahyang ngisak wis teka. Bagus mudhun saka kursi, mlaku menyang kamar pasalatan arep njupuk sajadah. Metu saka kamar pasalatan wis dienteni Arka sing uga wis kalungan sajadahe, arep budhal sembahyang ngisak neng Masjid.

 

"Indri ngisakan teng griya mawon Bapak" Indri metu saka kamare karo ngomongi bapak-e "mengke jama'ah kalih Ibuk lan mBahe".

 

"Iya, ngono ya luwih becik" wangsulane Bagus karo mesem, banjur mlaku metu ditutne Arka budhal menyang Masjid.

 

Karmini nguntabne nganggo panyawang, atine mongkog, Arka, anake lanang ketok gagah pideksa pawakane mirip karo pawakane Bapake.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 30

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

30.

 

Krungu nek jenenge disebut dening Tiok, Hartini apa dene Harmana padha nyawang praupane Tiok. Wong loro kuwi rada nratab bareng weruh praupane Tiok ketok mbrabak abang, mripate uga katon murup, mratandani nek Tiok pancen lagi muntab kanepsone. Hartini apa dene Harmana sing ora ngerti sing ndadekne Tiok nesu, ora enggal semaur. Malah wong loro kuwi genti padha pandeng-pandengan karo sunaring mripat nyorotne tandha pitakon.

 

"Saiki kudu tak akoni, upama sing dikarepne jeneng Arka ing pirembugan kuwi Arka anak lanange Bagus, tak akoni kuwi ponakanku, sing kudu tak bela harga dirine. Aku ora bakal rumangsa asor utawa disepelekne nek mung arep ditampik dening Mas Bandana priyayi sugih sing dadi wong penting kuwi. Merga, upama olehe mbiji antarane Arka ponakanku kuwi nek ditandhing karo Ester ponakane panjenengan kuwi, mung lelandhesan gelar wujud, lire sing katon neng mripat, lan ora nggunakne rasa tresna, Ester diarepi Arka kuwi jeneng kanugrahan sing gedhe. Nanging nek ditampik dening Mas Bandana, aku blas ora bakal rumangsa serik. Nanging, nek ana sing wani ngarani Arka kuwi sing ora-ora, kaya upamane olehe Ester gelem karo Arka kuwi merga Arka nggunakne ngelmu pelet lan sapanunggalane, aku ora nrimakake. Ping pindho, nek Arka diarani olehe rabi kuwi merga ngiler weruh bandhane aku sansaya ora trima. Aku ngerti dhewe, aja maneh bandhane wong liya nek Karmini utawa Bagus kuwi kepengin ngarah kanthi cara ora bener, lha wong sing genah bandhane dhewe wae Bagus ora duwe rasa kepengin njaluk bali marang menungsa sing rakus sing rumangsa dadi wong terhormat nanging kolu karo barang sing dudu duweke kuwi kok. Karmini sing ngerti nek Bagus jane ya arep nggugu omonge wong sing ngandhani supaya njaluk bali bandhane kuwi, malah ngandhani Bagus supaya murungne karepe. Merga Karmini percaya sanadyan ora nguwasani bandhane kuwi, Bagus ora bakal kangelan nyukupi kabutuhan uripe. Lan kuwi wis ana buktine, nyatane Bagus karo Karmini ya bisa cukup, bisa urip lumrah bisa nyekolahne anak-anake kanthi tutug. Cukup kuwi isining atiku, terserah marang panjenengan wong loro olehe arep ngarani".

 

"Mengko dhisik Dhik" Harmana nyoba wangsulan karo suwara sing disareh-sarehne "aku lan mBakyumu kuwi ora gawe fitnah marang sapa-sapa, nanging mung wewaton tata gelar sing jumbuh karo lakune nalar. Dhik Tiok aja banjur salah tampa ngono kuwi. Ana rembug rak bisa dirembug ta Dhik, ora banjur ditampa nganggo emosi ngono kuwi. Mengko rak malah dadi salah tampa, banjur munggahe dadi salah mungsuh, antarane aku lan mbakyumu karo Dhik Tiok".

 

Hartini sing oleh wangsulan dawa saka adhine ngono kuwi mau, satemene ya wis panas banget atine. Nanging, krungu nek bojone nyoba wangsulan karo suwara sareh, Hartini ya banjur nurut lekase Harmana.

 

"Kabeh sing tak kandhakne kuwi mau ora niyat nglarani kowe Yok" kandhane Hartini sabanjure "sing tak rembug kuwi anake Karmini, putune Jiyah Tandhak Tayub kae. Dadi awakmu aja banjur nesu ngono kuwi, kowe ora katut elek merga pokale putune Tandhak Tayub kae.  Lan sing tak kandhakne kuwi pancen kanyatan dudu fitnah utawa aku wis wani gawe-gawe, kowe kudu ngerti kuwi.......".

 

"Cukup" Tiyok wangsulan medhot rembuge mBakyune "sing panjenengan kandhakne ora ana bukti lan nyatane, sing ana malah kosok baline.  Sepisan maneh tak baleni kandhaku, nek Mas Bandana arep nampik Arka, kon nampik ngono wae bisa nganggo pawadan Arka kuwi anake wong mlarat, utawa Arka kuwi dudu trah priyayi, terserah. Aku ora arep nesu. Nanging nek nganti wani ngandhakne barang sing ora ana nyatane kaya sing panjenengan kandhakne mau, aku ora seduluran karo Mas Bandana selawase ya ora arep patheken".

 

"Dadi kowe butuh bukti?" Hartini wis ora kuwat ngempet nesune "arep nyekel maling sing mara neng omah kok ngenteni nek malinge wis nggawa mlayu barang sing arep dicolong ta Yok? Sing bener nek ana wong mencurigakan arep meksa mlebu omah kanthi cara sing ora bener, ya ndang dicekel wae. Nek perlu di ya dithuthukne kenthongan ben digebugi wong akeh. Omonganmu sing njaluk bukti ngono kuwi blas gak tinemu nalar Yok".

 

"Aku wis mbuktekne mBak" Tiok mangsuli omongane Hartini karo suwara padha serenge "petung utawa teori panjenengan kuwi luput lan ora ana buktine. Biyen Panjenengan ngarani nek olehe Karmini seneng karo Bagus kuwi merga Karmini dingge alat dening Mak Jiyah supaya bisa melu ngeret bandhane wong tuwane dhewe. Nyatane? Dudu bandhane Bapak lan Ibu sing dikeret Mak Jiyah, nanging malah putrane Bapak karo Ibu sing ragil banjur diopeni dening Mak Jiyah........"

 

"Mau aku rak wis omong ta Yok?" Hartini nigas gunem "Jiyah Tledhek kae ora kasil nggunakne carane olehe arep ngeret bandhane wong tuwane dhewe, kuwi  merga ana aku!. Upama aku ora kukuh malah blendra-blendre kaya Evie utawa awakmu, bisa uga bandhane Bapak karo Ibu diowat-awut Bagus ngge nuruti senenge bojo karo mara tuwane......".

 

"Dadi Panjenengan rumangsa wis bisa nylametne bandhane Bapak lan Ibu?" Tiyok genti nugel rembuge Hartini, karo ngguyu ngece Tiok banjur guneman "kuwi kuwalik mBak, dudu Bagus sing ngorat-arit bandhane wong tuwane dhewe, nanging bageyane Bagus sing nganti saiki isih panjenengan dhekemi sakarep panjenengan dhewe, lan merga Bagus mesakne marang Panjenengan Bagus milih meneng wae. Sing seneng melik bandhane liyan nganggo cara ora bener kuwi kenek dibuktekne nek dudu Bagus, dudu Karmini lan uga dudu Mak Jiyah. Nanging panjenengan sing ora duwe isin, ndhekemi bandha sing kudune dadi duweke Bagus nanging malah panjenengan kuwasani".

 

"Omonganmu sansaya suwe kok sansaya ngabangne kuping ta Yok? Aku iki mBakyumu, gantine wong tuwamu? mBok anggep apa aku? He?" Hartini nggetak Tiok karo suwara banter.

 

"Ora tak anggep apa-apa" wangsulane Tiok atos "dianggep gantine wong tuwa kuwi nek kelakuwane bener, nek mung butuh menang dhewe ngono kuwi, sapa sing sudi ndhaku nek gantine wong tuwaku, wong tuwaku ora seneng nasar ngono kuwi kok".

 

"Wis, wis Dhik...." Harmana banjur nengahi suwarane digawe sareh "dicukupne semene wae olehe rembugan dina iki, nek dibacutne malah sansaya ora becik kedadeyane. Sesuk utawa kapan-kapan wae, nek wis padha adhem bisa ditutugne. Saiki aku karo mBakyumu tak bali dhisik, neng omah aku karo mbakyumu ben ngedhemne pikir, lha Dhik Tiok tak jaluk ya padha, penggalihe dileremne dhisik. Mengko nek wis padha lereme, rak banjur oleh solusi sing becik kanggo ngadhepi masalah iki".

 

Tiok ora semaur. Harmana banjur genti ngomong marang bojone :

 

"Wis Mah, ayo saiki bali nata lan nentremne ati sarta pikiran dhisik".

 

Harmana ngadeg, ngethungne tangane ngajak salaman Tiok. Tiok nampani, wong loro banjur salaman. Harmana banjur nggandheng tangane Hartini, diajak metu. Hartini ora semaur, lambene mecucu, nanging ya banjur manut, ngetutne bojone. Tiok isih lungguh neng kursine, tangane kumlawe nyandhak teh botol neng ngarepe, banjur disedhot nganti entek resik ora ana sisane. Karo nyelehne botol sing wis kothong, Tiok kober nyawang Teh Botol sing mau disuguhne dhayohe, kabeh isih wutuh ora ana sing ngombe.

 

 

ana candhake.


Sabtu, 06 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 29

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

29.

 

Karo mesam-mesem ngono kuwi Tiok ya nggagas, sajake mBakyune kuwi luwih semangat anggone nduweni rasa sengit marang pacare Ester ponakane, tinimbang rasa sengite Bandana dhewe. Tiok ya ngerti mangkono kuwi merga Sri Hartini wis duwe rasa gething lan sengit marang Arka suwe sadurunge Arka lan Ester sambung tali katresnan. Dadi mungguhe Tiok, olehe mBakyune kuwi muring-muring merga krungu kabar yen Arka duwe niyat arep nglamar Ester kuwi mung didadekne pawadan kanggo dalan olehe arep nesu marang Bagus utawa Karmini. Saupama sing arep nglamar Ester kuwi dudu Arka, dudu anake Karmini, sanajan kahanane persis kaya sing dicritakne Bandana, kira-kira Hartini ora bakal nesu-nesu kaya saiki iki. Tiok ya kober mikir, sanajan wektu iki kahanan Rumah Tanggane Bagus ya mung katon lumrah-lumrah wae, nanging Tiok wis ngakoni yen panguripane adhine sing ragil kuwi luwih terhormat lan luwih mulya tinimbang kahanane dhewe. Bagus mesthine rumangsa seneng lan marem, anake lanang wis dadi wong tenan, sanadyan isih nom, nanging wis duwe gelar doktor kathik weton luwar negeri pisan, ora luwar negeri-luwar negerinan nanging saka Universitas sing jenenge kasasra sabuwana, Leiden Univercity. Banjur anake wedok, sedhela maneh ya arep budhal sinau menyang Pawiyatan Lujur sing padha karo sing wis ndadekne kangmase dadi Doktor. Lha anake Tiok dhewe? Isih lumayan bisa lulus saka Fakultas Ekonomi UII, sanajan saiki wis bisa diwengku Pengusaha sing sukses. Anake angkat loro, sing siji dadi Bayan sing siji maneh dadi Karyawan Koperasi, nek ditandhingne karo putu-putune Mak Jiyah ya rada kadohan.  Sanadyan Tiok ya ngakoni nek anak-anak lan mantune sedulure tuwa sing mbarep kuwi ya wis padha dadi, lire kabeh cekel gawe neng kantoran lan ana sing dadi Guru SMP, nanging mungguhe Tiok ya rada kadohan yen ditandhingne karo anak-anake Karmini.

 

"Piye Yok?" lamunane Tiok dadi buyar, Hartini nakoni dheweke "kowe kuwi dijak omong kok malah mung mesam-mesem, klecam-klecem ta? Eling Yok, aja nganti merga klakowane anake Karmini sing ora bisa noleh githoke kuwi banjur ndadekne sesambungan paseduluran antarane kulawargane Dhik Bandana karo kulawargane dhewe dadi renggang, Kowe sing lair lanang, kudune enggal tumandang, aja nganti kasep".

 

"Mengko dhisik ta mBak" Tiok wangsulan karo panggah mesam-mesem "sing dadi underaning perkara kuwi rak antarane Mas Bandana karo pacare Ester ta? mBok wis ben, Ngapa mBak Tien ndadak melu-melu ? malah ngajak-ajak aku barang kon melu mumet mikirne? Kuwi Mas Bandana bisa ngrampungne dhewe mBak, ora perlu aku barang melu-melu".

 

"Kowe kuwi piye ta Yok ? Arka, pacare Ester kuwi anake Bagus, dadi gelem ora gelem awake dhewe ya katut, merga Bagus kuwi adhimu" Hartini methentheng maneh.

 

"Ya ora kudu ngono" Tiok panggah sabar wangsulan "Ester kuwi wis sarjana, wis diwasa, wis bisa mbedakne endi sing ala endi sing becik. Lha Mas Bandana kuwi ya wong pinter, ngerti carane ngadhepi lan ngrampungne masalah. Anane Ester kuwi gelem karo Arka, mesthine ya duwe pawadan sing tinemu nalar, ora ngawur. Lha kari Mas Bandana piye?. Nek tarah ora setuju, wong ya durung sida lamaran wae, Mas Bandana rak ya bisa ngandhani Arka, ora perlu niyat olehe arep nglamar Ester kuwi diterusne, merga mesthi bakal ditulak. Ngono wae rak ya rampung ta mBak? Ya gene mBak Tien ndadak arep melu mencak-mencak barang? Lha nek olehe nanggapi Karmini utawa Bagus kaya pas mBak Tien nglabrak neng omahe terus ditinggal ngalih kaya wingi kuwi? apa ora malah kulak wirang?".

 

"Ya gak ngono iku Dhik" Harmana genti sing kandha "pancen bener kandhane Dhik Tiok mau, Bandana bisa wae menging Arka supaya ora mbacutne karepe, malah luwih saka kuwi Bandana ya bisa wae, nanging Bandana nek ngerti yen Arka kuwi isih wayahe Ibu, rak Bandana ya mikir-mikir ta Dhik nek arep nampik?  Mula mBakyumu banjur ngajak Dhik Tiok bisa sithik edhing karo Bandana, piye carane murih aja nganti ndadak ditampik bisowa Arka murungne karepe kuwi mau".

 

"Kuwi malah tak anggep ngremehne keluwarga kene Mas" Tiok rumangsa kenyonyok pangrasane "sing duwe karep arep nglamar Ester kuwi dudu Ibu, dudu aku, dudu mBak Evi lan ya dudu mBak Tien, malah Bagus wis duwe karep apa durung aku ya ora ngerti, merga bisa wae Arka durung omong bapak utawa ibune. Dadi nek Mas Bandana ora seneng duwe mantu Arka, ya aja banjur ngatut-ngatutne wong liyane sing ora ngerti perkarane ngono kuwi".

 

"Ngene lho Yok" Hartini genti sing nyauri "aku iki wis apal karo kulawargane Jenate Karmin Bengkring wetan kali kono kuwi. Jiyah tilas tandhak tayub sak pranakane kae senengane laku dhukun, laku ngelmu hitam. Aku percaya banget, anane Ester gelem dadi pacare anake Karmini kuwi, merga mesthi Ester wis ketiban guna dhesthi. Kaya Bagus biyen bisa dadi bojone Karmini kuwi ya merga dayane mantra pengasihane Tledhek Jiyah. Biyen Tledhek Jiyah kuwi ngejokne anake wedok ben bisa dirabi Bagus, karepe aku ngerti, arep nunut urip mukti, merga Bagus putrane Bapak lan Ibu sing kabeh wong weruh nek nDara Asper kuwi kagungan bandha donya sing cukup. Tujune, aku kukuh lan bisa ngyakinke Ibu karo awakmu, senajan Bagus nekad ora kena dipenggak, nanging rahayune teka saiki Tledhek Jiyah ora bisa melu-melu ngentekne bandhane Bapak karo Ibu. Nah, bareng Tledhek Jiyah ketanggor karo kulawarga Surya Gutama sing kukuh, saiki genti golek sasaran liya sing dijokne genti putune sing kira-kira ya duwe rupa sing bagus, kuwi ya mesthi wis dikantheni guna dhesthi  supaya bisa mlebu dadi kulawargane Dhik Bandana. Kuwi mengko nek klakon tenan, ndhase Karmini karo ndhase Tledhek Jiyah rak dadi sak rinjing gedhene, banjur wani nyepelekne kulawargane dhewe".

 

"Bener kuwi Dhik" Harmana nyambungi kandhane Hartini "Dhik Tiok ngerti ta? Aku iki olehku nusup mlebu neng jagade wong-wong sing seneng ngecakne ngelmu hitam kuwi cukup suwe lan sing dikandhakne mBakyumu ngono kuwi mau akeh benere".

 

Maune Tiok arep ora nggatekne omongane mBakyune sing dianggep ngawur lan pancen merga sengit karo Mak Jiyah banjur olehe ngomong dadi sakepenake dhewe. Nanging, bareng Harmana melu guneman sing surasane mbenerke kabeh sing dadi omongane Hartini, Atine Tiyok dadi panas. Arepa kaya ngapa Arka kuwi isih ponakane dhewe, anake sedulur lanange, dadi padha karo anake dhewe, upama Arka pancen duwe kelakuwan sing ora bener, Tiyok isih bisa nampa nek diomong wong nek Arka kuwi penjahat, nanging Tiyok dadi ora bisa nrimakake yen ponakane sing bocahe apik kelakuwane kuwi dipitnah kaya sing dikandhakne Hartini banjur diimbuhi Harmana ngono kuwi.

 

"Mas Har karo panjenengan mBak Tien" Tiok banjur wangsulan suwarane wiwit keprungu atos, mripate nyawang Harmana karo sorot murup, untune nggeget katon yen lagi nyoba ngempet rasa panas sing wiwit mrambat ing jero dhadhane.

 

 

ana candhake.

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 28

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

28.

 

Tiok sengaja metu saka Tokone, lungguh kursi sing ana ngarep toko sing kulinane dingge lungguh wong-wong sing antri ngenteni diladeni nek pas sing golek rabuk utawa obat-obatan nuju rame. Kang mangkono kuwi jalaran Tiok kepengin supaya mBakyune ora nganti mlebu omah lan kepethuk Ibune. Tiok kepengin olehe nemoni mBakyune lan Mase Ipe ing toko, aja nganti Ibune mireng suwara sing bisa nuwuhake rasa ora kepenak ing penggalihe.

 

Temenan, ora let suwe Tiok nunggu neng ngarep Toko, Hartini teka diboncengne Harmana nganggo pit montor N-Max sing anyar. Gita-gita Tiok mapagne lan ngajak dhayohe kuwi mlebu menyang jero toko.

 

"Ora neng omah wae ta Yok? Mengko neng kene dirungokne pelangganmu sing arep blanja?" Hartini nakoni adhine, karepe ngajak olehe jagongan ana omah wae.

 

"Ora mBak, ya yen ana wong blanja mengko leren dhisik neh" wangsulane Tiok "nek neng omah, mengko pas ana wong arep blanja aku ora weruh? Neng kene wae ora apa-apa".

 

"Iya Dhik, jagongan neng kene ya luwih kepenak" Harmana melu omong .

 

Wong loro Hartini karo Harmana banjur mapan lungguh neng Kursi njero, ngadhep mejane kerjane Tiok. Tiok ngundhukne ngombe, teh botol telu kanggo nyuguh dhayohe.

 

"Critane kuwi piye ta Mas?" Tiok mbukak rembugan nganggo pitakonan.

 

"Ngene lho Dhik" Harmana guneman karo suwara sing sareh "Dhik Tiok kelingan Bandana adhiku kae?".

 

"O alah, Mas Bandana sing biyen neng Dinas Pendidikan kae ta Mas? ya kelingan lah, najanta wis suwe ora tau kepethuk" Tiok mangsuli pitakone Harmana.

 

"Iya, pancen sak jege  Ibu seda kae, Bandana wis arang mrene. Nek mrene paling ya njujug makam, bar nyekar ya terus balik menyang omahe sing ana Geneng kana" kandhane Harmana maneh.

 

"Iya Mas, wong mesthine saiki Mas Bandana ya sansaya sibuk, wong neng Dinas Pendidikan ya nglenggahi jabatan sing penting".

 

"Iya, wong saiki wis dadi Kasi" kandhane Harmana sabanjure "lha anake Bandana sing gedhe dhewe kae  sasi ngarep kuwi wisuda S1 neng Yogya kana.......".

 

"Iya Mas, kuliyahe neng ngendi ta?" Tiok takon ngge abang-abang lambe.

 

"Ester kae bocah pinter" Hartini sing mau mung ngrungokne genti nyaut omongan "kuliyahe neng Fakultas Hukum UGM".

 

"Ya, si Ester kuwi Dhik sing arep kleru olehe pacaran" kandhane Harmana numpangi tembunge bojone.

 

"Arep kleru kepriye Mas?" pikirane Tiok wiwit bisa nyandhak karo underaning perkara, merga jebul ponakane Harmana kuwi kuliyahe neng Yogya, gek Arka anake Bagus uga neng Yogya, malah nek ora kleru uga dadi Dosen senior neng Fakultas Hukum UGM, bisa-bisa anake Bandana sing jeneng Ester kuwi malah Mahasiswane Arka.

 

"Jane ya wis lumrah nek bocah wis gedhe, wis mahasiswa malah wis arep diwisuda kuwi duwe pacar utawa calon bojo sing dadi pilihane dhewe. Ester kuwi kandha menyang Bapake nek wis duwe pacar lan pacare kuwi wis siap arep nglamar dheweke, kuwi nek wong tuwane Ester ngentuki" kandhane Harmana mangsuli pitakone Tiok.

 

"Nek ngono, pacare putrane Mas Bandana kuwi tenanan, ora mung pacaran sing sipate dolanan, gampang sambung ya gampang putus ngana kae?" Tiok takon negesne.

 

"Kuwine ketoke iya, nanging Bandana mikir olehe Pacare anake kuwi arep ndang nglamar anake kuwi, duwe tujuwan apa?  Wis siap lahir batine olehe arep rabi, apa mung butuhe bisa ngrabi Ester, terus uripe mengko nunut maratuwa? Merga rak ya akeh wae ta Dhik, jaman saiki bocah lanang sing rabine kendel banjur uripe nunut?"

 

"Iya Mas"

 

"Watak Bandana, sawise ngerti nomer hape ne bocah lanang sing arep ngepek anake kuwi, Bandana banjur naker wareg pacare Ester, ditakoni piye karepe? Wis siap omah-omah tenan apa durung? Saiki wis cekel gawe apa? Banjur asli omahe ngendi? Latar belakang panguripane wong tuwane apa? lan liya-liyane" Harmana nutugne olehe kandha.

 

"Banjur bocahe lanang piye?" Tiok nyelani takon.

 

"Ya wangsulan, nanging isih ngambang, jarene tujuwane ya arep mbangun rumah tangga bareng karo Ester, jarene maneh ketoke ya wis siap olehe arep omah-omah, nyambut gawene dadi pelayan masyarakat, ngladeni Mahasiswa sing mbutuhne tenaga lan pikirane, lha bareng wis tekan asli omahe, jarene bocah lanang kuwi asli saka Kedunggalar, wong tuwane sing lanang sopir Angkudes sing wedok bakul janganan neng pasar. Oleh wangsulan ngono kuwi, mesthi wae Bandana banjur mikir, nek mung arep oleh bocah lanang sing mung kaya ngono kuwi, rak ya banjur eman-eman ta? wong Ester kuwi ya ayu tur sekolahe dhuwur, ya pinter pisan, kok mung arep dirabi bocah lanang sing blas gak jelas? Lha Bandana banjur takon nyang aku, sapa sopir Angkudes sing bojone bakul janganan neng Pasar Kedunggalar kuwi, merga najan Bandana kuwi asline Kedunggalar, ning rak ya ora pati kenal karo wong Kedunggalar, wong ya ora tau neng omah ?".

"Iya Mas" Tiok wangsulan cekak.

 

"Lha bareng tak takoni sapa jenenge Bandana ngaku nek lali ora takon menyang Arka pacare si Ester kuwi. Banjur mBakyumu golek sisik melik, jenenge anake Dhik Bagus sing lanang kae sapa? merga sak ngertine mBakyumu sopir angkudes sing bojone bakul janganan kuwi ya mung Dhik Bagus adhine kae" kandhane Harmana sabanjure.

 

"Kae dudu adhiku maneh Pah" Hartini karo suwara sing dhuwur nyaut kandhane sing lanang.

 

"Jebul bener" Harmana ora nanggapi tembunge Hartini nanging malah nerusne olehe kandha "anake Dhik Bagus kae jenenge Arka, jarene tanggane saiki ora neng omah, nanging luru urip neng Kutha Gedhe. Sawuse mBakyumu mesthekne nek Arka sing jarene arep nglamar Ester kuwi anake Dhik Bagus, banjur mBakyumu ngebel Dhik Tiok mau".

 

Tiok manggut-manggut ora enggal aweh wangsulan marang Mase Ipe. Batine Tiok, nek bener sing arep nglamar anake Bandana kuwi Arka, jeneng kanugrahan tenan tumrape Bandana. Lha wong Arka kuwi sarjana, Doktor lulusan luwar negeri, Dosen Senior neng Perguruan Tinggi sing kondhang. Dadi nek ditandhingne karo PNS sing najan wis senior neng Dinas Pendidikan, ya keneng diarani ora tiba asor. Tiok ya banjur kelingan karo slaga lan sipat-sipate Bagus lan Karmini, sing ora tau gelem umuk pamer kabisan utawa kaluwihane marang wong liya. Sajake sipat-sipate Bagus lan Karmini kuwi nurun menyang anak-anake, Arka ora ngaku nek Dosen Senior nanging malah ngaku nek Pelayan Masyarakat sing ngladeni para mahasiswa sing mbutuhne tenaga lan pikirane. Persis karo wangsulane Bagus nek ana sing takon anake lanang kae saiki neng ngendi, Bagus ajeg olehe aweh wangsulan nek saiki ora neng omah merga luru urip neng Kutha Gedhe.

 

"Ngono kuwi lho Yok critane" Hartini banjur guneman nyambung kandhane Harmana marang Tiok "nek biyen, anake Tandhak tayub kae klakon bisa ngrebut atine Bagus. Lha kok saiki ditutugne maneh dening anake, anake Karmini putune Tledhek Amen kuwi, wis kuwanen seneng karo Ester, bocah ayu sing pinter, anake Dhik Bandana wong penting lan kajen kineringan neng Dinas Pendidikan. Apa ngono kuwi ora marahi kemropok neng ati?. Lha nek awake dhewe ngerti kaya ngono kuwi, banjur awake dhewe mung meneng wae, Dhik Bandana lan kulawargane rak malih duwe anggepan nek awake dhewe kuwi melu-melu ngrojongi lakune Arka, anake Karmini putune Tandhak Tayub sing ora duwe duga kuwi. Merga sanajan awake dhewe wis kipa-kipa, ngertine wong-wong tetep wae, Arka kuwi anake Bagus, Bagus kuwi adhine Hartini, sedulure Drs, RM. Prastia Kusumaningrat, M.Sc. Saiki piye najajal?".

 

Tiok mung mesem ayem krungu kandhane Sri Hartini sing cetha nek lagi cethik geni kanggo ngobong ati lan pangrasane ngono kuwi.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...