Total Tayangan Halaman

Selasa, 09 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 36

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 


36.

Eva ora enggal semaur krungu suwarane Mamahe sing ngandhani nek apa sing dingerteni sapa sejatining Om Bagus lan kulawargane kuwi beda banget karo kahanan sing diweruhi dening Mamah lan Papahe. Arep ora percaya karo apa sing dikandhakne Mamahe, Eva rumangsa ora kepenak, merga cetha Papahe lagi wae saka omahe Om Bandana lan nggawa kabar bab Arka sing dianggep wis kelincipen wani arep nglamar putrane Om Bandana sing wekasan ditampik sadurunge nembung. Nanging nek arep percaya karo kabar sing digawa Papahe kuwi, Eva ya isih durung bisa, dheweke weruh lan ngerti dhewe yen Arka putrane Om Bagus kuwi wonge alus, sopan, omongane sarwa ilmiah lan Om Tiok mau matur marang Eyange yen Arka kuwi siji-sijine wayahe Eyang Surya Gutama sing dhisik dhewe kasil duwe gelar Doktor weton Luwar Negeri lan arep disusul Indri, adhine Arka, putrane Om Bagus sing cilik , sing arep budhal mabur menyang Leiden suk sasi ngarep.

 

"Lha Eva dikandhani apa karo Tiok perkara bocah ora genah kuwi?" dumadakan Harmana nakoni sisihane sawise Hartini ngandhani Eva, sapa sing wis arep kurang ajar marang Ester ponakane kuwi.

 

"Ora" wangsulane Hartini "Eva mau rak tak kongkon tilik eyange?, lha neng kana krungu Tiok lagi nuturi Pantara supaya niru Arka anake Bagus, jarene Tiok, Arka kuwi bocah sing apik tur pinter. Lha tekan omah, Eva banjur takon nyang aku, apa Om Bagus kuwi duwe anak lanang kaya sing dicritakne Om Tiok marang Pantara kuwi?. Mau olehku aweh wangsulan durung rampung, terus panjenengan rawuh iki mau. Mula banjur Eva tak kandhani perkarane, ngiras pantes supaya Eva luwih ngerti sapa lan kaya apa kelakuwane anake Bagus kuwi mau".

 

"O ngono ta?"

 

"Iya" wangsulane Hartini "kanthi ngerti perkara iki, Eva rak ora banjur percaya ngono wae karo kabar sing dirungu saka critane Tiok sing ora bener kuwi".

 

"Saiki malah aku sing dadi gumun" kandhane Harmana sabanjure.

 

"Gumun bab apa Pah?" Hartini takon.

 

"Gumun karo si Tiok" wangsulane Harmana "kok bisa-bisane nuturi ponakane dhewe supaya tiru-tiru Arka anake Bagus kuwi lho?. Apa karepe Tiok iki?  Kongkon niru kuwi sing ditiru  babagan apane? Pancen jenenge menungsa kuwi duwe kekurangan lan duwe kaluwihan dhewe-dhewe, lha nek Arka kuwi duwe kaluwihan apa sing pantes ditiru kuwi?".

 

"Ya kuwi Pah sing sok marahi mamah mumet" Hartini nanggapi tembunge Harmana "ketoke Tiok kuwi wis keneng sewel gonel sing dicakne Tandhak Tayub kae kok Pah. Makane wingi nganti nesu-nesu kaya ngana marang awake dhewe, olehe mbelani anake Bagus sing kurang ajar kuwi nganti nemen kaya ngana kae. Kuwi merga dayane Ilmu Hitam sing wis kadhung mlebu lan ngracuni pikirane Tiok".

 

Harmana manthuk-manthuk, batine mbenerke apa sing dikandhakne bojone. Eva sing ora weruh bongkot pucuke perkara bisane mung meneng. Meneng ing tengahing paprangan sing rame ing jero batine. Perang antarane crita lan katrangan sing ditampa saka wong tuwane, karo sing disumurupi dhewe mau pas tilik ing daleme Eyange. Endi sing bener? Endi sing bisa dipercaya? Merga ing atine Eva wewayangan praupan lan solah bawane Arka tansah kumanthil sajroning atine. Rasa seneng lan rasa kepengin bisa luwih cedhak marang sedulur nak dulure kuwi wis tuwuh lan ngrembaka ing jero atine, kaya Kembang Mawar Biru sing thukul lan tansah nyebar ganda sing arum mangambar-ambar. Nanging bareng Eva dadakan kagubel dening angen-angen endah marang sedulur nak dulure dhewe kuwi, dumadakan Eva weruh yen Mawar Biru kuwi thukule ana sandhinge jurang sing jero lan mbebayani, kaya sing lagi wae dirungokne saka rembugan antarane Papah lan Mamahe.

 

Sauntara kuwi, wektune wis wiwit ngancik wengi, srengenge wis rada sauntara ambles singidan ing waliking cakrawala imbang kulon. Arka sing lagi wae bali saka sembahyang Maghrib neng masjid, kandha nek mengko bar ngisak arep bali menyang Yogya, sepeda montoran, merga sesuk esuk ana gaweyan sing kudu dilakoni. Pancen Arka sing tekane neng omah pas malem Sabtu wingi, saka Yogya ya numpak sepedha montor, dadi baline nyang Yogya ya sepedha montoran maneh.

 

"Lha jaremu pas lagi teka omah wingi, kowe omong nek arep dolan menyang Geneng? lha piye? kepethuk wonge apa ora? asile piye?" dipamiti anake lanang nek bar ngisak arep mulih nyang Yogya, Bagus malah genti takon perkara liya sing wingi dicritakne Arka.

 

Ditakoni Bapake ngono kuwi Arka ngguyu sepa, banjur wangsulan :

 

"Boten sios kok Bapak, malah urusane nggih sampun rampung pisan. Dados Ibu kula suwun sabar saantawis, pancen mbok menawi inggih dereng jodhone".

 

"Kok gak sida ki ngapa? lha kok wis rampung ki karepe piye?" Bagus nakoni anake.

 

"Criyose niku rak ngeten ta Bapak" Arka wangsulan nggenahne wangsulane "kala emben nika kula rak matur Ibu menawi dongane Ibu supados kaparingan mantu nika sampun meh kasembadan?".

 

"Iya jaremu kowe dicomblangi kancamu karo bocah wedok sing wis meh diwisuda, omahe Geneng lan bocahe nembung supaya awakmu enggal-enggal nembung menyang wong tuwane, banjure terus kepriye?" Karmini genti sing nakoni anake mbarep.

 

"Leres niku Bu" wangsulane Arka "kala emben kula nggih sampun ngandhani larene murih matur tiyang sepuhipun, lan inggih sampun dipun aturaken, malah kula sak wat lajeng dikirimi WA kalih Bapakipun lare punika, kula dipun dangu nyambut damel kula napa? asli kula saking pundi? tiang sepuh kula padamelanipun napa? sedherek kula pinten......?".

 

"Lha kok wangsuli piye?" Bagus nyelani critane anake.

 

"Kula inggih lajeng matur punapa wontenipun, saru menawi kula matur kula niki Dosen, nanging kula matur bilih padamelan kula niki ngladosi Mahasiswa ingkang mbetahaken tenaga lan pikiran kula".

 

"Kuwi wis bener, banjur?"

 

"Kula matur griya kula Kedunggalar, sedherek kula setunggal estri taksih sekolah, kula nggih boten ngaken nek Dhik Indri sampun lulus S1 lan ajeng nglajengaken dhateng Leiden.....".

 

"Kuwi ya wis pas, dadi wong kuwi luwih becik omong apa anane nanging aja seneng pamer" Bagus mangsuli kandhane Arka kanthi nugel rembug "banjur ?".

 

"Kula nggih matur tiyang sepuh kula taksih dados setunggal kaliyan simbah, Bapak sopir Angkudes, Ibu sade janganan dhateng peken Kedunggalar".

 

"Pas" Bagus nanggapi critane anake "kuwi wis bener lan cocog karo angen-angenku, lha wangsulane bapake bocah wedok kuwi banjur kepriye?".

 

"Waune nggih boten paring dhawuh napa-napa, lajeng kula ngabari dhateng lare estri kala wau, murih radi langkung cetha kula badhe dolan dhateng griyanipun, sokur menawi saged panggih kaliyan tiyang sepuhipun. Ee...e..... sareng kula dugi griya lan matur Bapak menawi badhe dolan dhateng Geneng nika, dalunipun kula ditelepon dikandhani murih murungaken anggen kula gadhah niyat badhe nglamar putranipun, tiyange criyos sampun ngertos kulawarga kula, ngertos menawi kula putranipun Pak Bagus kaliyan Bu Karmini, lha sing ndadosaken kula radi panas manah kula rak mBahe nggih disebut-sebut, dipun wastani Tledhek Amen, Tandhak Tayub lajeng kula dipun ancam menawi taksih sesambetan kaliyan putranipun Bapak punika saged tumindak kasar dhateng kula lan pamer bilih piyambakipun sampun kulina ngadhepi para preman".

 

"Sik... sik... sik..." Bagus rada kaget krungu critane Arka sing keri dhewe iki "omahe Geneng? kowe wis ngerti sapa jenenge?".

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 35

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 


35.

Bareng ngerti anake wedok prembik-prembik arep nangis, Hartini dadi ora mentala nesu marang Eva. Nanging Hartini tetep duwe panduga yen Tiok wis crita menyang Eva yen Arka anake Bagus kuwi sir-siran karo Ester anake Bandana. Pandugane Hartini kuwi linandhesan saka wangsulane Eva pas ditakoni mau, Eva ngomong nek miturut Tiok, Bagus kuwi wong sing becik budi pakertine. Lha nek saiki Eva omong nek Tiok ora kandha apa-apa marang dheweke sing ana gegayutane karo Bagus, cetha nek Eva kuwi wis ora blaka marang dheweke. Kira-kira wae, mau Eva diweling Pakne Cilik supaya ora omong-omong marang Mamahe. Hartini banjur oleh akal kanggo ngorek keterangan saka Eva.

 

"Ya wis Mamah percaya" kandhane Hartini disareh-sarehne "nek pancen Om Tiok ora crita apa-apa menyang awakmu ya ora apa-apa. Nanging Mamah pengin ngerti, awakmu mau omong nek miturut Om Tiok, Om Bagus kuwi wonge apikan, olehmu ngerti saka sapa?".

 

"Nah, nek ngono rak kepenak ta Mah?" Eva ora sida nangis, banjur wangsulan "mau ki Eva krungu, Om Tiok ngandhani Pantara supaya tenanan olehe sekolah, banjur Pantara dikongkon niru  putrane Om Bagus, Om Bagus kuwi wonge apikan pinter olehe ndhidhik anak, kuwi jarene Om Tiok, mulane anak-anake Om Bagus kuwi padha pinter-pinter. Wis genah Mah?".

 

"Oo ngono ta? tak kira nek Om Tiok crita menyang awakmu perkara anake Om Bagus" Hartini suwarane sansaya sareh.

 

"Ora Mah, merga aku krungu olehe Om Tiok ngandhani Pantara, aku njur matur Mamah, apa Om Bagus kuwi duwe anak lanang ? Apa aku kleru Mah?"

 

"Ora" wangsulane Hartini "kowe ora kleru, nanging nek kowe percaya karo sing dikandhakne Om Tiok, nek anake Om Bagus kuwi pinter-pinter, kuwi genah nek kleru".

 

"Kok bisa kleru Mah?" Eva takon ibune maneh.

 

"Iya, merga pintere anak-anake Om Bagus kuwi ora ing babagan perkuliahan, wong anake Om Bagus kuwi ora ana sing kuliah. Om Bagus kuwi gaweyane mung Sopir Angkudes, bojone bakul janganan neng Pasar, dadi paling anak-anake ya pol mung tamat SMP terus dadi buruh Pabrik neng Kutha Gedhe kana" wangsulane Hartini nggenahne kahanane Bagus miturut pangira-irane dhewe.

 

"Mosok ta Mah, nek putrane Om Bagus ki mung dadi Buruh Pabrik?" Eva takon maneh, merga Eva krungu dhewe, mau Eyange uga Pakcilike ngendika nek Arka kuwi Doktor lulusan Luwar Negeri, Indri uga arep njupuk S2 ne menyang Luwar negeri, kok iki Mamahe kandha nek anake Om Bagus kuwi mung tamatan SMP terus dadi Buruh Pabrik. Kamangka mau Eva ya kober weruh poto-poto pas Arka neng negara Walanda. Uga poto-poto pas wisudhane Indri neng UGM.

"Ya nek gak buruh pabrik, ya sing setingkat karo kuwi" wangsulane Hartini "nek Om Bagus bisa nyekolahne anake nganti tekan Perguruan Tinggi kuwi genah nek goroh, ora tinemu nalar. Kowe ya ngerti dhewe ta wragad kanggo kuliah kuwi ora sethithik? mosok nek mung Sopir Angkudes karo Bakul Janganan wae kuwat ngragadi anak kuliah?".

 

"Oalaah, dadi Mamah mau mung kira-kira ta?" Eva takon maneh.

 

"Iya, kira-kirane Mamah kuwi akeh benere, upama mleset ya ora pati adoh kaceke" wangsulane Hartini ngyakinke anake wedok.

 

Eva arep guneman maneh, nanging wurung. Ana suwara mobil mlebu menyang Garasi, banjur disusul Harmana mlebu liwat lawang tembusan saka Garasi menyang omah. Harmana banjur mapan lungguh neng kursi ing sisihe bojone.

 

"Piye Pah?" Hartini mapag sing lanang karo takon.

 

"Wis" wangsulane Harmana cekak.

 

"Wis piye?" Hartini takon maneh.

 

"Dhek bengi nyang Bandana wis dibubarne" wangsulane Harmana manteb.

 

"Liwat telepon?" Hartini takon.

 

"Iya, karo Bandana bocahe ditelpon, kaya sing diomongne Tiok kae, Bandana wis menging supaya bocahe murungne karepe olehe arep nglamar Ester merga dening Bandana dianggep durung memenuhi syarat".

 

"Lha Dhik Bandana ora crita, piye reaksine bocah ora tata kuwi bareng diwangsuli ngono kuwi karo Dhik Bandana?" Hartini takon karo mesem. Atine krasa seneng krungu kabar yen adhine ipe wis tumindak tegas.

 

"Ya crita, marahi ya bocah ora cetha, jarene Bandana mau, bareng ngerti nek ditampik dening Bandana, bocah edan kuwi malah matur nuwun, bahasane diwalik jare olehe arep nglamar Ester kuwi dudu karepe dhewe, nanging merga nuruti karepe Ester, edan apa ora nek ngono kuwi?" wangsulane Harmana karo ngguya-ngguyu anyel.

 

"Lha Dhik Bandana banjur kepiye?" Hartini melu ngguyu.

 

"Bandana ya terus nakoni anake ta neh" wangsulane Harmana "nanging Ester malah mbenerne bocah edan kuwi, Ester ngomong pancen dheweke sing duwe karep supaya dilamar".

 

"Kira-kira kuwi merga sadurunge Ester wis nampa pangancam saka bocahe kuwi Pah" Hartini ngandhakne pangira-ngirane.

 

"Kira-kira ya ngono" wangsulane Harmana "nanging bocahe ya wis ditelepon lan genti diancam kok karo Bandana".

 

"Diancam piye Pah?"

 

"Diancam, nek bar kuwi isih wani cedhak-cedhak karo Ester Bandana ya bisa tumindak kasar, Bandana ya kandha nek mung ngadhepi barisan preman ngono wae, kuwi wis dadi sega-jangane Bandana. Bocahe ya banjur nyaguhi lan sumpah-sumpah kandha nek ora kenal lan ora kulina sesambungan karo preman".

 

"Nek mung kelase cah ngono kuwi wae, mesthine diancam Dhik Bandana ngono kuwi ya banjur mlayu ngadoh".

 

"Lha ya? Ngertia nek mung ngono kuwi, jathuka awake dhewe rak ora sah ngandhani Tiok barang" kandhane Harmana sabanjure "Ya wis kapan nemoni Tiok, kandha nek perkarane wis rampung, ora perlu didawak-dawakne maneh?".

 

"Ya kapan-kapan wae, ngenteni pegel neng atiku ben ilang dhisik" wangsulane Hartini karo suwara sing rada atos.

 

Eva sing uga melu ngrungokne olehe rembugan antarane papah karo mamahe ora ngerti apa sing lagi padha dirembug. Mula ya mung meneng karo ngrungokne thok, ora wani melu nrambul gunem. Mung Eva duwe pangira-ira, ketoke sedulur nak dulure sing jeneng Ester kae duwe sambung katresnan karo bocah lanang sing ora disetujoni dening wong tuwane. Malah kira-kira bocah lanang sir-sirane Ester kuwi wis niyat arep nglamar, banjur ditulak warasan karo Om Bandana.

 

"Kowe ngerti Va, apa sing lagi wae dirembug papah karo mamah iki mau?" dumadakan Hartini nakoni anake wedok.

 

"Ora Mah" wangsulane Eva karo gedheg "sing arep nglamar Dhik Ester sapa ta? kok njur diancam barang dening Om Bandana ngono kuwi mau?".

 

"Kowe kepengin ngerti?" Hartini nakoni anake karo mesem.

 

"Sapa Mah?"

 

"Bocah sing jarene Om Tiok pinter kuwi mau, sing jaremu Pantara dikandhani Om Tiok supaya niru dheweke kuwi mau".

 

"Mosok anake Om Bagus Mah?" Eva takon karo suwara rada kaget "Om Bandana ngerti nek kuwi putrane Om Bagus?"

 

"Maune ya ora ngerti, wong bocahe mung kandha nek asline Kedunggalar, anake sopir angkudes banjur ibune bakul janganan neng pasar ngono thok, wong olehe kepethuk Ester kuwi ya neng Yogya kana, ngakune nyang Om Bandana jare bocah kuwi nyambut gawene ngladeni Mahasiswa sing mbutuhne tenaga karo pikirane. Terus Om Bandana takon menyang Papahmu, sapa sopir angkudes Kedunggalar sing bojone dadi bakul janganan neng pasar. sapa maneh liyane Om Bagus ?".

 

 

ana candhake.

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 34

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 


34.

 

Bar markir sepedhane Eva ya banjur arep mlebu omah, Hartini sing weruh owah-owahan ing ulate anake wedok sing ragil kuwi banjur nututi mlebu. Hartini wis ngira mesthi ana bab-bab sing wis gawe seneng atine Eva ing daleme Eyange mau. Merga Hartini ya ngerti nek wis ana rong minggu iki anake wedok kuwi saben-saben mung nuduhne polatan sing suntrut. Lan nalika Hartini nyoba nakokne kabar kanca akrape Eva sing dhek emben kerep telepon, wangsulane Eva keprungu ora pati kepenak.

 

"Embuh Mah, gak sah takon perkara Fredi. Aku wis gak tau caturan karo bocah ora anteban kae kok" wangsulane Eva nalika iku.

 

"Ora anteban piye ta?" Hartini nguber pitakonan.

 

"Ya ngana kae neh" wangsulane Eva "wis ra sah ngrembug cah kae, marahi ngundang emosi wae".

 

Merga saka omongan kuwi Hartini banjur duwe dudutan nek anake wedok wektu iki lagi kapedhotan tresna karo pacare. Mula ya ora maido nek banjur duwe polatan suntrut, apa-apa sarwa ora kebeneran, kerep salah tampa karo sapa wae. Merga kepengin anake oleh panglipur, Hartini banjur kongkonan Eva supaya niliki Eyange, ngiras ngeterne Roti Kismis sing kulina dadi pakaremane Ibune. Maune Hartini arep ngajak sing lanang niliki Ibune, nanging merga isih pegel karo Tiok, akhire ora sida lan banjur kongkonan anake wedok sing cilik dhewe kuwi. Mau batine Hartini ya kober ndhengarekne anake, Eva kuwi nek niliki Eyange padatan ora suwe ya banjur bali, nanging iki mau wiwit esuk nganti awan kok durung tekan omah maneh, Hartini kober duwe pangira nek Eva mampir menyang papan liyane sawuse niliki Eyange.

 

"Lha kok nganti yahmene, mau kowe mampir nyang ngendi ta Va?" Hartini nakoni anake. Eva sing wis arep mlebu kamare, noleh menyang Mamahe banjur nyedhak, mapan lungguh neng kursi karo semaur :

 

"Ora mapir neng ngendi-endi ki Mah?. Mau karo Eyang didhawuhi maen neng kana barang, Eyang bar nampa punjungan sega kulup karo panggang ayam, terus kabeh didhawuhi maem bareng-bareng. Dhik Pantara mau ya neng kana kok".

 

"Pantara dhewe apa karo ibune?" Hartini takon maneh.

 

"Dhewe, jarene Tante Evie karo Om Bambang Sugeng lagi nekani kondangan neng Graha Maospati" wangsulane Eva.

 

"Lha Eyangmu rak ya sehat ta?" Hartini ngabarne kesehatane Ibune.

 

"Sehat banget kok" wangsulane Eva sing banjur takon perkara seje : eh, mah ? Nikah karo sedulur sepupu kuwi apa oleh ta ? kok kancaku mau ngabari nek arep menikah karo sedulur nak dulure?".

 

"Ya oleh wae, waton padha senenge" wangsulane Hartini "sapa sing arep nikah karo sedulur nak dulure?".

 

"Kancaku, Si Fredi sing dhek emben kober ditakokne Mamah kae neh, jarene arep rabi karo anake budhene, budhene ki mbakyune bapake" Eva wangsulan karo ngarang crita.

 

"Fredi arep nikah? Lha kowe thik malah ketok seneng ngono neh? rumangsaku Fredi kae rak akrap banget ta karo kowe?" Hartini nakoni anake sing isih katon gembira atine.

 

"Iya Mah" wangsulane Eva karo mesem "Fredi kae pancen akrap karo Eva, nanging dudu apa-apane Eva. Nanging Eva ya melu seneng nek Fredi wis ketemu karo jodhone, sing jebul nak dulure dhewe. Sapa ngerti Eva suk emben jodhone Eva ya sedulur nak dulure dhewe kaya si Fredi?".

 

"Hus!" Hartini nyentak anake wedok "omong kok angger wae, Nak dulurmu kuwi sing lanang mung Pantara kae, gek Pantara ki umure adoh sangisormu, ya ora mungkin. Lha anake Om Tiok ya mung sitok, Pramesthi kae thok. Arep Nak dulur sing endi maneh?".

 

"Lha adhike Mamah sing ragil sing jarene Om Bagus kuwi Mah? Om Bagus duwe anak lanang apa ora? Marahi Eva ki ya durung pati ngerti lho karo Om Bagus ki, apa maneh karo anak-anake" Eva mancing Mamahe.

 

Krungu anake wedok nyebut-nyebut jenenge Bagus, sakala Hartini kumat nesune. Kelingan karo olehe wis padu karo Tiok wingenane. Kelingan olehe wis digawe wirang dening Karmini merga diumbar mbranggang neng emper omah lan ditinggal Karmini mlebu banjur ngancing lawange. Lha kok iki malah Eva, anake wedok, nyela-nyela nakokne Bagus duwe anak lanang apa ora. Apa kira-kira Eva ya wis krungu nek Arka anake Bagus lagi "bermasalah" karo Bandana adhike Ipe? Nek nganti Eva bisa ngerti berarti kuwi mesthi saka Tiok. Hartini saya nemen nesune.

 

"Ngapa kowe ndadak nyebut jenenge Om mu sing ora keneng ditata kae?. Masiya Om Bagus kae putrane Eyangmu, nanging mungguhe Mama kae wis dudu adhine Mama maneh. Najanta jarene Ommu Tiok utawa Tantemu Evie, Om Bagus kae sedulure sing paling apik lan Eyangmu ngarani nek kae anak sing bekti marang wong tuwa, ning kanggone Mamah,Om Bagus kae tetep menungsa sing wis ngorek-orek asmane wong tuwane Mamah, wong sing wis ngreged-ngregedi kaluhurane kulawarga Surya Gutaman. Ngerti?" tembunge Hartini wis keprungu sereng neng ngarepe Eva, anake wedok sing ora ngerti masalah antarane wong tuwane karo Pakne cilik sing jeneng Bagus lan duwe anak lanang sawijining Doktor lulusan Luwar Negeri kuwi.

 

"Sik ta Mah" Eva sing rumangsa disenggrang karo tembunge Mamahe banjur guneman "Eva ki luput apa ta karo Mamah? Kok ujug-ujug Mamah ndukani Eva iki? Eva ki ora mudheng antarane Mamah karo Om Bagus kuwi enek masalah apa? Eva sing dingerteni ya mung Eyang kuwi sayang banget marang Om Bagus, Om Tiyok ya sayang karo Om Bagus, nek Tante Evie kepriye Eva ora ngerti. LHa nek jebul Mamah ora seneng karo Om Bagus, Eva rak ya ora weruh ta Mah? Eva mung matur Om Bagus kuwi kagungan putra lanang apa ora? ngono wae kok Mamah terus duka, iki rak ora lucu ta Mah?".

 

"Pancen dudu pelawak kok, kon lucu" wangsulane Hartini isih karo suwara sereng "kowe didubluki apa wae karo Ommu Tiok mau?".

 

"Mamah iki kok malah ngatut-ngatutne Om Tiok barang, lho? pitakone Eva iki mau ora ana sambung rapete karo Om Tiok, Mah?" Eva mbalik takon marang Mamahe.

 

"Kowe kuwi bisa nampa pitakone Mamah apa ora? Mamah iki takon, Om mu Tiok crita apa wae marang kowe sing ana gandhengane karo Om Bagus? Ditakoni wong tuwa kok ora enggal wangsulan malah mbulet tekan ngendi-endi!" Hartini sansaya sereng suwarane.

 

"Mamah dhewe sing mbulet!" Eva semaur karo suwara sing wiwit dhuwur "Om Tiok kuwi ora kandha apa-apa nyang Eva sing eneng gandheng cenenge karo Om Bagus".

 

"Eva?!?" Hartini nggetak "kowe wis wani ora jujur ya karo Mamah?".

 

"Ora jujur piye ta Mah?" Eva wiwit prembik-prembik arep nangis "sumpah demi Allah, Eva kuwi omong apa eneke. Om Tiok ora crita apa-apa menyang Eva, nek Mamah ora percaya ya wis, terserah Mamah!".

 

 

ana candhake.


Senin, 08 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 33

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

33.

 

Wong papat putune Bu Asper kuwi, sanajan lagi wae anggone padha tepungan, nanging wis ketok nek akrap. Eva anake Sri Hartini sing ragil kuwi ketok nek tansah kepengin cedhak karo Arka. Samono uga Pantara. Bocah loro kuwi gentenan olehe padha takon pengalamane Arka sing klebu durung suwe bali menyang Kedunggalar, sawuse rada suwe manggon neng negara Landa. Arka ya kanthi seneng, nyritakne lara lapane olehe kuliah sing wragad saka omah mung sarwa pas-pasan, malah kepara sok akeh kurange kuwi, nanging ya merga saking gedhene tekad lan ora kendhat anggone nyuwun pitulungan marang Pangeran, wekasan kasil ngrampungake kuliahe neng UGM lan sawuse oleh bea siswa banjur bisa nutugne kuliah menyang Leiden. Pantara lan Eva anggone nyemak critane Arka ketok nek serius banget.

 

"Dadi mBak Eva karo Mas Pantara ora perlu cilik ati" kandhane Arka ing sela-selaning critane "bisa sekolah menyang ngendi-endi kuwi nek miturut panemuku, ora bisa dipisahake karo sing jenenge nasib utawa kabegjan. Kancaku sing, maaf, pas kuliahe uga ora pati pinter, saka Perguruan Tinggi swasta pisan, merga nasib sing becik saiki isih nutugne sekolahe menyang Luar Negeri kanthi bea siswa. Lha nek Mas Pantara utawa mBak Eva kepengin sekolah menyang Luar Negeri, nek eneng kesempatan, melu wae. Sing penting wani dhisik".

 

"Iya Dhik" Pantara nanggapi kandhane Arka "sing uga angel kuwi klebu olehe bisa oleh nasib becik kuwi mau lho".

 

"Lha sing ngatur nasibe manungsa kuwi rak Gusti Allah ta Mas?" Arka wangsulan "mula ben oleh nasib sing apik, kudu tansah nyuwun supaya kaparingan nasib sing becik disranani pambudidaya sing sakuwasane".

 

"Intine rak kudu sregep sinau dibarengi sregep ngibadah ngono ta Mas?" Eva genti takon.

 

"Bener mBak" wangsulane Arka.

 

"Perkara loro kuwi lho sing sok angel ditindakne" kandhane Eva maneh karo ngguyu "merga akeh kalahe karo godha sing teka".

 

"Lha sing nggodha sapa mBak?" Indri urun rembug nakoni Eva.

 

"Sing nggodha ya awake dhewe Dhik" wangsulane Eva "wiwitane kanggo selingan kuliah, banjur dolan karo pacaran. Lha suwe-suwe dolan karo pacaran kuwi malih dadi kabutuhan, banjur sekolahe dadi keganggu, kaya aku iki semester rolas lagi bisa rampung S1, he he he".

 

"Kuwi lumrah mBak" Arka nyauri wangsulane Eva menyang adhine "ya merga saka anane godha kaya sing sampean kandhakne mau, aku banjur ngerti nek tinitah urip dadi anake wong ora duwe kuwi ora kudu digawe susah nemen-nemen, upama aku dudu anake wong ora duwe kira-kira mbuh bisa kasil tutug kuliahku mbuh ora".

 

"Kok ngono Dhik?" Pantara nyela takon.

 

"Iya Mas, merga aku iki anake wong ora duwe, sing kerep wae kentekan dhuwit sadurunge kiriman saka omah teka, tujune aku, uga adhimu Indri kuwi, gedhene bea siswa sing ditampa sok luwih gedhe tinimbang jatah saka omah. Merga kahanan sing sarwa cingkrang kuwi, meksa aku ora bisa dolan kaya kanca-kancaku merga ora duwe wragad kanggo saba Mall, blanja sandhangan, mlebu restoran.... lan ora tau pacaran, merga ora ana cewek sing gelem dadi pacare, he he he" Arka mangsuli pitakone Pantara "lha hiburane banjur sinau, ngaji lan mengadu kepada Tuhan".

 

Jagongan karo sedulur sing lagi  sepisan ketemu pancen nyenengake. Ora krasa wektune wis sansaya awan. Arka karo Indri banjur matur Eyange, pamitan arep bali, merga awan kuwi Arka ana gaweyan, wingi dijaluki tulung Ketua Takmir Masjid supaya aweh Pembinaan marang Remaja lan Pemuda Masjid cedhak omahe kae.

 

"Ya nek pas bali ngana kae padha langna dolan mrene" ngendikane Bu Asper marang Arka lan Indri nalika bocah loro kuwi pamitan "Eyangmu iki wis sansaya sepuh, nek ora kerep padha diendhangi bisa-bisa kaselak Eyang kapundhut sing kuwasa, kowe durung kober sowan".

 

"Inggih Eyang" wangsulane Arka "dhawuhipun Eyang badhe kula estokaken, nanging keng wayah boten kendhat saben bakda sembahyang tansah ndedonga dhateng pangeran supados Eyang kaparingan panjang yuswa, lestantun momong lan anenggani wayah lan buyutipun, sokur ngantos dumugi canggah lan wareng".

 

Sadurunge bali Arka lan Indri ya isih kober pamit marang Pakpuh Tiok lan Budhe Vero sing lagi padha nunggu Tokone. Dipamiti ponakane, Tiok lan Vero rumangsa marem lan mongkog dene duwe ponakan sing pinter-pinter, sing tetep ngenggoni jiwa satria, bekti marang wong tuwa lan tresna asih marang sasama.

 

Sapungkure Arka lan Indri, Pantara karo Eva ya banjur padha bali. Pantara bali menyang Madiun, wong pancen omahe Evie kuwi Madiun. Nek omahe Eva rak ora pati adoh saka daleme Eyange. Karo mlaku nggelak sepedha motore, Pantara isih ngangen-angen karo apa sing dikandhakne Arka, yaiku urip neng ngalam donya iki kena diupamakne kaya wong neng ratan gedhe sing rame, ora kena mandheg nek ora kepengin ketabrak saka mburi, ora kena alon satitahe, nek ora kepengin ditinggal kancane, kudu cukat, trengginas lan cekat-ceket sarta ora tinggal kawaspadan lan kaprayitnaning batin.

 

Beda karo sing digagas Pantara karo mlaku ngono kuwi mau, sawuse tetepungan karo Arka lan Indri sing jebul isih sedulure, ana rasa seneng sing ngisi jero dhadhane Eva. Rasa seneng nalika mau omong-omongan karo Arka, krasa luwih marem maneh nalika Eva weruh nek lagi digatekne dening sedulur nak dulure kuwi. Ora ngerti sebabe, Eva rumangsa durung tutug lan isih kepengin luwih suwe maneh anggone sesandhingan, jagongan lan guyon karo Arka. Nanging, gandheng mau Arka luwih dhisik pamitan merga ana gaweyan sing kudu ditandangi, kapeksa kanthi rasa sing abot Eva ya banjur melu pamitan.

 

"Lhah, kleru sak sretan iki mau" dumadakan karo nyetir sepedha motore Eva grenengan dhewe "jathuka aku mau rak melu Mas Arka karo Dhik Indri wae? ben weruh omahe. Ah, wong kuwi nek pikirane dhedhel ya ngene iki......".

 

"Nanging ya ora dhing" olehe grenengan Eva disauri dhewe "dolan nyang omahe ki ya arep banjur ngapa? wong mau Mas Arka matur Eyang neng jare arep menehi pembinaan Remaja Masjid ngono kok?  Upama wonge ora ana kegiatan ngono, dolan menyang omahe kira- kira ya nyenengake".

 

Batine Eva ora leren-leren olehe nggagas Arka. Tepungan karo Arka ing daleme Eyange mau, bener-bener wis nggeret kawigatene, ana rasa aneh sing nggremeti pangrasane. Rasa sing endah kaliwat endah. Ing atine Eva kaya tuwuh kembang mawar sing lagi mekar, warnane biru sing nyebarake ganda wangi mangambar-ambar. Nganti tekan omah lan markir sepedha motore, rasa seneng isih ngrenggani atine Eva, temah nuwuhake cahya bingar sing sumunar ing praupane.

 

"Lha kowe mau jare niliki eyangmu ta Va?" Hartini, Ibune Eva, takon, bareng weruh nek sing mlebu lan markir sepedha motor neng garasi kuwi anake wedok sing ragil.

 

"Iya Mah, lagi wae" wangsulane Eva cekak. Sri Hartini weruh ana ulat bingar sing sumunar ana praupane anake.

 

 

ana candhake.

 


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 32

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

32.

 

Bu Asper sanadyan wis sansaya sepuh nanging isih sehat lan isih ethes, pasuryane ketok bingar mratandhani yen lagi karenan ing penggalih. Putune sing wiwit lahir nganti tekan saiki wis padha dadi diwasa kabeh, lagi iki sungkem lan ngabekti marang panjenengane. Luwih rena malih bareng Bu Asper pirsa yen Arka karo Indri sing mung anake Karmini, pranyata luwih duwe tata krama sing jangkep tinimbang putu-putu liyane. Dhasar putu loro kuwi sing siji bagus pideksa sing siji ayu merak ati, sing siji lungguh timpuh neng sisih tengen sing siji neng sisih kiwane kursi sing dilenggahi Bu Asper, ndadekne Bu Asper sansaya rumangsa mongkog sajroning penggalih. Andilalah, pas Arka karo Indri sowan neng daleme Eyange, Pantara anak ragile Evie, sing isih Kuliah neng Madiun uga ngepasi sanja tilik eyange, anake Sri Hartini sing siji, sing jenenge Eva, sing kuliahe uga neng Yogya, nanging ora neng UGM,  ya lagi pas dolan mrono. Putu-putune Bu Asper sing dudu anake Bagus kuwi padha olehe durung tepung karo Arka lan Indri sing isih sedulur nak dulure kuwi. Kabeh lungguh neng kursi ruang tengah sing jembar, kajaba Arka lan Indri sing pilih lungguh timpuh nyedhaki eyange.

 

"Jane sing kebangeten kuwi ya Bapak karo Ibumu kok ngger" ngendikane Bu Asper marang Arka lan Indri sing lungguh timpuh neng ngisor sisihe kursine Eyange "Eyang iki wis suwe bola-bali dhawuh menyang Bapakmu supaya ngajak kowe bocah loro mrene, Eyang kepengin banget bisa kepethuk. Nanging lagi saiki pepenginane Eyang kuwi bisa kasembadan".

 

"Inggih Eyang" Arka matur caos wangsulan "kula piyambak estunipun inggih sampun dipun dhawuhi kaliyan Bapak, nanging gandheng kaliyan kawontenan dereng marengaken, nembe dinten punika kula kaliyan adhik saged sungkem dhateng Eyang. Inggih keng wayah nyuwun pangapunten Eyang".

 

"Iya, wis tak ngapura sadurunge kowe nyuwun pangapura" wangsulane Bu Asper karo ngelus sirahe Arka "sak jane repotmu kuwi rak ya merga sekolah kuwi ta?".

 

"Injih Eyang, saupami sekolah kula caket ngaten kemawon, mbok menawi saged dipun padosi sela-selanipun, lha murugaken sekolahipun Arka kaliyan Indri rak dhateng Yogya ta Eyang? sareng rampung saking Yogya, Arka inggih boten nunten saged wangsul dhateng Kedunggalar, awit lajeng sekolah dhateng Nagari Walandi lan nembe wangsul antawis setunggal tahun punika, lajeng nata padamelan. Meh sami kaliyan Indri Eyang, wulan ngajeng punika Dhik Indri, awit saking pangestu tuwin pandonganipun Eyang, badhe bidhal dhateng Nagari Walandi nglajengaken sekolahipun" wangsulane Arka rada dawa merga gawe pawadan marang Eyange.

 

"Dadi awakmu kuwi olehe sekolah neng negara Walanda kana? saiki wis rampung? banjur Suk sai ngarep genti adhimu sing nerusake sinaune ya negara Walanda kana?" Bu Asper ndangu Arka karo suwara keprungu rada kaget.

 

Tiok sing kabeneran lagi metu saka kamar, krungu pitakone Ibune marang Arka sing keprungu rada kaget kuwi, banjur nyaut :

 

"Leres Bu, Wayahipun Ibu ingkang sekolahaipun ngantos dumugi Leiden, punika nembe anakipun Bagus kemawon. Wayahipun Ibu, Arka niku sinau ing babagan Wet lan sampun pikantuk gelar Doktor, lha nek wayahipun Ibu si Indri niku, badhe sinau ing babagan Sastra Jawa ugi ing Leiden Walandi mrika".

 

"Alhamdulillah.........." Bu Asper nyebut asmane Gusti Allah, socane kembeng-kembeng "awit Adile Gusti Allah, papa cintraka sing ditampa dening Bagus lan Karmini kanthi lila lan legawa, wis oleh piwales saka Sing Maha Kuwasa. Pancen bener yen sepira gedhening sengsara yen tinampa kanthi lila legawa bakal nurunake nugraha".

 

"Kasinggihan Eyang" Arka alon-alon caos wangsulan.

 

"Sing ana kene kuwi kabeh sedulurmu tuwa, Arka karo awakmu Indri" Tiok ngandhani Arka lan Indri, banjur ditutugne nganggo pitakonan "Wis padha ngerti jenenge apa durung ?" .

 

"Dereng Pak Puh" Arka karo Indri wangsulan bareng.

 

"Karo sedulur-sedulure iki padha durung tepung?" Bu Asper ndangu semu rada gumun, banjur paring dhawuh "ayo saiki, kana Arka karo Indri, kana padha nepungake marang Mase karo mBakyune kana".

 

Arka karo Indri banjur ngambung jengkune Eyange, nuli padha ngadeg nyedhaki papan lungguhe Eva karo Pantara. Arka neng ngarep ditutne Indri.

 

"Dipun tepangaken Mbak, kula Arka" kandhane Arka karo ngethungne tangane ngajak salaman Eva.

 

"Karo sedulur sing tingkatane padha, ora sah ndadak nganggo basa-basanan, marahi kurang akrab" Tiyok sing isih ana kono kandha maneh "ayo dibaleni, gak sah nganggo basa, ngoko wae".

 

"Inggih Pak Puh" Arka wangsulan, banjur mbaleni tembunge marang Eva "Iya mBak, ditepungne wae aku sedulure sampean, jenengku Arka".

 

Eva nampani tangane Arka sing ngajak salaman, banjur takon menyang Tiok :

 

"Aku nek ngaturi piye Om? Mas apa, apa?".

 

"Kuwi adhimu Va" wangsulane Tiok karo mesem amba "Bapake Arka karo Indri kuwi adhine Ibumu sing ragil".

 

"Tapi aku luwih nom lho Om" wangsulane Eva " tak nyeluk Mas wae ya? Iya Mas, jenengku Eva"

 

"Tepungne mBak Eva" genti Indri sing nyalami "jenengku Indri, kayane aku sering weruh sampean neng Yogya ya?".

 

"Iya Dhik, aku ya kerep weruh sampean neng Yogya, ning ora ngerti nek sampean iku sedulurku, dadi aku ya ora nakoni" wangsulane Eva grapyak.

 

"Iya mBak, padha. Aku ya ngono, mBak Eva kuliahe Yogya neng Fakultas apa?" kandhane Indri marang Eva. Bocah loro kuwi wis ketok akrap, padha olehe ora ngerti nek wong tuwane padha satron ora gelem lorohan.

 

"Aku neng Agronomi Fakultas Pertanian UPN, Dhik sasi ngarep wisuda S1"  wangsulane Eva "lha Dhik Indri dhek emben neng ngendi?"

 

"Aku njupuk Sastra Jawa neng UGM mBak, kuliahe kaum ekonomi lemah, he he he".

 

"Ya ora ngono Dhik, wong kuliah ki duwe pilihan dhewe-dhewe".

 

Arka banjur genti nyedhaki Pantara, ditutne Indri.

 

"Ditepungne aku masmu jenengku Pantara" Pantara ndhisiki ngomong karo nampani tangane Arka sing ngajak salaman "masiya ketoke umure akeh sampean, nanging awune isih luwih tuwa aku he he he".

 

"Bener Mas, aku adhik sampean,  Arka"  Arka wangsulan karo mesem.

 

"Aku ya adhik sampean Mas Pantara, jenengku Indri" Indri nrambul gunem.

 

"Arka karo Indri......" Bu Asper ndangu Arka lan Indri.

 

"Injih Eyang" bocah loro wangsulan bareng banjur nyedhak Eyange.

 

"Saiki kareben luwih akrab antarane padha sedulur, Arka, Indri, Eva karo Pantara padha lungguha sing kepenak banjur padha ngobrola neng kene........".

 

"Nyuwun pangapunten nDara Putri....." dumadakan rewange Bu Asper sing jeneng Rukiyem mara karo matur.

 

"Iya ana apa Yem?" Bu Asper mundhur pirsa.

 

"Kala wau kula rak kadhawuhan mbedhah punjunganipun Mas Arka kaliyan mBak Indri kunjuk Eyangipun, samangke sampun rampung lan sampun kula tata dhateng meja dhahar" Rukiyem ngaturake yen gaweyane wis rampung.

 

"Iya, iya nganti lali aku" wangsulane Bu Asper " Eva, Pantara, Arka lan Indri, ayo kabeh ndherekne Eyang nyang Meja Makan. Eyang ngersakne dhahar bareng karo putu-putune".

"Inggih Eyang, mangga kula dherekaken" sing mangsuli mung Arka dhewe, makili sedulur-sedulure.

 

 

ana candhake.


Minggu, 07 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 31

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

31.

 

Sore kuwi hawane seger, dhasare terang ora udan, langite resik ora ana mendhung sethithik-sethithika sing gumandhung neng langit, rembulan tanggal pat belas katon bunder ing cakrawala sisih wetan sumunar padhang, mimbuhi endahing kahanan sore kuwi.  Neng omahe, Bagus lagi wae rampung nindakne sembahyang maghrib sing mau wis rada kasep olehe nindakne merga mau ngeterne Lindha anake Pakdhe Sakat, tanggane, menyang nggone Bu Bidan Parti, arep babaran. Lagi wae Bagus metu saka kamar pasalatan, Karmini wis ngenteni lungguh neng kursi sing padatan dilungguhi nek karo mangan. Neng ngarep kursi sing kulinane dienggo lungguh Bagus, wis cemawis wedang kopi sing isih panas.

 

"Wau pripun Mas? Langsung saged ditangani kalih Bu Bidan?" Karmini nakokne Lindha sing lagi wae diterne Bagus nganggo angkudese menyang Bidan "Wau kula nggagas, atake bayine lahir teng dalan lho.....".

 

"Ora kok" wangsulane Bagus karo mapan lungguh ngadhep kopine "bar munggah angkudes mau let sedhela, banjur ora sambat maneh, ndelalah nggon bidhanan lagi sepi pasien, dadi ya banjur ditangani ngono wae. Pas aku mangkat mulih mau, Karsana teka mesthine Lindha ya mundhak ayem wong wis ditunggoni sing lanang".

 

"Nggih sokur ta Mas nek Karsana nggih empun dugi, dados mBokdhe Sakat enten sing ngrencangi nyemangati anake, wong nggih Lindha niku babaran pisanan" kandhane Karmini nanggapi wangsulane Bagus.

 

"Kwalik, sing ngrewangi kuwi Yu Sakat, wong sing arep lahir ki anake Karsana kok"

 

"Nggih  ndhe......." Karmini ngguyu karo ngadeg arep njupukne piring Bagus kanggo mangan.

 

"Aku ora mangan, wetengku isih wareg" kandhane Bagus menging bojone njupuk piring "wong olehku mangan sukun olehe nggoreng mBahe mau rada kakehan, mengko wae nek wis krasa luwe tak mangan".

 

"ngGih empun nek ngoten" Karmini nyauri "kula nggih taksih wareg kok".

 

"Lha Arka karo Indri mau apa jik neng Masjid?" Bagus genti nakokne anak-anake.

 

"Nggih, sajake kepanggih kanca-kancane, tiang dangu boten wangsul, mesthine nggih lajeng jagongan riyin" wangsulane Karmini.

 

Pancen anak-anake Bagus kuwi sanajan wis manggon neng kutha gedhe, nanging nek wayah bali utawa endhang omah isih ajeg olehe sembahyang neng Masjid. Ora ngetok-ngetokne dumeh wis dadi wong kutha, nek wayah ana omah ya mbalik kaya jaman isih cilik mbiyen, ngumpuli kanca-kancane jaman isih cilik.

 

Ora let suwe bocah loro kuwi wis bali, kaya padatan banjur nyalami lan ngambung tangane bapak-e.

 

"Benjing siyos lho Bapak" bubar ngambung tangane Bapake Indri kandha menyang Bagus.

 

"Sing sida apane?" Bagus takon.

 

"Criyose sowan Eyang Putri ?" wansulane Indri ngelingne Bapak-e "Indri thik ajrih neh Bapak, mengke gek didukani kalih Eyang?"

 

"Aku ya wedi kok Dhik" Arka sing ana sandhinge Indri numpangi rembug "aku jik njit-njiten nek weruh omah kae, biyen jaman isih SD  aku tau dolan nganti tekan kana kae, pas aku mandheg merga arep mbenakne sandhal jepitku sing ucul klampene, dumadakan digetak banjur disrengeni wong wedok saka njero pager, dikira arep nyolong pelem sing wohe mangklung nyang ratan. Tekan saiki janji kelingan aku isih ndhredheg lho. Pripun Bapak?".

 

"Ya sesuk ben dikancani Ibumu" wangsulane Bagus karo mesem  "wong wedok sing nggetak kowe kae asmane Budhe Tien, mBakyune Bapak, wis ora manggon neng kana, saiki daleme cedhak prapatan Sambireja. Sesuk kowe cah loro boncengan wae, lha Ibumu bareng Bapak kaya adate ngana kae".

 

"Nggih Bapak" wangsulane Indri karo Arka meh bareng.

 

"Jane wis suwe banget Eyangmu ngersakne ketemu karo kowe bocah loro, nanging Bapak kadhung janji karo atine Bapak dhewe, nek olehe arep nepungne putra-putrane Bapak menyang Eyange kuwi nek putra-putrane Bapak wis dadi wong pinter. Saiki janjine Bapak arep ditepati, merga Arka wis lulus S3 lan Indri wis lulus S1 lan isih arep nerusne maneh".

 

"Inggih Bapak" Arka sing wangsulan "nggih mugi-mugi kula boten nemen-nemen damel kuciwanipun Eyang".

 

Bareng anak-anake wis padha ngalih, Karmini banjur alon-alon kandha marang bojone :

 

"Kangge uba-rampe mbenjing-enjing niku nggih mpun kula cawisne kok Mas".

 

"Uba-rampe apa maneh kuwi?" Bagus takon semu gumun.

 

"Namine nggih wong jawa Mas" Karmini wangsulan "jenenge putu nembe pisanan badhe sowan eyange, nggih saene mbeta punjungan, Panggang Buceng jangkep. Ndelalah kala wau enjing, Ibu ngendika dhateng kula menawi kangen kepengin dhahar sekul gudhangan kaliyan ayam panggang".

 

"Lhah nek ngono ya kudu nyembeleh ayam dhisik no?" Bagus takon maneh.

 

"Inggih, punika sampun wonten, benjing subuh ajeng ditandangi Mak-e piyambak, Mak-e rak sampun kondhang nek pinter masak ayam panggang ?" Karmini wangsulan "Mak-e niku rumaos remen, lare-lare dipun timbali marak Eyange, mila wau meh sak siyang Arka lan Indri diwejang caranipun ngabekti dhateng Eyangipun ingkang taksih trahing kusuma rembesing madu, sampun ngantos damel lingseme Bapakipun. Gandheng Arka sak niki sampun gadhah pengasilan piyambak, kalih mBahe dikandhani boten ketang namung sakedhik Eyangipun murih dipun caosi bulu bekti woh anggenipun makarya, awit anggenipun Arka saged kasil dados Dosen niku, salah satunggalipun inggih jalaran saking donganipun para sepuh".

 

Bagus meneng sedhela gagasane rumangsa eram marang alusing rasa sing ana atine maratuwane, Mak Jiyah, wong ndesa sing prasaja jebul nduweni jiwa sing mulya. Tansah ngandhani marang anak putune murih bisa dadi wong sing becik.

 

"Lha Arka ki sasuwene iki tau nyaosi dhuwit apa liyane marang mbahe kene apa ora?" Bagus nakoni Karmini sawuse meneng sedhela.

 

"Putrane panjenengan niku rak wiwit alit mila langkung caket kalih mbahe ta Mas?. Saben-saben Arka wangsul tilik griya ngoten nika, boten ketang sakedhik Mak-e niku mesthi dicepengi arta. Lan ajeg, Arka niku nek angsale dugi griya sonten ngoten nika, enjinge mesthi dhateng peken, tumbas Suruh gambir piyambak kangge kinangan mBahe" wangsulane Karmini karo nyritakne pakulinane Arka marang simbahe.

 

"Ya sokur ta nek ngono" kandhane Bagus sabanjure "lha Arka omong awakmu apa ora, perkara olehe ngandhani simbahe kuwi?".

 

"Criyos Mas, waune Arka radi bingung pinten anggenipun ngisi amplop kagem Eyange, nanging siang wau larene medal, wangsule sampun mbeta sesupe mas kawan likuran gangsal gram, angsale tumbas teng nggene Semar, criyose badhe dipun aturaken Eyange" wangsulane Karmini.

 

Saka Masjide Kyai Anas wis keprungu swarane wong adzan, aweh tengara yen wektu kanggo sembahyang ngisak wis teka. Bagus mudhun saka kursi, mlaku menyang kamar pasalatan arep njupuk sajadah. Metu saka kamar pasalatan wis dienteni Arka sing uga wis kalungan sajadahe, arep budhal sembahyang ngisak neng Masjid.

 

"Indri ngisakan teng griya mawon Bapak" Indri metu saka kamare karo ngomongi bapak-e "mengke jama'ah kalih Ibuk lan mBahe".

 

"Iya, ngono ya luwih becik" wangsulane Bagus karo mesem, banjur mlaku metu ditutne Arka budhal menyang Masjid.

 

Karmini nguntabne nganggo panyawang, atine mongkog, Arka, anake lanang ketok gagah pideksa pawakane mirip karo pawakane Bapake.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 30

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

30.

 

Krungu nek jenenge disebut dening Tiok, Hartini apa dene Harmana padha nyawang praupane Tiok. Wong loro kuwi rada nratab bareng weruh praupane Tiok ketok mbrabak abang, mripate uga katon murup, mratandani nek Tiok pancen lagi muntab kanepsone. Hartini apa dene Harmana sing ora ngerti sing ndadekne Tiok nesu, ora enggal semaur. Malah wong loro kuwi genti padha pandeng-pandengan karo sunaring mripat nyorotne tandha pitakon.

 

"Saiki kudu tak akoni, upama sing dikarepne jeneng Arka ing pirembugan kuwi Arka anak lanange Bagus, tak akoni kuwi ponakanku, sing kudu tak bela harga dirine. Aku ora bakal rumangsa asor utawa disepelekne nek mung arep ditampik dening Mas Bandana priyayi sugih sing dadi wong penting kuwi. Merga, upama olehe mbiji antarane Arka ponakanku kuwi nek ditandhing karo Ester ponakane panjenengan kuwi, mung lelandhesan gelar wujud, lire sing katon neng mripat, lan ora nggunakne rasa tresna, Ester diarepi Arka kuwi jeneng kanugrahan sing gedhe. Nanging nek ditampik dening Mas Bandana, aku blas ora bakal rumangsa serik. Nanging, nek ana sing wani ngarani Arka kuwi sing ora-ora, kaya upamane olehe Ester gelem karo Arka kuwi merga Arka nggunakne ngelmu pelet lan sapanunggalane, aku ora nrimakake. Ping pindho, nek Arka diarani olehe rabi kuwi merga ngiler weruh bandhane aku sansaya ora trima. Aku ngerti dhewe, aja maneh bandhane wong liya nek Karmini utawa Bagus kuwi kepengin ngarah kanthi cara ora bener, lha wong sing genah bandhane dhewe wae Bagus ora duwe rasa kepengin njaluk bali marang menungsa sing rakus sing rumangsa dadi wong terhormat nanging kolu karo barang sing dudu duweke kuwi kok. Karmini sing ngerti nek Bagus jane ya arep nggugu omonge wong sing ngandhani supaya njaluk bali bandhane kuwi, malah ngandhani Bagus supaya murungne karepe. Merga Karmini percaya sanadyan ora nguwasani bandhane kuwi, Bagus ora bakal kangelan nyukupi kabutuhan uripe. Lan kuwi wis ana buktine, nyatane Bagus karo Karmini ya bisa cukup, bisa urip lumrah bisa nyekolahne anak-anake kanthi tutug. Cukup kuwi isining atiku, terserah marang panjenengan wong loro olehe arep ngarani".

 

"Mengko dhisik Dhik" Harmana nyoba wangsulan karo suwara sing disareh-sarehne "aku lan mBakyumu kuwi ora gawe fitnah marang sapa-sapa, nanging mung wewaton tata gelar sing jumbuh karo lakune nalar. Dhik Tiok aja banjur salah tampa ngono kuwi. Ana rembug rak bisa dirembug ta Dhik, ora banjur ditampa nganggo emosi ngono kuwi. Mengko rak malah dadi salah tampa, banjur munggahe dadi salah mungsuh, antarane aku lan mbakyumu karo Dhik Tiok".

 

Hartini sing oleh wangsulan dawa saka adhine ngono kuwi mau, satemene ya wis panas banget atine. Nanging, krungu nek bojone nyoba wangsulan karo suwara sareh, Hartini ya banjur nurut lekase Harmana.

 

"Kabeh sing tak kandhakne kuwi mau ora niyat nglarani kowe Yok" kandhane Hartini sabanjure "sing tak rembug kuwi anake Karmini, putune Jiyah Tandhak Tayub kae. Dadi awakmu aja banjur nesu ngono kuwi, kowe ora katut elek merga pokale putune Tandhak Tayub kae.  Lan sing tak kandhakne kuwi pancen kanyatan dudu fitnah utawa aku wis wani gawe-gawe, kowe kudu ngerti kuwi.......".

 

"Cukup" Tiyok wangsulan medhot rembuge mBakyune "sing panjenengan kandhakne ora ana bukti lan nyatane, sing ana malah kosok baline.  Sepisan maneh tak baleni kandhaku, nek Mas Bandana arep nampik Arka, kon nampik ngono wae bisa nganggo pawadan Arka kuwi anake wong mlarat, utawa Arka kuwi dudu trah priyayi, terserah. Aku ora arep nesu. Nanging nek nganti wani ngandhakne barang sing ora ana nyatane kaya sing panjenengan kandhakne mau, aku ora seduluran karo Mas Bandana selawase ya ora arep patheken".

 

"Dadi kowe butuh bukti?" Hartini wis ora kuwat ngempet nesune "arep nyekel maling sing mara neng omah kok ngenteni nek malinge wis nggawa mlayu barang sing arep dicolong ta Yok? Sing bener nek ana wong mencurigakan arep meksa mlebu omah kanthi cara sing ora bener, ya ndang dicekel wae. Nek perlu di ya dithuthukne kenthongan ben digebugi wong akeh. Omonganmu sing njaluk bukti ngono kuwi blas gak tinemu nalar Yok".

 

"Aku wis mbuktekne mBak" Tiok mangsuli omongane Hartini karo suwara padha serenge "petung utawa teori panjenengan kuwi luput lan ora ana buktine. Biyen Panjenengan ngarani nek olehe Karmini seneng karo Bagus kuwi merga Karmini dingge alat dening Mak Jiyah supaya bisa melu ngeret bandhane wong tuwane dhewe. Nyatane? Dudu bandhane Bapak lan Ibu sing dikeret Mak Jiyah, nanging malah putrane Bapak karo Ibu sing ragil banjur diopeni dening Mak Jiyah........"

 

"Mau aku rak wis omong ta Yok?" Hartini nigas gunem "Jiyah Tledhek kae ora kasil nggunakne carane olehe arep ngeret bandhane wong tuwane dhewe, kuwi  merga ana aku!. Upama aku ora kukuh malah blendra-blendre kaya Evie utawa awakmu, bisa uga bandhane Bapak karo Ibu diowat-awut Bagus ngge nuruti senenge bojo karo mara tuwane......".

 

"Dadi Panjenengan rumangsa wis bisa nylametne bandhane Bapak lan Ibu?" Tiyok genti nugel rembuge Hartini, karo ngguyu ngece Tiok banjur guneman "kuwi kuwalik mBak, dudu Bagus sing ngorat-arit bandhane wong tuwane dhewe, nanging bageyane Bagus sing nganti saiki isih panjenengan dhekemi sakarep panjenengan dhewe, lan merga Bagus mesakne marang Panjenengan Bagus milih meneng wae. Sing seneng melik bandhane liyan nganggo cara ora bener kuwi kenek dibuktekne nek dudu Bagus, dudu Karmini lan uga dudu Mak Jiyah. Nanging panjenengan sing ora duwe isin, ndhekemi bandha sing kudune dadi duweke Bagus nanging malah panjenengan kuwasani".

 

"Omonganmu sansaya suwe kok sansaya ngabangne kuping ta Yok? Aku iki mBakyumu, gantine wong tuwamu? mBok anggep apa aku? He?" Hartini nggetak Tiok karo suwara banter.

 

"Ora tak anggep apa-apa" wangsulane Tiok atos "dianggep gantine wong tuwa kuwi nek kelakuwane bener, nek mung butuh menang dhewe ngono kuwi, sapa sing sudi ndhaku nek gantine wong tuwaku, wong tuwaku ora seneng nasar ngono kuwi kok".

 

"Wis, wis Dhik...." Harmana banjur nengahi suwarane digawe sareh "dicukupne semene wae olehe rembugan dina iki, nek dibacutne malah sansaya ora becik kedadeyane. Sesuk utawa kapan-kapan wae, nek wis padha adhem bisa ditutugne. Saiki aku karo mBakyumu tak bali dhisik, neng omah aku karo mbakyumu ben ngedhemne pikir, lha Dhik Tiok tak jaluk ya padha, penggalihe dileremne dhisik. Mengko nek wis padha lereme, rak banjur oleh solusi sing becik kanggo ngadhepi masalah iki".

 

Tiok ora semaur. Harmana banjur genti ngomong marang bojone :

 

"Wis Mah, ayo saiki bali nata lan nentremne ati sarta pikiran dhisik".

 

Harmana ngadeg, ngethungne tangane ngajak salaman Tiok. Tiok nampani, wong loro banjur salaman. Harmana banjur nggandheng tangane Hartini, diajak metu. Hartini ora semaur, lambene mecucu, nanging ya banjur manut, ngetutne bojone. Tiok isih lungguh neng kursine, tangane kumlawe nyandhak teh botol neng ngarepe, banjur disedhot nganti entek resik ora ana sisane. Karo nyelehne botol sing wis kothong, Tiok kober nyawang Teh Botol sing mau disuguhne dhayohe, kabeh isih wutuh ora ana sing ngombe.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...