Total Tayangan Halaman

Jumat, 12 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 42

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


42.

 

Mangkok dhawete Eva wis disalini nganggo mangkok anyar sing isih kebak isine, sauntara Eva uga banjur njupuk jadah karo tempe sing disuguhne neng ngarepe, dipangan sethithik, dinikmati tenan ngana kae. Indri karo Ibune ya melu-melu Eva, wong telu ketok gumyak olehe padha jagongan ing emper mburi omahe Mak Jiyah kuwi. Eva ora entek-entek olehe ngalembana enake jadah pulen sing dilawuhi tempe goreng gaweyane Mak Jiyah, neng omahe arang utawa malah keneng diarani ora tau ditemoni jinis panganan ngene iki.

 

"Crita sabanjure" Karmini bali guneman nutugne olehe crita, Eva karo Indri bali nyemak  "nalika kanca-kancane Bulik padha ngerti nek antarane Om Bagus karo Bulik ana sambunging katresnan, akeh sing banjur padha ngandhani, supaya Bulik ora nglanggati katresnane Om Bagus, mumpung durung kebacut adoh manjing sajroning kedhunging katresnan lan yen wis jero Bulik ambles ing dhasaring samodra tresna, yen nganti Bulik dipeksa kudu mencelat kasempyok dening ombaking samodra temah pedhot talining tresna, mangka bakal angel tambanane".

 

"Lha kok ngaten Bulik?" Eva takon.

 

"Iya" wangsulane Karmini "jalaran sanadyan wis ora pati banter suwarane, nanging panggah wae nek Bulik iki mung anake Mak Jiyah Tandhak Tayub sing wis oleh cap dudu golongane wong becik-becik ora bisa diowahi. Kamangka Om Bagus kuwi saka kulawarga sing kinurmat, putrane nDara Asper sing isih priyagung trahing kusuma saka kraton Sala. Tanpa dingerteni dening Om Bagus, kanca-kancane Bulik padha nuturi, kabeh padha duwe pangira yen katresnane Bulik karo Om Bagus ora bakal bisa langgeng, awit anane asal-usul kulawarga sing ora padha. Saupama jinising gaman ngono, Bulik kuwi saka jinising lading sing wis teyengen sing wis dibuwang ora ana regane, lha nek Om Bagus kuwi wesi jinising keris sing digawe saka waja pinilih, sing katon mramong pamore. Upama keris sing murup pamore kuwi disandhingne karo lading teyengen, kajaba ora pantes, mesthi sing kagungan keris ora bakal lila".

 

Karmini meneng sedhela, pikirane Indri apa dene Eva padha mbenerake pituture wong-wong sing ngandhani Karmini kuwi. Ora biyen ora saiki, jenenge wong arep jejodhowan kuwi ora mung nyawijekne ati loro sing lagi padha kapanduk ing katresnan, nanging ora bisa dipisahake karo panemune kulawarga barang. Lan aran wis lumrah yen saben kulawarga kuwi yen arep njodhokne salah siji saka kulawargane milih besan sing kelase ora-orane satimbang karo kelase kulawargane.  Jalaran petung Bibit, Bobot lan Bebet  kuwi panggah dadi pagonan mungguhe wong jejodhowan.

 

"Lajeng Bulik kados pundi?" sawuse rada suwe anggone meneng, Eva takon ngiras njaluk supaya Karmini nutugne anggone crita.

 

"Bulik sarujuk karo isining pitutur-pitutur sing ditampa saka kanca-kancane mau, nanging Bulik rumangsa eman yen nganti medhot sambunging rasa tresna karo Om Bagus. Mula pitutur-pitutur mau banjur dikandhakne marang Om Bagus" wangsulane Karmini.

 

"Lha Om Bagus lajeng pripun Bulik?" Eva bali takon maneh.

 

"Om Bagus ora ngluputake panemune wong-wong sing padha nuturi Bulik mau, nanging Om Bagus kukuh ora arep medhot tali katresnan sing wis naleni atine Om Bagus karo atine Bulik temah nyawiji. Om Bagus ora nampik yen ora mokal ing mengkone Om Bagus bakal kepalangan dening kersane wong tuwane, nanging Om Bagus ngendika yen tresnane marang Bulik kuwi tresna sing suci sing lahir saka dhasaring ati, dudu katresnan semu pamembaning hawa nafsu, mula upama bakal ana sing malangi katresnane mesthi bakal ditabrak lan gandheng seneng kuwi larang regane, mula yen senenge Om Bagus kudu ditebus nganggo pangorbanan kudu dicuthat saka kulawargane, mangka Om Bagus uga wis siap" wangsulane Karmini .

 

"Waow.... Om Bagus pancen hebat!" ora krasa Eva nugel critane Karmini, ngalembana Pakne Cilik .

 

"Iya, pancen Om Bagus kuwi priya bagus sing setya netepi jiwa kastriyane, tumibaning katresnan marang Bulik tansah dijaga kasucene. Dhasare Bulik ya wis rumangsa ora bisa kapisahake karo Om Bagus, mula Bulik ya banjur manut apa sing dadi lekas lan keputusane Om Bagus" Karmini nanggapi pangalembanane Eva marang Bagus.

 

"Bulikku ya ora kalah hebat karo Omku" kandhane Eva karo mesem seneng.

 

"Bareng crita katresnane Bulik karo Om Bagus kuwi wis mlaku rada suwe, Bulik wis lulus saka SMA KP, sambung katresnane Om Bagus karo Bulik iki kapirsanan dening kulawarga Om Bagus" kandhane Karmini sabanjure "kabeh ora ana sing sarujuk yen Om Bagus duwe sesambungan tresna karo Bulik, pawadane ya padha karo sing dikandhakne kanca-kancane Bulik mau, ya iku karan ora ilok yen sutra kasandhingne karo suwekan mori, sanajan padha-padha wujud kain, lan mbuh sapa biyen sing marahi padha-padha wesine nanging tetep diarani adoh bedane antarane mas karo cuwilan wajan sing amoh, samono uga krikil kuwi ora patut disandhingne klawan mirah barleyan, sanajan ta padha watune. Keng Eyang Putri, Keng Ibu, Keng Bulik lan Pak Puh Tiok kabeh paring deduka marang Om Bagus lan ndhawuhake supaya Om bagus kersa medhot sesambunganing katresnan karo Bulik. Mung Keng Eyang kakung sing ora duka lan ora dhawuh mbacutake, merga Om Bagus nyambung tali katresnan karo Bulik".

 

"Waow.... ya Eyang Kakung iki sing diarani wong tuwa sing wicaksana!" Eva ketrucut rembug maneh, ngalembana Eyange kakung.

 

"Nanging Eyang Kakung ora bisa tumindak apa-apa, awit nalika samana kahanane wis gerah-gerahen. Lan pepunthoning rembug kulawarga, gelem ora gelem Om Bagus kudu pisah karo Bulik, yen nganti Om Bagus nekad mbacutake nggone sesambungan karo Bulik, mangka Om Bagus ora dikeparengake manggon ing Daleme Eyang. Om Bagus nuduhne bawa leksana, lire anetepi apa sing dadi pangandikane, banjur miyos saka Dalem kaya sing dikersakne Eyang Putri lan sedulur-sedulure. Om Bagus banjur mondhok neng omahe wong Batak neng Jalan Banda lor ban, sing jenenge Pak Paruntungan lan kanggo nyambung urip, Om Bagus melu nyambut gawe dadi kuline Pak Paruntungan nandangi gaweyan pasang instalasi listrik. Marang pak Paruntungan Om Bagus ora blaka yen olehe mondhok neng kono merga ditundhung dening Ibu lan sedulur-sedulure, nanging Om Bagus kandha nek kepengin sinau urip mandhiri. Lan sawuse rada suwe melu Pak Paruntungan, keng Ramane Om Bagus, ya eyang kakung seda. Kira-kira let sewulan saka sedane Eyang Kakung, mBahe lanang Indri, ya Bapakne Bulik sing jenenge Karmin Bengkring uga tinggal donya. Banjur simbah wedoke Arka, nemoni Om Bagus supaya olehe arep mundhut garwa Bulik tumuli ditindakne. Om Bagus nyetujoni, nganti saiki lan muga-muga nganti puputing umur Bulik dadi sisihane Om Bagus. Mbahe Indri ya nyuwun supaya Om Bagus kersa nggenteni kalungguhane mBah lanange Indri, minangka Kepala Keluarga ing omah iki, disaguhi nganti saiki iki" Karmini mungkasi critane.

 

"Mangke rumiyin Bulik" Eva takon "lha kok sak niki Eyang kaliyan Om Tiok  nek kalih Om Bagus lan Bulik, sae lan ketingal tresna, asih dhateng Bulik lan Om Bagus sarta dhateng Mas Arka lan Dhik Indri?".

 

"Oh, kuwi ta?" Karmini wangsulan karo mesem "kuwi ana critane dhewe. Nanging gandheng masjid nggono mBah Kyai Anas wis adzan, saiki kana In mBak Eva diajak dhahar dhisik, ya saanane wae, gajege mau mbahe gawe brengkes gerih salem karo njangan asem, nek uwis gek ndang padha luhuran dhisik. Mengko nek wis bar sembahyang, critane Bulik bisa ditutugne maneh".

 

 

ana candhake.

 


Kamis, 11 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 41

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


41.

 

Indri nyoba nggambarake kaya ngapa rekasaning lahir lan batin sing disandhang dening Ibune nalika samana. Rekasaning lahir wis rada genah, urip dadi anake wong sing ora duwe lan ora duwe pengasilan sing ajeg lan nek wayah oleh asil ya ora tau akeh, kuwi mesthi nek ora kepenak. Jeneh, Indri ya nglakoni, kerep nelangsa sajroning ati nalika kerep dikongkon sabar dening Ibune, merga pepenginane kerep ora bisa katekane, merga ora ana dhuwit kanggo mujudne brang sing dipengini. Kamangka, sanadyan sethithik wong tuwane ajeg oleh asil saben dinane, lha nek simbahe jaman semana?.

 

Indri ora bisa nggambarake, laraning atine sing ditanggung dening Ibune merga oleh cap anake wong sing nduweni cacad jiwa lan rokhanine. Anake wong murahan, anake wong rusak lan sapiturute. Mendah, kaya apa larane neng ati?.

 

"Nanging kegawa saka wis dadi pakulinan" Karmini nutugne critane "suwe-suwe Bulik rada bisa ngempet rasa laraning atine, banjur simbahe Indri loro-lorone ora tau leren tansah aweh semangat marang Bulik. Wiwit mlebu sekolah SD, wong tuwane Bulik tansah aweh pitutur, kanggo ngadhepi panginane wong sing ora seneng, ora perlu ditanggapi srana adu arep, merga mesthi kalahe. Nanging kudu gelem mbudidaya murih wong sing seneng ngina kuwi weruh nek Bulik uga duwe kaluwihan. Mula wiwit mlebu sekolah, Bulik kudu sregep sinau ben bisa ngalahake kanca-kancane ing babagan pelajaran sekolah. Lan alhamdulillah, nem tahun Bulik sekolah neng SD, saben tampa raport ajeg oleh biji sing dhuwur dhewe ing kelase. Bulik uga kerep dijokne ing lomba cerdas cermat makili sekolahane, nanging ajeg kalah ing tingkat Kabupaten, ning kalahe ora nemen-nemen, nek gak juwara loro ya juwara telu".

 

"Wadhuh, berarti Bulik klebet lare sing cerdas nek ngoten ?" Eva nyelani rembug .

 

"Rumangsane Bulik ora mBak Eva" wangsulane Karmini karo ngguyu "merga olehe bisa ngono kuwi, Bulik sregep sinau wae. Nek uteke Bulik ya pas-pasan wae".

 

"Tiyang cerdas niku nggih kados Bulik niki, boten nate rumaos pinter, ning terbukti nek pinter" Eva nanggapi wangsulane Karmini karo mesem eram "lajeng pripun bacute Bulik?".

 

"Bareng Bulik wis lulus SD, ana wong sing nawani Bulik nyambut gawe dadi rewang neng Jakarta, jare asile lumayan gedhe" wangsulane Karmini mbacutne critane "pancen wektu kuwi akeh bocah-bocah saumurane Bulik sing padha budhal menyang Jakarta nyambut gawe dadi rewang, lan bisa kirim dhuwit marang wong tuwane. Maune Bulik arep kepencut, nanging ora sida merga Bulik dikandhani dening Bu Sri Naimah, Guru Agama sing mulang Bulik, supaya nerusake menyang MTsN luwih dhisiik. Ngendikane Bu Sri Naimah, nyambut gawe dadi rewang kuwi nek ora pinter bisa-bisa dipinteri dening majikane, mula Bulik banjur didhawuhi sekolah dhisik. Banjur Bulik nerusne neng MTsN. Kanggo wragade nek bubar sekolah Bulik kerep melu buruh sakecekele. Bu Sri Naimah ya kerep maringi buku - buku lan alat sekolah liyane, sok-sok ya maringi dhuwit barang. Kamangka wektu kuwi Bu Sri wis ora mucal maneh, merga diangkat dadi Pengawas neng Depag. Ngawi, nek maringi apa- apa ngono kuwi diliwatne kakunge sing ngasta neng Dikbud Kedunggalar. Alhamdulillah neng MTsN sekolahe Bulik klebu lancar, ora tau ora mlebu lima besar ing kelase, wiwit mlebu kelas siji nganti kelas telu lulus. Bulik uga melu kegiatan ekstra kurikuler, aktip melu Pramuka lan uga melu latihan Pencak Silat SH Terate neng sekolahane".

 

"Bulikku benar-benar hebat!" ora sengaja Eva nyelani crita karo ngethungne jempolan tangane.

 

"Merga Bulik klebu siswa sing ora nakal, mula banjur akeh guru-guru sing mesakne karo Bulik" Karmini nerusne olehe crita "pas ujian dina sing pungkasan, Bulik ditimbali supaya ngadhep Pak Kepala Sekolah neng Kantor. Wektu kuwi Bulik rada dheg-dhegan, merga kerep wae kedadean, bocah-bocah sing nakal kuwi ditimbali neng Kantor ngono kuwi".

 

"Lha Ibu tumindak lepat napa kok ngantos ditimbali Pak Kepala niku?" Indri sing wis ora mbrebes maneh kuwi melu nyela rembug, takon.

 

"Jebul bareng wis teka ngarsane Pak Ikhwan, Kepala Sekolahe, neng kono wis ana Pak Mahfudzi barang. Kae lho Pak Mahfudzi ki priyayine Bagus, saiki ngastane neng Depag Ngawi, sing garwane asmane mirip karo asmane Mamahe mBak Eva, Bu Hartini adhine Pak Sulchan Manager KUD mantune nDara Kaji Anwar Shidiq, Sambirejo" Karmini mangsuli pitakone anake wedok.

 

"Nggih Bulik, kula mpun nate ngertos Pak Mahfudzi niku" sing wangsulan malah Eva "niku rak Ustadz Mahfudzi ingkang asring paring tausiyah ing pengajian-pengajian nika ta?".

 

"Bener, ya kuwi mBak Eva priyayine" Karmini wangsulan banjur nutugne critane maneh "Bulik ora didukani, nanging dituturi supaya ora medhot sekolahe, bar saka MTsN sidhawuhi nerusne nyang SMA KP, perkara biaya mengko arep dibantu sithik-sithik dening Pak Ikhwan karo Pak Mahfudzi".

 

"Bulik lajeng nerusaken dhateng SMA KP?" Eva takon maneh.

 

"Iya mBak" wangsulane Karmini "lha ekstra kurikuler jaman neng MTsN kae diterusne neng SMA KP kono, yaiku ekstra kurikuler Pencak Silat Persaudaraan SH Terate kuwi, nganti Bulik disyahne dadi Warga. Jaman sah-sahan sing ngragadi Pak Istiyono, Guru Matematikane Bulik. Wong Bapak karo Make Bulik ya ora duwe kangge ngragadi sah-sahan kuwi. Lha pas sekolah neng SMA KP kuwi Bulik wiwit tepung karo Mahasiswa UGM Fakultas Hukum sing uga Warga SH Terate kawakan, sing nek pas latihan kerep teka ngendhangi, asmane Mas Bagus putrane nDara Asper Surya Gutama, sing banjur dadi bapake Arka karo Indri kuwi".

 

"Oo, dados Om Bagus nika kuliahe riyin teng UGM ta Bulik?" Eva takon.

 

"Mila ta Buk nek kuliahe Bapak niku sami kaliyan kula kalih Mas Arka?" Indri melu-melu takon.

 

"Iya, nanging ora tutug, istilahe Drs Med" wangsulane Karmini karo mesem.

"Lho Drs Med niku rak titele Sarjana Pendidikan Luwar Negeri ta Bulik?" Eva takon, batine wiwit ngira nek critane Karmini kuwi ora bener.

 

"Dudu, Drs kuwi cekakan saka Dereng Rampung Sampun, lha Med kuwi cekakan saka Medal" wangsulane Karmini karo ngguyu "dadi titele Bapake Arka kuwi Dereng rampung (kuliahe) Sampun Medal, alias Mahasiswa gagal".

 

"Oalaah..... Ibuk ki kok ya eneng-eneng wae" Indri semaur banter.

 

"Bulik ki jebule ya bisa nglucu" Eva numpangi rembug karo ngguyu.

 

"Kagem selingan mBak Eva, kareben ora tegang" Karmini melu ngguyu "mosok gara-gara dijak crita Bulik terus jadah karo tempene ora disenggol babar pisan, ayo dibaleni mBak Eva. Kana In, mBak Eva dipundhutne dhawete maneh, gajege neng pawon mau rak isih akeh ta?".

 

"Inggih Bu" wangsulane Indri banjur ngadeg arep mlaku menyang pawon.

 

"Nanging critane niki dereng tamat lho Bulik" Eva ngelingne Karmini.

 

"Bener mBak, isih rada akeh kok" wangsulane sing dilelikne karo mesem "ning ngaso dhisik, ngge ngombe-ngombe dhisik, ben critane bisa runtut ora tumpang soh".

 

"Inggih Bulik"

 

 

 

ana candhake


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 40

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih 


40.

Kandhane Eva sing rada dawa lan keprungu cetha kuwi genah nek nuduhne tembung-tembung sing diucapne mung awewaton nalar sing resik, wohing pikir ing alam sing wis mardika lan kritis. Karmini olehe nampa ya biasa wae, pancen nek dinalar benere pancen kaya sing dikandhakne Eva kuwi, nanging panemu sing ngono kuwi sok isih ana sing ora bisa nampa, jalaran isih dianggep panemu kang kemajon. Lan panemu sing beda ing babagan iki, ora kena dianggep luput salah siji.

 

"Ngene ya mBak Eva" kandhane Karmini ngati-ati "panemune mBak Eva ngono kuwi pancen ora luput, merga nek dipikir sing luwih jero maneh, kawulane Gusti Allah sing jeneng manungsa kuwi kabeh rak ya kulawarga kabeh, kabeh padha-padha turun saka Nabi Adam. Dadi embuh Landa, embuh Cina, embuh Arab utawa Jawa kuwi jane ya padha isih sedulur kabeh, wong padha-padha turune Nabi Adam. Nanging, ora bisa diselaki, sanajan mangkono iku akeh sing percaya, nanging ya akeh sing banjur nyelaki ing cak-cakane, banjur padha mbedak-mbedakne siji lan sijine, nut lan mekaring budayane dhewe-dhewe. Nanging Bulik duwe keyakinan, suwening suwe kabeh bakal nurut panemu kaya panemu sing didhawuhne mBak Eva ngono kuwi mau, nanging ya mbutuhne wektu sing rada suwe".

 

Eva ora enggal semaur, pikirane isih kanggo ngangen-angen apa sing dikandhakne Karmini kuwi. Menang-meneng Eva ngalembana cara mikire Karmini sing lagi wae dikandhakne kuwi mau. Ambak-ambak tata gelar Karmini kuwi mung wong ndesa sing prasaja, jebul wis duwe pikiran sing luwih wicaksana. Eva banjur eling, nek bener apa sing dikandhakne Karmini sing dhisik mau, yaiku anane kulawargane Om Bagus sing adoh karo Kulawarga putra-putrane Eyange sing liya, kuwi jarene Karmini mau merga kegawa saka bedaning trah. Nanging ya gene Eyange karo Om Tiok sajake ora masalahne perkara trah kuwi? ketitik Om Tiok karo Eyange wingi kuwi ketok cetha yen sikepe marang dheweke, uga marang Pantara ora beda sikepe marang Arka lan Indri. Dadi sing dikandhakne Karmini mau nek ora bener. Apa mung Mamahe karo Tante Evie sing duwe panemu nek drajate kulawargane Om Bagus luwih asor tinimbang drajate sedulur liyane? Iki genah nek sansaya luwih ora klebu nalar, mokal nek Mamahe lan Tante Evie isih ngingu panemu sing fedodalistik ngono kuwi, wong Mamahe lan Tante Evie kuwi ing tata panguripane ya lumrah-lumrah wae anggone srawung karo masyarakat. Apa bener yen olehe Mamahe ora cocog karo kulawargane Om Bagus kuwi merga saka kelakuwane kulawarga iki sing ora bener, banjur dening Karmini diplintir nek olehe didohi kulawarga liyane, merga gara-gara "trah" kanggo nutupi ala-alane?.

 

"Nuwun sewu Bulik" dumadakan Eva manek-manekne kandha marang Karmini, ketang anggone kepengin ngerti wewadi sing ngranuhi ing atine "wau Bulik rak dhawuh, menawi Mamah kagungan pamanggih menawi kelasipun kulawargane Bulik kaliyan kulawarganipun Mamah punika benten, nanging kok Om Tiok kaliyan Eyang boten ngoten? Kok pamanggihipun Mamah benten piyambak? punika kados pundi Bulik?".

 

Karmini mesem, batine wis ngira nek Eva kuwi kepengin ngerti sing dadi sebab sabenere perkara ora gathuke kulawargane Bagus karo kulawargane Sri Hartini.  Maune Karmini ora arep aweh wangsulan apa-apa ing babagan iki, Karmini kepengin Eva lan uga wong liyane ngerti jawabane ora saka dheweke. Nanging bareng diulur luwih dawa maneh, pikirane ngandhakne yen ora ana alane aweh wangsulan marang Eva, ben dienggo bahan pertimbangan karo kabar liyane, merga Karmini ya duwe pangira, kajaba golek kabar saka dheweke Eva uga golek kabar saka wong liyane, malah mbok menawa wae wis tau krungu crita ing babagan iki miturut versine wong tuwane.

 

"Kuwi critane rada dawa mBak Eva" kandhane Karmini marang Eva sabanjure "Apa mBak Eva kepareng mirengne critane sing rada suwe?".

 

"Mangga Bulik, saestu Eva kepengin ngertos saestu" wangsulane Eva.

 

"Ngene ya mBak Eva, sing arep diaturne Bulik iki mengko jumbuh karo sing dngerteni lan diweruhi Bulik, mbok menawa wae beda karo sing ngerteni utawa diweruhi dening liyane Bulik, merga diupamakne wong nyawang ngono, carane nyawang wong siji lan sijine bisa beda, lha endi sing bener? mBok menawa kabeh bener merga asile panyawang beda. Bisa ditampa bab iki mBak Eva?" Karmini miwiti aweh wangsulan marang Eva.

 

"Inggih Bulik, saged. Mangga dipun lajengaken Bulik" wangsulane Eva.

 

"Crita iki diwiwiti wiwit jaman biyen, jaman simbahe Indri ya wong tuwane Bulik isih nom. Wong tuwane Bulik kuwi gandheng kabeneran tinitahake dadi wong mlarat, mula kanggo nyambung urip apa-apa ya ditandangi. Wiwit golek godhong jati neng alas, gresek enthung, buruh ngasag, tandur kabeh ditandangi beteke kepengin bisa mangan. Kajaba gaweyan-gaweyan kuwi, simbahe Indri sing lanang, sing jenenge Karmin Bengkring kuwi duwe kabisan nabuh Siter karo nyebul Gong Bumbung lan mBahe Indri sing wedok, ya mbahe sing mau methuki mBak Eva dhisik dhewe, sing duwe jeneng Mak Jiyah, duwe kabisan njoged karo nembang . Mula ing sambi kalane nganggur, ngepasi gaweyan-gaweyan sepi, mBah Lanange Indri kuwi kerep wae nyambut gawe dadi panjak lan mBah wedok dadi Tandhak, sok ditanggap nek ana wong duwe gawe mantu utawa sunatan, sok ditanggap kanggo bersih desa lan uga kerep nek kabeh gaweyan sepi, mBah wedok kuwi amen turut dalan dadi Tledhek adol suwara, lha mBah lanang sing manjaki nganggo siter.  Jaman semana, jenenge gaweyan Tandhak utawa Tledhek kuwi, klebu gaweyan sing dianggep remeh, sing nadangi dianggep wong sing ora dwe wirang, lha wong gaweyane wae diarani mBarang, kerata basa saka ngumbar wirang. dadi wis lumrah nek meh saben uwong nyawang remeh marang Tandhak utawa Tledhek kuwi. Malah akeh sing ngarani nek Tandhak kuwi identik karo wong wadon palanyahan, wong wadon murahan".

 

Karmini leren sedhela olehe crita, nyandhak mangkoke sing mau digawa saka pawon, disendhok kanggo nelesi gorokane sing krasa garing.

 

"Karo mirengne Bulik crita, ya disambi ngunjuk barang mBak Eva, ben gak tegang" kandhane Karmini sawise nyendhok dhawete " karo kuwi jadahe diraksakne, jadah dilalapi tempe panganane wong ndesa".

 

"Inggih Bulik" wangsulane Eva karo nyandhak mangkoke "jadah dlawuhi tempe niku tibake eca lho".

"Saka kersane Gusti Allah, Bulik iki dilahirne dadi anake mBah Karmin Bengkring, ya anake Mak Jiyah. Dadi wiwit lahir Bulik iki wis duwe drajat sing asor miturut panyawange wong akeh, asor gawan lahir, merga dadi anake Panjak, anake Tandhak Tayub, Tledhek Amen lan sing luwih ora seneng malah ana sing ngarani...... nuwun sewu, Bulik iki anake Lonthe. Oleh julukan ngono kuwi, neng ati jane ya lara, lara banget, ora mung siji loro kanca-kancane Bulik sing seneng mbeda Bulik karo sebutan sing nglarani ati ngono kuwi, ora mung kancane Bulik sing sapantaran wae, nanging meh saben wong nyepelekne Bulik, kena diarani padha jijik lan gila nyawang wujude Bulik. Maune Bulik ya ora trima, neng batin ya protes, nganggep neng Jagad iki ora adil, merga lahir dadi anak tandhak kuwi dudu karepe Bulik, upama bisa milih kira-kira timbang dilahirne dadi anak Tledhek. Bulik luwih seneng milih dadi anake Priyayi Luhur sing uripe kajen keringan" Karmini meneng sedhela karo ngulu idu.

 

Indri sing uga krungu olehe crita Ibune, ora krasa yen luh-luh bening wiwit mili saka mripate, mudhun nelesi pipine.

 

 

ana candhake.  

 

 

 


Rabu, 10 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 39

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih


39.

Eva banjur katrem jagongan karo Indri, dhasar umur-umurane pantaran, padha-padha kuliah neng Yogya. Dadi olehe jagongan bisa gayeng. Ora ngrembug perkara kuliah utawa ngomong kutha Yogya wae, nanging malah banjur ngrembug babagan kakulwargan, Ya gene antarane Arka lan Indri karo sedulur-sedulure padha - padha wayahe Eyange, lagi saiki olehe padha tepung ?. Kuwi wae isih winates mung Eva karo Pantara dhewe sing ngerti nek Arka karo Indri kuwi isih sedulure.

 

"Nek perkara kuwi aku ora ngerti mBak" kandhane Indri "wong olehku sowan Eyang kuwi ya lagi pisan dhek wingi kuwi. Lha maune dening Bapak aku ora dikeparengake sowan Eyang ngendikane durung wayahe ngono wae. Banjur Ibu ya ngendika nek aku apa Mas Arka kepengin sowan kuwi kudu ngenteni ana timbalan dhisik, nek wani sowan tanpa katimbalan bisa kuwalat. Ngono kuwi ngendikane Ibu menyang aku karo Mas Arka. Dadi aku karo Mas Arka ya ora wani padha sowan, bisane mung nek bar sembahyang ngana kae, ndongakne Eyang Kakung muga-muga neng kanane tansah diparingi berkah dening Gusti Allah, banjur ndongakne Eyang Putri supaya kaparingan sehat lan panjang yuswa. Merga Ibu ndhawuhake ngono kuwi, nek nganti aku kelalen karo Ibu ya banjur dikongkon mbaleni, wong saben-saben Ibuku kuwi mesthi ngecek, wis ndongakne Eyang-eyange apa durung".

 

"Ora mung kuwi Dhik" kandhane Eva nanggapi wangsulane Indri "Papah karo Mamah kuwi ya aneh, aku lan mas-masku ora ana sing tau ditepungne karo Om Bagus, Bapake sampean kuwi. Malah nganti saiki aku ki ya durung tau omong-omongan karo Om Bagus, luwih-luwih karo Bulik Bagus, Ibumu asmane sapa aku ya rung ngerti, wong kepethuk wae ya durung tau. Apa ora aneh?".

 

"Iya ya mBak? rasane kok ya lucu ngono ya?" wangsulane Indri karo ngguyu "aku karo Mas Arka ki ya padha karo sampean, malah kepara luwih nemen maneh, putrane Eyang sing tak tepungi ya mung Pak Puh Tiok karo Budhe Vero thok, nek Budhe Tien karo Budhe Evie kuwi, ngertiku ya mung winates neng asmane wae, priyayine sing endi aku ya durung tau weruh".

 

"Iya pancen aneh" Eva numpangi gunemane Indri "mau pas Dhik Indri kandha nek sowan menyang Eyang kudu ngenteni ditimbali dhisik kuwi wae aku wis gumun kok, mosok jenenge putu arep sowan eyange wae ngenteni ditimbali?".

 

"Nek kuwi aku ngerti sebabe mBak" kandhane Indri mangsuli pitakone Eva.

 

"Sebabe apa Dhik?"

 

"Ngendikane Ibuku, Kabeh kulawargane Eyang kuwi isih Trah Kraton, utawa Trahing Kusuma rembesing madu, kajaba kulawargane Bapakku. Amarga Bapakku kuwi duwe garwa wong lumrah, utawa kena diarani wong pidak pajarakan, gedibal sanga likur. Banjur aku karo Mas Arka kuwi dilebokne golongane Ibuku sing wong lumrah, ora kena sembarangan marang Trah Kraton. Nek nganti sembarangan bisa kuwalat".

 

"Walah, kuwi ya sansaya aneh" kandhane Eva karo gedheg-gedheg.

 

"Ayo mBak, dibaleni dhawete kuwi, nek entek mengko tak jupukne maneh, wong mau olehe nggawekne dhawet akeh kok" muni ngono kuwi Indri karo ngangkat mangko dhawete.

 

Dumadakan saka pawon keprungu suwarane wong omong-omongan rada banter. Indri ngerti kuwi suwarane Ibune sing lagi bali saka Pasar. Indri duwe niyat sedhela engkas arep mlebu nyang pawon, matur ibune nek sedulur nakdulure endhang mrene. Nanging ora sida, merga Karmini luwih dhisik metu menyang emper mburi, sawuse dikandhani Mak Jiyah yen Indri lagi njagongi dhayohe neng emper mburi. Karepe Karmini arep melu mbagekne, putrane Den Ayu Hartini kuwi.

 

"Bulik........." Eva sing luwih dhisik weruh nek Karmini metu saka pawon, ndhisiki aruh-aruh. Karo mudhun saka amben Eva nyedhaki Karmini ngethungne tangane ngajak salaman, kaya lumrahe wong nom marang wong tuwa, Eva ora rikuh-rikuh ya banjur ngambung tangane Karmini.

 

"Sami kasugengan sarawuhipun Den Rara" kandhane Karmini mbagekne Eva. Sing dibagekne kaget, banjur karo ngguyu, semaur aweh ngerti marang Karmini :

 

"Kula niki Eva, Bulik. Pulunane Bulik piyambak, dede tiyang sanes".

 

Karmini mesem krungu wangsule Eva sing keprungu grapyak semanak ngono kuwi, banjur wangsulane :

 

"Inggih, Inggih kula sampun dicriyosi simbahe Indri, menawi Den Rara Eva putranipun nDara Den Ayu Hartini rawuh mriki" .

 

"Inggih Bulik, kula Eva sanes Den Rara, mbok Bulik niku sampun damel kula rikuh lho" Eva semaur karo mesem manis "mosok kalih anake piyambak Bulik ki kok ndadak basa barang, sampun basa Bulik, boten sae niku".

 

"Ya wis" Karmini wangsulan uga karo mesem "Bulik kuwi wedi nek kwalat, nanging gandheng mBak Eva wis ndhawuhi supaya Bulik njangkar lan ora basa, Bulik ya manut, Bulik saiki wis ora basa karo mBak Eva".

 

"Lha, ngaten rak langkung sekeca" kandhane Eva karo mesem amba.

 

"Marahi mBak Eka olehe tindak mrene lagi iki mau, upama dhek wingi, Arka barang isih ana omah. Bocahe mau bengi bali menyang Yogya merga esuk iki duwe kuwajiban mulang, jarene" kandhane Karmini sabanjure.

 

"Kala wingi kula sampun panggih kalih Mas Arka kok Bulik" wangsulane Eva "teng daleme Eyang, sekenjing mbethet-thet kula jagongan kaliyan Mas Arka kalih Dhik Indri, nanging meksa rumaos kirang, milanipun enjing niki kula lajeng mriki".

 

"O, ngono critane?" Karmini nanggapi wangsulane Eva, banjur genti takon "nanging iki mau mBak Eva wis matur keng Ibu apa durung, nek arep dolan neng omahe Indri?".

 

"mBoten Bulik, Eva wau boten matur Mamah utawi Papah, namung matur nek badhe pepanggihan kaliyan kanca dhateng Kedunggalar ngaten kemawon. Wonten napa ta Bulik?" Eva wangsulan apa anane banjur dikantheni pitakonan ing mburu ukarane.

 

"Ya ora ana apa-apa" wangsulane Karmini "mbesuk maneh nek arep dolan mrene, utawa arep ketemu karo kulawargane Bulik, becike mBak Eva matur dhisik marang keng Ibu utawa Keng Rama, pareng apa ora. Bulik mung kuwatir nek mBak Eva didukani keng Ibu wae, ya muga-muga mengko ora nampa duka saka keng Ibu".

 

"Kok ngaten ta Bulik?" Eva takon suwarne ngemu rasa gumun "Mamah nika pancen sok radi aneh, asring duka, nanging mosok ta pulunan dolan neng nggone Bulik-e wae didukani?".

 

"Ya, muga-muga ora mBak Eva" wangsulane Karmini "mBak Eva durung pirsa wae, miturut panemune Den Ayu Hartini ya keng ibune mBak Eka, Bulik iki wong sing ora pantes cecedhakan karo kulawargane mBak Eva. Keng Ibu kagungan panemu ngono kuwi ya wis bener lan ora luput, merga anake wong sudra sempali, Bapake Bulik kuwi Panjak Siter sing ngiringi Tledhek Amen, lha Tledheke amen kuwi ya simbahe Indri mau".

 

"Nanging Bulik rak garwane Om Bagus? Om Bagus rak nggih putrane Eyang? Rayinipun Mamah? Kanthi makaten Bulik rak lajeng sampun mlebet kulawarganipun Eyang?. Kalih ngoten, napa ta Bulik bentenipun antawisipun trah ningrat kaliyan boten? rak nggih sami-sami manungsane ta niku? malah kula nate dicriyosi Dosen kula ingkang ndelalah taksih kalebet Sentana Dalem Kasultanan Yogya,  bilih leluhuripun Para Ratu ing Sala lan Yogya, kalebet Mangkunegaran lan Pakualaman, punika tiyang tani ingkang babad wana Mentaok, lajeng ngagem asma Ki Ageng Mataram utawi Ki Ageng Pemanahan punika. Dados nggih boten wonten bentenipun antawisipun trah kraton napa boten. Rak nggih ngoten ta Bulik?" kandhane Eva nanggapi wangsulane Karmini sing dianggep ora tinemu ing nalar merga isih mbedak-bedakne asal-usul lan keturunane wong siji karo sijine.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 38

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


38.

 

Esuk kuwi Eva sengaja ora matur bares marang Mamahe nek arep sanja menyang wetan kali, neng omahe Pakne cilik sing ragil. Nalika ditakoni Mamahe kok esuk-esuk wis manasi sepedha motor arep menyang ngendi, Eva mung wangsulan nek ana kencan karo kancane neng Kedunggalar, dijak ngrembug rencana Reuni karo kanca-kanca jaman sekolah neng SMP, sing kabeneran Eva didhapuk dadi panitiane.

 

"Eva budhal dhisik, mengko kira-kira baline rada awan Mah" kandhane Eva pamitan marang Mamahe nalika Hartini nguntabne budhale Eva saka garasi "wong sing dibahas ketoke ya rada akeh".

 

"Iya, sing ngati-ati" wangsulane  Hartini "mengko nek bar rapat terus dolan, ya Mamah di-WA, ben neng omah ora kepikiran".

 

"Inggih" saurane Eva karo nyetater sepedhane .

 

Pancen mau bengi Eva wis duwe karep kepengin weruh endi sing bener antarane kabar sing ditemu nalika nililiki Eyange, karo kabar sing digawa Papahe sawise mulih saka Geneng wingi. Lan kanggo ngerteni perkara kuwi, Eva arep mara menyang omahe Bagus dhewe kanthi pawadan dolan kepengin omong-omongan karo Indri, sedulur nak dulure kuwi. Kanthi mangkono Eva bakal luwih akeh bisa ngaweruhi kahanan sing sanyatane saka panguripan kulawargane Om Bagus. Eva dhewe ya krasa nek ing dhasaring atine wiwit kethukulan rasa seneng marang Arka, nanging pikirane Eva ya urip, nek jebul Arka kuwi kaya sing dikandhakne Mamah lan Papahe, Eva mesthi bakal munthes rasa tresna sing thukul neng dhasaring atine kuwi.

 

Ora nganti seprapat jam, sepedha sing digelak Eva wis menggok menyang platarane omah sing arep diparani. Kabeneran lawange bukakan, sepedha motor banjur diparkir neng latar cedhak emper, banjur mlaku nyedaki lawang, arep uluk salam.

 

"Muga-muga ora kleru omahe wong liya" Eva mbatin, mau pas takon marang sing duwe toko kulon kono kuwi, diwenehi ancer-ancer nek omahe Indri madhep ngalor, pagere pager urip saka tanduran wit bandhungan sing ditata rapi, banjur neng latar ana wite pelem jejer loro.

 

"Kula nuwuuuuun" Eva uluk salam karo ngadeg neng ngarep lawang, suwarane bablas mlebu menyang njero omah.

 

"Nggiiiiiih..........." ana suwara wangsulan rada adoh saka jero omah sisih mburi. Ora let suwe katon ana wong wadon sing rambute wis putih kabeh, metu saka omah.

 

"Nuwun sewu badhe kepanggih sinten nggih Nak?" wong wadon tuwa kuwi takon karo mripate nyawang Eva wiwit ngisor tekan dhuwur.

 

"Nyuwun pangapunten mBah" wangsulane Eva karo mesem "kula Eva, punapa Dhik Indri wonten dalem nggih ?".

 

"Wonten, wonten" Simbah tuwa kuwi semaur "O, Nak ayu punika kancanipun putu kula Indri? Mangga mlebet, pinarak rumiyin, Indri kula celuke, anu wau larene taksih mepe kumbahan dhateng wingking".

 

"Inggih mBah, maur nuwun" wangsulane Eva sing banjur mapan lungguh neng kursi ruang tamu.

 

Lungguh ijen neng kursi ruang tamu, mripate Eva kober namatne jeroane omah sing prasaja kuwi. Ora ana barang-barang mewah sing katon, najana ngono omah kuwi katon resik tumata ngresepake. Neng Lemari kaca sing dienggo wates antarane ruang jero karo ruang tamu, ana potone Arka dijejer -jejer karo potone Indri. Poto nalika Arka diwisuda ing UGM, karo poto nalika Arka kuliah neng Leiden, potone Indri uga pas wisuda. Eva namatne pasuryane Bapake Indri neng poto kuwi, mirip banget karo Om Tiok, mung bedane Bapake Arka ora duwe brengos. Nek Ibune Indri sanajan pacakane mung prasaja, nanging ketok nek wonge ayu.

 

"mBak....." merga lagi namatne poto-poto sing nemplek neng kaca lemari kuwi, Eva ora weruh nek Indri wis mara, sing banjur nyapa. Eva noleh, wong loro kuwi padha nyedhake, banjur rerangkulan kanthi akrap.

 

"mBak Eva ki kok ora WA dhisik nek arep tindak mrene lho?" kandhane Indri grapyak semanak.

 

"Marahi ya ora direncanakne Dhik" wangsulane Eva "wong iki mau spontanitas, ujug-ujug aku kok kepengin dolan nyang omahe Om Bagus, dadi ya banjur mrene ngono wae. Aku mau takon nyang sing duwe toko kulon kono kuwi, terus dituduhi omah iki".

 

"Mangga pinarak mBak" kandhane Indri ngacarani tamune "apa neng emper mburi wae? ben luwih santai? empane, kok neng ruang tamu, kaya karo wong liya wae, ayo memburi wae mBak".

 

Tangane Eva dicandhak banjur digandheng dijak mlaku memburi. Eva mung manut sing dadi karepe sing duwe omah.  Bener, kaya sing dikandhakne Indri, neng emper mburi kuwi luwih santai lan luwih bebas. Olehe jagongan neng dhuwur amben sing digawe saka bongkotan pring ori, gedhe tur amba, rupane gilap ketok nek kerep dilungguhi.

 

"Tak tinggal sedhela wae ya mBak?" sawise Eva mapan lungguh, Indri omong karo arep ngalih.

 

"Gak sah repot-repot kaya nampa tamu wae lho Dhik"  kandhane Eva .

 

"Ora kok" wangsulane Indri sing banjur mlebu nyang pawon. Ora let suwe bali mrono maneh karo nyangga baki cilik isi mangkok loro, ditutne Simbah tuwa sing mau nemoni Eva, nggawa piring loro, sing siji isi jadah sing siji isi tempe goreng.

"Mangga mBak diincipi" Indri ngacarani tamune "anu iki mau, sapine mBahe sing digadhuhne nggone wong etan kono sepasaran, pedhete lanang, mula banjur disukuri, nggawe dhawet karo jadah. Mangga diicipi mBak".

 

Pancen wong neng desa kono kuwi, nek sapine manak, isih padha ngenggoni adat, disepasari kaya wong babaran ngana kae. Kaceke, olehe nyepasari cukup karo gawe dhawet lan jadah banjur didumne tangga kanan kiringe ngono wae.

 

Kanggo nglegakne sing nyuguh, Eva banjur nyandhak mangkoke lan nyedhok dhawete, oleh telung sruputan mangkok diselehne maneh.

 

"Dhawete enak" kandhane Eva "wis rada suwe aku ora ngombe dhawet ngene iki".

 

Indri mung mesem.

 

"Nak ayu niki daleme pundi ta? gajege nembe sepisan niki nggih dolan teng griyane Indri?" Simbah tuwa sing isih ana kono kuwi, nakoni Eva.

 

"Niki mBak Eva mBah" sadurunge Eva semaur, luwih dhisik Indri sing mangsuli "putrane Budhe Tien ingkang wuragil, wayahipun Eyang".

 

"Oo, putrane Den Ayu Hartini?" Mak Jiyah kaget, ora nyangka lan ora ngira babar pisan nek bocah ayu sing teka kono kuwi mau jebul anake wong sing olehe gething marang dheweke sakulawargan kepati-pati. Ya gene kok ketok grapyak semanak, semrambah lan gelem mara menyang omah kene? kamangka durung suwe iki, nDara Den Ayu Hartini lagi wae nglabrak Karmini neng omah iki?. Nanging Mak Jiyah gage anggone nutupi rasa kagete, banjur nerusne gunemane marang Eva :

"Nyuwun pangapunten lho Den Rara, mBahe niki mpun sepuh, kula kinten Den Rara niki wau kancanipun sekolah Indri. Nyuwun pangapunten".

 

Eva rumangsa aneh krungu tembung-tembunge mBahe Indri ngono kuwi. Olehe ngarani Mamahe nganggo sebutan Den Ayu, banjur olehe ngundang dheweke nganggo sebutan Den Rara, neng kupinge Eva sebutan ngono kuwi keprungu lucu.

 

"Boten lepat mBah, tiyang inggih nembe punika kepanggih" Eva banjur wangsulan "menawi nimbali kula cekap Eva ngaten kemawon, kula niki rak nggih kapernah putunipun mBahe, dados inggih boten sah mawi basa krama ngoten niku".

 

Mak Jiyah ora enggal semaur, mung manthuk-manthuk kaya pitik nuthuli gabah neng lemah, karo mbatin, teka aneh temen, bocah ayu sing ngaku jeneng Eva iki duwe sikep sing beda adoh, kaya langit karo sumur paribasane, nek dibandhingne karo sikepe wong tuwane marang dheweke.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 37

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


37.

 

Ditakoni Bapake ngono kuwi, atine Arka rada nggragap. Merga ketok cetha nek pitakone Bapake kuwi ngemu rasa ora trima yen ana wong sing wis wani ngremehne jenenge kulawargane, kalebu maratuwane. Bisa uga bapake uga rumangsa kesenggol pangrasane, kanthi anane pangancam sing ditujokne marang Arka, kanthi tetembungan yen wong mau wis kulina ngadhepi preman-preman, iki padha wae ngarani nek Arka utawa kulawargane Arka kuwi tunggalane para preman. Arka gage-gage nambahi katrangan murih Bapake ora kebacur muring.

 

"Nanging inggih sampun kula wangsuli kok Pak, sanaosa kula saking kulawarga tiyang kesrakat, nanging Insya'allah dede tunggalanipun preman lan kula tambahi bilih anggen kula gadhah lekas badhe nglamar putranipun niku wau, awit kula dipun kengken dening Ester inggih putranipun piyambak. Dados kula boten badhe gela jalaran dipenggak kekajengan kula badhe nglamar punika. Saha kula aturi murih ngandhani putranipun supados boten nyaket kula malih".

 

"Ya wis, wangsulanmu ngono kuwi wis bener banget, ben wonge ngerti kesrakate awake dhewe iki ora bakal ngganggu kamardikane dhekne. Nanging aku ya kepengin ngerti sapa jenenge wong kuwi mau? kok nganti bisa ngerti kulawargaku?" kandhane Bagus maneh nakoni anake.

 

"Menawi boten klentu asmanipun Bapak Bandana, S.Pd., M.Pd. Bapak" wangsulane Arka ngati-ati.

 

"O alah bocah kuwi ta?" Bagus semaur karo mesem.

 

"Inggih Bapak, Bapak sampun tepang nggih ?" genti Arka sing nakoni Bapake.

 

"Jane, sing jeneng Bandana kuwi isih rada mambu sedulur karo awake dhewe, nanging kuwi biyen, ya keneng diarani sedulur kadang katut ngana kae" wangsulane Bagus nggenahne "Bandana kuwi adhine Harmana, Harmana kuwi bojone Hartini. Ya pantes, ngerti kulawargane awake dhewe",

 

"Dados niku rayine ipe nDara Den Ayu Hartini ta Mas?" Karmini sing uga isih ana kono melu omong.

 

"Iya" wangsulane Bagus "dadi nek Arka ora sida nglamar lan malah petunge wis buyar, kuwi tiba kebeneran. Upama sida, kira-kira malah ruwete manggon neng mburi. Wong kuwi nek kulina ngecakne laku kadang konang, padatan seneng ngremehne liyan lan ora tau weruh kekurangane dhewe. Dadi sepisan maneh nek Arka ora sida dadi mantune Bandana, kuwi jeneng wis pas".

 

"Inggih Bapak" wangsulane Arka sing banjur disambung karo pitakonan "punapa ingkang dipun kersakaken Ibu kaliyan asma nDara Den Ayu Hartini niku, napa putranipun Eyang ingkang Pambayun?" .

 

"Bener" wangsulane Bagus cekak.

 

"Pantes......" Karmini grenengan dhewe.

 

"Apane sing pantes?" olehe grenengan Karmini diwangsuli karo pitakonan serius dening bojone.

 

"Kula badhe matur, nanging Panjenengan boten kenging duka nggih Mas?" Karmini wangsulan nanging diembel-embeli njanji marang sisihane supaya ora nesu.

 

"Lha aku iki apa wong sing gampang nesu ngono ta neh?" Bagus genti melehne  bojone "apa kowe tau tak nesoni ?".

 

"Boten nesu kalih kula napa dhateng Arka, nanging nggih boten badhe duka dhateng tiyang sanesipun" Karmini ngendhani pamelehe sing lanang.

 

"Ya wis, aku janji ora arep nesu karo sapa wae" wangsulane Bagus karo ngguyu.

 

"Kala emben, pas siang-siang ngoten, Den Ayu Tien niku rak rawuh mriki ta Mas?" Karmini miwiti critane.

 

"Apa? mBak Tien gelem mlebu omah kene?" Bagus takon semu rada kaget.

 

"Boten teng griya, namung dhateng emper mriku" wangsulane Karmini "tiang pas kula milihi lan mbucali krikil sing awor kedhele teng emper mriku".

 

"Lha wonge rene ngomong apa?" Bagus takon maneh.

 

"Ngendikan kathah-kathah nanging boten cetha, kula diunek-unekne boten kantenan, dikandhani supados boten mulangi anak dados bajingan, kula didhawuhi nyebut, noleh githok kula piyambak, kula nggih dipun undamana dumeh sampun saged ngrebat manah panjenengan lajeng kula didakwa mulang anak supados ngrebat manahipun putrane priyayi, boten namung kula sing diunek-unekne Mak-e nggih dikatut-katutne, criyose Make niku empun mbetani putune mantra pengasihan kangge melet anakipun tiyang sugih sing ajeng dikeret bandhane lan taksih kathah malih" Karmini nutugne critane.

 

"Lha banjur mbok wangsuli piye?" Bagus takon.

 

"Lha mBakyune panjenengan nika nek ngendikan napa kenging dipun selani?" Karmini mangsuli karo ngguyu anyel "kula nggih mendel mawon, kula umbar sauni-unine. Sareng sampun ngoten, kuwatir nek kula kepancing rembag terus nesu, kula lajeng ngalih mlebet. Lawang kula kancing saking nglebet. Den Ayu Tien kula tilar piyambak dhateng emper, lajeng ngendikane sansaya banter, nanging inggih boten enten ingkang nyauri. Dados nggih kados tiyang Rapat Kampanye ajeng pemilu ngoten nika".

 

Krungu critane Karmini sing keri dhewe kuwi, Bagus ora bisa ngempet guyune banjur ngguyu ngakak kaya pas ndelok pelawak ngana kae. Arka karo Indri sing ya krungu critane Ibune  ya melu ngguyu, pisan.

 

"Kok gumujeng ta Mas?" pitakone Karmini marang sing lanang, banjur nakoni anak-anake "thik padha ngguyu ki sing padha mbok guyu apa?".

 

"Ngguyu tiyang rapat Kampanye boten enten sing ngrungokne Bu" Indri sing mangsuli isih karo ngguyu.

 

Krungu wangsulane Indri, Bagus sansaya banter olehe ngguyu. Banjur disusul karo pitakonan :

 

"Banjure terus kepiye?".

 

"Sareng empun sayah anggenipun ceramah nggih lajeng kesah piyambak" wangsulane Karmini "kula nembe ngertos sing ndadosne Den Ayu Tien duka-duka niku kinten-kinten diwaduli kalih rayine Ipe niku perkawis Arka".

 

"O ngono ta critane?" kandhane Bagus sabanjure karo ngguya-ngguyu "Aku netepi janji, ora nesu nanging malah ngguyu, wis marem ta?".

 

Karmini ora semaur, Arka karo Indri padha mesem. Kang bareng karo iku, neng dhuwur kasur  jero kamare, Eva lagi ngolang-aling ngeloni guling, klisikan ora bisa turu. Ora merga wektune dumeh isih sore. Nanging merga lagi ana perang rame ing jero atine. Wewayangane Arka tansah kumanthil-kanthil ora bisa ilang saka angen-angene. Arka sing gagah pideksa, alus solah bawane, nanging duwe kategasan, tembung-tembunge sing tansah ngundang rasa tentrem tansah gawe enaking atine sing padha ngrungokne. Arka sing lulusan saka negara Walanda, sanajan mau Aka kandha nek olehe bisa sekolah nganti tekan Leiden kuwi jalaran saka nasib sing becik, nanging bukti lan nyata ora bisa diselaki, mung wong - wong sing duwe kapinteran kang punjul ing apapak sing bisa katut dibudhalake sinau neng Universitas sing kelase dhuwur ing tingkat Internasional kuwi.  Nanging atine Eva dadi gela, merga krungu warta lan pituture Ibune marang dheweke awan mau. Angel Eva nggone Eva arep percaya kabar saka wong tuwane sing ngarani nek Arka kuwi "bocah ora genah" malah sok ngarani "bocah edan " barang. Mau Eva ya krungu nek Arka ya wis ngaku kanthi terus terang panggaweyane wong tuwane uga panggaweyane dhewe, sing dianggep remeh dening Om Bandana apa dene Mamah karo Papahe. Apa kira-kira sing ora bisa nampa bahasane wong wicaksana kuwi malah Om Bandana karo Mamah lan Papahe? Arka ngomong neng nyambut gawene ngladeni Mahasiswa sing mbutuhake tenaga lan pikirane, lha nek Dosen sing ora sombong rak pancen kuwi sing ditandangi saben dinane?.

 

Dumadakan Eva mesem dhewe, ana sethithik rasa seneng, nek tenan Arka ditampik dening Om Bandana, kuwi tiba kabeneran tumrap dheweke. Sapa ngerti mbarengi nasib sing becik, Arka banjur genti gelem karo dheweke?. Mung wong bodho sing nampik Mutiara sing isih kependhem neng lendhut sawah sing ireng lan ketok reged.

 

ana candhake.


Selasa, 09 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 36

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 


36.

Eva ora enggal semaur krungu suwarane Mamahe sing ngandhani nek apa sing dingerteni sapa sejatining Om Bagus lan kulawargane kuwi beda banget karo kahanan sing diweruhi dening Mamah lan Papahe. Arep ora percaya karo apa sing dikandhakne Mamahe, Eva rumangsa ora kepenak, merga cetha Papahe lagi wae saka omahe Om Bandana lan nggawa kabar bab Arka sing dianggep wis kelincipen wani arep nglamar putrane Om Bandana sing wekasan ditampik sadurunge nembung. Nanging nek arep percaya karo kabar sing digawa Papahe kuwi, Eva ya isih durung bisa, dheweke weruh lan ngerti dhewe yen Arka putrane Om Bagus kuwi wonge alus, sopan, omongane sarwa ilmiah lan Om Tiok mau matur marang Eyange yen Arka kuwi siji-sijine wayahe Eyang Surya Gutama sing dhisik dhewe kasil duwe gelar Doktor weton Luwar Negeri lan arep disusul Indri, adhine Arka, putrane Om Bagus sing cilik , sing arep budhal mabur menyang Leiden suk sasi ngarep.

 

"Lha Eva dikandhani apa karo Tiok perkara bocah ora genah kuwi?" dumadakan Harmana nakoni sisihane sawise Hartini ngandhani Eva, sapa sing wis arep kurang ajar marang Ester ponakane kuwi.

 

"Ora" wangsulane Hartini "Eva mau rak tak kongkon tilik eyange?, lha neng kana krungu Tiok lagi nuturi Pantara supaya niru Arka anake Bagus, jarene Tiok, Arka kuwi bocah sing apik tur pinter. Lha tekan omah, Eva banjur takon nyang aku, apa Om Bagus kuwi duwe anak lanang kaya sing dicritakne Om Tiok marang Pantara kuwi?. Mau olehku aweh wangsulan durung rampung, terus panjenengan rawuh iki mau. Mula banjur Eva tak kandhani perkarane, ngiras pantes supaya Eva luwih ngerti sapa lan kaya apa kelakuwane anake Bagus kuwi mau".

 

"O ngono ta?"

 

"Iya" wangsulane Hartini "kanthi ngerti perkara iki, Eva rak ora banjur percaya ngono wae karo kabar sing dirungu saka critane Tiok sing ora bener kuwi".

 

"Saiki malah aku sing dadi gumun" kandhane Harmana sabanjure.

 

"Gumun bab apa Pah?" Hartini takon.

 

"Gumun karo si Tiok" wangsulane Harmana "kok bisa-bisane nuturi ponakane dhewe supaya tiru-tiru Arka anake Bagus kuwi lho?. Apa karepe Tiok iki?  Kongkon niru kuwi sing ditiru  babagan apane? Pancen jenenge menungsa kuwi duwe kekurangan lan duwe kaluwihan dhewe-dhewe, lha nek Arka kuwi duwe kaluwihan apa sing pantes ditiru kuwi?".

 

"Ya kuwi Pah sing sok marahi mamah mumet" Hartini nanggapi tembunge Harmana "ketoke Tiok kuwi wis keneng sewel gonel sing dicakne Tandhak Tayub kae kok Pah. Makane wingi nganti nesu-nesu kaya ngana marang awake dhewe, olehe mbelani anake Bagus sing kurang ajar kuwi nganti nemen kaya ngana kae. Kuwi merga dayane Ilmu Hitam sing wis kadhung mlebu lan ngracuni pikirane Tiok".

 

Harmana manthuk-manthuk, batine mbenerke apa sing dikandhakne bojone. Eva sing ora weruh bongkot pucuke perkara bisane mung meneng. Meneng ing tengahing paprangan sing rame ing jero batine. Perang antarane crita lan katrangan sing ditampa saka wong tuwane, karo sing disumurupi dhewe mau pas tilik ing daleme Eyange. Endi sing bener? Endi sing bisa dipercaya? Merga ing atine Eva wewayangan praupan lan solah bawane Arka tansah kumanthil sajroning atine. Rasa seneng lan rasa kepengin bisa luwih cedhak marang sedulur nak dulure kuwi wis tuwuh lan ngrembaka ing jero atine, kaya Kembang Mawar Biru sing thukul lan tansah nyebar ganda sing arum mangambar-ambar. Nanging bareng Eva dadakan kagubel dening angen-angen endah marang sedulur nak dulure dhewe kuwi, dumadakan Eva weruh yen Mawar Biru kuwi thukule ana sandhinge jurang sing jero lan mbebayani, kaya sing lagi wae dirungokne saka rembugan antarane Papah lan Mamahe.

 

Sauntara kuwi, wektune wis wiwit ngancik wengi, srengenge wis rada sauntara ambles singidan ing waliking cakrawala imbang kulon. Arka sing lagi wae bali saka sembahyang Maghrib neng masjid, kandha nek mengko bar ngisak arep bali menyang Yogya, sepeda montoran, merga sesuk esuk ana gaweyan sing kudu dilakoni. Pancen Arka sing tekane neng omah pas malem Sabtu wingi, saka Yogya ya numpak sepedha montor, dadi baline nyang Yogya ya sepedha montoran maneh.

 

"Lha jaremu pas lagi teka omah wingi, kowe omong nek arep dolan menyang Geneng? lha piye? kepethuk wonge apa ora? asile piye?" dipamiti anake lanang nek bar ngisak arep mulih nyang Yogya, Bagus malah genti takon perkara liya sing wingi dicritakne Arka.

 

Ditakoni Bapake ngono kuwi Arka ngguyu sepa, banjur wangsulan :

 

"Boten sios kok Bapak, malah urusane nggih sampun rampung pisan. Dados Ibu kula suwun sabar saantawis, pancen mbok menawi inggih dereng jodhone".

 

"Kok gak sida ki ngapa? lha kok wis rampung ki karepe piye?" Bagus nakoni anake.

 

"Criyose niku rak ngeten ta Bapak" Arka wangsulan nggenahne wangsulane "kala emben nika kula rak matur Ibu menawi dongane Ibu supados kaparingan mantu nika sampun meh kasembadan?".

 

"Iya jaremu kowe dicomblangi kancamu karo bocah wedok sing wis meh diwisuda, omahe Geneng lan bocahe nembung supaya awakmu enggal-enggal nembung menyang wong tuwane, banjure terus kepriye?" Karmini genti sing nakoni anake mbarep.

 

"Leres niku Bu" wangsulane Arka "kala emben kula nggih sampun ngandhani larene murih matur tiyang sepuhipun, lan inggih sampun dipun aturaken, malah kula sak wat lajeng dikirimi WA kalih Bapakipun lare punika, kula dipun dangu nyambut damel kula napa? asli kula saking pundi? tiang sepuh kula padamelanipun napa? sedherek kula pinten......?".

 

"Lha kok wangsuli piye?" Bagus nyelani critane anake.

 

"Kula inggih lajeng matur punapa wontenipun, saru menawi kula matur kula niki Dosen, nanging kula matur bilih padamelan kula niki ngladosi Mahasiswa ingkang mbetahaken tenaga lan pikiran kula".

 

"Kuwi wis bener, banjur?"

 

"Kula matur griya kula Kedunggalar, sedherek kula setunggal estri taksih sekolah, kula nggih boten ngaken nek Dhik Indri sampun lulus S1 lan ajeng nglajengaken dhateng Leiden.....".

 

"Kuwi ya wis pas, dadi wong kuwi luwih becik omong apa anane nanging aja seneng pamer" Bagus mangsuli kandhane Arka kanthi nugel rembug "banjur ?".

 

"Kula nggih matur tiyang sepuh kula taksih dados setunggal kaliyan simbah, Bapak sopir Angkudes, Ibu sade janganan dhateng peken Kedunggalar".

 

"Pas" Bagus nanggapi critane anake "kuwi wis bener lan cocog karo angen-angenku, lha wangsulane bapake bocah wedok kuwi banjur kepriye?".

 

"Waune nggih boten paring dhawuh napa-napa, lajeng kula ngabari dhateng lare estri kala wau, murih radi langkung cetha kula badhe dolan dhateng griyanipun, sokur menawi saged panggih kaliyan tiyang sepuhipun. Ee...e..... sareng kula dugi griya lan matur Bapak menawi badhe dolan dhateng Geneng nika, dalunipun kula ditelepon dikandhani murih murungaken anggen kula gadhah niyat badhe nglamar putranipun, tiyange criyos sampun ngertos kulawarga kula, ngertos menawi kula putranipun Pak Bagus kaliyan Bu Karmini, lha sing ndadosaken kula radi panas manah kula rak mBahe nggih disebut-sebut, dipun wastani Tledhek Amen, Tandhak Tayub lajeng kula dipun ancam menawi taksih sesambetan kaliyan putranipun Bapak punika saged tumindak kasar dhateng kula lan pamer bilih piyambakipun sampun kulina ngadhepi para preman".

 

"Sik... sik... sik..." Bagus rada kaget krungu critane Arka sing keri dhewe iki "omahe Geneng? kowe wis ngerti sapa jenenge?".

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...