(02)
tumetesing ati rengka kanggo sawargi Kyai Sukirna
Bubar salat, Marti nyedhak. Sikile sing lanang dipijeti, krasa panas banget.
"Nek bisa ndang dingge turu wae Pak" kandhane marang Taslim.
"He eh" wangsulane Taslim karo nggruguh "ya ngisakan dhisik".
"Saiki tak gawekne Teh Panas ya?"
"Ngono ya apik"
Marti menyat nyang pawon. Taslim ditinggal. Nguripne pawon nganggo blarak garing, nggodhog banyu. Ora suwe wis umub. Ngracik teh neng gelas, banjur digawa neng cedhake sing lanang.
"Iki lho Pak Teh-e" Marti nyelehne teh neng kenap cedhak amben. Taslim ora semaur.
Marti kaget bareng weruh kahanane sing lanang. Mripate mendelik, untune nggeget, awake kaku.
"Pak.... pak...." Marti celuk-celuk, nanging ora ana wangsulan. Ketoke ambegane sing lanang pedhot-pedhot. Marti dadi bingung, ora sranta banjur bengok-bengok karo nangis, nyeluki bojone.
Jerit-jerite Marti, ngagetne tangga kiwa tengen tunggal sak magersarine Juragan Kadirin. Banjur padha mara, ndelok ana kedadean apa. Ora suwe Juragan Kadirin karo Sihmirah, bojone ya teka. Bareng padha weruh kahanane Taslim sing kaya ngono kuwi, Kadirin banjur printah Apan, adhine, supaya marani Pak Abu mantri kesehatan sing kulina nambani wong lara.
Ora nganti sak jam Pak Abu wis tekan kono karo nggawa pirantine. Taslim dipriksa, kanthi tliti.
"Niki napa bar keneng gaman, kebacok upamane?" Pitakone Pak Abu marang Marti.
Marti lingak-linguk, ora bisa wangsulan. Pak Abu nyawang wong sing ana kono genti-genti.
"Anu Pak Mantri" Apan omong.
"Piye?" Pak Abu takon.
"Wau Kang Taslim sambat criyose sikile kenek eri kakum teng kedhokan" wangsulane Apan.
"Enggih Pak Mantri" Marti numpangi rembug "ning empun kula sudhet".
Pak Abu ora wangsulan, banjur mriksa tatu tilas kena eri ing dlamakane Taslim.
Bola-bali Mantri Kesehatan kuwi njengkerutne bathuke. Banjur omong alon-alon marang Kadirin.
"Saged medal teng emper sekedhap Pak? Kula pingin rembagan sekedhik kalih Pak Kadirin".
"Mangga" wangsulane Kadirin sing terus metu nyang emper bareng karo Pak Abu.
Ora suwe wong loro kuwi bali mlebu omah, nyedhaki panggonane Taslim ngglethak.
"Make Hajir" Kadirin nyeluk Marti.
"Nggih Gan" wangsulane Marti.
"Iki, ketoke Pake Hajir keneng Tetanus, kudu digawa nyang Rumah Sakit".
Marti meneng, ora wangsulan. Kadirin nerusne omonge :
"Saiki kowe ndang tata-tata, bengi iki ayo Pakne Hajir diterne nyang Rumah Sakit" Kadirin banjur printah nyang Apan "pan, mobile tokna, gawanen mrene" muni ngono kuwi Kadirin karo ngelungne kunci mobil nyang adhike.
Bengi kuwi Taslim sing wis ora bisa apa-apa kuwi digawa menyang Rumah Sakit. Kadirin dhewe sing nyetiri mobile. Marti melu ngancani, Hajir kanggo sawantara dititipne menyang bojone Sukiban. Bocah cilik sing durung ngerti apa-apa kuwi mung meneng. Nanging sejatine ya ngerti nek bapakne lara sing nemen. Ana rasa kuwatir ing atine.
Neng jero mobil Taslim sing ngglethak, sirahe dipangku bojone, babar pisan wis ora sambat. Kadirin sing nggelak mobile, daya-daya kepingin enggal tekan Rumah Sakit, nganti Pak Abu sing lungguh neng sisihe bola-bali ngelingne supaya aja kesusu lan ngongkon supaya ngati-ati.
"Paaaak.....paaaak.." dumadakan Marti mbengok nyeluki bojone.
Pak Abu sing manggon neng ngarep kaget, semono uga Kadirin sing lagi nyekeli setir mobil.
"Minggir riyin Pak" Pak Abu aba minggir marang Kadirin. Mobil diinggirne terus mandheg. Wong loro memburi, ndelok kahanane Taslim. Jebul ambegane wis mandheg, keteg jantunge wis ora ana. Pak Abu mriksa kahanane Taslim sedhela.
"Inna lillahi wa inna ilaihi raji'uuun" sebute Pak Abu karo ngusap praupane Taslim.
Krungu sebute Pak Abu, Marti mbengok terus semaput. Ora eling apa-apa maneh, semendhe neng jok mobil.
"Bablas napa mbalik niki Pak Abu?" Kadirin nakoni Pak Abu.
"Lha mpun boten wonten ngeten lho pak? Nggih wangsul mawon" wangsulane Pak Abu.
Mobil puter bali mulih. Bengi kuwi jenazahe Taslim banjur diupakara, manut adat lan syaringating agama. Wis dadi kalumrahan ing desa kono, ora tau nginepake mayit neng omah. Bengi kuwi uga jenazah dikuburake ing pakuburan umum.
Jaman uripe, Taslim pancen klebu sing becik srawunge. Mula sing nggawekne kuburan, sing nyalatne lan sing ngeterne nyang kuburan iya akeh. Durung nganti tengah wengi pangubure wis rampung. Wong wedok-wedok padha mara nyang omah, nggawa gawan rupa beras, gula lsp, aweh panglipur marang Marti sing mung bisa meneng karo luhe ora mandheg mili saka mripate.
"Diikhlasne wae ya nDhuk" kandhane mBah Bonatin marang Marti "Sing dibutuhne Pakne Hajir saiki mung kari pandongane sing ditinggal. Ora liwat, muga-muga kaparingan jembar kubure padhang dalane, lepasa parane ngadhep Gusti Allah cadhong pangapuraNe".
Marti ora semaur, mung manthuk thok.
Nganti padhang isih akeh wong-wong sing neng omahe Taslim, ngancani Marti. Hajir bocah cilik sing ngerti nek wis ditinggal mati bapakne kuwi, katon susah. Najan ora nangis, nanging ora gelem turu, lungguh meneng karo nglendhot neng gegere simboke. Kang mangkono mau ndadekne wong-wong padha thukul welase.
Nganti pitung dina, tangga teparo padha gentenan mara, ngancani Marti murih ora nglangut jroning sepi. Marti uga wis bisa mupus, yen wis dadi pesthine dheweke kasampiran kuwajiban nggedhekne anake tanpa dikancani bojone. Mula najan rasa susah kuwi angel diilangne, nanging pikirane aweh printah supaya tatag, lan bisa nampa kanyatan kang kudu diadhepi sajroning uripe.
Hajir, bocah cilik sing wis yatim kuwi uga wiwit pulih. Wis gelem dolanan karo kanca sabarakane. Mung nek mulih saka dolan, tekan omah mesthi kelingan bapakne. Nanging ya ora suwe, banjur keslimur karo dolanane.
Let sedina saka dina slametan pitung dinane Taslim, Marti ya wiwit bali nyambut gawe, dadi rewang srabutan neng omahe Juragan Kadirin. Kanthi mangkono susahing ati tininggal bojo, luwih bisa kaslimur karo gaweyan sing kudu ditandangi. Sihmirah, Bojone Juragan Kadirin lan kanca-kancane Marti, ya padha pangerten, yen wektu kuwi Marti mbutuhne panglipur lan pamulihing semangat. Mula kabeh ya padha aweh semangat marang Marti.
"Ditinggal wong sing ditrisnani kuwi pancen ya abot Makne Hajir" kandhane Simirah marang Marti, pas Marti olah-olah pangan neng pawon kanggo wong-wong sing nyambut gawe neng sawah kaya padatane "luwih-luwih wis ditinggal isih ditinggali anak sing isih cilik, nanging kabeh mau wis dikersakne dening Sing Maha Kuwasa, dadi sanadyanta abot, kowe mesthi kuwat. Malah kabeh iki bisa dadi laku bratamu jroning nglakoni urip, nek kowe sabar lan narima karo apa sing dadi kersaNe, mangka ing tembe mburine mesthi bisa mbok undhuh uwohe".
"Enggih Gan" wangsulane Marti "kula gagas nggih boten enten bathine kok terus-terusan mikirne tiyang sing mpun boten enten niku. Sak niki sing kula gagas niku namung setunggal, mugi-mugi saged nggedhekne Hajir kados lumrahe tiyang anak-anak".
"Iya, kuwi wis bener" kandhane bojone Juragan Kadirin sabannjure "lan kowe aja kuwatir, ngelingi labuh labete Pakne Hajir, karo kasetyanmu marang kulawarga kene, mengko aku ya ora bakal merem, mbuh ora ketang sepira, mesthi bakal aweh bebantu kanggo ngragadi si Hajir nganti tekan gedhe, saora-orane ya nganti lulus neng Madrasah kulon kono".
"Enggih" wangsulane Marti cekak, karo nerusne anggone tandang gawe.
ana candhake.