Total Tayangan Halaman

Jumat, 19 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (04)

 

(04)

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Saminah karo Giyem bareng ngerti juragane rada kaca-kaca mripate, dadi padha thukul rasa welase. Ya ora maido, jenenge wong omah-omah, sanadyan ketunggon bandha, tegal sawah sing jembar lan amba, omah gedhe jejer- jejer endah lan katon sentosa, Kebo Sapi lan rajakaya liyane sing pirang-pirang kandhang, pengin opor, bebek kari nyekel, kepengin panggang, ayam wis cumawis, gurameh lan mujaer neng blumbange ngrembaka pirang-pirang. Nanging, nek durung duwe turun, tetep isih krasa kurang. Ya ngono kuwi isen-isene donya, ana sing saben dina sambat ngaruara bingung olehe arep nyukupi butuhe anak, nanging ya ana sing saben bengi netesne luh, nangisi olehe durung duwe momongan.

 

Lagi wae, Giyem karo Saminah krungu, yen juragane kepengin mupu Hajir, anake Marti tinggalane Taslim sing arep disewoni suk Kemis Legi. Pawadane arep kanggo srana dadia pancingan supaya Sihmirah enggal bisa ngandheg lan kaparingan momongan. Kuwi jan aran lumrah, malah lumrah banget.Upama ora kanggo srana lantaran, upama wong kecukupan kuwi mupu Hajir ngono akeh senenge, bocahe bagus, resik, thipluk-thipluk nggemesake. Nanging mau, Sihmirahuga kandha nek arep nembung marang Marti, Sihmirah maju mundur, gek wani gek ora, merga Hajir kuwi ora duwe tunggal, anake Marti ya mung Hajir kuwi thok.

 

"Nggih ngeten mawon Gan" alon Saminah aweh rerigen marang juragane "tiyang niku damel sarat mawon kok, betahe Si Hajir dipundhut dados anak pupon, niku pocapane, nek dalu kersane tilem teng griya mriki, nek siang nggih kersane dolan, rak nggih boten tebih kalih emake, sing baku Hajir niku nek ngaturi panjenengan Ibu, nama Simbok lha nek ngaturi Juragan Kakung nggih Bapak, ngoten mawon. Lajeng kabetahane Hajir sedaya dados tanggel jawabe Juragan. Pripun nek ngoten? Nek Juragane mathuk, mengke sing nembung teng Marti tak kula dhewe".

 

Polatane Sihmirah dadi katon bingar krungu rerigen sing dikandhakne Saminah ngono kuwi. Bener kandhane wong biyen, Saminah neng omah kono kuwi kalebu Batur, sing jarene saka tembung embat-embataning tutur. Pranyata bener, Saminah kuwi kajaba saben dina tansah aweh bebantu nyangga bot-repoting gaweyan ing omahe Sihmirah, uga iki mau lagi aweh tutur sing becik marang juragane.

 

"Mathuk Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "coba mengko utawa sesuk Marti kandhanana perkara iki, nek Marti oleh mesthine aku ya seneng, nanging upama ora oleh, aku ya ora arep meksa".

 

Olehe padha rembugan antarane Juragan karo rewange kuwi meneng, Marti wis mlebu omah pawon maneh, olehe nggawa mulih beras wis rampung. Marti ya banjur nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, nresiki ngresiki lan nguntili Brambang sing arep ditarang, ben ora gampang bosok. Pancen Kadirin kuwi kajaba nandur pari, uga seneng nandur palawija, klebu seneng nenandur tunggalane Brambang. Mangsa iki olehe nandur Brambang Kadirin ana setengah bahu, dadi kajaba disimpen dienggo cadhangan bumbu, uga akeh sing didol menyang bakul-bakul pracangan neng pasar. Karo nandangi gaweyan, Sihmirah sing uga melu nandangi gaweyan sing dicandhak rewang-rewange, ora leren-leren nggone ngandhani Marti olehe arep repot nyewu bojone suk kemis kuwi. Jalaran najan umur-umurane Marti kuwi luwih tuwa, nanging ing babagan ngadhepi gaweyan tunggalane slametan nyewu ngono kuwi, Sihmirah luwih menang ing pengalaman. Sakecap rong kecap, Saminah sing uga wis kulina nindakne gaweyan nylameti wong sing wis ora ana ngono kuwi, melu udhu urun rembug marang Marti. Kabeh pitutur ditampa dening Marti kanthi seneng, merga kabeh padha  nuduhne rasa tresnane marang dheweke. Luwih-luwih Sihmirah sing uga juragane kuwi, ora mung urun rerigen nanging uga urun meh kabeh uba rampe sing arep kanggo selametan.

 

Lagi enak-enak ketungkul nandangi gaweyan sinambi rembugan, Hajir anake lanang Marti mara nyedhaki emake. Gageyan, Marti nakoni anake lanang sing lagi teka kuwi :

 

"Lho sekolahe apa wis bali ta Le? Kok wis nusul Mak-e mrene ki?".

 

"Uwis Mak" wangsulane Hajir "mau klambi karo kanthoke tak canthelne nang cagak sedhak amben, njur aku salin iki".

 

"Ya wis, kana gek ndang dolan kana nanging aja adoh-adoh" kandhane Marti sabanjure.

 

"Anu, aku arep nang tegal mburi" kandhane Hajir mangsuli pakone Make.

 

"Tegal mburi ngendi? Arep ngapa?" Marti takon, ora kulinane Hajir dolanan menyang tegalan.

 

"Anu, arep nusul Juragan Dirin" Hajir wangsulan "wingi aku dikandhani, jare arep diwarahi carane nandur Gembili neng pinggir pager satru mburi omah".

 

"Hajir Cah pinter......" dumadakan Sihmirah ngundang Hajir banter kanthi suwara alus.

 

"Nun, nggih Gan?" Hajir wangsulan karo nyawang Sihmirah.

 

"Tak kandhani ya? saiki Juragan Dirin isih endhang-endhang sawah, olehe arep nandur Gembili mengko sore".

 

"eeeeng......." Hajir nyengir, lucu.

 

"Wis, kene nyedhak kene, tak kandhani!" Sihmkirah kandha maneh. Hajir nyedhak banjur mapan lungguh neng ngarepe Sihmirah, nyadhong prentah.

 

"Hajir ki rak ngerti ta? Nek Pak Kadirin karo Bu Sihmirah ki sayang banget nek karo Hajir?" pitakone Sihmirah sawise Hajir lungguh neng sandhinge.

 

"Eng.... enggih, ngertos Gan" wangsulane Hajir.

 

"Naah, saiki hajir sayang pa gak nek karo Pak Kadirin lan Bu Sihmirah?" Sihmirah takon maneh.

 

"Eng, enggih, sayang, sayang banget"

 

"Tenan?"

 

"Enggih, tenan" Hajir wangsulan serius.

 

"Nah, nek sayang tenan, Hajir kudu nurut karo Bu Sihmirah, gelem apa ora?" Sihmirah nakoni maneh.

 

"nggih, purun" wangsulane Hajir.

 

"Nek wis nurut, saiki coba Hajir ngrungokne Bi Sihmirah arep ndhawuhi Hajir".

 

"nggih".

 

"Wiwit saiki, Hajir nek ngaturi Pak Kadirin ora pareng nganggo sebutan Juragan Dirin maneh, ngerti?"

 

"Boten" wangsulane Hajir polos "kula boten ngertos nek ngaturi pripun?".

 

"Hajir nek ngaturi saiki malih dadi Bapak, sepisan maneh Bapak. Ngerti?".

 

"nGgih ngertos, Bapak Kadirin" wangsulane Hajir.

 

"Ora perlu nganggo Kadirin, cukup Bapak ngono wae, piye?".

 

"Nggih, Bapak"

 

"Pinter" kandhane Sihmirah karo mesem, tangane dielus-elusne neng sirahe Hajir, kebak rasa asih "saiki genti, nek ngaturi Bu Sihmirah, malih Ibu, piye?".

 

"nGGih, Ibu"

 

"Pinter tenan" kandhane Sihmirah sabanjure "suk Minggu sekolahe rak prei ta?".

 

"nggih"

 

"Lha nek prei, suk Minggu Hajir ndherek Bapak karo Ibu tindak menyang Pasar Kedunggalar, mengko Hajir dipundhutne Kathok karo Klambi anyar, Hajir purun napa boten ?" kandhane Sihmirah nari Hajir.

 

"nGgih purun" wangsulane Hajir ketok seneng.

 

"Wis kana, saiki dolan dhisik kana, nanging aja adoh-adoh lho ya?"

 

"Nggih Ibu" wangsulane Hajir banjur mlaku metu menyang latar.

 

"Ngene lho Make Hajir" kandhane Sihmirah marang Marti sawuse Hajir ngalih "pas awakmu mulih sedhela mau, aku rak rembugan karo yu Saminah nek kepengin njaluk tulung awakmu".

 

"Ajeng nedhi tulung napa ta Gan? kok kepireng ngedheg-edhegi niku?" Marti takon karo mesem.

 

"Tulungana aku ben enggal bisa duwe momongan" wangsulane Sihmirah suwrane wis lancar " dene sranane lilanana aku melu momong lan ndhaku anakmu si Hajir kaya dene anakku dhewe, cara jawane bisaa Hajir kuwi dadi lantaran aku oleh nugrahaning Gusti kaparingan momongan. Mau aku arep nembung dhewe jane ora wani, banjur arep ditembungne karo Yu Saminah, nanging bareng aku kepethuk hajir dhewe, aku dadi wani nembung. Piye Mar?".

 

"Inggih, juragane" Marti wangsulan kanthi senenging ati "mangga, menawi punika ingkang dipun kersakaken kula namung ndherek mawon".

 

ANA CANDHAKE.


GEMBILI ING PAGER SATRU (03)

 

(03)

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Lakune dina ora tau leren mandheg, terus mlaku mengarep mbarengi tambahing umure manungsa. Slametan sewu dinane Taslim wis meh teka titi wancine, Marti ya banjur kaya lumrahe wong urip, banjur nglumpukne wragad kanggo nylameti bojone. Ana pitik lancur loro sing diingu wiwit cilik, arep dienggo ingkung, beras oleh nyisihne sak gelas saben dina, ditaker maneh ketoke ya wis cukup kanggo nggawe ambengan sega uduke, kari nambahi blanjane wae. Marti pancen olehe nduwe niyat nyewu bojone iki ora gedhen kaya wong-wong sing rada turah rejekine ngana kae. Nek lumrahe wong nyewu neng desa kono kuwi, dibelehne wedhus Marti cukup mbeleh pitik lancur loro wae. Ora arep ngundang wong akeh-akeh cukup tangga teparo kiwa tengene kono wae kanggo tahlilan.

 

"Suk Kemis aku direwangi lho Yu Nah" kandhane Marti marang Saminah, kancane nyambut gawe, ing sela-selane nandangi gaweyan neng nggone juragane "aku ya wis omong nyang juragane kok, suk kemis kuwi awakmu karo Giyem arep tak kon neng nggonku, dadi olehe neng kene prei sedina. Juragane ya wis ngolehi".

 

"Thik kon rewang ki, kowe duwe ewuh ta Mar? arep nyupitne Hajir apa piye? Calake rak ya Kang Kadimin wetan kono ta?" Saminah takon.

 

"Kowe kuwi piye ta Yu?" wangsulane Marti "genah Hajir ki wis sunat ngono kok? kae pas bareng bocah pirang-pirang disunati neng latar Masjid, ora mbayar malah ditukokne sarung, klambi, kupluk barang kae? Genah dhek emben kowe ya ngeteri jangan lombok, jaremu ben tatune ndang garing kae apa?".

 

"O, iya ya?" Saminah ndemek bathuke dhewe "lha suk Kemis kuwi kowe arep ewuh apa maneh?".

 

"Arep nironi Pake Hajir, pas sewu dinane Yu" wangsulane Marti .

 

"Iki dinane wis Selasa Kliwon, dadi suk Kemis kuwi Kemis Pahing, iya ta Yu?" Giyem sing nyambut gawene rada adoh melu nrambul gunem .

 

"Iya lha ngapa ta?" Saminah sing semaur mangsuli pitrakone Giyem.

 

"Ora, kuwi lho Yu Marti kuwi lho, nek Suk Kemis nyewu Pake Hajir, rak wis gak keduman Pon? Lha leh golek wedhus suk kapan? wong Pone wis dhek wingenane?" Giyem wangsulan nganggo pitakonan.

 

"Iki ora nganggo wedhus kok Yem" wangsulane Marti "wong aku wis dikandhani karo Bu Nyai Badrun, jane nylameti wong sing wis mati kuwi sing baku dongane wae, ya ora kudu pas dina petunge, nek pancen dibarengi karo sedhekah kranalah, ngono kuwi becike sedhekahe diwenehne menyang wong sing kesrakat wae, ora kudu nyembeleh wedhus, nek pancen ora nduwe ya ora perlu nekad, sing baku iklase ati wae. Bu Nyai dhek emben rak nyang nggonku, ngandhani bab kuwi karo aku diparingi beras telung bathok".

 

"O ngono ya Mar?"  Saminah sing melu ngrungokne kandhane Marti semaur.

 

"Iya Yu".

 

Olehe padha rembugan mandheg, merga Sihmirah, Juragane mlebu pawon marani sing lagi padha nyambut gawe sinambi omong-omongan.

 

"Anu, Makne Hajir" durung nganti lungguh Sihmirah wis wiwit omong "anu, mengko sing kanggo slametan suk malem Jumuah kuwi, kowe ora sah repot-repot olehe mikir, beras neng kandhi tilas wadhah tepung terigu neng amben cedhak lawang kae, mengko gawanen mulih. Kanggo blanjane, suk kemis esuk ndadak wae, sing blanja ben Giyem karo aku, dhuwite ya wis eneng. Banjur Wedhuse Apan sing lanang kae, karo Mas Kadirin ya wis didhuwiti pisan, ben disembeleh lan ditandangi Apan pisan. Jaremu kanggo ingkunge kowe wis ngingu lancur dhewe?".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti karo mlenggong nyawang juragane "lha niku mengke petange pripun? wong kajeng kula ajeng climen-climenan mawon, kados sing dinasehatne Bu Nyai Badrun nika?".

 

Sihmirah mesem, ngerti sing dikarepne Marti kanthi pitakonan kang mangkono kuwi.

 

"Ora sah mbok gagas" kandhane Sihmirah sabanjure "kuwi kabeh minangka sumbanganku marang kowe, ben rada patut kaya lumrahe wong-wong nek nyewu ngana kae, pisumbang iki ora sepira ajine nek ngelingi karo lelabuhanmu karo lelabuhane Pake Hajir marang aku karo Mas Kadirin. Dadi kowe ora sah nggagas sing neka-neka".

 

"Oo, enggih Gan, matur nuwun sanget" wangsulane Marti "nggih lemah teles, mugi-mugi Pake Hajir teng mrika saged langkung tentrem.

"Iya" Sihmirah semaur banjur mrentah "wis, saiki berase kae ndang gawane mulih dhisik, ndang dilebokne Genthong Padaringan, ben berkahe tambah".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti, sing banjur nyelehne gaweyan sing ditandangi. Beras sing dituduhne Juragane kuwi banjur diindhit, digawa bali. Rada abot wong kira-kira isine ana telung centhak.

 

"Mesakne Marti ........."  Sihmirah grenengan ijen bareng Marti wis metu saka pawon.

 

"Enggih, nggih Gan?" Saminah numpangi gunem "isih nom wis ditinggal mati sing jaler, ngopeni anak piyambakan".

 

"Lha nggih?" Giyem melu udhu rembug "jane Yu Marti niku tesih nem, nggih tesih ayu nggih Gan?".

 

"Lha iya lah" Sihmirah semaur "nek karo prawan-prawan kene ngono wae, ya isih ketok ayu si Marti ta Yem? wong najan ta Randha, Marti ki umure durung akeh, anake lagi siji, praupane lonjong resik, rambute dawa ngandhan-andhan, mripate, alise, idepe, lambene, janggute, irunge kabeh sarwa mantesi. Dhasar lencir, kulite kuning, solah lan slagane sarwa patut, ayune ora digawe-gawe kaya wong wedok sing seneng kemayu, anteng tur sregep nyambut gawe, apa-apa sarwa cag-ceg, trampil lan ora wegahan........".

 

"Biyuh-biyuh, jurgane ki nek ngalem tiyang kok ngungkuli Dhalang Nartosabdho nyandra Dewi Banuwati mawon neh........" Saminah nigas rembuge juragane karo ngguyu.

 

"Kok Ngalem, aku ki ora Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "pancen saknyatane Marti kuwi pancen ayu tenan, upama kae gak sabane neng sawah karo neng pawon ngene iki ngono, terus disampiri sandhangan sing rada patut sithik wae, mesthi ketok mentrong-mentrong kaya jambu darsana kemundhuh".

 

"Lha ketingale Yu Marti niku empun wonten sing ngajengi napa dereng ta Gan?" Giyem takon.

 

"Nek sing ngarepi ki mesthine ya akeh Yem" wangsulane Sihmirah "sing angel ki rak sing nocogi atine Marti?. Aja maneh kok mung ngarah dhudha sing wis rada umur, lha wong jaka-jaka sing isih gagah prakosa wae, kira-kira nek weruh Marti kuwi ya akeh sing padha nguku idune kok. Ning ya kuwi mau, dhek emben pas tak kandhani supaya Marti kuwi mikir golek bojo maneh, wangsulane jare durung bisa nglakoni, kajaba isih durung  bisa nglalekne Taslim, jarene ngenteni nek Hajir wis rada gedhe dhisik".

 

"Ngoten niku lumrah Gan" Saminah nyauti gunem "duka nek bar sewune sing jaler niki, gek Hajir sak niki rak nggih empun rada gedhe, tiyang pun kelas setunggal".

 

"Iya Yu" dumadakan Sihmirah mripate kaca-kaca "jane aku ki arep nembung Marti, nanging isih menga mingkem lambeku, merga anake Marti ki mung siji, sirku Hajir ki rak arep tak pupu, sapa ngerti bisa dadi lantaran aku kaparingan momongan?".

 

Olehe Sihmirah kaca-kaca mripate kuwi merga Sihmirah kelingan karo kahanane sing wis meh patang tahun omah-omah, nanging durung kaparingan anak. Mesthi wae, kang mangkene iki ndadekne Sihmirah nelangsa, sanajan Kadirin wis bola-bali kandha supaya Sihmirah sabar, mengko nek wis wayahe Gusti Allah mesthi aweh turun marang dheweke.

 

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (02)

 

(02)

tumetesing ati rengka kanggo sawargi Kyai Sukirna

 

Bubar salat, Marti nyedhak. Sikile sing lanang dipijeti, krasa panas banget.

 

"Nek bisa ndang dingge turu wae Pak" kandhane marang Taslim.

 

"He eh" wangsulane Taslim karo nggruguh "ya ngisakan dhisik".

 

"Saiki tak gawekne Teh Panas ya?"

 

"Ngono ya apik"

 

Marti menyat nyang pawon. Taslim ditinggal. Nguripne pawon nganggo blarak garing, nggodhog banyu. Ora suwe wis umub. Ngracik teh neng gelas, banjur digawa neng cedhake sing lanang.

 

"Iki lho Pak Teh-e" Marti nyelehne teh neng kenap cedhak amben. Taslim ora semaur.

 

Marti kaget bareng weruh kahanane sing lanang. Mripate mendelik, untune nggeget, awake kaku.

 

"Pak.... pak...." Marti celuk-celuk, nanging ora ana wangsulan. Ketoke ambegane sing lanang pedhot-pedhot. Marti dadi bingung, ora sranta banjur bengok-bengok karo nangis, nyeluki bojone.

 

Jerit-jerite Marti, ngagetne tangga kiwa tengen tunggal sak magersarine Juragan Kadirin. Banjur padha mara, ndelok ana kedadean apa. Ora suwe Juragan Kadirin karo Sihmirah, bojone ya teka.  Bareng padha weruh kahanane Taslim sing kaya ngono kuwi, Kadirin banjur printah Apan, adhine,  supaya marani Pak Abu mantri kesehatan sing kulina nambani wong lara.

 

Ora nganti sak jam Pak Abu wis tekan kono karo nggawa pirantine. Taslim dipriksa, kanthi tliti.

 

"Niki napa bar keneng gaman, kebacok upamane?" Pitakone Pak Abu marang Marti.

 

Marti lingak-linguk, ora bisa wangsulan. Pak Abu nyawang wong sing ana kono genti-genti.

 

"Anu Pak Mantri" Apan omong.

 

"Piye?" Pak Abu takon.

 

"Wau Kang Taslim sambat criyose sikile kenek eri kakum teng kedhokan" wangsulane Apan.

 

"Enggih Pak Mantri" Marti numpangi rembug "ning empun kula sudhet".

 

Pak Abu ora wangsulan, banjur mriksa tatu tilas kena eri ing dlamakane Taslim.

 

Bola-bali Mantri Kesehatan kuwi njengkerutne bathuke. Banjur omong alon-alon marang Kadirin.

 

"Saged medal teng emper sekedhap Pak? Kula pingin rembagan sekedhik kalih Pak Kadirin".

 

"Mangga" wangsulane Kadirin sing terus metu nyang emper bareng karo Pak Abu.

 

Ora suwe wong loro kuwi bali mlebu omah, nyedhaki panggonane Taslim ngglethak.

 

"Make Hajir" Kadirin nyeluk Marti.

 

"Nggih Gan" wangsulane Marti.

 

"Iki, ketoke Pake Hajir keneng Tetanus, kudu digawa nyang Rumah Sakit".

 

Marti meneng, ora wangsulan. Kadirin nerusne omonge :

 

"Saiki kowe ndang tata-tata, bengi iki ayo Pakne Hajir diterne nyang Rumah Sakit" Kadirin banjur printah nyang Apan "pan, mobile tokna, gawanen mrene" muni ngono kuwi Kadirin karo ngelungne kunci mobil nyang adhike.

 

Bengi kuwi Taslim sing wis ora bisa apa-apa kuwi digawa menyang Rumah Sakit. Kadirin dhewe sing nyetiri mobile. Marti melu ngancani, Hajir kanggo sawantara dititipne menyang bojone Sukiban. Bocah cilik sing durung ngerti apa-apa kuwi mung meneng. Nanging sejatine ya ngerti nek bapakne lara sing nemen. Ana rasa kuwatir ing atine.

 

Neng jero mobil Taslim sing ngglethak, sirahe dipangku bojone, babar pisan wis ora sambat. Kadirin sing nggelak mobile, daya-daya kepingin enggal tekan Rumah Sakit, nganti Pak Abu sing lungguh neng sisihe bola-bali ngelingne supaya aja kesusu lan ngongkon supaya ngati-ati.

 

"Paaaak.....paaaak.." dumadakan Marti mbengok nyeluki bojone.

 

Pak Abu sing manggon neng ngarep kaget, semono uga Kadirin sing lagi nyekeli setir mobil.

 

"Minggir riyin Pak" Pak Abu aba minggir marang Kadirin. Mobil diinggirne terus mandheg. Wong loro memburi, ndelok kahanane Taslim. Jebul ambegane wis mandheg, keteg jantunge wis ora ana. Pak Abu mriksa kahanane Taslim sedhela.

 

"Inna lillahi wa inna ilaihi raji'uuun" sebute Pak Abu karo ngusap praupane Taslim.

 

Krungu sebute Pak Abu, Marti mbengok terus semaput. Ora eling apa-apa maneh, semendhe neng jok mobil.

 

"Bablas napa mbalik niki Pak Abu?" Kadirin nakoni Pak Abu.

 

"Lha mpun boten wonten ngeten lho pak? Nggih wangsul mawon" wangsulane Pak Abu.

 

Mobil puter bali mulih. Bengi kuwi jenazahe Taslim banjur diupakara, manut adat lan syaringating agama. Wis dadi kalumrahan ing desa kono, ora tau nginepake mayit neng omah. Bengi kuwi uga jenazah dikuburake ing pakuburan umum.

 

Jaman uripe, Taslim pancen klebu sing becik srawunge. Mula sing nggawekne kuburan, sing nyalatne lan sing ngeterne nyang kuburan iya akeh. Durung nganti tengah wengi pangubure wis rampung. Wong wedok-wedok padha mara nyang omah, nggawa gawan rupa beras, gula lsp, aweh panglipur marang Marti sing mung bisa meneng karo luhe ora mandheg mili saka mripate.

 

"Diikhlasne wae ya nDhuk" kandhane mBah Bonatin marang Marti "Sing dibutuhne Pakne Hajir saiki mung kari pandongane sing ditinggal. Ora liwat, muga-muga kaparingan jembar kubure padhang dalane, lepasa parane ngadhep Gusti Allah cadhong pangapuraNe".

 

Marti ora semaur, mung manthuk thok.

 

Nganti padhang isih akeh wong-wong sing neng omahe Taslim, ngancani Marti. Hajir bocah cilik sing ngerti nek wis ditinggal mati bapakne kuwi, katon susah. Najan ora nangis, nanging ora gelem turu, lungguh meneng karo nglendhot neng gegere simboke. Kang mangkono mau ndadekne wong-wong padha thukul welase.

 

Nganti pitung dina, tangga teparo padha gentenan mara, ngancani Marti murih ora nglangut jroning sepi. Marti uga wis bisa mupus, yen wis dadi pesthine dheweke kasampiran kuwajiban nggedhekne anake tanpa dikancani bojone. Mula najan rasa susah kuwi angel diilangne, nanging pikirane aweh printah supaya tatag, lan bisa nampa kanyatan kang kudu diadhepi sajroning uripe.

 

Hajir, bocah cilik sing wis yatim kuwi uga wiwit pulih. Wis gelem dolanan karo kanca sabarakane. Mung nek mulih saka dolan, tekan omah mesthi kelingan bapakne. Nanging ya ora suwe, banjur keslimur karo dolanane.

 

Let sedina saka dina slametan pitung dinane Taslim, Marti ya wiwit bali nyambut gawe, dadi rewang srabutan neng omahe Juragan Kadirin. Kanthi mangkono susahing ati tininggal bojo, luwih bisa kaslimur karo gaweyan sing kudu ditandangi. Sihmirah, Bojone Juragan Kadirin lan kanca-kancane Marti, ya padha pangerten, yen wektu kuwi Marti mbutuhne panglipur lan pamulihing semangat. Mula kabeh ya padha aweh semangat marang Marti.

 

"Ditinggal wong sing ditrisnani kuwi pancen ya abot Makne Hajir" kandhane Simirah marang Marti, pas Marti olah-olah pangan neng pawon kanggo wong-wong sing nyambut gawe neng sawah kaya padatane "luwih-luwih wis ditinggal isih ditinggali anak sing isih cilik, nanging kabeh mau wis dikersakne dening Sing Maha Kuwasa, dadi sanadyanta abot, kowe mesthi kuwat. Malah kabeh iki bisa dadi laku bratamu jroning nglakoni urip, nek kowe sabar lan narima karo apa sing dadi kersaNe, mangka ing tembe mburine mesthi bisa mbok undhuh uwohe".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti "kula gagas nggih boten enten bathine kok terus-terusan mikirne tiyang sing mpun boten enten niku. Sak niki sing kula gagas niku namung setunggal, mugi-mugi saged nggedhekne Hajir kados lumrahe tiyang anak-anak".

 

"Iya, kuwi wis bener" kandhane bojone Juragan Kadirin sabannjure "lan kowe aja kuwatir, ngelingi labuh labete Pakne Hajir, karo kasetyanmu marang kulawarga kene, mengko aku ya ora bakal merem, mbuh ora ketang sepira, mesthi bakal aweh bebantu kanggo ngragadi si Hajir nganti tekan gedhe, saora-orane ya nganti lulus  neng Madrasah kulon kono".

 

"Enggih" wangsulane Marti cekak, karo nerusne anggone tandang gawe.

 

ana candhake.

 

GEMBILI ING PAGER SATRU (01)

 

(01)

dening : Bapakne Bhisma.

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Wancine pacak gawe. Mangsa kanem, kadang tani padha gethengan nggarap sawah. Nek wayah ngene iki, wektune wong tani kanggo leren prasasat ora ana. Wiwit bar shalat subuj wis budhal menyang sawah, wektu dzuhur lan ngasar adhakane isih neng sawah, bengine isih ngurusi banyu kanggo ngoncori sawahe. Pokoke jan ora ana wektu kang mirunggan tenan. Ngono kuwi dialami dening wong sing sugih sawah lan wong sing dadi penggarap sarta sing dadi sapukawate wong tani sing sugih sawah.

 

Dadi Kadirin sing sawahe pirang-pirang bahu karo Taslim sing dadi sapukawate,repote padha. Nek Taslim kudu mikir gaweyan anggone mluku, nggaru, mopok, tamping, kebyak lsp kudu lancar aja ana sing nguciwani. Lha nek si Kadirin iya kudu mikir carane ngopahi para tenaga sing nyambut gawe nggarap sawahe.

 

Ora mung Taslim sing prasasat ora kober nyelehne bokong kanggo lungguh, najan Marti, bojone, repote ora kurang-kurang. Wiwit durung subuh wis cethik geni neng pawon, olah-olah kanggo ngingoni wong nyambut gawe neng sawahe juragane. Anake lanang, umur patang tahun, aran Hajir mung didadekne samben. Olehe ngopeni ya mung sak kobere wae. Ya abot-abote urip dadi buruhe wong tani sugih ya ngono kuwi. Nanging gandheng wis kulina, ora ana critane tembung sengsara. Lha nek bab keseling awak kuwi lumrah. Ning panguripan krasa tentrem. Pancen bener kandhane wong punter : sing sapa kepengin tentrem uripe diage nggedhekne rasa panarima marang Pangerane.

 

Kaya upamane, esuk bar saka langgar subuhan, Taslim nyedhaki Hajir, anake lanang, sing isih ngringkuk neng amben. Bocah cilik kuwi dielus bathuke, karo dibisiki :

"Pak-e arep nyang sawah dhisik, mengko gak oleh nakal lho? Adus dhewe terus nusul Mak-e nggone Juragan Dirin".

 

Mesthi wae, Hajir ora semaur. Wong isih turu nglepus. Malah, Marti, bojone sing nyauri :

"Wis arep budhal ta Pak? Wedange tak seleh dhuwur grobog mau pa wis diombe?"

 

"Wis" wangsulane Taslim karo nyandhak wekis terus nyaut pacule, bablas metu. Dina iki ancerane nyang sawah Sinderan, arep nDhaut lan njidhar. Tekan lurung ngarepan ditakoni Apan, adhine juragane sing lagi nggiring kebone.

 

"Kowe mengko nyang Sinderan Kang?"

 

"He eh" wangsulane Taslim karo aweh printah "Jono mengko nek bar saka sawah Gempol kon nusul  mrana, ben ngrewangi njidhar".

 

"Iya Kang" Apan semaur "dhek sore kae wonge ya ngomong ngono kok".

 

Jono kuwi bakune sapu kawat nglakokne rajakayane Juragan Kadirin nggarap sawah. Nanging bar nandangi gaweyane ya banjur ngrewangi nyandhak gaweyan sawah liyane. Omahe padha karo Taslim, magersari neng pekarangane Kadirin kono.

 

Racak-racak sing dadi bebaune Kadirin, nyambut gawene sregep. Amerga padha ngrumangsani, nek sing diopahi kuwi tandang gawene. Kajaba saka iku, dadi Juragan, Kadirin ya ora cethil-cethil nemen. Nek mung rupane panganan ngono, sing dipangan Kadirin sak anak bojone, ya padha karo sing dipangan buruh-buruhe. Kadirin ya nggatekne panguripane para bebau ing saben dinane. Sadurunge macak gawe, bebaune diklumpukne lan disilihi dhuwit, nyaure mengko dipotong opah sithik-sithik. Dadi wong budhal nyambut gawe ora kudu diboti mikir sing eneng omah.

 

Mula ya ora nggumunake, najan awan panase kaya mlethekne sirah, utawa udan sing adheme njekut, nek wayahe gethengan ngene iki, ora ngenteni printah para bebau wis padha budhal dhewe-dhewe. Nindakne pagaweyan sing dipasrahne.

 

Dina kuwi, Taslim ngedhepi gaweyan ndhaut karo njidhar sawah Sinderan. Diarani Sinderan, biyen jaman Landa sawah kuwi duweke Sinder. Mula banjur karan Sinderan.Sawah sing ambane rong bau kuwi sesuk wayahe tandur. Dadi gaweyan ndhaut lan njidhar kudu rampung dina iki.

 

"Ketoke mengko nganti surup jik neng sawah Lim" kandhane Kadirin sing uga melu tumandang.

 

"Boten" wangsulane Taslim "wong dhautane sekeca kok. Gek Jono kalih Simuh bakda king Gempol nggih kula ken nyusul mriki, njidhar".

 

"Lha iki sing ndhaut wong sanga?" Pitakone Kadirin maneh "sepuluh aku?".

 

"Nggih".

 

"Ngene wae, kowe bar sarapan mengko, ngajaka cah loro, miwitana njidhar, lha sing nem ben ngancani aku ndhaut"

 

"Nggih"

 

Bener kandhane Taslim, lemah pinihan ora bantat, kepara nguyah dadi jabutane winih ora ngrekasa. Dhasar sebarane dhek emben jogeran. Wayah kiriman sarapan teka, olehe ndhaut wis oleh wolung puluh pocong.

 

Bubar sarapan, leren sedhela sing padha doyan rokok, padha udut karo jagongan. Entek sak rokokan padha bali nyemplung neng pinihan, nerusne ndhaut. Kaya pakone juragane, Taslim ngajak Darmin karo  Siman miwiti njidhar. Karo munggah nyang Tulakan, wong telu mikul winih kabeh, kajaba kanggo njidhar uga ngiras pantes dibanjarne pisan.

 

Watara jam telu sore, olehe padha ndhaut wis rampung sak nggone mbanjari pisan. Banjur padha ngebyuk melu njidhar. Kira-kira jam papat gaweyan kanggo ngadhepi tandur sesuk kuwi wis rampung kabeh. Wong-wong banjur reresik awak, adus banyu sawah, mengko tekan omah kari mbilasi nganggo banyu sumur.

 

Udane isih tumiba najan mung kari grimis thok. Hawane sansaya atis, karo mlaku mulih wong-wong padha nyumet udut,  ben ora katisen nemen-nemen. Rokok kuwi kumebul ora teles merga ketutupan kudhung sing amba. Wong-wong mlaku mulih, nurut selip, karo omong-omongan.

 

"Lho sikilmu keneng apa Lim?" Darma Blendhus nakoni Taslim sing mlakune pincang.

 

"Kenek eri Lik" wangsulane Taslim karo kecancikan "sajake keri neng jero, wong eri kakum".

 

"Teka omah ndang disudhet lho Lim" Sukiban melu omong "eri kakum ngono kuwi sok-sok bisa marai nggreges".

 

"He eh Lik" wangsulane Taslim "saiki nek awak wis krasa adhem panas, jare. Mengko teka omah ben disudhet Makne Hajir".

 

Wong-wong njujug omahe Juragan Kadirin, bubar padha adus mbilasi awak neng sumur banjur padha mangan. Taslim ketok ora kepenak, mangane mung sethithik, ya ora guneman apa-apa. Rampung mangan, banjur ngalih menyang omah pawon nggoleki Marti, bojone.

 

"Nyang apa Pak?" Pitakone Marti, bareng weruh sing lanang nyedhaki papane.

 

"Aku arep mulih dhisik" wangsulane Taslim "kowe mengko gek ndang bali, arep tak kon nyudhet, sikilku keneng eri kakum, keri neng njero".

 

"He eh" wangsulane Marti "bar isah-isah tak ndang balik".

 

Ora wangsulan Taslim mlaku metu, arep bali nyang omahe. Tekan omah Taslim ngrasakne rasane awake sansaya ora karuwan. Mriang, balung lan otote krasa lara kabeh.  Karo ngenteni baline sing wedok, Taslim munggah amben. Mapan ngglethak kemulan sarung, brukut, karepe supaya bisa kringeten ben panase suda.

 

Mbarengi maghrib, Marti teka omah. Hajir ngetutne neng mburine. Weruh sing lanang kemulan brukut, Marti nyedhak karo takon :

"Disudhet saiki Pak?"

 

"Heh...heh...." Taslim semaur "karo nggruguh".

 

Marti gage golek dom, banjur nyedhaki sing lanang. Taslim mengkurep neng amben, karepe murih bojone gampang nggone nyudhet dlamakan sikil sing klebon eri.

 

Marti ora takon apa-apa, merga sikil sing keneng eri wis ketok, mbrabak abang. Marti dadi kaget nalika nyenggol sikile sing lanang krasa panas banget.

 

"Awakmu panas banget Pak" kandhane.

 

"He eh" wangsulane Taslim karo ambegane keprungu menggeh-menggeh "eri kakum mbuh katutan wisa apa?".

 

Marti ora semaur, sikile bojone disudhet, sajake eri sing nancep rada jero. Taslim babar pisan ora sambat, amerga larane sudhetan isih kalah karo rasa lara sing rumangsane nutup awak sakujur.

 

"Eri tanjang Pak" aloke Marti bareng eri sing neng jero dlamakan kasil digeret metu.

 

'He eh" wangsulane Taslim mung ngenaki rembuge sing wedok "nek wis, tatune jejelana uyah, terus tulung bathukku bobokona nganggo godhong dhadhap serep ngarepan kae, panase ora karuwan iki".

 

"Iya" wangsulane Marti, sing terus metu, amek godhong dhadhap serep limang lembar, diumbah banjur dilembutne nganggo gandhik neng pipisan.

 

"Kowe ndang shalat" kandhane Taslim nalika Marti nemplekne pipisan godhong dhadhap sirep neng bathuke "wektune wis meh entek. Aku tak salat karo ngglethak wae, rasane aku ora kuwat ngadeg".

 

"He eh" wangsulane Marti karo menyat nyang padasan arep wudlu. Taslim sedhakep mapan salat karo ngglethak. Anake lanang, lungguh anteng neng sandhinge.

 

 ana candhake


Senin, 15 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 53

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih


53.

 

Sauntara kuwi, Indri sing bareng karo Eva bareng tekan omah weruh ana Fortuner parkir neng latare dadi takon-takon neng jero ati. Ketoke Indri wis kerep weruh mobil kuwi, ning lali neng ngendi, karo lali dhek kapan olehe weruh. Indri banjur mudhun saka mobil, ditune Eva lan kanca lima liyane. Bocah lima anggota 3M kuwi, banjur padha pamitan, njupuk sepedha motore sing mau ditinggal neng kono, banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Pak Anis ora mampir merga liwat dalan liya sing luwih cedhak.

 

"Ayo mBak mlebu omah dhisik" kandhane Indri ngajak Eva mlebu.

 

"Ketoke lagi ana tamu Dhik? nek ndelok mobile, Iki mesthi wong penting, Fortuner modhel sing anyar dhewe, plat L, Surabaya" kandhane Eva mangsuli pangajake Indri, karo ngomongne mobil sing diparkir neng latar ngisor pelem kuwi.

 

"Ooo, iya....." Indri ngomong karo ndemek bathuke dhewe .

 

"Apa Dhik ?" Eva takon rada kaget.

 

"Anu, kuwi mobile Pak Tri, Ome mBak Farida" wangsulane Indri  "daleme Surabaya, nanging kok neng kene? Apa mBak Farida? kok gak WA dhisik?".

 

"Ya wis, ayo ndang mlebu" kandhane Eva "mengko rak genah nek wis kepethuk wonge".

 

Alon-alon bocah loro kuwi mlebu omah, karo uluk salam. Tekane Indri karo Eva dipapag karo eseme Bu Lilik, sing banjur nglorohi Indri :

 

"Temen ta mBak? Ammah wis tekan omahmu temen ta?. Saka kegiatan nang ngendi wae iki mau?".

 

Indri karo Eva gentenan nyalami Bu Lilik.

 

"Saking Kaligedhe Ammah" wangsulane Indri  " saking studi banding dhateng Kaligedhe".

 

"Lha mBake iki sapa? ketoke Ammah kok durung tau ketemu?" pitakone Bu Lilik sawuse disalami Eva.

 

"Dalem Eva, Ammah, sedherekipun Dhik Indri" wangsulane Eva melu-melu ngundang Ammah marang Bu Lilik.

 

"Niki putra wuragilipun nDara Den Ayu Hartini Bulik" Karmini nrambul rembug nggenahne sapa Eva marang Bu Lilik.

 

"Oo, mBak Tien mBakyune Pakdhe Bagus ta? enggih-enggih" wangsulane Bu Lilik karo manthuk-manthuk.

 

"Bu Lilik karo Pak Triyanta iki biyen daleme ya kene mBak Eva, saiki pindhah nyang Sidoarjo kana, Pak Triyanta iku isih kapernah rayine Pak Supriyadi sing daleme Plosorejo wetanMasjid Al-Hasan kae" Karmini genti ngandhani Eva nggenahne mungguh sapa Pak Triyanta kuwi.

 

Eva rada kaget ngerti nek sing ana ngarepe kuwi jebul, sing dirasani karo Mamahe dhek esuk, Alif. Alif sing jare Mamahe arep dijodhokne karo dheweke, nanging Eva ora gelem mau. Eva nglirik, Mamahe pancen ora salah, Alif bocahe ngganthengt, pideksa, sopan tur ketoke ya pinter tenan.

 

"Beneran iki" dumadakan Antok ngomong kandhane rada dibanterne.

 

"Beneran piye ta Mas?" Bagus takon "sampean ki durung rampung omongan, malah arep ngomong liyane? coba mau olehe sampean ngomong mau tekan ngendi?".

 

"Iya... iya.... " Antok ngguyu "iya tak tutugne dhisik olehku kandha mau, Indri gak sah nglaih nang kene wae".

 

"Mangga" Bagus wangsulan.

 

"Wongtuwane Arek wedok iku gampang-gampang angel, nek kumat kakune kaya alu kencenge, ning nek lagi nengah udele, lemese kena ngge tali" Antok nutugne olehe crita "aku arep nembung nyang wong iku malih ragu-ragu, kuwatir wonge tersinggung banjur aku disatru. Mas Bagus ya wis ngerti dhewe, dadi wong ki aku gak pinter omong, sansaya nek ngomongne barang sing wigati ngono iku".

 

"Wis, aku wis ngerti saiki" Bagus wangsulan karo ngguyu "sampean rak arep ndhawuhi aku dadi talanging basa ta?. Siap Mas, kapan ? omahe ngendi?"

 

"Temen Mas?" Antok takon serius.

 

"Tenan, wis ta ndang paring dhawuh wonge iku sapa? Daleme ngendi? banjur olehe mara rana suk kapan? Tak jamin berhasil dengan gemilang Mas, waton bocahe kuwi durung ana sing nglamar lho?!?" wangsulane Bagus mantep.

 

Antok meneng sedhela banjur nyawang sisihane karo sinar mripate nuduhne tandha pitakon. Indri wangsulan karo isarat manthuk.

 

"Nek ngono, ngene Mas Bagus ambek mBak Kar, waleh-waleh apa pancen aku kudu bares marang sampean" Kandhane Antok ngati-ati, tembunge digawe arang olehe ngucapne "tekaku mrene iki mau, sepisan apene nagih janji marang mBak Karmini, ping pindho apene nyuwun tulung marang Mas Bagus".

 

"Nangih janji ingkang pundi Mas Tri?" Karmini takon sajak kaget, Bagus ya melu-melu kaget, merga ora ngerti nek sisihane jebul wis ngiket janji karo Antok, janji bab apa iki?.

 

"Aku nyuwun sepura Mas Bagus" kandhane Antok sabanjure "biyen awake dhewe isih nom, isih legan, aku tau gak bares marang sampean".

 

"Bab apa kuwi Mas?" Bagus takon.

 

"Nadyan rada isin ya tak kandhakne" wangsulane Antok karo mesem "biyen jaman baren-bareng ngeterne atlet silat Kedunggalar neng Ekakapti sing salah siji atlete ya mBak Kar iki, tanpa dingerteni sapa-sapa aku omong nyang mBak Kar nek kepengin nyambung talining katresnan, jebul dening mBak Kar ditulak, sebab mBak Kar wis luwih dhisik nampa katresnane Mas Bagus. Aku ya banjur mupus, pancen dudu jodhoku. Nanging aku banjur nembung nyang mBak Kar, mbesuk awake dhese besanan wae, ngono. Mbak Kar ya nyaguhi. Mula saiki aku arep nagih janjine mBak Kar mau. Banjur aku nyuwun tulung Mas Bagus supaya nembungne putra sampean si Alif marang wong tuwane Indri, nek Indri durung duwe pacangan, tur ya ora kabotan, tak suwun bisaa dadi jodhone putra sampean Alif".

 

Karmini karo Bagus rada kaget karo sing dikandhakne Antok ngono kuwi, ora nyana babar pisan nek tekane Antok saanak bojone kuwi mau arep nglamar anake. Beda maneh karo sing ana angen-angene Indri. Merga sanajan durung tau jagongan, omongan karo Alif ya mung nek pas kepethuk neng Yogya tur ya mung nek perlu thok wae, satemene ana rasa aneh ing atine Indri saben-saben krungu jenenge Alif diucapne wong liya ngana kae. Lan bareng saiki ditembung marang wong tuwane, Indri mung bisa meneng, pasrah apa sing dadi keputusane wong tuwane. Luwih beda maneh karo sing digagas Eva. Mau esuk, sadurunge budhal mau, Eva kober rada eyel-eyelan karo Mamahe, sing dadi jalaran mung merga ngrembug karepe Mamahe sing kepengin, njodhokne dheweke karo Alif, sing sasuwene iki durung tau ditepungi. Tujune mau, direwangi Mamahe nganti muring-muring Eva kukuh ora sarujuk karo pangrigene Mamahe. Upama mau diiyani? harak sida kecelik tenan?. Nanging, mengko kepriye ? Mamahe mau kandha nek Eva emoh, sing arep dijodhokne karo Alif ponakane bu Narsih ki genti si Ester, sedulur nak dulure. Gek mengko dadine kepiye, atake Ester ora kaya dheweke, dikandhani ana wong bagus sing isih jomblo, banjur ditampa ngono wae?.  Banjur nek Mamahe sidane kecelik?. Ah, kuwi dudu urusanku........ akhire Eva mupus.

 

"Ngene ya Mas Antok" Bagus genti omong padha karo Antok pas omong mau, suwarane digawe ngati-ati tembunge diarang-arangne "nek wong tuwane Indri genah nek wis mathuk, saiki sing arep nglakoni tak tarine dhisik gelem utawa orane".

 

"Iya Mas, Mangga"

 

"nDhuk Indri, kowe wis krungu dhewe apa sing dingendikane Pak Tri mau, saiki wangsulana kowe gelem apa ora dadi sisihane Mas Alif?" Bagus nakoni anake wedok.

 

"Lha mengke kuliah kula pripun Bapak?" Indri ora mangsuli panarine Bapake malah takon bab kuliahe.

 

"He, Bapak ki takon kowe gelem apa ora? kok malah ngrembug bab kuliah barang? perkara kuliahmu dirembug nek kowe wis mangsuli pitakone bapak, gelem apa ora?".

 

Praupane  Indri mbrabak abang, kabeh mripat sing ana kono padha tumuju marang dheweke, kabeh kepengin ngerti apa sing dadi wangsulane. Nanging Indri milih meneng ora wangsulan, merga Indri ngerti kabeh sing ana kono wis padha weruh, menenge prawan ditari rabi kuwi ateges wis ngiyani lan  gelem nglakoni.

 

Kahanan dadi sepi, ora ana suwara apa-apa. Saka kadohan keprungu suwarane Manuk Kutut sing isih durung diingu lan diwadhahi ing kurungan, nanging bebas ngayer ing pang-pang wit sing ana ing pategalan. Lan saka omah sebelah, keprungu suwarane wong muter radio sing nggiyarne lagu-lagu campur sari, keprungu lamat-lamat Manthos ngidungne lagu lawas :

 

"....... wekasan mung welingku......

aku titip kembang mawar biru .........

 

 

cuthel.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 52

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


 52.

Sanajan sing ana kono wis ora ana maneh sing nyuwara apa-apa ngenteni apa sing arep dikandhakne Triyanta marang Bagus, nanging nganti kliwat saka limang ambegan, Antok ora enggal guneman.  Lilik sisihane Antok pandeng-pandengan karo Alif, anake lanang, nanging ya ora omong apa-apa, malah Alif banjur ndhingkluk, tumungkul nyawang jogan. Karmini sing ngira nek Antok arep ngomong nawani gaweyan marang anake wedok sing wis lulus kuliahe, wis nyepakne wangsulan nek ora bisa nampani apa sing arep ditawakne Antok, jalaran Indri ora suwe maneh arep budhal menyang Eropah, nerusne olehe ngudi kapinteran. Beda karo sing dipikir Bagus, sopir angkudes kuwi nggagas nek Antok arep ngongkon dheweke supaya nggolekne lemah utawa panggonan kanggo bukak cabang perusahaane, agus uga wis nata ukara yen durung suwe iki dheweke oleh pesenan saka Pak Saidi supaya melu nawakne lemah warisan sing manggone neng cedhak pasar, singarep didol merga arep didum waris.

 

"Aku jane ki rada kangelan lho Mas, olehku arep miwiti matur iki" suwe-suwe Antok ya banjur omong "merga aku kuwatir Mas Bagus salah tampa, nganggep aku wis ninggal suba sita ing ngarepe seniorku".

 

"Lha wong karo sedulur dhewe wae kok, wedi nek salah tampa ta Mas?" Bagus wangsulan setengahe melehne Antok "nek awake dhewe ki rak ya wis sepakat tidak ada rahasia di antara kita, dadi basa-basi kuwi ya wis ora pati ana gunane. Ya ndang ngendikan wae ngersakne apa?, mengko paling nek aku tersinggung sampean terus tak jak sambung tangan kosong neng latar kono ben diguyu Alif he he he".

 

Antok karo sing ana kono kabeh padha ngguyu krungu wangsulane Bagus sing nglucu.

 

"Banjur nek omonganku kleru, sampean mrentah aku Pus Up ping seket ya Mas?" Antok nimbangi guyone Bagus karo ngguyu.

 

Wong sing ana kono melu ngguyu kabeh. Kahanan bali gumyak, nanging banjur bali sidhem bareng Antok wiwit guneman :

 

"Iki rak ngene ta Mas, putrane sampean si Alif, kuwi rak melu glidhig neng Pertamina ta Mas?"

 

"Ya sokur alhamdulillah ta Mas? wong ya wis jumbuh karo olehe sekolah lan Mas Alif ya wis seneng, Mas Antok gak sah nguwatirake sapa sing arep nerusne Perusahaan sing saiki Sampean pimpin, mengko rak ya ana  sing  bisa sampean percaya" wangsulane Bagus .

 

"Ora perkara kuwi Mas, karo maneh aku neng Purimas kuwi mung saderma buruh, nglakokne apa sing diprentahne sing duwe saham, nek sahamku dhewe neng Purimas ki ya mung sethithik banget, dadi aku ya ora pati mikirne nemen-nemen piye dadine nek aku wis ora kuwat nyambut gawe" Antok aweh katrangan marang Bagus nek dheweke ora masalahne anake kerja neng Pertamina.

 

"Lha sing sampean penggalih banjur apa?" Bagus takon.

 

"Lha dening Perusahaane putrane panjenengan si Alif iki arep dikirim menyang Kanada, nambahi kawruhe neng Univeristas Alberta, sasi ngarep budhal" kandhane Antok sabanjure.

 

"Bolak-balik ki nek wong pinter, nurunke anak ya bocah sing pinter" Bagus ngomentari kandhane Antok "ya sokur ta Mas, aku mung melu bungah, muga-muga Mas Alif tambah pintere tambah pengabdiane marang bangsa lan negarane minangka sarana kanggo nggayuh barakah-E".

 

"Aamiin...." meh bareng Lilik, Antok lan anake loro ngamini tembunge Bagus.

 

"Lha gegayutan karo iku, Umine Alif duwe karep, sadurunge Alif budhal menyang Canada, karo Umine dikongkon rabi dhisik, ben ora lali karo kuwajibane wong urip, sing disamarne Umine iku nek merga Alif kadhung kasengsem olehe sekolah banjur gak mikir omah-omah, wong saiki wae Alif iki ya rada beda ambek kanca-kancane, Alif ki sampek saiki durung tau duwe sing jenenge Pacar" kandhane Antok nutugne rembuge.

 

"Nek aku ngarani Mas Alif ki hebat tenan Mas" Bagus nyela komentar "rabi utawa omah-omah ki nek wis mapan tenan, sing penting saiki pinter dhisik, nek wis pinter rabi ki gampang".

 

"Nggih boten ngoten Pakdhe" Lilik sing mau mung ngrungokne olehe omong sisihane melu udhu rembug "kajeng kula niku, saged mlaku kalih-kalihe ngoten lho. Upami sak derenge bidhal niku mpun nikah riyin, mengke nek empun wangsul dugi Canada boten sah repot pados semah malih. rak ngoten ta Pakdhe?".

 

"Waa, niku nggih sae Bulik" Bagus mbenerne karo apa sing dikandhakne Lilik.

 

"Tapi ngene Mas" Antok genti omong maneh "sing rada repot ki rak sampek saiki Alif ki durung duwe pacar, nek sir-siran pancene ya wis duwe, cumak areke gak wani omong".

 

"Iki critane  biyen karo saiki ora ana bedane" Bagus nyauti rembug karo mesem, rada ngece.

 

"Boten enten bedakne yok napa niku Pakdhe?" Lilik sing nyauti takon.

 

"Enggih, siyen niku enten Lare gantheng, pinter, diuber-uber kalih cewek kuliahe teng IKIP, boten purun, wong-wong nggih gumun, enten jaka gagah disir cewek ayu kok emoh niku, tiyang-tiyang nginten nek larene boten butuh tiyang estri, eee.... tibaknya niku menang-meneng niku ngesir lare Baskara ning boten wantun criyos" wangsulane Bagus karo ngguyu.

 

"Aseeem, ngono kok ya diomongna nang Umine Arek-arek lho ?" Antok semaur karo mesem kecut.

"Ngene wae Mas" Bagus banjur kandha serius "sing disir Mas Alif kuwi sapa? banjur Mas Alif sampean terne nang omahe wong tuwane cewek kuwi, aja ditembung dhisik tapi cukup sampean takon nang wong tuwane bocah wedok kuwi wis duwe pacangan apa durung? Lha nek durung, langsung ditembak wae wong tuwane, ben anake wedok ditari, gelem apa ora nek dikersakne dadi garwane Mas Alif. Beres ta?".

 

"Beres, munine beres iku gampang Mas" Antok wangsulan "cumak sadurunge beres iku lho sing angel diomongne, arek wedok sing disir putrane sampean Alif iki, aku ya ngerti nek durung tau pacaran blas, wong areke ketoke ya keranjingan kegiatan mahasiswa, gak mikir pacaran gak mikir apa-apa, sing ana jero pikirane iku, ketoke cumak berjuang untuk kepentingan umat manusia thok, ambek ngibadah nang Gusti Allah".

 

"Kaya ngono kepenake, kok sampean ki omong nek angel? nek bocah wedok ngono kuwi, cetha nek bocah sing ndalan, kari nyedhaki wong tuwane wae, ning ya ndang wae Mas, nek kalah cepet bisa kedhisikan wong liyane " Bagus guneman semu maido Antok, banjur genti omong marang Lilik karo Alif sing lungguh anteng ngrungokne olehe rembugan wong tuwane "Rak nggih ngoten ta Bulik? Ya pa ora Mas Alif?".

 

Alif mung mesem, praupane mbrabak banjur bali ndhingkluk nyawang lemah. Lilik mesem amba banjur mangsuli :

 

"Enggih, leres niku Pakdhe, niku pancen merlokne gerak cepat, cumak Abine niku mawon sing boten patos ngrewes nek kula sanjangi, criyose Abine niku kuwatir nek menyinggung perasaane lare estri kalih tiyang sepahe".

 

"Masalahe iku rak ngene" Antok nyaut omongane sisihane "Bapake arek wedok iku, wonge gampang-gampang angel.......".

 

Durung rampung Antok ngomong, dumadakan ana Mobil mlebu plataran. Olehe arep omong Antok dadi kandheg, merga ngira nek ana tamu sing teka. Antok, Lilik karo Alif rada cuwa, banjur rumangsa nek olehe mara menyang omahe Bagus kuwi wektune ora pas, dadi ora bisa jagongan kanthi bebas.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 51

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


51.

 

Sauntara kuwi, lagijam rolas, mbarengi bubar sembahyang dzuhur Bagus wis nggelak Angkudese bali mulih. Dina kuwi Bagus wis kencan, kanca rakete jaman nom-noman biyen sing saiki wis sukses urip ana Kutha Gedhe, dhek esuk kirim WA nek kira-kira bubar luhur arep mampir menyang omahe. Gandheng Bagus ngajeni lan uga wis sauntara ngendhem rasa kangen karo kancane, nampa kabar saka kancane kuwi dadi seneng banget. Mula ya  bubar luhuran neng Masjid Sidowayah, ya banjur mamprung mangkat bali. Tekan omah dipapagne Karmini sing rada gumun merga ora kulinane Bagus bali wayah samono kuwi.

 

"Kok kadhingaren sampun kundur ta Mas?" karo ngladekne Teh anget neng ngarepe Bagus, Karmini takon.

 

"Iya, anu sedhela engkas arep ana tamu" wangsulane Bagus "dhek esuk wonge kirim WA ngabari nek arep mampir, saiki ketoke isih nyekar neng sareyan lor kono".

 

"Sinten ta Mas tamune? kok mampir? daleme pundi ?" Karmini takon maneh nggenahne sapa tamu sing arep teka kuwi.

 

"Mas Antok" wangsulane Bagus "dina iki Mas Antok nyekar menyang sareyane Bapake, bar nyekar terus arep mampir kene".

 

"Mas Antok sinten ta Mas? mosok Pak Wakil Bupati ajeng tindak mriki?" Karmini takon maneh, durung ngerti sing dikarepne bojone.

 

"Kok tekab Wakil Bupati barang ta awakmu ki? Ya  mokal Pak Wabup arep tindak mrene, biyen kersa rawuh mrene kae rak pas durung dadi wong penting sing durung pati akeh gaweyane, nek saiki aja maneh kok arep mampir omahmu, wong mangsuli WA wae sok ora kober saking akehe gaweyan" Bagus guneman rada akeh "sing arep mampir ki dudu Mas Antok sing biyen Ketua DPRD kae, nanging Mas Antok sing jaman awakmu isih nom tau bareng karo aku, ngawal awakmu neng kejuaraan Prapon. Kelingan pa gak?".

 

"Oalah, Mas Triyanta putrane pak Lurah Tapa sing bagus nika ta? nggih kelingan, tiyang Mas Tri niku tiyange ramah, sabar, tir bagus pisan" Karmini wangsulan karo mesem.

 

"Awakmu ki nek karo wong Bagus kok kelingan terus ta?" Bagus takon karo ngguyu "Nek karo aku, Mas Antok ki bagus endi ta?".

 

"Nggih Bagus panjenengan, tiyang Mas Antok niku Tri kok nek panjenengan rak Bagus" wangsulane Karmini karo ngguyu.

Lagi kasengsem padha geguyonan, dumadakan ana Mobil Fortuner menggok, mlebu menyang plataran omahe Mak Jiyah kuwi.  Gageyan Bagus metu mapagne tamune, karo praupan sing ketok sumringah seneng. Jebul sing mudhun saka mobil, kabeh wong papat, Pak Triyanta, Bu Lilik karo putrane loro sing wis gedhe-gedhe, malah sing mbarep wis katon diwasa.

 

Gurawalan Bagus mbagekne tamu-tamune, dening Triyanta Bagus dirangkul kenceng. Pancen wiwit biyen, Triyanta kuwi raket banget karo Bagus, dhasare Triyanta kuwi marang sapa wae, sumrambah lan ora tau mbedak-mbedakne kanca. Semono uga sisihane Triyanta ya banjur rerangkulan karo Karmini. Rada sauntara anggone padha ngesok rasa kangene, banjur padha mlebu omah.

 

"Wis saka sareyan ta Mas iki mau?" pitakone Bagus sawuse tamune padha lungguh kabeh.

 

"Wis Mas, malah wis dhek mau, iki mau rada telat teka kene, merga mandheg neng kuburan sedhela kepethuk Ratman Sasra Birawa" wangsulane Triyanta, Bagus ngguyu Triyanta iki isih eling wae karo julukane Ratman sing saiki dadi Kaur Kesra neng desane, jaman isih latihan bela dhiri biyen Ratman kuwi nek sambung, ajeg nek pasangan kaya Mahesa Jenar lagi matakaji Sasra Birawa, tangane kiwa disilangne neng dhadha tangane tengen diangkat mendhuwur.

 

"Oalah Ratman Kaur ta? pancen bengkoke Kaur Kesra ki kidul kuburan kae kok" kandhane Bagus sabanjure.

 

"Iya, saiki Ratman ketok luwih tuwa, rambute wis putih kabeh, gek rokokane ya pancet isih nglecis kaya biyen" Triyanta kandha maneh.

 

"Iya Mas, wong aku wae ya wis dadi tuwek kok, rambutku saiki ya wis putih kaya ngene. Nek Mas Antok iki rumangsaku isih pancet kaya biyen wae".

 

"Padha wae Mas, olehku nganggo kethu iki ora kok peh aku wis lunga kaji, nanging iki merga tak ngge nutupi sirah ben uwane gak ketok wae, he he he ......".

 

"Nuwun sewu, Mas Tri ngunjuke kopi napa teh?" Karmini nyela rembug nakoni dhayohe.

 

"Gak sah repot mBak Kar" wangsulane Triyanta "iki wong saomah aku saanak bojoku ki gak ngombe apa-apa liyane banyu putih. Gek neng meja iki wis cemawis banyu putih samene akehe, mengko nek ngelak tak njupuk dhewe, Njenengan gak sah nang ngendi-endi, mau nang dalan Umine arek-arek tak warah nek nyonyahe Mas Bagus iki biyen pesilat tangguh, kerep menang KO".

 

"Dugi sepriki tesih ketingal lho Bi" Bu Lilik melu udhu wuwus "mBak Kar niki rak tasik ketingal sterek, ngoten, benten kalih kula sing mpun kados mbah-mbah mawon, padhahal mBak Karmini umur-umurane sami lho nek kalih kula".

 

"Bu Lilik niku kok saged mawon lho, sami Bu Lilik kula niki nggih sampun sepuh, rambut nggih sampun nyambel wijen, meh paron ingkang cemeng kaliyan ingkang pethak" Karmini nyauti rembug.

 

"Oh iya Mas Alif, Umi mau lali" dumadakan Bu Lilik ngandhani anake lanang sing gedhe "jajan kagem Pakdhe karo Budhe Bagus mau rak isih keri ndhik mobil ? tulung  dijupukne Mas".

 

"Enggih Mi" wangsulane Alif banjur metu marani mobile.

 

"Lha iki putrane Mas Bagus sing cilik apa gak isih nang omah? Wisudhane rak isih sepuluhan dina maneh ta? wong bareng karo putrane Mas Fahri Jakarta, kancane putrane sampean sing cilik. Nek putrane sampean sing gedhe aku ngerti nek saiki neng Yogya, wong tugase cen akeh" Triyanta takon marang Bagus.

 

"Anu Indri ta Mas Tri? Mas Tri kok kados sampun pirsa kalih anak kula Indri?" Karmini sing mangsuli pitakone Triyanta karo mbalik genti takon.

 

"Iya Indri, ya genah nek wis apal banget ta mBak, Indri iku aktivis LDK bareng karo ponakanku Farida, putrane Mas Fahri sing uga sakampus karo Indri. Farida iku manggone ndhik omahku sing nang Yogya. Aku ambek Umine, karo arek-arek iku ya sering leren turu ndhik omah Yogya kana. Indri iku sering nang omah kana, masalahe omahku iku sing sebelah mburi, tak dadekna markase arek-arek LDK . Dadi Indri iku ya wis apal nek karo Aku, karo Umine iki,jugak karo arek loro iku" Triyanta nggenahne apa sing ditakokne Karmini.

 

"Ooo, jebul ngaten?" Karmini nyauti rembug "niki wau larene medal, ngeterne Muda-mudi Masjid mriki studi bandhing dhateng Kaligedhe, lare-lare masjidan kepengin niru budidaya Domba Etawa".

 

"Pancen sregep temen arek sitok iku" Bu Lilik grenengan kaya ditujokne awake dhewe "Gak nang omah gak nang Jogja, pancet wae olehe seneng berjuang kanggo wong akeh, nggarahi aku tambah sayang wae nyang dheweke.......".

 

"Lha mumpung taksih legan lho Bu Lilik" Karmini nyaut grenengane Bu Lilik "mangke nek sampun emah-emah rak inggih kedah total nurut kalih kakunge".

 

"Enggih mBak Kar, cen dadi lare nom niku rak nggih kedah ngoten, masi anak-anak kula niki rak nggih ngoten niku. Awake piyambak niki, dadi wong tuwa nggih kantun matur nuwun kalih sing Kuwasa, lare-lare mpun sami ndalan dhewe-dhewe".

 

"Inggih Bu Lilik" wangsulane Karmini.

 

"Sik aku tak omong nyang Mas Bagus, sampean kabeh tak jaluk meneng dhisik, mengko nek omongku kleru tulung Umi benerne ya?" Triyanta nyela rembug. Sing padha krungu ya banjur padha meneng kabeh.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...