Total Tayangan Halaman

Jumat, 19 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (06)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kabar Sihmirah nglahirne neng Rumah Sakit kanthi cara operasi wis sumebar. Wong sa Sendhangrejo wis padha krungu kabeh (wektu kuwi, jenenge operasi isih dianggep sawijining perkara sing nggegirisi tumraping masyarakat, malah ora arang sing duwe pangira nek wis operasi ngono kuwi padha karo pangarep-arep bisa urip mung kari sethithik banget). Kadirin sing banget trisnanane marang bojo, wiwit Sihmirah mlebu Rumah Sakit, babar pisan ora kober ngurusi apa-apa kajaba ngurusi bojone sing satemene wis diurus dening dokter, bidan lan para perawat. Kabeh gaweyan omah dipasrahne marang para rewang lan sedulure sing cedhak. Apan, adhine Kadirin kajaba kudu ngurusi tanduran lan sawah, saben dina uga wira-wiri menyang Rumah Sakit, ngeterne apa sing di butuhne Kadirin sasawune nunggoni bojone. Kajaba saka iku Apan uga dadi juru warta tumrap sing ana omah, kepiye mungguh kahanane Sihmirah sajrone nglahirake iki.

 

"Piye kabar Juragane wedok Mah?" pitakone Marti marang Timah, bojone Apan, nalika Apan lan Timah lagi teka saka Rumah Sakit.

 

"Alhamdulillah wis sansaya apik Yu" wangsulane pripeane Sihmirah kuwi ngabarne kahanane sing lagi bubar operasi "bayine ketok ayu, kaya ibune, saiki isih diseleh neng openan, paling sepasar maneh Yu Sih karo bayine wis oleh balik".

 

"Ya sokur ta Mah nek ngono" Marti nanggapi wangsulane Timah "dadi sing neng omah kuwi ora tansah dheg-dhegan wae".

 

"Iya, jarene Yu Sih mau olehe nyepasari ora dipasne dinane Yu" kandhane Timah maneh "arep dislameti nek Yu Sih wis akas pisan, ning Kang Apan mau ya wis diprentah Kang Dirin kon golek wedhus sing gedhe-gedhe telu kok, arep disembeleh nek kanggo slametan sukurane si Jabang Bayi.  Karo nek kahanane terus apik, Kang Dirin sesuk ya arep tilik omah, sesuk esuk aku kon nggenteni ngancani Yu Sih".

 

"Iya" wangsulane Marti "kabeneran banget nek Juragan Dirin tilik omah, wong aku kon tunggu omah dhewe ngene iki sak jane ya rada kuwatir lho Mah".

 

"Kuwatir piye Yu? Nek bengi rak wong-wong Magersari padha jagongan neng emper ta? Mosok kowe neng jero wedi?" Timah nakoni Marti.

 

"Maune aku ya ora wedi Mah, nanging sakbubare kedadeyan awan mau, aku dadi ora tatag neng omah dhewe" Marti kandha karo praupan sing sajak isih nyimpen rasa kuwatir.

 

"Dhek awan? dhek awan ana apa Yu?" Timah takon, semu ora mudheng karo sing dikarepne Marti.

 

"St..aja banter-banter, iki wadi banget" Marti wangsulan karo bisik-bisik.

 

"Iya, ana apa ta? aku melu dheg-dhegan iki  lho" Timah takon maneh karo suwarane digawe klesak-klesik.

 

"Mau awan ki, bar awakmu karo Mas Apan budhal nyang Rumah Sakit mau, Mas Kamdi teka" Marti wangsulan, suwarane alon nanging cukup bisa dirungokne Timah.

 

"Mas Kamdi, Mase Yu Sih sing omahe Pudak kae ta?" Timah nyelani takon.

 

"He eh" wangsulane Marti, mripate wiwit ngetokne luh "maune ki ya ora ngapa-apa, nanging bareng ngerti nek neng omah ora ana wong liya, lha kok wonge arep ngajak aku tumindak sing ora bener ta Mah?. Bareng tak sauri nek ngono kuwi ora becik, lha kok aku malah digujer arep dipeksa nuruti karepe sing wis klebon setan kuwi ta Mah?. Mesthi wae aku ya polah, nanging aku rak ya kalah rosa ta?".

 

"Banjur piye Yu?" Timah takon selak kepengin ngerti wusanane.

 

"Meh wae, aku dirodhapeksa neng amben pawon" Wangsulane Marti "aku diweden-wedeni arep ditekak nek nganti aku mbengok, ndelalah kersaning Allah, pas aku wis mung bisa pasrah, Hajir teka saka mburi omah ngendhangi tandurane Gembili, karo celuk-celuk, jebul tekane Hajir kuwi karo kanca-kancane bocah papat mbuh bocah lima mau,  Mas Kamdi kaget, aku diculne saka gujerane, terus ethok-ethok takon korek arep dienggo nyumet udut, banjur Hajir tak kongkon ngancani aku, kanthi pawadan tak kon milihi gabah sing campur beras sing tak ler neng tampah".

 

"Lha Kamdi banjur piye?" Timah takon maneh.

 

"Bar nyumet udute, terus klithih-klithih ngalih, nyandhak sepedhane terus bablas lunga, embuh menyang ngendi parane".

 

"Kamdi kae jarene Kang Apan pancen wong mrusal kok, senengane ngabotohan dhadhu, kertu, adu jago ngono kuwi, ya wis kondhang seneng saba nggone wong-wong wedok nakal" Timah kandha alon-alon "nanging ya kuwi, wong tuwa lan sedulure klebu Yu Sih, padha ora percaya, ngertine Kamdi kuwi jare wong apik, wong nek pas tukaran karo bojone ngana kae, ajeg wong tuwa lan sedulure padha nyalahne sing wedok kok".

 

"Mula kuwi ta Mah, crita iki kanggo aku karo kowe wae, nek krungu juragane wedok, tan wurunga sing disalahne mengko rak ya aku ta?" 

 

"Iya Yu" wangsulane Timah "ya muga-muga wae, Kamdi ora mara mrene maneh".

 

Timah banjur pamitan arep bali, wektune pancen wis sore, wos nyedhaki surup srengenge. Hajir wis metu saka omah, bebetan sarung komplit sak kupluke. Hajir nyedhaki Make, ngajak salaman arep budhal menyang masjid, sembahyang maghrib diterusne karo sinau ngaji, nganti tekan ngisak. Marti ya banjur mlebu omah, cendhela-cendhela lan lawang-lawang butulan wiwit padha ditutup lan dikancing saka njero. Lampu-lampu panjeran uga wiwit diuripne . Sawuse keprungu adzan magfhrib Marti ya banjur sembahyang, dhewekan neng pasalatan nggone Juragane. Bubar sembahyang, banjur menyang pawon, nggodhog tela lan gawe wedang, kanggo wong-wong Magersari sing sasuwene Juragan Dirin nunggoni bojone neng Rumah Sakit padha dikongkon rondha lan melekan neng emper omahe.

 

Sawise mateng, tela diselehne neng wadhah tompo gedhe, banjur gawe wedang kopi dicong neng ceret gedhe, kira-kira isi lima las gelas luwih. Banjur dicawisne neng meja emper, karo gelas-gelas kosong. Mengko sing padha rondha wis padha ngerti dhewe yen tela karo kopi kuwi dicepakne kanggo dheweke.  mBarengi karo mulihe Hajir saka ngaji, sing padha rondha wis padha teka, ora akeh mung Apan, Jono, Blendhus karo Sukiban. Wong papat kuwi banjur padha jagongan rame. Marti nutup lawang lan dikunci saka njero, lampune dipateni. Nanging suwarane wong sing lagi padha jagongan neng emper bisa dirungokne kanthi cetha saka njero omah. Lan sing padha jagongan bisa diinguk saka jero omah liwat kaca omah sing manggon neng kiwa tengene lawang sing ditutup karo gordin.

 

Watara jam wolunan, saka kamar turone Marti krungu nek ana wong teka, ketitik wong-wong padha gupuh mbagekne. Alon-alon, Marti metu saka kamar, nginceng sapa wong sing lagi teka kuwi.

 

"Mangga Mas, pinarak mriki" Apan ngacarani sing lagi teka lungguh "kalih niki kopine, panjenengan ngiling piyambak".

 

"Enggih" sing dibagekne wangsulan, Marti ora pangling kuwi genah suwarane Kamdi sing mau awan teka lan arep ngajak Marti tumindak sing ora bener, dhadhane Marti dadi dheg-dhegan.

 

"Lha jagongan kok teng njawi, gek lampune ngomah peteng dhedhet, napa griya niki suwung?" karo nyilakne gordin sethithik Marti weruh nek karo mapan lungguh Kamdi takon marang sing padha rondha.

 

"Lha Juragane rak teng Rumah Sakit ta Mas?" sing wangsulan Blendhus "lha sing teng jero bojone Taslim kalih anake, wiwit sonten wau mpun sambat ngantuk lajeng kula ken ngancing lawange".

 

"Lha olehe jagongan neng kene iki biasane tekan jam pira?" Kamdi takon maneh.

 

"Jenenge wong dikongkon rondha, ya nganti sesuk nek wis padhang ta Mas" sing mangsuli ngono kuwi Apan.

 

Marti bali mlebu menyang kamar maneh, banjur ethok-ethok wis turu.

 

 

ana candhake.

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (05)

 

5.

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Dina slametan sewu dinane Taslim wis teka, kajaba direwangi Saminah karo Giyem, jebul isih akeh sing padha teka melu rewang. Merga ora sida karo sing direncanakne Marti sing mung arep climen, nanging dadi rada gedhen kaya lumrahe wong kono nek ngenekne slametan sewu dinanan. Wedhus berok gedhe, ingon-ingone Apan sida dituku Kadirin tenan, disembeleh kanggo lawuh selametan. Isih ditambah daging tukon neng nggone jagal Bu Siti olehe pesen Sihmirah. Blanja kanggo sing diolah kabeh sing mblanjakne ya Sihmirah lan sing nyukupi ya Sihmirah dhewe. Uba rampe kanggo santri-santri sing padha dijaluki tulung ngaji karo tahlil sing kanggo wasilah nyuwunake pangapura dosa-dosane Taslim, kabeh dicukupi dening Kadirin. Marti kena diarani mung kanggonan thok, wong klasa-klasa lan piranti liyane sing nyepak-nyepakne ya Apan, awit prentahe Kadirin. Cekake, bengi malem sewwunan kuwi, kabeh rumangsa seneng lan marem, sing ngundang ya marem sing diundang ya seneng.

 

Let rong dina sawuse slametan sewu dinane Taslim neng nggone Marti, genti Juragan Kadirin sing ngenekne slametan sukuran. Nyukuri olehe wis oleh palilah saka Marti, Juragan Kadirin lan Sihmirah oleh melu ndhaku lan momong Hajir dadi anake.  Dina Sabtu awan, bubar luhur bocah-bocah cilik, wiwit sing lagi bisa mlaku nganti bocah kelas papat SD diklumpukne neng omahe Kadirin. Diajak slametan lan mangan-mangan, neng kono dicawisi jajanan, panganan lan omben neka-neka, bocah-bocah sing ana kono dikon njupuk sasenenge. Sawise rampung, baline bocah-bocah kuwi padha disangoni dhuwit sing cukup dienggo sangu sekolah telung dina. Bengine, dianakne slametan maneh, sing diundang wong - wong sing wis diwasa, kaya lumrahe wong slametan. Bubar ngisak banjur digelar seni Kentrung Jedhor, nganti tekan meh esuk.  Kadirin, Sihmirah, Marti padha ketok seneng atine. Hajir uga seneng-seneng wae, saiki wong tuwane dadi telu, Make, Ibune karo Bapake.

 

Sedina rong dina ditinggal Hajir turu neng omahe Juragane, atine Marti krasa sepi. Nanging bareng wis oleh sepasar, iya banjur wis dadi biasa. Hajir ya ngono, wiwitane urip awor saomah karo Juragan Kadirin rasane ora pati kepenak, nanging bareng wis sansaya suwe iya dadi sansaya mapan. Luwih-luwih dening Kadirin lan Sihmirah, Hajir kaya diuja, apa sing dipengini ajeg bisa kasembadan. Meruhi sing ngono kuwi, batine Marti dadi ora kepenak, Marti ngerti bocah kuwi yen sarwa diuja, sok dadi lan ora becike. Mula nek wayah awan pas bisa ketemu karo Hajir, Marti ora tau bosen tansah ngelingake anake, murih ora dadi bocah sing ugungan. Sajake, Hajir ya ngerti karo apa sing dadi pituture Make. Mulane nadyan sarwa diugung nanging Hajir tetep ora dadi bocah sing lumuh, malah kepara kerep wae njaluk marang Bapak-e angkat supaya diwarahi carane nyambut gawe, kaya carane nenandur apa ta apa ing pategalan lan carane nyambut gawe neng sawah, mesthi wae kabeh dijumbuhne karo kekuwatane Hajir sing isih bocah, bakune bocah kuwi ora dadi bocah sing ora doyan gawe. Kanthi seneng Kadirin ya nuruti apa sing dijalukne warah anake angkat kuwi. Kadirin duwe gagasan bocah kuwi mbesuk bisaa nutugne panggaweyane ing ulah tetanen, kaya dheweke biyen sing uga nutugne pagaweyane wong tuwane.

 

"Lha tanduranmu gembili neng pager satru mburi omah kae isih sok mbok delok apa ora Le?" pitakone Kadirin marang Hajir ing sawijining dina.

 

"Ben dina kula delok Pak" wangsulane Hajir mongkog "nek enten sukete nggih kula buwangi kok".

 

"Pinter kowe Le" kandhane Kadirin karo mesem seneng "Gembili kae, jinise Gembili tahun, nek ngundhuh owohe ora perlu dijabut, cukup dikupuk wohe wae, kakine ben wae urip dadi ora perlu golek winih anyar".

 

Sanajan ora pati mudheng karepe, Hajir ya mung manthuk karo ngenggihi apa sing dikandhakne Bapake Angkat kuwi.

 

Mundhak dina, katresnane Sihmirah marang Hajir sansaya mundhak gedhe, luwih-luwih bareng panyuwune Sihmirah dikabulne dening sing kuwasa. Sihmirah klakon bisa ngandheg. Kabeh wong padha ngarani nek olehe ngandheg Sihmirah kuwi merga anggone wis mupu anak Hajir lan olehe ngrengkuh ya kanthi becik. Ora mung marang Hajir wae Sihmirah lan Kadirin rumangsa ditulung, nanging uga marang Marti sing uga wis nglilakne anake dipupu. Sesambungan antarane Sihmirah lan Marti, sing tata gelare sesambungan antarane Juragan karo rewang, malih dadi ngungkuli sesambungane sedulur tunggal bapa biyung. Uripe Marti uga dadi malih luwih tumata, wong ora ngopeni sapa-sapa kajaba mung ngopenei awake dhewe. Asil olehe dadi rewang neng nggone Juragane prasasat utuh, wong kabeh kebutuhan saben dinane wis nunut dadi tanggungane juragane. Marti ya wiwit bisa nyandhang patut, kober pupuran lan macak kaya lumrahe wong wedok. Mula mundhak dina, Marti ora mundhak katon tuwa, nanging mundhak katon pamore. Marti saiki mbalik dadi kaya biyen, wong ayu sing bisa gawe getering atine wong lanang sing kabeneran nyawang. Akeh sing padha ngrasani lan ngrembug Marti sing saiki dadi sansaya ayu lan mencutake.

 

"Randhane Taslim ki bareng Taslim wis entek slametane, rumangsaku kok malih dadi sansaya ayu ya Din?" kandhane Sugik marang Lamidin pas wong loro kuwi lungguhan neng cakruk parondhan.

 

"Lha lehmu weruh dhek apan lho Kang?" Lamidin mangsuli karo genti nakoni Sugik.

 

"Mau, pas aku nyang nggone Juragan Kadirin arep nempil gabah winih ngge suk walikan, mau kepethuk Marti neng kana" wangsulane Sugik "jan rumangsaku ketok nek ayu tenan ngana kae".

 

"Pancen ya bener kok Kang" kandhane Lamidin numpangi rembuge Sugik "Marti kae, rumangsaku nek karo prawan-prawan lumrah ngono , ora bakal kalah kok".

 

"Sing gak kalah ki apane?" Sugik takon.

 

"Ora kalah olehe mencutake" wangsulane Lamidin karo ngguyu "upama mbokne ndhewor ki gelem diwayuh ngono aku ya gelem kok nek kon ngepek Marti dadi mBok nom".

 

"Wandamu kuwi Din" wangsulane Sugik anyel "mbok sapa wae ya mesthi gelem".

 

Rembugan omongan mbako ngono kuwi, kerep wae dadi bahan jagongan wong lanang neng ngendi-endi, ya sing isih Jaka, wis dhudha uga wong sing wis duwe anak bojo. Nanging najan sruwing-sruwing ana sing wadul marang Marti, Marti babar pisan ora nggatekne. Sanajan sok-sok ing atine ana rasa kepengin omah-omah maneh, nanging Marti ngrumangsani, uripe jinejer dadi wong wadon ndelalah ya wis lola pisan, tanpa sanak tanpa sedulur, dadi sanajan kepengin omah-omah maneh, nanging bisane ya mung nunggu. mBok menawa ana wong sing teka lan nakokne dheweke. Lan ndelalah, nalika Marti nyoba ngeling-eling wong lanang sing kabeneran wis dhudha sing ana Dhukuh Sendangreja kono, Marti durung bisa meruhi nek ana dhudha sing nocogi atine.

 

Nalika kuwi, olehe ngandheg Sihmirah wis meh nyedhaki tekan leke. Ketang seneng lan bektine Marti marang Juragane, meh saben wektu Marti ora tau pisah karo Sihmirah. nJagani sawayah-wayah yen tenagane dibutuhake. Hajir sing uga ngerti nek ora suwe maneh Ibune arep nglahirne, uga melu seneng, bocah cilik kuwi pancen ya wis rada suwe kepengin duwe adhik kaya kanca-kancane ing padolanan.

 

ana candhake.

 

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (04)

 

(04)

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Saminah karo Giyem bareng ngerti juragane rada kaca-kaca mripate, dadi padha thukul rasa welase. Ya ora maido, jenenge wong omah-omah, sanadyan ketunggon bandha, tegal sawah sing jembar lan amba, omah gedhe jejer- jejer endah lan katon sentosa, Kebo Sapi lan rajakaya liyane sing pirang-pirang kandhang, pengin opor, bebek kari nyekel, kepengin panggang, ayam wis cumawis, gurameh lan mujaer neng blumbange ngrembaka pirang-pirang. Nanging, nek durung duwe turun, tetep isih krasa kurang. Ya ngono kuwi isen-isene donya, ana sing saben dina sambat ngaruara bingung olehe arep nyukupi butuhe anak, nanging ya ana sing saben bengi netesne luh, nangisi olehe durung duwe momongan.

 

Lagi wae, Giyem karo Saminah krungu, yen juragane kepengin mupu Hajir, anake Marti tinggalane Taslim sing arep disewoni suk Kemis Legi. Pawadane arep kanggo srana dadia pancingan supaya Sihmirah enggal bisa ngandheg lan kaparingan momongan. Kuwi jan aran lumrah, malah lumrah banget.Upama ora kanggo srana lantaran, upama wong kecukupan kuwi mupu Hajir ngono akeh senenge, bocahe bagus, resik, thipluk-thipluk nggemesake. Nanging mau, Sihmirahuga kandha nek arep nembung marang Marti, Sihmirah maju mundur, gek wani gek ora, merga Hajir kuwi ora duwe tunggal, anake Marti ya mung Hajir kuwi thok.

 

"Nggih ngeten mawon Gan" alon Saminah aweh rerigen marang juragane "tiyang niku damel sarat mawon kok, betahe Si Hajir dipundhut dados anak pupon, niku pocapane, nek dalu kersane tilem teng griya mriki, nek siang nggih kersane dolan, rak nggih boten tebih kalih emake, sing baku Hajir niku nek ngaturi panjenengan Ibu, nama Simbok lha nek ngaturi Juragan Kakung nggih Bapak, ngoten mawon. Lajeng kabetahane Hajir sedaya dados tanggel jawabe Juragan. Pripun nek ngoten? Nek Juragane mathuk, mengke sing nembung teng Marti tak kula dhewe".

 

Polatane Sihmirah dadi katon bingar krungu rerigen sing dikandhakne Saminah ngono kuwi. Bener kandhane wong biyen, Saminah neng omah kono kuwi kalebu Batur, sing jarene saka tembung embat-embataning tutur. Pranyata bener, Saminah kuwi kajaba saben dina tansah aweh bebantu nyangga bot-repoting gaweyan ing omahe Sihmirah, uga iki mau lagi aweh tutur sing becik marang juragane.

 

"Mathuk Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "coba mengko utawa sesuk Marti kandhanana perkara iki, nek Marti oleh mesthine aku ya seneng, nanging upama ora oleh, aku ya ora arep meksa".

 

Olehe padha rembugan antarane Juragan karo rewange kuwi meneng, Marti wis mlebu omah pawon maneh, olehe nggawa mulih beras wis rampung. Marti ya banjur nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, nresiki ngresiki lan nguntili Brambang sing arep ditarang, ben ora gampang bosok. Pancen Kadirin kuwi kajaba nandur pari, uga seneng nandur palawija, klebu seneng nenandur tunggalane Brambang. Mangsa iki olehe nandur Brambang Kadirin ana setengah bahu, dadi kajaba disimpen dienggo cadhangan bumbu, uga akeh sing didol menyang bakul-bakul pracangan neng pasar. Karo nandangi gaweyan, Sihmirah sing uga melu nandangi gaweyan sing dicandhak rewang-rewange, ora leren-leren nggone ngandhani Marti olehe arep repot nyewu bojone suk kemis kuwi. Jalaran najan umur-umurane Marti kuwi luwih tuwa, nanging ing babagan ngadhepi gaweyan tunggalane slametan nyewu ngono kuwi, Sihmirah luwih menang ing pengalaman. Sakecap rong kecap, Saminah sing uga wis kulina nindakne gaweyan nylameti wong sing wis ora ana ngono kuwi, melu udhu urun rembug marang Marti. Kabeh pitutur ditampa dening Marti kanthi seneng, merga kabeh padha  nuduhne rasa tresnane marang dheweke. Luwih-luwih Sihmirah sing uga juragane kuwi, ora mung urun rerigen nanging uga urun meh kabeh uba rampe sing arep kanggo selametan.

 

Lagi enak-enak ketungkul nandangi gaweyan sinambi rembugan, Hajir anake lanang Marti mara nyedhaki emake. Gageyan, Marti nakoni anake lanang sing lagi teka kuwi :

 

"Lho sekolahe apa wis bali ta Le? Kok wis nusul Mak-e mrene ki?".

 

"Uwis Mak" wangsulane Hajir "mau klambi karo kanthoke tak canthelne nang cagak sedhak amben, njur aku salin iki".

 

"Ya wis, kana gek ndang dolan kana nanging aja adoh-adoh" kandhane Marti sabanjure.

 

"Anu, aku arep nang tegal mburi" kandhane Hajir mangsuli pakone Make.

 

"Tegal mburi ngendi? Arep ngapa?" Marti takon, ora kulinane Hajir dolanan menyang tegalan.

 

"Anu, arep nusul Juragan Dirin" Hajir wangsulan "wingi aku dikandhani, jare arep diwarahi carane nandur Gembili neng pinggir pager satru mburi omah".

 

"Hajir Cah pinter......" dumadakan Sihmirah ngundang Hajir banter kanthi suwara alus.

 

"Nun, nggih Gan?" Hajir wangsulan karo nyawang Sihmirah.

 

"Tak kandhani ya? saiki Juragan Dirin isih endhang-endhang sawah, olehe arep nandur Gembili mengko sore".

 

"eeeeng......." Hajir nyengir, lucu.

 

"Wis, kene nyedhak kene, tak kandhani!" Sihmkirah kandha maneh. Hajir nyedhak banjur mapan lungguh neng ngarepe Sihmirah, nyadhong prentah.

 

"Hajir ki rak ngerti ta? Nek Pak Kadirin karo Bu Sihmirah ki sayang banget nek karo Hajir?" pitakone Sihmirah sawise Hajir lungguh neng sandhinge.

 

"Eng.... enggih, ngertos Gan" wangsulane Hajir.

 

"Naah, saiki hajir sayang pa gak nek karo Pak Kadirin lan Bu Sihmirah?" Sihmirah takon maneh.

 

"Eng, enggih, sayang, sayang banget"

 

"Tenan?"

 

"Enggih, tenan" Hajir wangsulan serius.

 

"Nah, nek sayang tenan, Hajir kudu nurut karo Bu Sihmirah, gelem apa ora?" Sihmirah nakoni maneh.

 

"nggih, purun" wangsulane Hajir.

 

"Nek wis nurut, saiki coba Hajir ngrungokne Bi Sihmirah arep ndhawuhi Hajir".

 

"nggih".

 

"Wiwit saiki, Hajir nek ngaturi Pak Kadirin ora pareng nganggo sebutan Juragan Dirin maneh, ngerti?"

 

"Boten" wangsulane Hajir polos "kula boten ngertos nek ngaturi pripun?".

 

"Hajir nek ngaturi saiki malih dadi Bapak, sepisan maneh Bapak. Ngerti?".

 

"nGgih ngertos, Bapak Kadirin" wangsulane Hajir.

 

"Ora perlu nganggo Kadirin, cukup Bapak ngono wae, piye?".

 

"Nggih, Bapak"

 

"Pinter" kandhane Sihmirah karo mesem, tangane dielus-elusne neng sirahe Hajir, kebak rasa asih "saiki genti, nek ngaturi Bu Sihmirah, malih Ibu, piye?".

 

"nGGih, Ibu"

 

"Pinter tenan" kandhane Sihmirah sabanjure "suk Minggu sekolahe rak prei ta?".

 

"nggih"

 

"Lha nek prei, suk Minggu Hajir ndherek Bapak karo Ibu tindak menyang Pasar Kedunggalar, mengko Hajir dipundhutne Kathok karo Klambi anyar, Hajir purun napa boten ?" kandhane Sihmirah nari Hajir.

 

"nGgih purun" wangsulane Hajir ketok seneng.

 

"Wis kana, saiki dolan dhisik kana, nanging aja adoh-adoh lho ya?"

 

"Nggih Ibu" wangsulane Hajir banjur mlaku metu menyang latar.

 

"Ngene lho Make Hajir" kandhane Sihmirah marang Marti sawuse Hajir ngalih "pas awakmu mulih sedhela mau, aku rak rembugan karo yu Saminah nek kepengin njaluk tulung awakmu".

 

"Ajeng nedhi tulung napa ta Gan? kok kepireng ngedheg-edhegi niku?" Marti takon karo mesem.

 

"Tulungana aku ben enggal bisa duwe momongan" wangsulane Sihmirah suwrane wis lancar " dene sranane lilanana aku melu momong lan ndhaku anakmu si Hajir kaya dene anakku dhewe, cara jawane bisaa Hajir kuwi dadi lantaran aku oleh nugrahaning Gusti kaparingan momongan. Mau aku arep nembung dhewe jane ora wani, banjur arep ditembungne karo Yu Saminah, nanging bareng aku kepethuk hajir dhewe, aku dadi wani nembung. Piye Mar?".

 

"Inggih, juragane" Marti wangsulan kanthi senenging ati "mangga, menawi punika ingkang dipun kersakaken kula namung ndherek mawon".

 

ANA CANDHAKE.


GEMBILI ING PAGER SATRU (03)

 

(03)

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Lakune dina ora tau leren mandheg, terus mlaku mengarep mbarengi tambahing umure manungsa. Slametan sewu dinane Taslim wis meh teka titi wancine, Marti ya banjur kaya lumrahe wong urip, banjur nglumpukne wragad kanggo nylameti bojone. Ana pitik lancur loro sing diingu wiwit cilik, arep dienggo ingkung, beras oleh nyisihne sak gelas saben dina, ditaker maneh ketoke ya wis cukup kanggo nggawe ambengan sega uduke, kari nambahi blanjane wae. Marti pancen olehe nduwe niyat nyewu bojone iki ora gedhen kaya wong-wong sing rada turah rejekine ngana kae. Nek lumrahe wong nyewu neng desa kono kuwi, dibelehne wedhus Marti cukup mbeleh pitik lancur loro wae. Ora arep ngundang wong akeh-akeh cukup tangga teparo kiwa tengene kono wae kanggo tahlilan.

 

"Suk Kemis aku direwangi lho Yu Nah" kandhane Marti marang Saminah, kancane nyambut gawe, ing sela-selane nandangi gaweyan neng nggone juragane "aku ya wis omong nyang juragane kok, suk kemis kuwi awakmu karo Giyem arep tak kon neng nggonku, dadi olehe neng kene prei sedina. Juragane ya wis ngolehi".

 

"Thik kon rewang ki, kowe duwe ewuh ta Mar? arep nyupitne Hajir apa piye? Calake rak ya Kang Kadimin wetan kono ta?" Saminah takon.

 

"Kowe kuwi piye ta Yu?" wangsulane Marti "genah Hajir ki wis sunat ngono kok? kae pas bareng bocah pirang-pirang disunati neng latar Masjid, ora mbayar malah ditukokne sarung, klambi, kupluk barang kae? Genah dhek emben kowe ya ngeteri jangan lombok, jaremu ben tatune ndang garing kae apa?".

 

"O, iya ya?" Saminah ndemek bathuke dhewe "lha suk Kemis kuwi kowe arep ewuh apa maneh?".

 

"Arep nironi Pake Hajir, pas sewu dinane Yu" wangsulane Marti .

 

"Iki dinane wis Selasa Kliwon, dadi suk Kemis kuwi Kemis Pahing, iya ta Yu?" Giyem sing nyambut gawene rada adoh melu nrambul gunem .

 

"Iya lha ngapa ta?" Saminah sing semaur mangsuli pitrakone Giyem.

 

"Ora, kuwi lho Yu Marti kuwi lho, nek Suk Kemis nyewu Pake Hajir, rak wis gak keduman Pon? Lha leh golek wedhus suk kapan? wong Pone wis dhek wingenane?" Giyem wangsulan nganggo pitakonan.

 

"Iki ora nganggo wedhus kok Yem" wangsulane Marti "wong aku wis dikandhani karo Bu Nyai Badrun, jane nylameti wong sing wis mati kuwi sing baku dongane wae, ya ora kudu pas dina petunge, nek pancen dibarengi karo sedhekah kranalah, ngono kuwi becike sedhekahe diwenehne menyang wong sing kesrakat wae, ora kudu nyembeleh wedhus, nek pancen ora nduwe ya ora perlu nekad, sing baku iklase ati wae. Bu Nyai dhek emben rak nyang nggonku, ngandhani bab kuwi karo aku diparingi beras telung bathok".

 

"O ngono ya Mar?"  Saminah sing melu ngrungokne kandhane Marti semaur.

 

"Iya Yu".

 

Olehe padha rembugan mandheg, merga Sihmirah, Juragane mlebu pawon marani sing lagi padha nyambut gawe sinambi omong-omongan.

 

"Anu, Makne Hajir" durung nganti lungguh Sihmirah wis wiwit omong "anu, mengko sing kanggo slametan suk malem Jumuah kuwi, kowe ora sah repot-repot olehe mikir, beras neng kandhi tilas wadhah tepung terigu neng amben cedhak lawang kae, mengko gawanen mulih. Kanggo blanjane, suk kemis esuk ndadak wae, sing blanja ben Giyem karo aku, dhuwite ya wis eneng. Banjur Wedhuse Apan sing lanang kae, karo Mas Kadirin ya wis didhuwiti pisan, ben disembeleh lan ditandangi Apan pisan. Jaremu kanggo ingkunge kowe wis ngingu lancur dhewe?".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti karo mlenggong nyawang juragane "lha niku mengke petange pripun? wong kajeng kula ajeng climen-climenan mawon, kados sing dinasehatne Bu Nyai Badrun nika?".

 

Sihmirah mesem, ngerti sing dikarepne Marti kanthi pitakonan kang mangkono kuwi.

 

"Ora sah mbok gagas" kandhane Sihmirah sabanjure "kuwi kabeh minangka sumbanganku marang kowe, ben rada patut kaya lumrahe wong-wong nek nyewu ngana kae, pisumbang iki ora sepira ajine nek ngelingi karo lelabuhanmu karo lelabuhane Pake Hajir marang aku karo Mas Kadirin. Dadi kowe ora sah nggagas sing neka-neka".

 

"Oo, enggih Gan, matur nuwun sanget" wangsulane Marti "nggih lemah teles, mugi-mugi Pake Hajir teng mrika saged langkung tentrem.

"Iya" Sihmirah semaur banjur mrentah "wis, saiki berase kae ndang gawane mulih dhisik, ndang dilebokne Genthong Padaringan, ben berkahe tambah".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti, sing banjur nyelehne gaweyan sing ditandangi. Beras sing dituduhne Juragane kuwi banjur diindhit, digawa bali. Rada abot wong kira-kira isine ana telung centhak.

 

"Mesakne Marti ........."  Sihmirah grenengan ijen bareng Marti wis metu saka pawon.

 

"Enggih, nggih Gan?" Saminah numpangi gunem "isih nom wis ditinggal mati sing jaler, ngopeni anak piyambakan".

 

"Lha nggih?" Giyem melu udhu rembug "jane Yu Marti niku tesih nem, nggih tesih ayu nggih Gan?".

 

"Lha iya lah" Sihmirah semaur "nek karo prawan-prawan kene ngono wae, ya isih ketok ayu si Marti ta Yem? wong najan ta Randha, Marti ki umure durung akeh, anake lagi siji, praupane lonjong resik, rambute dawa ngandhan-andhan, mripate, alise, idepe, lambene, janggute, irunge kabeh sarwa mantesi. Dhasar lencir, kulite kuning, solah lan slagane sarwa patut, ayune ora digawe-gawe kaya wong wedok sing seneng kemayu, anteng tur sregep nyambut gawe, apa-apa sarwa cag-ceg, trampil lan ora wegahan........".

 

"Biyuh-biyuh, jurgane ki nek ngalem tiyang kok ngungkuli Dhalang Nartosabdho nyandra Dewi Banuwati mawon neh........" Saminah nigas rembuge juragane karo ngguyu.

 

"Kok Ngalem, aku ki ora Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "pancen saknyatane Marti kuwi pancen ayu tenan, upama kae gak sabane neng sawah karo neng pawon ngene iki ngono, terus disampiri sandhangan sing rada patut sithik wae, mesthi ketok mentrong-mentrong kaya jambu darsana kemundhuh".

 

"Lha ketingale Yu Marti niku empun wonten sing ngajengi napa dereng ta Gan?" Giyem takon.

 

"Nek sing ngarepi ki mesthine ya akeh Yem" wangsulane Sihmirah "sing angel ki rak sing nocogi atine Marti?. Aja maneh kok mung ngarah dhudha sing wis rada umur, lha wong jaka-jaka sing isih gagah prakosa wae, kira-kira nek weruh Marti kuwi ya akeh sing padha nguku idune kok. Ning ya kuwi mau, dhek emben pas tak kandhani supaya Marti kuwi mikir golek bojo maneh, wangsulane jare durung bisa nglakoni, kajaba isih durung  bisa nglalekne Taslim, jarene ngenteni nek Hajir wis rada gedhe dhisik".

 

"Ngoten niku lumrah Gan" Saminah nyauti gunem "duka nek bar sewune sing jaler niki, gek Hajir sak niki rak nggih empun rada gedhe, tiyang pun kelas setunggal".

 

"Iya Yu" dumadakan Sihmirah mripate kaca-kaca "jane aku ki arep nembung Marti, nanging isih menga mingkem lambeku, merga anake Marti ki mung siji, sirku Hajir ki rak arep tak pupu, sapa ngerti bisa dadi lantaran aku kaparingan momongan?".

 

Olehe Sihmirah kaca-kaca mripate kuwi merga Sihmirah kelingan karo kahanane sing wis meh patang tahun omah-omah, nanging durung kaparingan anak. Mesthi wae, kang mangkene iki ndadekne Sihmirah nelangsa, sanajan Kadirin wis bola-bali kandha supaya Sihmirah sabar, mengko nek wis wayahe Gusti Allah mesthi aweh turun marang dheweke.

 

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (02)

 

(02)

tumetesing ati rengka kanggo sawargi Kyai Sukirna

 

Bubar salat, Marti nyedhak. Sikile sing lanang dipijeti, krasa panas banget.

 

"Nek bisa ndang dingge turu wae Pak" kandhane marang Taslim.

 

"He eh" wangsulane Taslim karo nggruguh "ya ngisakan dhisik".

 

"Saiki tak gawekne Teh Panas ya?"

 

"Ngono ya apik"

 

Marti menyat nyang pawon. Taslim ditinggal. Nguripne pawon nganggo blarak garing, nggodhog banyu. Ora suwe wis umub. Ngracik teh neng gelas, banjur digawa neng cedhake sing lanang.

 

"Iki lho Pak Teh-e" Marti nyelehne teh neng kenap cedhak amben. Taslim ora semaur.

 

Marti kaget bareng weruh kahanane sing lanang. Mripate mendelik, untune nggeget, awake kaku.

 

"Pak.... pak...." Marti celuk-celuk, nanging ora ana wangsulan. Ketoke ambegane sing lanang pedhot-pedhot. Marti dadi bingung, ora sranta banjur bengok-bengok karo nangis, nyeluki bojone.

 

Jerit-jerite Marti, ngagetne tangga kiwa tengen tunggal sak magersarine Juragan Kadirin. Banjur padha mara, ndelok ana kedadean apa. Ora suwe Juragan Kadirin karo Sihmirah, bojone ya teka.  Bareng padha weruh kahanane Taslim sing kaya ngono kuwi, Kadirin banjur printah Apan, adhine,  supaya marani Pak Abu mantri kesehatan sing kulina nambani wong lara.

 

Ora nganti sak jam Pak Abu wis tekan kono karo nggawa pirantine. Taslim dipriksa, kanthi tliti.

 

"Niki napa bar keneng gaman, kebacok upamane?" Pitakone Pak Abu marang Marti.

 

Marti lingak-linguk, ora bisa wangsulan. Pak Abu nyawang wong sing ana kono genti-genti.

 

"Anu Pak Mantri" Apan omong.

 

"Piye?" Pak Abu takon.

 

"Wau Kang Taslim sambat criyose sikile kenek eri kakum teng kedhokan" wangsulane Apan.

 

"Enggih Pak Mantri" Marti numpangi rembug "ning empun kula sudhet".

 

Pak Abu ora wangsulan, banjur mriksa tatu tilas kena eri ing dlamakane Taslim.

 

Bola-bali Mantri Kesehatan kuwi njengkerutne bathuke. Banjur omong alon-alon marang Kadirin.

 

"Saged medal teng emper sekedhap Pak? Kula pingin rembagan sekedhik kalih Pak Kadirin".

 

"Mangga" wangsulane Kadirin sing terus metu nyang emper bareng karo Pak Abu.

 

Ora suwe wong loro kuwi bali mlebu omah, nyedhaki panggonane Taslim ngglethak.

 

"Make Hajir" Kadirin nyeluk Marti.

 

"Nggih Gan" wangsulane Marti.

 

"Iki, ketoke Pake Hajir keneng Tetanus, kudu digawa nyang Rumah Sakit".

 

Marti meneng, ora wangsulan. Kadirin nerusne omonge :

 

"Saiki kowe ndang tata-tata, bengi iki ayo Pakne Hajir diterne nyang Rumah Sakit" Kadirin banjur printah nyang Apan "pan, mobile tokna, gawanen mrene" muni ngono kuwi Kadirin karo ngelungne kunci mobil nyang adhike.

 

Bengi kuwi Taslim sing wis ora bisa apa-apa kuwi digawa menyang Rumah Sakit. Kadirin dhewe sing nyetiri mobile. Marti melu ngancani, Hajir kanggo sawantara dititipne menyang bojone Sukiban. Bocah cilik sing durung ngerti apa-apa kuwi mung meneng. Nanging sejatine ya ngerti nek bapakne lara sing nemen. Ana rasa kuwatir ing atine.

 

Neng jero mobil Taslim sing ngglethak, sirahe dipangku bojone, babar pisan wis ora sambat. Kadirin sing nggelak mobile, daya-daya kepingin enggal tekan Rumah Sakit, nganti Pak Abu sing lungguh neng sisihe bola-bali ngelingne supaya aja kesusu lan ngongkon supaya ngati-ati.

 

"Paaaak.....paaaak.." dumadakan Marti mbengok nyeluki bojone.

 

Pak Abu sing manggon neng ngarep kaget, semono uga Kadirin sing lagi nyekeli setir mobil.

 

"Minggir riyin Pak" Pak Abu aba minggir marang Kadirin. Mobil diinggirne terus mandheg. Wong loro memburi, ndelok kahanane Taslim. Jebul ambegane wis mandheg, keteg jantunge wis ora ana. Pak Abu mriksa kahanane Taslim sedhela.

 

"Inna lillahi wa inna ilaihi raji'uuun" sebute Pak Abu karo ngusap praupane Taslim.

 

Krungu sebute Pak Abu, Marti mbengok terus semaput. Ora eling apa-apa maneh, semendhe neng jok mobil.

 

"Bablas napa mbalik niki Pak Abu?" Kadirin nakoni Pak Abu.

 

"Lha mpun boten wonten ngeten lho pak? Nggih wangsul mawon" wangsulane Pak Abu.

 

Mobil puter bali mulih. Bengi kuwi jenazahe Taslim banjur diupakara, manut adat lan syaringating agama. Wis dadi kalumrahan ing desa kono, ora tau nginepake mayit neng omah. Bengi kuwi uga jenazah dikuburake ing pakuburan umum.

 

Jaman uripe, Taslim pancen klebu sing becik srawunge. Mula sing nggawekne kuburan, sing nyalatne lan sing ngeterne nyang kuburan iya akeh. Durung nganti tengah wengi pangubure wis rampung. Wong wedok-wedok padha mara nyang omah, nggawa gawan rupa beras, gula lsp, aweh panglipur marang Marti sing mung bisa meneng karo luhe ora mandheg mili saka mripate.

 

"Diikhlasne wae ya nDhuk" kandhane mBah Bonatin marang Marti "Sing dibutuhne Pakne Hajir saiki mung kari pandongane sing ditinggal. Ora liwat, muga-muga kaparingan jembar kubure padhang dalane, lepasa parane ngadhep Gusti Allah cadhong pangapuraNe".

 

Marti ora semaur, mung manthuk thok.

 

Nganti padhang isih akeh wong-wong sing neng omahe Taslim, ngancani Marti. Hajir bocah cilik sing ngerti nek wis ditinggal mati bapakne kuwi, katon susah. Najan ora nangis, nanging ora gelem turu, lungguh meneng karo nglendhot neng gegere simboke. Kang mangkono mau ndadekne wong-wong padha thukul welase.

 

Nganti pitung dina, tangga teparo padha gentenan mara, ngancani Marti murih ora nglangut jroning sepi. Marti uga wis bisa mupus, yen wis dadi pesthine dheweke kasampiran kuwajiban nggedhekne anake tanpa dikancani bojone. Mula najan rasa susah kuwi angel diilangne, nanging pikirane aweh printah supaya tatag, lan bisa nampa kanyatan kang kudu diadhepi sajroning uripe.

 

Hajir, bocah cilik sing wis yatim kuwi uga wiwit pulih. Wis gelem dolanan karo kanca sabarakane. Mung nek mulih saka dolan, tekan omah mesthi kelingan bapakne. Nanging ya ora suwe, banjur keslimur karo dolanane.

 

Let sedina saka dina slametan pitung dinane Taslim, Marti ya wiwit bali nyambut gawe, dadi rewang srabutan neng omahe Juragan Kadirin. Kanthi mangkono susahing ati tininggal bojo, luwih bisa kaslimur karo gaweyan sing kudu ditandangi. Sihmirah, Bojone Juragan Kadirin lan kanca-kancane Marti, ya padha pangerten, yen wektu kuwi Marti mbutuhne panglipur lan pamulihing semangat. Mula kabeh ya padha aweh semangat marang Marti.

 

"Ditinggal wong sing ditrisnani kuwi pancen ya abot Makne Hajir" kandhane Simirah marang Marti, pas Marti olah-olah pangan neng pawon kanggo wong-wong sing nyambut gawe neng sawah kaya padatane "luwih-luwih wis ditinggal isih ditinggali anak sing isih cilik, nanging kabeh mau wis dikersakne dening Sing Maha Kuwasa, dadi sanadyanta abot, kowe mesthi kuwat. Malah kabeh iki bisa dadi laku bratamu jroning nglakoni urip, nek kowe sabar lan narima karo apa sing dadi kersaNe, mangka ing tembe mburine mesthi bisa mbok undhuh uwohe".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti "kula gagas nggih boten enten bathine kok terus-terusan mikirne tiyang sing mpun boten enten niku. Sak niki sing kula gagas niku namung setunggal, mugi-mugi saged nggedhekne Hajir kados lumrahe tiyang anak-anak".

 

"Iya, kuwi wis bener" kandhane bojone Juragan Kadirin sabannjure "lan kowe aja kuwatir, ngelingi labuh labete Pakne Hajir, karo kasetyanmu marang kulawarga kene, mengko aku ya ora bakal merem, mbuh ora ketang sepira, mesthi bakal aweh bebantu kanggo ngragadi si Hajir nganti tekan gedhe, saora-orane ya nganti lulus  neng Madrasah kulon kono".

 

"Enggih" wangsulane Marti cekak, karo nerusne anggone tandang gawe.

 

ana candhake.

 

GEMBILI ING PAGER SATRU (01)

 

(01)

dening : Bapakne Bhisma.

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Wancine pacak gawe. Mangsa kanem, kadang tani padha gethengan nggarap sawah. Nek wayah ngene iki, wektune wong tani kanggo leren prasasat ora ana. Wiwit bar shalat subuj wis budhal menyang sawah, wektu dzuhur lan ngasar adhakane isih neng sawah, bengine isih ngurusi banyu kanggo ngoncori sawahe. Pokoke jan ora ana wektu kang mirunggan tenan. Ngono kuwi dialami dening wong sing sugih sawah lan wong sing dadi penggarap sarta sing dadi sapukawate wong tani sing sugih sawah.

 

Dadi Kadirin sing sawahe pirang-pirang bahu karo Taslim sing dadi sapukawate,repote padha. Nek Taslim kudu mikir gaweyan anggone mluku, nggaru, mopok, tamping, kebyak lsp kudu lancar aja ana sing nguciwani. Lha nek si Kadirin iya kudu mikir carane ngopahi para tenaga sing nyambut gawe nggarap sawahe.

 

Ora mung Taslim sing prasasat ora kober nyelehne bokong kanggo lungguh, najan Marti, bojone, repote ora kurang-kurang. Wiwit durung subuh wis cethik geni neng pawon, olah-olah kanggo ngingoni wong nyambut gawe neng sawahe juragane. Anake lanang, umur patang tahun, aran Hajir mung didadekne samben. Olehe ngopeni ya mung sak kobere wae. Ya abot-abote urip dadi buruhe wong tani sugih ya ngono kuwi. Nanging gandheng wis kulina, ora ana critane tembung sengsara. Lha nek bab keseling awak kuwi lumrah. Ning panguripan krasa tentrem. Pancen bener kandhane wong punter : sing sapa kepengin tentrem uripe diage nggedhekne rasa panarima marang Pangerane.

 

Kaya upamane, esuk bar saka langgar subuhan, Taslim nyedhaki Hajir, anake lanang, sing isih ngringkuk neng amben. Bocah cilik kuwi dielus bathuke, karo dibisiki :

"Pak-e arep nyang sawah dhisik, mengko gak oleh nakal lho? Adus dhewe terus nusul Mak-e nggone Juragan Dirin".

 

Mesthi wae, Hajir ora semaur. Wong isih turu nglepus. Malah, Marti, bojone sing nyauri :

"Wis arep budhal ta Pak? Wedange tak seleh dhuwur grobog mau pa wis diombe?"

 

"Wis" wangsulane Taslim karo nyandhak wekis terus nyaut pacule, bablas metu. Dina iki ancerane nyang sawah Sinderan, arep nDhaut lan njidhar. Tekan lurung ngarepan ditakoni Apan, adhine juragane sing lagi nggiring kebone.

 

"Kowe mengko nyang Sinderan Kang?"

 

"He eh" wangsulane Taslim karo aweh printah "Jono mengko nek bar saka sawah Gempol kon nusul  mrana, ben ngrewangi njidhar".

 

"Iya Kang" Apan semaur "dhek sore kae wonge ya ngomong ngono kok".

 

Jono kuwi bakune sapu kawat nglakokne rajakayane Juragan Kadirin nggarap sawah. Nanging bar nandangi gaweyane ya banjur ngrewangi nyandhak gaweyan sawah liyane. Omahe padha karo Taslim, magersari neng pekarangane Kadirin kono.

 

Racak-racak sing dadi bebaune Kadirin, nyambut gawene sregep. Amerga padha ngrumangsani, nek sing diopahi kuwi tandang gawene. Kajaba saka iku, dadi Juragan, Kadirin ya ora cethil-cethil nemen. Nek mung rupane panganan ngono, sing dipangan Kadirin sak anak bojone, ya padha karo sing dipangan buruh-buruhe. Kadirin ya nggatekne panguripane para bebau ing saben dinane. Sadurunge macak gawe, bebaune diklumpukne lan disilihi dhuwit, nyaure mengko dipotong opah sithik-sithik. Dadi wong budhal nyambut gawe ora kudu diboti mikir sing eneng omah.

 

Mula ya ora nggumunake, najan awan panase kaya mlethekne sirah, utawa udan sing adheme njekut, nek wayahe gethengan ngene iki, ora ngenteni printah para bebau wis padha budhal dhewe-dhewe. Nindakne pagaweyan sing dipasrahne.

 

Dina kuwi, Taslim ngedhepi gaweyan ndhaut karo njidhar sawah Sinderan. Diarani Sinderan, biyen jaman Landa sawah kuwi duweke Sinder. Mula banjur karan Sinderan.Sawah sing ambane rong bau kuwi sesuk wayahe tandur. Dadi gaweyan ndhaut lan njidhar kudu rampung dina iki.

 

"Ketoke mengko nganti surup jik neng sawah Lim" kandhane Kadirin sing uga melu tumandang.

 

"Boten" wangsulane Taslim "wong dhautane sekeca kok. Gek Jono kalih Simuh bakda king Gempol nggih kula ken nyusul mriki, njidhar".

 

"Lha iki sing ndhaut wong sanga?" Pitakone Kadirin maneh "sepuluh aku?".

 

"Nggih".

 

"Ngene wae, kowe bar sarapan mengko, ngajaka cah loro, miwitana njidhar, lha sing nem ben ngancani aku ndhaut"

 

"Nggih"

 

Bener kandhane Taslim, lemah pinihan ora bantat, kepara nguyah dadi jabutane winih ora ngrekasa. Dhasar sebarane dhek emben jogeran. Wayah kiriman sarapan teka, olehe ndhaut wis oleh wolung puluh pocong.

 

Bubar sarapan, leren sedhela sing padha doyan rokok, padha udut karo jagongan. Entek sak rokokan padha bali nyemplung neng pinihan, nerusne ndhaut. Kaya pakone juragane, Taslim ngajak Darmin karo  Siman miwiti njidhar. Karo munggah nyang Tulakan, wong telu mikul winih kabeh, kajaba kanggo njidhar uga ngiras pantes dibanjarne pisan.

 

Watara jam telu sore, olehe padha ndhaut wis rampung sak nggone mbanjari pisan. Banjur padha ngebyuk melu njidhar. Kira-kira jam papat gaweyan kanggo ngadhepi tandur sesuk kuwi wis rampung kabeh. Wong-wong banjur reresik awak, adus banyu sawah, mengko tekan omah kari mbilasi nganggo banyu sumur.

 

Udane isih tumiba najan mung kari grimis thok. Hawane sansaya atis, karo mlaku mulih wong-wong padha nyumet udut,  ben ora katisen nemen-nemen. Rokok kuwi kumebul ora teles merga ketutupan kudhung sing amba. Wong-wong mlaku mulih, nurut selip, karo omong-omongan.

 

"Lho sikilmu keneng apa Lim?" Darma Blendhus nakoni Taslim sing mlakune pincang.

 

"Kenek eri Lik" wangsulane Taslim karo kecancikan "sajake keri neng jero, wong eri kakum".

 

"Teka omah ndang disudhet lho Lim" Sukiban melu omong "eri kakum ngono kuwi sok-sok bisa marai nggreges".

 

"He eh Lik" wangsulane Taslim "saiki nek awak wis krasa adhem panas, jare. Mengko teka omah ben disudhet Makne Hajir".

 

Wong-wong njujug omahe Juragan Kadirin, bubar padha adus mbilasi awak neng sumur banjur padha mangan. Taslim ketok ora kepenak, mangane mung sethithik, ya ora guneman apa-apa. Rampung mangan, banjur ngalih menyang omah pawon nggoleki Marti, bojone.

 

"Nyang apa Pak?" Pitakone Marti, bareng weruh sing lanang nyedhaki papane.

 

"Aku arep mulih dhisik" wangsulane Taslim "kowe mengko gek ndang bali, arep tak kon nyudhet, sikilku keneng eri kakum, keri neng njero".

 

"He eh" wangsulane Marti "bar isah-isah tak ndang balik".

 

Ora wangsulan Taslim mlaku metu, arep bali nyang omahe. Tekan omah Taslim ngrasakne rasane awake sansaya ora karuwan. Mriang, balung lan otote krasa lara kabeh.  Karo ngenteni baline sing wedok, Taslim munggah amben. Mapan ngglethak kemulan sarung, brukut, karepe supaya bisa kringeten ben panase suda.

 

Mbarengi maghrib, Marti teka omah. Hajir ngetutne neng mburine. Weruh sing lanang kemulan brukut, Marti nyedhak karo takon :

"Disudhet saiki Pak?"

 

"Heh...heh...." Taslim semaur "karo nggruguh".

 

Marti gage golek dom, banjur nyedhaki sing lanang. Taslim mengkurep neng amben, karepe murih bojone gampang nggone nyudhet dlamakan sikil sing klebon eri.

 

Marti ora takon apa-apa, merga sikil sing keneng eri wis ketok, mbrabak abang. Marti dadi kaget nalika nyenggol sikile sing lanang krasa panas banget.

 

"Awakmu panas banget Pak" kandhane.

 

"He eh" wangsulane Taslim karo ambegane keprungu menggeh-menggeh "eri kakum mbuh katutan wisa apa?".

 

Marti ora semaur, sikile bojone disudhet, sajake eri sing nancep rada jero. Taslim babar pisan ora sambat, amerga larane sudhetan isih kalah karo rasa lara sing rumangsane nutup awak sakujur.

 

"Eri tanjang Pak" aloke Marti bareng eri sing neng jero dlamakan kasil digeret metu.

 

'He eh" wangsulane Taslim mung ngenaki rembuge sing wedok "nek wis, tatune jejelana uyah, terus tulung bathukku bobokona nganggo godhong dhadhap serep ngarepan kae, panase ora karuwan iki".

 

"Iya" wangsulane Marti, sing terus metu, amek godhong dhadhap serep limang lembar, diumbah banjur dilembutne nganggo gandhik neng pipisan.

 

"Kowe ndang shalat" kandhane Taslim nalika Marti nemplekne pipisan godhong dhadhap sirep neng bathuke "wektune wis meh entek. Aku tak salat karo ngglethak wae, rasane aku ora kuwat ngadeg".

 

"He eh" wangsulane Marti karo menyat nyang padasan arep wudlu. Taslim sedhakep mapan salat karo ngglethak. Anake lanang, lungguh anteng neng sandhinge.

 

 ana candhake


Senin, 15 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 53

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih


53.

 

Sauntara kuwi, Indri sing bareng karo Eva bareng tekan omah weruh ana Fortuner parkir neng latare dadi takon-takon neng jero ati. Ketoke Indri wis kerep weruh mobil kuwi, ning lali neng ngendi, karo lali dhek kapan olehe weruh. Indri banjur mudhun saka mobil, ditune Eva lan kanca lima liyane. Bocah lima anggota 3M kuwi, banjur padha pamitan, njupuk sepedha motore sing mau ditinggal neng kono, banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Pak Anis ora mampir merga liwat dalan liya sing luwih cedhak.

 

"Ayo mBak mlebu omah dhisik" kandhane Indri ngajak Eva mlebu.

 

"Ketoke lagi ana tamu Dhik? nek ndelok mobile, Iki mesthi wong penting, Fortuner modhel sing anyar dhewe, plat L, Surabaya" kandhane Eva mangsuli pangajake Indri, karo ngomongne mobil sing diparkir neng latar ngisor pelem kuwi.

 

"Ooo, iya....." Indri ngomong karo ndemek bathuke dhewe .

 

"Apa Dhik ?" Eva takon rada kaget.

 

"Anu, kuwi mobile Pak Tri, Ome mBak Farida" wangsulane Indri  "daleme Surabaya, nanging kok neng kene? Apa mBak Farida? kok gak WA dhisik?".

 

"Ya wis, ayo ndang mlebu" kandhane Eva "mengko rak genah nek wis kepethuk wonge".

 

Alon-alon bocah loro kuwi mlebu omah, karo uluk salam. Tekane Indri karo Eva dipapag karo eseme Bu Lilik, sing banjur nglorohi Indri :

 

"Temen ta mBak? Ammah wis tekan omahmu temen ta?. Saka kegiatan nang ngendi wae iki mau?".

 

Indri karo Eva gentenan nyalami Bu Lilik.

 

"Saking Kaligedhe Ammah" wangsulane Indri  " saking studi banding dhateng Kaligedhe".

 

"Lha mBake iki sapa? ketoke Ammah kok durung tau ketemu?" pitakone Bu Lilik sawuse disalami Eva.

 

"Dalem Eva, Ammah, sedherekipun Dhik Indri" wangsulane Eva melu-melu ngundang Ammah marang Bu Lilik.

 

"Niki putra wuragilipun nDara Den Ayu Hartini Bulik" Karmini nrambul rembug nggenahne sapa Eva marang Bu Lilik.

 

"Oo, mBak Tien mBakyune Pakdhe Bagus ta? enggih-enggih" wangsulane Bu Lilik karo manthuk-manthuk.

 

"Bu Lilik karo Pak Triyanta iki biyen daleme ya kene mBak Eva, saiki pindhah nyang Sidoarjo kana, Pak Triyanta iku isih kapernah rayine Pak Supriyadi sing daleme Plosorejo wetanMasjid Al-Hasan kae" Karmini genti ngandhani Eva nggenahne mungguh sapa Pak Triyanta kuwi.

 

Eva rada kaget ngerti nek sing ana ngarepe kuwi jebul, sing dirasani karo Mamahe dhek esuk, Alif. Alif sing jare Mamahe arep dijodhokne karo dheweke, nanging Eva ora gelem mau. Eva nglirik, Mamahe pancen ora salah, Alif bocahe ngganthengt, pideksa, sopan tur ketoke ya pinter tenan.

 

"Beneran iki" dumadakan Antok ngomong kandhane rada dibanterne.

 

"Beneran piye ta Mas?" Bagus takon "sampean ki durung rampung omongan, malah arep ngomong liyane? coba mau olehe sampean ngomong mau tekan ngendi?".

 

"Iya... iya.... " Antok ngguyu "iya tak tutugne dhisik olehku kandha mau, Indri gak sah nglaih nang kene wae".

 

"Mangga" Bagus wangsulan.

 

"Wongtuwane Arek wedok iku gampang-gampang angel, nek kumat kakune kaya alu kencenge, ning nek lagi nengah udele, lemese kena ngge tali" Antok nutugne olehe crita "aku arep nembung nyang wong iku malih ragu-ragu, kuwatir wonge tersinggung banjur aku disatru. Mas Bagus ya wis ngerti dhewe, dadi wong ki aku gak pinter omong, sansaya nek ngomongne barang sing wigati ngono iku".

 

"Wis, aku wis ngerti saiki" Bagus wangsulan karo ngguyu "sampean rak arep ndhawuhi aku dadi talanging basa ta?. Siap Mas, kapan ? omahe ngendi?"

 

"Temen Mas?" Antok takon serius.

 

"Tenan, wis ta ndang paring dhawuh wonge iku sapa? Daleme ngendi? banjur olehe mara rana suk kapan? Tak jamin berhasil dengan gemilang Mas, waton bocahe kuwi durung ana sing nglamar lho?!?" wangsulane Bagus mantep.

 

Antok meneng sedhela banjur nyawang sisihane karo sinar mripate nuduhne tandha pitakon. Indri wangsulan karo isarat manthuk.

 

"Nek ngono, ngene Mas Bagus ambek mBak Kar, waleh-waleh apa pancen aku kudu bares marang sampean" Kandhane Antok ngati-ati, tembunge digawe arang olehe ngucapne "tekaku mrene iki mau, sepisan apene nagih janji marang mBak Karmini, ping pindho apene nyuwun tulung marang Mas Bagus".

 

"Nangih janji ingkang pundi Mas Tri?" Karmini takon sajak kaget, Bagus ya melu-melu kaget, merga ora ngerti nek sisihane jebul wis ngiket janji karo Antok, janji bab apa iki?.

 

"Aku nyuwun sepura Mas Bagus" kandhane Antok sabanjure "biyen awake dhewe isih nom, isih legan, aku tau gak bares marang sampean".

 

"Bab apa kuwi Mas?" Bagus takon.

 

"Nadyan rada isin ya tak kandhakne" wangsulane Antok karo mesem "biyen jaman baren-bareng ngeterne atlet silat Kedunggalar neng Ekakapti sing salah siji atlete ya mBak Kar iki, tanpa dingerteni sapa-sapa aku omong nyang mBak Kar nek kepengin nyambung talining katresnan, jebul dening mBak Kar ditulak, sebab mBak Kar wis luwih dhisik nampa katresnane Mas Bagus. Aku ya banjur mupus, pancen dudu jodhoku. Nanging aku banjur nembung nyang mBak Kar, mbesuk awake dhese besanan wae, ngono. Mbak Kar ya nyaguhi. Mula saiki aku arep nagih janjine mBak Kar mau. Banjur aku nyuwun tulung Mas Bagus supaya nembungne putra sampean si Alif marang wong tuwane Indri, nek Indri durung duwe pacangan, tur ya ora kabotan, tak suwun bisaa dadi jodhone putra sampean Alif".

 

Karmini karo Bagus rada kaget karo sing dikandhakne Antok ngono kuwi, ora nyana babar pisan nek tekane Antok saanak bojone kuwi mau arep nglamar anake. Beda maneh karo sing ana angen-angene Indri. Merga sanajan durung tau jagongan, omongan karo Alif ya mung nek pas kepethuk neng Yogya tur ya mung nek perlu thok wae, satemene ana rasa aneh ing atine Indri saben-saben krungu jenenge Alif diucapne wong liya ngana kae. Lan bareng saiki ditembung marang wong tuwane, Indri mung bisa meneng, pasrah apa sing dadi keputusane wong tuwane. Luwih beda maneh karo sing digagas Eva. Mau esuk, sadurunge budhal mau, Eva kober rada eyel-eyelan karo Mamahe, sing dadi jalaran mung merga ngrembug karepe Mamahe sing kepengin, njodhokne dheweke karo Alif, sing sasuwene iki durung tau ditepungi. Tujune mau, direwangi Mamahe nganti muring-muring Eva kukuh ora sarujuk karo pangrigene Mamahe. Upama mau diiyani? harak sida kecelik tenan?. Nanging, mengko kepriye ? Mamahe mau kandha nek Eva emoh, sing arep dijodhokne karo Alif ponakane bu Narsih ki genti si Ester, sedulur nak dulure. Gek mengko dadine kepiye, atake Ester ora kaya dheweke, dikandhani ana wong bagus sing isih jomblo, banjur ditampa ngono wae?.  Banjur nek Mamahe sidane kecelik?. Ah, kuwi dudu urusanku........ akhire Eva mupus.

 

"Ngene ya Mas Antok" Bagus genti omong padha karo Antok pas omong mau, suwarane digawe ngati-ati tembunge diarang-arangne "nek wong tuwane Indri genah nek wis mathuk, saiki sing arep nglakoni tak tarine dhisik gelem utawa orane".

 

"Iya Mas, Mangga"

 

"nDhuk Indri, kowe wis krungu dhewe apa sing dingendikane Pak Tri mau, saiki wangsulana kowe gelem apa ora dadi sisihane Mas Alif?" Bagus nakoni anake wedok.

 

"Lha mengke kuliah kula pripun Bapak?" Indri ora mangsuli panarine Bapake malah takon bab kuliahe.

 

"He, Bapak ki takon kowe gelem apa ora? kok malah ngrembug bab kuliah barang? perkara kuliahmu dirembug nek kowe wis mangsuli pitakone bapak, gelem apa ora?".

 

Praupane  Indri mbrabak abang, kabeh mripat sing ana kono padha tumuju marang dheweke, kabeh kepengin ngerti apa sing dadi wangsulane. Nanging Indri milih meneng ora wangsulan, merga Indri ngerti kabeh sing ana kono wis padha weruh, menenge prawan ditari rabi kuwi ateges wis ngiyani lan  gelem nglakoni.

 

Kahanan dadi sepi, ora ana suwara apa-apa. Saka kadohan keprungu suwarane Manuk Kutut sing isih durung diingu lan diwadhahi ing kurungan, nanging bebas ngayer ing pang-pang wit sing ana ing pategalan. Lan saka omah sebelah, keprungu suwarane wong muter radio sing nggiyarne lagu-lagu campur sari, keprungu lamat-lamat Manthos ngidungne lagu lawas :

 

"....... wekasan mung welingku......

aku titip kembang mawar biru .........

 

 

cuthel.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...