44.
Ki Lasma ora enggal semaur mung mripate manther nyawang praupane Ki Pelanggolan, kanthi panyawang surem ngemu rasa kuwatir. Jroning atine Lasma banjur kelingan ya gene dheweke nganti keraya-raya ngancani Sima Loreng wiwit kepethuk sepisanan biyen nganti saiki Sima Loreng ngalih jeneng dadi Ki Pelanggolan. Kuwi kabeh dilakoni ora merga tanpa pamrih babar pisan, nanging duwe pamrih oleha pitulungaNe lan bisa bali dadi manungsa lumrah. Pancen bener, weca sing ditampa saka Raden Sengkan jaman semana mung nyebutake yen sranane murih bisa luwar saka walat merga mangan endhog gunung kuwi mung supaya dheweke ngancani muride Sima Abang sing ngupadi gurune. Nek mung kuwi, kena ditegesi mbuh apa kang bakal kelakon lan dialami dening Sima Loreng sawise kepethuk gurune, kuwi dudu tanggung jawabe. Nanging nek ngelingi jenenge kekancan lan paseduluran ngono kudu ditindakne wiwit lahir nganti tekan batin, dadi yen nganti ana apa-apa sing ora nyenengake ati sing kudu dilakoni kanca utawa sedulure, mbuh sepira bobote dheweke mesthi bakal melu ngrasakne. Kamangka Lasma melu krungu dhewe saka Sodagar Widaru sing ngandhakne weca saka Ki Gedhe Cupuwatu, tetemon antarane Sima Loreng karo Sima Abang kuwi mawa pangorbanan sing gedhe, ya iku nek ora kedadeyan perang tandhing antarane Sima Abang sing wis wujud Macan Gembong karo Sima Loreng, jalaran Sima Abang isih dikuwasani sipat macan, ya Sima Loreng bakal kesababan walat temah nampa paukuman embuh rupane. Mula gelem ora gelem, Lasma banjur rumangsa miris mikirake apa sing bakal kedaden yen Sima Loreng klakon kepethuk karo Gurune.
"Paman Lasma sajak isih tidha-tidha marang lekasku sing sedhela maneh kepethuk Guruku ya Paman?" Ki Gedhe Pelanggolan takon sawuse Lasma mung nyawang tanpa kedhep marang dheweke.
"Ora jeneng tidha-tidha Ngger" wangsulane Lasma alon "nanging aku kuwatir, sepisan aku kuwatir Ki Pelanggolan bakal tiwas merga ngadhepi pangamuke Macan Gembong sing duwe kasekten tanpa tandhing nanging isih dikuwasani sipat macane. Yen ora, aku nguwatirake kaya apa rekasane Ki Pelanggolan yen nganti kena sabab walate racun Endhog Gunung sing disandhang Ki Sima Abang".
"Bener Paman" wangsulane Ki Pelanggolan karo mesem amba "pilihan warna loro kuwi ora ana sing nyenengake, nek ora kepengin salah siji saka loro kuwi tumiba marang aku, aku kudu ngilangake rasa kepenginku ketemu karo Guru, lan kuwi mokal kelakone. Mula aku banjur mutusake, apa wae sing bakal tak sandhang aku ora idhep, kang baku aku kepengin kepethuk karo guru sing biyen tau nylametake nyawaku lan aweh tuntunan ngelmu kanuragan marang aku".
"Lha banjur apa sing bakal ndika tindakne Kyai?" Lasma banjur takon, Lasma rumangsa duwe kuwajiban kudu ngancani Ki Pelanggolan nganti Ki Pelanggolan bisa kepethuk karo gurune.
"Sing sepisan" Ki Pelanggolan aweh wangsulan, ngandhakne apa sing arep ditindakne "aku arep aweh weling marang para Bebau supaya nyulihi kuwajibanku, merga aku arep nindakne gaweyan sing wigati sing ora perlu tak critakne marang para bebau kuwi. Kaping pindho yen nganti patang puluh dina aku ora bali, mangka padhukuhan Pelanggolan iki tak pasrahne marang para Bebau kuwi kabeh supaya dijaga murih lestarine sokur bisa luwih ngrembaka temah dadi Padhukuhan sing luwih gedhe lan luwih makmur maneh".
"Kuwi sing arep ndika tindakne marang para Bebau?" Lasma takon "lha sing arep ndika tindakne murih bisa kepethuk Ki Sima Abang kuwi apa? merga aku mesthi bakal melu ngancani satindak ndika nganti ndika kepethuk karo Ki Sima Abang".
"Ooo kuwi ta?" wangsulane Ki Pelanggolan karo ngguyu "mau aku krungu yen Macan Gembong sing dianggep sesinglone Dewa kuwi manggone neng Jati growong pinggir alas kulon kono, mula sesuk esuk aku arep miwiti laku samadhi ing ngisore Jatigrowong kuwi, kanthi cara mangkono iku aku bakal bisa klakon ketemu karo Guru. Paman Lasma yen kepengin ngancani aku, bisa lungguh ing papan sing rada adoh nanging isih bisa nguwasi aku, perlune sawayah-wayah ana apa-apa Paman bisa weruh lan ora ketiban awu angete".
"Yen pancen mangkono aku ya mung bakal ndherek apa sing dadi kersa ndika Kyai" wangsulane Lasma manut.
Sawise rembugan karo Lasma ngono kuwi, wengine Ki Pelanggolan banjur nindakne laku maneges marang purbaning Allah, masrahake pati lan uripe marang Allah. Satemene Ki Pelanggolan ngerti yen laku sing ditindakne kuwi durung pas karo laku sembahyange pandherek agama Rasul, nanging gandheng Ki Pelanggolan durung kober sinau sembahyang kaya sing diwulangake Gusti Kanjeng Nabi kang jumeneng Rasulullah, mula cara sing ditempuh dening Ki Pelanggolan kanggo masrahake jiwa ragane marang Sing Kagungan, ya nganggo cara olehe muruki gurune nalika samana sing jarene wewarah saka Sang Hyang Taya, Dzat Kang kena kinaya apa.
Rampung nindakne laku samadi, krasa entheng angen-angene Ki Pelanggolan. Rasa samar lan rasa kuwatir wis ilang kabeh, Ki Pelanggolan wis ngrumangsani yen satemene dheweke kuwi anane mung semu, anane sabab ana sing nitahake, tumitahe ing jagad iki muhung nindakne dhawuh saka Gustine murih weruh apa sing diarani ngalam donya, lan yen wis tiba titi wancine bakal katimbalan bali marang Gustine maneh. Mung wae, murih olehe bali ora kesasar marga, sajroning nindakne laku pangumbaran aja kongsi banjur kumawani ndhaku barang titipan kuwi minangka duweke dhewe. Lan Ki Pelanggolan wis ngrumangsani yen tenane dheweke kuwi ora duwe apa-apa, kabeh sing katon lan sing ora katon iku muhung kagungaNe.
Dina candhake kaya sing wis disarujuki, para bebau bali ngadhep marang Ki Pelanggolan maneh, kanggo nampa pituduh apa sing kudu ditindakne kanthi anane Dewa sing sesinglon Macan Gembong sing mudhun ing padhukuhane kuwi.
"Ki Bau kabeh" kandhane Ki Pelanggolan sawise para Bebau mlumpuk neng ngarepe "sawise aku mahas ing sepi, aku duwe dudutan yen para warga ing Pelanggolan kene ora perlu caos dhahar marang Dewa sing jarene ndika sesinglon Macan Gembong kuwi".
"Lha lajeng kados pundi Kyai?" Bebau Garem sing wingi duwe atur arep caos dhahar marang Dewa sing sesinglon Macan Gembong kuwi takon.
"Iya, sababe awake dhewe iki kabeh durung ngerti apa kuwi Dewa tenan apa dudu" wangsulane Ki Pelanggolan "kaping pindho upama kuwi bener Dewa sing sesinglon wujud, awake dhewe durung weruh apa dhaharan sing kulina didhahar Dewa, malah awake dhewe ya durung ngerti apa Dewa kuwi mbutuhne dhahar kaya awake dhewe mbutuhne mangan apa ora, iya ta?".
"Lha mosok awakipun piyambak badhe boten tumindak napa-napa gegayutan kalih wontenipun Sima Gembong ingkang kluyuran menika Kyai?" Bebau Gulon genti sing takon.
"Mesthi wae ora Ki Bau" wangsulane Ki Pelanggolan karo ngguyu "merga arepa kaya apa, kanthi anane Macan Gembong kuwi wis gawe mirise para warga kabeh".
"Lha ingkang badhe dipun tindakaken menapa Kyai?" Bebau Gulon bali takon.
"Aku karo Ki Lasma arep nemoni Macan Gembong kuwi ing Jatigrowong kana" wangsulane Ki Pelanggolan "sajrone tak tinggal nemoni Macan gembong kuwi, padhukuhan Pelanggolan tak pasrahne marang ndika kabeh murih ora ana kedadean sing neka-neka, yen sajroning wektu patang puluh dina aku karo Ki Lasma pranyata durung bali, mangka ndika kabeh tak wenehi wewenang murih milih salah siji saka ndika lan warga supaya didegne minangka sesulihku ya iku dadi Ki Pelanggolan. Ya mung welingku, marang ndika kabeh tetapa ndika sajroning karukunan aja ana sing dhemen kumawasa lan aja ana sing dhemen melik sing dudu duweke".
"Mangke rumiyin Kyai" Bebau Gulon banjur nanggapi karo suwara kedher, Bebau liyane ketok nek padha pucet praupane.
"Ana apa maneh Ki Bau?" Ki Pelanggolan takon.
"Rumaos boten sekeca salebeting manah kula, dupi kula mireng dhawuhipun Ki Pelanggolan ingkang makaten menika" wangsulane Bebau Gulon "kula kinten estunipun Ki Pelanggolan sampun uninga wewadinipun Sima Gembong menika, nanging awit saking tresnanipun Ki Pelanggolan dhateng kula miwah sedaya warga, Ki Pelanggolan boten kepareng medharaken wewadi menika. Kula sakanca ngrumaosi bilih kawruh kula sakanca boten wonten saenthit-enthipun kalih kawruh ndika Kyai saha kula sakanca ngrumaosi sampun kathah nampi sih kadarman saking ndika Kyai. Pramila saking menika mugi kawurungna lekas ndika Kyai badhe manggihi Sima Gembong ing Jatigrowong menika, jalaran waleh-waleh menapa kula sakanca boten saged gesang tanpa tinenggan dening ndika Kyai Pelanggolan".
Ki Pelanggolan gumuyu amba krungu panjaluke Bebau Gulon sing menging olehe arep menyang Jatigrowong kuwi.
"Aja padha kaya bocah cilik sing arep ditinggal biyunge lunga blanja Ki Bau kabeh" kandhane Ki Pelanggolan sabanjure "lungaku iki mengko aja ndika tegesi nek aku arep mati. Pancen nemoni Macan Gembong kuwi kebak bebayane, nanging ndika aja padha nguwatirake aku. Karo maneh ndika kabeh kudu ngerti, satemene dhawuh sing tak tampa nalika arep miwiti babad alas kene iki, mung kadhawuhan yasa Padhukuhan lan saiki padhukuhan wis dadi, mula wis rampung kuwajibanku. Saiki padhukuhan tak pasrahne ndika kabeh, borong olehe arep ndika nglestarekne sarta ngrembakakne Padhukuhan Pelanggolan".
Bubar muni ngono kuwi, Ki Pelanggolan aweh sasmita marang Ki Lasma supaya nggeret salirane ngambah alam prayangan, saperlu budhal menyang Jatigrowong, murih ora ana Bebau sing bisa ngregon-ngregoni lakune. Ki Lasma wis tanggap karo sing dikersakne Ki Pelanggolan, mung sasat sagenyaring that-thit dumadakan Ki Pelanggolan lan Ki Lasma padha ilang saka pandulune para Bebau.
ana candhake.