48.
Byar padhang, srengenge wis njedhul saka wetan, cahyane sumunar padhang kaya padhange polatan sing diduweni Ki Pelanggolan. Sawise sewengi utuh wujud macan gembong mbarengi mletheke srengenge bali wujud dadi manungsa maneh. Ingjerone wit jati sing growong Ki Sima Abang bali lungguh diadhep Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Kaya sing dikandhakne mau bengi Ki Sima Abang arep nyritakne lelakone sasuwene kumpul dadi muride Kyai Bantarjati.
"Nalika sapisanan kepethuk karo Ki Bantarangin ya Kyai Bantarjati" Ki Sima Abang miwiti olehe crita "niatku sakawit ora arep necep ngelmune, nanging aku kepengin mangan limpane, jalaran pitutur sing tak tampa saka Resi Wresaya, aku bisa bali wujud manungsa maneh lan duwe kadigdayan sing diduweni macan gembong, yen aku wis bisa mangan limpane Ki Bantarangin. Suwe olehku nggoleki dununge Kyai Bantarangin, bareng wis kepethuk ya banjur tak tembung kanthi apik-apikan".
"Ditembung kanthi sae niku pripun Guru?" Ki Pelanggolan nyela takon.
"Heh, menungsa sing nganggo jeneng Bantarangin" ngono kandhaku marang Kyai Bantarangin. Ketoke wektu kuwi Kyai Bantarangin rada kaget merga aku nyegat lakune lan banjur guneman marang dheweke, kamangka wujudku macan gembong, nanging bisa omong kaya manungsa "aku ngerti, ndika kuwi lagi nindkane laku dakwah nyebarne agama sing jaremu agama suci sing nuntun marang wong - wong jawa supaya gelem manembah marang Allah, rak ya ngono ta?".
"Bener kandhamu Macan aneh, sing bisa tatajalma tanpra beda karo manungsa" wangsulane Ki Bantarangin sing banjur diterusne nganggo pitakon "ndika kuwi sapa lan ana sedya apa teka ngadhang lakuku ana tengah dalan iki?".
"Ngertua Kyai" wangsulanku "jenengku Sima Abang saka Gunung Wilis, nggonku keraya-raya nemoni ndika iki merga saka tresnaku marang ndika lan nedya aweh pitulungan marang ndika".
"Ndika arep aweh pitulungan marang aku Ki Sima Abang?" Kyai Bantarangin sajak gumun krungu sing tak kandhakne "sajake aku durung mbutuhne pitulungan saka ndika utawa saka liyane ndika, kajaba pitulungan saka Allah sesembahanku".
"Bener sing ndika kandhakne Kyai" wangsulanku karo nggereng "ndika ora rumangsa ora mbutuhne pitulungan saka sapa-sapa, nanging aku mung kepengin aweh pitulungan marang ndika. Cethane, aku ngerti yen anggon ndika nggilut agama saka bumi Ngarab lan ngajak wong-wong jawa padha nggilut agama sing ndika gawa kuwi, merga ndika rak kepengin mbesuk nek wis mati bisoa munggah ing suwarga langgeng? Kuwi padha karo wewarahe guruku sing mulangake marang aku yen aku bisa mateni wong sing nyebarake agama sing jeneng agama Islam kuwi, aku bakal antuk nugraha saka sesembahanku. Nanging aku ya percaya yen ndika mati ana tanganku, ndika bakal munggah suwarga, mula murih aku lan ndika padha bathine, aku bisa oleh kanugrahan lan ndika bisa munggah suwarga, gelema ndika dina iki tak pateni ana kene. Iki tegese aku arep aweh pitulungan marang ndika mau, ya iku nulungi ndika supaya enggal bisa manjing menyang suwarga".
"Pawarta sing ndika tampa kuwi luput Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin wangsulan karo ngguyu "nggonku ngrasuk agama Islam lan nyebarake agama piwulange Kanjeng Nabi Sing jumeneng Rasulullah iki ora merga aku kepengin nggayuh suwarga. Sanajan aku ngerti suwarga kuwi kepara nyata yen ana lan dicawisake dening Allah kanggo titahe sing oleh kabegjan. Nanging olehku ngrasuk agama Islam lan ngajak wong-wong supaya gelem ndherek marang piwulange Kanjeng Nabi iki mung saderma nindakne wajib. Lire, gandheng aku wis oleh kanugrahan lahir trusing batin kanthi bisa ngrasuk agama islam iki, mula aku banjur duwe kuwajiban ngajak wong liyane supaya bisa oleh kanugrahan kaya sing wis tak rasakne iki, kuwajiban iki mung kinarya srana nggonku mujudake rasa sih tresnaku marang Allah sing wis paring pira-pira kawlasan marang aku nganti aku ora bisa milang sepira akehe. Dadi yen ndika ngarani olehku ngrasuk agama Islam lan nindakne laku dakwah iki merga aku kepengin nggayuh suwarga kuwi kleru".
"Dadi ndika ora gelem mlebu suwarga?" aku takon maneh, batinku wiwit anyel marang wong sing babar pisan ora wedi ndulu wewujudanku sing kaya ngono kuwi mau .
"Sumurupa Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin keprungu sareh lan kebak kesabaran "suwarga kuwi dudu duweku, ya dudu duwekmu, nanging kagungane Allah. Aku ora bisa manjing marang suwarga kajaba yen ana sing nglebokne lan sing bisa nglebokne aku utawa sapa wae menyang suwarga kuwi dudu aku, dudu ndika dudu titah liyane, nanging mung Allah pribadi. Dadi ndika kudu luwih pinter sajrone nampa apa sing wis tak kandhakne ing ngarep mau".
Krungu wangsulane Kyai Bantarangin mangkono kuwi mau, aku wiwit koncatan rasa sabar, jalaran wangsulan sing mangkono kuwi mau nuduhake yen Kyai Bantarangin ora bakal manut nek arep tak bedhah wadhuke tak jupuk limpane. Mula aku banjur tata-tata arep njupuk limpane Kyai Bantarangin sarana rodhapeksa. Karo nggereng Kyai Bantarangin tak tubruk, petunganku nek mung gedhene sak mono kuwi wae, ora nganti ngentekne sapra sepuluhe tenagaku Kyai Bantarangin mesthi wis mati dadi mangsaku. Nanging jebul petunganku kleru, Kyai Bantarangin bisa ngendhani panubrukku klawan gampang. Pisan, pindho, ping telu nganti aku ora bisa ngetung olehku mbudidaya bisa nubruk lan mbekuk Kyai Bantarangin tansah gagar wigar tanpa karya, Kyai Bantarangin tansah kanthi gampang bisa endha. Kamangka aku wis nggunakne aji jaya kawijayan sing wis tak duweni kabeh, malah aji panglemunan uga wis tak cakne, suprandene kabeh ora ana asile. Panggah wae aku ora bisa nyenggol awake Kyai Bantarangin sing jarene muride Syekh Jumadil Kubra kuwi.
Malah ing sawijining kalodhangan, Kyai Bantarangin bisa mletik rada adoh lan terus ngadoh. Nanging aku ya ora ngumbar Kyai kuwi ucul saka tanganku, dheweke terus tak buru. Jebul playune Kyai Bantarangin kuwi mung nyedhaki kucur sing banyune mancur. Ing kono, Kyai Bantarangin kaya ora ngreken aku maneh, dheweke banjur njupuk banyu kucur kuwi nganggo tangange kanggo sesuci. Lan aku dhewe ya ora ngerti ya gene Kyai kuwi bisa endha nalika tak tubruk nalikane dheweke sesuci, dadi karo sesuci dheweke isih bisa ngendhani pangrangsangku. Bubar sesuci, Kyai Bantarjati banjur mletik ngadoh, aku panggah ora pasrah, tetep tak buru kaya mau. Maneh-maneh aku dadi sansaya waringutan, Kyai Bantarangin sing ora migatekne aku babar pisan merga aku ditinggal nindakne sembahyang, kanthi patrap ngadeg, ndhingkluk mudhun ngambung lemah lungguh lan sapiturute. Nanging obahe Kyai kuwi ngepasi karo obahe panubrukku, temah kabeh panubrukku luput. Suwe-suwe aku kuwatir yen nganti kentekan tenaga dhewe, aku wiwit rada ngadoh ngenteni kalodhangan sing becik murih bisa ora luput anggonku arep mbekuk Kyai Bantaraangin.
"Heh Ki Sima Abang" sawuse rampung olehe sembahyang Kyai Bantarangin nyedhaki aku karo kandha "ndika apa ora ngerti ya gene ndika sing duwe kasekten punjul ing apapak, ewa dene tansah luput nggon ndika nubruk ragaku?".
"Keparat aja rumangsa menang luwih dhiski Kyai" wangsulanku sugal "aku ngerti yen ndika darbe kasekten sing linuwih temah kabeh panubrukku bisa ndika endhani, nanging paprangan iki durung ranmpung Kyai. Sing wis kelakon ndika kena diarani manggon ndhuwur lan bisa ngasorake aku, nanging sing arep kelakon mengko genti aku sing arep mapan ing ndhuwur genti ndika sing bakal tak kalahake, malah ora mung tak kalahne nanging malah ndika bakal tekan ing pati ana tanganku ing papan kene".
"Eh Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin wangsulan karo ngguyu ngece "jebul merga wujud ndika sing wis dadi kewan galak kaya ngono kuwi, wis ndadekne ndika bodho, ora bisa mikir nganggo pikirane manungsa lumrah. Aku mau takon kanthi karep aweh sesurupan marang ndika murih luwih pinter, nanging jebul ndika kuwi wis dadi bodho ora kaya sadurunge ndika dadi macan".
"Apa sing ndika karepne Kyai?" aku takon karo tata-tata arep nubruk maneh.
"Sing sepisan, ndika ora bisa aweh wangsulan marang pitakonku ya gene panubruk ndika tansah luput. Nalika arep tak genahne wangsulane, ndika wis nutupi ati ndika nganggo pandakwa ala marang aku kanthi ngarani yen wis dumadi perang antarane ndika lan aku, kamangka satemene ora ana perang, sing ana ndika mung tansah luput nalika arep mbekuk ragaku, diarani perang kuwi yen aku uga nimbangi genti males aweh serangan marang ndika, kamangka nyatane aku babar pisan ora aweh panglawan apa-apa marang ndika, iya apa ora?. Yem ndika pinter kaya lumrahe manungsa, ndika mesthine weruh iki mau ora ana tembung kalah utawa menang, jalaran aku lan ndika ora perang" Kyai Bantarangin aweh wangsulan sajak ora ngrewes karo sikepku sing wis tata-tata arep nubruk dheweke. Malah wangsulane keprungu kaya wong tuwa lagi nuturi anake sing nakal lan angel dikandhani, nanging olehe nuturi isih nganggo suwara sing sabar lan kebak katresnan. Nanging aku ora bakal tingal kaprayitnan, amerga kerep wae kedadeyan wong sing seneng nganggo bisa sing manis nanging jebule lamis, lan aku isih eling kari pituture Resi Wresaya nalika samana sing ngandhakne nek kabeh wong sing ngajak-ajak wong supaya gelem ngrasuk agama saka bumi manca kuwi duwe sipat sing lamis sanajan katone tembunge manis-manis.
ana candhake.