16.
Isih
esuk Waginem wis ngrampungake olehe nata lan mbunteli sarta aweh nota marang
sandhangan sing dikumbah lan disetlikakne neng Laundrenane. Dadi sawayah-wayah
dijupuk sing duwe kari ngulungne wae. Pancen Waginem duwe prinsip nek wis milih
gelem dadi tukang umbah-umbah lan setlika kuwi kudu bisa aweh kamareman sing
maksimal marang para langganane. Lan kuwi kabeh wis diakoni dening wong-wong
sing nglondrekne mrono, meh kabeh banjur padha tuman aweh kaparcayan marang
Waginem sing direwangi bocah nom loro, Nita karo Ella sing karo-karone isih
nyambi sekolah sing mlebune ing wayah awan. Para pelanggan ora mung tuman,
nanging uga gelem dadi tukang iklan lelahanan (gratis), padha ngandhani kanca
rowange supaya nek butuh ngumbahne sandhangan milih neng panggonane Waginem
wae. Kajaba asile nyenengake, uga kondhang jujur, nek nemu dhuwit utawa barang
penting sing katut neng sak klambi utawa clana mesthi disimpen lan dibalekne
marang sing duwe. Mula ora mokal nek banjur dadi sansaya laris lan sansaya reja
wae, nganti rewang loro kuwi dening Waginem isih perlu ditambahi siji utawa
loro maneh.
"Lha
jarene kowe mau arep nyang Kedunggalar ta Nem?" Mak Sadikem, simboke
Waginem mara karo takon "sida apa ora?".
"Ya
sida no mBok" wangsulane Waginem "wong aku wingi wis telpon Mas Sodik
nek arep nglebokne lamaran menyang SMA-ne, ya mengko sedhela maneh tak ndang
budhal".
"Mas
Sodik sing mrene bareng kowe pas bar golek SIM kae ta?" kandhane mBok
Sadikem maneh "wonge kae sopan banget ya Nem? ketoke wong pinter sing ora
gumedhe, seneng aku jagongan karo kancamu sing siji kae".
"Iya
mBok, wong pinter kuwi akeh-akeh ya sopan tur ora seneng ngremehne liyan"
wangsulane Waginem "merga wong pinter kuwi akeh-akeh ngerti, nek jane
ngono sopan lan ramah kuwi ora ngajeni sapa-sapa nanging malah ngajeni awake
dhewe".
"Kae
ketoke kok isih legan ta nDhuk?" mBok Sadikem takon maneh "upama bisa
duwe mantu kae ngono, aku mesthi seneng banget. Nek kowe dhewe piye Nem?"
Ditakoni
ngono kuwi atine Waginem nratab, sapandurat ora bisa wangsulan. Merga bares
wae, wiwit kepethuk sepisanan kae Waginem wis duwe rasa sengsem marang Sodik
Salim jaka rada tuwa sing ngakune mung buruh tani nyambi angon wedhus karo
sapi, ning jebule ya nyambi dadi guru barang, sanadyan isih guru GTT. Nanging
Waginem ora gelem katut adoh-kadoh kageret dening rasa pangrasane sing durung
karuwan bisa kasembadan, mula ditakoni simboke ngono kuwi, Waginem ya banjur
mesem rada amba.
"Wong
olehku tepung karo Mas Sodik kae ki durung suwe lho mBok" karo mesem
Waginem mangsuli pitakone simboke "pethuk ya lagi kaping pindho, sing
sepisanan bareng ngebus pas aku mulih saka ngendhangi Sri neng Yogya, sing
kepindho ya pas Mas Sodik mampir mrene kae, dadi aku ya rung mikir tekan nggon
kuwi".
"Nanging
wonge kae ketok nek wong temen, jujur, tanggung jawab, pokoke wong sing apik
lah, iya apa ora?" mBok Sadikem takon maneh.
"Ketoke
ya ngono mBok, ya bejane mbesuk sing bisa dadi bojone" Waginem wangsulan
karo ngguyu "Ya wis mBok, aku tak ndang tata-tata budhal, mumpung durung
pati awan. Nita karo Ella tak kandhanane dhisik, nek arep tak tinggal".
Waginem
banjur mlaku memburi, marani Nita karo Ella sing isih repot nandangi gaweyane,
Nita lagi nglebok-nglebokne kumbahan menyang Mesin Cuci sauntara Ella lagi
ketungkul nggone nyetlika.
mBok
Waginem ya banjur bali menyang warunge nunggoni dagangane, karo neng jero batin
nggagas yen tenane ngono anake wedok sing cilik kuwi mesthine wis wayahe
diomah-omahne. mBok Sadikem ya banjur kelingan anake wedok sing gedhe sing
saiki lunga menyang negara manca. mBok Sadikem ora kepengin lelakone Ponatun,
anake sing mbarep kuwi dibaleni dening Waginem, anake sing cilik.
"Ya
muga-muga wae, nasibe Waginem dadi luwih becik" mBok Sadikem guneman neng
jero atine "arepa bibit kawite padha, nanging Waginem kuwi wiwit cilik wis
duwe teku sing beda adoh karo aku sing diterokne Ponatun kae. Ya muga-muga wae
olehe Waginem wiwit cilik sregep melu ngaji neng TPA lan nganti saiki sregep
melu Pengajian sing uga dibarengi olehe sregep sekolah bisa nuntun lakuning
uripe liwat dalan sing bener lan diparingi kanugrahan dening Pangeran tembene
bisa urip sing lumrah, ora kekeceh ing blumbanging dosa lan kanisthan kaya wong
tuwane iki, geleme tobat sawise nyedhaki mati".
"Aku
budhal dhisik ya mBok" Waginem sing wis salin nganggo sandhangan sing
pantes teka karo pamitan, tangane simboke disalami karo diambung "dongakne
ya mBok, muga-muga olehku nglebokne lamaran neng SMA ne Mas Sodik bisa
ketampa".
"Iya,
iya ndhuk muga-muga Gusti Allah ngijabahi" wangsulane mBok Sadikem tulus
tumeka njeroning ati.
Sepisan
maneh mBok Sadikem nyawang anake wedok sing cilik dhewe kuwi, atine sansaya
mongkog, merga Waginem sing mung anake, saiki wis bisa ngrampungne olehe sekolah
nganti oleh gelar Sarjana Pendidikan lan sing ora kurang olehe rumangsa sukur
nyang Pangeran, sanajan katon prasaja nyandhang panganggone Waginem kuwi ketok
nek mencorong tejane, sumunar cahyane dhasare kasinungan rupa sing sulistyaning
warna.
Waginem
ya banjur nguripne pit motore, sawise sepisan maneh mbukak dhompet nliti STNK
karo SIM sing ora keri, banjur lon-lonan nglakokne pit motore sing arep digelak
menyang Kedunggalar. Wingi sore, lumantar WA, Sodik wis kirim kar yasane Google
sing nuduhne papan sing arep dituju. Waginem ya ora kelalen mampir menyang SPBU
ngebaki tangki sepedhane, sepedha motor matic sing olehe bisa tuku merga
dibantu, patungan karo Ponatun, mBakyune.
Nalika
lakune Waginem wis tekan regol sekolahan SMA Al-Hasan, mbarengi karo mBok
Sadikem magekne tekane dhayoh sing mara neng omahe. Munir.
"Dados
Dhik Wagi boten wonten dalem nggih Mak?" pitakone Munir marang mBok
Sadikem sawise mapan lungguh neng kursi sing ana warunge mBok Sadikem kuwi.
"Inggih
Gus, antawis setengah jam kapengker anggenipun bidhal, numpak pit montor"
wangsulane mBok Sadikem blaka, apa anane.
"Teng
pundi nggih Mak? Mak ngertos?" Munir takon maneh.
"Menawi
pamitipun wau, criyose badhe nglebetne lamaran nyambut damel ngoten lho
Gus" wangsulane mBok Sadikem.
"Nglebetne
lamaran?" Munir takon suwarane alon, banjur grenengan kaya ditujokne
marang awake dhewe "karepe Dhik Wag ki piye ta jane? wong wis tak kandhani
nek lamarane arep tak lebokne, kok malah budhal dhewe?"
"Oo
waune gendhuk niku mpun rembagan prakawis menika kalih panjenengan ta
Gus?" krungu nek dhayohe grenengan ngono kuwi, mBok Sadikem banjur nyaut
gunem, karo takon.
"Niku
criyose rak ngeten ta Mak, jane" Munir wangsulan nggenahne dhudhuk-selehe
sing lagi dirembug "rumiyin, jaman ijazahe Dhik Wagi dereng medal nika,
Dhik Wag criyos teng kula nek kapurih mbantu madosaken damelan menawi
ijazahipun sampun medal. Kula nggih lajeng nyagahi, lajeng kala emben seminggu
kapengker, ngepasi Mas Sodik mampir mriki nika, Dhik Wag nggih nedhi tulung Mas
Sodik ken mbantu anggenipun badhe nglebetaken permohonan dhateng Sekolahan
Dhusun ingkang alit, muride nggih boten kathah, blanja kangge guru lan
karyawane nggih namung pas-pasan mawon. Pas Mas Sodik taksih wonten mriki, kula
nggih namung kendel mawon, wong ajeng omong nggih kesandhung raos pekewet kalih
Mas Sodik sing ugi mulang teng sekolahan mriku. Nembe sasampunipun Mas Sodik
wangsul, kula sanjang teng Dhik Wag, murih niyate ajeng ngkebetne lamaran teng
sekolahanipun Mas Sodik niku dipun wurungaken kemawon. Upami ketampi blas boten
cucuk kalih rekasane, ugi eman-eman ijazahe Dhik Wag ingkang bijinipun
sae".
"Lha
lajeng pripun Gus?" mBok Sadikem nyelani rembug.
"Kula
nggih lajeng nyukani kabar teng Dhik Wag, murih damel lamaran mawon dhateng
sekolahan ingkang wonten salebeting Kitha Ngawi mawon. Kajawi boten tebih
saking griya, ugi blanjanipun saged lumayan, saged ugi tikel ping tiga
tinimbang blanja ing sekolahanipun Mas Sodik sing mapan teng ndhusun niku. Lha
murih saged ketampi lan lancar anggenipun nglebetne lamaranipun Dhik Wag,
mengke kula ingkang mbeta lan nglebetaken. Kula wantun tanggel menawi mesthi
nek ketampinipun, mergi sedaya kepala sekolah ingkang majeng-majeng ing Ngawi
mriki niku kanca kula. Kanca ingkang ering dhateng kula".
"Dados
makaten nggih Gus?"
"Inggih
Mak" wangsulane Munir "mila niki wau kula nggih gumun, menapa
kajengipun Dhik Wag menika kok dumadakan sampun bidhal piyambak badhe nglebetaken
lamaran. Bares mawon Mak, kula kuwatos
gek-gek mengke siyos anggenipun nglebetaken lamaran Dhik Wag dhateng sekolahan
ndesa nggen mulangipun Mas Sodik niku?".
"Lha
menawi babagan menika kula mboten mudheng Gus" mBok Sadikem wangsulan
alon.
ana
candhake.