Total Tayangan Halaman

Rabu, 06 April 2022

SLENDHANG KUNING (017)

17.

Munir ngira yen mBok Sadikem wis percaya marang kabeh apa sing dikandhakne. Mula Munir banjur sansaya mempeng anggone arep ngecakne cara supaya simboke Waginem kuwi sansaya kepencut marang critane, kanthi mangkono Munir duwe panemu nek mengkone bakal ana sing bakal ngrewangi dheweke kanggo ngepek atine Waginem sing saiki ana tandha-tandha lagi kapencut marang Sodik, sedulur misanane. Kamangka jane ngono, olehe mBok Sadikem aweh wangsulan marang Munir kaya sing diucapne mau mung merga kepengin gawe kepenaking atine sing ngajak omong. mBok Sadikem panggah duwe kapitayan yen anake wedok wis cukup diwasa lan ngerti karo apa sing ditindakne. Kajaba saka kuwi, mBok Sadikem sethithik-sethithik ya wis ngerti sapa satemene Munir, sing ngakune nyambut gawe dadi lawyer kuwi.

 

"Panjenengan napa sampun ngertos saestu sinten Mas Sodik, Mak?" Muir wiwit ngecakne aji sapu regele kanggo nyaponi rasa senenge mBok Sadikem marang sedulur misanane.

 

"nGgih ngertose pas Gus Sodik dolan mriki sepeken kepengker nika neh Gus?" wangsulane mBok Sadikem panggah ngenaki rembug "tiyang Wag piyambak criyose nggih dereng dangu anggenipun tepang, kepanggih turene nggih nembe ping kalih".

 

"Mas Sodik nika sedherek kula tunggil mBah Buyut, Mak" kandhane Munir sabanjure eseme wiwit katon megar ing lambene "dados kula nggih sampun apal sanget kalih Mas Sodik nika, apal njawi lan nglebetipun, tiyang wiwit alit ngantos ageng kerep awor tunggil sapadolanan".

 

"Inggih ta Gus?" mBok Sadikem waton wangsulan.

 

"Inggih Mak" Munir nutugne olehe guneman "jane Mas Sodik nika tiyange pinter, sregep lan pinter srawung, kalih sinten-sinten sae, namung kuciwanipun nggadhahi sipat boten anteban".

 

"Boten anteban pripun Gus?" mBok Sadikem wiwit nggatekne omongane Munir.

 

"Sipatipun dhemennyar" wangsulane Munir maneh "dhemen menawi taksih anyar, menika ing babagan menapa kemawon, inggih ing babagan padamelan menapa dene babagan kekancan. Upami boten dhemenyar ngoten, jane Mas Sodik nika sak niki mesthi empun dados tiyang sing mapan sanget, tiyang piyambakipun menika lulusan luwar negeri, rumiyin nate mucal dhateng sekolahan ageng tur kondhang, nanging gandheng boten anteban niku, nembe angsal setunggal tahun nggih empun boten tlaten lajeng medal, pindhah dhateng papan sanes, nanging ing papan enggal niku nggih boten dangu, medal malih. Ngoten niku wongsal-wangsul, ngantos sak niki mucal teng sekolahan dhusun ingkang blanjanipun boten cekap kangge gesang limrah".

 

"Nanging ketingalipun Gus Sodik nika priyantune sabar ngoten lho Gus? Pas mriki kala emben nika nitihe nggih mobil, ndhak mobil silihan neh?" mBok Sadikem wiwit kegeret ing puseraning critane Munir.

 

"Oh, nika ta Mak?" Munir mesem sansaya amba "pancen Mas Sodik nika putra ragil saking sedherek kalih, mbakyune sampun emah-emah lan ndherek kakunge teng Yogya mrika. Teng griya Mas Sodik kantun kalih Budhe Kaji, ibunipun. Sawargi Pakdhe Kaji niku, nilari warisan ingkang kathah, tegal, sabin, raja kaya lan sanes-sanesipun, dados nggih limrah mawon menawi Mas Sodik niku gesange sekeca. Nanging, menawi namung njagakne tilaranipun tiyang sepuh lan boten dipun ngrembakaken malah namung dipun agem nuruti remening manah, dangu-dangu warisan menika rak inggih telas piyambak ta Mak?".

 

"Nggih, leres niku Gus" mBok Sadikem mbenerne panemune Munir.

 

"Malah sakniki nggih sampun ketingal kok" Munir mbacutne kartisampekane "warisan saking Pak Dhe Kaji sawargi niku, sak niki sampun kathah sudanipun, sabin ingkang waune pinten-pinten enggen, sak niki kantun setunggal panggenan tur nggih sampun boten wiyar malih, kandhangipun Pak Dhe kaji niku waune wonten tiga kebak raja kaya, setunggal kangge ngandhangne Lembu ingkang cacahe langkung saking sedasa, ingkang setunggal kangge kandhang Maesa, wonten menawi namung sewelas ngoten, lan setunggale kangge kandhang menda, cacahe nggih kathah. Sak niki meh telas, kantun nisa lembu kalih napa tiga ngaten, maesa blas boten nilas lan mendanipun kantun gangsal napa nem ngaten. Kamangka kangge nyekapi kabetanan saben dinten pensiun jandha ingkang dipun tampi Budhe Kaji niku nggih mpun turah-turah, tiyang sawargi Pakdhe Kaji niku rumiyin ing kemenag pangkatipun sampun inggil".

 

"Makaten nggih Gus?" mBok Sadikem sansaya kasengsem ngrungokne critane Munir.

 

"Inggih Mak" wangsulane Munir disambung karo nutugne critane "Mas Sodik nika wiwit cilik gesangipun sekeca Mak, boten nate ngraosaken rekaosing gesang kados kula niki, betah napa-napa kantun aba. Benten kalih kula, sing wiwit bayi diingu tiyang ingkang gesangipun pas-pasan, tiyang Bapak kula niku riyin namung pegawe negeri ingkang pangkatipun andhap, gadhah sabin nggih boten wiyar, gek yogane bapak kula niku kathah dados nggih gesange namung pas-pasan kemawon. Kados kula niki, saged tumbas napa-napa nggih sasampunipun ageng, sampun saged pados arta piyambak, niku mawon nggih direwangi meres kringet sarta gesang ngirit ngantos mlirit ngoten nika, dados nggih tebih menawi dibandhingne kalih Mas Sodik".

 

Sansaya suwe sansaya akeh sing dirembug Munir karo mBok Sadikem, mligine sing magepokan karo Sodik sing meneng-meneng maune wis mikat atine mBok Sadikem sing kepengin ngepek mantu. Senajan bola-bali olehe padha rembugan diselani wong sing teka tuku blanja neng warunge mBok Sadikem, nanging ora nyuda kasengseme mBok Sadikem sing sansaya adoh kaseret ing ulekaning critane dhayohe.

 

Sauntara kuwi, Waginem sing wis tekan Kantore SMA Al-Hasan Kedunggalar lagi ditemoni dening Khoirul Anam, Kepala Tata Usaha ing sekolahan kuwi. Khoirul kuwi wonge bagus tur alus, isih nom tur ya isih legan pisan. Lulus saka Fakutas Adab UIN Surabaya telung tahun kepungkur banjur nglamar menyang SMA Al-Hasan sing ora adoh saka omahe kuwi. Ndelalah ya banjur ketampa, malah bareng Pak Kepala lan Para Pengurus Yayasan weruh nek Khoirul kuwi nyambut gawene becik, banjur dipasrahi dadi KTU nggenteni KTU sing lawas sing wis sepuh sing banjur didadekne sesepuh ing Kantor kono.

 

"Niki lamaranipun mBak Waginem kula simpene rumiyin" kandhane Khoirul sawise nampani berkas-berkas lamaran saka Waginem "amargi Pak Kepala nembe tindak rapat kalih Yayasan ing dalemipun Pak Ketua Yayasan ing Ngawi mrika. Mangke sawanci-wanci Pak Kepala rawuh kula aturaken dhateng panjenenganipun".

 

"Makaten nggih Bapak?" Waginem wangsulan sopan.

 

"Inggih mBak" kandhane Khoirul karo nglirik sing diajak omong, menang-meneng Khoirul ya weruh nek wong sing nglebokne layang lamaran ing sekolahane kuwi nduweni "daya tarik" sing kuwat. Kasarane rembug, miturut panemune Khoirul, Waginem iki klebu kenya ayu sing arang tandhinge. Ayu alami ora ayu pulasan kaya lumrahe kenya sing tau ditepungi ngana kae "mangke sawanci-wanci wonten keputusan saking Pak Kepala Panjenengan kula kabari".

 

"Inggih Bapak, matur nuwun sanget" wangsulane Waginem sing arep pamitan.

 

"Jane saene lamarane didamel warni kalih mBak" Khoirul aweh rerigen marang Waginem.

 

"Warni kalih kados pundi Bapak?" Waginem takon.

 

"Ah, sampun nimbali kula Bapak ta mBak, kersane boten kaken" Khoirul semnata karo ngguyu renyah nuduhne ramahe "kula niki dereng tuwa lho, nami kula Khoirul Anam, sanes Guru, dados mBak Waginem saged nimbali kula Pak Khoirul, napa Mas Khoirul, napa Dhik Khoirul, ngaten langkung akrab. Menawi ditimbali Bapak ngono kuwi rasane aku dadi grogi dhewe he he he".

 

"Oh, nyuwun pangapunten Bap... eh, Mas Khoirul" Waginem semaur karo mesem.

 

"Nah, ngono rak keprungu luwih kemraket" wangsulane Khoirul karo ngguyu "karepku ki ngene, lamaran sing siji persis kaya sing njenengan asta iki mau, ditujokne menyang Bapak Kepala Sekolah lha sing siji maneh ditujokne menyang Bapak Ketua Yayasan Al-Hasan, sapa ngerti mengko mBak Waginem bisa langsung ditampa dadi Guru Tetap Yayasan?!?".

 

Waginem manthuk-manthuk, jroning atine ana rasa panuwun marang Pak Kepala Tata Usaha sing wis aweh rerigen marang dheweke mangkono mau.

 

"Ngene wae, mBak Waginem bisa ngasta surat lamaran siji maneh neng kene, mengko berkas liyane rak bisa dipoto-kopi neng lor kono? Dadi ora sah ndadak kundur dhisik menyang Ngawi, banjur tindak mrene maneh".

 

"Assalamu'alaikum" durung nganti Waginem mangsuli pamrayogane Khoirul, keprungu ana wong uluk salam. Wong loro sing lagi lungguh adhep-adhepan keletan meja ing ruang tamu Kantor SMA Al-Azhar kuwi padha ndengengek bareng karo wangsulan :

 

"Alaikumussalam".

 

"Mas Sodik......?" ora krasa Waginem nyebut jenenge sing lagi teka kuwi.

 

"Inggih" wangsulane Sodik karo mesem lan nyedhaki papane sing lagi lungguh "sampun dangu ta mBak niki wau?".

 

"Sampun saantawis Mas" kandhane Waginem aweh wangsulan.

 

 

ana candhake.

 

Selasa, 05 April 2022

SLENDHANG KUNING (016)

 

16.

Isih esuk Waginem wis ngrampungake olehe nata lan mbunteli sarta aweh nota marang sandhangan sing dikumbah lan disetlikakne neng Laundrenane. Dadi sawayah-wayah dijupuk sing duwe kari ngulungne wae. Pancen Waginem duwe prinsip nek wis milih gelem dadi tukang umbah-umbah lan setlika kuwi kudu bisa aweh kamareman sing maksimal marang para langganane. Lan kuwi kabeh wis diakoni dening wong-wong sing nglondrekne mrono, meh kabeh banjur padha tuman aweh kaparcayan marang Waginem sing direwangi bocah nom loro, Nita karo Ella sing karo-karone isih nyambi sekolah sing mlebune ing wayah awan. Para pelanggan ora mung tuman, nanging uga gelem dadi tukang iklan lelahanan (gratis), padha ngandhani kanca rowange supaya nek butuh ngumbahne sandhangan milih neng panggonane Waginem wae. Kajaba asile nyenengake, uga kondhang jujur, nek nemu dhuwit utawa barang penting sing katut neng sak klambi utawa clana mesthi disimpen lan dibalekne marang sing duwe. Mula ora mokal nek banjur dadi sansaya laris lan sansaya reja wae, nganti rewang loro kuwi dening Waginem isih perlu ditambahi siji utawa loro maneh.

 

"Lha jarene kowe mau arep nyang Kedunggalar ta Nem?" Mak Sadikem, simboke Waginem mara karo takon "sida apa ora?".

 

"Ya sida no mBok" wangsulane Waginem "wong aku wingi wis telpon Mas Sodik nek arep nglebokne lamaran menyang SMA-ne, ya mengko sedhela maneh tak ndang budhal".

 

"Mas Sodik sing mrene bareng kowe pas bar golek SIM kae ta?" kandhane mBok Sadikem maneh "wonge kae sopan banget ya Nem? ketoke wong pinter sing ora gumedhe, seneng aku jagongan karo kancamu sing siji kae".

 

"Iya mBok, wong pinter kuwi akeh-akeh ya sopan tur ora seneng ngremehne liyan" wangsulane Waginem "merga wong pinter kuwi akeh-akeh ngerti, nek jane ngono sopan lan ramah kuwi ora ngajeni sapa-sapa nanging malah ngajeni awake dhewe".

 

"Kae ketoke kok isih legan ta nDhuk?" mBok Sadikem takon maneh "upama bisa duwe mantu kae ngono, aku mesthi seneng banget. Nek kowe dhewe piye Nem?"

 

Ditakoni ngono kuwi atine Waginem nratab, sapandurat ora bisa wangsulan. Merga bares wae, wiwit kepethuk sepisanan kae Waginem wis duwe rasa sengsem marang Sodik Salim jaka rada tuwa sing ngakune mung buruh tani nyambi angon wedhus karo sapi, ning jebule ya nyambi dadi guru barang, sanadyan isih guru GTT. Nanging Waginem ora gelem katut adoh-kadoh kageret dening rasa pangrasane sing durung karuwan bisa kasembadan, mula ditakoni simboke ngono kuwi, Waginem ya banjur mesem rada amba.

 

"Wong olehku tepung karo Mas Sodik kae ki durung suwe lho mBok" karo mesem Waginem mangsuli pitakone simboke "pethuk ya lagi kaping pindho, sing sepisanan bareng ngebus pas aku mulih saka ngendhangi Sri neng Yogya, sing kepindho ya pas Mas Sodik mampir mrene kae, dadi aku ya rung mikir tekan nggon kuwi".

 

"Nanging wonge kae ketok nek wong temen, jujur, tanggung jawab, pokoke wong sing apik lah, iya apa ora?" mBok Sadikem takon maneh.

 

"Ketoke ya ngono mBok, ya bejane mbesuk sing bisa dadi bojone" Waginem wangsulan karo ngguyu "Ya wis mBok, aku tak ndang tata-tata budhal, mumpung durung pati awan. Nita karo Ella tak kandhanane dhisik, nek arep tak tinggal".

 

Waginem banjur mlaku memburi, marani Nita karo Ella sing isih repot nandangi gaweyane, Nita lagi nglebok-nglebokne kumbahan menyang Mesin Cuci sauntara Ella lagi ketungkul nggone nyetlika.

 

mBok Waginem ya banjur bali menyang warunge nunggoni dagangane, karo neng jero batin nggagas yen tenane ngono anake wedok sing cilik kuwi mesthine wis wayahe diomah-omahne. mBok Sadikem ya banjur kelingan anake wedok sing gedhe sing saiki lunga menyang negara manca. mBok Sadikem ora kepengin lelakone Ponatun, anake sing mbarep kuwi dibaleni dening Waginem, anake sing cilik.

 

"Ya muga-muga wae, nasibe Waginem dadi luwih becik" mBok Sadikem guneman neng jero atine "arepa bibit kawite padha, nanging Waginem kuwi wiwit cilik wis duwe teku sing beda adoh karo aku sing diterokne Ponatun kae. Ya muga-muga wae olehe Waginem wiwit cilik sregep melu ngaji neng TPA lan nganti saiki sregep melu Pengajian sing uga dibarengi olehe sregep sekolah bisa nuntun lakuning uripe liwat dalan sing bener lan diparingi kanugrahan dening Pangeran tembene bisa urip sing lumrah, ora kekeceh ing blumbanging dosa lan kanisthan kaya wong tuwane iki, geleme tobat sawise nyedhaki mati".

 

"Aku budhal dhisik ya mBok" Waginem sing wis salin nganggo sandhangan sing pantes teka karo pamitan, tangane simboke disalami karo diambung "dongakne ya mBok, muga-muga olehku nglebokne lamaran neng SMA ne Mas Sodik bisa ketampa".

 

"Iya, iya ndhuk muga-muga Gusti Allah ngijabahi" wangsulane mBok Sadikem tulus tumeka njeroning ati.

 

Sepisan maneh mBok Sadikem nyawang anake wedok sing cilik dhewe kuwi, atine sansaya mongkog, merga Waginem sing mung anake, saiki wis bisa ngrampungne olehe sekolah nganti oleh gelar Sarjana Pendidikan lan sing ora kurang olehe rumangsa sukur nyang Pangeran, sanajan katon prasaja nyandhang panganggone Waginem kuwi ketok nek mencorong tejane, sumunar cahyane dhasare kasinungan rupa sing sulistyaning warna.

 

Waginem ya banjur nguripne pit motore, sawise sepisan maneh mbukak dhompet nliti STNK karo SIM sing ora keri, banjur lon-lonan nglakokne pit motore sing arep digelak menyang Kedunggalar. Wingi sore, lumantar WA, Sodik wis kirim kar yasane Google sing nuduhne papan sing arep dituju. Waginem ya ora kelalen mampir menyang SPBU ngebaki tangki sepedhane, sepedha motor matic sing olehe bisa tuku merga dibantu, patungan karo Ponatun, mBakyune.

 

Nalika lakune Waginem wis tekan regol sekolahan SMA Al-Hasan, mbarengi karo mBok Sadikem magekne tekane dhayoh sing mara neng omahe. Munir.

 

"Dados Dhik Wagi boten wonten dalem nggih Mak?" pitakone Munir marang mBok Sadikem sawise mapan lungguh neng kursi sing ana warunge mBok Sadikem kuwi.

 

"Inggih Gus, antawis setengah jam kapengker anggenipun bidhal, numpak pit montor" wangsulane mBok Sadikem blaka, apa anane.

 

"Teng pundi nggih Mak? Mak ngertos?" Munir takon maneh.

 

"Menawi pamitipun wau, criyose badhe nglebetne lamaran nyambut damel ngoten lho Gus" wangsulane mBok Sadikem.

 

"Nglebetne lamaran?" Munir takon suwarane alon, banjur grenengan kaya ditujokne marang awake dhewe "karepe Dhik Wag ki piye ta jane? wong wis tak kandhani nek lamarane arep tak lebokne, kok malah budhal dhewe?"

 

"Oo waune gendhuk niku mpun rembagan prakawis menika kalih panjenengan ta Gus?" krungu nek dhayohe grenengan ngono kuwi, mBok Sadikem banjur nyaut gunem, karo takon.

 

"Niku criyose rak ngeten ta Mak, jane" Munir wangsulan nggenahne dhudhuk-selehe sing lagi dirembug "rumiyin, jaman ijazahe Dhik Wagi dereng medal nika, Dhik Wag criyos teng kula nek kapurih mbantu madosaken damelan menawi ijazahipun sampun medal. Kula nggih lajeng nyagahi, lajeng kala emben seminggu kapengker, ngepasi Mas Sodik mampir mriki nika, Dhik Wag nggih nedhi tulung Mas Sodik ken mbantu anggenipun badhe nglebetaken permohonan dhateng Sekolahan Dhusun ingkang alit, muride nggih boten kathah, blanja kangge guru lan karyawane nggih namung pas-pasan mawon. Pas Mas Sodik taksih wonten mriki, kula nggih namung kendel mawon, wong ajeng omong nggih kesandhung raos pekewet kalih Mas Sodik sing ugi mulang teng sekolahan mriku. Nembe sasampunipun Mas Sodik wangsul, kula sanjang teng Dhik Wag, murih niyate ajeng ngkebetne lamaran teng sekolahanipun Mas Sodik niku dipun wurungaken kemawon. Upami ketampi blas boten cucuk kalih rekasane, ugi eman-eman ijazahe Dhik Wag ingkang bijinipun sae".

 

"Lha lajeng pripun Gus?" mBok Sadikem nyelani rembug.

 

"Kula nggih lajeng nyukani kabar teng Dhik Wag, murih damel lamaran mawon dhateng sekolahan ingkang wonten salebeting Kitha Ngawi mawon. Kajawi boten tebih saking griya, ugi blanjanipun saged lumayan, saged ugi tikel ping tiga tinimbang blanja ing sekolahanipun Mas Sodik sing mapan teng ndhusun niku. Lha murih saged ketampi lan lancar anggenipun nglebetne lamaranipun Dhik Wag, mengke kula ingkang mbeta lan nglebetaken. Kula wantun tanggel menawi mesthi nek ketampinipun, mergi sedaya kepala sekolah ingkang majeng-majeng ing Ngawi mriki niku kanca kula. Kanca ingkang ering dhateng kula".

 

"Dados makaten nggih Gus?"

 

"Inggih Mak" wangsulane Munir "mila niki wau kula nggih gumun, menapa kajengipun Dhik Wag menika kok dumadakan sampun bidhal piyambak badhe nglebetaken lamaran.  Bares mawon Mak, kula kuwatos gek-gek mengke siyos anggenipun nglebetaken lamaran Dhik Wag dhateng sekolahan ndesa nggen mulangipun Mas Sodik niku?".

 

"Lha menawi babagan menika kula mboten mudheng Gus" mBok Sadikem wangsulan alon.

 

ana candhake.


Senin, 04 April 2022

SLENDHANG KUNING (015)

 

15.

Ya pancen mangkono kuwi sing dadi kalumrahan tumrape manungsa, wong bisa wae duwe rasa sengit marang wong liya sing babar pisan durung tau ditepungi lan ora ana sambung rapete apa-apa karo dheweke. Ya mung jalaran saka tumindak sing nerjang karo paugeraning bebrayan, mula ya wis lumrah nek Ririen sing tenane ora digawe rugi apa-apa dening Gathot , nanging merga tumindake Gathot sing dianggep nerjang paugeraning bebrayan ndadekne Ririen melu pegel marang wong sing durung pati ditepungi kuwi. Ririen uga kaya melu ngrasakne kaya apa rasa perihing atine Restu jalaran saka tumindake Gathot sing wis meh dadi pacangane kuwi. Nanging, Ririen uga rumangsa eram marang Restu sing sanadyan oleh pacoban kaya mangkono abote, nanging ora dikatonake marang wong liya. Restu panggah katon jejeg adege, ora ana owah-owahan ing slaga saben dinane.

 

"Pancen menawi dipun sawang sakeplasan makaten" Bu Hasanah nutugne olehe crita "Gendhuk niku nggih kados limrah-limrah mawon, nanging pranyata binggeting manahipun Restu ketingal menawi angel dipun supekaken".

 

"Inggih boten maiben Bu" Ririen wangsulan "tiyang inggih kados makaten pacoben ingkang kedah dipun adhepi Restu".

 

"Nanging menika ingkang ndadosaken ruweting manah kula Bu Kahar" kandhane Bu Jayadi sabanjure.

 

"Menika inggih nami limrah Bu" wangsulane Ririen "ing pundi kemawon, naminipun tiyang sepuh, raos sakiting putra tartamtu tiyang sepuh ugi tumut ngraosaken".

 

"Inggih Bu Ririen" Bu Hasanah guneman maneh "wiwit pedhot anggenipun sesambetan kalih Gathot wau, Restu kados jinja lan kapok cecaketan kalih lare jaler, makaten menika harak inggih badhe nuwuhaken bab ingkang boten sae ta Bu?".

 

"Mila leres makaten Bu" wangsulane Ririen "Bu Jayadi kemawon ingkang kedah nambahi raos sabaripun, inggih sampun ngantos pegat anggenipun paring pitutur dhateng keng putra murih sampun kalajeng-lajeng anggenipun nuruti bentering manah ingkang boten wonten ginanipun kajawi namung damel kapitunanipun piyambak menika".

 

"Inggih Bu Ririen" Bu Jayadi wangsuloan karo unjal ambegan dawa "estunipun inggih sampun boten kirang-kirang bapake lan kula paring ngandhani bab menika, nanging ketingalipun inggih dereng kasil. Janipun, nalika kula kandhani menawi umuripun menika sampun kathah sampun wancinipun winengku ing kakung, gendhuk menika inggih boten nglepataken. Nanging inggih menika kala wau, boten wonten lare jaler ingkang saged ndudut kawigatosanipun, malah lajeng masrahaken bab menika dhateng bapake kalih mbokane niki".

 

"Masrahaken kados pundi Bu?".

 

"Masrahaken, menawi Bapak kalih mbokne ngersakne Restu enggal emah-emah, supados Bapak kalih mbokne madosaken jodhonipun, larene badhe manut mawon, dipun jodhokaken kalih sinten kemawon boten badhe suwala waton niku ingkang dipun kersakne bapakne utawi mbokne".

 

"Menawi makaten inggih langkung sae ta Bu?" Ririen udhu panemu.

 

"Nanging naminipun jejodhowan rak inggih kedah wonten sambunging manah antawisipun jaler estri ingkang badhe nglampahi ta Bu?" Bu Jayadi aweh wangsulan "sampun nate kula cobi nepangaken kanca guru ingkang taksih legan kalih piyambakipun, kanca guru kala wau estunipun inggih sampun sreg, nanging gandheng Restunipun ingkang boten patos migatosaken nalika kanca guru menika dolan dhateng griya, wasana kanca guru menika rumaos menawi Restu boten remen kalih piyambakipun, lajeng milih mundur alon-alon. Bapakipun inggih nate nepangaken kanca guru ingkang mucal ing sekolahanipun, nanging asilipun inggih sami mawon. Pramila kula kalih bapake lajeng sansaya judheg mawon Bu Ririen".

 

Ririen bisa ngrasakne sepira sekeling penggalihe Pak lan Bu Jayadi nek nemoni lelakon urip sing kaya mangkono kuwi. Aja maneh ora judhega mikirne putra putri sing sansaya suwe sansaya tambah umure, lha wong Ibune dhewe sing dheweke uga katut melu ngrasakne, mikirne Sodik sing bocah lanang wae, judhege ora karuwan. Dumadakan Ririen tuwuh gagasan, ya gene Bu Jayadi sing satemene nadyan olehe tetanggan wis suwe, nanging kena diarani olehe srawung ya mung srawung lumrah. Lire dudu tangga utawa kanca sing kenthel, lha wong olehe sok omong-omongan iku wae nek dhong kepethuk neng pengajian utawa arisan ibu-ibu anggota RT ngana kae, kok dumadakan kanthi entheng nyritakne barang sing klebu dadi wewadine . Apa merga kari-kari iki Restu sing ngendikane ibune kerep dolan menyang omahe kuwi? Lan apa Bu Jayadi duwe gagasan kepengin nyoba njodhokne Restu karo Sodik adhine sing uga klebu jaka sing wis rada tuwa kuwi?.

 

"Inggih boten maiben Bu Jayadi" Ririen banjur ngandhani Bu Jayadi kanthi digandhengake karo gagasan sing lagi wae mampir ing angen-angene "kula piyambak estunipun inggih meh sami kalih panjenengan. Namung bentenipun, menawi Bu Jayadi ingkang dipun penggalihaken Dhik Restu putra putrinipun, menawi kula namung kabekta saking penggalihipun Ibu ingkang mrihatosaken dhateng adhik kula jaler Si Sodik nika".

 

"Lha Mas Sodik kenging menapa Bu? piyantun kakung mosok inggih ngalami lelampahan kados si Restu?" Bu Hasanah takon.

 

"Naminipun manah, pasipun raos, jaler menapa estri estunipun rak inggih boten benten ta Bu?" wangsulane Ririen karo nutugne kandhane "adhik kula Sodik nika ngantos dados jaka radi kasep nika, jalaranipun inggih meh sami kalih pacoben ingkang dipun tampi dening Dhik Restu kala wau. Mila ngantos sapriki, lare nika menawi kalih lare estri inggih anyep-anyep kemawon".

 

Ririen banjur kanthi cekak nyritakne lelakone Sodik sing kapeksa kapedhotan katresnan karo Susiana merga anane panggodha sing ana sambung rapete karo sedulur misanane dhewe. Kajaba saka kuwi uga dicritakne, yen Sodik saiki malah kayungyun karo gaweyane. Ngopeni sawah lan rajakayane ditambah olehe nularne ngelmune minangka dadi guru ing sekolahan swasta. Olehe nyambut gawe sing sregepe ora karu-karuwan, ora merga mburu akehing pengasilan, nanging mung nuruti rasa sing metu saka binggeting atine marang wong wadon sing dianggep wis nyidrani katresnane sing tulus lan suci.

 

"Dados kinten-kinten sregepipun adhik kula Sodik niku nggih saemper kalih sregepipun Dhik Restu anggenipun aktif ing TK lan sesadeyan online nika Bu Jayadi" Ririen mungkasi critane kanthi ngembakne karepotane Sodik karo karepotane Restu wektu iki.

 

Bu Jayadi manthuk-manthuk sajak kasengsem karo critane Ririen sing mangkono kuwi mau. Bu Guru ing MTsN kuwi rumangsa oleh dalan kanggo ngandhakne niyat sing digawa saka omah sing wis diangen-angen sadurunge telepon Ririen mau awan.

 

"Nuwun sewu nggih Bu Ririen" Bu Jayadi kanthi alon lan sajak ngati-ati wiwit kandha "inggih bot-botipun dados biyung ingkang nggadhahi kuwajiban dhateng yoga, niki saupami lho..........".

 

Bu Jayadi ora nutugne tembunge, malah banjur mandheg olehe guneman rada suwe.

 

"Upami kados pundi Bu?" sanadyan wis bisa ngira-ira karo apa sing arep dikandhakne dhayohe, nanging Ririen pilih nambong, pitakon marang Bu Hasanah.

 

"Bakenipun sekeling penggalihipun keng Ibu miwah Bu Ririen niku rak meh sami kalih judhenging manah kula kalih Bapake lare-lare ta Bu?" Bu Jayadi miwiti olehe arep ngandhakne karepe.

 

"Leres Bu"

 

"Niki upami lho, menawi kula lepat, saderengipun kula nyuwun pangapunten" Bu Hasanah mbaleni tembunge kanthi ngati-ati.

 

"Inggih, boten menapa-menapa Bu, mangga kadhawuhna kemawon!" Ririen aweh wangsulan

 

"Upami Bu Ririen kula ajak sesarengan, liripun sareng-sareng mbudidaya murih bingget ing manahipun anak kula Restu miwah bingget ing penggalihipun Mas Sodik ngaten kados pundi?" kandhane Bu Jayadi wiwit bisa diwaca mungguh arahe.

 

"Kula kinten menika langkung prayogi Bu Jayadi" wangsulane Ririen karo mesem sajak mathuk karo apa sing diusulne Bu Guru MTsN kuwi.

 

"Anggen kula gadhah gagasan makaten kala wau rak amargi, kantun-kantun menika kula asring dipun pamiti Restu menawi sowan ing dalem mriki ta Bu? criyosipun pun Restu, awit dipun timbali dening keng Ibu dipun ajak rerembagan nadyan boten nggepok asmanipun Mas Sodik, nanging langkung kathah ngrembag babagan lampahipun tiyang gesang, menika criyosipun Restu lho Bu. Lan malih, ketingalipun anak kula Restu niku, samangke sampun caket lan akrab kalih keng Ibu. Pramila kula lajeng mantun-mantunaken matur dhateng Bu Ririen kados kala wau".

 

Ririen mesem, ulate dadi padhang. Sajake dheweke weruh ana thronthong-thronthong padhang magepokan karo anggone mikirake Sodik sing mau awan lagi wae dirembug karo Bu Kaji, ibune.

Dumadakan saka njero Bu Kaji miyos, nggoleki putrane mbarep sing jebul lagi nampa tamu.

 

"Mangga Ibu......" lagi wae Bu Kaji katon metu saka njero, Bu Jayadi kanthi grapyak semanak mbagekne.

 

"Oo. Nyuwun pangapunten, boten ngertos menawi wonten tamu" wangsulane Bu Kaji karo mesem "tiyang kula wau madosi Gendhuk niku, kok teng pundi-pundi boten wonten, boten ngertos menawi wonten mriki".

 

"Sanes tamu kok Ibu, namung tiyang dolan" wangsulane Bu Jayadi karo mesem "niku gubug kula saking mriki ketingal".

 

"Inggih Bu" Ririen melu amul rembug "nggih niki ingkang asmanipun Bu Hasanah, ibunipun Dhik Restu ingkang asring bawa raos kalih Ibu".

 

"Ooo, Ibunipun Nak Restu?" Bu Kaji katon sajak kejot "nyuwun pangapunten lho Bu, kula asring ngresahi keng putra, kula bujuki supados ngancani kula umuk-umukan".

 

"Malah kula ingkang matur nuwun Ibu" wangsulane Bu jayadi karo mesem "kanthi asring jejagongan kalih Ibu, sampun ndadosaken Restu sansaya mudheng babagan kuwajibanipun tiyang gesang".

 

Kahanan banjur dadi rada gumyak, olehe padha jejagongan ketara nek padha yen nuju prana.

 

 

ana candhake.


Minggu, 03 April 2022

SLENDHANG KUNING (014)

14.

Ririen rumangsa lega krungu apa sing dingendikakne ibune sing  ngandhakne yen mengko bengi nek Sodik telepon arep dikandhani supaya enggal nusul menyang Yogya. Ririen ngadeg arep ngalih panggonan, merga iki mau olehe arep nemoni Ibune pancen dilangne tenan, kuwatir nek lali, durung nganti salin sandhangan saka anggone nyambut gawe, wis nemoni ibune luwih dhisik. Nanging durung nganti Ririen sida ngadeg, hape sing dicekel neng tangane dumadakan nyuwara tembang ilir-ilir, mratandhani nek ana telepon mlebu. Hape diiling-ilingi, ndelok sapa sing nelpon dheweke kuwi, karo njengkerutne bathuke Ririen nampani telpon sing mlebu.

 

"Inggih ? Sugeng sonten, kula Ririen RT 03 Jatitubanan, nuwun sewu niki kalih sinten inggih?" kandhane Ririen olehe nampani telpon, merga neng telpon sing mlebu kuwi dudu saka nomer kontak sing wis kasimpen ing hapene.

 

"Assalamu'alaikum" ana wangsulan saka sing lagi ngebel.

 

"Alaikum salam"

 

"Bu Kahar, pangling nggih? niki kula Bu Hasanah" wong sing telpon nepungne jenenge.

 

"O alah, Bu Hasanah ? kula wastani sinten?" wangsulane Ririen karo ngguyu ramah "murugaken Bu Jayadi gantos nomer niki napa? dados kula nggih dereng ngertos".

 

"Boten gantos nomer kok Bu" sing telpon genti wangsulan "niki kula ngangge hapene Bapak-e, mila Bu Kahar inggih dereng pirsa. Anu Bu, nyuwun pangapunten....." .

 

"Inggih wonten dhawuh menapa Bu Jayadi?" Ririen nigas rembug merga Bu Hasanah dumadakan meneng rada suwe.

 

"Mangke bakda Maghrib Bu Kahar wonten wekdal senggang menapa boten? menawi wonten, saha kaparengaken kula badhe sowan" Bu Hasanah nggenahne apa sing dadi karepe.

 

"Longgar sanget Bu Jayadi" Ririen wangsulan karo ngguyu "mangga menawi badhe tindak mriki, kula rantos kanthi remening manah".

 

"Inggih Bu Kakar, matur nuwun sanget, mangke kula Insya'allah sowan".

 

"Sapa ta nDhuk? kok suwarane cemengkling nanging kepenak dirungokne?" Bu Kaji mundhut pirsa marang putrane, sawise Ririen nutup telpune.

 

"Bu Jayadi Bu" wangsulane Ririen karo mesem sajak seneng .

 

"Bu Jayadi ki daleme ngendi? apa kancamu nyambut gawe?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh "kok mau Ibu krungu jare arep tindak mrene?".

 

"Bu Jayadi niku daleme nggih ngajeng mriku radi ngidul sakedhik Bu, tiyang Bu Jayadi niku Ibunipun Restu"

 

"Ibune Restu?" Bu Kaji rada kejot penggalihe "arep tindak mrene? apa kira-kira wis pirsa sing dadi rancangane awake dhewe kae ya?".

 

"Nggih kirang mangertos ta Bu?" wangsulane Ririen "tiyang kula nggih nembe ditelpon niki wau, gek saderenge sampun radi dangu boten kepanggih kalih Bu Hasanah garwane Pak Jayadi niku. Nggih ditengga mawon mangke menawi sampun dugi mriki badhe paring dhawuh menapa, tiyang nggih namine tiyang tetanggan".

 

"Iya, nanging bares wae atine Ibu iki dadi rada dheg-dhegan lho nDhuk? ana firasat nek adhimu bener-bener bakal enggal ketemu jodhone" Bu Kaji ngendika maneh.

 

"Nggih mugi-mugi mawon makaten Bu" Ririen atur wangsulan karo mesem, gawe renane Ibune.

 

Tenan,  bubar sembahyang Maghrib Ririen sing jama'ah karo Ibune,  lagi wae metu saka kamar sing dienggo mushalla keluarga, Mak Rosi rewange kulawarga kuwi kandha marang Majikane nek ana tamu.

 

"Ya diaturi pinarak dhisik ta" wangsulane Ririen "sapa ta tamune?".

 

"Sampun kula aturi pinarak kok Buk-e" wangsulane Mak Rosi "anu, Bu Jayadi nanging namung piyambakan, boten sekaliyan".

 

"Iya nek jenenge piyambakan ki ya mesthi ora sekalihan ta Mak, Mak" Ririen wangsulan karo ngguyu banjur malku mengarep arep nemoni tamune sing mau awan wis kencan nek arep teka.

 

Kaya lumrahe ibu-ibu sing wis rada sawatara ora ketemu, ibu-ibu loro kuwi lagi pethuk ya banjur jagongan ngglenik. Maune Ririen ngajak tamune menyang Ruang njero wae ben luwih mirunggan, nanging dhayohe ora gelem, merga jare arep curhat lan mung kepengin jagongan mripat papat wae, aja nganti dirungokne dening wong liyane.

 

"Ketingale kok wigatos sanget ta Bu?" Ririen takon "gek Bu Hasanah ki arep paring dhawuh apa no? aku kok dadi rada dheg-dhegan iki, menawi Bu Jayadi pirsa kula tumindak lepat sampun sungkan-sungkan lho Bu? kula dipun emutaken mawon murih boten kedlarung-dlarung anggen kula lepat".

 

"Boten ngaten kok Bu Ririen" wangsulane Bu Jayadi karo mesem "babar pisan Bu Kahar boten lepat, malah kula ingkang badhe ngrepoti Bu Kahar, badhe curhat santawis, mugi-mugi Bu Kahar boten kawratan kula curhati".

 

"Mangga, mangga Bu Hasanah paring dhawuh kemawon, sinten mangertos kula mangke saged atur rerigen sakedhik-sakedhik" Ririen aweh kalodhangan marang Bu Jayadi supaya nyritakne perkarane.

 

Bu Jayadi wiwit crita, sanadyan ora dikandhakne sajake Bu Jayadi migatekne banget yen ing wektu keri-keri iki, anake wedok kerep dolan menyang nggone Ririen nemoni Ibune Ririen.  Nanging Bu Jayadi ora ngrembug bab kuwi, malah nyritakne olehe kepengin enggal bisa duwe mantu lanang sing arep dijodhokne karo Restu. Bu Jayadi uga crita yen jebule Restu kuwi tau ketaton sajroning atine sing nadadekne Restu nganti saiki wegah tenan dicedhaki dening bocah lanang.

 

"Rumiyin niku rak ngaten ta Bu Kahar" kandhane Bu Jayadi nggenahne perkara laraning atine Restu "antawisipun Restu kalih Gathot niku sampun kedadosan rembag sepuh, malah sampun wonten pasarujukan antawisipun Bapake lan kula kalih tiyang sepuhipun Gathot menawi badhe lamaran. Nanging jebul sedaya gagar dadakan, awit wontenipun wartos lan kanyatan ingkang kados suwantening bledheg mangsa sanga ing wanci mangsa ketiga".

 

"Inggih Bu Jayadi" Ririen nyelani critane Bu Hasanah "kula kemutan, rumiyin kadose rumiyin mBak Restu niku nate caket kaliyan Mas Gathot putranipun priyantun Jejeran, nanging kula boten mangertos perkawisipun menapa kok dumadakan kula mireng Mas Gathot malah pala krama kalih tiyang sanes".

 

"Lha nggih niku Bu criyosipun" Bu Hasanah nutugne critane "kirang sepeken anggenipun lamaran, dumadakan wonten lare estri ingkang dugi dhateng nggriya manggihi kula kalih Bapake lare-lare. Lare estri niku ngaken bilih sampun dipun remeni dening Gathot wongsal-wangsul, ngantos dados lan ngandhegipun. Waunipun kula kalih Bapake nggih boten pitados menawi Gathot tumindak ingkang makaten menika, nanging sareng Gathot lan tiyang sepuhipun dipun dugekaken ing griya dening Bapake lare-lare, pranyata sedaya criyosipun lare estri wau mila leres".

 

"Lha lajeng?"

 

"Anggenipun ndumugekaken Gathot saha Bapak lan Ibunipun niku let kalih dinten saduginipun lare estri ingkang manggihi kula lan bapake lare-lare.  Tiyang sepuhipun Gathot mila ngakeni bilih putranipun sampun tumindak lepat, nanging kalepatan menika sampun dipun rampungaken. Lare estri ingkang dipun remeni Gathot menika mila lare estri ingkang sampun wongsal-wangsul dipun remeni dening tiang-tiang jaler ingkang boten remen jajan paribasanipun, lan sampun wongsal-wangsul kedadosan ngandheg sarta dipun guguraken. Lha kalih Gathot niku, nggih makaten kedadosanipun, suwaunipun Gathot boten purun tanggel jawab, nanging sareng ngertos menawi lare estri kala wau manggihi kula lan bakapipun lare-lare, tiang sepuhipun Gathot lajeng maringi arta kirangan cacahipun, ingkang cetha mawi petangan yutan, dhateng lare estri niku kangge ngresiki badanipun lan sesambetanipun kalih Gathot dipun anggep rampung" Bu Hasanah leren sedhela olehe crita, wangune gorokane rada garing, ketitik banjur nyandhak gelas teh sing mau disuguhne dening Mak Rosi, banjur disruput.

 

"Kok mayar inggih Bu?" Ririen nyaru wuwus merga Bu Hasanah leren olehe crita.

 

"Inggih Bu" Bu Jayadi wangsulan banjur nutugne critane "murugaken lare estri niku nggih sampun kulina makaten menika dados nggih purun mawon perkawisipun dipun rampungaken mawi arta, tiyang anggenipun manggihi kula kalih Bapake lare-lare niku nggih mergi Si Gathot waunipun boten purun tanggel jawab".

 

"Lha salajengipun?" Ririen takon tutuge crita.

 

"Gathot kalih tiyang sepuhipun inggih ngakeni lepatipun ing ngajengipun bapake lare-lare lan kula, lan ngrumaosi sampun tumindak kilaf, ingkang dados pawadan anggenipun tumindak makaten kalih lare estri ingkang nakal kala wau jalaran boten kiyat ngampet hardhaning nafsu lan Restu babar pisan boten kenging menawi dipun jak nindakaken lampah ingkang nerjang paugeraning kasusilan lan agami makaten menika. Sareng nyumerepi lelampahan ingkang kados makaten menika, bapakipun lare-lare lajeng nangkleti Restu sepisan malih ing ngajenge Gathot saha tiyang sepuhipun, upami mbenjing dipun lamar Gathot purun nglampahi napa boten?. Jebul wangsulanipun Restu pas sanget, menawi Gathot nedhi ngapura, Restu boten rumaos kalepetan lepatipun Gathot, dados boten wonten ingkang kedah dipun ngapura, nanging kanthi wontenipun kedadosan ingkang makaten kala wau, Restu milih nyekapi dumugi samanten anggenipun nyambung talining katresnan kalih Gathot. dados sesambetan antawisipun Gathot kalih Restu inggih lajeng pedhot. Mila kados ingkang wau Bu Kahar dhawuhaken, Gathot lajeng dados manten kalih tiyang sanes, boten kalih Restu ugi boten kalih lare estri ingkang sampun ngandheg awit tumindakipun menika. Nanging kabaripun anggenipun emah-emah Gathot inggih boten lana, kabaripun sampun bibar".

 

Olehe ngrungokne critane Bu Jayadi, Ririen nganti njinggleng. Ora krasa pangrasane kaseret dening lakuning crita sing dikandhakne tamune kuwi.

 

ana candhake.

 

Sabtu, 02 April 2022

SLENDHANG KUNING (013)

13.

Ora krasa Bu Kaji Ali wis sepuluh dina manggon neng Yogya, kumpul karo putrane sing mbarep. Beda banget karo padatan, Bu Kaji kuwi nek kangen karo wayahe, nek Ririen lan Kahar ora bisa tilik omah neng Kedunggalar ngana kae, Bu Kaji banjur ngersakne rawuh neng omahe  Ririen, nanging paling suwe telung dina mesthi wis ngajak bali menyang Kedunggalar maneh. Mula nek olehe tetirah Bu Kaji nganti sepuluh dina nanging durung paring dhawuh marang Sodik supaya methuk, sing saben sore wayahe bubar sembahyang ngisak mesthi telepon ibune.  Kahar apa dene Ririen padha wis duwe dudutan yen olehe Bu Kaji krasan neng Yogya kuwi merga ana sing wis nocogi penggalihe. Mula wong loro kuwi ya melu bungah, muga-muga apa sing dikersakne Bu Kaji, ya wong tuwane dhewe kuwi, bisa kasembadan.

 

"Pripun Bu?" ngepasi Ririen bali saka nyambut gawe, dikoberne nemoni ibune sing lagi nglaras neng teras mburi banjur matur "ketingale upami Restu niku dijodhokne kalih Sodik, cocog menapa boten?".

 

"Nek nyawang rupa, solah bawa lan sipat-sipate Ibu jan seneng banget upama klakon duwe mantu Restu kae, nDhuk" Bu Kaji paring wangsulan marang putrane "ngibarate barang ngono olehku njingglengi Restu kae wis ora kurang-kurang, tak liling saka kiwa apik, saka tengen ya apik, saka dhuwur aku seneng, saka ngisor ya wis gawe sengseme atiku, jeneh wis rong minggu nggonku srawung kanthi cedhak karo bocah kuwi. Sasuwene Ibu neng kene iki, Restu wis ping papat lho dolan mrene banjur jejagongan karo Ibu lho Rien?!?".

 

"Kaping sekawan Bu?" Ririen api-api nambong, sak jane ya wis ngerti dhewe nek apa sing didhawuhne Ibune kuwi pancen bener.

 

"Iya, wong pas sepisanan ketemu, mbarengi bocahe ngrewangi kowe masak-masak ngge Arisan kae, aku kober kongkonan nglebokne nomer hape ne nyang hape ne Ibu" Bu Kaji nutugne olehe ngendikan "mula bocahe banjur kerep tak telpun, tak kon mara nyang omah kene, nek dhong longgar ngana kae, Ibu ya bares nek Ibu kepengin ngajak jagongan wae, merga neng omah Ibu ora duwe kanca sing kenek dijak jagongan. Restu banjur kandha yen dheweke banjur kelingan sawargi eyange putri, sing biyen kerep wae nimbali Restu supaya sowan mung saperlu arep dikongkon ngancani jagongan".

 

"Wadhuh, dados Ibu disamekne kalih Eyangputrine Restu?" Ririen mlengak.

 

"Ya ora ngono" Bu Kaji wangsulan karo mesem "jarene Restu, Restu kuwi wayahe eyange sing  ditresnani dhewe, lan Restu ya tresna banget nek karo Eyange. Jarene Restu jagongan karo wong tuwa ngene iki, akeh manpangat sing ditampa rupa crita sing bisa digawe salah sijine teken kanggo napaki dina-dina sing bakal diadhepi. Dadi nek pas bocahe longgar banjur tak telpon tak kongkon mrene ngana kae, bocahe ya seneng-seneng wae".

 

"Dados saged dipun pendhet dudutan bilih Ibu sampun cocog saupami kagungan putra mantu pun Restu?" Ririen banjur munggel ngendikane Ibune nganggo pitakonan sing dibutuhake.

"Nek perkara kuwi Ibu isih durung wani muni ndhuk" Bu Kaji paring wangsulan alon, sajake ing penggalihe isih ana rasa ngganjel sing durung bisa singkrihne.

 

"Lho ngendikanipun Ibu wau, Restu menika sampun dipun liling saking sedaya arah lan sedaya nedahaken nek sae?" Ririen mburu maneh nganggo pitakon lelandhesan apa sing wis didhawuhne ibune mau.

 

"Nek sing kuwi pancen bener" Bu Kaji paring wangsulan.

 

"Lha lajeng menapa malih?"

 

"Sing dadi ganjelaning atine ibu kuwi mung siji, merga si Restu kuwi putra waruju, ketoke nek oleh jodho, ora dikeparengake nek ngetutne kakunge, ninggalne wong tuwane sing ana kene"  Bu Kaji nggenahne apa sing ngganjel sajroning penggalihe.

 

"Oo menika ta Bu?" Ririen lagi dhong karo sing dikersakne Ibune.

 

"Iya, kamangka awakmu ngerti dhewe?" Bu Kaji nutugne ngendikane "anak sing bisa tak eloni nek aku wis tuwa ki ya mung kari adhimu si Sodik, jeneh awakmu wis omah-omah dhewe neng kene ngono ?".

 

"Dados upami kasembadan Sodik dados jodhonipun Restu, Ibu ngersakaken supados Sodik mboyong Restu dhateng Kedunggalar?"  Ririen matur maneh .

 

"Lha iya no" Bu Kaji paring wangsulan "lha nek ora ngono rak Ibu dadi kijenan?"

 

"Estunipun menawi namung niku ingkang dados ganjelan, taksih saged dipun atasi kok Bu" Ririen ngaturake solusi.

 

"Aku mbok kon melu ngetutne Sodik ngono?" Bu Kaji rada sengol olehe ngendikan.

 

"Nggih boten ta Bu" Ririen wangsulan karo mesem .

 

"Lha piye?"

 

"Ngaten kemawon, mangke saupami Sodik saged dijodhokaken kalih Restu, lan Sodik kapeksa kedah ngetutaken semahe, gadhahane Sodik ingkang wonten ing Kedunggalar ingkang wujud siti sabin kalih pekarangan dipun sade mawon, damel rambatan gesang Sodik ing mriki lan saged kangge tumbas papan kangge yasa griya alit-alitan ingkang boten tebih saking tiyang sepuhipun Restu, dados Sodik kalih Restu griya piyambak nanging boten tebih kalih tiyang sepuhipun. Menawi Ibu boten kepareng dados setunggal kalih Sodik awit griya menika dede dalemipun Ibu ingkang asli, Ibu saged lenggah ing griya mriki, momong kula kalih Mas Kahar. Pripun menawi makaten ?" Ririen nawakne solusine.

 

Bu Kaji kendel ora enggal ngendikan, sajake lagi menggalih lan nimbang-nimbang marang apa sing lagi wae dikandhakne putrane sing pambayun kuwi. Dinalar-nalar ana benere, nangi ng uga akeh sing ora nocogi penggalihe. Arepa kaya apa sawah lan pekarangan neng Kedunggalar kae,  sing saiki wis dadi duweke Sodik, kuwi kena diarani barang pusaka. Pusakane sawargi Pak Kaji Ali, kakunge. Pak Kaji Ali dhewe nampa pusaka kuwi saka Bapake, dadi kena diarani nek barang darbeke Sodik kabeh kae wujud pusaka sing nduweni sejarah lan nyimpen crita kuna sing wajib dieling-eling, murih bisa dadi pepeling. Lan bisane ngeling-eling crita kuna kuwi, ora ana sarana kajaba nggegegi barang pusaka kuwi aja nganti ucul dadi duweking liyan. Nanging apa gunane kukuh nggondheli barang pusaka nek nyatane malah ngebot-eboti urip? lire merga ngukuhi barang pusaka kuwi, ndadekne Sodik kekungkung ora bisa obah menyang ngendi-endi? Wong jaman Sodik diceluk bali saka olehe ngabdi dadi Ustadz neng Pesantren kae, salah sijine sing dadi sabab ora liya merga Bu Kaji gerah jalaran mikirne Pusaka tinggalane kakunge kuwi. Kamangka jaman semana, saupama Sodik ora bali lan nutugake olehe ngabdi, ora mokal merga Sodik sing dhasare duwe utek sing encer, lan dibutuhake kanggo mundhak majuning Pesantren, Sodik bakal dikirim maneh menyang Pawiyatan Luhur sing luwih dhuwur maneh, embuh menyang Eropa embuh menyang Amerika minangka tetimbanganing ngelmune sing wis didarbeni sawuse ngangsu kawruh neng Timur Tengah. Saiki apa Sodik kudu ngorbanake awake maneh kanggo nuruti apa sing dikersakne Ibune? Embuh kuwi mengko apa wujude?.

 

Nanging.... apa bener Restu gelem dijodhokne karo Sodik? wong nyatane nganti sprene saklimah wae ora tau kawetu saka lisane Bu Kaji marang Restu yen Bu Kaji satemene kepengin mundhut mantu Bu Guru TK kuwi. Lha nek jebul Restu wis nyambung talining asmara karo priya sing uga durung dicritakne marang Bu Kaji? harak ya tiwas-tuwas olehe menggalih bab kuwi kabeh.  Kajaba saka kuwi, saupama Restu kuwi isih legan lan bisa nampa karo sing dadi kersane Bu Kaji sing disengkuyung dening Ririen, apa Sodik ya bisa nampa ngono wae?. Kamangka minangka wong tuwa sing uga pirsa sepira gedhening bekti sing diaturne putrane, Bu Kaji ya ora remen meksa lan mrawasa pangrasane putrane.

 

"Ngene wae ndhuk" sawuse kendel rada suwe Bu Kaji tumuli paring dhawuh marang Ririen "awakmu ngarani nek Restu kuwi isih legan lan durung duwe sesambungan katresan karo wong lanang sapa wae kuwi rak mung saka pangira-ngiramu wae ta? Lire mung wewaton karo warta sing tau mbok rungu utawa wewaton marang asiling panyawangmu. Lan jenenge pangira-ngira kuwi bisa bener lan bisa luput, mula murih mantebe lire bisa ngerti kanthi sanyatane, tak kira mbuh sesuk embuh kapan perlu tak takokne marang Restu, dheweke kuwi isih legan tenan utawa wis duwe sesambungan tresna karo priya.  Kajaba saka kuwi, becike uga dibarengi karo awake dhewe nakoni adhimu si Sodik, saupama dijodhokne karo Restu gelem apa ora? nek ora gelem kudu duwe landhesan utawa pawadan sing klebu nalar, yen ora bisa ditampa dening nalar mengko Ibu bisa aweh pameksa marang adhimu. Dadi sadurunge Ibu sansaya mbingungi nggagas perkara iki, rong perkara sing ibu dhawuhne kuwi kudu enggal bisa oleh wangsulan".

 

"Inggih Ibu" Ririen atur wangsulan mbenerake pangandikane ibune "menawi makaten Ibu enggal nimbali Sodik supados nusul dhateng Yogya, lan menawi saged dipun budidaya anggenipun nyipeng ing mriki radi dangu mawon, tiga napa sekawan dalu ngaten, dados saged taneg anggenipun ngrembag prekawis menika".

 

"Iya, iya mengko bengi nek bocahe telepon tak kandhanane pisan".

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...