Total Tayangan Halaman

Sabtu, 16 April 2022

SLENDHANG KU NING (027)

27.

Sauntara kuwi, sing lagi bali saka anggone Takziyah, sadalan-dalan blas ora leren olehe padha omomg-omongan.  Ana- ana wae sing padha dirembug, nek wiwitan mau ajeg sing miwiti rembugan mesthi Ririen, suwe-suwe Restu utawa Bu Kaji uga bisa gawe dadakan ukara sing banjur dadi bahan omongan sing gayeng. Malah pisan pindho Sodik uga bisa sing gawe jalaran. Ora arang, antarane Sodik karo Restu banjur padha tukar kawruh neka-neka, sing ketara nek cocok lan gumyak, sok-sok wae Ririen utawa Bu Kaji Ali sing nyelani rembug muruh sansaya regenge anggone padha omong-omongan.

 

Sanadyan durung ana sing kober nyenggol perkara pribadi, nanging Ririen sing pagaweyane mulang Ilmu Komunikasi kuwi wis wiwit bisa maca, yen Restu wiwit ana rasa sengsem marang Sodik. Mung rada kuciwane Sodik malah sing kewaca dening Ririen isih durung ana tandha-tandha gelem migatekne kenya ayu sing lungguh neng sisihe kuwi. Tembung-tembung sing metu saka Sodik marang Restu isih krasa nek tembunge wong srawung sing lumrah, ya ngajeni ya nyenengake nanging ya keprungu kaya nek Sodik lagi rembugan karo wong liyane sing wis suwe ditepungi ngana kae.

 

Mula bareng wis tekan omah, nalika Bu Kaji kepengin enggal-enggal ngerti kepriye mungguh tanggapane Ririen sawuse sedina meruhi adhine cecaketan karo Restu, Ririen malah matur alus :

 

"Mangke utawi benjing kemawon Bu kula tak matur ingkang langkung cetha, ingkang baken ketingalipun sampun wonten tandha-tandha bilih anggenipun Ibu mbudidaya kangge kasaenanipun Sodik badhe wonten asilipun".

 

"Nek saka rumangsaku pancen ya mangkono nDhuk" wangsulane Bu Kaji karo ngendikakne sing dadi panemune "mung emane, adhimu kuwi isih katon nek atos lan kaku, durung ana tandha-tandha ana rasa sengsem sing asipat pribadi marang Restu, kamangka nek nurut panyawangku Restu katon nek wis ana rasa sengsem marang Sodik".

 

"Mila makaten Bu" Ririen guneman maneh "nanging saged ugi, anggenipun Sodik kethukulan raos sengsem dhateng Restu menika mangke menawi sampun santun dinten, saged ugi ngantos sepeken napa seminggu nembe manahipun Sodik wonten ewah-ewahan, kawiwitan kemutan nalika sesarengan kalih Restu kala wau, sanaosa ing mriku wonten kula lan Ibu".

 

"Ya muga-muga wae mangkono nDhuk" wangsulane Bu Kaji alon, nanging banjur disambung maneh karo tembung sing sajak tenanan "eh, piye nek Sodik ndang tak jake bali menyang Kedunggalar wae? Lan sajroning wektu sepasar iki tak pancinge embug kareben bisa kelingan ,marang Restu, nek ngono kepriye mungguh panemumu nDhuk? Niyatku sing kaya ngono kuwi mau, kok nek tak nalar-nalar karo tak cocogne karo wulangane guruku Pak Ngaliatmaji sing mucang Pelajaran Ilmu Jiwa jaman Kelas Papat PGA kok rada mathuk?".

 

"Kula kinten makaten inggih langkung sae Bu" atur wangsulane Ririen karo mesem, Ririen kelingan nek Ibune kuwi biyen sekolahe mung tekan PGA patang tahun ora nerusne menyang kelas lima, merga kepencut kepengin mlebu pondhok modhel tradisional utawa Pondhok Salaf. Nanging olehe neng Pondhok ya ora suwe, merga banjur dirabekne karo Pak Ali sing wis ngasta neng Kementerian Agama Ngawi.

 

"Mengko ngene, aku tak nggiring adhimu lan jejibahanmu genti nggiring Restu" ngendikane Bu Kaji sabanjure "mung wae, njagani nek ana ora cocoge kanyatan, aja kesusu Restu mbok kandhani nek arep mbok jodhokne karo adhimu. Nanging sing baku wis ana dudutan sing bisa digugu nek Restu saupama diarepne dening si Sodik Salim ora bakal mbalekne rembug".

 

"Inggih Bu" Ririen wangsulan cekak, karo neng jero batine aweh pangalembana marang Ibune sing akeh rerigene lan gedhe kawicaksanane.

 

Nalika Ibu lan mBakyune isih katrem ngrembug nasibe, Sodik Salim malah mapan ngglethak neng kamare, nglurusne balunge. Karepe ngono Sodik Salim kepengin bisa leren nadyan mung sedhela. Mau olehe Sembahyang luhur karo ngasar wis dijamak kosor neng Panggang, dadi saiki Sodik kepengin bisa ngliyepake mripate sanadyan mung sedhela, jalaran mau bengi sasat meh sawengi mung bisa ngolang-aling, ngelah-ngelih guling, nanging ora bisa turu.

 

Nanging pranyata, maneh-maneh nalar lan pikirane Sodik Salim ora gelem dijak nyambut gawe bareng karo atine. Nalare ngongkon Sodik enggal bisa ngliyep, nanging atine tansah takon lan njaluk wangsulan, sing wangsulane kaya apa Sodik durung ngerti. Ya iku kepiye critane Waginem sawuse dina iki nindakne test lan wawancara . Kasik ditampa ora? Sodik cetha nek durung ngerti.

 

Alon-alon hape ne dicandhak, ketang kepengine critane Waginem piye, Sodik arep nelpon Waginem, nanging banjur diwurungne. Sodik nyata yen durung siap saupama krungu kabar sing ora jumbuh karo sing dikarepake. Kajaba saka kuwi, Sodik uga kuwatir yen Waginem dadi sansaya nelangsa nampa telepune merga mbarengi olehe wawancara jebul ora entuk gawe.

 

"Njajal telpun Ustadz Mahfudzi, panjenengane rak mesthi pirsa?" batine kongkonan awake dhewe.

 

"Karepmu dhewe wae" pitakone diwangsuli dhewe" genah nek aran degsura nek aku wani telepon Ustadz Mahfudzi  mung arep nyuwun pirsa nasibe Waginem. Malah bisa uga aku mengko konangan, nek satemene ati iki wis kethukulan rasa seneng marang kenya ayu sing nglebokne lamaran neng SMA kuwi".

 

Hapene banjur bali diselehne neng meja cedhak amben sing dienggo ngglethak.  Mripate diremne, pikirane diumbar ngumbara dhewe. Dumadakan hapene malah muni banter, suwara sing nuduhake yen ana telepon mlebu menyang hapene. Karo rada dheg-dhegan, mikir sing ora-ora Hapene dicandhak, diiling-ilingi sapa sing nelpon dheweke kuwi? Ustadz Mahfudzi?.

 

"Assalamu'alaikum Ustadz" Sodik ngangkat telepone.

 

"Wa'alaikumussalam warahmatullah" karo suwara sing nuduhake yen lagi gembira ustadz Mahfudzi aweh wangsulan "saiki Dhik Sodik isih Takziyah apa wis tekan daleme Mas Dokter? Apa isih ana dalan?".

 

"Alhamdulillah, sampun dumugi Yogya Ustadz, badhe wonten dhawuh?" Sodik Salim genti wangsulan semune nyadhong dhawuh.

 

"Ya Sokur nek wis neng Yogya maneh, anu arep ngaturi pirsa wae kok" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh.

 

"Inggih? Wonten kabar menapa Ustadz?" Sodik genti takon.

 

"Kabar bab Waginem sing lagi wae rampung olehe nglakoni test lan wawancara" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan.

 

"Inggih? Kados pundi Ustadz? mBak Waginem saged lancar menapa boten? Saged dipun tampi menapa gagal Ustadz?" ora krasa Sodik keseret rasane dhewe, olehe takon ketara nek kesusu, suwarane groyok, ana rasa was lan pangarep-arep sing carub dadi siji.

 

"Iya Panjenengan ki nek mundhut pirsa mbok sing rada sabar sethithik?" Ustadz mahfudzi paring wangsulan karo ngguyu rada dawa "merga sanajan Panjenenga kuwi lahire nyelaki, nanging minangka wong tuwa sing wis tau dadi enom aku ya ngerti, panjenengan ki mambu ati karo Santriku sing jeneng Waginem kae".

 

"He he he" Sodik wangsulan karo ngguyu "Inggih kadospundi wartisipun Tadz?".

 

"Alhamdulillah, kabeh mlaku lancar" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan "jebul sing kapencut karo kapinterane Waginem kuwi dudu aku dhewe, malah Ustadzah Laila wis luwih dhisik pirsa, nek Waginem kuwi duwe dhasar bocah sing sregep, temen, disiplin lan pinter, merga Waginem kuwi jaman SMA tau dadi siswane Ustadzah Laila, wektu kuwi Ustadzah Laila isih jejer dadi Guru Agama, durung dadi pengawas kaya saiki kuwi.........".

 

"Alhamdulillah" Sodik Salim nigas rembug "dados dipun tampi nggih Ustadz?".

 

"Ya genah ditampa no Dhik" wangsulane Ustadz Mahfudzi karo ngguyu "wong ana kader sing kaya ngono apike mosok arep ditulak? wong pantesa ngono upama dikongkon Yayasan sing nglamar, aku ya gelem kok nek kon budhal. Ben kaya jaman Dhik Sodik sepisanan m;lebu SMA kae".

 

Rasane Sodik dadi ayem, marem lan seneng mlumpuk dadi siji. Ngerti nek Waginem wis bisa ketampa neng sekolahane, ndadekne atine sansaya notol, selak kepengin kepethuk lan aweh ucapan selamat marang wanita sing wis ngisi telenging atine kuwi. Karo nyelehne hapene neng meja, Sodik njupuk rokok sak ler, digawa mlaku metu, dheweke arep ngrokok neng teras mburi, ben ora konangan mbakyune.

 

Karo kedhal-kedhul nglaras peganing rokoke, Sodik Salim sing lungguhe ndhenggleg sendhen kursi kuwi, nggagas mengko bengi arep matur Ibune lan kandha marang mBakyune, sesuk Ibune arep didherekne bali menyang Kedunggalar dhisik. Kapan-kapan wae mrene maneh.

 

Kegawa saka atine sing ayem, ora krasa katempuh sumiliring angin sing miwiti wektu sore, ndadekne Sodik keturon, sirahe sumendhe neng kursine. Nglilir-nglilir bareng keprungu suwara adzan maghrib saka masjid ora adoh saka omahe mbakyune kuwi. Sodik tangi banjur daya-daya menyang kamar mandhi arep reresik lan sesuci dhiri.

 

 

 

ana candhake.

 

Jumat, 15 April 2022

SLENDHANG KUNING (026)

26.

Ngerti Waginem wis teka lan katon olehe lungguh sajak ora pati jenjem, merga sing oleh jejibahan nguji lan ngajak wawancara Waginem durung teka, Khoirul tanggap ing sasmita. Kepala TU sing isih legan kuwikepengin nuduhake yen dheweke kuwi klebu wong sing duwe kawigaten marang Waginem sing dhek emben wis ditulungi nata berkas lamaran sing dikirim kanggo Yayasan.  Khoirul rumangsa duwe kewajiban aweh semangat marang kenya ayu sing nglamar dadi guru kuwi. Alon-alon Khoirul nyedhak, banjur lungguh neng dhingklik sing ana sacedhak dhingklik sing dilungguhi Wagtinem.

 

"Budhal saka omah mau jam pira mBak?" pitakone Khoirul kanggo mbukani rembug "Undhangane rak jam loro ta?".

 

"Inggih Mas" wangsulane Waginem karo mesem "wau mantun sembahyang luhur lajeng bidhal, pikir kula tinimbang kasep langkung prayogi menawi ngentosi Mas, tiang nggih boten ngertos sambikalane margi".

 

"Bener kuwi mBak" Khoirul guneman maneh "ya ngenteni sauntara karo leren, saiki lagi jam siji luwih sepuluh, ya pantes nek Ustadzah Laila dereng rawuh".

 

"Ustadzah Laila Mas?" Waginem takon.

 

"Iya, sing entuk jejibahan ing wawancarane panjenengan iki mengko Ustadzah Laila, daleme ya Ngawi. Panjenengan apa durung tepung?" Khoirul wangsulan karo mbalik genti takon.

 

"Dereng Mas" wangsulane Waginem "mesthinipun Ngawi kutha nggih? Nek kula rak Ngawi pinggiran".

 

"Iya, daleme Ustadzah Laila kuwi Jalan Raden Saleh cedhak apotik kana kae lho"

 

Saka omong-omongan sing ana gegandhengane karo wawancara kuwi banju mekar tekan ngendi-endi. Khoirul karo Waginem banjur rembugan akeh-akeh. Khoirul nyritakne kahanane Sekolahan papane nyambut gawe kuwi, sanajan umure durung genep limang tahun, nanging katon wis wiwit ngrembaka. Pamulangane ora kalah yen ditandhing karo sekolahan-sekolahan negeri sing wis maju. Malah Khoirul wani ngarani nek masa depane Sekolahan sing ngayom ing sangisore Yayasan pesantren Modern Al-Hasan kuwi temen-temen padhang.  Kajaba nyritakne guru-guru lan karyawan sing melu nyengkuyung adeg lan lakune SMA kuwi, Khoirul uga nyritakne awake dhewe sing klebu wis manteb olehe ngabdi ing sekolahan kuwi, ora bakal tolah-toleh golek panggonan liya kanggo pencokan sabanjure. Semono uga guru-guru sing umure isih nom-noman, racak-racak wis ora mikir golek gaweyan liya maneh, merga wis padha ngrumangsani kajaba sansaya suwe cara kanggo mlebu dadi ASN kuwi sansaya angel, ing Sekolahan kono blanja sing ditampa minangka leliru olehe wis padha melu ngabdi lan nyengkuyung lakuning KBM uga wis ora kalah adoh karo pengasilane PNS. Pancen olehe crita Khoirul kuwi ora digawe-gawe, nanging crita apa anane lan Waginem sansaya kasengsem kepengin enggal bisa melu ngabdi ing sekolahan sing ngayom marang Yayasan sing dipercaya ngolah bandha wakaf rupa sawah pirang-pirang hektar lan bandha-bandha liyane kuwi.

 

"Inggih mugi-mugi mawon kula mengke saged lolos lan ketampi wonten mriki Mas Khoirul" kandhane Waginem nanggapi critane Khoirul "dados kajawi saged pados pagesangan ing mriki, kula ugi saged ndherek ngabdi tumut nggesangi sekolahan menika".

 

"Ya mBak muga-muga" kandhane Khoirul sabanjure "aku percaya sampean mengko akeh ketampane mBak, merga aku wingi ya matur marang Pak Kepala lan Ustadzah Laila ngenani kahanane panjenengan sing rumangsaku sarwa becik kuwi lan adate nek aku sing matur, iya Pak Kepala iya liyane padha akeh percayane lan banjur didadekne salah sijine bahan pertimbangan".

 

"Inggih Mas Khoirul, matur nuwun sanget lho" wangsulane Waginem sing uga wiwit ngerti apa sing dadi karepe Khoirul. Miturut Waginem, mbuh sethithik mbuh akeh kanthi kandha mangkono iku, Khoirul duwe pangajap supaya Waginem ngrumangsani nek Khoirul wis aweh pambiyantu marang dheweke ing babagan iki. Satemene oraa dikandhakne Waginem ya wis ngrumangsani nek wis oleh pambiyantu saka wong-wong SMA Al-Hasan kuwi, klebu saka Khoirul lan uga saka Sodik Salim. Kelingan Sodik Salim Waginem dadi mesem dhewekan, sanajan umur-umurane ketoke  sapantarab karo Khoirul, nanging Sodik Salim kawaca bisa katon yen luwih diwasa. Waginem ngerti dhewe, sanadyan Sodik Salim olehe ngaku marang dheweke mung GTT sing ora duwe kuwasa apa-apa bab kawicaksanan sing ana ing sekolahane, nanging kanyatane nalika Sodik ngeterne dheweke nemoni Pak Ketua Yayasan kae, katon banget nek Sodik Salim kuwi nduweni kawibawan sing ora baen-baen, ketitik Ustadz Mahfudzi sing jejer minangka Ketua Yayasan, banget olehe katon ngajeni marang Sodik Salim.

 

Jam loro luwih limang menit, test lan wawancara kanggo Waginem diwiwiti, manggon neng ruwangan mligi kanggo nganakne acara ngonoi kuwi. Waginem didhepne ing ngarepe wong lima sing lungguhe mubeng, ing sisih kiwa, ngarepe lan sisih kanane. Sauntara kuwi ing mburine Waginem rada adoh, Ustadz Mahfudzi karo wong siji maneh lungguh kursi ngulati lan ngrungokne lumakune test lan wawancara "ala Al-Hasan" kuwi.

 

Mbaka siji wong lima kuwi wiwit aweh pitakonan sing wajib diwangsuli dening Waginem, wiwit wawasan kebangsaan, keagamaan lan liya-liyane. Kabeh bisa diwangsuli kanthi becik lan lancar dening Waginem. Bareng kabeh wis padha takon, kajaba sing ana tengah ya iku Ustadzah, lan wong papat kuwi padha nuduhne marang Ustadzah Laila sing dhapuk dadi pimpinan yen Waginem wis oleh biji sing becik adoh ing sadhuwure biji rata-rata, Ustadzah Laila genti wiwit ngendika, arep aweh pitakonan marang Waginem.

 

"mBak Waginem S-1 ne saka STKIP Ngawi ya?" Ustadzah Laila wiwit takon.

 

"Leres Us" wangsulane Waginem tatag.

 

"Lha biyen SMA ne ngendi?" Ustadzah Laila takon maneh.

 

"SMA Pancasila Ngawi Us" Waginem wangsulan maneh "ingkang tahun menika ketingalipun sampun badhe tutup".

 

Pancen ing Ngawi tau ana SMA swasta sing klebu apik, nanging bareng karo tumibane mangsa kala lan sansaya majuning kahanan SMA Pancasila wiwit kekurangan murid sing wekasane tahun iki klakon ditutup ora nampa siswa maneh, sisa-sisane siswa banjur dititipne ing sekolahan liyane nganti lulus.

 

"mBak Waginem kelingan sapa Guru Agama ing SMA Pancasila sing mulang Panjenengan?" Ustadzah Laila nutugne pitakone.

 

Waginem rada nggragap oleh pitakonan mangkono kuwi, awit ambak-ambak Waginem kuwi tetep ora arep nglalekne guru-gurune sing wis aweh kapinteran marang dheweke wiwit saka SD nganti tekan lulus S-1, nanging sing ora kepetung prioritas kuwi ya guru-gurune  nalika ana SMA biyen. Mula oleh pitakonan mangkono kuwi mau, Waginem rada nggragap rumangsa oleh isyarah yen dheweke wis tumindak ora pas, merga rada ora migatekne guru-gurune jaman neng SMA. Nganti sauntara Waginem ora semaur.

 

"Karo Gurune dhewe mosok panjenengan supe mbak Waginem? Apa dumeh mung Guru Agama banjur ora tau mampir ing pangeling-eling?" Ustadzah Laila ngambali pitakone.

 

"Nyuwun pangapunten Us" grawalan Waginem semaur "boten makaten, ingkang paring piwucal babagan Agami nalika kula sekolah ing SMA Pancasila rumiyin inggih menika Ibu Dra,Hj. Lailatul Hasanah, M.Ag.".

 

Karo nyebut asmane Gurune kuwi, Waginem ndengengek wani nyawang pasuryane sing ngajak wawancara, Ustadzah Laila. Waginem lagi mudheng, jebul Ustadzah Laila sing jejer dadi Wakil Ketua Yayasan Al-Hasan kuwi jebul Bu Lailatul Guru Agamane. Mau Waginem ora pati nggagas asmane Ustadzah Laila, merga jeneng kuwi ora pati ditepungi ing angen-angene, nanging bareng Waginem krungu suwarane lan asmane digathuk-gathukne, Waginem lagi krasa yen jebul Laila kuwi ya padha karo Lailatul, Ustadzah Laila kuwi padha karo Bu Lailatul.

 

"Upama Panjenengan saiki kepethuk karo Guru Agama kuwi Panjenengan pangling apa ora mBak Waginem?" Ustadzah Laila nutugne olehe aweh pitakonan.

 

"Insya'allah boten Us" wangsulane Waginem karo mesem sithik.

 

"Ya wis, mengko wae nek acara wawancara wis rampung aku kepengin ngrembug Guru Agama Panjenengan kuwi bisa ta?" Ustadzah Laila takon karo mesem.

 

"Inggih Us, sendika"

 

Sabanjure ora suwe olehe wawancara, Waginem dinyatakne nek wis lulus kanthi becik, kanthi mangkono ateges anggone nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan ditampa. Sawuse sepisan maneh dituduhi bab rekasane dadi Guru neng sekolahan sing lagi berkembang kuwi lan Waginem panggah ing niyate tetep kepengin ngabdi ing sekolahan kono, mangka dina iku uga bakal diterbitne SK penetapan marang Waginem sing diangkat dadi Guru Yayasan.

 

Ustadz mahfidzi lan kancane sing mau lungguh rada adoh banjur nyedhak, aweh ucapan selamat marang Waginem banjur ditutne para sing mau aweh pitakonan uga padha aweh ucapan sing padha. Banjur ditutugne jagongan sing mirunggan, Ustadz Mahfudzi nggenahne yen Waginem kuwi kena diarani santrine dhewe, merga dheweke Sekretaris ing Majlis Taklim sing salah siji sing dadi Ustadze ya Ustadz Mahfudzi dhewe.

 

"Nanging aku kalah karo Ustadzah Laila" Ustadz Mahfudzi mungkasi critane "lan aku lagi dadi eling, nek mBak Waginem sing bisa dadi sregep, sholihah, pinter lan trampil trengginas iki merga saka piwulange Ustadzah Laila jaman tugas neng SMA Pancasila biyen, maune tak kira merga saka ceramah-ceramahku he he he he".

 

"Alhamdulillah Ustadz" Ustadzah Laila aweh wangsulan "samangke insya'allah mBak Waginem sampun dados kulwarga Yayasan, inggih kanthi menika kula pitados bilih ing tembe wingkingipun SMA Al-Hasan menika badhe sansaya kuncara".

 

"Aamiin" kabeh sing ana kono klebu Waginem padha ngamini.

 

 

ana candhake.

 

 

Rabu, 13 April 2022

SLENDHANG KUNING (025)


25.

Jebul wektu kanggo nyarekne layon ing Panggang rada beda karo sing lumaku neng Yogya. Ing Panggang nyarekne layon ora kaiket wektu kaya neng Yogya sing wancine nyarekne layon kurang luwih mesthi jam loro awan. Nek neng Panggang wektune njumbuhake karo gaweyan ing kuburan, yen omah sing arep dienggoni layon wis dadi ya layon banjur dibudhalake.

 

Kira-kira jam sepuluh awan, Ibune Bu Hasanah wis dibudhalake saka wisma dhuhkita, ora nganggo mobil wong kuburane cedhak, watara mung rong atus meter saka omah. Sing padha ndherekne tekan pasareyan akeh banget, ya ora nggumunake wong jaman sugenge Eyange Restu kuwi garwane Penghulu ing Gunung Kidul lan kabare Sawargi Pak Penghulu kuwi ya isih trahing Kusuma Rembesing madu saka kraton Ngayogyakarta. Lan sing ora kalah kondhange, Maratuwane Pak Jayadi kuwi kakung putri duwe pakulinan srawung sing becik karo tangga teparo lan sanak sedulure kabeh.

 

Jebul tradisi ing kampung kono kuwi rada beda karo panggonan liyane, sing dikeparengake ndherekne layon nganti tekan pekarangane pasareyan mung priyayi kakung thok, priyayi putri, sanadyan isih putra wayahe mung dikeparengake ndherekne tekan plawangan pasareyan, banjur ngenteni upacara pemakaman neng njabane pakarangan pasareyan. Saking akehe sing padha ndherekne layon, akeh wong lanang sing ora melu mlebu, milih leren neng njabane pekarangan pasareyan, golek panggonan sing rada adhem banjur padha lungguh ngenteni rampunge upacara. Sodik sing uga ngrumangsani nek mung olehe nglayat merga kegandheng karo mBakyune sing dadi kanca lan tanggane Bu Hasanah, uga banjur milih ora melu mlebu pekaranganing Pasareyan. Olehe mangkono kuwi mau, Sodik kepengin supaya para putra wayah lan kerabate sing seda ora keganggu merga dheweke.

 

Bu Hasanah, Restu lan para kerabate layon sing olehe ndherekne mung dikeparengake tekan plawangan pasareyan, banjur padha mlumpuk golek panggonan neng cedhake kono, ana sing ngadeg ana sing lungguh, kabeh padha anteng nyemak lakuning upacara pemakaman saka kadohan. Bu Kaji lan Ririen uga banjur melu-melu lungguh ing cedhake putra wayah lan kerabate layon neng ngisore wit Munggur sing ngrembuyung godhonge, wit munggur sing thukul ing pekarangan pasareyan nanging pang lan godhonge akeh sing manglung menjaba, ndadekne ratan cedhak pasareyan kuwi dadi adhem kayoman.

 

Merga dudu kerabat, anane Bu Kaji karo Ririen neng kono kuwi tan wurung dadi kawigatene para sedulur lan sanakane Bu Hasanah. Merga ya padha durung ana sing padha tepung. Ngawruhi kahanan kang mangkono kuwi, Bu Hasanah rumangsa ketiban kuwajiban nepungake tamu saka Yogya kuwi marang sedulur-sedulur lan kerabate.

 

"Ditepungne Bulik" kandhane Bu Hasanah marang sawijining wong wadon sing lungguh ing cedhake, wong liyane sing ora diajak guneman kabeh padha melu migatekake "iki Bu Kaji Ali lan iki Putrane asmane Bu Ririen utawa Bu Dokter Kahar, daleme tunggal sak RT karo omahku neng Jatitubanan kana".

 

Sing diundang Bu Hasanah nganggo sebutan Bulik kuwi, mesem karo manthuk marang Bu Kaji lan Ririen, karo kandha :

 

"Matur nuwun awit rawuhipun Bu Kaji, pun tepangaken kula Sumirah, inggih taksih kapernah pulunanipun sawargi Budhe Pengulu menika".

 

"Inggih matur nuwun" Bu Kaji sing aweh wangsulan karo mesem ramah, Ririen manthuk seneng.

 

"Estunipun wiwit enjing wau kula sampun sumerep, boten nyana menawi priyantun saking Yogya dados kula nggih mendel mawon" kandhane Sumirah sabanjure "kala wau saking Yogya jam pinten? gajege taksih enjing sampun rawuh? gek wau nitih menapa no?".

 

"Saking Yogya taksih radi enjing Bu, wau dipun teraken adhik" sing wangsulan genti Ririen, sing banjur kandha marang Restu sing manggon ana sisihe "tulung Dhik Restu, Masmu Sodik kae timbalana mrene ben tepung karo sedulur-sedulur Panggang kene".

 

Bu Kaji karo Bu Hasanah sing uga ngerti nek Ririen kongkonan Restu ngono kuwi padha ngempet eseme dhewe-dhewe, mung ing batin padha ngalembana marang kawegigane Ririen olehe migunakake kalodhangan kanggo nglancarne pepenginane. Restu dhewe ya ora bisa suwala, banjur mlaku nyedhaki Sodik sing lungguh ijen ing dhumpal watu tatanan wadhah cagak gendera.

 

"Menika lho Bu adhik kula ingkang kula aturaken wau, naminipun Sodik Salim" kandhane Ririen marang Sumirah nepungake adhine "wau saking Yogya mila taksih radi enjing, tiyang sareng kalih Dhik Restu".

 

"Oo, makaten?" Sumirah wangsulan banjur karo mripate namatne praupane Sodik wong kuwi guneman maneh karo suwara sing grapyak semanak "kula niki nggih taksih mBokne Cilik Restu Mas, mangke sampun kesesa kundur rumiyin,  kersane saged panggih kalih sedherek-sedherek kulawarganipun Budhe Pengulu".

 

Krungu gunemane wong sing jeneng Sumirah ngono kuwi, Sodik mung bisa wangsulan karo mesem amba wae. Sauntara Restu sing rada rumangsa pekewuh karo gunemane Sumirah sing isih kapernah Bulike kuwi, mung bisa ndhingkluk karo praupan rada mbrabak. Kuwatir yen nganti Sodik dadi salah tampa karo tembunge Sumirah. Beda maneh karo Bu Hasanah karo Bu Kaji, priyayi loro kuwi sepisan maneh aweh pangalembana sajroning batin marang Ririen sing wasis gawe raket antarane Sodik karo Restu.

 

"Matur nuwun sanget Bu" sing aweh wangsulan marang Sumirah malah Ririen "kula lan Ibu estu remen kok saged sowan ing Panggang mriki niki, upami ing griya boten repot ngaten estunipun kula kepengin ngajak adhik kula niki nyipeng mriki, nggih mangke supados radi dangu teng mriki, kula tak wangsul radi sonten kemawon".

 

"Inggih matur nuwun Bu" wangsulane Sumirah karo mesem seneng. Wong-wong liyane kerabate Bu Penghulu sing disarekne kuwi wis padha duwe dudutan dhewe-dhewe yen antarane Bu Hasanah karo Bu Dokter Kahar kuwi ora mung tetanggan lumrah, nanging tangga sing cedhak lahir lan batine, merga antarane Restu lan Sodik kuwi katone uga ora mung kekancan lumrah wae.

 

"Mengko Dhik Restu piye? kundur nyang Yogya apa keri neng daleme Eyang dhisik?" genti Ririen nakoni Restu. Restu sajak kewuhan olehe arep semaur.

 

"Restu mila kula kengken wangsul Bu Ririen" sing mangsuli malah Bu Hasanah "kula kalih bapake ingkang kantun. Awit Restu benjing menika rak gadhah tanggelan kalih lare-lare TK ingkang sampun disagahi badhe dipun ajak dhateng Taman Pintar?".

 

Ora krasa ditinggal omong-omongan, wong-wong sing nggawekne omahe sing jan sing dienggoni layon wis rampung. Sing padha omong-omongan banjur meneng kabeh, nyemak lakune upacara wiwit atur panuwun saka wakiling kulawarga sing disalirani dening Pak Dhukuh nganti sing pungkasan ditutup donga sing dipimpin Pak Kaum. Lan bareng upacara pametaking layon wis rampung, wong-wong ya banjur padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Kajaba kulawarga cedhake sawargi sing mbalik menyang daleme Bu Penghulu. Njagani mbok menawa ana sanak sedulur sing olehe takziyah rada telat.

 

Tenan, sidane rombongane Bu Kaji sing mobile disetiri Sodik, ora tumuli bali menyang Yogya. Nanging merlokne mandheg dhisik ing kono, melu jagongan kumpul karo putra wayah lan kerabate sawargi Bu Penghulu sing mlumpuk, padha lungguhan ing jogan sing digelari klasa.

 

Pak Jayadi sing uga melu lungguhan neng kono sepisan maneh nepungake Bu Kaji, Ririen lan Sodik marang kulawargane Bu Hasanah. Sanajan olehe kandha Pak Jayadi ya apa anane, lire Bu Kaji  kuwi daleme Ngawi, tindak menyang Yogya merga tuwi wayahe didherekne Sodik, putrane. Lan ndelalah daleme Bu Ririen utawa Bu Dokter Kahar putrane Bu Kaji kuwi tunggal sak RT karo dheweke, mula Bu Ririen karo Bu Kaji ya banjur takziyah mrono sing nyetiri Sodik, budhale bareng karo Restu. Nanging panampane wong-wong sing ana kono beda, wong-wong kuwi luwih percaya karo dudutane dhewe-dhewe yen Sodik kuwi calone Restu, mung kaceke durung ana tembung tuwa utawa lamaran wae, dadi Pak Jayadi dianggep isih pekewuh yen nepungne Sodik kuwi calon mantune.

 

Watara Jam loro luwih lima las menit, rombongane Bu Kaji pamitan arep bali menyang Yogya. Restu sing sing sesuk arep ngeterne anak-anake ing TK rekreasi menyang Taman Pintar uga banjur melu bareng pisan. Dadi ya kaya budhale mau. Bu Kaji lan Ririen manggon ing jog tengah, Restu lungguh ngarep njejeri Sodik sing nyekel setir.

 

"Sodik kuwi sampean jak omong Dhik Restu" kandhane Ririen aweh prentah "merga Sodik kuwi nek nyetir wayah awan ngene iki kerep ngantuk, nek ora sampean jak omong mengko bisa-bisa turu karo nyetir".

 

"Yu Rien ki kok, ngono wae diomongne lho?" sadurunge Restu semaur, Sodik luwih dhisik sing nyaut kandhane Ririen "Ora-ora nek aku mengko ngantuk, wong termosku wis tak iseni nganggo kopi pas leren esuk mau, nek ngantuk ya kari ngombe wae he he he".

 

Sauntara Sodik lungguh dijejeri Restu, sing ana SMA Al-Hasan seje maneh critane. Waginem krasa dheg-dhegan ngenteni acara wawancara diwiwiti. Pikirane nglangut, nggambarake, mendah senenge saupama wektu kuwi dheweke ditunggoni Mas Sodik. Priya lugu sing andhap asor lan nengsemake atine............

 

ana candhake.

 

 

SLENDHANG KUNING (024)

24.

Sanadyan nganti wengi Sodik ora bisa turu, nanging sadurunge adzan subuh wis tangi. Pancen wis wiwit biyen Sodik kuwi duwe pakulinan sadurunge manjing wektu subuh mesthi wis adus gebyur. Dadi esuk kuwi nalika masjid sacedhake omahe dokter Kahar kuwi ngumandhangake adzan subuh, Sodik ya daya-daya budhal arep nindakne kuwajiban marang Gusti Allah sing tumrape Sodik wis dudu kuwajiban maneh nanging wis manjing dadi kabutuhaning urip sing ora bisa ditinggalne.

 

Mulih saka Masjid, weruh Ibu lan mbakyune padha tata-tata, Sodik ya banjur mlebu kamar nyopot sarunge, salin penganggo sing arep dienggo lunga esuk kuwi. Ririen ngulungne kunci mobile marang adhine, Sodik wis tanggap mobil ya banjur dipanasi.

 

Esuk kuwi, isih peteng wong telu wis padha sarapan, sing mungguhe Bu Kaji dudu sarapan nanging mung saderma nyamikan wae. Merga ngendikane Bu Kaji sing jeneng sarapan kuwi ya kudu nganggo sega. Lha esuk kuwi sing diladekne rewange Ririen mung Susu sagelas karo endhog pitik loro ditambah roti tawar.

 

"Mengke menawi ngersakne dhahar sekul saged mampir wande mawon Bu" kandhane Ririen karo nyedhaki sarapane "niki damel ampet-ampet rumiyin".

 

"Upama ora ndadak nganggo mapir warung ya ora apa-apa kok" Bu Kaji paring wangsulan "wong ya wis kulina ora sarapan wae, aku ki mung omong nek durung mangan sega kuwi rumangsaku kok kaya durung sarapan".

 

"Ning mengke kedah mampir wande Bu" Sodik sing genti guneman karo mesem "kula rak putrane Ibu?, dados nggih meh sami".

 

"Meh padha apane Dik?" Ririen takon.

 

"Esuk kuwi nek durung nyruput kopi pait sing panas, ya kaya durung ngombe wae" wangsulane Sodik "lha iki arep tak kon nggawekne kopi, aku malah kuwatir nek dadi kembung wong wis ngombe susu sak gelas gedhe ngene?".

 

"Ya wis, mengko mampir ngopi neng ndalan" karo suwara sing sareh Ririen wangsulan "ning jarene Pake cah-cah ki, kopi neng warung Yogya ki beda lho nek karo kopi nggone dhewe kana Dik? Jarene kopine blas ora manteb, malah jarene wong sing seneng guyon rasane kopi warung kene ki kaya banyu kendhi".

 

"Iya Yu, aku ya ngerti kuwi" wangsulane Sodik "mula nek pesen kopi neng warung kene kuwi kudu omong menyang bakule, njaluk kopi sasetan weton toko, merga nek kopi gaweyane sing duwe warung padha karo kopi genthong nek neng nggine dhewe kana, kopine nganggo gelas gedhe nanging ora ana rasane. Wong Yogya kuwi wiwit biyen rak kondhang priyayi, dadi ngombene Teh".

 

Ora suwe olehe padha jagongan sinambi sarapan, banjur padha budhal arep nglayat menyang Panggang Gunung Kidul. Kaya sing dikandhakne wingi, mobil sing disetiri Sodik kuwi luwih dhisik ngampiri Restu neng omahe. Sing mudhun saka Mobil mung Ririen dhewe, karepe arep nyeluk Restu. nanging sing arep diceluk jebul malah wis mlaku metu saka njero omah.

 

"Sampean manggon ngarep wae Dhik" kandhane Ririen ngongkon Restu supaya manggon njejeri Sodik, Ririen sengaja ngundang Restu nganggo sebutan "dhik" ora kaya padatan sing nek ngundang mensthi nganggo sebutan "mbak". Bu Kaji mesem, ngerti karo apa sing dikarepne Ririen.

 

"Ben ngiras dadi pemandu jalan, iki kabeh rak durung ana sing weruh dalane, klebu sopire kuwi?" kandhane Ririen sabanjure.

 

"Inggih Bu, menawi makaten" wangsulane Restu sing banjur munggah mobil.

 

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Mas" kandhane Restu marang Sodik sing mesem gantine luruh marang Restu "kala menapa rawuhipun?".

 

"Kala wingi siang mBak" wangsulane Sodik cekak "mangke tulung kula dikandhani margini lho, tiyang kula nggih nembe sepisan niki badhe dhateng Panggang".

 

"Inggih Mas" wangsulane Restu karo mapan lungguh.

 

Senajan tenane ngono Restu kuwi lagi sajroning nandhang susah merga ditinggal seda eyange, nanging katon nek susahe Restu ora pati nemen, malah kepara katon lumrah wae. Amarga, kajaba Eyange pancen wis sepuh banget, Restu uga ora pati cedhak nemen karo eyang sing saka ibune iki. Beda adoh karo sawargi eyang putrine sing saka bapake. Dadi neng jero mobil, karo mlaku wong-wong kuwi bisa rembugan kanthi mirunggan wae. Ririen sing dhasare ngono Dhosen Ilmu Komunikasi, tansah bisa nata ukara murih sing dirembug bisa disauti dening Restu lan bisa narik kawigatene Sodik. Dadi olehe padha rembugan karo mlaku kuwi bisa nyambung lan krasa gumyak. Bola-bali Restu karo Sodik padha urun panemu marang sing lagi padha dirembug. Bu Kaji rumangsa sansaya seneng penggalihe, Sodik wis wiwit bisa guyon karo Restu. Sauntara kuwi, Restu apa dene Sodik ora ngerti yen bisane bocah loro kuwi sambung olehe padha omong-omongan amarga saka pambudidayane Ririen sing nyata baud ngolah carane komunikasi. Sansaya suwe, sansaya gayeng. Restu wiwit wani takon marang Sodik magepokan karo piwulange agama ngenani wong sing wis tinggal donya kaya eyange kuwi.

 

"Lha menawi tiyang ingkang sampun seda niku pripun Mas?" pitakone Restu "kados eyang kula niki upaminipun, kula niki asring nggambaraken mendah sepine raosipun tiyang ingkang sampun disarekne ing kuburan, lajeng tiyang-tiyang ingkang nglayat sampun sami wangsul?".

 

"Niku ngeten mBak" wangsulane Sodik karo mesem "mila leres sasampunipun seda tiyang niku manggenipun ing alam kubur, nanging nami alam kubur utawi alam barzah menika mapanipun ing sanjawining alam dunya menika, nanging ing alam sanes ingkang dereng dipun ngertosi dening tiang ingkang taksih gesang. Dados antawisipun kuburan kalih alam kubur menika benten, kuburan menika mapanipun taksih ing alam dunya menika. Ingkang wonten kuburan namung wujud raganing manungsa ingkang sampun boten wonten ginanipun malih, awit boten dangu malih lajeng risak dados mangsanipun siti. Lha sejatining manungsanipun mapan ing alam kubur, ing mrika lerem utawi istirahat, ngentosi timbalan ing dinten kiyamat saperlu marak ing trajuning pengadilan akherat. Niki menawi pamanggih kula".

 

"O makaten nggih Mas?" Restu wangsulan karo mesem "ketingale kula kok langkung sreg kalih pamanggihipun Mas Sodik niki. Lha waunipun kula niki jan boten mudheng lho Mas?, malah mbentekanken antawisipun alam kubur kalih kuburan kemawon inggih boten saged, murugaken criyos ingkang kula tampi niku benten-benten, wonten ingkang paring katrangan bilih sasampunipun tiyang ingkang nglayat sami wangsul, lajeng ingkang dipun kubur wau dirawuhi Malaikat kalih mbeta gada ageng saking wesi, menawi tiyang ingkang dikubur wau boten saged wangsulan lajeng dipun gada ngantos ajur badanipun, malah kanca-kanca kula wonten ingkang criyos sambatipun tiyang disiksa ing kuburan menika sok-sok saged dirungokne tiyang ingkang taksih gesang napa. Ugi criyose kados nyanyian lagu dangdut jaman kina, penyanyine Ida Laila ingkang judhulipun Siksa Kubur nika. Kanca kula ugi wonten ingkang criyos, menawi pengin mbuktekne wontenipun tiyang disiksa ing kuburan niku, saged api-api tumut wangsul titiyang ingkang sami nglayat, nanging jane namung nylingker mawon, lajeng wangsul nyaketi kuburan malih, criyose tiyang ingkang mbuktekne mawi cara niku lajeng mireng suwanten horegipun bumi, awit kagetipun tiyang ing kuburan ingkang dipun dugeni Malaikat mbeta gada niku wau.......".

 

Durung nganti olehe kandha Restu rampung, Sodik wis luwih dhisik ngguyu banter. Merga critane Restu kuwi keprungu yen lucu. Malah ora mung Sodik dhewe sing ngguyu, klebu Ririen karo Bu Kaji uga melu ngguyu, malah Restu sing diguyu ya banjur melu ngguyu pisan, dadi kahanan mundhak gayeng wae.

 

"Aku ya tau krungu crita sing mangkono kuwi Dhik" kandhane Ririen ing sela-selane guyune "nanging kuwi sing crita ya bocah-bocah biyen sing mung krungu dongeng saka wong liya, ning ya ora ana sing mbuktekne".

 

"Lha inggih ta Bu?" Restu genti wangsulan "menawi anggenipun rawuh Malaikat niku ngentosi ingkang nglayat sami wangsul lan kuburan sampun boten wonten tiyang, rak malaikatipun inggih mesthi pirsa menawi wonten tiyang ingkang nylingker api-api wangsul nanging jebul boten?".

 

"Sing gawe crita kuwi duwe panemu nek Malaikat kuwi gampang diapusi Nak Restu" Bu Kaji melu ngendika mbumboni apa sing lagi wae dikandhakne Restu.

 

Ora guneman apa-apa dumadakan Sodik nginggirne mobile, banjur menggok mlebu platarane Rumah Makan sing klebu gedhe, sing neng ngarepe dipasangi lampu papan nama nganggo tulisan gedhe-gedhe "PANGGONAN NGOPI" .

 

"Sarapan dhisik Dhik" kandhane Ririen marang Restu sing meh wae arep takon menyang Sodik ya gene ndadak mampir kono kuwi barang "iki mau kabeh saka omah rak durung ana sing sarapan, Dhik Restu rak ya durung ta?".

 

"Dereng Bu".

 

 

ana candhake. 

 

SLENDHANG KUNING (023)


23.

Bubar mangan Sodik wis ora bali menyang kamare Ibune maneh, merga Sodik ngerti nek Ibu karo mBakyune lagi gayeng jagongan ngrembug urusane wong wedok sing Sodik ora pati mudheng. Sodik malah bablas menyang kamare sing manggon neng lantai dhuwur. Kelingan nek sesuk esuk kudu dhapuk dadi sopir nyetiri mobile Ririen nglayat menyang Panggang, Sodik kepengin enggal bisa leren wae. Merga mau awan ya ora turu babar pisan wong nyetir saka omah tekan Yogya, ora ana kancane pisan. Mula murih sesuk esuk bisa duwe tenaga sing luwih seger, becike bengi iki ora sah ndadak melekan nganti wengi, enggal mapan wae, sokur nek bisa enggal turu, saora-orane bisa ndlujurne balung neng paturon.

 

"Klunthing" lagi wae Sodik arep mapan ngglethak, dumadakan hapene muni nuduhne nek ana pesen WA sing mlebu. Karo njengkerutne bathuke, Sodik mbukak pesen sing jebul saka Ustadz Mahfudzi, Ketua Yayasan sing ora kulinane kirim pesen liwat WA.

 

"Assalamu'alaikum, Dhik Sodik posisi di mana? longgar gak? nek longgar aku arep ngobrol sedhela" ngono kuwi unine pesen WA saka Ustadz Mahfudzi. Pancen Ustadz Mahfudzi kuwi sanajan duwe kalungguhan sing dhuwur, wong ya pensiunan salah sijine Petinggi Kemenag Ngawi, banjur tau lungguh dadi anggota DPRD barang, dhasare Ustadz kondhang sing saben dina mider ngubengi kutha-kutha nekani panjaluke umat sing mbutuhake pituture, nanging priyayine lembah manah lan ora sombong. Karo sapa-sapa tansah ngajeni, tembung satembung tansah gawe senenge sing ngrungokne, tata kramane komplit mula ya mokal ana sing wani aweh panyendhu marang dheweke. Klebu nek rembugan karo bocah-bocah sing umure adoh mapan ing sangisore, kaya marang Sodik Salim iki. Wong Sodik Salim kuwi umure telung puluhan, lha Ustadz Mahfudzi pitung puluh kepara punjul. Nanging basa sing dicakne nalika ngajak guneman Sodik ya kaya mau ngono kuwi.

 

Ora niyat arep aweh wangsulan lumantar WA, Sodik Salim banjur nutul Hapene telepon marang Ketua Yayasane kuwi.

 

"Assalamu'alaikum, iya Dhik Sodik?" Ustadz Mahfudzi nampani telpune Sodik.

 

"Waalaikumussalam" wangsulane Sodik nganggo suwara sing alus "badhe dhawuh menapa Tadz? kula longgar sanget kok".

 

"Alhamdulillah, sesuk awan Dhik Sodik are tak jaluki tulung makili aku, bisa ta?" Ustadz Mahfudzi nembung nek arep njaluk tulung. Sodik ngerti, tembunge njaluk tulung, nanging satemene kuwi luwih pas nek diarani prentah. Nanging pancen selawase urip, Ustadz mahfudzi kuwi ora tau nibakne prentah marang sapa wae, kabeh mesthi nganggo tembung njaluk tulung, sing ndadekne para  andhahan ngisorane rumangsa nek diajeni dening pimpinane.

 

"Makili dhateng pundi ta Tadz?" Sodik genti takon dibacutne nggenahne nek dheweke lagi repot dhewe "wekdal menika kula taksih dhateng panggenane Yu Rien, kalih Ibu napa. Lha benjing enjing badhe takziyah dhateng tiyang sepuhipun tanggine Yu Rien dhateng Panggang Gunung Kidul".

 

"Oo, Dhik Sodik neng Yogya ta? ya wis nek ngono" suwarane Ustadz Mahfudzi keprungu rada cuwa "ya mengko tulung nitip salamku wae kagem mBak Ririen lan Kakunge nek ngono".

 

"Inggih Tadz" wangsulane Sodik, banjur ditutugne nganggo takon "lha estunipun badhe kadhawuhan makili bab napa ta Tadz?"

 

"Sesuk awan kuwi rak jadwale wawancarane mBak Waginem sing olehe nglebokne lamaran panjenengan barengi kae?" Ustadz Mahfudzi aweh katrangan.

 

"Dipun ralat Tadz" Sodik nigas rembug karo ngguyu "boten kula sarengi nanging, andilalah sareng kalih kula ingkang badhe ndherek rapat ing Kantor Yayasan".

 

"He he he " Ustadz Mahfudzi melu ngguyu "iya, mau karepku ya arep muni ngono kuwi he he he, lha sirku Dhi Sodik sing arep tak jaluki tulung ngawasi lakune wawancara kuwi. Merga bares wae ya Dhik, Waginem kae wis tak anggep kaya anakku dhewe, merga aku wis ngerti tenan nek bocah kae klebu bocah sing luwar biasa. Sregep, sopan,Solihah, duwe rasa tanggung jawab sing gedhe lan ora mbalekne gaweyan apa wae sing dipasrahne. Kuwi aku ngerti dhewe, wong ing atase bocah saka kana kae, nanging bisa nuduhne nek olehe taat neng agamane ngungkuli bocah weton pesantren wae. Mula jane ngono aku kepengin Waginem kuwi bisa ditampa neng SMA ne dhewe".

 

"Inggih Ustadz" Sodik salim wangsulan alon "kula kemawon sanaosa anggen kula tepang dereng dangu, rumaos kula mBak Waginem nika mila kenya ingkang mumpuni ing samubarang reh".

 

"O, dadi Dhik Sodik kuwi durung suwe ta olehe tepung karo Waginem?" Ustadz Mahfudzi takon karo ngguyu alon.

 

"Kinten-kinten nembe setengahan wulan kok Tadz" wangsule Sodik.

 

"O ngono, nanging lagia setengah wulan olehe tepung, Dhik Sodik ora perlu tidha-tidha, percaya wae karo aku, Dhik Sodik ora bakal rugi nek ndang cepet olehe nembung menyang wong tuwane Waginem banjur ndang diresmekne pisan" Ustadz Mahfudzi nyambung olehe rembugan "aja samar mengko aku tak sing nginang jambe suruhe, ndhodhog kori lawange, dadi talanging basane keng Ibu nglamar Waginem kanggo slirane........".

 

"Ustadz ki kok saged mawon lho.....?" sanadyan satemene sajroning atine Sodik ana rasa seneng krungu tembung guyon parikenane Ketua Yayasane kuwi, nanging sing ucul saka lambene tembung sing seje. Mung cengkoking suwarane sing ora bisa diajak apus-apus, yen tenane pancen Sodik duwe rasa seneng karo apa sing dikandhakne Ustadz Mahfudzi ngono kuwi mau.

 

"Nanging bares wae ya Dhik?" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh "Upama Dhik Sodik ki bisa karo Waginem, aku rumangsa melu seneng, lha Dhik Sodik dhewe kira-kira piye? nek karo bocah Karangasri kae?".

 

"Pripun nggih Tadz? nggih ngoten nika neh......" wangsulane Sodik karo ngguyu.

 

Ora suwe Ustadz Mahfudzi mungkasi nggone rembugan liwat telepon karo Sodik, sanajan jebul Sodik ora bisa nindakne apa sing diprentahne, merga lagi neng Yogya, nanging rembugan neg telepon kuwi mau, nuwuhake rasa sing nyenengake. Nyenengake ing atine Sodik Salim, uga ing penggalihe Ustadz Mahfudzi.

 

Sodik nyelehne Hapene neng meja cilik cedhak ambene, banjur ngglethak arep mapan turu. Nanging jebul pikirane Sodik angel dijak enggal leren, suwe nggone Sodik ngeremne mripate, nanging panggah durung bisa ngliyep. Jroning atine tansah kelingan marang Waginem sing bengi iki satemene uga lagi ana ing Yogya, pase ing kos-kosane ponakane. Nanging sesuk-esuk bar subuh, Waginem kudu bali menyang Ngawi, merga jam loro awan kudu wawancara ing SMA Al-Hasan magepokan karo lamaran sing wis dilebokne.

 

"Wah, sesuk Waginem piye ya? muga-muga wae bisa mlaku kanthi lancar" kandhane Sodik marang atine dhewe.

 

"Nek kudune kuwi wis kenek dijagakne nek mesthi lancare" atine sing sesisih melu guneman "wong Ustadz Mahfudzi sing pengalaman uripe wis ora karuwan akehe wae wis ngandhakne nek Waginem ki bocah luwar biasa tenan. Gek ya ngapa ndadak mbuwang-buwang wektu kanggo wawancara barang ki jane? Genah patuta ngono kudune SMA Al-Hasan sing ngunggah-unggahi supaya Waginem gelem melu mulang neng kono kok, kok malah arep ditest barang?".

 

"Iya ya? kudune kaya aku biyen kae ya? gara-gara kurang guru bahasa Arab karo Bahasa Inggris banjur aku digregik kon melu mulang kae ya?" atine sing sijine mau aweh wangsulan.

 

"Nanging apa sing diakandhakne Pak Ketua Yayasan mau ora mung guyon lho?" atine sing sesisih ngajak rembugan bab liya "aku iki pancen wis pas banget upama dadi jodhone Waginem, sanajan durung tau blaka, ketoke Waginem kae ya wis ngerti nek dheweke kuwi cocoge ya dadi jodhone Sodik Salim he he he".

 

"Mula apa sing dikandhakne Ustadz Fudzi mau ndang ditindakne wae, apa pengin Munir mbaleni crita jaman karo Susi biyen ?, aku kudu ngerti nek satemene Munir kae uga duwe rasa seneng marang Waginem, sanadyan aku ora ngerti senenge Munir kuwi seneng sing kepiye? Kaya senenge wong marang enake panganan apa kaya senenging satriya sing nggayuh wahyuning Hyang Suksma? mBuh apa modhele senenge Munir, nanging wajib diwaspadani aja nganti Waginem luput saka kudangan mrucut saka embanan".

 

 Ngolang-aling nggone ngeloni guling, Sodik panggah angel anggone enggal bisa turu. Beda karo Bu Kaji sing mau sore sawise rumangsa oleh dalan anggone kepengin luwih ngraketake anake lanang karo Bu Guru TK sing arep dikancani nglayat sesuk, penggalihe Bu Kaji dadi sansaya rena. Mula ora suwe olehe mapan sare, ya banjur mider ing alaming pangimpen, nyupenakne para putrane murih bisa antuk kamulyan.

 

 

ana candhake,

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...