Total Tayangan Halaman

Rabu, 20 April 2022

SLENDHANG KUNING (030)

30.

Pancen satemene senajan dudu apa-apane, mung tepung lumrah wae, nanging menang-meneng wiwit ngerti kaluwihan-kaluwihan sing diduweni Waginem, Ustadz Mahfudzi banjur tuwuh gagasan utawa pase pepenginan supaya Waginem ing mbesuke bisa oleh jodho wong sing becik, sokur wong sing pinter lan sugih tur ya sing nduweni jiwa pejuang. Kanthi mangkono, Waginem ora bakal mandheg olehe sregep berjuang kanggo kabecikane wong akeh, merga diendheg dening kakunge. Suwe Ustadz Mahfudzi milang-miling, nanging durung nemokne wong sing miturut panemune cocog upama digathukne karo Waginem. Mula bareng Ustadz Mahfudzi pirsa Sodik Salim teka bareng karo Waginem menyang kantore dhek emben kae, pepenginan sing maune wis meh kasirep deni ng kahanan kuwi bali tuwuh maneh. Luwih sansaya makantar-kantar penggalihe Ustadz Mahfudzi, bareng Sodik Salim ngucapake mungguh apa isining atine gegayutan karo sawuse tepung lan Waginem.

 

"Ngene wae Dhik" Ustadz Mahfudzi wiwit ngendika ngati-ati "Dhik Sodik Salim iki ra percaya ta upama aku duwe niyat arep mbantu?".

 

"Kliwat saking pitados Tadz" wangsulane Sodik manteb "saestu kula sakalangkung matur nuwun menawi Ustadz kepareng badhe paring pambiyantu dhateng kula ing babagan menika".

 

"Sajroning wektu kang ora suwe, aku arep nyoba nyedhaki Waginem lan wong tuwane, aku tak golek sisik melik, bocah kae wis duwe pacangan apa durung, kaping pindho upama durung arep tak takoni wong lanang modhel piye sing digadhang-gadhang bisa dadi jodhone, nek wis ana wangsulan Dhik Sodik katut ing nominasine, lagi arep tak takokne piye upama Waginem dijodhokne karo Dhik Sodik, Waginem lan wong tuwane mathuk apa ora. Nek pancen wonge mathuk, aku ya arep kandha nek lagi arep nakoni panjenengan, dadi olehku nemoni Waginem lan wong tuwane kuwi mau, merga karepku dhewe ora merga dikongkon Dhik Sodik. Piye upama mangkono Dhik?" Ustadz Mahfudzi njaluk panemune Sodik sawuse rampung olehe nggenahne apa sing arep ditindakne.

 

"Inggih Ustadz" Sodik wangsulan seneng "kula sakalangkung mathuk sanget menika".

 

"Ora mung kuwi, Dhik Sodik" Ustadz Mahfudzi nutugtne olehe ngendika "Saupama mengko Waginem lan wong tuwane bisa nampa Dhik Sodik minangka dadi jodhone, lan iki aku duwe keyakinan nek akeh ketampane tinimbang orane, olehku genti ngandhani Dhik Sodik ora mung marang Dhik Sodik dhewe, nanging aku kepengin olehku crita ing ngarsane Bu Kaji, Bu Kaji kudu tak aturi kahanane Waginem lan wong tuwane sawutuhe dadi mengkone kuwi bisa padhang ing ngarep lan ing mburine".

 

"Inggih Tadz, kula ugi sarujuk sanget kalih kersanipun Ustadz makaten menika kala wau, awit badhea kados menapa, boten badhe pisan-pisan kula wantun nyingkur dhateng Ibu".

 

Sansaya suwe olehe rembugan wong loro kuwi dadi sansaya gayeng lan gumyak merga sing dirembug jebul ora mung perkarane Waginem karo Sodik Salim thok, nanging mbrentek tekan ngendi-endi. Sing akeh ya banjur ngrembug bab Pesantren lan Sekolahan sing dadi amal usahane Yayasan Al-Hasan, kepiye murih luwih bisa migunani tumrap masyarakat. Dina kuwi Sodik Salim neng Kantor Yayasan Al-Hasan nganti sore, bali tekan omah maneh srengengene wis meh surup.

 

Pas Maghrib, Munir wis macak nggantheng banget. Mobil Inova olehe ngrental neng nggone Bu Carik Wardi, wis cemawis neng ngarep omahe wong tuwane. Bengi kuwi Munir duwe karep nemoni mBok Sadikem. Merga Munir ngerti lan wis apal karo sipate Waginem, sing wis nganggep nek wong tuwane sing sanadyan mung wong lumrah, nanging jarene Waginem kena diparibasakne Gusti Allah sing ketok. Waginem ora bakal wani ndaga apa sing dadi karepe simboke. Mula tinimbang kangelan nyedhaki Waginem, sing rumangsane Munir gampang dicedhaki nanging  angel disenggol. Lan mengko nek mBok Sadikem wis bisa nampa dheweke dadi calon mantune, lagi Munir arep ngecakne cara kepriye murih Sadikem bisa meksa anake wedok sing ragil kuwi supaya gelem dirabekne karo pihane wong tuwane. Petunge Munir, Waginem suwe-suwe bakal pasrah klawan kanyatan sing diadhepi, lan bakal manut miturut dadi bojone, nanging saupama ora, ya ora apa-apa, arepa rabi oleh sepasar banjur buyar, oleh seminggu banjur mlayu, kuwi ora dadi masalah, sing baku nadyan mung sedhela Munir wis tau klakon nguwasani jiwa lan ragane Waginem.

 

Lan kanggo nelukne atine mBok Sadikem, kuwi ora angel babar pisan. mBok Sadikem kudu ngerti Munir kuwi sanajan anake wong pas-pasan, nanging nyatane bisa luwih adoh nggone jumangkah, saiki uripe wis sarwa cukup lan ora bakal kekurangan sandhang pangan papan lan liya-liyane. Sing ora kalah bakune, mBok Sadikem uga kudu meruhi dhewe, Munir kuwi wong lanang sing ber budi, blaba adoh saka tembung cethil, luwih-luwih nek kanggo bojo utawa wong tuwane. Lan kanggo kuwi kabeh, nek dhompete Munir wis dicawisne. Dhuwit kiriman saka Siti Saropah sing olehe nembung arep kanggo nambahi bangunan kantore, sing telung yuta setengah wis ditampa, lan  paling suwe rong dina maneh sing nem setengah jarene Saropah wis bisa disusulne. Lan sing diarani Kantore kuwi manggone ya mung neng angen-angene Munir dhewe. Ngaku nek pagaweyane dadi Lawyer sing saben dina migunakne tenaga lan pikirane kanggo mbudidaya murih jejeging kukum, kuwi olehe praktek dadi Pengacara ya mung ana lamunane dhewe, mula saben ngadhepi perkara mesthi menange. Nanging ya kuwi menang sajroning kayalan. Munir babar pisan ora duwe rasa wedi yen olehe ngapusi wong wadon sing tresnane marang dheweke gedhene ora karuwan kuwi bisa nuwuhake dosa sing gedhe, sing mbuh kapan wektune bakal ana walese saka Gusti Allah.  Munir babar pisan ora wedi, malah Munir rumangsa seneng atine, wis bisa gawe Siti Saropah sarwa nggugu lan mituhu karo kabeh sing diprentahne.

"Salahe dhewe" greneng atine Munir nalika ana suwara sing mlebu ing atine, aweh peling yen laku sing ditindakne marang Saropah sing gandrung marang dheweke kuwi laku sing ora bener, nanging peling mau panggah isih bisa dikalahne, kanthi nyalahne Saropah sing wis akeh olehe ngetokne bandhane "aku ra ora meksa? salahe dhewe kono gelem menehi?, upama dheweke maune ora tawa-tawa ya mokal aku wani nembung?".

 

Ora ngenteni wong-wong sing sembahyang maghrib rampung, Munir wis nggelak mobile arep nemoni mBok Sadikem, wong tuwane Waginem. Kabeneran iki mengko malem Rebo, adate nek malem Rebo ngene ikiwiwit bar maghrib nganti tekian jam sanga bengi, Prasaja Laras nganakne Gladhen Ajeg lan Waginem sing wektu iki dadi mascote para Waranggana, sawuse rampung olehe Kuliah ora tau mbolos, ajeg melu gladhen. Dadi mengko olehe arep ngrimuk lan nggendhing mBok Sadikem ketoke bakal luwih gampang maneh. Nek Waginem ana omah, sok bisa wae, durung nganti olehe Munir nancepake rembug ing atine mBok Sadikem kenceng, kesusu dimentahi dening Waginem.  Nanging nek Waginem ora ana, Munir bakal luwih gampang mantebake atine mBok Sadikem supaya nggugu karo apa sing diwarahne, lan nek wis mancep neng dhasaring ati, adhakane angel diowahi. Lan Waginem ora bakal kuwawa ngowahi panemune wong tuwane sing wis kadhung dadi. Kadhung dadi merga saka pangrimuk lan panggosoke Munir sing arep dicakne wengi iki.

 

Tekan sawetane prapatan Kartonyono, Munir minggirne mobil sing disetiri. Dheweke butuh ngiseni wetenge sing wis krasa luwe. Jane mau neng omah, dening Ibune ya wis dicawisi sega komplit salawuhe. Nanging gandheng dina iki mau dhompete Munir kebak isine, sega lan lawuh sing dicawisne Ibune babar pisan ora narik kawigatene, malah banjur tuwuh pangucap maido marang panganan sing dicawisne merga kesurung rasa tresnane wong tuwa marang anak-anake kuwi, kanthi pawadan mboseni, saben dina mung ngono kuwi. Munir menggok warung Lonthong, Sate Ayam Kampung sing larise ora karuwan. Sing padha tuku padha sabar olehe antri, pancen warunge Cak Nardi ki saben dina ya ngono kuwi. Karo ngenteni olehe pesen, Munir mapan lungguh karo pesen ngombe luwih dhisik. Mau olehe pesen, Lonthong Sate telung porsi, sing rong porsi dibungkus. Sing saporsi dipangan ana kono. Sing rong porsi kuwi arep dienggo oleh-oleh kanggo mBok Sadikem lan Waginem.

 

Leren neng warunge Cak Nardi Sate Ayam wetan prapatan Kartanyana kira-kira setengah jam, Munir banjur nerusne laku arep menyang omahe mBok Sadikem, kanthi pangarep-arep muga-muga lumantar mBok Sadikem, Waginem bisa klakon gelem masrahne rasa tresnane marang dheweke. Nanging bareng lakune Munir tekan ngarep omahe mBok Sadikem, dhudha bagus sing seneng rada royal kuwi , atine dadi mangu-mangu. Lawang omahe mBok Sadikem dibukak amba, lampu sing neng ruwang tamu ketok padhang. Sajake ing omah kono lagi katekan tamu, ketitik saka anane Mobil Pajero Sport sing diparkir ora adoh karo panggonan olehe mandheg. Munir dadi mandheg mangu, sida mudhun saka mobil apa ora?. atine tidha-tidha.

 

ana candhake.

 

Senin, 18 April 2022

SLENDHANG KUNING (029)

 


29.

Wis telung dina Bu Kaji olehe neng daleme maneh, ya sanadyan sadurunge budhal neng Yogya dhek emben kae Simpen wis diweling dhakik-dhakik apa-apa sing kudu ditindakne sasuwene ditinggalo Bu Kaji tetirah neng Yogya, nanging panggah wae isih akeh sing olehe ngecakne Simpen durung ngepasi karo apa sing dikersakne Bu Kaji. Ya lumrah wae, jeneh sing ana pikirane Simpen beda adoh karo sing dipenggalih dening Bu Kaji. Mula Bu Kaji ya banjur mbenerne-mbenerne gaweyan sing wis ditindakne rewange kanthi sabar. Bu Kaji dhewe ya pirsa nek jejere Simpen neng omah kuwi mung saderma rewang, dadi pikirane ora bisa yen dikongkon padha plek, karo sing dikersakne Bu Kaji. Simpen dhewe ya ora gela utawa cuwa nek asile nggone nyambut gawe isih durung nocogi sawutuhe karo kersane bendarane.

 

Dina kuwi dina selasa, ancerane Sodik nyambut gawe neng sawah dikancani Sampir. Adhakane nek wis menyang sawah ngono kuwi, Sodik ya banjur betah ora bali-bali, ana wae sing ditandangi sanadyan sawah ki nek wis rampung dirabuk sawise suket-suket sing ngrusuhi thukuling tanduran pari diresiki ngono kuwi keneng diarani wis ora ana gaweyan maneh. Nanging dhasar Sodik sing jarene wong-wong kiwa tengene nek ngopeni tanduran ngungkuli ngopeni anak, mula ora kendhat olehe ngubengi tandurane, ndelok-ndelok pojoking kedhokan yen nganti weruh ana suket sing kliwatan durung kewatun mesthi banjur diparani, dibubut banjur didelepne neng lendhuting kedhokan. Galengane sawah sing resik ora kethukulan suket, dening Sodik, Sampir diprentah supaya galengan kuwi ditanduri kacang lanjaran, mengko nek kacange wis wayahe ngundhuh sing dikongkon ngrambani ya Simpen banjur didol menyang bakul sayur. Asil turahan kanggo nyukupi kabutuhan sayur saben dinane, diparo dadi loro, sing separo diaturne Ibune kanggo imbuh-imbuh dhuwit blanja, dene sing separo dipasrahne Simpen, jarene ben kena dienggo nukokne jajan putu-putune. Wektu kuwi tandurane kacang durung nguwoh, nanging nek ndelok kahanane tanduran sing mrambat ing lanjaran nuduhake yen jroning wektu sing ora suwe maneh bakal ndadi lan woh-wohe.

 

"Niki kleresan tenan Mas" kandhane Sampir karo nyedhaki Sodik sing isih ngadeg neng tengah kedhokan ing sela-selane tanduran pari .

 

"Sing kleresan apane Lik?"  Sodik durung mudheng karo sing dikarepne rewange.

 

"Niku neh, kacange lanjaran" wangsulane Sampir nggenahne rembuge "sing kula tanem niki rak wiji angsal kula tumbas teng Toko Bima kidul palang sepur nika, thukulane sae lan cepet mrambate, sekdhap malih sungute mesthi ndadi".

 

"Ya kebeneran ta Lik" Sodik wangsulan alon karo mentas saka kedhokan "kenek dienggo nambahi kanggo mundhut blanja Ibu karo bisa nambahi sangune putu-putumu".

 

"Boten namung niku mawon lho Mas" Sampir nambahi rembuge "leres kados sing Mas Sodik dhawuhne nika, ambak-ambak mung sak galeng nek diopeni tenanan nggih saged ngedalne asil sing boten sekedhik, lha sing kula ngge numbasne pit putu kula Novi nika dhuwit king pundi? wong nika nggih asil angsale nglempakne mBokne yatra angsale dodolan kacang teng nggene mBak Sri Wahyuni, dhek gadhu nika. Lha nek sing dicaosne Bu Kaji rak diklempakne lajeng disumbangne teng Rumah Yatim, sing dikengken nyukakne sumbangan rak nggih kula? Wiwit tandur gadhu ngantos panen nika sedaya setunggal yuta kalih atus lho Mas? Ngendikane Bu Kaji, niku sedaya arta saking kacang galengan niki".

 

"Nek ngono ya lumayan tenan ya Lik?" Sodik mesem nanggapi rembuge Sampir sing ketok semangat kuwi.

 

"Enggih, nanging dhek gadhu nika boten namung galengan thok sing ditanemi kacang, nanging cengkrikan kalih kedhok tulakan nika nggih kula tanemi kacang, nek rendhengan niki kula tanemi pantun" .

 

"Oh, iya Lik, aku arep ndang balik iki" Sodik guneman bab liya "arep nandangi gaweyan sing klendran pas tak tinggal nyang Yogya wingenane kae".

 

"Oh, nggih Mas" wangsulane Sampir "kula tak wangsul mengke mawon, ajeng nutugne nambahi lanjaran kersane mengke nek ndadi tenan boten ambruk".

 

Sodik wis ora semaur maneh, kasengsem anggone reresik tangan lan sikile sing gupak endhut, diresiki nganggo banyu kalenan sing mili saka sumur sawah sing uripe migunakne setrum listrik PLN.

 

Pancen dina kuwi Sodik kepengin banget bisa ketemu karo Ustadz Mahfudzi neng daleme. Sodik kepengin ngerti luwih akeh critane Waginem saka Ustadz Mahfudzi, Ketua Yayasan sing nadyan yuswane wis sepuh nanging isih energik lan ora tau leren nggone berjuang kanggo kabecikane umat menungsa tanpa mbedak-bedakne menungsa siji lan sijine. Mula sawise saka sawah, bubar adus, Sodik ya banjur pamitan ibune nek arep sowan Ustadz Mahfudzi nyang Ngawi.

 

Dipamiti nek arep sowan Ustadz Mahfudzi, penggalihe Bu Kaji dadi sansaya karenan. Amarga Bu Kaji ya pirsa nek Ustadz Mahfudzi kuwi wiwit timur wis akeh labuh labete marang bebrayan ing ngendi-endi, Biyen jaman timure Ustadz Mahfudzi kuwi ya akrab karo sawargi Pak Kaji Ali, kajaba padha-padha olehe ngabdi ing Kementerian Agama Ngawi, Ustadz Mahfudzi kuwi kagungan garapan ndakwahi para nom-noman sing ana Kedunggalar. Ya merga saking kauletane Ustadz Mahfudzi, bocah-bocah nom sing maune ora ana sing njawa sembahyang malih dadi padha sregep menyang Masjid, sing maune seneng tukaran lan mabuk-mabukan malih dadi padha dadi aktivis Karang Taruna. Nom-noman sing seneng tukaran dijak nyalurne bakate ing dalan sing bener sarana mlebu pakumpulan Bela Diri. Ana sing dijak latihan neng Pagurone Ustadz Mahfudzi dhewe, ya iku Persaudaraan Setia Hati Terate sing pusate Madiun, lan ing Kedunggalar ya wis ana Rantinge, malah Ketua Rantinge wektu iku ya Ustadz Mahfudzi dhewe. Nanging ya ora sithik nom-noman binaane Ustadz Mahfudzi kuwi sing milih mlebu ing Pakumpulan Bela Dhiri liyane, ana sing melu Tapak Suci sing dipimpin Ustadz Muhtarom, kabeneran Ustadz Muhtarom kuwi wiwit sekolah kerep tunggal sapondhokan karo Ustadz Mahfudzi. Ana uga sing banjur melu latihan ing Pakumpulan Silat Cempaka Putih, sing pangarsane ing Kedunggalar diasta dening Pak Yata Guru SMP. Ya merga saka asil binaane Ustadz Mahfudzi sing tanpa pamrih gebyaring kadonyan kuwi, ndadekne kabecikan sing bisa dirasakne wong akeh. Ambak-ambak neng Kedunggalar ki akeh paguron silat sing genderane beda-beda, nanging ora tau keprungu anane cecongkrahan antarane paguron siji lan sijine, kabeh padha rukun lan padha nuduhne kamulyaning jiwane dhewe-dhewe.

 

Mula bareng Bu Kaji pirsa nek Sodik kuwi ora tau pedhot olehe sesambungan karo Ustadz Mahfudzi, Bu Kaji mundhak sansaya renan penggalihe. Malah tau sawijining dina, Bu Kaji thukul gagasan kepengin nyuwun tulung marang Ustadz Mahfudzi supaya ngandhani Sodik murih Sodik enggal gelem mungkasi nggone urip mbujang ngono kuwi. Nanging durung nganti pepenginan kuwi dikandhakne malah kedhisikan Ririen nemokne srana sing katone uga becik.

 

Kaya padatan yen lelungan ijen sing ora adoh, Sodik Salim luwih seneng numpak pit motore tinimbang nggunakne mobile. Mula sawise matur pamitan marang ibune, Sodik ya banjur nggelak pit montore tumuju Ngawi. Mau pas Sodik telpon, Ustadz Mahfudzi kandha nek ora neng daleme, nanging lagi neng Kantor Yayasan, nunggoni wong-wong sing lagi tumandang ngecet temboke kantor karo pager ngarep sarta gapura regole Kantor Yayasan.

 

"Upama panjenengan pirsa ngono mesthi sansaya gedheg-gedheg eram krungu wangsulan-wangsulane Waginem pas diwawancarai wingenenane kae Dhik" lagi wae Sodik mapan lungguh Ustadz Mahfudzi wis nyritakne lakuning wawancarane Waginem wingenane "dhasare sing mamancarani Ustadzah Laila dadi ya keprungu nyenengake, kaluwihan sing diduweni Waginem jan bisa sansaya katon cethane".

 

"Inggih ta?" Sodik wangsulan karo mesem "nggih sokur alhamdulillah menawi makaten Ustadz, sekolahane piyambak saged pikantuk tambahan  tenaga ingkang sae lan mBak Waginem saged pikantuk papan kangge ngabdi ingkang pas kalihan kasagedanipun".

 

"Bener kuwi" Ustadz Mahfudzi nutugne olehe ngendikan "upama wong jejodhowan ngono antarane SMA ne dhewe karo Waginem kuwi, jan wis jodho tenan ngana kae".

 

"Inggih Tadz"

 

"Kuwi nek diupamakne wong jejodhowan" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh "saiki upama jejodhowane ditambahi, ora mung antarane Sekolahane dhewe karo Waginem, nanging ditambahi antarane Dhik Sodik Salim karo Waginem ngono piye? Dhik Sodik mathuk apa gak? Merga ketoke antarane Dhik Sodik karo Waginem kuwi jan wis jumbuh tenan. Ya priyayine, ya kapinterane sarta jiwa-jiwa pengabdiane marang masyarakat luwas. Piye Dhik?".

 

"Nyuwun pangapunten nggih Tadz" Sodik wangsulan karo rada ngempet rasa isine "estunipun, sowan kula mriki niki wau nggih badhe matur bab menika, jalaran bares kemawon estunipun kula inggih sampun kepencut kalih mBak Waginem. Nanging kula badhe njajagi manahipun mBak Waginem menika ingkang radi pekewet, kinten-kinten sampun gadhah calon menapa dereng? kinten-kinten purun kalih kula menapa boten? niku ingkang ngganggu raosing manah kula Ustadz".

 

Ustadz Mahfudzi mesem amba. Ngatonake menawa lagi karenan sajroning penggalihe.

 

 

ana candhake.


Sabtu, 16 April 2022

SLENDHANG KUNING (028)


 8

Olehe melu sembahyang jamaah maghrib neng masjid ketinggal sak rakaat, dadi ya banjur sing rakaat digenepi dhewe lan disambung karo sembahyang ngisak sing dijamak lan dikosor. Bubar kuwi ya banjur daya-daya mangkat bali menyang omahe mbakyune maneh. Sodik Salim selak kepengin ngaturake karepe marang Ibune yen sesuk Ibune arep didherekne kundur menyang Kedunggalar. Merga mung nganggo sarana kuwi, dheweke enggal bisa methuki Waginem, sing jarene Ustadz Mahfudzi kenya sing cocog lan pantes lamun didadekne sisihane. Nanging, Sodik Salim durung wani ngaturake panemune Ustadz Mahfudzi marang Ibune apa dene mBakyune, ora merga apa-apa, mung kanggo njagani nek nganti rasa tresna ing atine kuwi jebul ora keplok karo atine Waginem, nek nganti ketrucut dingerteni wong liya yen jebul dheweke kuwi ws nibakne rasa tresnane marang wong sing kleru, bisa ndadekne wirang sing angel ditambani.

tekan omah ora bablas menyang kamare nanging malah nggoleki Ibune neng kamare, jebul Bu Kaji isih njingglengi Kitab Suci, ngaji. Sodik mapan lungguh ora adoh saka papane Bu Kaji maca Al-Qur'an, karo ngrungokne apa sing diwaca dening Ibune.

"Lho kowe mau wis bali saka Masjid ta Dik?" Bu Kaji nutup kitabe, banjur ndangu putrane sing lagi mlebu kamare kuwi.

 

"Nambe mawon Bu" Sodik atur wangsulan "menawi taksih ngaos nggih ditetagne rumiyin mawon Bu, Sodik tak mirengne".

 

"Wis rampung kok" Bu Kaji paring wangsulan "Ibu ki nek maca kliwat rong kebet ngono, neng mata banjur krasa kesel ngono lho, mula saiki Ibu milih nek ngaji ki ya sethithik-sethithik watone ajeg, pendhal bar salat rong kebet ngono sesasi bisa ngatamne sepisan".

"Inggih Bu" Sodik wangsulan alon, sauntara Bu Kaji banjur nyelehne Kitabe menyang dhuwur meja lan genti mapan lenggah njejeri putrane sing wuragil kuwi .

 

"Tak ulatne kowe kok sajak arep matur marang Ibu? Ana apa?" Bu Kaji mundhut pirsa marang Sodik.

 

"Inggih Bu" Sodik wiwit nata ukara kanggo matur marang Ibune "Ibu napa boten kangen kalih dalem Kedunggalar?".

 

"Ya kangen no, genah neng kene wis meh sesasi ngono kok?" Bu Kaji paring wangsulan banjur ditutugne nganggo pamundhutan pirsa "ana apa ta? Kok kadhingaren kowe nakokne bab kuwi? Tiwas mau tak kira arep matur bab liya sing wigati".

 

"Boten kok Bu" Sodik mesem rada amba "wingenane pas kula badhe bidhal nika, Lik Simpen ngudaraos piyambak nanging kepireng kuping kula, Ibu kok sampun dangu wonten dalemipun Mas Kahar menika, ngaten".

 

"Pancen ya bener sing dikandhakne Simpen kuwi" Bu Kaji ngendika maneh "Ibu ki jane ya pirsa, nek kesuwen ninggalne omah Kedunggalar kuwi jane ya mesakne Simpen, wong apa-apa kudu bisa mrantasi dhewe, beda nek Ibu neng omah ngana kae, eneng apa-apa Simpen ki butuhe mung matur piye kersane Ibu".

 

"Lha menapa benjing enjing mawon Ibu kula dherekaken kundur?" Sodik rumangsa oleh dalan, olehe duwe karep ngajak ibune kundur sesuk, ora ndadak golek pawadan sing klebu nalar.

 

"Pancen mulih saka nglayat mau, Ibu wis rembugan karo mBakyumu nek sesuk ibu arep kundur, karo mbakyumu ibu diaturi ndangu awakmu dhisik isih kesel apa ora ngono, lha nek jebul awakmu ora kekeselen mulih sesuk esuk ya luwih becik" ngendikane Bu Kaji sing nambahi rasa seneng ing atine Sodik.

 

"Inggih Bu, lha Yu Rien niki wau kok boten ketingal napa medal ta Bu? Seta kalih Untara nggih boten wonten ing griya?" Sodik Salim banjur nakokne mbakyune.

 

"Ponakanmu si Seta karo Untara melu Ibune nyang nggone Restu, wong si Untara sesuk jare arep melu tour Restu karo murid-muride nyang Taman Pintar lha Si Seta sing dikongkon ngancani, jane mau mbakyumu ya kandha upama kowe melu pisan ngiras momong ponakanmu loro kuwi ya luwih apik" Bu Kaji paring wangsulan lan nggenahne lungane Ririen karo anak-anake.

 

"Yu Rien ki kok ya ana-ana wae lho?" Sodik mesem rada amba "mau wis sedina bareng karo Restu, mosok sesuk kon awor maneh, suwe-suwe pacare Restu rak sujana , kula dikinten badhe remen kalih Restu?".

 

"Restu kuwi durung duwe pacar ya?" Bu Kaji dhawuh ngandhakne statuse Restu "padha karo kowe ngono kuwi, dadi ya arepa kowe saben dina bareng karo dheweke ya ora bakalan ana sing arep sujana".

 

"O ngaten nggih Bu?" Sodik ngguyu "ning benjing kula kalih Ibu rak badhe kundur dhateng Kedunggalar? Dados nggih kersane Yu Rien piyambak ingkang momong lare-lare tumut Restu".

 

"Iya, upama ora pas mbarengi arep bali ngono kowe rak ya gelem ta saupama ngancani Restu sing dititipi ponakan-ponakanmu kuwi?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Lha mesthi nek purun ta Bu?" wangsulane Sodik "tiyang momong ponakane piyambak mosok nggih ajeng boten purun? duka nek malah Restu sing rumaos risi, kuwatos menawi dipun kinten tiyang, antawisipun kula kalih piyambakipun wonten napa-napane".

 

"Ya mesthine ora kudu mangkono" Bu Kaji ngendikane alon suwarane mudhun "genah wingi sedina bareng awakmu Restu ketoke ya senang-senenga wae ngono kok?".

 

Sodik Salim wis ora wangsulan maneh, sing cetha bengi kuwi atine wis ayem. Sesuk esuk sida budhal mulih menyang Kedunggalar, nek perlu sesuk nek tekane omah isih durung kesoren bisa nutugne laku menyang omahe Waginem, ora apel, nanging arep menehi ucapan selamat. Karo mesam-mesem, Sodik banjur pamitan ibune arep bali menyang kamare, pamite arep enggal mapan turu merga mau awan sedina ora ngglethak babar pisan.

 

Bu Kaji ya rumaos rena penggalihe, anake lanang ketara nek wis ora rumangsa sengit cecedhakan karo bocah wadon maneh. Bu Kaji uga banjur nggagas yen isih ana dalan sing jembar kanggo nggelak atine Sodik supaya ora suwe maneh gelem saupama dijodhokne karo Restu. Nanging Bu Kaji ya milih ngecakne laku sabar lan ora grusa-grusu kanggo nggiring atine Sodik murih gelem nglakoni kaya sing dikersakne ibune kuwi. Sesuk-sesuk nek wis tekan Kedunggalar, Bu Kaji arep ngecakne kaya apa sing wis dikandhakne marang Ririen mau awan.

 

Sauntara kuwi, mbuh sapa sing ngabari jebul Munir wis krungu kabar yen Waginem wis ketampa anggone nglamar dadi Guru neng SMA papane Sodik mulang. Dhudha sing duwe rupa gantheng kuwi, atine wiwit krasa panas. Wis ora kurang-kurang olehe Munir aweh tetimbangan marang Waginem lumantar mBok Sadikem, supaya Waginem luwih becik murungake olehe kepengin dadi Guru neng sekolahan sing manggon neng desa kuwi, kantho pawadan bisa nyuthel karire. Sarta aja nganti Waginem olehe kekancan karo Sodik dadi sansaya raket, Munir wis gawe crita marang mBokne Waginem yen Sodik kuwi alus lan baguse mung mandheg ing lahir wae, Sodik kuwi ora duwe jiwa anteban, dhemen-nyar lan ora kulina urip kekurangan, apa-apa sarwa kepengin kepenak nganti bandha warisan tinggalane bapakne meh entek ora tumanja apa-apa. Nanging kanyatane, Waginem sajak ora nggugu apa sing dadi pituture.

 

"Apa kira-kira Waginem ora dikandhani simboke bab critaku ngenani Mas Sodik kae ya?"  Munir takon arang awake dhewe.

 

Nanging durung nganti Munir oleh wangsulan karo apa sing ditakokne kuwi mau, dumadakan Hape ne sing ana sak klambine nyuwara, aweh tandha yen ana pesen WhatsApp sing mlebu. Karo rada anyel, Munir ngetokne hapene arep ndelok, sapa sing wis kirim pesen marang dheweke.

Lambene Munir sing mau mecucu, kedadak dadi mesem dadakan, jebul sing wis kirim pesen kuwi mau jebul Siti Saropah, warandha sugih saka Jombang sing wis kedanan marang kebagusane. Lan kanthi lelamisan Munir wis kandha yen dheweke uga wis ketaman rasa tresna marang Warandha sing kekeceh bandha kuwi. Pamrihe kanthi mangkono Siti Saropah bakal luwih bral-brol nguja kasenengane Munir. Kaya kang kacetha ing pesen WhatssApp sing lagi mlebu iki mau. Siti Saropah kirim foto bukti transferan menyang rekeninge Munir, ora akeh nanging wis gawe atine Munir krasa seneng. Telung juta limang atus ewu rupiah.

 

"Matur nuwun ya Yaaaank......." Munir mbalesi pesene Siti Saropah "muga-muga usahane Mas bisa enggal kasembadan. Mas sayang dirimu....".

 

Bubar kirim pesen, hape dipateni. perlune ora keganggu karo dening Siti Saropah, sing padatane yen rampung kirim dhuwit banjur telepon ngajak ngobrol sing rada suwe. Dina kuwi Munir ora kepengin diganggu Siti Saropah, Munir mung kepengin oleh dalan kepriye carane bisa ngrebut atine Waginem, sanadyan ora kanggo selawase waton Waginem wis gelem nampa katresnane najan mung sepasar bubar, Munir wis bakal rumangsa seneng.

 

ana candhake.

SLENDHANG KU NING (027)

27.

Sauntara kuwi, sing lagi bali saka anggone Takziyah, sadalan-dalan blas ora leren olehe padha omomg-omongan.  Ana- ana wae sing padha dirembug, nek wiwitan mau ajeg sing miwiti rembugan mesthi Ririen, suwe-suwe Restu utawa Bu Kaji uga bisa gawe dadakan ukara sing banjur dadi bahan omongan sing gayeng. Malah pisan pindho Sodik uga bisa sing gawe jalaran. Ora arang, antarane Sodik karo Restu banjur padha tukar kawruh neka-neka, sing ketara nek cocok lan gumyak, sok-sok wae Ririen utawa Bu Kaji Ali sing nyelani rembug muruh sansaya regenge anggone padha omong-omongan.

 

Sanadyan durung ana sing kober nyenggol perkara pribadi, nanging Ririen sing pagaweyane mulang Ilmu Komunikasi kuwi wis wiwit bisa maca, yen Restu wiwit ana rasa sengsem marang Sodik. Mung rada kuciwane Sodik malah sing kewaca dening Ririen isih durung ana tandha-tandha gelem migatekne kenya ayu sing lungguh neng sisihe kuwi. Tembung-tembung sing metu saka Sodik marang Restu isih krasa nek tembunge wong srawung sing lumrah, ya ngajeni ya nyenengake nanging ya keprungu kaya nek Sodik lagi rembugan karo wong liyane sing wis suwe ditepungi ngana kae.

 

Mula bareng wis tekan omah, nalika Bu Kaji kepengin enggal-enggal ngerti kepriye mungguh tanggapane Ririen sawuse sedina meruhi adhine cecaketan karo Restu, Ririen malah matur alus :

 

"Mangke utawi benjing kemawon Bu kula tak matur ingkang langkung cetha, ingkang baken ketingalipun sampun wonten tandha-tandha bilih anggenipun Ibu mbudidaya kangge kasaenanipun Sodik badhe wonten asilipun".

 

"Nek saka rumangsaku pancen ya mangkono nDhuk" wangsulane Bu Kaji karo ngendikakne sing dadi panemune "mung emane, adhimu kuwi isih katon nek atos lan kaku, durung ana tandha-tandha ana rasa sengsem sing asipat pribadi marang Restu, kamangka nek nurut panyawangku Restu katon nek wis ana rasa sengsem marang Sodik".

 

"Mila makaten Bu" Ririen guneman maneh "nanging saged ugi, anggenipun Sodik kethukulan raos sengsem dhateng Restu menika mangke menawi sampun santun dinten, saged ugi ngantos sepeken napa seminggu nembe manahipun Sodik wonten ewah-ewahan, kawiwitan kemutan nalika sesarengan kalih Restu kala wau, sanaosa ing mriku wonten kula lan Ibu".

 

"Ya muga-muga wae mangkono nDhuk" wangsulane Bu Kaji alon, nanging banjur disambung maneh karo tembung sing sajak tenanan "eh, piye nek Sodik ndang tak jake bali menyang Kedunggalar wae? Lan sajroning wektu sepasar iki tak pancinge embug kareben bisa kelingan ,marang Restu, nek ngono kepriye mungguh panemumu nDhuk? Niyatku sing kaya ngono kuwi mau, kok nek tak nalar-nalar karo tak cocogne karo wulangane guruku Pak Ngaliatmaji sing mucang Pelajaran Ilmu Jiwa jaman Kelas Papat PGA kok rada mathuk?".

 

"Kula kinten makaten inggih langkung sae Bu" atur wangsulane Ririen karo mesem, Ririen kelingan nek Ibune kuwi biyen sekolahe mung tekan PGA patang tahun ora nerusne menyang kelas lima, merga kepencut kepengin mlebu pondhok modhel tradisional utawa Pondhok Salaf. Nanging olehe neng Pondhok ya ora suwe, merga banjur dirabekne karo Pak Ali sing wis ngasta neng Kementerian Agama Ngawi.

 

"Mengko ngene, aku tak nggiring adhimu lan jejibahanmu genti nggiring Restu" ngendikane Bu Kaji sabanjure "mung wae, njagani nek ana ora cocoge kanyatan, aja kesusu Restu mbok kandhani nek arep mbok jodhokne karo adhimu. Nanging sing baku wis ana dudutan sing bisa digugu nek Restu saupama diarepne dening si Sodik Salim ora bakal mbalekne rembug".

 

"Inggih Bu" Ririen wangsulan cekak, karo neng jero batine aweh pangalembana marang Ibune sing akeh rerigene lan gedhe kawicaksanane.

 

Nalika Ibu lan mBakyune isih katrem ngrembug nasibe, Sodik Salim malah mapan ngglethak neng kamare, nglurusne balunge. Karepe ngono Sodik Salim kepengin bisa leren nadyan mung sedhela. Mau olehe Sembahyang luhur karo ngasar wis dijamak kosor neng Panggang, dadi saiki Sodik kepengin bisa ngliyepake mripate sanadyan mung sedhela, jalaran mau bengi sasat meh sawengi mung bisa ngolang-aling, ngelah-ngelih guling, nanging ora bisa turu.

 

Nanging pranyata, maneh-maneh nalar lan pikirane Sodik Salim ora gelem dijak nyambut gawe bareng karo atine. Nalare ngongkon Sodik enggal bisa ngliyep, nanging atine tansah takon lan njaluk wangsulan, sing wangsulane kaya apa Sodik durung ngerti. Ya iku kepiye critane Waginem sawuse dina iki nindakne test lan wawancara . Kasik ditampa ora? Sodik cetha nek durung ngerti.

 

Alon-alon hape ne dicandhak, ketang kepengine critane Waginem piye, Sodik arep nelpon Waginem, nanging banjur diwurungne. Sodik nyata yen durung siap saupama krungu kabar sing ora jumbuh karo sing dikarepake. Kajaba saka kuwi, Sodik uga kuwatir yen Waginem dadi sansaya nelangsa nampa telepune merga mbarengi olehe wawancara jebul ora entuk gawe.

 

"Njajal telpun Ustadz Mahfudzi, panjenengane rak mesthi pirsa?" batine kongkonan awake dhewe.

 

"Karepmu dhewe wae" pitakone diwangsuli dhewe" genah nek aran degsura nek aku wani telepon Ustadz Mahfudzi  mung arep nyuwun pirsa nasibe Waginem. Malah bisa uga aku mengko konangan, nek satemene ati iki wis kethukulan rasa seneng marang kenya ayu sing nglebokne lamaran neng SMA kuwi".

 

Hapene banjur bali diselehne neng meja cedhak amben sing dienggo ngglethak.  Mripate diremne, pikirane diumbar ngumbara dhewe. Dumadakan hapene malah muni banter, suwara sing nuduhake yen ana telepon mlebu menyang hapene. Karo rada dheg-dhegan, mikir sing ora-ora Hapene dicandhak, diiling-ilingi sapa sing nelpon dheweke kuwi? Ustadz Mahfudzi?.

 

"Assalamu'alaikum Ustadz" Sodik ngangkat telepone.

 

"Wa'alaikumussalam warahmatullah" karo suwara sing nuduhake yen lagi gembira ustadz Mahfudzi aweh wangsulan "saiki Dhik Sodik isih Takziyah apa wis tekan daleme Mas Dokter? Apa isih ana dalan?".

 

"Alhamdulillah, sampun dumugi Yogya Ustadz, badhe wonten dhawuh?" Sodik Salim genti wangsulan semune nyadhong dhawuh.

 

"Ya Sokur nek wis neng Yogya maneh, anu arep ngaturi pirsa wae kok" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh.

 

"Inggih? Wonten kabar menapa Ustadz?" Sodik genti takon.

 

"Kabar bab Waginem sing lagi wae rampung olehe nglakoni test lan wawancara" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan.

 

"Inggih? Kados pundi Ustadz? mBak Waginem saged lancar menapa boten? Saged dipun tampi menapa gagal Ustadz?" ora krasa Sodik keseret rasane dhewe, olehe takon ketara nek kesusu, suwarane groyok, ana rasa was lan pangarep-arep sing carub dadi siji.

 

"Iya Panjenengan ki nek mundhut pirsa mbok sing rada sabar sethithik?" Ustadz mahfudzi paring wangsulan karo ngguyu rada dawa "merga sanajan Panjenenga kuwi lahire nyelaki, nanging minangka wong tuwa sing wis tau dadi enom aku ya ngerti, panjenengan ki mambu ati karo Santriku sing jeneng Waginem kae".

 

"He he he" Sodik wangsulan karo ngguyu "Inggih kadospundi wartisipun Tadz?".

 

"Alhamdulillah, kabeh mlaku lancar" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan "jebul sing kapencut karo kapinterane Waginem kuwi dudu aku dhewe, malah Ustadzah Laila wis luwih dhisik pirsa, nek Waginem kuwi duwe dhasar bocah sing sregep, temen, disiplin lan pinter, merga Waginem kuwi jaman SMA tau dadi siswane Ustadzah Laila, wektu kuwi Ustadzah Laila isih jejer dadi Guru Agama, durung dadi pengawas kaya saiki kuwi.........".

 

"Alhamdulillah" Sodik Salim nigas rembug "dados dipun tampi nggih Ustadz?".

 

"Ya genah ditampa no Dhik" wangsulane Ustadz Mahfudzi karo ngguyu "wong ana kader sing kaya ngono apike mosok arep ditulak? wong pantesa ngono upama dikongkon Yayasan sing nglamar, aku ya gelem kok nek kon budhal. Ben kaya jaman Dhik Sodik sepisanan m;lebu SMA kae".

 

Rasane Sodik dadi ayem, marem lan seneng mlumpuk dadi siji. Ngerti nek Waginem wis bisa ketampa neng sekolahane, ndadekne atine sansaya notol, selak kepengin kepethuk lan aweh ucapan selamat marang wanita sing wis ngisi telenging atine kuwi. Karo nyelehne hapene neng meja, Sodik njupuk rokok sak ler, digawa mlaku metu, dheweke arep ngrokok neng teras mburi, ben ora konangan mbakyune.

 

Karo kedhal-kedhul nglaras peganing rokoke, Sodik Salim sing lungguhe ndhenggleg sendhen kursi kuwi, nggagas mengko bengi arep matur Ibune lan kandha marang mBakyune, sesuk Ibune arep didherekne bali menyang Kedunggalar dhisik. Kapan-kapan wae mrene maneh.

 

Kegawa saka atine sing ayem, ora krasa katempuh sumiliring angin sing miwiti wektu sore, ndadekne Sodik keturon, sirahe sumendhe neng kursine. Nglilir-nglilir bareng keprungu suwara adzan maghrib saka masjid ora adoh saka omahe mbakyune kuwi. Sodik tangi banjur daya-daya menyang kamar mandhi arep reresik lan sesuci dhiri.

 

 

 

ana candhake.

 

Jumat, 15 April 2022

SLENDHANG KUNING (026)

26.

Ngerti Waginem wis teka lan katon olehe lungguh sajak ora pati jenjem, merga sing oleh jejibahan nguji lan ngajak wawancara Waginem durung teka, Khoirul tanggap ing sasmita. Kepala TU sing isih legan kuwikepengin nuduhake yen dheweke kuwi klebu wong sing duwe kawigaten marang Waginem sing dhek emben wis ditulungi nata berkas lamaran sing dikirim kanggo Yayasan.  Khoirul rumangsa duwe kewajiban aweh semangat marang kenya ayu sing nglamar dadi guru kuwi. Alon-alon Khoirul nyedhak, banjur lungguh neng dhingklik sing ana sacedhak dhingklik sing dilungguhi Wagtinem.

 

"Budhal saka omah mau jam pira mBak?" pitakone Khoirul kanggo mbukani rembug "Undhangane rak jam loro ta?".

 

"Inggih Mas" wangsulane Waginem karo mesem "wau mantun sembahyang luhur lajeng bidhal, pikir kula tinimbang kasep langkung prayogi menawi ngentosi Mas, tiang nggih boten ngertos sambikalane margi".

 

"Bener kuwi mBak" Khoirul guneman maneh "ya ngenteni sauntara karo leren, saiki lagi jam siji luwih sepuluh, ya pantes nek Ustadzah Laila dereng rawuh".

 

"Ustadzah Laila Mas?" Waginem takon.

 

"Iya, sing entuk jejibahan ing wawancarane panjenengan iki mengko Ustadzah Laila, daleme ya Ngawi. Panjenengan apa durung tepung?" Khoirul wangsulan karo mbalik genti takon.

 

"Dereng Mas" wangsulane Waginem "mesthinipun Ngawi kutha nggih? Nek kula rak Ngawi pinggiran".

 

"Iya, daleme Ustadzah Laila kuwi Jalan Raden Saleh cedhak apotik kana kae lho"

 

Saka omong-omongan sing ana gegandhengane karo wawancara kuwi banju mekar tekan ngendi-endi. Khoirul karo Waginem banjur rembugan akeh-akeh. Khoirul nyritakne kahanane Sekolahan papane nyambut gawe kuwi, sanajan umure durung genep limang tahun, nanging katon wis wiwit ngrembaka. Pamulangane ora kalah yen ditandhing karo sekolahan-sekolahan negeri sing wis maju. Malah Khoirul wani ngarani nek masa depane Sekolahan sing ngayom ing sangisore Yayasan pesantren Modern Al-Hasan kuwi temen-temen padhang.  Kajaba nyritakne guru-guru lan karyawan sing melu nyengkuyung adeg lan lakune SMA kuwi, Khoirul uga nyritakne awake dhewe sing klebu wis manteb olehe ngabdi ing sekolahan kuwi, ora bakal tolah-toleh golek panggonan liya kanggo pencokan sabanjure. Semono uga guru-guru sing umure isih nom-noman, racak-racak wis ora mikir golek gaweyan liya maneh, merga wis padha ngrumangsani kajaba sansaya suwe cara kanggo mlebu dadi ASN kuwi sansaya angel, ing Sekolahan kono blanja sing ditampa minangka leliru olehe wis padha melu ngabdi lan nyengkuyung lakuning KBM uga wis ora kalah adoh karo pengasilane PNS. Pancen olehe crita Khoirul kuwi ora digawe-gawe, nanging crita apa anane lan Waginem sansaya kasengsem kepengin enggal bisa melu ngabdi ing sekolahan sing ngayom marang Yayasan sing dipercaya ngolah bandha wakaf rupa sawah pirang-pirang hektar lan bandha-bandha liyane kuwi.

 

"Inggih mugi-mugi mawon kula mengke saged lolos lan ketampi wonten mriki Mas Khoirul" kandhane Waginem nanggapi critane Khoirul "dados kajawi saged pados pagesangan ing mriki, kula ugi saged ndherek ngabdi tumut nggesangi sekolahan menika".

 

"Ya mBak muga-muga" kandhane Khoirul sabanjure "aku percaya sampean mengko akeh ketampane mBak, merga aku wingi ya matur marang Pak Kepala lan Ustadzah Laila ngenani kahanane panjenengan sing rumangsaku sarwa becik kuwi lan adate nek aku sing matur, iya Pak Kepala iya liyane padha akeh percayane lan banjur didadekne salah sijine bahan pertimbangan".

 

"Inggih Mas Khoirul, matur nuwun sanget lho" wangsulane Waginem sing uga wiwit ngerti apa sing dadi karepe Khoirul. Miturut Waginem, mbuh sethithik mbuh akeh kanthi kandha mangkono iku, Khoirul duwe pangajap supaya Waginem ngrumangsani nek Khoirul wis aweh pambiyantu marang dheweke ing babagan iki. Satemene oraa dikandhakne Waginem ya wis ngrumangsani nek wis oleh pambiyantu saka wong-wong SMA Al-Hasan kuwi, klebu saka Khoirul lan uga saka Sodik Salim. Kelingan Sodik Salim Waginem dadi mesem dhewekan, sanajan umur-umurane ketoke  sapantarab karo Khoirul, nanging Sodik Salim kawaca bisa katon yen luwih diwasa. Waginem ngerti dhewe, sanadyan Sodik Salim olehe ngaku marang dheweke mung GTT sing ora duwe kuwasa apa-apa bab kawicaksanan sing ana ing sekolahane, nanging kanyatane nalika Sodik ngeterne dheweke nemoni Pak Ketua Yayasan kae, katon banget nek Sodik Salim kuwi nduweni kawibawan sing ora baen-baen, ketitik Ustadz Mahfudzi sing jejer minangka Ketua Yayasan, banget olehe katon ngajeni marang Sodik Salim.

 

Jam loro luwih limang menit, test lan wawancara kanggo Waginem diwiwiti, manggon neng ruwangan mligi kanggo nganakne acara ngonoi kuwi. Waginem didhepne ing ngarepe wong lima sing lungguhe mubeng, ing sisih kiwa, ngarepe lan sisih kanane. Sauntara kuwi ing mburine Waginem rada adoh, Ustadz Mahfudzi karo wong siji maneh lungguh kursi ngulati lan ngrungokne lumakune test lan wawancara "ala Al-Hasan" kuwi.

 

Mbaka siji wong lima kuwi wiwit aweh pitakonan sing wajib diwangsuli dening Waginem, wiwit wawasan kebangsaan, keagamaan lan liya-liyane. Kabeh bisa diwangsuli kanthi becik lan lancar dening Waginem. Bareng kabeh wis padha takon, kajaba sing ana tengah ya iku Ustadzah, lan wong papat kuwi padha nuduhne marang Ustadzah Laila sing dhapuk dadi pimpinan yen Waginem wis oleh biji sing becik adoh ing sadhuwure biji rata-rata, Ustadzah Laila genti wiwit ngendika, arep aweh pitakonan marang Waginem.

 

"mBak Waginem S-1 ne saka STKIP Ngawi ya?" Ustadzah Laila wiwit takon.

 

"Leres Us" wangsulane Waginem tatag.

 

"Lha biyen SMA ne ngendi?" Ustadzah Laila takon maneh.

 

"SMA Pancasila Ngawi Us" Waginem wangsulan maneh "ingkang tahun menika ketingalipun sampun badhe tutup".

 

Pancen ing Ngawi tau ana SMA swasta sing klebu apik, nanging bareng karo tumibane mangsa kala lan sansaya majuning kahanan SMA Pancasila wiwit kekurangan murid sing wekasane tahun iki klakon ditutup ora nampa siswa maneh, sisa-sisane siswa banjur dititipne ing sekolahan liyane nganti lulus.

 

"mBak Waginem kelingan sapa Guru Agama ing SMA Pancasila sing mulang Panjenengan?" Ustadzah Laila nutugne pitakone.

 

Waginem rada nggragap oleh pitakonan mangkono kuwi, awit ambak-ambak Waginem kuwi tetep ora arep nglalekne guru-gurune sing wis aweh kapinteran marang dheweke wiwit saka SD nganti tekan lulus S-1, nanging sing ora kepetung prioritas kuwi ya guru-gurune  nalika ana SMA biyen. Mula oleh pitakonan mangkono kuwi mau, Waginem rada nggragap rumangsa oleh isyarah yen dheweke wis tumindak ora pas, merga rada ora migatekne guru-gurune jaman neng SMA. Nganti sauntara Waginem ora semaur.

 

"Karo Gurune dhewe mosok panjenengan supe mbak Waginem? Apa dumeh mung Guru Agama banjur ora tau mampir ing pangeling-eling?" Ustadzah Laila ngambali pitakone.

 

"Nyuwun pangapunten Us" grawalan Waginem semaur "boten makaten, ingkang paring piwucal babagan Agami nalika kula sekolah ing SMA Pancasila rumiyin inggih menika Ibu Dra,Hj. Lailatul Hasanah, M.Ag.".

 

Karo nyebut asmane Gurune kuwi, Waginem ndengengek wani nyawang pasuryane sing ngajak wawancara, Ustadzah Laila. Waginem lagi mudheng, jebul Ustadzah Laila sing jejer dadi Wakil Ketua Yayasan Al-Hasan kuwi jebul Bu Lailatul Guru Agamane. Mau Waginem ora pati nggagas asmane Ustadzah Laila, merga jeneng kuwi ora pati ditepungi ing angen-angene, nanging bareng Waginem krungu suwarane lan asmane digathuk-gathukne, Waginem lagi krasa yen jebul Laila kuwi ya padha karo Lailatul, Ustadzah Laila kuwi padha karo Bu Lailatul.

 

"Upama Panjenengan saiki kepethuk karo Guru Agama kuwi Panjenengan pangling apa ora mBak Waginem?" Ustadzah Laila nutugne olehe aweh pitakonan.

 

"Insya'allah boten Us" wangsulane Waginem karo mesem sithik.

 

"Ya wis, mengko wae nek acara wawancara wis rampung aku kepengin ngrembug Guru Agama Panjenengan kuwi bisa ta?" Ustadzah Laila takon karo mesem.

 

"Inggih Us, sendika"

 

Sabanjure ora suwe olehe wawancara, Waginem dinyatakne nek wis lulus kanthi becik, kanthi mangkono ateges anggone nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan ditampa. Sawuse sepisan maneh dituduhi bab rekasane dadi Guru neng sekolahan sing lagi berkembang kuwi lan Waginem panggah ing niyate tetep kepengin ngabdi ing sekolahan kono, mangka dina iku uga bakal diterbitne SK penetapan marang Waginem sing diangkat dadi Guru Yayasan.

 

Ustadz mahfidzi lan kancane sing mau lungguh rada adoh banjur nyedhak, aweh ucapan selamat marang Waginem banjur ditutne para sing mau aweh pitakonan uga padha aweh ucapan sing padha. Banjur ditutugne jagongan sing mirunggan, Ustadz Mahfudzi nggenahne yen Waginem kuwi kena diarani santrine dhewe, merga dheweke Sekretaris ing Majlis Taklim sing salah siji sing dadi Ustadze ya Ustadz Mahfudzi dhewe.

 

"Nanging aku kalah karo Ustadzah Laila" Ustadz Mahfudzi mungkasi critane "lan aku lagi dadi eling, nek mBak Waginem sing bisa dadi sregep, sholihah, pinter lan trampil trengginas iki merga saka piwulange Ustadzah Laila jaman tugas neng SMA Pancasila biyen, maune tak kira merga saka ceramah-ceramahku he he he he".

 

"Alhamdulillah Ustadz" Ustadzah Laila aweh wangsulan "samangke insya'allah mBak Waginem sampun dados kulwarga Yayasan, inggih kanthi menika kula pitados bilih ing tembe wingkingipun SMA Al-Hasan menika badhe sansaya kuncara".

 

"Aamiin" kabeh sing ana kono klebu Waginem padha ngamini.

 

 

ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...