Total Tayangan Halaman

Kamis, 28 April 2022

SLENDHANG KUNING (037)

37.

Dina esuke Sodik ora menyang sawah, merga dinane Rebo lan dina Rebo karo Kamis kuwi ancerane Sodik mulang neng SMA. Mula isih esuk wis ngelapi pit montore, banjur adus lan reresik awak. Karo mantesi sandhang panganggone Sodik mesam-mesem dhewe, semangat olehe arep budhal mulang wuwuh sapirang-pirang. Ya, merga mengko bakal ketemu Waginem neng sekolahan.Sodik Salim wong pinter weton Mesir kuwi ora tau nggagas ya gene anane Waginem neng sekolahan kuwi wis nambahi greget olehe njangkahne sikil menyang sekolahan. Sakeplasan Sodik ya tau maca, yen tenane ora mung dheweke dhewe sing wangune kepencokan sengsem marang Waginem. Khoirul Kepala Tata Usaha sing uga isih legan kuwi miturut panyawange Sodik uga nggadhuh rasa kepencut marang Waginem, nanging Sodik ora nggagas perkara kuwi. Sodik isih luwih optimis yen mung saingan karo Khoirul wae sajake ora pati mbebayani, luwih-luwih yen kelingan karo sing dingendikakne Pak Ketua Yayasan sing luwih nyengkuyung marang dheweke ketimbang marang Khoirul Anam. Uga ora kalah bakune, nadyan Sodik olehe teka neng sekolahan ora saben dina, beda karo Khoirul sing saben dina mlebu, nanging wektu kanggo ketemu lan omong-omongan karo Waginem luwih akeh dheweke tinimbang karo Khoirul sing ruwangane beda karo ruwangan sing kanggo lungguhan para Guru nek wayahe ora mulang neng kelas.

 

"Nanging ora kena semono" dumadakan sajroning atine ana suwara elik-elik "nadyan arang bisa ketemu lan jejagongan, nanging bisa uga Waginem luwih sengsem marang Khoirul lho?".

 

"Kuwi bener" wangsulane atine dhewe "nek pancen mangkono tenan, ya ora apa-apa, karang jenenge jodho kuwi wis diatur dening sing gawe urip. Sing baku aku wis njangkah kanggo marani panjangkaku, dene karo Sing Kuwasa jebul ora dikeparengake, ya wis. Muga-muga wae, mbuh karo aku mbuh karo Khoirul muga-muga ing mbesuk uripe Waginem dadi sansaya becik, ora kaya Susi sing wurung karo aku jebul malah ora karuwan sing dadi nasibe".

 

Kelingan Susi, Sodik uga banjur eling marang Munir. Yen Munir biyen wis ngrebut Susi saka tangane, saiki ora mokal yen Munir uga mbudidaya ngrebut Waginem saka tangane maneh. Sodik uga weruh lan ngerti bab kuwi. Nanging Sodik uga ngerti nek Susi karo Waginem kuwi beda lan nduweni kapribaden sing ora padha.

 

"Ya muga-muga wae Gusti Allah paring pangayoman marang Waginem" karo ngrampungne olehe jungkasan Sodik ndedonga marang Sing Maha Kuwasa.

 

Ngepasi Sodik tekan parkiran sepedha motore para guru, neng kono Waginem lagi wae njagangne sepedhane. Ana rasa seneng sing mampir ing agen-angene Sodik.

Mripate nglirik jam ing tangane, wektu jam pelajaran isih setengah jam maneh diwiwiti. Tekane Waginem ing sekolahan ora kasep, ora beda karo olehe teka.

 

"Kok gasik Bu?" aloke Sodik aruh-aruh marang kenya sing wis njiret atine kuwi. Wiwit Waginem dadi guru neng sekolahan kono, Sodik yen nyeluk Waginem salin saka mBak malih dadi Bu, idhep-idhep mbasakne murid-muride.

 

"Inggih Mas, eh Pak" wangsulane Waginem karo mesem "tinimbang ing margi kraos kemrungsung, kula pilih bidhal radi enjing".

 

"Mila saenipun inggih makaten" Sodik guneman maneh karo njejerne sepedhane ing sisihe sepedhane Waginem. Waginem dhewe wis ngalih neng njabane parkiran nanging isih ngadeg ora tumuli mlaku menyang ruwangane guru-guru, ketoke ngenteni Sodik.

 

Wong loro sing satemene ing atine ana rasa sengsem nanging isih durung ana sing wani mblakakne kuwi banjur bareng mlaku tumuju ruwang guru.

 

"Ketingalipun pripun Bu? saged kraos napa boten sasampunipun ngraosaken mucal lare-lare dhusun ing mriki?" karo mlaku Sodik nglirik Waginem sing mlaku ora adoh  ing sisihe.

 

"Insya'allah malah sansaya krasan Pak" karo mesem kebak semangat Waginem wangsulan "saged kepanggih lare-lare saben dinten makaten menika, ingkang wonten raosipun namung remen, inggih mugi-mugi mawon anggen kula nindakaken kuwajiban mucal menika ugi saged ndadosaken lare-lare sansaya sregep anggenipun sinau".

 

"Aamiin" Sodik wangsulan karo mesem.

 

Ora krasa lakune wong loro kuwi wis tekan panggonan sing dituju. Jebul neng papan kono wis akeh guru sing teka lan lungguh neng kursine karo padha omong-omongan.

 

"Waaaah jan serasi tenan Pak Sodik" Pak Sigid, guru Akutansi neng sekolahan kono kuwi, alok karo ngguyu renyah, ngerti nek Sodik karo Waginem tekane bareng.

 

"Apane sing serasi Pak?" Sodik wangsulan karo ngimbangi mesem.

 

"nGgih panjenengan kalih Bu Waginem niku lho" Pak Sigid guneman maneh eseme sansaya amba "kula sawang wiwit saking parkiran dugi mriki, anggenipun tindak ketingal nengsemaken, kados Romeo kalih Yuliet mawon".

 

"Ora dhing Pak" Bu Wiwin sing olehe lungguh ora adoh karo Pak Sigit melu nrambul "ora kaya Romeo karo Yuliet, nanging kaya Kamajaya karo Kamaratih".

 

Sodik ora wangsulan, mung eseme wae sing katon nambahi sumringahe praupane. Waginem uga ora guneman apa-apa, mung rasa seneng ing sajroning atine merga oleh gojlogan saka kanca-kanca padha guru kuwi sing ora bisa disingidake. Praupane dadi mbrabak, nanging dudu mbrabake wong sing nesu, nanging mbrabak merga atine ketiban rasa isin, isin sing nyenengake.

 

"Mulane, kabeh wae padha nyenyuwuna muga-muga Pak Sodik karo Bu Waginem enggal nyebar undangan kanggo awake dhewe" Pak Agus sing yuswane paling tuwa ing ruwangan kono kuwi, melu mbumboni "mengko nek wis resmi, Pak Sodik rak mundhak sregep rawuh, rak ya ngeterne ingkang garwa? rak ya ngono ta Pak Sodik?".

 

"Walah-walah, panjenengan kabeh ki jan sadis tenan kok" Sodik wangsulan karo ngguyu "esuk-esuk kok wis mentala-mentalane nggarapi kancane kaya ngene?".

 

Wong sak ruwangan padha ngguyu bareng, klebu Waginem uga melu mesem, praupane mundhak sansaya mbrabak abang kaya jambu dersana. Karo mapan lungguh neng kursine, Sodik kober nglirik Waginem sing uga mapan lungguh neng kursi ora adoh saka papane. Jebul mbarengi Sodik nglirik kuwi, Waginem uga pas nglirik marang Sodik. Tanpa disengaja sunaring mripate wong loro kuwi tempuk, kekarone mesem bareng banjur padha ndhingkluk, praupane padha olehe mbrabake.

 

mBarengi wektune, Bu Kaji Ali lagi wae lenggah neng pawon, masrahne blanja-blanja sing dituku saka bakul ideran sing dadi langganane, marang Simpen sing wektu kuwi lagi ngelapi bala pecah sing lagi wae rampung dikorahi.

 

"Lho mBak Yun blanja wau empun dugi ta Bu Kaji?" karo nampani blanja-blanja sayuran, Simpen takon marang bendarane.

 

"Uwis, lha kae wonge rung lunga, isih ngedoli sing lagi padha blanja kae" wangsulane Bu Kaji "lha apa awakmu mbutuhne apa maneh? ya kana, tukuwa kana iki dhuwite, mumpung wonge durung lunga".

 

"Boten kok Bu Kaji" Simpen matur "anu, kula dhek emben rak taksih nilar susuk teng piyambake? nek boten ndang kula jaluk mengke saged-saged kelalen larene".

 

"O kuwi ta? Uwis kok" Bu Kaji ngendika karo mesem "susuk sing cacahe rongewu satus seket ta? Uwis diwenehne aku, dipotongne blanja kuwi".

 

"Oh, nggih empun nek ngoten, kula namung kuwatos nek larene nglali" kandhane Simpen sabanjure.

 

"Kowe kuwi kok senengane nyujanani ala marang wong liya lho?" Bu Kaji ngendika semu srengen "ora becik ngono kuwi, upama si Yun Blanja kae lali, merga ya pancen urusane sapirang-pirang, nek dielikne rak ya banjur manggon. Iya ta?".

 

"Eng... enggih jane" Simpen wangsulan karo mesem, ngrumangsani kaluputane.

 

Bu Kaji karo Simpen padha noleh nyawang arahe plawangan pekarangan, ana sepedha motor sing menggok suwarane keprungu banter saka papane wong loro sing lagi padha jejagongan kuwi. Simpen menyat, mlaku mengarep arep ndelok sapa sing lagi teka.

 

"Ketungale kados Mas Munir" kandhane Simpen ngaturake marang Bu Kaji sapa sing numpak sepedha motor mlebu ing pekarangan kono kuwi.

 

"Sapa Munir? Munire Dhik Hari?" Bu Kaji mundhut pirsa, nggenahne sapa tamune.

 

"Inggih leres"

 

"Kana temanana dhisik, kon ngenteni neng pendhapa wae, aku tak salin kudhung dhisik" Bu Kaji prentah Simpen supaya nemoni tamune.

 

Simpem ya banjur metu arep nindakne dhawuhe bendarane. Bu Kaji mlebu omah arep salin kerudhung sing rada pantes yen kanggo nemoni dhayoh.

 

"Bekti kula Budhe Kaji" Munir gurawalan mapag metune Bu Kaji saka omah, banjur sungkem karo ngaturne bekti.

 

"Iya" wangsulane Bu Kaji sing dibacutne karo pamundhutan pirsa "iki mau saka omah? Apa mung mampir wae? Apa diutus Bapakmu?".

 

"Inggih Budhe, saking griya mawon kok" wangsulane Munir "kula supe menawi niki wau Mas Sodik mucal, estunipun badhe matur Mas Sodik ugi matur dhateng Budhe Kaji".

 

"Iya, Sodik iki mau menyang sekolahan" Bu Kaji paring wangsulan "Lha arep matur bab apa ta? Ketoke kok wigati banget?".

 

"Inggih Budhe" Munir matur alon nanging cetha "inggih awit kasurung raos dosa ingkang nate kula tindakaken dhateng Mas Sodik kala rumiyin, kula gagas menawi kula wajib ngaturaken babagan menika dhateng Mas Sodik ugi dhateng Budhe Kaji, inggih nadyan namung sakedhik sageda nyuda dosa kula ingkang sampun kalajeng rumiyin nika".

 

"Lho perkara sing wis kebacut lan wis suwe kedadeyane ya gene mbok kandhakne maneh? Kowe rak ya wis ngerti dhewe ta? Sodik ki wis ora nggagas perkara kuwi maneh. Lha saiki apa maneh sing arep mbok kandhakne?" Bu Kaji mundhut pirsa, suwarane cetha yen olehe ngendika katon tenanan.

 

ana candhake.

 

Selasa, 26 April 2022

SLENDHANG KUNING (036)

36.

Pancen Sodik dhewe ngakoni yen Restu kuwi bocah wadon sing klebu becik bebudene, ora nguciwani mungguh rupa lan slagane,  duwe wawasan sing jembar lan nyenengake lamun diajak omong-omongan. Sodik luwih dhisik olehe tepung lan wanuh karo Restu tinimbang Ibune. Ya watara setahunan kepungkur, ngepasi Sodik dolan menyang omahe mBakyune, mbeneri pas Restu uga sanja neng omahe Ririen, nekani acara pengajian ibu-ibu lan remaja putri ing kampung kono, pengajian rutin pasaran mubeng, sing pas dina iki mbeneri anceran manggon neng omahe Ririen. nDelalah wektu kuwi sing teka ing pengajian kono dhisik dhewe Restu sing uga dijaluki tulung dening Ririen supaya ngrewangi nata pasugatane. Mula ya ana kalodhangan kanggo Restu lan Sodik padha tepungan lan kober omong-omongan. Lan wiwit kuwi, saben simpangan neng dalan salah siji saka bocah loro kuwi ajeg nek banjur aruh-aruh lan malah kala-kala karo mandheg barang, omong-omongan sedhela.

 

Sanadyan Sodik wis ngakoni kaluwihan sing ana pribadine Restu, nanging wektu kuwi Sodik durung ilang rasa sengit sing mapan ing alam ngisoring nalare (alam bawah sadar maksudnya), marang meh saben wong wadon. Mula ing atine Sodik ora ana rasa apa-apa marang kenya ayu sing dadi guru TK kuwi. Lan Sodik uga bisa maca yen olehe Restu nganggep marang dheweke, iya ora luwih saka kekancan lumrah, mung ndelalah lanang karo wadon ngono wae. Kajaba saka kuwi, Sodik sing saben dolan menyang omahe Dokter Kahar, Kangmase Ipe kuwi, ajeg yen wayahe sembahyang mesthi menyang Masjid cedhake, uga banjur tepung becik karo Pak Jayadi sing uga jamaah ing masjid kono. Dhasare Pak Jayadi ya priyayi sing blater, dadi sanadyan kepethuke karo Sodik arang-arang, nanging aba wis kepethuk ya banjur ngobrol sing rada suwe.

 

Iki mau Sodik maca ing waliking ukara-ukara sing dingendikakne Ibune, katone Bu Kaji kagungan gagasan kepengin ngepek mantu Restu lan diolehake karo dheweke. Yen nganti Ibune kawetu dhawuhe mangkono tenan, mesthi Sodik bakal rada kangelan olehe arep atur wangsulan, merga saben-saben Ibune dhawuh supaya Sodik gelema enggal rabi, wangsulane Sodik ajeg yen nyuwun marang ibune supaya digolekne wanita sing gelem dadi jodhone. Iki mengko, saupama Ibune paring kabar yen olehe nggolekne bojo dheweke klakon wis entuk tenan, ya kuwi Restu, wanita sing ora duwe kakurangan sing klebu prinsip, Sodik mesthi wae ora bisa nampa. Merga ing atine wis ana wanita liya sing nduweni bobot luwih mantep tinimbang Restu, kuwi nek miturut panemune. Nanging, apa Waginem temen-temen gelem karo dheweke?. Upama Waginem gelem, apa kira-kira Ibune bisa nampa Waginem minangka dadi mantune?. Upama Ibune ora tepung becik karo Restu, kira-kira Bu Kaji ya mung percaya karo apa sing diaturne Sodik, nanging gandheng Bu Kaji wis pirsa njaba -njerone Restu sing nyatane apik, sauntara karo Waginem Bu Kaji durung nate pirsa, mesthi mengko Bu Kaji bakal nandhing antarane Waginem karo Restu lan kena dipesthekne Bu Kaji bakal luwih ngeboti Restu tinimbang Waginem, ora merga apa-apa nanging petung lumrah, sing dhisik dhewe dadi bahan pertimbangan ora ana liya ya kulawarga lan asal-usule sing ditandhingne. Lan nek mung kuwi sing disawang, cetha nek Waginem bakal kasoran yen ditandhingne Restu sing cetha wong tuwane saka kulawarga sing kinurmat  ya awit saka palungguhane ya awit saka beciking tindak tanduk, pasrawungan saben dinane karo tangga teparo lan tepungane.Lha nek Waginem ? isih arang sing ngerteni yen kuwi mutiara sing ndelalah manggon neng lendhut peceren.

 

"Hm........" ora krasa Sodik unjal ambegan landhung.

 

"Kowe kuwi kena apa ta Le?" Bu Kaji sing mireng putrane unjal ambegan banjur ndangu "dijak omongan kok malah nglamun? lagi nggagas apa ta sak jane ngono?".

 

"Nyuwun pangapunten Bu" Sodik gage wae asok kaluputan "boten nggagas napa-napa, namung sareng Ibu dhawuh menawi mBak Restu nika Guru TK, kula lajeng kemutan bilih sekolahan TK Pesantren nika Gurunipun badhe suda setunggal, kabar ingkang kula tampi Ustadzah Ning nika badhe jengkar saking mriki, ndherekaken kakunge tugas dhateng Trenggalek dados Kakankemenag mrika".

 

"Oo, Nak Syaifulloh Huda kae sidane diangkat dadi Kakankemenag neng Trenggalek ta?" Bu Kaji paring wangsulan ngiras mundhut pirsa "ya sokur alhamdulillah nek ngono, wong pancen putrane Mas Badrun kae ki wiwit biyen kondhang olehe temen lan tekun olehe ngabdi neng Kemenag, wiwit diangkat dadi Penghulu pisanan kae, kabar sing tak tampa ora tau kersa nampani amplop saka modin-modin yen pas ngijabne ngana kae, jarene wong nindakne bedholan manten saka kantor ngono kuwi wis ana anggarane saka negara".

 

"Inggih mila Mas Huda nika cocog sanget menawi saged nglenggahi jabatan ingkang inggil, karang priyantunipun sregep, jujur lan pinter saestu" Sodik ngegongi apa sing lagi wae didhawuhne Ibune.

 

"Wah, saupama bisa ngono ya apik tenan jane........." Bu Kaji dumadakan ngendika kaya ditujokne marang panjenengane dhewe.

 

"Menapa Bu ingkang saupami saged?" Sodik ora mudheng karo sing dikersakne ibune.

 

"Mung saupama, nek bisa klakon mesthi dadi lan apike, nanging piye marahi adoh sih panggonane......" Bu Kaji nutugne olehe ngunandika.

 

Sodik wis ora wani nyelani matur maneh.

 

"Karepku iki mau ngene lho Dik" wusanane Bu Kaji blaka "nek Ustadzah Ning sida ndherekne Nak Huda menyang Trenggalek, saupama banjur olehe mulang neng TK kuwi digenteni Restu rak ya mundhak dadi lan apike TK sing neng Pesantren kae ta?"

 

"Ooo niku ta Bu?" Sodik lagi dhong karo sing mau dingendikakne ibune "upami saged ngaten nggih sae, nanging napa nggih saged kelampahan? tiyang mBak Restu niku daleme tebih, ing Yogya, gek ing TK nipun mBak Restu niku nggih dados tenaga inti, salaminipun boten badhe dipun lilani dening Yayasanipun menawi badhe ngalih padamelan".

 

"Iya, Ibu mau mung omong saupama, lan jenenge saupama kuwi ora kudu klakon" Bu Kaji paring wangsulan "nanging nek Gusti Allah ngersakne ya mesthi bakal tuwuh jalaran sing banjur kudu diliwati Restu mlaku menyang Pesantren banjur mulang TK neng kono, iya apa ora?".

 

Sodik wis ora semaur kajaba mung manthuk karo mesem, merga jenenge rembugan ki nek wis tekan "wis dikersakne Gusti" ngono kuwi cetha nek ora bisa dibantah maneh. Merga pancen apa wae kang dumadi kuwi mesthi ya saka idzine Allah, sanajan panganggep sing kaya mangkono mau satemene durung mesthi nek bener, merga apa wae kedadean ing donya kuwi ora bisa dipisahne karo Kodrat-iradate Allah sing wis dilintirake marang manungsa kang wis dipercaya supaya nglestarekne bumi lan jagade.

 

Mula tinimbang sansaya akeh olehe ngrembug Restu, Sodik banjur api-api angop. Lan matur pamitan arep mapan turu marang ibune. Bu Kaji sing uga pirsa yen awan mau Sodik repot lan ora leren olehe nandangi gaweyane nganti ora bisa nyelakne wetu kanggo turu awan, uga banjur paring dhawuh supaya Sodik enggal mapan turu, murih kejaga kesarasan awake.

 

Nanging jebul neng kamare Sodik sing ditindakne Sodik beda karo olehe pamit ibune. Neng dipan Sodik ora enggal merem, malah mripate nyawang mendhuwur, ngingeti pyan sing rupane putih, lan pyan kuwi kaya-kaya dadi gantine layar proyektor sing bola-bali katon metu gambare wong loro sing metune gentenan. Gambare Waginem klawan eseme sing manis, kala-kala katon lagi lungguh kalungan slendhang kuning sing disampirne ing pundhake, nindhihi jilbab sing nutupi sirahe, Waginem lagi nembangne lelagon Podhang Kuning, sing isine kaya-kaya minangka pasemon, sing diukarepne Waginem Podhang Kuning kuwi ora liya, ya dheweke dhewe.  Durung tutug nggone Waginem tetembangan, gambar sing neng layar kuwi salin, genti Restu sing dumadakan ngatonake esem sing ora kalah ngujiwate, Restu lagi mlaku dijejeri Bu Kaji ya Ibune, arep menyang Pesantren, arep mulang neng TK ne Pesantren, nggenteni Ustadzah Ning sing wis pindhah menyang Trenggalek ndherekne kakunge. Banjur lamat-lamat atine krungu suwarane Ustadz Mahfudzi sing ngabarake yen arep njajagi atine Waginem lan wong tuwane, ana rasa mathuk utawa ora saupama Waginem dijodhokne karo dheweke. Sodik dadi sansaya keseret lakuning angen-angen sing mlaku banter kaya lakune banyu kali ing wayah banjir gedhe, nanging dumadakan banyu kali kuwi mandheg, mubeng ing tekukan kedhung, muleg ora ana lerene.

 

 

ana candhake.

 

 

 

 

Senin, 25 April 2022

SLENDHANG KUNING (035)

35.

Munir pancen wis ora bisa ngunggahi maneh tembunge Waginem sing wis migunakne tembung asil istikhoroh ngono kuwi mau. Merga nek wis tekan kono kuwi, dieyela kaya ngapa wae, asile panggah ora bisa ngowahi sing dadi putusane sing jarene putusan sing wis pinal. Wengi kuwi Munir rumangsa kasoran rembug lan upama ditutugne olehe ngajak guneman mBok Sadikem utawa Waginem, tan wurunga malah ora ana bathine tumrap Munir. Mula Munir ya banjur pamitan, senadyan atine pegel campur anyel nanging praupane digawe lumrah wae, merga Munir isih duwe pengarep-arep bisa nelukne Waginem nganggo cara liyane. Waginem dhewe nalika dipamiti Munir, olehe wangsulan ya ora beda karo padatan, sanajan neng atine ana rasa seneng nek Munir enggal lunga saka omahe.

 

Salungane Munir ninggal omahe, mBok Sadikem ora enggal-enggal ngalih saka palungguhane ing ruwang tamu kuwi. Waginem sawuse nutup lan ngunci lawange ya banjur mbalik nyedhaki simboke maneh.

 

"Ketoke karepe Munir kuwi mau ya enek apike lho Nem" kandhane mBok Sadikem sawise Waginem bali mapan lungguh neng kursine "merga arepa kaya ngapa wae, nek neng Ngawi kene iki, sak maju-majune sekolahan partikulir kuwi ya kadohan nek ditandhingne karo sekolah negeri lan jenenge ngabdi neng sekolahan partikulir kuwi ya beda banget nek ditandhing karo ngabdi neng sekolahan sing negeri".

 

"Nek bab kuwi pancen bener mBok" Waginem semaur sabar "nanging aku sing ora bisa ngandel karo omonge Mas Munir kae, luwih-luwih  bareng aku krungu karo sing dingendikakne Ustadazh garwane Ustadz Mahfudzi mau, mesthi wae aku ora kepengin dadi kurban kaya pacare Mas Sodik sing biyen".

 

"Ya wis nek pancen ngono" wekasane mBok Sadikem ya mbenerne panemune anake wedok "ora liwat olehmu ngabdi neng sekolahane Pak Ustadz Karmudi kuwi ya kudu sing ikhlas lahir batin, merga ya mung kanthi sangu rasa ikhlas kuwi sing bisa nuntun lakuning menungsa marang kanugrahaning Gusti Allah".

 

"Iya mBok, pandongane simbok wae sing tansah tak suwun" wangsulane Waginem.

 

"Lha nek miturut angen-angenmu, olehe Pak Ustadz Karmudi arep ngajak rembugan Sodik karo Ibune mengko akeh kasile apa ora Nem?" mBok Sadikem ngalihne rembugan, ngajak ngrembug perkara liya.

 

"Aku ora wani ngangen-angen bab kuwi mBok" wangsulane Waginem alon "upama Mas Sodik karo Ibune kersa nggugu sing arep didhawuhne Ustadz Mahfudzi ya sokur alhamdulillah, dene nek ora ya ora apa-apa, wong kabeh-kabeh ki mung wujud pambudidayane manungsa, sing ora bisa ngungkuli purbaning Kawasa".

 

"Dadi upama kowe ora sida karo Sodik ngono kowe ora cuwa?" mBok Sadikem takon sing semune nanting atine anake wedok.

 

"Nek rasa cuwa kuwi ketoke ya ana ta mBok?" Waginem semaur "senajan rasa cuwa kuwi kudune ora ana, jeneh wong sasuwene iki pancen aku dudu apa-apane Mas Sodik kejaba mung kanca lumrah, sanajan sak jane ngono ya .........".

 

"Ya seneng upama ora mung dadi kanca lumrah nanging dadi kanca urip ?" mBok Sadikem nyela tembunge Waginem sing sengaja ora ditutugne.

 

Waginem wis ora semaur maneh, malah banjur ngukudi gelas tilas kanggo nyuguhi Munir mau, arep dikorahi ing mburi. Mbok Sadikem ya banjur ngadeg, ngalih arep menyang kamare, leren.

 

Sauntara kuwi, Munir sing atine isih krasa anyel merga durung klakon bisa nelukne atine Waginem, malah dheweke nemoni kasoran rembug, karo nyetir mobil olehe nyewa kuwi pikirane mubeng seser, ngulat-ulati cara sing kira-kira bisa digunakne kanggo mujudne pepenginane. Nalika mripate weruh tas plastik isi Sate lonthong sing mau lali ora diwenehne mBok Sadikem, Munir mundhak anyel marang Waginem kenya ayu sing jebul ora kaya kenya-kenya waranggana liyane. Kaca mobile dibukak, Lonthong Sate sing olehe tuku nganggo dhuwit kuwi, diuncalne metu, mbuh menyang ngendi tibane.

 

"Rasakna kowe Nem" grenenge Munir sajroning atine "saiki kowe bisa ngucap sing aku kudu meneng ora kuwawa ngungkuli, nanging embuh wektune kowe bakal ngalami nasib kaya sate lonthong kuwi mau. Apa rumangsane ngono aku kepengin ngrabi dheweke? Ora, aku ora kepengin ngrabi Waginem, aku mung kepengin mbuktekne nek aku wong lanang sing bisa nelukne atine wong wedok sing kaya Waginem kuwi wae".

 

Gandheng wektune isih durung pati wengi, Munir ya ora kesusu selak bali. Mobil sing disetiri digelak menyang papan sing kerep dienggo seneng-seneng, papane wong sing kapeksa dodolan tresna merga rumangsa ora kuwat ngadhepi cobaning urip neng ngalam dunya.

 

Meh bareng wektune, Bu Kaji Ali uga lagi ngajak Sodik sing kabeneran ora repot, rerembugan mirunggan karo nglaras arume kopi.

 

"Aku dhek emben pas neng Yogya sing keri dhewe kae lho Le,  jan ngrasakne seneng ora kaya padatane" ngendikane Bu Kaji marang Sodik sing wis lungguh neng kursi cedhake ibune.

"Lha menapa wonten ingkang benten kalih padatane?" Sodik semaur "lire sikepipun Yu Rien utawi Mas Kahar langkung sae dhateng Ibu?".

 

"Ya ora jane" Bu Kaji paring wangsulan "nek sikepe mBakyumu utawa bojone ki ya ora tau beda, wong wiwit biyen ya tansah ora tau gawe cuwane Ibu".

 

"Lha napa sing ndadosne benten?" Sodik matur maneh.

 

"Iki kira-kira lho ya?" Bu Kaji ngendika rada banter.

 

"Nggih napa Bu sing kira-kira niku?" Sodik mesem.

 

"Kira-kira merga neng kana Ibu rak oleh tepungan anyar, sing wonge becik, pinter, sopan lan bisa ngladeni kanthi becik nek Ibu ngersakne ngajak jagongan dheweke".

 

"Sinten menika Bu? Kakung menapa Estri? atake Ibu nembe kapilut ing raos asmara?" Sodik matur karo setengah guyon.

 

"Kowe kuwi kok malah ngawur" Bu Kaji wangsulan suwarane ora nuduhne yen ora karenan merga tembunge putrane "ibumu iki wis tuwa, kok arep mbok padhakne isih nom wae, isiha nom biyen sapungkure Bapakmu, ibu wis ora tau nemoni wong lanang sing bisa gawe sengseme ibu, ora merga apa-apa kajaba pancen tresnane Ibu ki wis entek disuntak kanggo sawargi Bapakmu lan turahane Ibu sokne menyang kowe karo mBakyumu".

 

"Inggih Bu" wangsulane Sodik wis ora karo guyon "kula nggih ngertos lan saged ngraosaken bilih ingkang didhawuhne Ibu niku wau mila leres".

 

"Iya" Bu Kaji nutugne ngendikane "kae lho, Restu kowe ngerti Restu ta?".

 

"Nggih ngertos lah Bu" Sodik wangsulan karo rada ngguyu "Restu putrane Bu Hasanah Pak Jayadi ingkang kala wingenane sareng-sareng takziyah dhateng Panggang nika ta? Restu kenging menapa Bu?".

 

"Ora keneng apa-apa" Bu Kaji wangsulan karo mesem "sing ibu kersakne oleh tepungan anyar ki ya Restu kae bocahe. Ibu ki kerep jagongan karo Restu lan Ibu rumangsa cocog karo dheweke, merga omong saomong sarwa nengsemake, jembar tebaning wawasan, ora kaduk olehe seneng umuk malah kepara pintere dialingi, nanging tembung sing metu saka lesane kabeh sarwa gawe senenging atine Ibu lan kira-kira wong liyane Ibu ya duwe panemu sing padha".

 

"Lha inggih limrah ta Bu?" Sodik atur wangsulan "Restu nika rak inggih putranipun tiyang kinurmat, bapak lan ibunipun Guru sedaya, wiwit alit tansah digegulang ing reh kautaman, menapa malih Restu nika rak inggih tiyang ingkang pinter, tiyang inggih lulusan Perguruan Tinggi ingkang kondhang ing Yogya. Dados inggih sampun pas menawi Restu nggadhahi kelangkungan kados ingkang Ibu dhawuhaken menika kala wau, jeneh wis sarjana kathik wiwit cilik digulawenthah dening wong tuwane sing kakung putri guru kabeh, dadose nggih dados tiyang sae. Mila kula nggih sok-sok gadhah gagasan benjing menawi pikantuk jodho ngaten, kepengin saged jodho ingkang nyambut damelipun dados Guru, murih anak-anak kula benjing saged dados lare ingkang shaleh solehah".

 

"Ibu ya seneng kok saupama Ibu kagungan mantu wedok ki Guru ngono" Bu Kaji ngegongi apa sing dikandhakne Sodik.

 

"Inggih ta Bu?" Sodik ngguyu lirih "nggih mugi-mugi mawon boten dangu malih Ibu kaparingan mantu Bu Guru".

 

"Aamiin" Bu Kaji wangsulan ngamini kandhane Sodik "kowe ngerti ta Le? Restu kae nyambut gawene ya Guru lho?".

 

"Dheg!" Sodik wiwit nyandhak karo sing dikersakne Ibune. Ana sethithik rasa samar sing mampir ing atine. Samar yen Ibune ngersakne Sodik gelema mujudne idham-idhamane, ngaturne mantu marang Ibune sawijining Guru, sing ora liya Restu sing wektu iki nyambut gawene ya dadi Guru, Guru TK.

 

Nggagas ngono kuwi, ndadekne Sodik banjur meneng, ora enggal guneman, nanggapi pangandikane Ibune sing lagi ngersakne ngajak jejagongan.

 

 

ana candhake.

 

Minggu, 24 April 2022

SLENDHANG KUNING (034)

34.

Sawuse ganep anggone nata ukara ing angen-angene, Munir banjur njejegne olehe lungguh lan kanthi praupan sing katon sumringah, Munir wiwit guneman ngecakne rancangan sing wis tinata ing sajroning atine kuwi. Rancangan supaya Waginem munggahe marang mBok Sadikem ora kebacut-bacut seneng atine merga Waginem wis tinampa panglamare ing sekolahan papan mulange Sodik Salim kuwi.

 

"Pancen sansaya suwe, Sekolahane Mas Sodik kuwi sansaya wiwit gelem obah ngintir marang ombyaking jaman, karepe ngono ya murih ora kagiles dening rodhaning kahanan sing sansaya seser mubenge. Nanging nek miturut pamawas lan panyawangku minangka wong ndelok, tegese ndelok kuwi mung kendel alok merga kanthi cetha bisa weruh kakurangane sing disawang, beda karo sing nglakoni sing adhakane mung weruh kaundhakane moh nyawang kakurangane, olehe obah sekolahan sing cedhak omahku kae kajaba mung sipate rog-rog asem ya wis rada kasep" kandhane Munir karo ulat sing panggah sumeh.

 

"Rog-rog asem lan rada kasep piye Mas?" Waginem sing satemene wis aras-arasen ngrungokne kojahe Munir, nyelani rembug.

 

"Tegese rog-rog asem kuwi ya ngana kae, ora ajeg olehe obah, istilah ora konsisten nek weruh sekolahan liya sing maju lagi grayah-grayah arep nerokne, nanging ya kuwi mau wis kasep. Arepa mburu playune sekolahan liyane sing wis apal marang dalan sing kudu diliwati, panggah wae sekolahane Mas Sodik kae ya keponthal-ponthal sansaya adoh olehe ketinggal neng mburi, nek dipeksa olehe nekad arep nututi playune sing wis adoh neng ngarepe ya tiwas pedhot napase" kandhane Munir sabanjure.

 

"Ya mangga Mas, kuwi miturut panyawang lan pamawas panjenengan" Waginem wangsulan suwarane digawe sareh murih ora gawe gelene dhayohe, sanadyan satemene atine Waginem ora bisa narimakne karo pambijine Munir marang sekolahan sing lagi wae arep didadekne papan kanggo ngabdi kuwi "mbok menawa pancen ya ana benere, nanging pamawas lan pambijine panjenengan marang sekolahan kuwi ya durung karuwan kabeh bener, merga olehe panjenengan mirsani rak mung saka kadohan tur ya ora njinggleng lire ya mung kadhang kala wae anggone panjenengan mirsani, dadi ya ora mokal nek ana owah-owahan mbuh sing sipate becik utawa kurang prayoga sing luput saka pamirsane panjenengan. Padha wae karo aku, sanadyan lagi weruh nanging aku uga sithik akeh ya bisa aweh pambiji marang sekolahan ndesa kuwi, mesthi wae ora kabeh nampa biji becik, ya isih akeh sing kudu didandani, ya merga kagawa saka niyat lan asiling pambijiku marang sekolahan ndesa kuwi, aku wis mantep tenan olehku arep ngabdekne ragaku, tenaga lan pikiranku marang Gusti Allah lumantar sekolahan ndesa kuwi. Ora ateges aku gumedhe, sanadyan mung saklungsu kabisan sing tak duweni, kenaa kanggo udhu murih ing tembe mburine sekolahan ndesa kuwi bisa luwih maju, kuwi panjangkaku muga-muga bisa kasembadan".

 

"Apik banget sing dadi gegayuhanmu Dhik" Munir mesem lambene ngucapne pangalembana, nanging beda karo sing nyuwara ing jero batine "nanging nek jareku kok eman".

 

"Eman piye Mas?" Waginem takon.

 

"Ngibarate wong dandan-dandan" kandhane Munir aweh wangsulan "nek sing didandani kuwi dhasare ngono kahanane becik, gegayuhan lan panjangkane Slirane kuwi bakal kanthi gampang bisa kasembadan, nanging nek sing didandani kuwi barang sing wis amoh, sanadyan sing ndandani kuwi tukang sing pinter pisan ya tiwas tuwas, iya apa ora ?".

 

"Amoh lan orane sekolahan kae, sing ngerti dudu wong adoh Mas" Waginem wiwit rada dhuwur suwarane "karo maneh, minangka wong anyar aku ya kepengin ngerti kahanan sing satemene, karo maneh aku iki ya dudu tukang utawa tenaga ahli, aku mung saderma kepengin melu ngabdi kasil utawa orane kuwi dudu wewenangku, merga aku mung kasampiran kuwajiban ngecakne lan nularake kawruh sing wis tau tak tampa, dene asile bakal kepiye, kuwi mung Gusti Allah sing wenang nemtokne. Guruku nate dhawuh lan wis tak dadekne paugeman, guru kuwi mung wajib mulangake kawruh murih sing diwulang bisa weruh, dene menawa Gusti Allah ngersakne liya sing ora jumbuh karo sing diangkah dening guru mau, kuwi dudu lupute guru. Guru mung bisa mulang ora bisa gawe pinter, bisane mung mbudidaya murih murid bisa pinter..........".

 

"Nuwun sewu nggih Gus" mBok Sadikem sing wiwit mau mung meneng ethok-ethok ora bisa melu nyaut karo sing lagi padha dirembug, dumadakan melu guneman "menawi kula mirengne wiwit wau, ingkang dipun rembag si Nem kalih panjenengan niki, kenging dipun sanepakaken kados tiyang mastani raosing sambel ing layah".

 

"Ngaten nggih Mak?" Munir sing durung mudheng sing dikarepne mBok Sadikem semaur seneng, ngira menawa bakal aweh panemu sing tundhone bakal mbenerake panemune.

 

"Inggih" mBok Sadikem nutiugne gunem "namung emanipun, ingkang dipun raosaken Nem kalih ingkang panjenengan raosaken benten, jalaran ingkang sami dipun raosaken namung bumbunipun dede sambelipun. Menawi ingkang dipun raosaken menika sami-sami sambelipun, tartamtu boten badhe wonten benten ing pamanggih, awit wiwit kula dereng lahir ngantos benjing balung kula telas, raosing sambel menika pedhes, menika sedaya tiyang mesthi badhe ngleresaken. Benten menawi ingkang dipun raosaken menika bumbunipun sambel ingkang dumados saking bawang,brambang, trasi, gendhis lan sanesipun. Kamangka ingkang dipun raosaken Nem niku gendhise lan ingkang panjenengan raosaken menika trasinipun, mangka salaminipun inggih boten badhe panggih ing pamanggih, menapa boten makaten Gus?".

 

Munir sing babar pisan ora ngira yen jebul mBok Sadikem wong bodho sing ora tau ngerti sekolahan kuwi bisa ngucapne tembung sing sanadyan mung ngrembug sak sambel nanging duwe teba sing jembare kagila-gila, sapandurat mung  bisa meneng. Munir ya wis krasa nek kanthi guneman mangkono kuwi, mBok Sadikem nuduhake yen dheweke ora seneng krungu olehe Munir lan Waginem ngrembug sing magepokan karo sekolahan sing wis nampa panglamare Waginem kuwi.  Munir ya banjur duwe dudutan, yen ora ana gunane ngrembug lan nuduhne marang Waginem nek sekolahan sing arep didadekne papan ngabdi kuwi dudu sekolahan sing bisa aweh janji panguripan sing luwih becik.

 

"Leres sanget menika Mak" kandhane Munir sabanjure "estunipun kula inggih boten remen kok ngrembag prakawis sekolahan ingkang mapanipun caket kalih griya kula niku. Namung kemawon kula namung nggadahi pepenginan murih lampahing pagesangan menika saged adil".

 

"Adil piye Mas?" sadurunge Mak Sadikem semaur Waginem ndhisiki takon.

 

"Ngeten lho Mak kajeng kula niku" sanajan sing takon kuwi Waginem nanging wangsulane Munir ditujokne marang mBok Sadikem sing uga bisa dirungokne dening Waginem "liripun adil menika, mapanaken barang ing papan ingkang trep. Kados upaminipun, sinten kemawon tartamtu rumaos eman menawi sumerep sandhangan utawi ageman ingkang wujudipun Clana, Rasukan, Jas, Dhasi lan Sepatu menika dipun agem dening tiyang ingkang nembe nindakaken padamelanipun ing sabin, mluku, nggaru, macul lan ndhaut upaminipun. Inggih makaten menapa boten Mak?".

 

"Lha nggih sampun cetha ta Gus?" Mak Sadikem wangsulan karo mesem "jeneh menika cetha dede sandhangane kadang tani nalika nyambut damel kok, nggih tiyang ingkang makaten menika mbok menawi kemawon badhe dipun wastani kirang beres nalaripun".

 

"Pamanggihipun Mak menika estu sampun leres" Munir mesem amba "adilipun busana kala wau inggih ingkang ngagem mesthinipun priyantun kantoran, menawi agemanipunpriyantun kantoran diagem tiyang tani ing sabin menika boten adil, sanaosa inggih boten lepat awit boten nerak pepacuh utawi paugeran ingkang wonten. Lha samangke, kula sumerep bilih Dhik Waginem menika, piyantun ingkang punjul ing apapak, liripun lare ingkang pinter, trampil, gathekan, menapa-menapa sarwa saged, mesthinipun murih adilipun, Dhik Waginem menika kedahe rak nggih mucal utawi nyambut damel ing Sekolahan ingkang cetha nggadhahi biji ingkang sae, boten namung sekolahan sak-sake ngaten menika. Menawi sekolahan-sekolahan Negeri ing ing salebeting kitha Ngawi menika sampun cetha bilih bobotipun tartamtu inggil lan sae, benten kalih sekolahan ingkang nembe umur dereng dangu kathik namung sekolahan swasta ingkang yayasanipun yayasan lokal. Lha kajeng kula sowan kula mriki wau, kula badhe nutugaken atur kula kala emben nika, inggih menika Dhik Waginem badhe kula dherekaken sowan dhateng Kepala Sekolah Negeri ingkang kula tepangi, saperlu nglebetaken lamaran ing sekolahan negeri wau. Lan kula saged njamin, Dhik Waginem mesthi badhe dipun tampi, awit kajawi dhasaripun Dhik Waginem menika pinter, kula ugi gadhah sesambetan ingkang sae kalih kepala sekolahipun. Pripun pamanggihipun Mak ngengingi lekas lan ancas kula niki?".

 

"Piye Nem? Kowe wis krungu ta karo sing dingendikakne Gus Munir iki mau?" mBok Sadikem malah genti nakoni anake wedok.

 

"Ngene ya Mas Munir" Waginem wiwit guneman maneh "aku matur nuwun banget marang Mas Munir sing wis menggalihake aku lan kersa nedya mbantu aku, nanging kanthi tulus aku matur marang Mas Munir nek aku wis kadhung mantep arep ngabdi marang sekolahan sing ana ndesa kae. Ora merga aku ora percaya marang panjenengan, nanging tenane ngono putusan iki tak jupuk awit saka wohing anggonku wis nindakne sembahyang istikhoroh kaya sing tau tak aturne panjenengan biyen kae. Dadi rembugan bab anggonku arep golek papan kanggo ngabdekne ngelmu sing wis tak tampa iki, becike disigeg nganti samene wae".

 

Munir wis ora bisa semaur maneh, wengi kuwi dheweke kapeksa ngakoni yen Waginem pancen angel ditelukne. Munir banjur kepengin enggal pamitan wae, dheweke ora kepengin cuwaning atine disuntak neng omah kono, merga bisa nuwuhake kapitunan sing luwih gedhe. Tratab. Munir kelingan nek mau gawan sing arep dingge oleh-oleh marang mBok Sadiken lali, isih keri ing mobil. Lan saupama saiki dijupuk banjur dipasrahne, cetha nek wis ora patut, malah kira-kira wis anyep lan nyecek ora karuwan...... wong sate lonthong olehe tuku nggone Cak Nardi sore mau.

 

 

ana candhake.

 

Jumat, 22 April 2022

33.

Sapungkure Ustadz Mahfudzi, gageyan mBok Sadikem karo Waginem mbalik arep mlebu omah maneh, nanging dadi kandheg bareng ngerti ana mobi liyane sing nyedhaki panggonane ngadeg. Mobil kuwi malah banjur mandheg lan lampune dipateni, disusul sing numpaki mbukak lawange banjur mudhun, banjur mlaku nyedhaki wong loro sing isih kanthi panyawang kebak pitakonan nguwasi wong sing lagi teka kuwi.

 

"Kula nuwun" Munir alok sapa aruh luwih dhisik dibanjurne karo pitakon minangka abang-abanging lambe "ketingale menas wonten tamu saking tebih nggih Mak?".

 

"Oalaah panjenengan ta Gus?" mBok Sadikem wangsulan nuduhne nek lagi ngerti marang sapa sing lagoi teka kuwi "kula wastani sinten? Boten kok, anu Bu Ustadz Pak Karmudi sing daleme Perumahan ler mriku niku lho".

 

"Simbok ki kok?" Waginem nyendhu simboke, nanging nganggo suwara sing karo ngguyu "nyebut asmane wong sakepenake lho?. Bu Ustadz utawa Ustadzah ngono wae wis cukup kok, malah nganggo tambahan Pak barang? Gek asmane Ustadz kae Ustadz Mahfudzi ya mBok? ora Karmudi".

 

"Arep piye maneh? sirku mau ya arep muni ngono kuwi, nanging wong apalku ki nek ngaturi Pak Ustadz kae ki Pak Karmudi, marahi wis kadhung kulina " mBok Sadikem mangsuli panyendhune anake wedok, banjur ditutugne ngomongi dhayohe, diajak mlebu omah "mangga Gus, mlebet mosok jagongan kok neng pinggir ratan".

 

Karo muni ngono kuwi mBok Sadikem malik adhepe banjur mlaku mlebu omah, mbalik bali lungguh neng kursi sing dilungguhi nalika jagongan karo Ustadz Mahfudzi lan Nyonyahe mau. Waginem uga ngetutne simboke. Munir ya banjur jumangkah melou mlebu omah, lawange isih dibukak kabeh.

 

"Layak mau tak goleki neng kana ora ana, jebul lagi ana tamu ta?" karo mapan lungguh Munir takon, suwarane alon kaya ditujokne marang awake dhewe, nanging suwarane keprungu kanthi cetha ing kupinge wong sandhinge.

 

"Sing digoleki sapa Mas?" Waginem sing ngerti sing dikarepne Munir mbalik genti takon "neng ngendi leh nggoleki?".

 

"Sapa maneh?" Munir wangsulan karo mesem amba, wangsulane beda karo sing dilakoni "ya slirane ta Dhik, mau aku rak njujug nggon gladhen, kok slirane neng kana ora ana, aku ya banjur bablas mrene".

 

"Ora sida rapat ta?" Waginem mbalik takon maneh, satemene Waginem ya wis ngerti nek Munir wis dora lan ora bares marang dheweke.

 

"Aku ora ana acara rapat ki?" Munir sing ora ngerti sing dikarepne Waginem dadi salah tampa olehe wangsulan "Lha sing ngandhani Dhik Wag, nek aku rapat sapa?".

 

"Ora ngono Mas sing tak karepne" Waginem lagi nggenahne pitakone "mau aku jane ya wis tata-tata arep budhal gladhen, lha iki apa? slendhangku ya wis tak cawisne".

 

Waginem nuduhne Slendhang Sutra sing rupane Kuning pawewehe simboke sing jarene slendhang kuwi biyen olehe nukokne sawargi Bapakne nalika sepisanan bapak lan simboke awor dadi sak omah sawise mulih saka ijaban neng Naiban kulon Aloon-aloon Ngawi biyen.

 

"Lha banjur ?" Munir nutugne olehe takon.

 

"Banjur aku ditelepon Bu Carik, mBak Muji ya telpon pisan, wong loro kuwi ngabari nek olehe gladhen kanggo kanca-kanca Waranggana leren dhisik, merga panggonane gladhen dienggo Rapat, sosialisasi pengisian lowongan Perangkat Desa. dadi aku ya ora sida mangkat, ndelalah Ustadz Mahfudzi karo garwane rawuh mrene iki mau" Waginem aweh wangsulan lan kanthi mangkono nuduhake yen dheweke wis ngerti nek sing dikandhakne Munir mau cetha yen dora.

 

"O, iyaaa" Munir gageyan molahne ukara, gawe pawadan liya "mau pancen akeh wong-wong sing lagi teka, lha kanca-kanca Prasaja Laras akeh sing lagi lungguhan neng lincak cedhak lawangan kae, pas aku nakokne slirane, wong-wong wangsulan nek slirane ora teka, dadi aku ya bablas mrene".

 

Waginem wis ora nutugne olehe ngrembug bab kuwi, malah karo ngringkesi gelas sing mau kanggo nyuguh Ustadz lan Ustadzah Mahfudzi, arep digawa mlebu omah, Waginem kandha marang Munir :

 

"Sekecakne dhisik ya Mas? Kopi kagem panjenengan tak jupuke dhisik".

 

Lan ora ngenteni wangsulan, Waginem ya banjur mlaku mlebu menyang omah mburi bablas menyang pawon, arep ngracikne kopi kanggo dhayohe sing satemene tekane mrono wis ora gawe kepenaking atine, nanging gandheng ngajeni dhayoh kuwi klebu kuwajibaning agama mula Waginem ya kudu klawan legawa nampa tekane Munir sing lagi merdhayoh.

 

"Lha kok kadhingaren Ustadz Mahfudzi rawuh mriki ta Mak? napa wau wonten pengaosan teng mriki?"  sapungkure Waginem mlebu omah, Munir ngajak guneman mBok Sadikem sing isih lungguh neng kursine.

 

"Boten kok Gus" wangsulane mBok Sadikem "mriki niki pengajian kangge tiyang-tiyang estri  namung dinten Jumuah siang mawon, niku wau Pak Karmudi kalih garwane rak ngajak mucuki rembagan kalih si Gendhuk, pripun upami Gendhuk niku nek kapurih ndherek mbantu ngiyati latihan karawitan ing sekolahane, tiyang anggene nglebetne lamaran gendhuk kala emben nika sampun dipun tampi, wiwit benjing Senin menika sampun kajiban tumut mucal".

 

mBok Sadikem sengaja mung ngandhakne apa sing didhawuhne Ustadz Mahfudzi dhisik dhewe pas lagi teka mau, sadurunge ngrembug olehe kagungan gagasan kepengin njodhokne Waginem karo Sodik Salim. Dadi wangsulane mBok Sadikem iki mau ora kena diarani nek wis ora bares utawa dora.

 

Sanajan Munir ya wis krungu nek Waginem wis ketampa lan dadi Guru neng Sekolahan cedhak omahe, nanging krungu wangsulane mBok Sadikem ngono kuwi mau wis ndadekne Munir sansaya cuwa sajroning atine. Sadurunge Munir nanggapi  wangsulane mBok Sadikem, Waginem wis teka karo nggawa kopi neng gelas sak lepeke, banjur diladekne ing ngarepe dhayohe.

 

"Diunjuk Mas" kandhane Waginem ngacarani dhayohe.

 

"Dadi slirane ki wis manteb nggabung neng sekolahane Mas Sodik ta Dhik?" ora mangsuli nggone ngacarani Waginem, Munir malah takon bab anggone Waginem sing wis ketampa neng SMA Al-Hasan.

 

"Alhamdulillah wis Mas" wangsulane Waginem karo mesem, nuduhne marang Munir nek dheweke pancen wis sreg ngabdekne tenaga lan kabisane ing sekolahan sing diarani Munir sekolahan ndesa kae.

 

"Lha neng kana slirane mung bageyan pirang jam pelajaran? apa slirane ya kesampiran Mapel liyane Bahasa barang?" pitakone Munir semu ngremehne.

 

"Ora Mas, dhawuhe Pak Wakasek Urusan Kurikulum, tenaga guru sing mulang neng SMA ndesa kuwi kudu linier karo jurusan kuliahe, kejaba nek kapeksa banget. Dadi nek jurusanku ki Bahasa ya mung wenang mulang Bahasa, kajaba nek pelajaran sing sipate ekstra kurikuler waton duwe ketrampilan lan kabisan bab kuwi bisa-bisa wae. Kaya aku upamane, gandheng pelatih SH Terate  sing wadon neng sekolahan kuwi durung ana, gek ngepasi aku ya wis dadi Warga lan kulina melu nglatih, aku banjur oleh tambahan jejibahan melu nglatih ekstra kurikuler Pencak Silat SH Terate neng sekolahan kono, mligine kanggo siswa putri. Lan iki mau dening Ustadz Mahfudzi  aku ya didhawuhi nek Ustadz wis ngendika marang Pak Kepala yen aku iki uga duwe kabisan ing babagan ulah suwara minangka Waranggana karawitan, mula ngendikane Ustadz Mahfudzi mau jare Pak Kepala arep nambahi jejibahan marang aku supaya melu nguwati Karawitane SMA Al-Hasan sing ndesa kuwi" Waginem akeh-akeh olehe aweh wangsulan marang pitakone Munir sing keprungu rada sepa marang jam pelajaran sing dipercayakne marang Waginem. Malah gandheng Waginem ya wis rada suwe rumangsa melu gela nek Munir ngarani SMA panggonane mulang Sodik Salim kuwi jare Sekolahan ndesa, mula kanthi sengaja Waginem nyebut sekolah ndesa bola-bali neng ngarepe Munir, nanging beda rasa. Olehe Waginem nyebut sekolahan ndesa sinartan ukara nanging, lire sanadyan ndesa ora kalah karo sing jarene sekolahan kutha, malah kepara bisa ngluwihi ing babagan pendidikan lan pamulangan, kanthi mangkono sarana semu lan samudana Waginem aweh tutur marang Munir murih ora nutug-nutugne anggone dhemen ngremehake sekolahan sing ngayom ing Yayasan sing dipangarsani Ustadz Mahfudzi kuwi.

 

Atine Munir dadi sansaya cuwa lan gela, rancangan sing wis ditata mlathing jebul mleset. Olehe mara menyang omahe mBok Sadikem diangkah ora kepethuk Waginem dhisik, merga mbarengi pas Waginem gladhen karawitan, jebul ora klakon. Anggone gladhen Waginem mbarengi prei. Kapindho sing nambahi cuwane Munir, olehe krungu critane Waginem sing sajak wis manteb lan rumangsa mongkog bisa ketampa anggone nglamar neng Sekolahan papane Sodik mulang kuwi. Malah Waginem wis ngerti lan weruh dhewe jebul sekolahan kuwi kahanane beda adoh karo sing dicritakne Munir marang Waginem uga mBok Sadikem sadurunhe iki, kepara adoh luwih maju lan luwih apik maneh mungguh biji lan kualitase.

 

Nanging, dudu Munir yen mung merga krungu critane Waginem sing ngono kuwi mau banjur pasrah lan rumangsa kalah. Munir panggah ora nuduhne utawa ngakoni  olehe wis kalah sajangkah ing mburine dening Waginem. Malah banjur nata ukara arep ngecakne pambudidaya murih Waginem bisa teluk ing sangisore dlamakane.

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...