Total Tayangan Halaman

Sabtu, 07 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (041)

41.

Bubar reresik awak neng kamar mandhi pribadine Saropah lan salin sandhangan sing resik, kaya neng omahe dhewe ngana kae, Munir banjur mapan lungguh neng sofa sing ana jero kamar sing jembar kuwi. AC sing isih urip dipateni, ganti mbukak cendhela, Munir wiwit udut nyumet rokoke. Ora suwe Siti Saropah bali mlebu kamare karo nggawa kopi komplit sak lalapane disuguhne neng ngarepe Munir, kopi sing kanggo awake dhewe ya wis digawa pisan. Saropah ya banjur nusul lungguh njejeri wong sing wis dadi woding atine kuwi.

"Diunjuk yang mumpung isih anget" kandhane Saropah ngacarani .

Munir mesem, tangane diangkat lengene diselehne pundhake Saropah, ngrangkul.

"Kangen sayang......" kandhane ing sela-selaning eseme.

"Adhik luwih kangen maneh Mas....." Saropah wangsulan karo mesem ngujiwat.  Munir tanggap, lungguhe diinger Saropah diruket karo diarasi kebak nafsu. Rada sawatara wong loro kuwi padha kekep-kekepan kaya lumrahe wong sing wis dadi bojone.

 

"Ayo golek maem dhisik Mas" kandhane Saropah sawuse ngendhoni pangrukete "jane aku mau ya wis masak, nanging aku kepengin bengi iki Masku dhahar sate wedhus sing ora pati mateng banget, neng nggone Pak Man kidul Bang Jo kana kae".

 

"Saiki?" Munir mangsuli karo takon.

 

"Lha iya no, mumpung isih durung wengi nemen" Saropah wangsulan diterusne karo kandha "aku ya kepengin maem pepes iwak mas sing bakule jejer nggone Pak Man kae".

 

Wong loro banjur metu bareng, Munir nggandheng Saropah kenceng banget. Sadalan-dalan karo nyekeli setir nganggi tangan sesisih, Munir ngrangkul Saropah sing sirahe dilendhetne neng pundhake Munir. Ora mung ngrangkul nanging ya karo nggrathil tekan ngendi-endi, Saropah meneng atine malah seneng.

Rampung olehe padha mangan, ya banjur bali. Saropah kober njaluk Ber rong botol marang bakule.

 

"Ketoke sing neng oma wis entek" kandhane Saropah nalika Munir ngingeti Saropah namapani ber sing diwadhahi kresek putih.

 

"Lha sing neng omah ora dibungkusne ?" Munir takon.

 

"Omahe dhewe wengi iki suwung Mas, mBok Sumbruk mau pamit arep turu nggone anake wedok, wong putune dipitoni" wangsulane Saropah "aku mau ya titip sumbangan kok".

 

Munir mesem karo manthuk-manthuk, wong loro banjur mangkat bali menyang omahe Saropah sing gedhe tur jembar.  Tekan plawangan ngarep, Munir arep mudhun karepe arep mbukak lawang regol sing mau ditutup, nanging wurung. Aman karo Radi, wong lanang loro tukang jaga omahe Saropah jebul wis teka lan bareng ngerti nek ana mobil arep mlebu pekarangan banjur daya-daya nyedhaki ndelok sapa sing lagi teka kuwi.

 

"Lho sampean mau wis teka ta?" Saropah mbukak kaca mobile karo anguk-anguk nakoni wong loro kuwi.

 

"Uw... sampun Buk, nembe mawon" sing semaur Aman karo mesem "kula kinten sinten, lha wong nomere Plat AE kok".

 

"He eh, mobile Pak Lawyer kok" wangsulane Saropah karo ditutugne prentah "ndang dibukak lawange!".

 

"Nggih" Aman wangsulan karo nyurung lawang regol.

 

"Oh, iya mBok Sumbruk gak neng omah, turu nggone anake" kandhane Saropah maneh "mengko nek butuh ngopi sampean pesen nggone angkringane Bendhol wae".

 

Karo muni ngono kuwi Saropah ngulungake dhuwit atisan ewon salembar. Radi sing nampani dhuwite rada mlenggong, ora kulinane juragane kuwi blaba karo dhuwit, Wong adate nek dhong mBok Sumbruk ora bisa nggawekne kopi ngana kae paling akeh kanggo tuku kopi neng angkringan sing neng trotoar ngarep omah kuwi, ya mung sepuluh ewu, kuwi kanggo wong loro. Kok wengi iki dilungi atusan ewon, mula Radi ya ora gage-gage nampani, malah nyawang semu gumun marang juragane.

 

"Lagi bar oleh rejeki rada akeh Pak Radi" Saropah sing tanggap karo plenggang-plenggonge Radi gage guneman karo mesem "ben bisa sak rokoke pisan".

 

"Matur nuwun Gan" Radi nampani dhuwit atusan kuwi karo ngaturne panuwun.

 

Saropah aba menyang Munir supaya mobile diparkir mepet garasi wae, ben nek udan ora kodanan.

 

"Sajake juragane bar oleh bathi akeh Mus" bareng disawang Juragane wis mlebu omah karo tamune lan lawange wis ditutup, Radi ngomongi Aman karo ngethungne dhuwit atusan ewon sing durung kober dilebokne sake.

"Kancane Juragane mau sapa ta Kul?" ora mangsuli kandhane kancane Aman malah genti takon karo suwara sing sajak ngemu sujana.

 

"Ketoke mau kaya Pak Munir, Pengacara kancane Bosse sing omahe Ngawi ngono lho" wangsulane Radi sing ora ngerti ya gene kancane sajak ora seneng marang tamune juragane "plate mobil genah nek AE ngono lho?".

 

"Lha kok lawange terus ditutup malah lampu ngarep ya dipateni pisan, apa Munir arep nginep kene?" Aman takon maneh, suwarane sansaya keprungu nuduhne ora seneng atine.

 

Radi ora wangsulan, merga Radi senajan saben dina awor karo Aman nanging Radi ora ngerti nek satemene antarane Aman karo Saropah kuwi duwe sesambungan sing klebu wadi. Pancen sasuwene ditinggal mati sing lanang, kajaba duwe sesambungan tresna karo Munir, Saropah ya wis bola-bali kongkonan Aman ora mung supaya njaga omahe, nanging ya dikongkon nambani ngelake atine, ngancani nalika rasa sepi lagi angranuhi atine Randha sing durung duwe anak kuwi. Mula ya ora aneh nek banjur neng atine Aman tuwuh rasa gela meruhi Saropah nglebokne wong lanang liya menyang jero omahe. Pancen wiwitane jenenge Aman sing dhasare jaka sing wis rada kasep merga ora wani rabi kuwi nduweni pengarep-arep bisa dadi urip dadi bojone juragane, dadi ora mung nuruti panyurunge hawa nepsu, mula bareng ngerti nek Juragane jebul uga duwe sambung tresna karo Munir, atine dadi sansaya murup. Rasa tresna sing maune wis thukul ing atine sakala ilang, malah salin dadi rasa gething mburu sengit.

 

"Menungsa ngono kuwi ora keneng dijarne sasenenge dhewe........." karo mapan lungguh neng cedhake Radi, Aman grenengan ijen.

 

"Ya wis ben neh Mus" Radi mangsuli grenengane Aman "wong ya wis padha gedhe tuwane wae, lho. Awake dhewe iki oleh pangan sawaregan ya merga nyambut gawe neng nggone Bose iki. Nek nganti awake dhewe macem-macem, bisa uga awake dhewe banjur dilereni ora diwenehi gaweyan rak sida kapiran?".

 

"Ya kari carane ta Cul" wangsulane Aman karo rada sereng "awake dhewe bisa sedhakep awe-awe, ketoke ora ngerti apa-apa, nanging bajingan sing seneng gawe maksiyat neng kampunge dhewe kae kudu diwenehi pelajaran ben ngerti tata".

 

"Carane piye?" Radi takon sajak bingung "aku kok malah dheg-dhegan dhewe ta Mus? aku samar awake dhewe dikatutne dosane dening Bose, piye?".

 

"Aja samar" Aman wangsulan karo semu ngguyu "bakune awake dhewe mligine kowe slamet ngono wae, saiki entenana neng kene sedhela aku tak metu golek kopi nang nggone Bendhol kono dhisik".

 

Aman ngadeg arep mlaku menyang ratan.

 

"Iki lho dhuwite nek arep golek kopi" kandhane Radi karo ngelungne dhuwit olehe meneni Saropah mau.

 

"Kanthongana dhisik, nganggo dhuwitku wae" wangsulane Aman karo mesem "aku mau ya bar oleh rejeki rada akeh kok, oleh binat merga nyuwuk bayi sing nangis ora meneng-meneng. Wis, entenana kene aja nyang ngendi-endi karo gudhang mburi kae colokana dhisik, wong awake dhewe iki jaga, ora lagi cangkrukan".

 

Radi sansaya gumun ngrasakne lelakon bengi kuwi, mau juragane thukul lomane aweh dhuwit ngge tuku kopi nganti satus ewu. Saiki malah Aman barang melu-melu kandha nek bar oleh rejeki, banjur olehe arep nggolekne kopi ora gelem nganggo dhuwit pawehe juragane. Nanging Radi wegah ndedawa olehe bingung lan gumun. Dhuwit sing arep dilungne Aman mau bali dilebokne sak banjur sentolope dicandhak, pekarangan sing dijaga kuwi dicoloki tepung.

 

Aman jebul mung mampir sedhela neng angkringane Bendhol, pesen kopi kon madhahi teko, karo gorengan sacukupe. Rampung pesen banjur ditinggal, nerusne lakune olehe arep golek cara kanggo menehi pelajaran marang Munir sing dianggep wis gawe regede kampunge. Lakune Aman wis tekan omahe pak RT aweh palapuran nek wengi kuwi Saropah nglebokne wong lanang saka kutha liya menyang jero omahe. Olehe matur Aman marang Pak RT dikompliti pisan mungguh dosane Saropah lan Munir sing wis wani nampa tamu lan nginep neng omahe tanpa luwih dhisik cecala lan lapuran marang Pak Ketua RT sarta Ketua Keamanan Kampung. Kaping pindhone antarane Munir sing wong lanang lan Saropah sing wis randha, kumpul dadi saomah ing wektu bengi ngono kuwi genah nek bakal tumindak maksiyat sing bisa gawe regede kampung kono, jalaran wong loro kuwi cetha wong liya braya sing durung nikahan neng KUA. Wong loro kuwi pantes yen ta kudu ditibani paukuman sing jumbuh karo paugeraning kampung kono.

 

 

ana candhake.

 

Kamis, 05 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (040)

40.

Sidane kanthi pawanti-wanti aja nganti kadenangan sapa wae, Sampir sida budhal ngayahi wajib nindakne dhawuhe bendarane, mesthi wae iya kanthi sesidheman. Ana sethithithik rasa lega ing penggalihe Bu Kaji, nanging rasa kuwatir lan samar panggah durung bisa ilang. Pancen crita sing digawa Munir kuwi banget nabet ing sajroning penggalih. Nanging Bu Kaji iya tetep eling karo sing dikandhakne Simpen, Bu Kaji wis niyat ora arep ndangu Sodik luwih dhisik, sadurunge Sampir bali kanthi nggawa warta sing  cetha.

 

Kegawa saka anane perang batin ing sajroning penggalihe kuwi, kang wujud percaya utawa ora marang critane Munir, Bu Kaji banjur nekad telepon putrane sing mbarep, nyritakne crita saka Munir kuwi marang Ririen, ngiras pantes kanggo nyuntak rasa sing nyengkal ing jerone dhadha. Bu Kaji uga nyritakne apa sing wis ditindakne sawuse oleh pamrayoga saka Simpen, rewange.

 

"Dados Ibu sampun utusan Kang Sampir kados ingkang dados eguhipun Yu Simpen?" liwat telepon kuwi Ririen matur nyuwun pirsa marang Ibune.

 

"Iya, Sampir njaluk wektu telung dina kanggo nanjihake bener lan orane kabar sing dikandhakne Munir marang Ibu kuwi. Lha piye nek manut panemumu?" Bu Kaji paring wangsulan ditututi rembug mundhut rerigen marang putrane.

 

"Kula mastani ingkang dipun dhawuhaken Ibu dhateng Kang Sampir niku saestu sampun leres Bu" wangsulane Ririen "awit kula piyambak bares mawon, babar pisan boten wonten raos pitados dhateng sedaya ingkang dipun kojahaken Munir. Malah kula gadhah panginten radi kosok wangsul kalih ingkang dipun aturaken Munir dhateng Ibu menika wau".

 

"Kosok balen piye?" Bu Kaji durung mudheng karo sing dikarepne Ririen.

 

"Ingkang kosok wangsul menika bab Waranggana ingkang criyosipun Munir sampun nibakaken guna dhesthi dhateng Sodik niku Bu" Ririen nyethakne tembung sing dikarepake "saged ugi lare estri ingkang nyambut damel dados Pesindhen niku, lare ingkang sae utawi sak boten-botenipun sanes Waranggana ingkang purun nyambi dodolan katresnan kados limrahipun Waranggana ingkang anggenipun dados Pesindhen namung damel tutup kemawon".

 

"Iya kuwi aku ya bisa nampa" Bu Kaji medhot ature Ririen "merga jaman saiki iki beda karo jaman Ibu isih nom biyen, nek biyen akeh waranggana sing dadi wadon murahan merga ya saka kahanan lan cupeting kaweruhe, nek saiki rak wis beda banget, akeh waranggana sing sarjana, ana sing lulus S2 malah sing wis dhoktor ya akeh. Lha kae Sindhen Kesi mantune Haji Sukron Suwanda kae? Kae saiki ya wis meh doktor, padha karo kakunge sing uga dhalang kondhang sing uga dadi Dhosen neng ISI....".

 

"Lho Ibu kok malah pirsa kathah? malah kula dereng patos ngertos bab menika...." Ririen genti nrambul gunem nugel ngendilkane Ibune.

 

"Lha dhek emben pas Milad Pesantren Al-Hasan kae rak ya nanggap wayang ta? Dhalange Doktor Cahya Kuntadi, putrane Mubaligh kondhang weton Blitar sing asmane Ki Haji Sukron Suwanda, lha Pesindhen Kesi kuwi garwane Pak Dhalang Cahya Kuntadi kuwi" Bu Kaji paring wangsulan marang putrane.

 

"Inggih Bu" Ririen nutugne ature "kula gadhah panginten nek Sodik mila tepang kalih Waranggana niku, lha si Munir kula kinten ingkang estunipun kapencut kalih Waranggana niku nanging boten kasembadan, mbok menawi inggih jalaran Waranggana niku kajawi sanes lare nakal, ugi sampun ngertos kalih teku saha kelakuwane Munir".

 

"Iya, iya sing keri dhewe kuwi mau  klebu nalar" ngendikane Bu Kaji mbenerne pangirane Ririen "lha sambung rapete karo adhimu Sodik apa?".

 

"Kinten-kinten, gandheng Sodik ugi tepang sae kalih waranggana niku, Munir nggadhahi panginten menawi anggenipun si Waranggana boten nglanggati katresnanipun Munir, jalaran waranggana wau kepencut kalih Sodik. Pramila Munir lajeng wadul dhateng Ibu, nyebar pitnah bilih waranggana ingkang dipun kinten nggadhahi sambeting katresnan kalih Sodik. Kajengipun Munir, murih Ibu ndukani Sodik" Ririen nyethakne mungguh sing dadi pangirane.

 

"Iya, iya kuwi pancen tinemu ing nalar tenan" Bu Kaji paring wangsulan "nanging saiki aku malah sansaya kuwatir merga pangiramu kuwi".

 

"Kuwatos kados pundi Bu?" genti Ririen sing nyuwun pirsa, merga durung mudheng karo sing dingendikakne ibune.

 

"Ibu kuwatir aja-aja adhimu Sodik ora mung tepung karo Waginem kuwi? nanging malah pancen wis mambu ati merga Sodik ngerti nek Waginem kuwi dudu waranggana sing nakal?" Bu Kaji nggenahne apa sing dikuwatirake mau.

 

"Lha menawi ngaten saestu rak inggih limrah ta Bu? wau Ibu sampun ngendika waranggana ingkang sarjana nggih kathah kados Sindhen Kesi garwane dhalang sing Dosen ISI niku wau?" Ririen atur wangsulan.

 

"Iyane ki iya" Bu Kaji ngendika maneh "nanging apa ya klakon no aku banjur duwe mantu Pesindhen ki?".

 

"Pesindhen menika rak inggih namung panggaotan kangge pados sanguning gesang ta Bu? menapa awonipun?" Ririen genti mbalekne ukarane Ibune sing mau kober ngalembana Sindhen Kesi bojone Ki Cahya Kuntadi.

 

"Nanging Ibu ki pengine duwe mantu Guru" Bu Kaji paring wangsulan "gek kuwi ya wis eneng wonge, ya Restu kae karepku ki bisoa dadi jodhone adhimu Sodik".

 

Ririen rada kaget krungu ngendikane ibune sing liwat telepon kuwi. Pancen Ririen karo Bu Kaji kaya sing wis dicritakne dhek emben kae, kekarone wis padha mathuke saupama Sodik bisa dijodhokne karo Restu. Mula bareng Bu Kaji ngendika nek nguwatirake Sodik sing aja-aja wis kesandhung tresna marang Waranggana lan Bu Kaji mbaleni ngendikane olehe kepengin duwe mantu Bu Guru, Ririen banjur rumangsa kangelan olehe arep atur wangsulan.

 

"Ibu iki kajaba wis ngerti sapa Restu kae, pancen wiwit biyen mula Ibu ki kepengin Sodik kuwi bisoa duwe bojo Guru Rien, mbuh guru apa wae, lha ndelalah si Restu kae kabeneran rak ya guru TK ta?" Bu Kaji ngendika maneh.

 

"Ngaten mawon Bu" wekasan Ririien nemu akal kanggo atur wangsulan "bab Sodik sampun nggadhahi sesambetan katresnan kalih si Waginem Waranggana niku wau rak nembe wonten panginten-inten?".

 

"Pancen iya" Bu Kaji mbenerake kandhane Ririen.

 

"Sak niki panginten niku wau sampun dipenggalih nemen-nemen, Ibu ngrantos mawon kabar ingkang badhe dipun beta dening Kang Sampir rumiyin mawon, menika murih cethaning perkawis. Harak inggih makaten ta Bu saenipun?" Ririen ngaturne panemune.

 

"Iya, iya bener banget kuwi ndhuk" Bu Kaji mbenerake maneh apa sing dadi panemune putrane "iki mau mung jalaran ngira-ngira barang sing ora cetha banjur ngambra-ambra tekan ngendi-endi".

 

"Lha inggih" Ririen wangsulan karo ngguyu "sak niki Ibu sampun menggalih ingkang boten-boten, murugaken boten sae kedadosanipun. Mangke kemawon menawi sampun wonten kabar ingkang langkung cetha, nembe dipenggalih murih saenipun kados pundi".

 

Sawise rada suwe olehe rembugan lumantar telepon kuwi, Bu kaji banjur mungkasi olehe ngendikan. Nadyan rasa sumelang ya panggah durung ilang, nanging sajroning penggalihe wis krasa rada padhang. Wektu kuwi wancine wis nyedhaki wayah sembahyang Isyak, Sodik wiwit Maghrib durung bali saka Masjid, pancen wis dadi pakulinan Sodik kuwi nek ora ana perlu sing penting, bubar maghriban ora tau mulih dhisik. Nanging milih leren neng Masjid sinambi omong-omongan karo nom-noman liyane sing magepokan karo murih Masjide sansaya reja, jamaahe luwih temata, ya temata ngibadahe ya temata panguripan saben dinane. Adate rembugan ngono kuwi lagi dirampungne sawuse manjing wektu ngisak.

 

Kang bareng karo Sodik rerembugan karo kanca-kancane neng Masjid, beda maneh karo sing lagi ditindakne dening sedulur misanane ya iku Munir. Wengi kuwi, sawuse atine Munir krasa seneng merga wis madulake Sodik marang Bu Kaji, saiki wis tekan Jombang arep nemoni wanita sing wis wola-wali aweh pambiyantu marang dheweke. Wengi kuwi Munir kepengin gawe senenge Siti Saropah sing tenane lagi kedanan marang kebagusane.

 

Tekane Munir ing omahe Siti Saropah dipapag nganggo esem seneng, lagi wae Munir njangkahne sikile ngliwati lawang omahe, Siti Saropah wis gita-gita mapag. Munir dirangkul keket banjur dikekep-kekep. Munir tanggap, nganti rada sawatara suwene, tangene digunakne kanggo ngelus-elus rambute wong wadon sing lagi kobong dening genine asmara kuwi.

 

Ora suwe Munir banjur lungguh neng kursi ruang tamu, Saropah lungguh ing jejere.

 

"Masku siram dhisik wae ya? ben seger maneh?" Saropah nawani adus kekasihe.

 

"Iya yang, pancen iki mau saka nggone Klean banjur bablas mrene kok, dadi ya durung kober adus, wong ora mampir omah" wangsulane Munir karo mesem.

 

"Durung adus wae baguse wis kaya ngono kok" Saropah guneman maneh, banjur karo ngadeg nutugne omonge "ayo siram neng kamar mandhine dhewe wae, sing ana banyune panas".

 

Tangane Munir dicandhak, dituntun mlebu kamare Saropah sing neng kono ana kamar mandhi pribadine. Kaya gudel kineluhan, Munir mung manut ngetutne lakune wong wadon sing umure luwih tuwa tinimbang dheweke kuwi.

 

ana candhake.

 

Selasa, 03 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (039)

 

39.

Dipamiti pulunane, Bu Kaji mung semaur alon "ya". Penggalihe klambrangan tekan ngendi-endi, kepethuk saleksa rasa sing sarwa beda sing kabeh ngreridhu aweh panggodha. Ana rasa bingung, rasa sedhih, rasa lingsem, rasa gumun, rasa anyel campur dadi siji. Saglugut pinara sewu ora tau ana ing angen-angene Bu Kaji mampir yen putra sing dinama-dama bisa dadi pepeadhanging kulawarga kuwi bakal kesandhung lelakon kaya sing lagi wae dicritakne tamune sing uga pulunane dhewe. Satemene Bu Kaji ya wis pirsa, sanadyan Munir kuwi isih kapernah pulunan, nanging kanggo mercaya apa sing dikandhakne wis kangelan. Nanging warta sing digawa Munir iki mau nyata yen beda, sing ndadekne Bu Kaji luwih akeh percayane tinimbang orane. Amarga Munir sing wis ngakoni nek uripe kebacut bubrah kuwi bisa kanthi gamblang nyritakne sapa wanita sing wis mbudidaya njiret atine Sodik sing lamun Sodik klakon bisa kajiret bakal kelangan sakabehane, ora mung bandha donya nanging klebu kahormatane.

 

Saka kadohan lamat-lamat keprungu tembang sesidheman yasane Ki Haji Sukron Suwanda, lagu iki nirokne sambate priyagung luhur sing kajiret talining asmara awit kagiwang gincanging alise waranggana, temah jiwa ragane rumangsa kinurung, kahurmatane mamrung, rubuh ing ngisor pinjung. Ah, apa klakon Sodik sing nadyan isih nom nanging wis kajen kineringan dening wong sepirang-pirang iki mengko bakal nemahi lelakon kaya sing dicritakne ing gendhing sesidheman iki?.

 

Njati nom, Bu Kaji lenggah dhelog-dhelog ijen, pasuryane katon yen lagi peteng kaya kesaput mendhung. Socane manther mengarep, mirsani papan sing ora cetha lan ora cetha apa sing katon ing pamirsane. Simpen, sing wiwit Munir teka mau tenane ya melu nguping saka waliking gebyog, rumangsa mesakne marang bendarane sing banjur malih slaga kaya mangkono kuwi wiwit mau ora ngalih saka palenggahane ing pendhapa, kamangka tamune wis rada sauntara olehe bali. Alon-alon lan kanthi ngati-ati, batur sing rumangsa wis akeh nampa kabecikan saka bendarane kuwi nyedhak, mapan lungguh ing kursi sing mau dilungguhi Munir. Bu Kaji babar pisan ora ngrewes, penggalihe lagi katrem nuruti pambidhunge rasa, temah ora migatekne apa sing ana kanan lan keringe.

 

"Nyuwun pangapunten Bu Kaji" alon Simpen wiwit matur "keparenga kula badhe matur.......".

 

"Heh......" Bu Kaji nuduhne yen lagi kejot penggalihe merga tekane Simpen ing sandhinge "iya ana apa Pen?"

 

"Nuwun sewu, kok Bu Kaji ketingal sakalangkung ing sungkawa sareng karawuhan sowanipun Mas Munir niki wau, sampun dipun penggalih sanget-sanget Bu Kaji, sadaya tiyang sampun ngertos sinten sejatosipun Mas Munir niku, dados menapa aturipun dhateng Bu Kaji boten sah dipun gagas nemen-nemen, mesthi kathah doranipun, cepak pitnahipun saha tebih saking leresipun, menawi  Bu Kaji pitados ingkang dipun aturaken Mas Munir tiwas murugaken boten sae kedadosanipun" Simpen wiwit matur, Simpen nyata Batur sing nyoba ngecakne minangka embat-embataning tutur. Atur pamrayoga marang Bendarane murih ora kebacut-bacut anggone nandhang sungkawa.

 

"Iya Pen" Bu Kaji paring wangsulan "aku ya wis ngerti bab kuwi, nanging nek tak limbang-limbang apa sing dicritakne Munir mau kuwi katone akeh benere tinimbang lupute lhi Pen".

 

"Mangke rumiyin Bu Kaji" Simpen matur maneh "mila sacleraman sok kados pinanggih ing nalar menapa ingkang dipun aturaken Mas Munir dhateng Bu Kaji kala wau, nanging kula kinten langkung prayogi menawi Bu Kaji mendelaken rumiyin menapa ingkang dipun aturaken Mas Munir kala wau".

 

"Mendelaken piye ta Pen? Aku kok malah bingung krungu kandhamu iki?"

 

"Makaten nggih Bu Kaji" Simpen nggenahne apa sing diaturne "kula upamekaken suwanten kendhang, criyosipun Mas Munir menika kala wau namung suwanten saking sesisih, dereng jangkep. Suwanten menawi namung saking sesisih menika adhakanipun inggih boten ndadosaken sekecanipun ingkang mireng, benten kalih menawi kendhang menika dipun keplak saking kalih sisih, saking kiwa inggih saking tengen, tartamtu suwantenipun lajeng radi benten. Niku mawon, nggih sok dereng kraos jangkep menawi namung suwanten kendhang thok, kepireng ing kuping inggih kraos dereng cetha, kendhang menika ngiringi gendhing menapa. Saged cetha malih menawi wonten suwanten sanesipun, duka niku suwanten saron menapa suwanten gender, sansaya jangkep ingkang nyuwanten sansaya saged dipun pirengaken kanthi leres suwanten ingkang sanyatanipun, harak inggih makaten ta Bu Kaji?".

 

"Bener kuwi Pen" Bu Kaji paring wangsulan "nanging, bares wae aku bingung yen nggagas karo sing dikandhakne Munir ngenani Sodik Salim iku mau, kowe mesthine ya melu ngrungokne ta? Apa sing dikandhakne Munir mau?".

 

"Inggih sanajan boten jangkep, awit kula sambi wira-wiri, kula nggih wonten ingkang mirengne Bu Kaji" Simpen ora selak yen dheweke ya melu nguping apa sing dadi rembugan antarane Bu Kaji karo dhayohe mau "mila sareng kula sumerep Bu Kaji ketingal kesangeten anggenipun menggalih critane Mas Munir, kula lajeng mantun-mantunaken matur ngoten niku wau".

 

"Lha ya?" Bu Kaji ngendika maneh "banjur prayogane aku iki kudu piye ya Pen?"

 

"Nuwun sewu nggih Bu Kaji" Simpen matur ngati-ati "miturut pamanggih kula, aturipun Mas Munir wau kathah-kathah asipat pawadulan, liripun madul dhateng Bu Kaji. Ingkang dipun wadulaken Mas Sodik. Lan adhakan ingkang sampun, tiyang wadul menika mesthi wonten ingkang dipun purih. Lha menapa ingkang dipun purih dening Mas Munir niku wau kula ingkang boten saged matur, murih kasaenan menapa murih bathinipun piyambak?. Kathah-kathah tiyang nampi wadulan menika sok lajeng tuwuh raos nesu utawi duka dhateng ingkang dipun wadulaken, lha purihan riyin piyambak saking Mas Munir, inggih menika supados Bu Kaji lajeng duka dhateng Mas Sodik, kamangka duka leres duka lepat tiyang ingkang dipun dukani menika inggih boten badhe remen manahipun, klebet Mas Sodik. Menawi ngantos saestu Bu Kaji ndukani Mas Sodik, Mas Sodik mesthi boten remen penggalihipun. mBok menawi kemawon yen nyatane Mas Sodik leres kados ingkang dipun criyosaken Mas Munir kala wau, gandheng dipun dukani dening Bu Kaji, anggenipun nampi dukanipun Bu Kaji inggih mawi manah ingkang boten remen. Sansaya malih menawi ingkang dipun criyosaken Mas Munir wau lepat, Mas Sodik ugi sansaya anggenipun boten remen. Dadosipun sadaya inggih lajeng boten sae kedadosanipun".

 

Akeh-akeh simpen atur pamrayoga marang bendarane, Bu Kaji sajak bisa nampa apa sing dikandhakne dening bature kuwi.

 

"Banjur becike aku banjur piye Pen?" Bu Kaji mundhut pamrayoga maneh.

 

"Langkung prayogi nggih dimendelne mawon kados sing kula aturne wau" wangsulane Simpen.

 

"Karepmu apa sing dikandhakne Munir mau ora tak gagas blas ngono wae?" Bu Kaji mundhut pirsa karo suwara rada dhuwur.

 

"Nggih boten ngoten ta Bu Kaji" Simpen matur karo mesem "kajeng kula niku, Bu Kaji kedah mireng suwanten saking lintune Mas Munir ing prakawis menika, dados saged pinanggih menapa critanipun Mas Munir wau sedaya leres, menapa wonten ingkang leres nanging ugi wonten ingkang damel-damel, menapa sedaya malah lepat".

 

"Apa aku kudu nakoni Sodik?" Bu Kaji mundhut pirsa.

 

"Sampun ndangu Mas Sodik rumiyin"

 

"Lha piye?"

 

"Ngeten mawon" Simpen ngaturake cara kanggo ngadhepi perkara kuwi "Bu Kaji rak mpun pirsa sinten Tiang nggen kula niku ta, lire saderenge ndherek Bu Kaji mriki?".

 

"Sapa? Sampir apa piye? Ngapa karo Sampir?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Tiang Nggen kula niku, riyin rak kondhang tukang nggambyong, tukang tayub, tukang nglurugu ledhek dugi pundi-pundi ta Bu Kaji? Malah dugi sapriki nggih taksih, namung mawon bab mendem kalih bab ngremeni Ledhek ing njawining panggung niku mpun mantun. Dugi sepriki, tepangane Pakne lare-lare niku ing jagading tayub, gambyong lan ledhek taksih kathah, inggih Ledhek sing nyambi dados tiyang nakal nggih Ledhek sing mligi Ledhek ingkang ngabdi ing seni, meh sedaya sa ngawi niku Tiang nggen kula tepang sedaya" Simpen nyoba nyritakne sapa bojone.

 

"Iya banjur karepmu?" Bu Kaji wiwit kesengsem karo sing dikandhakne bature kuwi.

 

"Mangke Bu Kaji nimbali Sampir mawon, Sampir kadhawuhana pados sisik melik sinten Warannggana ingkang nami sinten wau?" Simpen mandheg sedhela, matur takon.

 

"Waginem omahe cedhak tilas Pasar Kewan, Karangasri " Bu Kaji paring wangsulan.

 

"nGgih Waginem lajeng antawisipun Munir kalih Waginem menika gadhah sesambetan pripun? Sinten mawon sing klebet ingkang kedanan dhateng Waginem. Kula pitados, boten ngantos sapeken Pakne Lare-lare mesthi mpun angsal wangsulan, lan wangsulanipun Sampir mengke saged dipun agem Bu Kaji kangge nimbangi criyosipun Mas Munir niku wau".

 

"Ooo, ya-iya" Bu Kaji mesem, rumangsa cocog karo krenahe Simpen "ya wis, yen mangkono, mengko bar luhur bojomu ajaken nemoni aku ya?".

 

"Inggih Bu Kaji".

 

 

ana candhake.


Jumat, 29 April 2022

SLENDHANG KUNING (038)

38.

Pancen kulawargane Bu Kaji ora seneng yen perkara olehe jugar anggone jejodhowan antarane Sodik karo Susi jaman semana diucapne sapa wae. Lan kanthi sikep sing perwira Sodik lan Ibune ya wis ora kepengin ngrembug kuwi maneh karo sapa wae. Perkarane wis rampung biyen-biyen lan ora ana gunane dibolan-baleni olehe nggunem. Sesambungan antarane Sodik karo Munir ya ora ana owah-owahan mangkono uga kulawargane. Mula bareng esuk kuwi Munir teka nyang daleme Bu Kaji Ali, banjur kandha bab kuwi maneh, Bu Kaji katon nek penggalihe ora rena. Bu Kaji ora kepengin nggugah kremi sing wis angler olehe turu.

Munir ngerti nek Bu Kaji ora karenan ing penggalih, nanging Munir puguh arep nutugne olehe kandha bab kaluputan sing nate ditindakne kuwi biyen. Perkara sing wis suwe disigeg critane kuwi dening Munir arep dienggo lawang mlebu marang kulawargane Bu Kaji, kanggo nindakne rancangan sing wis mateng ditata ana angen-angene.

 

"Inggih Budhe" kandhane Munir alus "kula ngertos menika, sadaya kala wau kula ugi sumerep lan ngrumaosi sepinten kaluhuran jiwanipun Mas Sodik saha Budhe Kaji dhateng kula lan kulawarganipun Bapak. Inggih wewaton menika, kula kepengin sanget sakedhik nebus kalepatan kasebat kanthi ndherek ngreksa kaluhuraning asmanipun Budhe Kaji saha Mas Sodik, sampun ngantos Mas Sodik saha kulawarganipun Budhe Kaji ingkang sampun kasasra ing arumipun menika luntur awit saking tumindakipun tiyang nistha kados kula kala rumiyin nika".

 

"Tembungnu kok sansaya mbulet ta Nir?" Bu Kaji paring wangsulan kanthi suwara sing panggah nuduhne ora renaning penggalihe "jane ngono ana apa karo Sodik?  bocahe nindakne kaluputan apa? kok kowe ngarani bisa gawe kuceme asmane kulawarga kuwi?".

 

"Sabar Budhe" Munir wangsulan suwarane digawe dadi sansaya alus "Mas Sodik boten tumindak lepat, kula ngertos Mas Sodik menika pindha malaikat ngejawantah ingkang sedaya lampahipun tansah nyebar karahayon lan katentreman dhateng sok sintena kemawon, nanging .......... ".

 

"Nanging piye?" Bu Kaji sansaya ora sabar mireng gunemane Munir sing direngga-rengga sing tundhone malah keprungu nek mbulet.

"Kasaenanipun Mas Sodik menika sok saged dipun angge gegaman dening tiyang culika, kados ingkang sampun kula lampahi kala rumiyin.......".

 

"Wis, wis ora sah ndadak ditutugne olehmu arep guneman" Bu Kaji katon wiwit semu duka "bola-bali kok underane banjur mbalik neng jaman sing wis ora enak dirungokne!".

 

"Nyuwun pangapunten Budhe" Munir wangsulan banjur nutugne anggone ngecakne cara kanggo nguber sing dikarepne "cekak aos kemawon, wekdal menika Mas Sodik ketingalipun nembe nggadhahi sesambetan kalih lare estri.......".

 

"Ya wis ben, kepara malah kabeneran kuwi, merga aku ya wis kepengin duwe mantu wadon kok" Bu Kaji nugel rembug, suwarane wis ora dhuwur maneh. Bu Kaji rumangsa remen nek sing dikandhakne Munir kuwi bener, sakeplasan jeneng Restu sing ora tau uwal saka jeroning batine Bu Kaji ketutupan dadi malih ora ngaton.

 

"Kula inggih ndherek bingah Budhe" Munir nyambung rembuge "nanging kula ugi boten kepengin menawi Mas Sodik ingkang lugu menika namung badhe dipun apusi mawi endahing warna ayu lan tembung ingkang manis nanging mawa wisa mandi ingkang tundhonipun badhe nyeret asmaning Kulawarga dhateng peceren.......".

 

"Sing mbok karepne ki piye?"

 

"Ngaten Budhe, ingkang dipun tresnani Mas Sodik wekdal menika lare estri naminipun Waginem, yogane randha ingkang rumiyin jaman nemipun tiyang nakal, lha Waginem menika padamelanipun dados Ledhek, ugi waranggana ingkang kerep dibetani dhalang-dhalang teng pundi-pundi. Mula nggih rumaos gumun, kok Mas Sodik saged kayungyun kalih wanita ingkang kados makaten menika, kamanga kathah kenya ingkang ayu lan kinurmat sami gandrung dhateng Mas Sodik boten dipun paelu babar pisan, lha kok malah kapincut dhateng ledhek, sanadyan ayu nanging inggih panggah ayunipun ledhek, mila wasis nandukaken ukara ingkang kawlas asih tuwin tembung-tembung manis, nanging estunipun inggih namung lamis. Kula kuwatos Budhe, kuwatos menawi Mas Sodik sampun ketiban kemayaning mantra pengasihan. Harak eman sanget ta Budhe? Kula kemawon ingkang sampun kondhang dados tiyang bubrah, boten kados Mas Sodik ngaten menika kok, estu Budhe kula boten damel-damel, esthining manah kula wau saking griya janipun badhe manggihi Mas Sodik ngaturi pemut murih sampun ngantos kebacut kenging kaseret dening Tledhek Waginem, ingkang saged damel kuceming asma Kulawarganipun Budhe Kaji, ndelalah jebul Mas Sodik nembe tindak menika kala wau".

 

Bu Kaji katon yen kejot penggalihe mireng apa sing dikandhakne ponakane sing rada disengiti kuwi. Bu Kaji ngudarasa jroning penggalih, yen kudune kabar sing digawa Munir kuwi ora sah ndadak dipenggalih lan ora perlu dipercaya. Merga mokal yen Sodik sing wis akeh pengalamane kuwi kanthi gampang bisa kedanan Tledhek. Lan sasuwene iki durung tau Bu Kaji mireng yen Sodik wis wiwit kethukulan rasa sengsem menyang wong wadon maneh. Wong malah ngepasi Sodik digiring supaya bisa cecaketan karo kenya ayu sing jeneng Restu dhek emben kae, Sodik isih panggah durung owah olehe nggegem sikep sing adhem lan anyep marang wanita. Nanging, nek pancen sing dikandhakne Munir iki mau ngayawara, ya mokal menawa Munir nganti gelem mara menyang omah kono mung arep ngandhakne marang Bu Kaji dhewe.

 

"Mengko dhisik" Kanthi suwara sing alon Bu Kaji wiwit nanggapi critane Munir "kowe kok bisa crita kaya mangkono kuwi mau, larah-larahe piye? apa mung merga oleh kabar sing kabeneran mbok temu ana ratan banjur mbok kukuti, apa merga kowe dikandhani wong sing dhasare ora seneng karo Sodik? Merga aku ngerti, kowe kuwi nek karo Masmu Sodik gajege ora pati cedhak, merga duwe pasaban sing beda".

 

"Nyuwun pangapunten nggih Budhe" Munir mesem, batine wiwit nicil seneng, cara sing dicakne sajake wis meh mlebu ing penggalihe Bu Kaji "Budhe rak inggih sampun pirsa piyambak, kula niki tiyang ingkang sampun murang sarak boten kantenan? tindak Ma lima, sampun dados pakulinan?. Inggih awit kula niki tiyang bubrah srawungipun ingkang kathah lan asring inggih kalih tiyang risak, klebet kalih para tiyang ingkang remen ngabotohan, mendem, ugi kalih para Ledhek lan palanyahan. Tumrap para pandhemen gambyong lan tayub, Ledhek ingkang naminipun Waginem menika mila sampun kawentar ayunipun, ugi kawentar sekeca suwantenipun, mila inggih klebet Ledhek ingkang nggadhahi regi radi awis. Niku kula ngertos piyambak, tiyang kula nggih sampun tepang sae kalih rombongan karawitan ingkang dipun tumuti Waginem niku, kula nggih kerep mawon nusul ing panggung, menawi Waginem nuju tanggapan sareng-sareng kalih rombonganipun karawitan. Lha saderengipun Mas Sodik tepang kalih Waginem niku, kula sampun akrap langkung rumiyin, kula nggih kerep mawon dolan teng griyanipun. Pramila nalika Mas Sodik sajak sampun kapencut kalih Ledhek ayu niku, kula inggih sumerep mawi mripat kula piyambak, tiyang asring kemawon kula tempuk kalih Mas Sodik ing griyanipun Waginem menika".

 

Bu Kaji dadi sansaya kejot penggalihe, babar pisan ora tau kumlembar ing sajroning angen-angene nek Sodik kaya sing dicritakne Munir ngono kuwi. Critane Munir kuwi cetha nek wis ndadekne Bu Kaji rumangsa ketampeg pasuryane.

 

"Nuwun sewu nggih Budhe" Munir sing wis bisa maca nek critane wis bisa ndadekne Bu Kaji kejot penggalihe kuwi banjur nutugne olehe kandha "kula ngertos, sanaosa makaten Mas Sodik niku dereng ngantos kacemplung ing jagad peteng kados jagad ingkang kula panggeni. Dados Budhe sampun ngantos kalajeng-lajeng anggenipun sekel menggalihaken bab menika, taksih kathah wekdal kangge ngenggaki murih Mas Sodik boten nglajengaken anggenipun nembe supe awit dayaning kemayan mantra pengasihan menika. Awit dhasaripun Mas Sodik menika mila tiyang ingkang sae, anggenipun saged makaten menika kala wau kula pitados inggih awit sampun ketiban guna dhesthi ingkang dipun cakaken dening Waginem, kirangan ing pundi rumiyin Mas Sodik sepisanan panggih kalih Ledhek menika. Bakenipun Mas Sodik niku benten kalih kula, menawi kula mila sampun kelajeng mrusal, dados boten sah mawi pengasihan, mila kula sampun langkung rumiyin kedanan kalih Ledhek-ledhek ingkang nate kula panggihi".

"Iya" Bu Kaji ngendika suwarne keprungu ngemu sungkawa "aku matur nuwun banget merga kabar sing mbok gawa iki, mengko Sodik tak kandhanane murih ora kebacur bubrah uripe".

 

"Inggih Budhe" Munir wangsulan alon "ingkang baken kula pitados Mas Sodik taksih gampil menawi dipun emutaken, kula inggih badhe ndherek atur pemut dhateng Mas Sodik menawi perlu inggih menawi ngepasi wonten Budhe Kaji ngaten menika, murih langkung mandi".

 

"Ora kudu mangkono" Bu Kaji paring wangsulan "tak aku dhewe wae sing nuturi Sodik, malah awakmu aja melu-melu mundhak Sodik dadi salah tampa banjur ora gelem ngrungokne pitutur saka sapa wae".

 

"Inggih Budhe" .

 

Sawuse tutug apa sing dadi karepe, Munir uga banjur pamitan bali. Bu Kaji nguntaone baline ponakane kuwi nganti tekan plawangan ngarep.

 

 

ana candhake.

 

Kamis, 28 April 2022

SLENDHANG KUNING (037)

37.

Dina esuke Sodik ora menyang sawah, merga dinane Rebo lan dina Rebo karo Kamis kuwi ancerane Sodik mulang neng SMA. Mula isih esuk wis ngelapi pit montore, banjur adus lan reresik awak. Karo mantesi sandhang panganggone Sodik mesam-mesem dhewe, semangat olehe arep budhal mulang wuwuh sapirang-pirang. Ya, merga mengko bakal ketemu Waginem neng sekolahan.Sodik Salim wong pinter weton Mesir kuwi ora tau nggagas ya gene anane Waginem neng sekolahan kuwi wis nambahi greget olehe njangkahne sikil menyang sekolahan. Sakeplasan Sodik ya tau maca, yen tenane ora mung dheweke dhewe sing wangune kepencokan sengsem marang Waginem. Khoirul Kepala Tata Usaha sing uga isih legan kuwi miturut panyawange Sodik uga nggadhuh rasa kepencut marang Waginem, nanging Sodik ora nggagas perkara kuwi. Sodik isih luwih optimis yen mung saingan karo Khoirul wae sajake ora pati mbebayani, luwih-luwih yen kelingan karo sing dingendikakne Pak Ketua Yayasan sing luwih nyengkuyung marang dheweke ketimbang marang Khoirul Anam. Uga ora kalah bakune, nadyan Sodik olehe teka neng sekolahan ora saben dina, beda karo Khoirul sing saben dina mlebu, nanging wektu kanggo ketemu lan omong-omongan karo Waginem luwih akeh dheweke tinimbang karo Khoirul sing ruwangane beda karo ruwangan sing kanggo lungguhan para Guru nek wayahe ora mulang neng kelas.

 

"Nanging ora kena semono" dumadakan sajroning atine ana suwara elik-elik "nadyan arang bisa ketemu lan jejagongan, nanging bisa uga Waginem luwih sengsem marang Khoirul lho?".

 

"Kuwi bener" wangsulane atine dhewe "nek pancen mangkono tenan, ya ora apa-apa, karang jenenge jodho kuwi wis diatur dening sing gawe urip. Sing baku aku wis njangkah kanggo marani panjangkaku, dene karo Sing Kuwasa jebul ora dikeparengake, ya wis. Muga-muga wae, mbuh karo aku mbuh karo Khoirul muga-muga ing mbesuk uripe Waginem dadi sansaya becik, ora kaya Susi sing wurung karo aku jebul malah ora karuwan sing dadi nasibe".

 

Kelingan Susi, Sodik uga banjur eling marang Munir. Yen Munir biyen wis ngrebut Susi saka tangane, saiki ora mokal yen Munir uga mbudidaya ngrebut Waginem saka tangane maneh. Sodik uga weruh lan ngerti bab kuwi. Nanging Sodik uga ngerti nek Susi karo Waginem kuwi beda lan nduweni kapribaden sing ora padha.

 

"Ya muga-muga wae Gusti Allah paring pangayoman marang Waginem" karo ngrampungne olehe jungkasan Sodik ndedonga marang Sing Maha Kuwasa.

 

Ngepasi Sodik tekan parkiran sepedha motore para guru, neng kono Waginem lagi wae njagangne sepedhane. Ana rasa seneng sing mampir ing agen-angene Sodik.

Mripate nglirik jam ing tangane, wektu jam pelajaran isih setengah jam maneh diwiwiti. Tekane Waginem ing sekolahan ora kasep, ora beda karo olehe teka.

 

"Kok gasik Bu?" aloke Sodik aruh-aruh marang kenya sing wis njiret atine kuwi. Wiwit Waginem dadi guru neng sekolahan kono, Sodik yen nyeluk Waginem salin saka mBak malih dadi Bu, idhep-idhep mbasakne murid-muride.

 

"Inggih Mas, eh Pak" wangsulane Waginem karo mesem "tinimbang ing margi kraos kemrungsung, kula pilih bidhal radi enjing".

 

"Mila saenipun inggih makaten" Sodik guneman maneh karo njejerne sepedhane ing sisihe sepedhane Waginem. Waginem dhewe wis ngalih neng njabane parkiran nanging isih ngadeg ora tumuli mlaku menyang ruwangane guru-guru, ketoke ngenteni Sodik.

 

Wong loro sing satemene ing atine ana rasa sengsem nanging isih durung ana sing wani mblakakne kuwi banjur bareng mlaku tumuju ruwang guru.

 

"Ketingalipun pripun Bu? saged kraos napa boten sasampunipun ngraosaken mucal lare-lare dhusun ing mriki?" karo mlaku Sodik nglirik Waginem sing mlaku ora adoh  ing sisihe.

 

"Insya'allah malah sansaya krasan Pak" karo mesem kebak semangat Waginem wangsulan "saged kepanggih lare-lare saben dinten makaten menika, ingkang wonten raosipun namung remen, inggih mugi-mugi mawon anggen kula nindakaken kuwajiban mucal menika ugi saged ndadosaken lare-lare sansaya sregep anggenipun sinau".

 

"Aamiin" Sodik wangsulan karo mesem.

 

Ora krasa lakune wong loro kuwi wis tekan panggonan sing dituju. Jebul neng papan kono wis akeh guru sing teka lan lungguh neng kursine karo padha omong-omongan.

 

"Waaaah jan serasi tenan Pak Sodik" Pak Sigid, guru Akutansi neng sekolahan kono kuwi, alok karo ngguyu renyah, ngerti nek Sodik karo Waginem tekane bareng.

 

"Apane sing serasi Pak?" Sodik wangsulan karo ngimbangi mesem.

 

"nGgih panjenengan kalih Bu Waginem niku lho" Pak Sigid guneman maneh eseme sansaya amba "kula sawang wiwit saking parkiran dugi mriki, anggenipun tindak ketingal nengsemaken, kados Romeo kalih Yuliet mawon".

 

"Ora dhing Pak" Bu Wiwin sing olehe lungguh ora adoh karo Pak Sigit melu nrambul "ora kaya Romeo karo Yuliet, nanging kaya Kamajaya karo Kamaratih".

 

Sodik ora wangsulan, mung eseme wae sing katon nambahi sumringahe praupane. Waginem uga ora guneman apa-apa, mung rasa seneng ing sajroning atine merga oleh gojlogan saka kanca-kanca padha guru kuwi sing ora bisa disingidake. Praupane dadi mbrabak, nanging dudu mbrabake wong sing nesu, nanging mbrabak merga atine ketiban rasa isin, isin sing nyenengake.

 

"Mulane, kabeh wae padha nyenyuwuna muga-muga Pak Sodik karo Bu Waginem enggal nyebar undangan kanggo awake dhewe" Pak Agus sing yuswane paling tuwa ing ruwangan kono kuwi, melu mbumboni "mengko nek wis resmi, Pak Sodik rak mundhak sregep rawuh, rak ya ngeterne ingkang garwa? rak ya ngono ta Pak Sodik?".

 

"Walah-walah, panjenengan kabeh ki jan sadis tenan kok" Sodik wangsulan karo ngguyu "esuk-esuk kok wis mentala-mentalane nggarapi kancane kaya ngene?".

 

Wong sak ruwangan padha ngguyu bareng, klebu Waginem uga melu mesem, praupane mundhak sansaya mbrabak abang kaya jambu dersana. Karo mapan lungguh neng kursine, Sodik kober nglirik Waginem sing uga mapan lungguh neng kursi ora adoh saka papane. Jebul mbarengi Sodik nglirik kuwi, Waginem uga pas nglirik marang Sodik. Tanpa disengaja sunaring mripate wong loro kuwi tempuk, kekarone mesem bareng banjur padha ndhingkluk, praupane padha olehe mbrabake.

 

mBarengi wektune, Bu Kaji Ali lagi wae lenggah neng pawon, masrahne blanja-blanja sing dituku saka bakul ideran sing dadi langganane, marang Simpen sing wektu kuwi lagi ngelapi bala pecah sing lagi wae rampung dikorahi.

 

"Lho mBak Yun blanja wau empun dugi ta Bu Kaji?" karo nampani blanja-blanja sayuran, Simpen takon marang bendarane.

 

"Uwis, lha kae wonge rung lunga, isih ngedoli sing lagi padha blanja kae" wangsulane Bu Kaji "lha apa awakmu mbutuhne apa maneh? ya kana, tukuwa kana iki dhuwite, mumpung wonge durung lunga".

 

"Boten kok Bu Kaji" Simpen matur "anu, kula dhek emben rak taksih nilar susuk teng piyambake? nek boten ndang kula jaluk mengke saged-saged kelalen larene".

 

"O kuwi ta? Uwis kok" Bu Kaji ngendika karo mesem "susuk sing cacahe rongewu satus seket ta? Uwis diwenehne aku, dipotongne blanja kuwi".

 

"Oh, nggih empun nek ngoten, kula namung kuwatos nek larene nglali" kandhane Simpen sabanjure.

 

"Kowe kuwi kok senengane nyujanani ala marang wong liya lho?" Bu Kaji ngendika semu srengen "ora becik ngono kuwi, upama si Yun Blanja kae lali, merga ya pancen urusane sapirang-pirang, nek dielikne rak ya banjur manggon. Iya ta?".

 

"Eng... enggih jane" Simpen wangsulan karo mesem, ngrumangsani kaluputane.

 

Bu Kaji karo Simpen padha noleh nyawang arahe plawangan pekarangan, ana sepedha motor sing menggok suwarane keprungu banter saka papane wong loro sing lagi padha jejagongan kuwi. Simpen menyat, mlaku mengarep arep ndelok sapa sing lagi teka.

 

"Ketungale kados Mas Munir" kandhane Simpen ngaturake marang Bu Kaji sapa sing numpak sepedha motor mlebu ing pekarangan kono kuwi.

 

"Sapa Munir? Munire Dhik Hari?" Bu Kaji mundhut pirsa, nggenahne sapa tamune.

 

"Inggih leres"

 

"Kana temanana dhisik, kon ngenteni neng pendhapa wae, aku tak salin kudhung dhisik" Bu Kaji prentah Simpen supaya nemoni tamune.

 

Simpem ya banjur metu arep nindakne dhawuhe bendarane. Bu Kaji mlebu omah arep salin kerudhung sing rada pantes yen kanggo nemoni dhayoh.

 

"Bekti kula Budhe Kaji" Munir gurawalan mapag metune Bu Kaji saka omah, banjur sungkem karo ngaturne bekti.

 

"Iya" wangsulane Bu Kaji sing dibacutne karo pamundhutan pirsa "iki mau saka omah? Apa mung mampir wae? Apa diutus Bapakmu?".

 

"Inggih Budhe, saking griya mawon kok" wangsulane Munir "kula supe menawi niki wau Mas Sodik mucal, estunipun badhe matur Mas Sodik ugi matur dhateng Budhe Kaji".

 

"Iya, Sodik iki mau menyang sekolahan" Bu Kaji paring wangsulan "Lha arep matur bab apa ta? Ketoke kok wigati banget?".

 

"Inggih Budhe" Munir matur alon nanging cetha "inggih awit kasurung raos dosa ingkang nate kula tindakaken dhateng Mas Sodik kala rumiyin, kula gagas menawi kula wajib ngaturaken babagan menika dhateng Mas Sodik ugi dhateng Budhe Kaji, inggih nadyan namung sakedhik sageda nyuda dosa kula ingkang sampun kalajeng rumiyin nika".

 

"Lho perkara sing wis kebacut lan wis suwe kedadeyane ya gene mbok kandhakne maneh? Kowe rak ya wis ngerti dhewe ta? Sodik ki wis ora nggagas perkara kuwi maneh. Lha saiki apa maneh sing arep mbok kandhakne?" Bu Kaji mundhut pirsa, suwarane cetha yen olehe ngendika katon tenanan.

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...