Total Tayangan Halaman

Sabtu, 28 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (02)

 

2.

Sauntara Marga nutugne olehe aweh pitulungan marang wong sing nandhang tatu abot ditunggoni Rangga neng walike grumbul sabrang kulone kali cilik kuwi, suwarane wong sing pating brawok mau sansaya cedhak. Ora suwe saka walike rungkuding gegrumbulan Rangga lan Marga weruh yen ana wong sapirang-pirang sing padha gegaman jangkep teka ing papan sing mau wong sing lagi diupakara Marga kuwi rubuh lan banjur semaput. Sajake wong-wong mau pancen lagi nguber wong sing semaput kuwi, ketitik bareng ana sing weruh yen ing papan kono ana ana getih sing durung garing nelesi lemah tumuli alok :

 

"Menus elek ora genah mau lagi wae tekan kene Ca, iki getihe sing mili saka tatu merga keneng disawat kudhine Parwa mau, katon durung garing, ateges wonge durung adoh saka papan kene".

 

"Nanging dugi mriki awakipun piyambak kelangan lacak Lurahe" salah siji saka kancane wong sing alok, sing jebul lelurahe wong-wong kuwi, mau aweh wangsulan "tetesan rah niku mandheg namung dumugi mriki, malah ketingale teng mriki wau si Pradapa kober mandheg, lha niki rahe ketingal radi kathah ingkang nelesi siti?  Nanging dugi mriki sampun boten wonten malih rah ingkang tumetes, lajeng dhateng pundi anggenipun mlajar sikeparat niku?, bablas ngidul menapa menggok ngilen mlebet lepen?, menapa menggok ngetan? boten cetha!".

 

 

"Aneh!" Lurahe wong-wong kuwi semaur karo njengkerutne bathuke tandha yen lagi mikir apa sing lagi wae dikandhakne andhahane sing jeneng Parwa kuwi "nek kudune playune si Pradapa kuwi menyang ngendi bisa diturut saka getihe sing netes neng lemah, nanging tekan kene ora ana titikan maneh, si Pradapa mlayu menyang ngendi?"

 

"Menapa ing mriki si Pradapa kober mblebet tatune, Ki Lurah Danara?" salah siji saka wong-wong mau udhu panemu "lajeng getihe mampet? boten mili malih?".

 

"Mokal kuwi Prana!" sadurunge Lurahe sing jebul jenenge Danara kuwi aweh wangsulan, Parwa ndhisiki semaur "mblebet tatu kuwi mbutuhne wektu sing rada suwe, lan mokal si Pradapa bisa mblebet tatune dhewe. Saupama neng kene mau Pradapa ketemu wong sing aweh pitulungan mesthine durung ana tilas-tilase, kamangka neng kene ora ana titikan apa-apa. Malah aku banjur duwe pangira liyane".

 

"Pangira apa maneh Parwa?" Danara, ya lurahe wong-wong kuwi takon.

 

"Pradapa dipulung dening ingkang mbaureksa sela ageng wingking ndika niku Ki Lurah" wangsulane Parwa karo suwara sing semu miris "kula asring mireng kabar Sela ageng  sing namine Watu Mileng niku mila kratonipun lelembat ingkang dhemen nedha titiyang ingkang nedheng apes ndelalah kendel ing papan mriki niki".

 

Krungu kandhane Parwa sing keri dhewe ngono kuwi wong liyane katon kaget semu wedi, praupane padha pucet dadakan nuduhne nek atine uga ngemu rasa kuwatir, klebu lurahe barang. Ora krasa wong-wong kuwi padha noleh, nyawang wujude watu sing gedhene sagajah peranganing ngisor watu kuwi kependhem ing jero lemah.

 

"mBok menawa bener sing dadi kandhamu kuwi Parwa" Lelurahe wong-wong kuwi banjur guneman alon "upamaa ora kaya sing mbok kandhakne, sajroning wektu rong dina utawa telung dina maneh bathange Pradapa mesthi bakal konangan neng ngendi mapane. Mokal Pradapa bisa slamet sawuse kentekan getih merga tatu ing lempenge kena kudhimu mau.  Nanging awake dhewe prelu atur panuwun marang mBah Mileng sing mbaureksa watu gedhe iki, mbok menawa wae sing mbok kandhakne mau bener. Dadi awake dhewe wis diparingi bebantu nyirnakne Pradapa sing kumalungkung wani ndaga apa sing dadi kersane Bapa Guru Kyai Daka. Bakune dina iki Pradapa wis ilang saka lumahing bumi, kaya sing dadi kersane Bapa Guru".

 

"Lajeng kersane Lurahe ?" Parwa takon.

 

"Awake dhewe bali wae, kabeh iki dadi atur marang Bapa Guru Kyai Daka" wangsulane lelurahe wong-wong kuwi sabanjure "kanthi netra batharane, Bapa Guru mesthi wis pirsa nasib apa sing dialami Pradapa sawuse lempenge jebol kena kudhi sing mbok sawatake mau, bakal mati kentekan getih apa mati merga dadi tadhahe mBah Mileng ing papan kene".

 

"Lha lajeng anggenipun badhe atur panuwun dhateng mBah Mileng?" Prana sing maune mung meneng ngrungokne, takon marang lurahe.

 

"Kuwi mengko ben ditata Bapa Guru pisan, Bapa Guru luwih ngudaneni ing babagan iki. Awake dhewe kari ngleksanakne apa sing bakal didhawuhake" wangsulane Lurah Danar sing banjur nginger adhepe, mlaku bali mengalor ninggalne papan kono ditutne andhahane sing kabeh ana wong sewelas.

 

Rangga karo Marga sing nyawang lan ngrungokne saka sabrang kulone kali cilik kuwi wiwit ngerti yen wong sing lagi semaput kuwi jenenge Pradapa lan lagi dadi burone Ki Daka  gurune wong rolas sing dilurahi dening Danara mau.  Sing dadi pitakon ing sajroning atine Rangga lan Marga, kaluputan apa sing ditindakne Pradapa marang Kyai Daka teka nganti diarah patine kuwi. Awit mokal yen ora ana sabab sing gedhe lan mbebayani Kyai Daka nganti duwe karep nyirnakne Pradapa.

 

"Danara sakancane mau durung ngerti nek awake dhewe neng kene Dhi" kandhane Rangga marang Marga sing katon mbudidaya murih Pradapa bisa cepet eling saka anggone semaput lan bisa waras kaya maune "lan uga ora ngerti nek wong sing jebul duwe jeneng Pradapa iki mbok tulungi lan mbok singidne ana kene".

 

"Bener Kakang" wangsulane Marga sing wiwit nicil ayem jalaran pambudidayane sarana aweh kekuwatan marang Pradapa kanthi ngilekne hawa murni saka awake marang Pradapa katon wiwit katon ana asile, cahyane Pradapa wis ora pati pucet maneh lan raga sing maune panas kaya geni jalaran akehe getih sing kebuwang metu liwat tatu neng lempenge, saiki wis kari manget-manget.

 

"Padha karo awake dhewe sing uga durung ngerti apa perkarane nganti Ki Daka kongkonan murid-muride sing dipandhegani Lurah Danara  mateni Pradapa iki" Marga nutugne olehe aweh wangsulan.

 

"Adat sing wis, wong padha kerengan banjur siji lan sijine padha duwe karep gawe patine mungsuhe kuwi mung sabab nuruti panyurunge hawa nepsu, melik bisa nguwasani sing dimeliki dening hawa nepsune, mbuh kuwi wujud bandha donya, kalungguhan pangkat utawa drajat lan bisa uga sing dadi pakaremane nepsu birahi" kandhane Rangga sabanjure  "embuh sapa sing miwiti Ki Daka gurune Danara sakancane mau apa Pradapa sing saiki mbok tambani kuwi, awake dhewe durung ngerteni kanthi cetha. Nanging nek ndelok tembung sing metu saka Pradapa sadurunge semaput mau, dheweke wis pasrah yen kudu tumeka ing pati, waton kerise sing disengkelit kuwi bisa dilarung neng sendhang Ngiyom, mbok menawa wae anane Ki Daka memungsuhan karo Pradapa iki merga Pradapa ora kepengin keris sing disengkelit kuwi dikuwasani dening Ki Daka, mula dheweke banjur njaluk tulung marang awake dhewe supaya nglarung kerise kuwi menyang Sendhang Ngiyom. Gek Sendhang Ngiyom kuwi mapane ana ngendi awake dhewe ya durung ngerti".

 

"Ya kudu rada sabar dhisik Kakang" wangsulane Marga "yen awake dhewe kepengin weruh ing ngendi dununge Sendhang Ngiyom sing dikandhakne Pradapa mau, ya kudu ngenteni nek Pradapa wis bisa ditakoni. Sokur-sokur yen mengko kajaba Pradapa bisa aweh weruh marang awake dhewe ing ngendi dununge Sendhang Ngiyom kanggo nglarung kerise kuwi, Pradapa uga bisa aweh weruh ancer-ancere Sendhang Mustikaning Warih sing dadi tujuwane awake dhewe".

 

"Bener banget kuwi Dhi" kandhane Rangga maneh "kanthi ndadekne Pradapa bisa pulih saka tatune, mbok menawa bisa dadi sarana awake dhewe ngaweruhi dununge Sendhang Mustikaning Warih sing didhawuhne mBah Juru marang awake dhewe nalika aku arep budhal nindakne paukuman saka Kanjeng Rama biyen".

 

"Mula saka kuwi Kakang, aku mbudidaya murih wong sing jeneng Pradapa iki bisa waras luwih dhisik" wangsulane Marga "Nanging..............."

 

Marga mandheg ora nutugne olehe arep guneman. Ranga katon rada kaget.

"Nanging apa Dhi?" pitakone marang Marga.

 

"Nanging wektu iki awake dhewe duwe kuwajiban sing ora kalah baku" Marga aweh wangsulan.

 

"Apa kuwi Dhi?"

 

"Cacing-cacing sing neng jero usus ora leren nggone kroncalan merga mbutuhne pangan" wangsulane Marga karo mesem.

 

"Ha ha ha........." Rangga semaur karo ngguyu alon "wong padune arep kongkonan aku golek woh-wohan utawa pala kependhem wae, kok cacing sing neng jero usus sing mbok enggo pawadan. Ya wis, mangsa bodhowa nggonmu ngopeni Pradapa, aku tak golek sing dibutuhne cacing-cacing sing geger neng jero ususmu lan ususku iki".

 

Rampung anggone guneman, Rangga banjur ngadeg menyat ninggalkne Marga, arep golek bebakalan kanggo ngiseni wetenge sing wis krasa luwe.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI

 

1.

Yen padatan wayah esuk ngono kuwi Rangga lan Marga wis gobyos kringeten merga penthalitan neng pinggir bengawan, esuk iki gobyose nom-noman loro kuwi ora merga saka olehe padha nindakne gladhen ngelmu kanuragane.  Nom-noman loro kuwi gobyos merga wiwit sadurunge srengenge ngaton mau wis mlaku ing gisike kali cilik sing sungapane ana bengawan lan pethite kali manggon ing arahe Gunung Lawu. Pancen Rangga lan Marga anggone golek dalan kanggo ngunggahi Gunung Lawu milih liwat kali, jalaran kekarone duwe panemu yen pethite kali kuwi mesthi mapan ana ing papan sing luwih dhuwur, lan papan sing luwih dhuwur kuwi genah nek ana ing gunung, mula yen mlaku  nungsang nurut kali genah nek ora bakal kesasar lakune sing arep tumuju menyang Gunung Lawu, jalaran ing papan kono kuwi gunung sing  ana ya mung Gunung Lawu dhewe, ora ana liyane.

 

Wiwit ninggalake papan getheke sing wis ambyar ora kena dienggo maneh kae, nom-noman loro kuwi durung leren anggone lumaku kajaba mung nalikane nindakne wajibe urip manembah marang Allah jumbuh karo agama sing dirasuk, malah wetenge wae uga babar pisan durung kisenan apa-apa. Mula ora aneh, yen nalika srengengene wis ngunggahi cakrawala sisih wetan watara sagenter dhuwure, saka wetenge nom-noman loro kuwi wiwit rame keprungu suwara kluruk. Kluruke cacing-cacing sing ngreksa jerohane weteng sing sambat njaluk dipakani.

 

"Leren dhisik Dhi" kandhane Marga karo ngendhegne lakune, noleh memburi marang Marga sing mlaku kira-kira sadhepa ana mburine "sajake papan kene iki wis adoh karo panggonane wong-wong Mataram sing wis wanuh lan weruh marang awake dhewe".

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga sing banjur nyedhaki papane Rangga sing wis ngendheg lakune "nek miturut petunganku ya ngono, merga wong-wong Mataram sing lagi nindakne jejibahane kae neng laladan rada adoh ana sakulone Kali Sawur, lan papan kene iki wis rada adoh mapan ing wetane Kali Sawur, dadi bener apa sing kakang kandhakne, upama awake dhewe leren neng kene ora bakal kuwatir kaweruhan dening wong-wong Mataram".

 

"Satemene mBah Juru biyen ya ora tau dhawuh supaya awake dhewe, mligine aku, supaya nyingkiri wong Mataram, aku mung ora kepengin anggone dolan awake dhewe iki keganggu dening wong-wong sing lagi nyambut gawe kae" kandhane Rangga sabanjure.

 

Rangga mesem krungu tembunge Rangga sing nek diraksakne krasa lucune kuwi, dadi sing wedi diganggu kuwi dheweke wong loro sing lagi lunga dolan dudu wong-wong sing lungane merga nindakne gaweyan. Nanging Marga milih meneng, ora weh wangsulan karo apa sing lagi wae dikandhakne sedulure angkat kuwi. Malah sirahe wiwit  tolah-toleh ngulati  ketele alas sing disigar dening iline kali cilik sing dienggo dalan kanggo tumuju Gunung Lawu kuwi.

 

"Nek arep golek sing kanggo isining weteng katone luwih kepenak nek awake dhewe munggah menyang ndhuwur kono, mbok menawa ana pala kependhem utawa woh-wohan sing enak dipangan, merga aku lagi rada aras-arasen slulupan neng adhem-adheman gogo iwak neng kali iki" kandhane Rangga bareng Marga ora nanggapi tembunge mau malah tolah-toleh ngiwa nengen kaya ana sing lagi digoleki.

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga "ayo yen ngono, munggah wae".

 

Muni ngono kuwi Marga karo nginger adhepe, ngungkurne kali. Lan ora karo omong apa-apa Marga wiwit mlaku arep munggah menyang dharatan sing luwih dhuwur. Rangga tut wuri ing mburine. Bareng wis tekan ndhuwur, nom-noman loro kuwi, padha sawang-sawangan. Jebul neng dhuwur gisike kali cilik kuwi katon yen kerep disaba wong, ketitik ing kono ana dalan sapecak sing katon limit banget, suket-sukete padha garing mati tilas kepidak-pidak sikile wong liwat.

 

"Sajakle ora adoh saka kene ana desane Dhi" kandhane Rangga karo nyawang dalan sapecak sing ana ngarepe "mbuh arah lor mbuh arah kidul saka kene"

 

"Nek ora malah lor kono ada desa lan kidul kono ya ana desa kakang" wangsulane Marga aweh panemu "dalan sing limit banget iki, najan ora pati amba nanging bisa nuduhne nek kira-kira saben dina mesthi ana sing ngliwati lan cacahe mesthi kliwat saka wong siji utawa loro, malah iki ana tipake sikil jaran barang, dadi iki cetha nek dalan sing kerep dienggo liwat wong".

 

"Bener kandhamu Dhi" kandhane Rangga maneh, nanging wurung dibacutne merga saka kadohan lamat-lamat keprungu suwarane wong pirang-pirang pating cruwet sajak lagi ngoyak-oyak maling utawa durjana sing lagi keplayu.

 

"Ketoke ana wong mburu burone kakang?" Marga sing uga krungu, banjur kandha marang Rangga.

 

"Bener Dhi" wangsulane Rangga "awake dhewe mengko kurang-kurang bejane bisa-bisa malah didakwa kancane sing lagi diburu kuwi. Merga awake dhewe cetha nek durung ditepungi dening wong-wong sing manggon ing laladan kene lan kira-kira sing lagi dioyak kuwi ya dudu warga kene".

 

"Lha banjur kepenake kepiye Kakang?"

 

"Ya wis, awake dhewe mandheg wae dhisik neng kene" wangsulane Rangga sabanjure "mBah Juru biyen nate paring dhawuh nek sajroning lelana iki awake dhewe bakal nemu pacoban sing sapirang-pirang lan padatan pacoban kuwi tekane merga awake dhewe nindakne darmaning urip aweh pitulungan marang sok sapawa sing mbutuhake, mbok menawa wae kanthi ana suwarane wong sing pating cruwet kae, ana wong sing mbutuhne pitulungan saka awake dhewe".

 

Marga ora semaur, mung batine kandha yen wong sing pating brengok kae lagi nguber durjana sing mlayu, banjur sapa sing kudu ditulungi? Apa wong-wong sing pating brengok kae? Apa sing lagi diburu merga butuh nylametne nyawane?.

 

Nanging durung nganti Marga guneman ngandhakne sing lagi digagas, marang Rangga dumadakan saka walik grumbul, mecungul wong sing lagi mlaku karo sempoyongan, awake gudras getih, raine bengep-bengep ora karuwan, nyedhaki nom-noman loro kuwi banjur ambruk ing cedhak sikile Rangga lan Marga.

 

"Nyuwun tulung Kisanak........" kandhane wong mau karo megap-megap, mengkurep neng lemah.

 

Marga tanggap, wong kuwi ketara yen nandhang tatu rada abot lan yen nganti kasep oleh pitulungan, bisa-bisa nyawane bakal ilang. Mula Marga banjur lungguh jengkeng neng cedhake wong kuwi arep aweh pitulungan. Rangga panggah ngadeg karo mripate nyawang pernahe suwarane wong akeh sing pating cruwet nanging durung katon wujude merga isih rada adoh panggonane.

 

"Aku wis ora kuwat......" Kandhane wong mau "aku mung arep njaluk tulung, keris sing ana lempengku iki, ndika jupuk lan ndika larung ing Sendhang Ngiyom sing manggon ing pethite kali iki".

 

"Sabar kisanak" kanthi suwara sing sareh Marga aweh wangsulan "tak tambanane tatu sing ndika sandhang iki luwih dhisik, nek arep kongkonan utawa kandha apa-apa mengko wae nek tatu ndika wis tak tambani".

 

"Tatuku jero lan amba Kisanak, getihku ya wis meh entek merga tatu sing ana lempeng sisih tengen iki, sedhela maneh aku mati. Nanging sadurunge aku mati, aku njaluk tulung marang ndika masrahake........"

 

Durung nganti rampung olehe guneman, wong sing nandhang tatu kuwi wis semaput ora eling apa-apa maneh.  Marga sing wis krungu yen tatune wong kuwi manggon ing lempeng sisih tengen, tumuli tandang. Banjur ngetokne bumbung sing disimpen awor sandhangan lan sangu sing ana pethukane, tatune wong kuwi sing jebul nyata tatu sing mbebayani, tumuli diwuwuri bubukan sing rupane ijo saka jerone bumbung.  Banjur tutuke wong sing lagi semapaut kuwi dicangap, dileboni barang bunder-bunder gedhene sakemiri.

 

"Ketoke luwih becik nyingkir dhisik Kakang" kandhane Marga marang Rangga sing isih nyuntak kawigatene marang suwara pating cruwet sing sansaya nyedhak papan kono kuwi.

 

"Ya wis ayo" wangsulane Rangga sing banjur nyaut gawan sing mau digawa Marga. Sauntara Marga banjur nyandhak lan mbopong wong sing lagi semaput kuwi, banjur kekarone bali mudhun menyang kali. Nyabrang mengulon, ndhelik neng waliking grumbulan sing ketel.

 

Sawuse sing lagi sempaut diselehne kanthi bener. Marga banjur guneman marang sedulur angkate :

"Dienteni neng kene dhisik Kakang, wong sing pating cruwet kae ketoke ana sambung rapete karo wong sing lagi tak ntambani iki".

 

"Iya, nek awake dhewe kesusu nemoni wong-wong sing suwarane keprungu saka kene kae, bisa nuwuhake kleru tampa, sadurunge awake dhewe krungu critane wong kuwi" wangsulane Rangga karo nudingi wong sing isih semaput nanging napase wiwit keprungu tumata maneh kuwi.

 

 

ana candhake.

Kamis, 12 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (047)

47.

Ririen sing lagi teka neng teras mburi kuwi banjur sungkem ibune luwih dhisik dibacutne karo nyalami tamu-tamu sing mau durung kober salaman karo dheweke. Nalika Ririen salaman karo Waginem, Ririen krasa yen Waginem kuwi dudu wanita lumrah, nanging ana iner-biuti sing katon saka praupane. Nanging Ririen ora guneman apa-apa mung sajroning batine rumangsa eram lan kagum marang wanita sing isih luwih nom tinimbang dheweke kuwi, nanging nduweni daya linuwih sing ora digawe-gawe, iner-biuti peparinge Gusti sing ora angger wong bisa kapanggonan.

 

"Dadi critane iki mau Ibu ki durung pirsa nek Dhik Khoirul iki putrane Pak Ismail?" sawuse mapan lungguh lan wong-wong ora ana sing guneman maneh, Ririen mbaleni bab sing lagi wae rampung dadi guyonan.

 

"Lha witikna, wong Nak Irul ki ya ora tau sanja mrene kok, dadi wong tuwa kaya aku iki ya ora ngerti" sing semaur aweh wangsulan marang pitakone Ririen Bu Kaji dhewe.

 

"Estunipun, ingkang dipun ngendikakaken Bu Kaji menawi kula menika mitranipun mBak Restu kala wau inggih boten lepat" dumadakan Khoirul sing wiwit mau mung plengah-plengeh mesem genti guneman sing ndadekne wong-wong padha ngalihne panyawange marang dheweke.

 

"Lha kok bisa ngono ?" Sodik sing tekane keri melu nrambul gunem.

 

"Lha cobi mawon Mas Sodik dangu piyambak mBak Restu Arumdalu, putranipun Pak Jayadi kalih Bu Hasanah ingkang dalemipun Jatitubanan, Wonokromo, Pleret, Bantul, saking Terminal ngidul liwatipun Jalan Imogiri Timur lajeng Tugu Pethak, liwat Gang Sodrono arahipun mangilen, niku" wangsulane Khoirul karo ngempet esem "isih eling aku ta mBak?".

 

"Weh, weh kok komplit temen oleh sampean nyebut asmane Dhik Restu sak wong tuwane pisan ? malah dalan-dalane sing sampean sebut bener kabeh, ndadekne gumun tenan, terange ngono piye sih Dhik Irul?" Ririen sing krungu apa sing dikandhakne Khoirul, banjur takon kebak rasa gumun.

 

"Criyosipun niku makaten lho Bu Kahar" sadurunge Khoirul aweh wangsulan, Restu sing ndhisiki aweh katrangan "Mas Khoirul Anam menika rumiyin SMP lan SMA nipun rak dhateng Assalam Solo?. Lha wiwit kelas setunggal SMP ngantos lulus SMA, Mas Khoirul menika ing pondhok tunggal sakamar kalih Mas Drajat, lan menawi kaleresan Ibu tilik Mas Drajat dhateng Pondhok, kula asring dipun kanthi. Dados saestu leres menawi Mas Khoirul niku klebet kanca kaliyan kula".

"Kajawi saking menika" Khoirul nambahi rembug "pas liburan kula nate kaping kalih dipun ajak Drajat dolan dhateng griyanipun ing Yogya ngantos sepeken nembe wangsul, mila kula nggih sampun tepang sae kalih sedaya kulawarganipun Mas Drajat, Bapak, Ibu, Mas Qadim ugi mBak Restu menika. Kula boten nate kepanggih kalih kulawarganipun Mas Drajat menika, sareng mantun saking Solo. Mas Drajat nglajengaken dhateng UIN Sunan Kalijaga Yogya ngantos lulus S2 kula ketampi dhateng UIN Sunan Ampel Surabaya lan mandheg dugi S1, mila nasibipun nggih radi benten Mas Drajat saged dados Dhosen dhateng IAIN Salatiga kula dipun kukup Ustadz Mahfudzi kapurih ndherek momong lare Pondhok nyambi nyepeng damelan administrasi ing SMA Al-Hasan".

 

Wong sing padha jagongan neng klasa sing digelar neng Teras mburi kuwi lagi padha ngerti nek jebul antarane Khoirul kuwi wis suwe olehe padha tepung. Restu apa dene Khoirul padha-padha olehe ora ngira yen banjur kepethuk ing daleme Bu Kaji kono kuwi. Kekarone uga banjur kelingan, jaman Khoirul munggah kelas loro SMA lan Restu kleas loro SMP, kekarone tau kirim-kiriman layang sing isine ngandhakne apa sing ana ing jero dhadhane dhewe-dhewe. Nanging embuh sebabe apa ora pati cetha, layang-layangan kuwi dadi mandheg nalika kekarone padha repot olehe sinau merga ngadhepi olehe arep padha ujian.

 

"Pancen Gusti Allah ki nek arep methukne kawulane ora kurang dalan sing dadi jalarane" sawuse wong saklasa padha meneng ngumbar gagasane dhewe-dhewe dumadakan dokter Kahar, sisihane Ririen guneman kanthi suwara memba suwarane Kyai sing lagi ngendikan "iki mau mBak Restu sing durung nate pirsa daleme Ibu kene, rak ora ngira nek arep kepethuk Mas Khoirul ta?".

 

"Boten nginten babar pisan Pak Dokter" wangsulane Restu karo suwara kedher, sisa-sisa rasa sawuse kelingan crita jaman pubertas kapisan isih nemplek sajroning atine.

 

"Padha Mas Dokter" Ustadz Mahfudzi genti nrambul gunem "upama mau Dhik Khoirul ora tak suwuni tulung ngancani aku ngono, kira-kira ya ora ngerti nek jebul neng dalem kene bisa reuninan karo mBak Restu. Rak ya ngono ta Dhik Khoirul?".

 

"Kasinggihan Ustadz" Khoirul wangsulan karo ndhingkluk, praupane katon rada mbrabak semu abang, ora beda karo praupane Restu sing uga meh kaya jambu dersana sing muwuhi sulistiyane.

 

Bu Kaji, Bu Mahfudzi, Waginem lan kabeh sing ana kono, sing kabeh ya ngerti lan weruh owah-owahan ing praupane nom-noman loro lanang wadon sing lagi kepethuk kuwi, banjur padha duwe dudutan dhewe-dhewe. Dudutane padha, ya iku mbok menawa ing jaman kisah cinta monyet biyen, antarane Restu karo Khoirul wis tau ana sambunging rasa.

 

"Inggih makaten menika Mas Dokter, Gusti Allah niku pancen menawi badhe paring nugraha dhateng kawulanipun asring boten saged dipun nyana-nyana langkung rumiyin" Bu Mahfudzi melu urun rembug mbenerake apa sing lagi wae dikandhakne dokter Kahar.

 

"Kasinggihan Ustadzah" Ririen nyaut rembug "nggih mugi-mugi kemawon ing dinten-dinten sangajengipun, antawisipun Dhik Khoirul kalih Dhik Restu saged langkung asring malih anggenipun pepanggihan, gajege mau Dhik Restu rak ngendika nek ketoke krasan saupama manggon neng desa Kedunggalar kene, iya ta Dhik?".

 

Restu mung mangsuli karo esem sing ora pati diculne, mung praupane wae sing mundhak njambu dersana. Anane Ririen kawetu guneme sing keri dhewe kuwi mau, jalaran mau kupinge krungu dhewe apa sing dikandhakne Sodik, adhine, sing mangsuli kandhane kanthi donga muga-muga Restu bisa oleh jodho wong kono.

 

Nanging olehe padha rembugan patemon atarane Khoirul lan Restu kuwi banjur disigeg, Ustadz Mahfudzi sing wingi didhawuhi dening Bu Kaji supaya ing adicara windon mengko ngisi tausiyah, banjur wiwit ngendika andum gawe murih rancage adicara. Maune pancen ora dirancang nganggo acara neka-neka, cukup sadurunge dhahar bareng, diparingi tausiyah sthithik lan donga saka Ustadz Mahfudzi, bareng kahanane wis beda, adicarane banjur dijangkepi.

 

"Niki mangke angkah kula ngaten Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi ngaturake rancangane "adicara windonipun Bu Kaji menika, kapimpin dening pambiwara ingkang dipun salirani Dhik Khoirul Anam, lajeng wonten waosan ayat Suci sarta jarwanipun, kula suwun keparenga mBak Waginem ingkang maos lan ingkang maos jarwanipun kula suwun mBak Restu, adicara pambagya wilujeng kasuwun supados dipun sulihi Mas Dokter Kahar menapa Dhik Sodik, mangga salah satunggal sinten saenipun?".

 

"Mas Kahar mawon Ustadz" Sodik gageyan anggone nyaut pangandikane Ustadz Mahfudzi "langkung sae menawi ingkang matur dhateng ngarsanipun para tamu menika ingkang kepanggih sepuh".

 

"Kados pundi Mas Dokter?" Ustadz Mahfudzi nanting dokter Kahar.

 

"Kantun dherek mawon Ustadz" wangsulane Kahar ora bisa endha.

 

"Alhamdulillah, lha kula mangke ingkang ndongani" ngendikane Ustadz Mahfudzi sabanjure "kados pundi Bu Kaji menapa wonten ingkang kedah dipun ewahi utawi dipun wewahi malih?"

 

"Sampun Tadz" Bu Kaji atur wangsulan "kula kinten sampun sae menika".

 

Watara seprapat jam sawuse wektune manjing Asar, bareng karo wong-wong mudhun saka masjid sawuse nindakne shalat jama'ah, tamu sing oleh sedhahan saka Bu Kaji wis padha teka. Adicara windon banjur diwiwiti, lumaku kanthi tertib lan merbawani. kabeh paraga kang nindakne wajibe ing adicara kuwi tampil kanthi becik lan wibawa, sing luwih dadi gumune sebagian wong sing tau ngerti nek Waginem kuwi Waranggana ing Karawitan Prasaja Laras Karangasri, jebul bareng maca Al-Qur'an kanthi lagu murattalan, keprungu endah lan tajwide ora ana sing luput lan suwarane sing maca jarwa uga keprungu kepenak dirungokne kupinge sapa wae.

 

Watara jam lima kurang sethithik, adicara wis rampung, tamu-tamu wis padha pamitan bali kanthi seneng lan mareming ati. Ora suwe sawuse entek uwong, Ustadz Mahfudzi sekaliyan garwa uga banjur pamitan kundur, Waginem lan Khoirul ora keri uga melu pamitan, merga nunut mobile Ustadze. Bu Kaji, Ririn, Kahar, Restu lan Sodik padha nguntapne kundure Ustadz Mahfudzi nganti tekan plawangan ngarep, Ya pas kuwi Sodik lagi weruh yen mau, kajaba nganggo jilbab kanggo nutupi sirah lan dhadhane, Waginem uga nyampirne slendhang sutra sing rupane kuning ing pundhake. Slendhang Kuning sing nalika digawa mlaku ketiyup angin, kumlebat ninggal paweling marang atine Sodik supaya panggah eling. Eling sanadyan Waginem tunggal samobil karo Khoirul, nanging atine keri ing daleme Bu Kaji. Restu sing saiki isih keri neng daleme Bu Kaji, Sodik ora oleh lali, yen atine katut mlebu mobile Ustadz Mahfudzi, ngetutne Khoirul sing lungguh njejeri Ustadze sing nyekeli setir.

tammat

 

Rampung rinakit ing Omahe mBah Wah,

11 Sawal tahun Alip 1955,

Windu Sancaya,

Mangsa Saddha,

Wuku Warigalit,

Padangon Wurung,

Padewan Bathara Kala,

Paringkelan Uwas.

 

anyarengi : 12 Mei 2022.

sinengkalan : Penganten Kembar Angatasi Kori (2202).

 

Selasa, 10 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (046)

46.

Senadyan ing atine Sodik Salim ora ana rasa apa-apa marang Restu, nanging gandheng sithik-sithik Sodik ya ngerti nek mBayune uga Ibune kepengin njodhokne dheweke karo Restu, mula tekane Restu gelem ora gelem ya wis gawe kaget lan kuwatiring atine. Nanging rasa kuwi enggal-enggal dikipatne saka jero ati, kanthi ulat sing padhang Sodik gageyan nyedhaki sing lagi wae mudhn saka mobil. Sawuse salaman karo Kahar lan Ririen, genti nyalami Restu karo mbagekne tekane :

 

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun mBak Restu, mangga katuran pinarak mlebet".

 

"Matur nuwun Mas Sodik" wangsulane Restu sajak seneng atine .

 

"Sekedhap, Ibu kula aturane rumiyin" bubar muni ngono kuwi Sodik banjur ngalih arep ndhisiki mlebu omah, nggoleki ibune. Karo mlaku pikirane Sodik kober grenengan dhewe "ana sing teka ndhisiki wae kok mBak Restu ta? upama sing teka ki Bu Waginem genah neng ati iki krasa adhem he he he".

 

Rada suntara Sodik olehe nggoleki Ibune. Didelok neng kamare, Bu Kaji ora ana, Sodik bablas menyang pawon. Nanging sing ana malah mung Simpen karo Jumi, tanggane lagi arep korah-korah gelas lan piring sing lagi wae dienggo mangan para sinoman sing rewang tata tarup.

 

"Madosi sinten Mas?" Simpen takon

 

"Ibu neng ngendi Lik Simpen?" Sodik genti takon.

 

"Oh, Bu Kaji? nika teng teras wingking nembe sarwa raras kaliyan Bu Ustadz Mahfudzi kalih Bu Guru Waginem" wangsulane Simpen karo nudingi arah mburi omah.

 

"Sapa Lik?" sepisan maneh Sodik mlengak, krungu wangsulane Simpen sing keprungu rada aneh neng kupinge kuwi.

 

"Mas Sodik ki piye ta? wiwit esuk dienteni Bu Guru Waginem ora enggal nemoni, malah enak-enak melu nata kursi?" Simpen semaur karo ngguyu.

 

"Ah, sampean ki kok ya ana-ana wae lho?" wangsulane Sodik karo mesem "mosok Bu Waginem ngenteni aku?".

 

"enggih kok" Simpen ngguyu seneng "pokoke kula jan setuju sewu persen Mas, nek Bu Guru Waginem pindhah teng dalem mriki dados mantune Bu Kaji he he he".

 

Sodik wis ora kober wangsulan maneh, dhadhane krasa ana geter pater sing ora karuwan ngerti nek Waginem lagi jejagongan karo Ibune. Sodik jan getun banget, ya gene wiwit esuk babar pisan ora mlebu omah, jathuka rak ngerti nek jebule Waginem wis ana omahe. Nanging Sodik uga isih kelingan nek olehe nggoleki Ibune iki mau arep matur menawa Kahar saanak bojone wis teka nganthi "kancane" Bu Kaji sing jeneng Restu Arumdalu.

 

"Piye?" Bu Kaji mundhut pirsa sajak rada kejot "karo Nak Restu barang? Kok mbakyumu ki ora matur ibu lho? Ya wis, mbakyumu kon ngajak Nak Restu lungguhan neng kene pisan, ben tepungan karo Ustadzah, uga Nak Waginem".

 

"Inggih" wangsulane Sodik, banjur genti kandha marang Bu Mahfudzi lan Waginem "nyuwun pangapunten lho Ustadzah kalih Bu Waginem, saestu kula wau boten ngertos menawi Ustadzah kalih Bu Waginem rawuh inggriya mriki".

 

"Ora apa-apa Dhik" wangsulane Bu Mahfudzi karo mesem "aku ngerti kok nek Dhik Sodik lagi repot, Bu Waginem ya pirsa nek sing didolani lagi ketungkul nandangi gaweyan, rak ya ngono ta Bu Waginem?".

 

Krungu wangsulane Bu Mahfudzi ngono kuwi, Sodik lan Waginem padha-padha olehe mesem karo praupan rada mbrabak. Bu Kaji sing uga pirsa owah-owahan ing praupane Sodik lan Waginem ngono kuwi dadi sansaya pirsa nek tenane pancen atine putrane kakung kuwi wis kelet karo atine Waginem.

 

"Nuwun sewu kula tilar rumiyin Us, Bu Waginem...." kandhane Sodik sabanjure arep bali marani dhayohe sing lagi teka.

 

"Kok Bu lho? kepenak dirungokne nek nganggo Dhik wae, Dhik Sodik. Inggih ta Bu Kaji?" Bu Mahfudzi sengaja nggodha Sodik karo Waginem. Waginem sansaya mbrabak praupane. Sodik mung ngguyu karo mlaku ngalih.

 

"Inggih benjing emben mawon Us, nggantose Bu dados Dhik" Bu Kaji atur wangsulan karo mesem. Waginem dadi sansaya mundhak kaya jambu dersana praupane.

 

Jebul Kahar karo Restu wis lungguh neng ruwang tamu, sauntara Ririen karo anak-anake wis tekan kamare, nyelehne tas lan gawan sing digawa saka Bantul. Lan sing dadi luwih rada kaget atine Sodik jebul neng ruwang tamu kuwi, Kahar apa dene Restu lagi gayeng jagongan karo Ustadz Mahfudzi lan Khoirul Anam, KTU ing sekolahane. Sajake wong loro kuwi mau olehe teka kono pas Sodik memburi nggoleki Bu Kaji mau.

 

"Nyuwun pangapunten Tadz" kandhane Sodik karo nyalami tamu singlagi wae teka kuwi, Ustadz Mahfudzi karo Khoirul "boten ngertos menawi Ustadz rawuh, kula nggin nembe mawon panggih kalih Ustadzah ingkang jebul sampun rawuh wiwit wau kalih Dhik, eh..... Bu Waginem".

 

"Iya ta? lha Umine cah-cah saiki neng ngendi?" Ustadz Mahfudzi genti mundhut pirsa.

 

"Nembe kalih Ibu wonten teras wingking lenggahan teng klasa" wangsulane Sodik "sekedhap kula aturane mriki, tiyang wau Ibu boten pirsa menawi Ustadz sampun rawuh, lajeng Mas Kahar kalih Yu Rien ugi mBak Restu pun dhawuhi dhateng teras wingking nusul Ibu".

 

"Ya wis nek ngono, awake dhewe wae sung nusul Ibu mrana" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan banjur karo jumeneng ngendika marang Kahar lan Restu "mangga dokter, mangga mBak".

 

Wong telu sing maune lungguh kuwi tumuli melu ngadeg, banjur mlaku bebarengan arep nemoni Bu Kaji neng teras mburi. Sodik mlebu ndhisiki nggoleki mbakyune arep dikandhani nek wong-wong wis neng teras mburi, lakune Sodik simpangan karo Seta lan Untara sing mlayu metu arep dolanan neng plataran.

 

"Lho Ustadz Mahfudzi barang wis rawuh ta?" pitakone Ririen nalika dikandhani Sodik kon nusul neng teras mburi.

 

"Lagi wae teka, nek Bu Fudzi wis wiwit mau esuk bareng karo Bu Waginem" wangsulane Sodik.

 

"Bu Waginem sapa?" Ririen sing durung ngerti Waginem takon.

 

"Guru SMA Al-Hasan kene" Sodik wangsulan banjur takon "lha mau mBak Restu sampean jak ta mBak?"

 

"He eh, wong dhek emben pas telpon kae Ibu ngendika nek wis kangen karo Restu" kandhane Ririen "awakmu kok ketoke kaget ngerti Restu tekan omah kene?".

 

"Ora, mung ora nyana wae wonge gelem dijak dolan mrene".

 

"Wonge malah seneng lho Dik" kandhane Ririen maneh "mau pas mlebu desa kene, alok nek hawane seger sesawangane katon endah, jarene, ketoke upama bisa dadi wong kene ngono wonge krasan".

 

"Ya sokur ta nek seneng" wangsulane Sodik "muga-muga mbesuk mBak Restu bisa oleh jodho wong sing omahe neng desa kene".

 

"Sapa kuwi Dik?" Ririen takon

 

"Ya embuh, wong neng kene iki bocah lanang sing umure sak pantaran karo mBak restu ya akeh" wangsulane Sodik adhem wae.

 

"Tak kira nek kowe he he he?".

 

"Nek aku ketoke kok ora!"

 

"Lha kok ngono? sebabe?".

 

"Uwis gak sah ngrembug kuwi, kae lho wis ditunggu Ibu neng teras mburi" wangsulane Sodik emoh nyauri pitakone mbakyune "aku mau ya kober diwarah ambek Lik Simpen, jarene Ibu mau sekesuk jagongan santai karo prawan ayu sing jarene Simpen cocog nek dadi mantune Ibu".

 

"Sapa maneh kuwi Dik?"

 

"Embuh, aku ora ngerti!" Sodik semaur karo mlaku ngalih "wong aku ya wegah neges-neges nyang Lik Simpen".

 

Ririen nututi, metu saka kamare arep sungkem ibune sing wis ngenteni neng teras mburi.

 

Jebul olehe padha jagongan neng Teras sisih mburi kuwi katon gumyak banget. Bu kaji sing durung tepung karo Khoirul ngira yen Khoirul kuwi kancane Restu saka Yogya.

 

"Kula Khoirul Bu Kaji" ature Khoirul nepungake awake "yogane Pak Ismail Tegalsari, sak niki dados andhahnipun Mas Sodik ing SMA Pondok".

 

"Oalaaah, Putrane Dhik Ismail Juragan Peternakan Sapi kuwi? tiwas tak kira kancane Nak Restu........" Bu Kaji ngendika karo manggut-manggut.

 

"Leres Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi urun rembug "Dhik Khoirul niki mila awis-awis teng dalem, wiwit SMP ngantos SMA teng Pondok Solo, lajeng dhateng UIN Surabaya sak niki ngrencangi ngagengaken SMA Pondhok dados Kepala TU. Taksih legan nggih dereng nate kagungan pacar he he he.........".

 

"Ngaten nggih Tadz?" Bu Kaji atur wangsulan karo gumujeng renyah.

 

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (045)

45.

Bu Kaji kendel sedhela, palarapane katon dijengkerutne sajak menggalih marang apa sing lagi wae dingendikakne Bu Mahfudzi. Pancen bener, Bu Kaji nggagas mathuke Waginem kuwi dibudidaya murih bisa dolan menyang dalem kono, sokur bisa ana wektu sing rada longgar kareben Bu Kaji luwih pana jaba jerone Santrine Ustadz Mahfudzi sing jarene pinter nyindhen kuwi. Simpen karo Sampir sing lungguhe rada adoh, ora wani nrambul gunem, malah jan-jane ngono wong loro kuwi ya ngrasa ora pati kepenak lungguh sapajagongan karo para priyayi luhur, nanging gandheng dening bendarane durung didhawuhi ngalih kekarone ya ora wani menyat saka papane.

 

"Upami ngeten dos pundi Ustadzah?" sawuse rada suwe njengkerutne palarapane Bu Kaji banjur ngendika "benjing Sabtu niku rak tanggalipun abrit? sekolahan mesthinipun rak nggih libur? Niki upami lho, upami kula nyuwun tulung Ustadzah supados ndhawuhi Nak Waginem murih ngrencangi olah-olah kula nngaten pripun? Angkah kula, benjing Sabtu niku kula badhe syukuran nironi windon kula ingkang kaping wolu, umur kula niki jebul sampun sewidak sekawan lho  Us?".

 

"Ngaten nggih langkung sae Bu Kaji, mangke boten trimah Bu Waginem ingkang badhe ndherek rencang, kula ugi kepengin ndherek. Rak nggoih pareng ta Bu Kaji?" Bu Mahfudzi atur wangsulan karo nawakne baune nek arep melu rewang.

 

"Lha menawi Ustadzah ngersakaken makaten kula ingkang sakalangkung matur nuwun" Bu Kaji paring wangsulan karo sajak karenan penggalihe "nanging sedaya niki wau menawi saged sampun ngantos Sodik ngertos rumiyin Us, kersane larene boten mikir ingkang neka-neka".

 

"Lho Dhik Sodik menapa dereng pirsa menawi benjing Sabtu menika windonipun Bu Kaji?" Bu Mahfudzi mundhut pirsa.

 

"Sampun Ustadzah" Bu Kaji paring wangsulan "malah Ririen menapa ugi sampun ngertos, angkahipun benjing Sabtu menika Ririen kalih yoga-yogane nggih badhe tilik griya mriki, menawi Nak Kahar kantun ningali kawontenan rumiyin, menawi Tumah sakitipun saged dipun tilar inggih badhe ndherek wangsul semahe".

 

"Menawi makaten langkung kaleresan malih Bu Kaji" Bu Mahfudzi numpangi rembug "mengke malah mBak Ririen ugi saged pirsa kados menapa wujud saha slaganipun Bu Waginem pisan".

 

Bareng wis dirasa rampung kabeh sing dirembug, Ustadz Mahfudzi banjur pamitan. Ora terus kundur menyang Karangasri, nanging ngersakne arep ngendhangi Pondhok lan Sekolahan pisan.

 

Dina Sabtu esuk, neng daleme Bu Kaji katon reja banget, rejane wong sing padha rewang nyambut gawe. Kanggo nambahi renaning penggalihe ibune, Sodik mutusake yen mengko Syukuran Windone Bu Kaji bakal dileksanakne bubar sembahyang ngasar, kajaba ngundang tangga teparo uga ngundang kanca-kancane Sodik sak sekolahan, Kepala Sekolah, Guru lan Karyawan SMA ne. Manggone mengko neng plataran sing ditatani kursi sewan lan dipasangi terop kaya lumrahe wong nek duwe gawe ngana kae. Mula dina Sabtu esuk kuwi, akeh nom-noman sing padha rewang masang terop lan nata kursi. Kanggo nyugata para tamu, sarta kanggo caos brekatan sing diasta kundur, Sodik wis pesen marang tepungane sing kulina ngaldeni catering kanggo wong duwe gawe, yaiku marang Bu Dian Yusuf sing daleme Dumplengan. Redana kanggo kuwi wis dhek emben kae ditransfer dening dokter Kahar, Mase Ipe.

 

Merga repot olehe melu nata terop lan wira-wiri mrana - mrene, sarta matutne plataran sing dienggoni terop kuwi, Sodik ora ngerti nek wiwit esuk Waginem wis teka ndherekne Bu Mahfudzi nuhoni dhawuhe Bu Kaji sing mundhut tulung supaya Waginem ngrewangi olah-olah. Lan gandheng kabeh sing kudune diolah jebul wis dipesenke marang Bu Dian, sidane Waginem lan Bu Mahfudzi mung ngrewangi nata panganan adu wedang ing kerdhus-kerdhus cilik.

 

"Nyuwun pangapunten lho Us" ngendikane Bu Kaji marang Bu Mahfudzi lan Waginem sing lagi ngancani Simpen lan wong wadon siji maneh ngadhahi panganan menyang jero Kerdhus "Lha ngertos kula menawi sampun dipasrahne Bu Dian Dhumplengan niku rak nembe kala wingi pas kula badhe utusan Simpen blanja dhateng peken, lha si Thole niku waune nggih kendel mawon kok".

 

"Lha inggih langkung prayogi pesen kemawon Bu Kaji, langkung praktis" Bu Mahfudzi atur wangsulan .

 

"Lha kula piyambak rak inggih boten ngertos menawi badhe dipun damel ngaten menika?" Bu Kaji ngendika maneh "tiyang angkah kula niku namung climen, damel sekul buceng kalih golong, lajeng damel gudhangan ngaten kemawon rak sampun cekap? dados kula nggih boten kengkenan sinten-sinten, tiyang Ustadzah sampun kepareng badhe ngrencangi olah-olah kalih Nak Waginem, upami ngertos menawi kalih Thole didamel ngaten menika, kula rak boten badhe wantun ngaturi Ustadzah kalih Nak Waginem ndherek repot dhateng pawon".

 

"Boten dados menapa Bu Kaji" Bu Mahfudzi atur wangsulan karo mesem "malah estunipun kula langkung remen, kanthi makaten kula menapa dene Bu Waginem saged langkung kathah saged rerembagan kalih Bu Kaji, sanadyan namung mirungganan, nanging menapa ingkang dipun ngendikaken Bu Kaji menika kathah mentesipun".

 

"Oalah, Ustadzah menika kok saged mawon lho?" Bu Kaji wangsulan karo ngguyu. Satemene karo ngendikan wiwit mau, Bu Kaji ora kendhat anggone nyetitekne kahanane Waginem, ya wujude ya slaga lan solah bawane. Kabeh ora luput saka pamirsane Bu Kaji. Lan Bu Kaji ya banjur tuwuh rasa eram sarta mbenerake kabar sing tau ditampa ngenani Waginem kuwi kepiye?. Pirsa Waginem sing trampil tandang gawene, babar pisan ora katon kikuk lan kidhung ngadhepi gaweyan, mireng gunemane Waginem nalika omong-omongan karo Simpen lan kancane sing alus lan andhap asor ora digawe-gawe, ndadekne Bu Kaji kasengsem marang Bu Guru sing durung suwe mulang neng Sekolahan Pondhok kuwi. Luwih-luwih bareng Bu Kaji nyoba mancing ngajak ngendikan Waginem, sansaya suwe Bu Kaji sansaya sengsem penggalihe, jroning cipta ora ngluputake yen Sodik, putra kakunge kuwi duwe rasa tresna marang Waginem.

 

Rampung olehe nata lan madhahi panganan neng jero kerdhus, Bu Kaji ngajak Bu Mahfudzi lenggahan sarwa raras (santai... rust) ing teras mburi, kanthi nggelar klasa. Wong telu jagongan neng kono. Bu Kaji sansaya kepencut lan salut marang Waginem sing kanthi apa anane matur nyritakne lelakoning uripe lan kabeh kulawargane. Waginem sing lahire lan digedhekne ing papan sing kondhang ala jaman semanane, banjur kanthi taberi lan tansah nyuwun pitulungan marang Pangeran Waginem ora kendhat anggone berjuang bebarengan karo kanca-kancane, murih jagad ngerti yen sing ala kuwi bisa malih dadi becik lan kanyatane saiki wis akeh sing ngakoni, yen desa panggonane Waginem urip kuwi wis lumrah kaya papan-papan liyane malah kepara kena diarani satingkat luwih apik. Waginem uga crita akeh-akeh bab karawitan, gendhing-gendhing mligine sing klasik, kuwi racak-racak cakepane dijupuk saka pituture para pujangga jaman kuna sing ngemu pitutur luhur. Mula ing jagading karawitan, Waginem uga mbudidaya murih para seniman bisa nindakne pitutur luhur sing ana sajroning cakepaning gendhing-gendhinge, ora malah bubrah kaya jaman sing uwis-uwis. Lan kanyatan saiki meh kabeh waranggana lan pangrawit ing Prasaja Laras wis padha ngedohi laku maksiyat kabeh uga wis padha sregep ngibadah, merga kajaba gladhen karawitan warga Prasaja Laras ya kerep nggelar pengajian sing diisi dening Ustadz Mahfudzi.

 

Ngarepake manjing wektu dhuhur, sinoman-sinoman sing ngrewangi Sodik nata terop wis rampung. Kursi-kursi wis tumata rapi. Sauntara iku, Bu Dian Yusup sakancane uga wis padha teka sing banjur nata papan sing arep dienggo dhahar prasmanan mengko. Dhaharan brekatan sing mengko diasta kundur para tamu durung teka.

 

"Mengke antawis jam tiganan nembe dugi mriki Mas" kandhane Bu Dian marang Sodik sing kober nakokne "menawi disarengne sak niki mengke malah kirang sae".

 

"Inggih, matur nuwun" Sodik wangsulan.

 

Ya pas mbarengi Sodik omong-omongan karo Bu Dian kuwi mau, ana mobil teka sing banjur parkir neng sisihe tatanan kursi. Sodik ora pangling nek kuwi mobile dokter Kahar, kangmase ipe.  Nanging Sodik dadi rada mlenggong bareng weruh sapa sing mudhun saka mobil sing disetiri Mase Ipe kuwi. Dhisik dhewe, Seta karo Untara ponakane, banjur disusul Ririen, mbakyune. Lan sing keri dhewe metu saka mobil jebul ..... Restu Arumdalu, Bu Guru TK sing wis akrab banget karo Ibune.

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...