Total Tayangan Halaman

Sabtu, 04 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (009)

 

9.

mBah Tambak lajeng nata anggenipun lenggah, sasampunipun nyedhot ambegan radi panjang kaping tiga menapa kaping sekawan, lajeng miwiti anggenipun carios :

"Biyen kanthi tinengeran karo jenang abang dening wong tuwaku aku diwenehi tetenger utawa jeneng Suwanda. Miturut ujare wong tuwaku, jeneng Suwanda kuwi dijupuk saka layang kuna yen ing jaman biyen ana satriya sing ambeg bawa leksana lan tansah anetepi kasatriyane. Kanthi menehi jeneng aku Suwanda kuwi wong tuwaku kepengin mbesuke yen aku wis diwasa bisa nulad lekase Raden Suwanda sing kocap ing layang kuna kuwi, ya iku dadi satriya sing lelabuhane ginulung ing telung perkara yaiku guna, kaya lan purun sing kanggo nuhoni trah utama.

Pancen wong tuwaku kuwi klebu wong sing duwe kalungguhan sing kinurmatan dening sapepadhaning wong. Dening Kanjeng Sinuhun ing Majapahit kaparingan kaparcayan ngerehake kawula ing Majapahit kurang luwih cacah sewu kulawarga kanthi pangkat Panewu. Nek neng padhukuhan sing dilungguhi wong tuwaku, pangkat panewu kuwi pangkat sing dhuwur, nanging yen wis digawa ing paseban agung, pangkat panewu kuwi mung kaya dene bledug ing satengahing krikil lan watu sing ana gisiking kali. Ora ana apa-apane yen ditandhing karo pangkat Demang, Panji utawa Rangga luwih-luwih nek dijejerne karo pangkat Tumenggung, blas ora ana ajine. Mula ing jagading pasrawungan, aku sing anak Panewu manawa nuju ing padesan reh-rehane wong tuwaku, prasasat saben bocah sing sapantaranku padha wedi lan ngajeni marang aku. Nanging yen metu saka laladan reh-rehane wong tuwaku utawa ing kutha gedhe Majapahit, aku iki ya ora ana ajine babar pisan. Kasoran pamor karo putrane para penggedhe.

Merga wong tuwaku duwe gegayuhan supaya ing tembene aku bisa luwih mukti lan luwih wibawa tinimbang wong tuwaku sing mung dadi Panewu, aku banjur disuwitakne marang priyagung ing Kutha Raja Majapahit, ya iku Tumenggung Jatikusuma. Ing Katumenggungan Jatikusuman, kajaba ngladeni Gusti Tumenggung lan rerewang nandangi kang dadi jejibahane nDara Menggung, aku uga diweleg kawruh tata carane dadi abdining negara sing becik. Aku dhewe rumangsa seneng nglakoni sing dadi rerigene wong tuwaku kuwi. Mula kabeh gaweyan sing diparingake marang aku dening nDara Menggung tak tandangi kanthi senenging ati linandhesan rasa ikhlas ing lahir tumusing batin. Mula ora aneh yen kabeh sing dadi dhawuhe ndDara Menggung, bisa tak wujudi klawan becik lan sampurna, jumbuh karo sing dadi kersane bendaraku ya iku nDara Menggung Jatikusuma.

 nDara Menggung sing dhasare ora kagungan putra kuwi banget asih marang aku, malah saking asih lan tresnane nganti kaya-kaya aku iki dianggep putrane dhewe. Ora mung kuwi, aku tau krungu rerasanane nDara Menggung karo Nyi Menggung, yen aku arep diunjukne ing ngarsane Gusti Patih supaya jenengku cinathet ing layang kekancinganing negara minangka putrane nDara Menggung Jatikusuma, pamrihe ing mbesuke supaya aku bisa oleh sihing Dalem kaparingan pangkat ing paprentahan Majapahit. Lan rerasanan kuwi wekasane dening nDara Menggung uga dikandhakne marang aku.

"Suwanda" dhawuhe nDara Menggung sawijing esuk nalika aku lagi nindakne kuwajiban minangka abdi ing katumenggungan "nyedhaka mrene aku arep kandha marang awakmu".

"Badhe kaparingan dhawuh menapa Gusti?" aturku sawuse lungguh ngapurancang ing ngarasane nDara Menggung "abdi jengandika pun Suwanda tansah siayaga ing dhiri lan sawega ing gati".

"Wiwit dina sesuk kowe tak dhawuhi supaya manggon ing dalem Katumenggungan, awit kowe arep tak paringi jejibahan sing luwih abot yen ditimbang karo jejibahan sing mbok ayahi nganti dina iki" dhawuhe nDara Menggung karo nyawang aku sing lungguh amarikelu ing ngarsane.

"Minangka abdi ingkang tuhu boten gadhah pepundhen kajawi namung jengandika Gusti Menggung,andi jengandika kula namung nadhe ngestokaken dhawuh, mugiya kula saged lebda ing karya, ngayahi jejibahan peparingipun Gusti Tumenggung".

"Sumurupa Suwanda" nDara Menggung nutugne olehe ngendika "sesuk kuwi kajaba bakal tak unjukne ing ngarsane Gusti Patih bab jejibahanmu sing anyar iki mengko murih ana undhak-undhakan blanja saka negara marang awakmu, uga bakal tak unjukake supaya jenengmu cinathet mlebu dadi peranganing kulawargaku, ya iku kowe tak dhaku dadia anakku, sing ing tembene supaya awakmu bisa marisi apa-apa sing dadi tinggalanku samngsane aku wis teka watesing janji sokur bage menawa dening Gusti Patih kowe dirigenake murih kaparingan pangkat saka Kanjeng Sinuhun Prabu, dadi bisa luwih cetha kang dadi dina tembemu".

"Samanten agenging sih katresnan jengandika Gusti Menggung dhateng pun Suwanda, inggih awit saking menika gandheng kula ngrumaosi bilih boten badhe kongang menawi ta kula kepengin atur piwales dhateng jengandika Gusti kula, mugi kaparengna kula aprasetya  lan mugi Hyang Widhi paring kasembadan, sanadyan badhe nemahana putung kinarya bebalang utawi lebur kinarya sesawur, sauger menika awit nglampahi dhawuh jengandika Gusti kula Kanjeng Tumenggung, badhe kula lampahi kanthi suka gambiraning manah" wangsulanku marang bendaraku wektu kuwi, iya awit saka senenging atiku lan minangka atur panuwun marang ndara Menggung.

"Iya Suwanda" nDara Menggung "saiki rungokna apa tambahing jejibahan sing kudu mbok lakoni sawuse mengko kowe ngalih manggon ing sajroning Dalem Katumenggungan. Kang kapisan, gandheng kowe ngerti dhewe yen wektu iki gaweyanku minangka Tumenggung luwih akeh katindakne ing sajabaning Dalem Katumenggungan, nanging kepara luwih akeh ing satengahing panguripane para kawula, mula kanggo ngladeni kabutuhane kawula kang teka ing dalem Katumenggungan, tak sampirake marang awakmu ladenana kawula kang teka kanthi becik, rampungna perkara kang kudu dirampungake kanthi asmaku minangka Tumenggung Jatikusuma".

"Kawula nuwun, ngestokaken dhawuh"

"Kaping pindho" Dhawuhe nDara Tumenggung sabanjure "awakmu tak keparengake, ngaturi aku ora kaya padatane yaiku Gusti Tumenggung utawa nDara Menggung, nanging nganggowa sesebutan Bapa marang aku lan Ibu utawa Biyung marang Nyai Menggung. Sabanjure aku nitip prentah, awakmu uga kudu nglakoni apa-apa sing dadi dhawuhe Ibumu ya Nyai Menggung kanthi sabencik-becike, ora tak keparengake awakmu kumawani ndaga dhawuhe".

"Ngaturaken sewu genging panuwun Gusti, eh Bapa Tumenggung, sedaya dhawuh jengandika badhe kula lampahi kanthi sukarenaning manah".

"Cukup semene dhisik dhawuhku marang kowe" ndara Menggung mungkasi dhawuhe "tutugna nggonmu nindakne jejibahan dina iki, sedhela maneh para paraganing Katumenggungan bakal yeka lan mlumpuk ing dalem Katumenggungan kene saprelu nampa prentah saka aku, magepokan karo sing lagi wae tak dhawuhake marang awakmu iki mau".

Dina iku uga, ing Katumenggungan dikepyakne dening nDara Menggung babagan jejibahan lan kalungguhanku sing anyar, klebu anggone nDara Menggung wis kepareng mupu aku dadi putra angkate. Para punggawa katumenggungan akeh sing padha nampa kanthi seneng nanging jenenge manungsa akeh, mesthi wae ana sing beda, mligine sing umure sapantaran karo aku sing anggone ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku. Nanging sanajanta satemene ora sarujuk karo kang dadi kersane nDara Menggung, sing kasebut keri iki ora ana sing gelem ngandhakne olehe ora sarujuk, kabeh mung padha meneng, malah kepara padha wangsulan yen sing didhawuhne nDara Menggung kabeh wis bener lan wicaksana sing tanpa cacad babar pisan. Wong-wong sing nduweni teku ing antarane keplasing lathi ora padha karo sing ana jero ati ngene iki mapan akeh kapranggulan ing saben jaman lan meh ing saben panggonan. Lan yen wis ngira ora bakal kapireng dening kang kagungan putusan sing satemene ora disarujuki kuwi, lagi padha pating klesik rasan-rasan maido karo wong-wong sing satemene ora weruh perkarane. Aku dhewe sing dening nDara Menggung wis dituturi yen mengkone bakal nemoni wong-wong sing ngono kuwi, kudu bisa momong ati, ora kena nimbangi karo laku sing padha karo sing dicakne wong-wong kang mangkono iku. Kudu bisa tumindak sing wicaksana murih wong sing satemene wis kleru tampa kuwi bisa nglenggana lan mbalik dadi becik, ora kedlarung-dlarung olehe padha salah tampa. Mula aku ya mbudidaya murih bisa nglakoni kaya apa sing dadi pituture marang aku, kabeh punggawa katumenggungan tak rengkuh padha, malah aku api-api macak ora ngerti yen satemene ana sing duwe rasa gela utawa malah kepara rasa gething sing mburu sengit marang aku sing tuwuhe merga kanugrahan sing tak tampa saka nDara menggung sing saiki wis dadi wong tuwaku angkat.

Ki Suwela,  Punggawa Katumenggungan sing yuswane sapantaran karo Bapa Tumenggung kang uga kagungan putra sing olehe ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku, salah sijine wong sing satemene ora sarujuk karo dhawuh sing ditibakne dening Bapa Tumenggung Jatikusuma  magepokan karo lanugrahan sing tak tampa iki.


Jumat, 03 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (008)


 


8.

mbah Tambak lajeng nyaketi papanipun Ki lan Nyi Sarkara ingkang kamitenggengen ningali Ki Tambak ingkang samangke ketingal kados dene priyagung kanthi busana ingkang dipun agem.  Ki Tambak sareng lajeng wicanten dhateng Ki Sarkara lan Nyi Sarkara :

 

"Kowe Sarkara lan kowe Setiti, yen pancen kowe padha gelem tak ajak jagongan, saiki anakmu sing lagi turu kuwi gendhongen. Ayo melu aku jagongan neng jero omah wae lan bobukna anakmu ing papan sing luwih prayoga neng jero omah kana".

 

Ki Sarkara lan Nyi Sarkara sami ngungun ing salebeting manah, jalaran tiyang kalih menika babar pisan boten sumerep griya ingkang wonten sacaketing papan mriku. Lajeng menapa ingkang dipun kajengaken dening Ki Tambak griya kala wau? makaten pitakenan ingkang ngrenggani manahipun Ki lan Nyai Sarkara.

 

Kados mangertosi menapa ingkang nembe dipun gagas dening Ki Sarkara lan Nyai Sarkara, Ki Tambak dumadakan gumujeng radi seru lajeng tanganipun nuding dhateng papan ing pengkeripun tiyang kalih ingkang dipun ajak rembagan kalih wicanten :

 

"Sajake kowe wong loro mau olehe padha ngrasakne luwene weteng nemen banget, nganti padha ora weruh yen ing kidul Sendhang kuwi ana omah, ya omah kidul sendhang kuwi omah sing dadi panggonanku, Sarkara. Ayo diage padha mlebu".

 

Tanpa kraos Ki lan Nyai Sarkara sami noleh ningali papan ingkang dipun tudingi dening Ki Tambak. Tiyang kalih wau sansaya mlengak, awit kekalihipun sami sumerep wewangunan griya ingkang nadyan boten ageng nanging ketingal cekli lan asri. Griya wangun srotongan ingkang mangku latar boten patos wiyar nanging resik lan asri awit kinupengan taneman sesekaran ingkang manekawarni.  Nanging Ki lan Nyai Sarkara boten saged dangu anggenipun nggumuni tetingalan ingkang nembe kemawon sipun sumerepi wau, jalaran kekalihipun kados dipun tarik daya kekiyatan ingkang aneh murih ngetut lampahipun Ki Tambak ingkang mlampah tumuju korining griya ingkang wiyar menganipun.

 

Sasampunipun dumugi salebeting griyanipun Ki Tambak, Ki lan Nyai Sarkara sansaya ngungun malih, awit jejoganing griya kadamel saking tatanan blabag-blabag kajeng jati ingkang sinerut alus, ing mriku sampun ginelaran babut permadani ingkang sakalangkung endah, ing sisih kiwaning jogan wonten dipan kanthil ingkang rinengga mawi ukiran ingkang remit.

 

"Anakmu Pradapa kuwi bobukna ing amben turonku dhisik, banjur padha lungguha neng klasa sing wis digelar kuwi" Ki Tambak wicanten kalih nudingi dipan kanthil ingkang mapan ing pering kering.

 

Kados gudel kineluhan, Nyai Sarkara lajeng nilemaken Pradapa ing dipan ingkang endah awit saking ukir-ukiranipun menika, dipan ingkang ginelaran permadani menika ngganda arum mangambar-ambar kados gandanipun sekar melathi.

 

"Aku ora gumun nek kowe padha gumun amarga anane kedadean sing rumangsamu aneh iki" wicantenipun Ki tambak sasampunipun Ki lan Nyi Sarkara mapan linggih ngadhep piyambakipun.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara mantun-mantunaken manahipun kangge pitaken dhateng Ki Tambak ingkang miturut Ki Sarkara kalebet tiyang ingkang aneh menika "kula kalih semah kula boten namung rumaos gumun manggihi lelampahan dinten niki wau, nanging kepara dados bingung jalaran boten saged mikir awit anehing lelampahan ingkang kula panggihi, sepisan malih nyuwun pangapunten, mugi kacethakna dhateng kula kekalih, kula kekalih menika nembe ing alam pasupenan menapa malah sampun ngalih dhateng alam kalanggengan liripun kula kekalih lan anak kula pun Pradapa sampun sami dumugi pejah nanging boten ngrumaosi menawi sampun ngalih alam?".

 

"He he he he......" Ki Tambak gumujeng lajeng suka wangsulan "aja kaduk ati bela panampa pangrasamu Sarkara. Padha sumurupa, kowe sakloron lan anakmu ora lagi ngimpi lan uga durung padha mati, Sendhang Tambak sesajen neng ancak kae mau cetha yen mapan ing alam kang nyata, ya iku alaming jalma manungsa. Dadi sing padha mbok ombe mau, bener-bener banyune sendhang lan sing padha mbok pangan mau temen-temen sega sing diolah dening manungsa. Nanging nek omah iki saisine klebu klasa sing padha mbok lungguhi lan amben sing kanggo turu anakmu kuwi, mula pancen mapan ing alam sing panggonane ing sisihe alam kang kasat mata utawa alaming titah kang asipat wadhag. Ya kene iki sing diarani jagad sonyaluri utawa jagade para prayangan".

 

"Dados kula sabatih menika sampun mlebet alaming para prayangan mBah? Lajeng dosa menapa ingkang sampun kula lampahi temah kula pikantuk pidananing Gusti kedah dados prayangan kados makaten menika?" Ki Sarkara pitaken manahipun sedhih lan susah ingkang boten kantenan, awit nginten menawi piyambakipun tuwin semah lan yoganipun sampun dados prayangan.

 

"Aja banjur susah ngono kuwi atimu Sarkara" Ki tambak suka wangsulan kalih mesem nanging kraos esem ingkang pait, kados nyingidaken raos sesdhih ing manahipun "dudu kowe sa anak bojomu sing wis kesiku ing Gusti temah dadi prayangan, nanging sing nampa lagi nampa benduning Allah kuwi aku, menungsa sing kakehan polah kesurung lekas nuruti pangajake hawa napsu sing srakah, temah wekasane nampa benduning Allah, dadi prayangan sing uripe ora genah".

 

Ki Tambak lajeng ketingal njetung, lenggahipun dheleg-dheleg kados tiyang ingkang nandhang gegetun. Radi dangu anggenipun kendel. Ki sarkara lan semahipun rumaos welas sumerep Ki Tambak ingkang makaten menika, nanging kekalihipun ugi ajrih kaworan bingung manahipun, boten saged wicanten menapa-menapa.

"Puluh-puluh wis dadi lakonku" sareng sampun saantawis anggenipun kendel anjetung, Ki Tambak lajeng wicanten malih "jenenge lakon wajibe iya dilakoni, digetunana yekti tanpa pedah. Ngertia Ki Sarkara, kowe apa dene anak lan bojomu isih panggah wujud manungsa lumrah lan tak pepuji muga-muga ing dina ngarepmu kabeh ora padha kleru nggonmu padha mlaku temah ngambah dalan sing dudu samesthine kaya sing wis tak lakoni iki".

 

"Inggih mBah, pangestunipun mBah Tambak mugi-mugi dadosa srana rahayuning gesang kula sabatih" Ki Sarkara atur wangsulan kanthi suwanten ingkang alus lan ngaosi sanget dhateng Ki Tambak.

 

"Saiki aku arep waleh utawa blaka marang kowe Sarkara" Ki Tambak lajeng wicanten malih "ya aku njaluk pangapuramu, tenane sing nuntun lakumu nganti tekan Sendhang Tambak iki mau ora ana liya kajaba aku dhewe, pancen wis puluhan malah mbok menawa atusan tahun nggonku seneng nuntun lakune wong sing lagi ngumbara utawa lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak kene iki. Nanging ajeg wae, kabeh wong sing tau tak tuntun tekan kene, jebul ora ana asile apa-apa tumrap aku lan tumrap wong sing tak tuntun mlaku mrene kuwi mau. Nadyan ta mangkono aku ora tau rumangsa kemba, awit aku percaya marang Maha Welas Asihe Allah sing satuhu ora winates olehe kagungan tresna asih marang kawulaNe sing nedya mertobat bali marang dalan kang sabenere. Ya muga-muga wae, kowe lan anak bojomu dadia wong pungkasan sing tak tuntun menyang Sendhang  Tambak kene, awit yen wis klakon kasembadan pepenginanku sing tak sranani nuntun lakune wong sing lagi lelungan sing sangune kasusahan iki, mangka aku bakal luwar saka sikuning Allah lan ora bakal manggon ing papan kene iki".

 

Anggenipun wicanten Ki Tambak makaten menika wau benten tebih kalih anggenipun nyuwanten ing saderengipun ingkang kepireng aneh, nanging wicanten ingkang menika kapireng kados suwantenipun tiyang sepuh ingkang nembe paring pitutur dhateng anakipun.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak........" Ki Sarkara nyelani wicantenipun Ki Tambak badhe pitaken.

 

"Aku ngerti Sarkara" dereng ngantos rampung anggenipun Ki Sarkara badhe pitaken, langkung rumiyin Ki Tambak sampun munggel rembagipun "kowe mesthi bingung karo sing tak karepake klawan apa sing lagi wae tak kandhakne iki mau".

 

"Mila leres makaten mBah" Ki Sarkara atur wangsulan.

 

"Tenane ngono nggonku nuntun wong lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak iki, klebu kowe lan anak bojomu,  mung saprelu arep tak jaluki pitulungan sarta arep dak tuduhne dalan murih kowe sa batih tumuli enggal oleh pitulungan" Ki Tambak nglajengaken anggenipun wicanten.

 

"Inggih mBah" Ki Sarkara nyelani rembag malih "saestu kula sakalangkung matur nuwun lan nedha nrima dhateng ndika, menawi ndika kepareng badhe nedahaken marginipun kula pikantuk pitulungan. Lajeng pitulungan menapa ingkang ndika kersakaken saking kula miwah anak lan semah kula mBah Tambak?".

 

"Kanggo mangsuli pitakonmu iki mbutuhake wektu rada sauntara Sarkara" Ki Tambak suka wangsulan "jalaran mula rada dawa critane. Murih cethane bakal tak kandhakne kabeh marang kowe, apa kowe ora kabotan ngrungokake ?".

 

"Babar pisan kula boten kawratan mBah" Ki Sarkara atur wangsulan "suwawi kadhawuhna sawetahipun murih kula saged mangertosi kanthi cetha, kula mlan semah kula badhe anyemak saha migatosaken sedaya ingkang badhe ndika dhawuhaken".

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (007)

 

7.

Tiyang ingkang dugi lajeng gumujeng sarta maido dhateng Ki Sarkara menika katingal radi aeng, boten klamben lan ngangge clana maro kentol, jarikipun kawung nanging anggenipun ngangge inggih namung sasekecane kemawon. Tiyangipun sampun ketingal sepuh, ketitik rambutipun sampun pethak sedaya, iketipun gadhung mlathi nanging inggih namung kaiketaken sesel suwel kemawon, brengos saha jenggotipun panjang nanging arang-arang.  Tiyang wau lajeng mapan linggih ing pasuketan, sarwi mesam-mesem kados patrapipun tiyang ingkang boten jangkep nalaripun. Dupi sumerep tiyang ingkang makaten kala wau, Pradapa ingkang waunipun nangis lajeng mendel, inggih awit rumaos ajrih ningali kawontenanipun tiyang aeng ingkang nembe dugi menika wau. Makaten ugi Ki lan Nyi Sarkara, kekalihipun boten wicanten menapa-menapa, namung mripatipun boten kedhep nguwasi tiyang sepuh ingkang badanipun taksih katingal kiyeng menika. Salebeting manahipun tiyang kalih wau, wonten raos uwas nguwatiraken menawi tiyang ingkang kakinten kirang waras nalaripun menika ngamuk.

 

"Eh, kowe wong salakirabi sing lagi susah atimu, tak takoni padha ngakuwa kajaba yen kowe wong loro duwe pangira nek aku iki wong edan sing lagi kluyuran" dumadakan tiyang aeng wau dumadakan wicanten katujolaken dhateng Ki lan Nyi Sarkara .

 

"Boten Kyai, kula boten gadhah panginten menawi Kyai menika tiyang ingkang gerah engetan" mireng wicantenipun tiyang aeng kala wau, Ki Sarkara kalihan raos ajrih suka wangsulan mawi basa krama, awit Ki Sarkara dumadakan ngraos menawi tiyang aeng menika dede salimrahipun tiyang, saged ugi golonganing Brahmana utawi Waliyullah ingkang nembe nindakaken tapa ngrame "Kyai ngersakaken mundhut pirsa menapa dhateng kula lan semah kula?".

 

"Jenengmu Sarkara ya? lan bojomu kuwi jenenge Setiti ning sawise dadi bojomu banjur karan Nyai Sarkara. Apa pancen bener mangkono?" dumadakan tiyang kala wau nlemak naminipun Ki Sarkara miwah Nyai Sarkara. Mesthi kemawon tiyang kalih niku dados wewah ngungunipun, sampun pinten-pinten wulan sadangunipun nilar griyanipun dereng nate wonten tiyang nyebat naminipun tiyang kalih menika. Nanging tiyang ingkang ketingalipun kados tiyang sakit engetan menika kanthi teteh saged nyebat naminipun Ki Sarkara ugi nami alitipun Nyi Sarkara/ Mila Ki Sarkara sansaya ngandel anggenipun gadhah panginten bilih ingkang wicanten kalih piyambakipun menika cetha menawi unusaning janmi ingkang nembe nglampahi tapa ngrame.

 

"Mila leres dhawuh ndika menika Kanjeng, kula pun Sarkara lan menika semah kula pun setiti" kalih wicanten makaten Ki Sarkara lajeng suka sasmita dhateng semahipun kaajak sareng-sareng ngaturaken bekti dhateng tiyang aeng menika, Nyi Sarkara ingkang nggadhahi panggraita ingkang lantip, sampun tanggap kalihan menapa ingkang dados sasmitanipun ingkang jaler, kekalihipun lajeng nutugaken anggenipun wicanten sinartan atur sembah  "kula kekalih ngaturaken pangabekti Kanjeng".

"He he he he......." tiyang sepuh niku gumujeng nunten ngadeg, nyaketi ancak ingkang kala wau disumerepi dening Pradapa. Ancak ingkang isi sekul jangkep salawuhipun dipun angkat, dipun beta ing ngajengipun Nyai Sarkara kalih wicanten "Setiti, anakmu sing jeneng Pradapa kuwi dulangen dhisik, sajen kuwi duwekku dadi aja kowe kuwatir bakal kuwalat, merga sing ngongkon mangan kuwi aku. Nek anakmu wis wareg kowe ya melua mangan pisan. Aku tak jagongan karo bojomu dhisik".

 

"Ngaturaken genging panuwun Kanjeng, awit peparingipun tedha dhateng anak kula lan kula menika" Nyai Sarkara kanthi gemeter ngaturaken panuwun dhateng tiyang ingkang dereng dipun ngertosi sinten naminipun menika.

 

"He he he aja konjang kanjeng ngono kuwi, aku dudu bangsa Kanjeng jenengku Tambak, wong-wong nek ngundang aku Simbah Tambak utawa mBah Tambak lan sendhang sing mbok ombe banyune kuwi mau jenenge Sendhang Tambak, dijumbuhake karo jenengku sing nduweni jejibahan ngreksa sendhang kuwi" Tiyang sepuh ingkang jebul nami Tambak utawi mBah Tambak menika suka wangsulan dhateng Nyai Sarkara "Uwis saiki gage anakmu ndang didulang selak sansaya kaliren, nek wis kowe ya mangana sawaregmu nek turah bojomu ya si Sarkara kuwi kongkonen mangan pisan ben duwe tenaga, aku tak adus neng sendhang dhisik".

 

"Mangke rumiyin Kanje.... eh, mBah Tambak" Ki Sarkara gentos wicanten "kala wau ngendikanipun badhe mundhut pirsa dhateng kula tuwin badhe ngajak jagongan?".

 

"He Sarkara" mBah Tambak wicanten radi seru "sing duwe karep kuwi aku dudu kowe!. Dadi ya sakarepku ta? mau aku kepengin nakoni kowe, nanging saiki aku kepengin adus dhisik. Lan olehku kepengin ngajak jagongan kowe kuwi ya ora meksa, kowe kena ngladeni karepku ya kena nulak kuwi wewenangmu, nek kowe gelem tak jagongan ya entenana nganti rampung olehku adus, nanging nek kowe ora gelem tak jagongan kowe kena wae lunga saka kene sadurunge aku rampung adus, aku ya ora arep meksa supaya kowe nuruti karepku. Ngerti?".

 

Dipun suwanteni seru makaten menika sakala Ki Sarkara rumaos ajrih lan getun dene sampun kumawantun nyaruwe dhateng mBah Tambak ingkang badhe siram.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara wicanten kanthi suwanten gemeter ketang ajrihipun  "mangga menawi ndika ngersakaken badhe siram, saestu kula kanthi lila legawaning manah badhe nuhoni dhawuh ndika, kula purun malah kepara rumaos remen menawi saged jagongan kalih ndika".

 

mBah Tambak boten wangsulan, nanging malah lajeng mlampah njegur dhateng Sendhang. Ki Sarkara boten wantun ngalih saking papanipun lenggah. Sawatawis Nyai Sarkara lajeng ndulang anakipun mawi sekul ingkang wonten salebeting ancak. Dhasar sekulipun saking wos sosohan pethak, pantun menthik urang, wangi tur pulen. Kawewahan lawuhipun ulam ayam ingkang dipun panggang, sambel klapa ingkang dipun gangsa mawi sela bakaran, kulubanipun roning kates ingkang taksih nem. Menapa malih kawontenaipun Pradapa mila sampun sakalangkung ngelihipun, pramila dipun dulang biyungipun anggenipun nedha pun Pradapa inggih telap-telep, sakedhap-sakedhap mangap nedhi murih tutukipun dipun isi, Nanging boten dangu inggih lajeng kraos tuwuk lan wicanten dhateng biyungipun bilih wetengipun sampun wareg.

 

Sasampunipun rampung anggenipun ndulang Pradapa, Nyai Sarkara ugi lajeng nedha ngantos tuwuk. Salebeting manahipun Nyai Sarkara wonten raos ngungun, awit sanadyan sekul ing ancak kala wau ketingalipun namung sakedhik, nanging sareng dipun engge ndulang Pradapa saha dipun tedha piyambak, ketingal menawi sekul menika boten kirang, malah kados-kados taksih wetah jangkep kalihan lelawuhanipun.

 

"Kula sampun nedha lan sampun tuwuk Pakmu" wicantenipun Nyai Sarkara dhateng ingkang jaler "gentos ndika mangga dhahar rumiyin".

 

"Kowe kuwi apa lali ta mBokmu?" Ki Sarkara wangsulan kalihan pitaken "wiwit manten anyar biyen, aku iki nek mangan didhisiki bojoku, neng ati iki ana rasa sing ora kepenak banget banjur nyawang panganan kuwi rumangsaku kok banjur babar pisan ora nengsemake ngono lho? dadi pilih luwe timbang mangan panganan sing ora nyenengake".

 

Nyai Sarkara kraos kaget mireng wicantenipun ingkang jaler makaten kala wau. Sapandurat tiyang estri menika njetung, kedhuwung dene sampun lancang, ngrumiyini anggenipun nedha saderengipun ingkang jaler nedha. Nanging Nyai Sarkara ugi kemutan, menawi kala wau mBah Tambak anggenipun wicanten supados piyambakipun nedha rumiyin lan menawi turah nembe kapurih ngengken ingkang jaler supados nedha.

 

"Nyuwun pangapunten nggih Pakmu?" wasana kanthi suwanten ingkang alus lan alon Nyai Sarkara lajeng wicanten dhateng ingkang jaler "ingkang kula angge ndulang Thole lan ingkang sampun kula tedha niki wau saestu dede gadhahan kula piyambak, nanging sekul kagunganipun mBah Tambak, kala wau mBah Tambak paring dhawuh menawi Thole sampun tuwuk lan kula sampun nedha, supados ndika gentos ingkang nedha. Samangke kantun ndika purun nedha menapa boten sakersa ndika. Menawi kula kaanggep lepat awit sampun ngrumiyini nedha saderengipun ndika dhahar, kula nyuwun pangapunten dene menawi kedah nampi pidana kula saestu lila anglampahi........".

 

"Uwis mBokmu, uwis" Ki Sarkara wangsulan kanthi suwara groyok "sing gedhe pangapuramu, aku sing luput. Uwis saiki aku tak genti mangan, ketoke segane kok pulen lan lawuhe uga sajak gurih".

 

Ki Sarkara lajeng nedha kanthi dhokoh, telap-telep ketingal seger anggenipun nedha. Nyai Sarkara namung kendel mirsani anggenipun ingkang jaler nedha, kekalihipun boten ngertos menawi Pradapa sampun kala wau, angler anggenipun tilem ing pasuketan, ing wingkingipun Nyai Sarkara.  Anyarengi Ki Sarkara ngraosaken tuwuk padharanipun, mBah Tambak sampun mentas saking sendhang. Boten kados wau anggenipun nyandhang, samangke ketingal ngrasuk jarik trungtum, dipoun wiru endah, ngagem rasukan cemeng, anggenipun iket-iketan dipun jilid, rikmanipun dipun sisihaken dhateng wingking ketingal sakalangkung wibawa.

 

ana candhake.


Kamis, 02 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (006)

 

6.

Nalika samanten lampahipun Ki Sarkara lan kulawarganipun sampun tebih nilaraken laladan nagari Pajang. Inggih labet pados slamet ngendhani pangincim saking tiyang-tiyang awon ingkang dipun sraya dening Ki Dangsa, sodagar ingkang rumaos ewa dhateng Ki Sarkara. Inggih gandheng bidhalipun saking Pajang tiyang-tiyang menika boten mbeta sangu menapa-menapa, kajawi sandhangan ingkang tumemplek ing raganipun, pramila kangge mbudidaya murih boten pejah kaliren, langkung-langkung tumrap Pradapa ingkang rikala samanten nembe umur kinten-kinten tiga utawi sekawan tahun, Ki Sarkara tuwin semahipun sami gresek-gresek menapa ingkang saged katedha. Malah menawi kapepet ugi sok mantunaken manah, ngemis dhateng tiyang sanes. Anggenipun ngemis inggih namung kangge nyekapi murih anakipun boten pejah kaliren kemawon, dados menawi sampun pikantuk setunggal wungkus tetedhan inggih sampun. Kedadosan makaten menika lumampah ngantos pinten-pinten wulan, temah kawontenan raganipun titiyang menika sampun ewah tebih. Tilas-tilas menawi Ki Sarkara menika nate dados tiyang ingkang sugih bandha donya labet nggadhahi pakaryan dados sodagar alit-alitan, babar pisan boten ketingal tabetipun. Sedaya katingal kera-kera saha boten pakra, inggih kados limrahipun kere-kere ingkang boten cetha kandhangipun ngaten menika.

 

"mBok kendel rumiyin ta Pakne, suku kula kok kraos theklok sanget kados makaten" nalika lampahipun Ki Sarkara sabrayat dumugi satunggaling bulak ingkang wiyar, dumadakan Nyi Sarkara sambat sayah lan ngajak semahipun kendel.

 

"Iya leren ya leren, nanging ya golek enggon sing rada kepenak, ora neng panasan ngene iki" wangsulanipun Ki Sarkara sarwi nyawang semahipun ingkang ketingal sampun sayah sanget, inggih wiwit wau saderengipun pletheking surya ngantos samangke srengenge sampun ngglewang mangilen, mila dereng kendel anggenipun sami mlampah lan wiwit wingi inggih dereng sami nedha menapa-menapa, kajawi pun Pradapa ingkang wau kober nedha sekul wadhang tirahan kala wingi. Wekdal niku Pradapa dipun gendhong dening bapakipun.

 

"Inggih Pakne" wangsulanipun Nyi Sarkara kalih mripatipun nyawang mengajeng, watawis seket jangkah saking mriku ketingal wonten wit-wit ageng ingkang ngrembuyung pang-pangipun.

 

Saestu sasampunipun dumugi ing ngandhaping wit-witan ingkang ageng kasebat, ingkang pranyata wit Munggur. Ing ngandhaping wit menika wonten sendhang ingkang toyanipun bening lan ketingal nyarong.

 

Ing salebeting batos Ki Sarkara ngraos ngungun, dene ing papan ingkang tebih saking padhusunan makaten menika, teka wonten sendhang ingkang ketingalipun resik, mracihnani menawi asring kaambah dening tiyang. Nanging raos gumun kala wau enggal ical, awit sanaosa tebih saking padhusunan, nanging papan mriku dipun kupengi dening ara-ara ingkang jembaripun boten kantenan. Sanaosa wekdal niku ara-ara kala wau namung bera, nanging Ki Sarkara nggadhahi panginten menawi ing wanci boten mangsa ketigen, ara-ara menika tartamtu dipun olah lan dipun tanemi dening ingkang gadhah. Inggih ambok bilih kemawon, titiyang ingkang nggadhahi siti ing sakupenging sendhang menika ingkang asring saba dhateng mriku menawi mbetahaken toya.

 

Ki Sarkara sasampunipun ngandhapaken Pradapa saking gendhongan tumuli mlampah, mandhap dhateng sendhang lajeng ngunjuk toyaning sendhang sakatogipun. Nyi Sarkara ugi makaten, inggih boten maiben tiyang kekalihipun menika nembe kaliren, dados kangge ngisi padharanipun inggih lajeng sami ngunjuk. Benten kalih Pradapa sanadyan wetengipun ngelih nanging boten kados ngelihipun tiyang sepuhe. Nalika Ki lan Nyi Sarkara sami mandhap dhateng sendhang, Pradapa milih dolanan ing sacaketing sela ageng ingkang wonten sacaketing wit Trembesi ingkang ageng wau. Sela wau awangun kados pipisan nanging ageng, lan ing sandhingipun wonten sela alit ingkang wangun gandhik. Wonten malih sela ingkang wujudipun kados lumpang lan ing caketipun wonten sela ingkang awangun kados alu.  Dumadakan Pradapa ingkang nembe kasengsem ningali sela-sela ingkang rumaosipun aneh awit benten kalihan salumrahing sela menika, sumerep wonten ancak ing sangandhaping sela ingkang awangun lumpang. Ancak menika isi tetedhan maneka warna, wonten sekul jangkep salawuhipun, wonten tetedhan rupi kupat kalih lepet lan jajanan sanesipun. Lajeng ing sisihipun ancak wau wonten ancak malih ingkang isinipun pisang raja satangkep, dipun sisihi apem . Ing mriku ugi wonten Kendhi ingkang kucunipun sunumpetan mawi ron pisang.

 

Nyumerepi kawontenan makaten kala wau, boten sranta Pradapa lajeng mlajar murugi tiyang sepuhipun ingkang nembe kendel ing satepining sendhang.

 

"Alon-alon Dapa, aja mlayu mengko nek tiba?" Nyi Sarkara ingkang nguwatosaken menawi yoganipun dhawah awit playon ing papan ingkang radi miring, nuturi Pradapa.

 

"mBok aja dilokne, nek tiba mengko rak ya tangi" Ki Sarkara ingkang suka wangsulan dhateng semahipun "bocah lanang kuwi upama tiba merga playon utawa penekan kuwi lumrah".

 

"Anu Bapa, aku weruh anu......." Pradapa criyos dhateng Ki Sarkara bilih nembe kemawon sumerep tetedhan ingkang wonten ancak kala wau, nanging boten saged nyebat naminipun ingkang dipun sumerepi.

 

"Anu apa? Ula? Kadhal? apa.... apa?" Ki Sarkara semaur kalih mesem sumerep solahipun Pradapa ingkang ketingal lucu menika, sakeplasan raos ngelih lan sayahing badan saged kaslimur.

 

"Dudu kuwi Bapa" wangsulanipun Pradapa kalih mrengut.

 

"Lha apa? Kucing ? Rase apa liyane?" Ki Sarkara gumujeng alon.

 

"Ya dudu, deloken ta Bapa, ketoke enak lan legi Bapa" Pradapa nyobi nyethakaken menapa ingkang dipun criyosaken "deloken ta, kae lho neng ngisor wit!".

 

"mBok cobi ditingali ta Pakmu!" Nyi Sarkara numpangi rembag "kok sajak nyalawadi".

 

Ki Sarkara ngadeg, lajeng mlampah nuruti lampahipun Pradapa ingkang semu nggeret tanganipun.

 

Sareng dumugi panggenan ingkang dipun kajengaken dening Pradapa lan sumerep ancak sarta isinipun, Ki Sarkara sakala mlengak. Nitik kawontenanipun ancak saisinipun menika dereng dangu anggenipun sumeleh wonten mriku. Nanging sinten ingkang nyelehaken? ing mriku boten ketingal menawi wonten tiyang sanes kajawi namung piyambakipun tuwin semah lan anakipun kemawon.

 

"Ketingalipun menika kok sesajen ta Pakmu?" Nyi Sarkara ingkang ugi sampun sumerep ingkang wau dipun criyosaken Pradapa pitaken dhateng semahipun. Ki Sarkara boten semaur, namung manthuk ngleresaken pangucaping semahipun.

 

"Kuwi dipek banjur dimaem oleh ya Bapa?" sareng dipun tengga radi dangu Ki Sarkara namung kendel kemawon, Pradapa ingkang ngraosaken wetengipun sansaya ngelih, lajeng pitaken dhateng tiyang sepuhipun.

 

"Inggih Pakmu" Nyai Sarkara mbumboni pitakenipun Pradapa, awit Ki Sarkara boten enggal paring wangsulan "menawi menika sesajen, padatanipun menawi sampun dipun tilar dening ingkang yasa, rak lajeng kenging dipun surut?".

 

"Mengko dhisik ta Bokmu" wangsulanipun Ki Sarkara sajak ngatos-atos "aja gampang melik barang kang melok kesusu selak muluk, awake dhewe kudu eling unen-unen sing mulangake yen Desa mawa cara, negara mawa tata, ngana kae".

 

"Kajengipun pripun niku Pakmu?" Nyi Sarkara ketingal dereng mudheng kalih ingkang dipun kajengaken sing jaler.

 

"Yen cara nggone dhewe biyen, pancen bener kaya sing mbok kandhakne mau" kanthi sabar Ki Sarkara nuturi estrinipun "sesajen kuwi nek wis ditinggal dening sing nyelehne, wong liyane sing weruh lan kepengin njupuk sesajen kuwi pancen ora ana sing ngluputake, jenenge nyurut. Nanging kuwi cara ing nggone dhewe, lha nek neng kene, cara ngono kuwi padha cak-cakane apa ora? kuwi awake dhewe rak durung ngerti ta? dadi ya aja kesusu tinimbang mengko dadi kleru".

 

Nyi Sarkara namung kendel boten wangsulan, piyambakipun ngertos kalih ingkang dipun criyosne dening ingkang jaler.

 

"Gage ta Bapa, ndang dijupuk, wetengku wis luwe banget lho!" Pradapa ingkang sampun kepengin nedha kasurung dening raos ngelih ing wetengipun, boten maelu dhateng rembagipun bapa tuwin biyungipun, ngengken Ki Sarkara murih enggal mendhet sesaji ing ngandhaping wit Munggur menika.

 

"Aja ya Le, ora becik" Ki Sarkara gage anggenipun mangsuli "njupuk lan mangan barang sing dudu duweke kuwi jenenge laku sing ora becik, bisa kuwalat!".

 

"Nanging kuwi rak ora ana sing duwe ta Bapa?" Pradapa panggah ngeyel.

 

"Barang kok ora ana sing duwe ki piye ta Le?" Ki Sarkara sabar mangsuli ucapipun Pradapa "kabeh barang kuwi mesthi ana sing duwe, awake dhewe wae sing durung ngerti sapa sing nduweni panganan kuwi kabeh, sing cetha dudu awake dhewe lan upama nganti awake dhewe njupuk lan mangan panganan kuwi bisa kuwalat".

 

"Nanging wetengku wis luwe banget lho Bapa?" Pradapa wiwit prembik-prembik arep nangis ketang anggenipun sampun sawatawis dangu ngampet raos ngelihing wetengipun.

 

Nyi Sarkara ingkang estunipun nggadhahi pamanggih meh sami kalih Pradapa namung kendel boten wantun nyaulu ingkang jaler, ajrih menawi Ki Sarkara nesu, mila lajeng wicanten ngajak nglajengaken lampah murih boten kegodha melik sesajen ing ngadhap wit Trembesi wau.

 

"Mangga Pakmu ndang nglajengne lampah mawon, mugi-mugi enggal panggih tiyang ingkang purun nglintoni tenaganipun piyambak kalih sekul kangge tedhanipun si Thole" lajeng Nyi Sarkara gentos ngandhani yogane "ayo Nang, mlaku maneh sedhela engkas Bapa rak ndang oleh sega, nek neng kesuwen neng kene ya sapa sing arep menehi?".

 

"Nanging saiki aku wis luwe banget Biyung......" Pradapa semaur sajak taksih kepengin saged nedha panganan sesajen ingkang dening bapakipun boten angsal dipun pendhet kala wau.

 

Radi sawatawis Ki Sarkara nuturi lan mbujuk Pradapa supados boten rewel lan murih purun dipun ajak nerasaken lampah, nanging Pradapa boten nggega malah lajeng nangis sambat ngelih.

 

"He he he..... iki ana wong ngerti nek anake luwe kok malah dipeksa dijak mlaku? Kok bodho temen, wong neng kene ana panganan sing keneng dipangan kok malah arep ditinggal lunga?" boten ngretos sangkan paranipun, dumadakan Ki Sarkara sabrayat dipun kagetaken dening suwantenipun tiyang gumujeng lan maido dhateng Ki Sarkara, kawasatanan bodho . Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng tumoleh ningali sinten ingkang nembe dugi menika.

 

 

ana candhake.


Selasa, 31 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (005)


 5.

Sing diarani dening Tanggon Guwa kuwi mau jebul mung wujud papan sing jembare watara rong puluh jangkah mubeng sing dikupengi punthuk-punthuk rada dhuwur, mung ing sisih kidul saka panggonan kuwi ana papan sing kaya erong gedhe manggon neng ngisore punthuk.  Papan sing kayoman dening ngrembuyunge pang saka wit-witan sing gedhe-gedhe kuwi uga dipayoni nganggo alang-alang garing sing diwelit lan digapit, rapet dadi kena kanggo ngiyub manawa ana udan sing tumiba utawa kanggo nadhahi tumurune banyu ebun ing wanci bengi.

 

Tekane Tangon sing ditutne karo Pradapa, Rangga lan Marga pranyata nuwuhake rasa seneng saka Pahing, Tolu lan Pangkas sing dina kuwi kudu leren mandheg ora oleh metu saka guwa, merga sing kejatah golek pangan kanggo dina kuwi uga ngulat-ulati kahanan sajabane guwa, tiba gilirane Tanggon. Wong telu kuwi banjur padha kanthi grapyak semanak njagongi sing lago padha teka.

 

"Saestu kula boten nginten menawi dinten niki kula saged kepanggih kalih ndika Gus Dapa" kandhane Tolu makili kanca-kancane "sanaosa kula ngertos bilih nalika samanten ingkang dhawahaken paukuman tundhung dhateng kula tiyang sekawan niki, murih kesah saking Kepuh Agal mila nDika Gus Dapa, nanging kula tiyang sekawan ugi ngertos bilih anggen ndika ndhawahaken paukuman tundhung dhateng kula  tiyang sekawan niki estunipun namung kangge ngayomi kula lan kanca-kanca saking wentalanipun Lurah Danara miwah murid-muridipun Kyai Daka".

 

"Iya Paman" wangsulane Pradapa alon, sanajan tatu neng lempenge wis ora krasa lara, nanging kekuwatane Pradapa durung pulih, isih krasa lemes lan kurang daya. Tanggon sing wis ngerti yen Pradapa lagi nandhang tatu, banjur mbisiki Pangkas. Sing dibisiki manthuk-manthuk banjur mundur alon-alon rada mire, ngalih ing peranganing guwa sing kaling-kalingan wit gedhe, Tanggon ngetutne ana mburine.

 

"Aku dhewe uga ora ngira yen aku bakal ketemu karo ndika kabeh ing papan kene" Pradapa nutugne anggone wangsulan "malah iki mau upama ora awit oleh pitulungan saka Adhi Rangga lan Adhi Marga, sing nyingidake ragalku sing wis ajur amoh mergakena gegamane para andhahane Lurah Danara, lan uga banjur diusadani nganggo carane Dewa paring usadam kira-kira aku ora bakal bisa ketemu ndika kabeh kanggo selawas-lawase. Merga miturut petungan nalar lumrah, tatu sing ana lempengku merga kena disawat Kudhi dening si Parwa, kudune wis ora bisa ditulungi maneh. Nanging iya awit mandining tamba sing didarbeni Adhi Marga ora nganti ngentekne wektu seprapat dina, tatuku wis pulih".

 

"Sing ndika kandhakne kuwi mau ana sing ora bener Kakang Pradapa" Marga nyaru wuwus nugel omongane Pradapa.

"Boten leres? ingkang lepat ingkang pundi Adhi?" Pradapa takon sajak gumun, merga rumangsane sing diomongne kuwi mau ya jumbuh karo kahanan sing dilakoni.

 

"Dudu tamba lan caraku mbudidaya murih tatu ndika enggal waras sing ndadekne ndika isih bisa urip tekan saiki, nanging kabeh mau mung awit saka Maha Asihe Gusti marang kawulaNe" wangsulane Marga aweh piwulang supaya menungsa ora gampang nglalekne kamurahaning Gusti.

 

"Inggih-inggih Adhi" wangsulane Pradapa "Adhi Rangga lan Adhi Marga lakar namung dados srana kawilujengan kula".

 

"Nyuwun pangapunten Gus Dapa" dumadakan Tolu bali guneman "estunipun kadospundi larah-larahipun ngantos ndika  keplajeng lan dados buronipun Ki Lurah Danara menika? kamangka sadangunipun menika Gus Dapa tansah ngalah lan boten nate nglanggati pikajengipun Lurah Danara ingkang saben-saben tansah pados dadakaning pasulayan menika?".

 

"Kuwi rada dawa critane Paman Tolu" wangsulane Pradapa "lan kanggo crita minangka wangsulan marang ndika kuwi, lagi bisa tak kandhakne mengko yen wis rampung olehku atur wangsulan marang Adhi Rangga lan Adhi Marga kang uga mbutuhne crita sing rada dawa yen wis rampung lagi aku bisa aweh wangsulan marang ndika lan marang Paman Tanggon sing mau uga nakokne perkara kang padha karo pitakon ndika marang aku lagi wae iki mau".

 

"Manawi makaten, inggih mangga Gus Dapa wawan pangandikan rumiyin kalih Adhi kekalih menika, murih boten angreregoni anggen ndika badhe rerembagan, kula kalih Adhi Pahing tak mire sawatawis nusul Adhi Tanggon lan Adhi Pangkas ing pepengkeran" kandhane Tolu sabanjure banjur ngatag Pahing diajak ngalih "ayo Dhi, mire sauntara aja ngregon-ngregoni Gus Dapa lan Adhi Rangga sarta Adhi Marga wawan pangandikan".

 

"Ora prelu ngalih Paman" wangsulane Pradapa "malah kepara padha mlumpuka ana kene, prelune mbok menawa ana kliwatane critaku Paman-paman sing uga ngerti lelakon sing arep tak aturne marang Adhi Rangga lan Marga mengko, bisa nggenepi critane. Lan mbok menawa wae, kanthi melu nyemak apa sing bakal tak aturake marang Adhi Rangga lan Adhi Marga mengko, pitakonan ndika lan pitakone Paman Tanggon katut bisa oleh wangsulan".

 

Tanggon karo Pangkas sing mau ngalih, mbalik mara mrono maneh, karo nggawa panganan sing diwadhahi tampah, uwi gembili godhogan karo daging kidang sing wis diolah prasaja kanthi dipanggang dibumboni uyah. Sauntara minangka ombene banyu tawa sing diwadhahi ing jero Kendhi.

 

"Nyuwun pangapunten Raden, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga saha Gus Dapa" kandhane Tanggon karo nyelehne tampah sing disangga ing dhuwur Theple sing dienam saka blarake kelapa "mangga katuran ngrahabi tetedhan pala kependhem saking wana saha ulam kidang asil mbebedhag kala dalu".

 

"Matur nuwun Kakang" sing aweh wangsulan Rangga sing banjur kandha marang Marga "lha uwi putih mau katut mbok gawa mrene apa ora Dhi?".

 

"Ingkang mbeta mriki kula Adhi" sing aweh wangsulan malah Tanggon "ingkang sampun bakaran nembe kemawon kula tedha kalih Adhi Pangkas, lha ingkang taksih mentah kula wor kalih pala kependhem anggen kula pados ing pengkeran".

 

"Oo, ya wis mau aku kober kuwatir nek olehku ndhudhuk uwi alus esuk mau jebul ora kepangan" kandhane Rangga sabanjure.

 

"Inggih Adhi" genti Pradapa sing guneman "mangga enggal dipun rahabi mawon, saderengipun kula lajengaken ngaturaken lelampahan kula dhateng Adhi kekalih".

 

"Iya Kakang" wangsulane Rangga "mangga".

 

Dhasare wis padha ngelih kabeh, mula sanadyan mung wujud pala kependhem digodhog, karo dilawuhi iwak kidang sing mung dipanggang lan dibumboni uyah thok, ewa samono kabeh padha ngrasakne enake panganan sing lagi dirahabi. Bubar mangan banjur padha gentenan nglangga banyu tawa saka jerone kendhi, krasa seger lan nuwuhake kasumyahan marang sakujuring raga.

 

"Criyosipun rumiyin niku, rak makaten ta Dhi" kandhane Pradapa sawuse padha rampung olehe padha mangan .

 

"Iya, kepiye Kakang Pradapa?" Rangga wangsulan karo takon.

 

"Criyosipun ingkang rumiyin manggeni papan ingkang samangke kasebat Dhukuh Kepuhagal utawi Kepoh Agal, menika rak Bapa tuwin Biyung kula?" Pradapa miwiti crita.

 

"Ngono Kakang ya?" Marga nyela rembug.

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa nutugne crita "Tiyang Sepuh kula rumiyin suwaunipun tiyang saking laladan Pajang, gesang minangka bakul utawi nindakaken lampah dagang, dados gesangipun inggih kenging winastan sampun cekap. Nanging andilalah garising pesthi ingkang kedah dipun pidak dening tiyang sepuh kula lan anakipun inggih menika kula, ngedahaken nglampahi gesang kesrakat ketula-tula dados tiyang klambrangan temah ngantos dumugi papan ingkang samangke sinebat Dhukuh Kepoh Agal menika".

 

"Kok Bisa mangkono Kakang?" Rangga sumela takon.

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa karo nutugne critane "meh sareng jamanipun Ki Gedhe Mataram nilar kitha Pajang saperlu mbabad wana Mentaok kalihan putranipun ingkang samangke jumeneng ing Mataram, inggih Gusti Panembahan Senapati, tiyang sepuh kula nampi pacoban saking Gusti Ingkang Paring Gesang. Griyanipun tiyang sepuh kula kadugen Kampak ingkang dipun sraya dening salah satunggaling sodagar ingkang boten remen dhateng tiyang sepuh kula. Sedaya barang pengaji lan isen-isening griya dipun tedhi srana peksan, lajeng griya dipun obong ngantos telas. Bapa kalihan biyung sarta kula dipun tundhung murih kesah, menawi boten purun badhe dipun pejahi. Inggih awit karoban mengsah, tiyang sepuh kula babar pisan boten saged suka panglawan. Inggih saderengipun griya telas kamangsa ing latu, Bapa tuwin biyung nganthi kula kesah nilaraken dhusunipun. Kesah sapurug-purug dados tiyang papriman".

 

"Ing ngarep mau ndika dhawuh, yen sing wiwitan manggon neng Dhukuh Kepuh Agal kuwi wong tuwa ndika, kuwi critane kepriye?" Rangga munggel rembug kanthi pitakonan.

 

"Menika kalampahan awit Bapa nindakaken dhawuh piwucalipun Kyai Juradah lan Kyai Asmarasanta" Pradapa aweh wangsulan.

 

"Sapa maneh kuwi?" Marga sumela takon.

 

"Kekalihipun menika abdi kinasih saking Sang Hyang Bathari Setyawati, inggih Ratuning para lelembat ing Kraton Ngiyom, ingkang menawi kasawang mawi mripat limrah wujudipun inggih namung Sendhang alit ingkang mapan ing Kidul mrika radi sawatawis tebih saking papan mriki. Dene jangkeping cariyos kados makaten ...................."

 

 

ana candhake


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...