Total Tayangan Halaman

Senin, 20 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (020)

20.

Aku ora enggal semaur aweh wangsulan marang rerigen sing diusulne dening Makara iki, aku ora ngerti ya gene Makara duwe karep mangkono kuwi. Jalaran layang palilah sing ora ana tapak astane Rama Tumenggung lan luwih-luwi ora dipikuwati sarana cap Dalem Katumenggungan, kuwi ora duwe kekuwatan apa-apa. Makara uga ngerti prakiara kuwi, nanging ya gene dheweke malah ngongkon aku supaya aweh layang sing ora ana gunane kuwi marang Waraka?  Kanggo apa?.

"Kula ngertos Gus" Makara guneman maneh "Serat Palilah ingkang kula kajengaken kasebat babar pisan boten nggadhahi daya menapa-menapa, jalaran menika dede Serat Palilah ingkang saestu. mBok bilih jengandika Gus Wanda mastani bilih Serat ingkang kula suwun jengandika ingkang tapak asta menika boten wonten ginanipun.........".

"Pancen ora gunane Kakang" wangsulanku nigas rembuge Makara.

"Tumrap Nagari Majapahit mandhapipun tumrap Dalem Katumenggungan mila makaten Gus" Makara wangsulan karpo mesem "nanging tumrap Ki Waraka, Serat jengandika mangke ing tanganipun Ki Waraka saged dados dedamel ingkang sakalangkung sekti".

"Kersane ndika?" Aku nyelani nganggo pitakonan.

"Menika makaten Anakmas" Ki Suwela nrambul gunem, sawuse Makara ngedhepi wong tuwane kuwi "eber-eber utawi bebadra kados ingkang dipun lampahi dening wayah kula pun Waraka makaten menika mila nembe usum kalampahaken dening para tiyang ingkang radi turah bandhanipun ing pundi-pundi panggenan. Lan tartamtu kemawon titiyang ingkang sami-sami nglampahaken panggaotan makaten menika sami pados limpe setunggal lan setunggalipun, liripun dipun padosi murih saged ngendhih lan nggentosi papan panggautaning tiyang ingkang sampun rame, lajeng dipun panggeni piyambak".

"Makaten Ki Suwela?" aku takon "lajeng sambetipun kalih Serat ingkang dipun kersakaken Kakang Makara kala wau?"

"Ing pundi-pundi Panggautan menika ingkang radi angel manggen ing Serat Palilahipun, kamangka Panggautan jinis makaten menika menawi boten wonten Serat Palilah saking nagari, sok sintena kemawon kanthi pawadan pikajengipun tiyang kathah, saged kemawon meksa dhateng ingkang gadhah papan panggautan menika murih mandheg anggenipun nggauta menawi prelu inggih mawi cara ingkang kasar, papan panggautan menika saged dipun orak-arik malah sok ngantos dipun besmi. Adhakanipun, titiyang ingkang tumindak makaten menika inggih namung awit nampi opah dening tiyang ingkang melik lan kepengin nggadhahi papan panggautan ingkang makaten kala wau. Lha titiyang ingkang bidhalipun awit sampun nampi opah kasebat, badhe boten saged tumindak menapa-menapa menawi Waraka saged nedahaken Serat Palilah, lan tiyang-tiyang  opahan menika boten badhe ngertos menggah kekiyataning Serat ingkang badhe jengandika tapak astani lan kaparingaken dhateng putu kula pun Waraka mangke".

"Nanging menawi kula yasa Serat makaten menika sami kemawon kula nglancangi kawicaksananipun Gusti Tumenggung Jati Kusuma, Ki Suwela?" aku aweh weruh yen rerigene Makara sing disengkuyung dening Ki Suwela kuwi ora bener merga ndhisiki kersane Rama Tumenggung sing durung karuwan nyarujuki isine layang sing arep tak gawe.

"Menika rak namung kangge sawatawis kemawon ta Anakmas?" Ki Suwela aweh wangsulan "mangke menawi keng Rama, inggih Gusti Tumenggung Jatikusuma sampun tapak asta ing Serat Palilah ingkang saestu, Serat saking jengandika Anakmas menika saged dipun pundhut wangsul malih. Lan kula pitados, Gusti Menggung tartamtu boten dangu malih badhe nukulaken Serat Palilah dhateng putu kula Waraka, jaragan sadangunipun menika boten wonten kawula ing sakiwa tengenipun papan anggenipun nggaota putu kula menika ingkang dugi ing Dalem Katumenggungan nelakaken anggenipun kawratan awit panggaotanipun Waraka menika".

"Nanging menawi Gus Wanda ngersakaken menggalih langkung rumiyin ugi boten menapa-menapa Gus" Makara ngimbuhi rembug "lan murih saged kinarya lelimbangan, mangke dalu kemawon Gus Wanda kersaa kula dherekaken rawuh ing griyanipun Ki Waraka, kajawi kangge damel leganipun Ki Waraka miwah semahipun, ngiras pantes kangge niti priksa kados pundi wujuding panggaotanipun Ki Waraka ingkang kasuwunaken Serat Palilah menika, sanaosa menika paniti priksa ingkang nembe ing samudana".

Pamrayogane Makara sing keri dhewe iki tak rasakne cocog karo unine angen-angenku, mula iya banjur tak saguhi. Mengko bengi aku arep budhal nekani ulemane Waraka sing nengeri telung sasi olehe ngandheg bojone sing angka telu kuwi.

Bubar surup srengenge, Rama Tumenggung Jatikusuma lagi rawuh saka Kutharaja. Salirane katon yen sayah banget, mula ya ora maido yen wengi kuwi sawuse siram lan dhahar wengi, Rama Tumenggung banjur kadherekne Nyai Menggung, manjing ing papan pasareyane. Aku ora kober matur yen wengi kuwi aku arep nekani uleman saka Waraka.

Sawuse meling marang para abdi dalem Katumenggungan, mligine sing kajibah rondha, supaya temen-temen nggone nindakne jejibahane, sarta mengko sawayah-wayah ana sing mbutuhake aku, salah siji saka wong-wong kuwi tak prentah supaya nusul aku menyang omahe Waraka, aku karo Makara lan Ki Suwela bebarengan budhal menyang omahe Waraka. Ora mung Ki Suwela lan Waraka sing budhal mbarengi aku, malah Nyi Suwela lan sisihane Makara uga padha melu. Mula sanadyan papane sing dituju ora pati adoh, nanging Ki Suwela ngetokne kretane sing gedhe, sing cukup diiseni wong lima lan isih krasa longgar. Kretane Ki Suwela kuwi digeret jaran cacah loro sing gedhe-gedhe, dadi babar pisan ora krasa abot yen kretane mung diiseni wong lima, klebu aku. Mula aku, sing maune arep ngetokne jaran Kyai Bandhangangin, kanggo tak tunggangi, ora sida amarga Ki Suwela mrayogakne supaya aku tunggal sakreta karo dheweke.

Karo mlaku Ki Suwela ora leren-leren anggone kojah, nyritakne wong tuwane Waraka sing duwe sipat loman lan wicaksana. Mula sanajan Waraka kuwi mung mijil saka bojon selir, nanging olehe ngrengkuh kaya anak sing lahir saka bojo sing asli. Sanajan sawise Waraka umur telung tahun, banjur ditinggal lunga, bali menyang negarane ing Tanah Cempa, nanging ditinggali bandha donya sing ora karuwan akehe. Meh pendhak tahun, ana utusan saka Ki Wancu saka Cempa, nemoni Nyai Sunthi ngaturake bandha kanggo nyukupi kabutuhane Waraka lan biyunge. Lha saka akehe kiriman saka Cempa kuwi, dening Waraka banjur diubetake dadi pawitan nggone miwiti nggaota. Aku mung meneng karo kala-kala ngiyani apa sing dikojahne Ki Suwela. Samono uga Makara sing wengi kuwi dhapuk dadi kusir, nyekeli lising jaran sing nggeret kreta. Nyi Suwela lan Nyi Makara mung meneng karo tumungkul ora nyuwara apa-apa.

Tekan papan sing dituju kahanan katon reja, ing plataran omahe Waraka diubengi diyan Ting sing ditata jejer taharik-thaik saben sadhepa ana ting sing dipapanake ana ndhuwur digantungne ing cagak sing digawe saka pring. Banjur ing tengahing plataran katancepan oncor gedhe sing padhange kagila-gila, oncor sing uripe saka lenga gajih sing ora akeh ngetokne kukus. Dadi nadyan wengi nanging ing plataran kuwi katon padhang prasasat kaya wayah awan.

Nalika aku mudhun saka Kreta ditutne Ki Suwela, saka jero omah Waraka daya-daya mapagne tekaku ditutne bojone sing jare arep ditengeri olehe ngandheg kuwi. Wong loro genti-genti ngaturake sembahe marang aku, ulate padhang sumunar nuduhne rasa senenge merga aku wis gelem nekani ulemane. Wola-wali wong loro kuwi ngaturke panuwun. Aku mung wangsulan karo mesem sing uga tak cakne mawa ulat sing padhang.

Aku karo Ki Suwela banjur dikanthi didherekne mlebu palungguhan ing pendhapa, mapan ing sisih njero ngadhepake plataran, lan ngadhepi wong pirang-pirang sing wis ana kono, dijejeri dening Waraka lan sisihane. Ora suwe Makara banjur nyusul, sauntara Nyai Suwela lan Nyi Makara bablas memburi kumpul karo dhayoh-dhayoh wadon liyane.  Marang dhayoh-dhayoh sing ana kono, Waraka ngandhakne nepungne aku. Wewakile Gusti Tumenggung Jatikusuma sing (jatene Waraka marang dhayohe) priyagung ambeg wicaksana sing wis kepareng ngrawuhi lan minangkani kang dadi panyuwune. Wong-wong sing padha krungu apa sing dikandhakne Waraka, banjur padha muji rahayu, karo tangan sikep sembah kalbu aweh pakurmatan marang aku.

ana candhake.

Rabu, 15 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (019)

19.

Nalika para punggawa Dalem Katumenggungan wis wayahe bali, Ki Suwela lan Makara isih durung metu saka Dalem Katumenggungan. Kekarone padha lungguhan ing papan kang padatan kanggo nyambut gawe Ki Suwela. Aku sing weruh yen isih ana punggawa sing durung bali, banjur nyedhaki, arep takon ana mbok menawa ana perkara wigati sing durung bisa dirampungne. Merga padatan kuwi nek ana punggawa olehe bali rada kasep merga ana gaweyan sing durung bisa dirampungne lan mbutuhne pambiyantuku kanggo ngrampungake, malah sok-sok uga ana sing olehe ngasep anggone mulih merga butuh golek silihan dhuwit kanggo nyukupi kabutuhan sing ora dingerteni sadurunge, padatan nek ngono kuwi aku banjur mbukaki bothekan kanggo tak silihne, kanthi janji suk nek wancine tampa blanja kudu dibalekne.

"Dereng kundur ta Ki Suwela niki wau?" pitakonku sawuse mapan lungguh neng sandhinge Ki Suwela sing diadhep anake lanang, Makara.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela "anu, menawi kepareng badhe matur dhateng anakmas, badhe nyuwun senjata pitulungan".

Aku rada gumun, nek sing butuh arep nyilih bdhuwit kuwi liyane wong loro kuwi aku ora kaget, lha nek Ki Suwela? arep njaluk tulung kuwi apa ya arep nyilih dhuwit?. Bares wae pikiranku mung tekan semono, lire ora mikir tekan ngendi-endi, merga padatan punggawa yen baline ngasep banjur nembung arep njaluk tulung kuwi, ya mung arep nyilih dhuwit. Nanging nek Ki Suwela kok sajak mokal, merga neng omahe wong loro kuwi ora bakal kurang enthong utawa irus maneh, jeneh bandhane neng omah numpuk. Lha nek ora arep nyilih dhuwit, banjur arep njaluk tulung apa?.

"Ki Suwela badhe ngersakaken menapa?" aku banjur takon, olehku takon tak gawe ngati-ati murih aja nganti nyenggol pangrasane wong tuwa sing tau duwe rasa serik marang aku magepokan karo kanugrahan sing tak tampa saka Rama Tumenggung Jatikusuma, kuwi.

"Boten kangge kula pribadi Anakmas" Ki Suwela banjur miwiti kandha, sauntara Makara katon melu migatekake tembunge wong tuwane "nanging kangge putu kula pun Waraka".

"Inggih?" aku nyelani rembug takon "menapa ingkang dipun kersakaken Ki Suwela kangge Ki Waraka?".

"Makaten Anakmas" Ki Suwela nggenahne sing dadi karepe "inggih saderengipun kula nyuwun pangapunten, menawi kaanggep lancang. Menika lho anakmas, prakawis Serat Idipalilah saking Katumenggungan kangge putu kula pun Waraka anggenipun eber-eber mbikak wande, mbok inggiha menawi wonten dhanganing panggalihipun anak mas Suwanda, enggala kaastakaken".

"Oo.... menika ta Ki Suwela?" aku rada nggragap krungu tembunge Ki Suwela sing mangkono kuwi, merga nitik saka olehku rembugan karo Rama Tumenggung mau bengi, Rama Tumenggung ngersakne supaya aku luwih ngati-ati lan ora grusa-grusu yasa layang kanggo aweh palilah marang Waraka, awit olehe yasa warung ing cedhak prapatan pasar kuwi ora mligi dodolan barang sing lumrah dibutuhake wong-wong kene, nanging uga dodolan omben sing marakne wuru, malah uga yasa papan kanggo nyuntak hawa nepsune wong lanang kanthi nyawisi wadon palanyahan barang.

Aku duwe pangira yen Ki Suwela katone uga wis tanggap karo watak lan sikepe Rama Tumenggung sing ora seneng marang tindak mendem-mendeman lan dol tinuku katresna sing mung sagebyaran ngono kuwi. Lan saiki Ki Suwela minangka simbahe Waraka dijokne supaya nembung marang aku, murih olehe golek sandhang paangan Waraka kanthi dalan sing ngemu laku sing ora disenengi Rama Tumenggung kuwi bisoa oleh idi palilah saka Katumenggungan. Pancen rada ewuh oya yen kudu ngadhepi kahanan sing kaya ngene iki. Aku isih kepengin mangun sesambungan karo Ki Suwela lan Waraka murih wong loro kuwi ilang rasa sengite marang aku lan wiwit katon ana asile, lan yen panjaluke Ki Suwela iki ora tak pinangkani, tan wurunga bakal ngrenggangake sesambungan sing wiwit arep pulih saka rengkane iki. Nanging yen kongsi tak turuti, aku mesthi bakal oleh duka saka Rama Tumenggung, jalaran kanthi cetha Rama Tumenggtung wis paring pitutur lelandhesan resiking nalar lan unine paugeran sing lumaku, laku sing ditempuh Waraka kanggo nambahi kasugihane kuwi bakal mbebayani tumrap dina ngarepe wong-wong ing laladan kene.

"Kados pundi Anakmas?" sawuse rada suwe aku ora wangsulan, Ki Suwela banjur takon.

"Inggih Ki Suwela" karo rada groyok aku aweh wangsulan "estunipun prakawis ndamelaken Serat Palilah dhateng Ki Waraka anggenipun bikak wande menika kenging dipun wastani gampil. Nanging..........."

"Nanging kados npundi Anakmas?" Ki Suwela nigas rembugku "menawi gampil mbok inggih enggalk dipun astakaken kemawon?, sampun kuwatos Anakmas, kula ingkang badhe tanggel, menawi Anakmas sampun maringaken Serat Palilah kala wau, Putu kula pun Waraka menika larenipun ugi wasis ing babagan atur panuwun saha males budi sae ingkang sampun dipun tampi, saestu menika Anakmas, kula wantun dados tanggelanipun".

"Boten prakawis menika Ki Suwela" aku wangsulan, sanajan sajroning ati krasa runtik merga tembunge Ki Suwela sing kumawani ngiming-imingi aku kanthi tembung yen Waraka kuwi bocah sing wasis males budi, nanging runtike atiku isih bisa tak empet, aku ora kepengin ana rembug sulaya antarane aku karo Ki Suwela. "Prakawisipun menika sampun cetha, jumbuh kalihan tatacara ingkang sampun kaweca ing paugeraning nagari, saderengipun damel Serat Palilah menika kula langkung rumiyin kedah niti priksa kanthi premati, kados pundi menggah lampahing wande ingkang dipun bikak dening Waraka menika".

"Inggih, inggih Anakmas" Ki Suwela semaur karo ngguyu lirih "dados Anakmas Suwanda ngersakaken mirsani kawontenan lan lampahipun wande gadhahanipun putu kula menika? Lajeng benjing menapa Anakmas kepareng rawuh mrika?".

"Kula kinten benjing enjing saged Ki" wangsulanku "kula kedah nganthi punggawa Dalem Katumenggungan cacah kalih, kangge mikuwati saha anekseni asiling panyawang kula dhateng ingkang kula tingali menika mangke. Sasampunipun kaleksanan, sedaya asiling panitipriksa ingkang kula lampahi, badhe katur ing ngarsanipun Rama Tumenggung Jatikusuma, lha ingkang wenang paring putusan pikantuk menapa botenipun Palilah menika wonten ing astanipun Rama Tumenggung, kula namung saged nyawisaken seratipun lan ingkang tapak asta sarta kapikuwat kalihan cap Katumenggungan , menika inggih Rama Tumenggung piyambak".

Ki Suwela meneng, ora enggal aweh wangsulan marang katrangan sing tak kandhakne ngono kuwi mau. Bareng wis rada sauntara kahanan sidhem, Makara genti guneman, suwarane keprungu las-lasan, ngati-ati :

"Nyuwun pangapunten Gus Wanda".

"Iya, piye Kakang?" aku wangsulan alon.

"Estunipun, sedaya rak inggih sami ngertos bilih ingkang boten wenang nampi Serat Palilah menika rak namung panggautan utawi tindak ingkang nerjang angger-anggering nagari ? Saha wontenipun kuwajiban ingkang kedah jengandika tindakaken inggih menika niti priksa kawontenan saha lampah panggaautanipun Ki Waraka lan sanesipun menika, murih jengandika uninga wande ingkang kangge nggaota Ki Waraka menika nerjang paugeraning nagari ingkang wonten menapa boten ?. Tuhu leres, menawi jengandika Gus Wanda mila dereng nate pirsa kawontenan saha lampah ing wandenipun Ki Waraka, nanging kula menapa dene Bapa Suwela, sampun ngertos jawi lebeting wandenipun Ki Waraka menika, lan miturut pamanggih kula menapa dene Bapa Suwela anggenipun nggaota Ki Waraka menika babar pisan boten wonten ingkang cengkah kalih pranatan miwah angger-anggering nagari, menapa paseksen kula kalih Bapa Suwela menika badhe jengandika tampik Gus Suwanda?" Makara muni rada akeh, sanadyan tembunge keprungu alus nanging melehake aku supaya gelem percaya marang dheweke lan wong tuwane.

"Ngene ya Kakang Makara" aku wangsulan alon "dibedhela dhadhaku, mengko bakal katon nek atiku kuwi ora ana rasa ora percaya marang kakang Makara apa dene marang Ki Suwela, nanging kaya sing wis tak aturake marang Ku Suwela mau, wewenangku kuwi mung nitipriksa kahanane papan panggaotan sing mbutuhake Layang Palilah saka Gusti Tumenggung, lan asiling panalitiku kuwi minangka bukti marang Rama Tumenggung, dadi sesuk aku bakal nganakne paniti priksa ing warunge Ki Makara lan asile kabeh bakal dadi atur ing ngarsane Rama Tumenggung. Lha perkara bisa thukul layang palilah utawa ora kuwi kari kawicaksanane Rama Tumenggung".

"Upami makaten kados pundi Gus? kajeng kula ngangge cara sanes?"  Makara takon nawakne cara liya.

"Apa kuwi Kakang Makara?"

"Boten sah mawi Serat Palilah ingkang dipun tapak astani saha dipun pikuwat kalih cap Katumenggungan, nanging cekap mawi Serat Palilah ingkang dipun tapak astani dening Gus Suwanda minangka wewakil saking Gusti Tumenggung?" Makara nyethakne cara sing dikarepake.

ana candhake.

Senin, 13 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (018)

 18.

Akeh-akeh nggone Rama Tumenggung ngendika, nelakake rasa ora lilane yen ing wewengkon kene kacondhokan papan kang nyawisake wong wadon palanyahan.  Dadi Rama Tumenggung cetha yen ora arep paring palilah marang Waraka golek pengasilan ing laladan kene sarana ngingu wong wadon palanyahan. Kabeh sing didhawuhake Rama Tumenggung pancen tinemu ing nalar lan jumbuh karo kanyatan. Mula kabeh dhawuhe Rama Tumenggung tak cathet sajroning ati. Sesuk utawa ing wektu sing pas, sawuse aku nitipriksa kahanan warunge Waraka, kabeh dhawuhe Rama Tumenggung bakal tak cakne kanggo mangsuli panyuwune Waraka murih oleh palilah bebadra warung sing manggon ing cedhak dalan prapatan Pasar Katumenggungan kuwi.

Esuke, kaya padatan aku mesthi luwih dhisik mlebu ing papan nyambut gawene para punggawa Katumenggungan sadurunge para punggawa padha teka. Lan padatan para punggawa kuwi olehe padha teka nindakne kuwajibane sawuse aku lungguh watara sapanginang ing papan kono. Nanging esuk iki jebul beda, ora kaya adate, Ki Suwela lan Makara jebul wis mapan ing panggonane nyambut gawe, wong loro kuwi katon lagi ketungkul anggone nandangi gaweyane dhewe-dhewe. Aku banjur nyedhaki Makara sing babar pisan ora weruh yen aku mara.

"Wis suwe ta Kakang anggon dika teka kene iki mau?" pitakonku sawise caket karo Makara.

"Oh, Gus Wanda ta?" Makara ndengengek karo nyawang praupanku, wong kuwi katon yen kaget "sampun sawatawis Gus, meh sareng kalih anggenipun abdi juru sapu rampung anggenipun ngeluti papan menika".

"Yen ngono ya meh bareng karo pletheking surya mau esuk ngono Kakang?" aku mesem karo nyawang praupane Makara.

"Inggih Gus, labet kala wau dalu kula dipun titipi Ki Waraka unjukan saking nagari Cempa, kapurih ngaturaken jengandika Gus Suwanda" karo wangsulan ngono kuwi, Makara njupuk barang sing dibuntel sutra cacah loro, banjur kandhane "menika ingkang setunggal radi alit menika unjukan saking Nagari Tegis, dene ingkang radi ageng menika unjukan wedalan Nagari Cempa, mangga Gus kula maturi nampi".

"nDika mentas saka warunge Ki Waraka ta Kakang?" pitakonku, sauntara sing jarene omben saka negara Tegis karo saka negara Cempa kuwi dening Makara diselehne ing meja ngarepku.

"Kala wingi sonten, sasampuning serap surya, semahipun Ki Makara dugi ing gubug kula, nyukakaken unjukan menika saha nedhi tulung supados kula matur dhateng jengandika Gus Suwanda" wangsulane Makara.

"Ki Waraka kongkonan bojone teka ing panggonan ndika, mung saprelu nitipne barang iki kanggo aku? lan njaluk tulung marang ndika supaya kandha marang aku ing babagan apa Kakang?" aku takon dening Waraka, Makara dikongkon apa.

"Namung dhapur atur sedhahan kok Gus" Makara wangsulan karo mesem "mangke dalu, Ki Waraka badhe wonten prelu sakedhik, inggih menika badhe nengeri tigang wulan anggenipun ngandheg semahipun ingkang angka tiga, lumantar kula Ki Waraka nyuwun wonten keparengipun Gus Wanda ngrawuhi adicara tengeran menika saha kasuwun paring pangestu dhateng Ki Waraka lan semahipun, murih anggenipun ngandheg kaparingan wilujeng, wilujeng ingkang ngandheg saha wilujeng ingkang dipun kandheg".

"Sing arep ditironi iki bojone Ki Makara sing angka telu?" aku takon "Lha kabeh bojone Ki Waraka kuwi ana pira?".

"Inggih Gus" wangsulane Makara "menika rak makaten, Ki Waraka menika semahipun wonten tiga, menawi seliripun inggih kathah. Saben semah lan seliripun, dening Ki Waraka kaparingan wande ingkang jangkep kalih isen-isen miwah ubarampenipun, lha wande ingkang mapan ing margi catur caket peken nika, kaparingaken dhateng semah ingkang angka tiga menika, benjing menawi Serat Palilah ingkang dipun tapak astani Gusti Tumenggung sampun njudhul, inggih Nyi Waraka ingkang angtka tiga menika ingkang badhe nglampahaken saha anenggani, Ki Waraka piyambak inggih badhe langkung kathah manggen ing griya lan wandenipun semah ingkang kapisan, ing Kitharaja mrika".

Aku lagi ngerti jebul Waraka, wong lanang sing umur-umurane katone ora pati akeh kaceke karo umur-umuranku kuwi duwe bojo telu lan selir sepirang-pirang. Ya lumrah wae, wong Makara sing umure meh padha karo umurku kaceka ya ora ana setahun, wektu iki uga wis duwe anak sing umure lagi sewulan. Ya mung aku wae, sing merga isih kepengin golek sangu urip sing luwih mapan, durung kober mikir arep omah-omah. Sauntara aku jagongan karo Makara, punggawa-punggawa Katumenggungan wiwit padha teka lan mapan ing panggonane dhewe-dhewe.

Karo nyangking omben saka Nyai Waraka angka telu, sing dititipne Makara, aku ngalih genti nyaketi papane Ki Suwela, wong tuwane Makara sing mau tekane bareng karo anake lanang.

"Sampun dipun aturi dening Makara Anakmas?" lagi wae aku teka ngarepe, Ki Suwela wis mapag nganggo pitakonan.

"Oh, sedhahan saking Ki lan Nyi Waraka mangke dalu menika ta Ki?" aku wangsulan karo mbalekne pitakonan.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela "manawi boten wonten pambeng ingkang wigatos, mangke dalu kula ugi badhe ndugeni sedhahan menika kok Anakmas".

"Inggih Ki" aku genti wangsulan "kula piyambak ugi makaten, badhe kula langaken muroih saged ndugeni sedhahan tigang wulanan ngandhegipun Nyai Waraka menika".

"Ngaturaken genging panuwun Anakmas" Ki Suwela dumadakan ngaturke panuwun, aku dadi rada gumun banjur takon sajroning ati, ya gene yen aku ngelangne arep nekani ulemane Waraka, malah Ki Suwela sing matur nuwun?.

"Estunipun Waraka menika rak sampun kula anggep anak kula piyambak ta Anakmas?" Ki Suwela kaya ngerti sing lagi tak gagas.

"Ki Suwela sampun dangu anggenipun tepang kalihan Ki Waraka menika?" aku takon.

"Nama boten sampun dangu malih" Ki Suwela aweh wangsulan "Biyungipun Waraka ingkang nami Sunthi menika estunipun rak putra lembu peteng utawi selir ingkang sesidheman saking Gusti Tumenggung Jlampar?".

"Inggih Ki, Ki Waraka ugi sampun criyos dhateng kula babagan menika" wangsulanku nigas kandhane Ki Suwela.

"Lha biyungipun Sunthi ingkang nami Dirah ingkang dados garwa lembu petengipun Gusti Menggung Jlampar, menika sedherek kula sepuh tunggal bapa biyung kalih kula, mBok ayu Dirah anak angka setunggal dene kula yoga angka tigawelas, mBok ayu Dirah lajeng kapundhut selir dening Bendara Penatus ing Kitha Majapahit, gadhah yoga setunggal inggih pun Sunthi biyungipun Waraka menika,  lha Sunthi lajeng kapundhut selir dening Ki Wancu sodagar saking Nagari Cempa, nalika Ki Wancu nggelar dagangan ing Kitha Majapahit. Dados menawi dipun urutaken makaten, Waraka menika taksih kapernah putu kula piyambak" Ki Suwela nggenahne sesambungan antarane dheweke karo Waraka.

Aku dadi mbatin, ya gene Makara ora crita menyang aku babagan iki? Ora kandha yen temene ngono Si Waraka kuwi isih tiba ponakane dhewe, putune biyunge gedhe ?. Apa merga Makara sing ora bisa nyritakne urut-urutane?.

"Awit kula boten remen menawi kathah ingkang ngertos menawi kula menika taksih wonten sambetipun kalihan Gusti Tumenggung Jlampar, ingkang estunipun taksih kaprenah kakang kula ipe, sanaosa sesambetan antawisipun kulawarga kula kalih kulawarganipun mBok Ayu Dirah, Sunthi menapa dene Waraka menika mlampah kados limrahipun tiyang ingkang taksih waris piyambak, nanging kula boten nate nyariyosaken sesambetan batih antawisipun kula kalih Gusti Tumenggung Jlampar, dhateng sinten kemawon, malah ugi Keng Rama, inggih Gusti Tumenggung Jatikusuma ugi boten uninga sambetipun kula kalih Gusti Tumenggung Jlampar. Inggih nembe menika kula wantun blaka kalihan Anakmas Suwanda, jalaran Anakmas menika tuhu pangayoman sejati tumrap kula saha kulawarga kula".

"Inggih Ki, kula ngaturaken nedha nrima dene Ki Suwela sampun kepareng mblakakaken sambetipun Ki Waraka kalihan ndika Ki Suwela, jeneh Kakang Makara ugi babar pisan boten nate cariyos dhateng kula ing babagan menika" wangsulanku semu nuduhne panutuhku marang Makara.

"Kula ingkang lepat Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo mesem "anggenipun Makara boten matur dhateng Anakmas Suwanda menika jalaran kula wongsal-wangsul meling dhateng piyambakipun, murih sampun ngantos ketrucut rembag, ingkang saged nuwuhaken wonten ingkang pirsa menawi Makara menika estunipun saged kawastanan taksih pulunanipun Gusti Tumenggung Jlampar, ingkang samangke sampun surut ing kasedan jati".

"Inggih, inggih Ki, kula mangertos" wangsulanku karo manthuk-manthuk "estunipun kenging menapa Ki Suwela nyingidaken dhateng bebrayan bilih ndika menika maksih kapetang kadang ipenipun Gusti Tumenggung Jlampar ingkang samangke sampun seda jinempana ing angin menika Ki?".

"Sadaya menika inggih amargi saking kawontenan Anakmas, kula boten remen menawi awit kawontenan kula ingkang gesang salebeting kasekengan menika angirangi kawibawanipun Gusti Tumenggung Jlampar, menawi ngantos wonten ingkang sumerep menawi kula menika kapetang taksih kadang ipe kalih Gusti Tumenggung" Ki Suwela wangsulan karo mesem pahit.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (017)

17.

Wengine tekane Waraka ing Dalem Katumenggungan ngadhep aku lan kabeh sing dikandhakne, ora kliwatan uga olehe wis aweh dhuwit sakanthong cilik marang aku, tak aturke marang Rama Tumenggung Jatikusuma. Ora mung sing dikandhakne Waraka wae sing dadi aturku marang Rama Tumenggung, nanging critane Makara sadurunge Waraka teka uga tak aturake pisan. Rama Tumenggung suwe ora enggal paring pituduh apa sing kudu tak tindakne magepokan karo panjaluk palilahe Waraka iki. Ketara yen tekane Waraka bebadra warung ing laladan kene iki, mbutuhake kawigaten mirunggan. Bareng wis sauntara lan sajak wis menggalih kanthi mateng, wekasan Rama Tumenggung wiwit paring dhawuh marang aku.

"Ngene ya Ngger" dhawuhe Rama Tumenggung alon "yen disawang sagebyaran, jenenge ana wong sing nindakne budidaya murih urip sing luwih becik, kuwi kena diarani barang sing lumrah, lan minangka wong tuwane kawula ing laladan kene, kudune awake dhewe iki melu anyengkuyung murih anggone wong sing mbudidaya kuwi bisa migunani, saora-orane tumrap wong sing nglakoni dhewe, munggahe migunani tumrap tangga teparone. Awit sumurupa Suwanda, barang sing luwih gawe sekele Sang Prabu ing Majapahit kuwi ora ana sing ngungkuli sekele penggalih dalem nalika uninga yen kawulane nandhang kurang sandhang apa dene pangan. Anane kawula bisa kurang sandhang lan pangan kuwi, sing akeh ora merga kawula mau kesed ora gelem tandang gawe, ora. Nanging luwih akeh sing jalaran saking ora anane gaweyan sing bisa ditandangi sing bisa ngasilake bebakalane sandhang klawan pangan. Mula sepisan maneh, yen ana kawula Majapahit sing gelem tumandang murih bisa madhang, luwih-luwih bisa mbeciki tata panguripane, kuwi kawula sing pantes oleh pangalembana".

"Menapa dhawuhipun Rama Tuemnggung menika saged kula pendhet dudutan bilih Rama Tumenggung sampun kepareng kula nyawisaken Serat Kekancingan, minangka tandha bilih anggenipun bebadra wande pun Waraka sampun pikantuk palilah saking Rama Tumenggung?" kanthi ngati-ati aku munjuk nyuwun pirsa.

"Mengko dhisik" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "tembungku durung rampung".

"Inggih Rama, nyuwun pangapunten".

"Iya, tak tutugne olehku kandha" Rama Tumenggung nutugne olehe paring dhawuh "ing ngarep keng slira matur manawa kajaba dodolan barang sing lumrah, lire bangsane panganan lan omben-omben sing bisa dipangan lan diombe dening sadhengah wong, Waraka uga dodolan omben-omben sing mung pantes diombe dening wong sing wis diwasa, yaiku panunggalane arak, tuwak, ciyu lan sapiturute. Iki sing kudu mbok pikirake, lire sanadyan mung sak mendem utawa wuru merga ngombe arak utawa ciyu, iku asring nuwuhake kisruhing kahanan, luwih-luwih yen nganti ana bocah sing durung diwasa wiwit jajalan mendem, kuwi luwih ora prayoga maneh, keng slira kudu ngerti yen omben sing dadi pakaremane wong akeh kuwi pancen sok ana guna lan paedahe, nanging yen olehe ngombe ora bener utawa sing ngombe dudu wong sing bener, kuwi babar pisan ora ana gunane kajaba mung bakal nuwuhake kapitunan tumrap sing ngombe lan uga wong sing ana sakiwa tengene".

"Nyuwun pangapunten Rama" aku nyela  matur "ingkang dipun kersakaken anggenipun ngunjuk boten leres lan tiyang ingkang boten leres, menika kados pundi cetahnipun?".

"Olehe ngombe ora bener, kuwi akeh sing wis ngecakne" Rama Tumenggung nggenahne dhawuhe "ngombe sing wis ngliwati wates mung merga dienggo pamer, dienggo gagah-gagahan ben diarani wong sing ora jirih lan sapiturute, kuwi salah siji tuladhane wong sing olehe ngombe ora bener. Dene wonge sing ora bener, ya iku wong sing ora kulina ngombe banjur merga saka pakewuh banjur nekad wani ngombe, temahane ya banjur mendem lan dadi geguyone wong akeh, malah ora arang wong sing ngono kuwi banjur diwadani lan diisin-isin murih wirang, ora ana critane wong sing diwewirang lan dipoyoki kuwi bisa nampa kanthi legawa, kaping pindho bocah sing durung cukup umure, merga kepengin enggal oleh pangakon wis gedhe, banjur nuduhne kuwanene ya iku wani nindakne sing kulina ditindakne wong diwasa, upamane ngombe bangsane arak lan tuwak kuwi. Iki cetha ora bener awit bisa gawe rusaking raga lan pikire bocah sing durung diwasa nanging nggege mangsa, kepengin diarani wis diwasa kuwi".

"Kaluhuran dhawuhipun Rama Tumenggung, lajeng kados pundi prayoginipun?" aku wis mudheng karo sing dikersakne Rama Tumenggung "menapa ingkang kedah kula lampahi magepokan kalih anggenipun nyuwun palilah pun Waraka menika?".

"Sawuse keng slira niti priksa kahanane warunge Waraka lan pranyata Waraka dodolan omben jinising arak utawa tuak lan sapanunggalane, Waraka kudu gelem gawe layang prajanjen, yen olehe ngedoli omben sing bisa marakne wuru kuwi mung kanggo wong sing bener lan uga anggone ngombe ing warung kono kudu kanthi cara sing bener. Yen sing ngombe wis katon wiwit mendem ora kena Waraka ngedoli maneh marang wong mau sanadyan wonge dhewe sing njaluk, kaping pindho Waraka ora dikeparengake ngladeni bocah sing durung cukup umure tuku omben sing bisa gawe wuru kuwi ing warunge. Yen nganti prajanjen iki diterjang, mangka Dalem Katumenggungan wenang, ngendheg olehe Waraka dodolan apa wae ing laladan kene" Rama Tumenggung paring wangsulan lan pituduh marang aku,  apa sing kudu tak tindakne magepokan anggone Waraka nyuwun palilah dodolan.

"Inggih Rama" aku matur "sedaya dhawuhipun Rama badhe kula estokaken kanthi sak sae-saenipun".

"Sabanjure" Rama Tumenggung isih paring dhawuh maneh "mau keng slira uga matur, yen Makara nyritakne yen Waraka saben wengi nggelar tontonan joged beksan sing Pesindhen lan Ledheke ayu-ayu tur ana uga sing nyambi gelem dadi papan panyuntaking napsu birahine wong lanang sing mbutuhake, malah aturmu mau uga ngandhakne kajaba sing nyambi dadi Pesindhen utawa Ledhek uga ana dicawisake wong wadon sing pancen makarya kanthi nyewakne ragane kanggo wong lanang sing mbutuhake?".

"Leres Rama kala wau Kakang Makara mila criyos makaten, nanging Waraka namung criyos menawi kangge nguri-uri budaya, piyambakipun ugi nggelar kagunaning gangsa ingkang kangge ngiringi para waranggana sesekaran" aku atur wangsulan blaka.

"Yen sing dikandhakne Waraka kuwi kanggo nguri-uri budaya, kuwi nyata yen becik" Rama Tumenggung bali ngendika maneh "nanging yen kongsi ana paraga pagelaran sing nyambi kaya sing dicritakne Makara, kuwi jenenge ora nguri-uri budaya nanging tumindak sing nedya gawe rusaking kabudayan luhur. Cakepaning tembang sing diunekne dening para waranggana kae, prasasat kabeh ngemu pitutur luhur, panuntunan marang wong-wong piye becike nglakoni urip murih manggih rahayu. Nanging, yen wong sing katone gelem dadi Waranggana utawa Ledhek, nanging duwe bebuden asor gelem dadi wadon palanyahan mangkono kuwi, cetha yen kuwi wong wadon sing kena digawe srana ngrusak kaluhuraning budayaning para leluhur sing nyata adiluhung".

"Nuwun sewu Rama" aku nyoba matur kanthi panemu sing rada beda "mila ing papan sanes, bab Waranggana utawi Tandhak ingkang nyambi makaten kala wau sampun limrah lan kaprah saha sampun boten dados wewadi malih".

"Sing keng slira aturake kuwi mula bener" Rama Tumenggung paring wangsulan "nanging Keng Slira kudu ngerti, tumindak sing kaya ngono mau yektine dudu tumindak lumrah, nanging tumindak sing ora genah, banjur dikaprahake. yen ing kana-kana ngono kuwi dianggep kaprah lan lumrah, nanging yen ing wewengkon kene, aku ora bakal nglilakne. Jalaran aku isih duwe nalar sing waras, wong  lanang sing dhemen nguja hawa nepsune karo wanita palanyahan kuwi padha karo wis ngidak-idak atine sisihane, wis nyidrani kasucening tresna saka bojone. Ora ana critane wong wadon lega atine yen ngerti sing lanang seneng-seneng ngumbar hawa nepsune karo wadon palanyahan, sing ana ya atine dadi lara sing angel tambanane. Karo maneh, wong lanang sing seneng ngono kuwi, mesthi ora bakal lila saupama bojone utawa anake wadon dicidra tresna dening wong lanang liyane, ngono kuwi nuduhne yen wong lanang sing kasebut mau klebu wong lanang sing dumeh menang. Nek dheweke legawa sisihane didadekne papan panyuntak hawa nepsune wong lanang liya, kuwi ora beda karo cara uripe kewan kae".

"Menika menawi ingkang nindakaken tiyang ingkang sampun gadhah semah Rama?" ora krasa aku ketrucut nyuwun pirsa "menawi tiyangipun taksih legan?".

"Kuwi pitakon sing temene pitakone wong nasar" Rama Tumenggung paring wangsulan karo suwara sing wiwit mendhuwur "pranataning kapitayan mbuh kuwi sing wujud agama utawa  kapitayan sing ana sadurunge ana agama sing teka ing Majapahit lan Tanah Jawa kene, mulangake yen cara kanggo ngilekne pangajakane napsu birahi kuwi sranane Rabi ora tumindak nasar ngono kuwi. Tak arani nasar sabab wong sing nindakne kuwi ngerti yen sing dilakoni barang sing sasar, nanging nekad ditindakne merga pancen ora kesasar malah kepara nasarake jiwa lan ragane marang juranging neraka".

ana candhake

Minggu, 12 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (016)

 16.

Nitik saka sandhangan lan anggon-anggone wong sing jeneng Waraka iki katon nek wong sing turah bandha sugih donya. Klambine sing dienggo sutra ireng sing disulam nganggo benang mas, tangane kiwa tengen dinggonu gelang sing direka kaya naga sadriji jempolan gedhene. Isih nganggo kalung emas mawa bandhul mutiara. Ewa samono tata susilane pepak banget, sikepe kurmat lan nuduhake kurmate marang aku.

"Nyuwun pangapunten Raden, kula pun Waraka ingkang sampun kumawantun anyelani anggen jengandika nindakaken jejibahan, mugi diagungna ing pangaksamanipun dhateng kula" kandhane Waraka sawuse lungguh neng ngarepku.

"Ora luput Kisanak" wangsulanku kaya padatan yen nampa kawula ing Dalem Katumenggungan makili Rama Tumenggung "mapan wis dadi kuwajibanku nampa lan aweh leladi marang sadhengah wong sing mbutuhake rerigen saka Dalem Katumenggungan kene.  Nanging, aja dianggep aku tambuh, rumangsaku lagi iki aku kepethuk karo ndika, Ki Waraka. Ndika iki priyayi saka ngendi?".

"Nuwun sewu Raden, mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, lakar nembe menika kula saged sowan ing ngarsa jengandika Raden" wangsulane Waraka mbenerake nggonku guneman "wekdal samangke abdi jengandika kula, ngiyup ing gubug sakilening Margi Catur utawi Prapatan Peken Katumenggungan, dene asal-usul kula saking Kitha Raja Majapahit, taksih kapetang wayahipun Raden Tumenggung Jlampar, ingkang samangke sampun boten wonten".

"Dadi ndika kuwi isih wayahe Gusti Menggung Jlampar sawargi?" aku nggenahne katrangane Waraka.

"Pernahipun makaten Raden, biyung kula menika putra lembu petengipun Eyang Tumenggung Jlampar, lajeng biyung kapundhut selir dening Sodagar Wancu inggih Bapa ingkang ngukir jiwa raga kula, tiyang saking bumi Cempa, ingkang padamelanipun lampah dagang lan layar ngantos dumugi ing Majapahit mriki" Waraka wangsulan nggenahne sing dadi asal-usule.

Kanthi ngerteni asal-usule Waraka iki aku dadi ora gumun maneh karo kahanan warunge Waraka kaya sing lagi wae dicritakne Makara mau. Cetha yen Waraka kuwi sanajan mung metu saka bojo selir, nanging genah nek anake sodagar sugih sing kulina nganglang bawana. Pancen satemene tumrapku, sapa lan saka ngendi asal-usule Waraka kuwi dudu barang sing wigati, malah kanggo luwih baku kepiye mbudidaya supaya Waraka iki bisa ndadekne warunge ora mung mburu pengasilan kanggo awak-dheweke thok nanging supaya uga bisa murakabi wong-wong sing manggon ing sakiwa tengene warunge sarta aja nganti kanthi anane Waraka mbukak warung iki banjur ndadekne ora becik tumrap wong-wong ing katumenggungan kene. Kaya sing dicritakne dening Makara mau, sing jarene Waraka uga mbukak warung palanyahan .

"Ngene ya Kisanak Waraka" kandhaku sabanjure "satemene sadurunge ndika teka papan kene iki, mau lagi wae tak rembug karo Kakang Makara".

"Ingkang dipun rembag babagan ingkang pundi Raden? Menapa wonten sambung rapetipun kalih kula?" Waraka takon, suwarane sajak ngemu rasa kuwatir.

"Kakang Makara lagi wae crita marang aku, yen ing cedhak prapatan pasar, saiki ana warung anyar sing isen-isene pepak lan reja merga rina wengi akeh sing padha mara ing warung anyar kuwi" aku aweh wangsulan marang Waraka ngenani sing dadi rembugan antarane aku karo Makara, Waraka katon migatekne banget marang tembung-tembung sing tak ucapake "Kakang Makara kandha yen warung anyar sing ora tau sepi ing rina lan ing wayah wengi kuwi sing duwe priyayi saka Kutharaja Majapahit sing aran Waraka. Apa bener Waraka sing dikandhakne Kakang Makara kuwi ndika Kisanak?".

"Leres Raden" Waraka wangsulan "mila Ki Makara sampun wongsal-wangsul sanja ing wande kula menika".

"Dadi bener sing dikandhakne Kakang Makara marang aku kuwi mau?"

"Sepisan malih kula matur, leres Raden. Estunipun ing dinten kapisan kula wiwit bikak wande ing Magi Catur mrika, kula kepengin sanget sowan Gusti Menggung atur uninga menggah angen kula mbara kerja dhateng papan menika. Nanging dening Ki Makara dipun tuturi sampun kesesa anggen kula atur uninga dhateng Gusti Tumenggung, jalaran dereng kantenan menawi anggen kula mbikak wande menika saged mlampah. Samangke sasampunipun cetha menawi anggen kula eber-eber bikak wande menika saestu saged mlampah kanthi sae, nembe dening Ki Makara kula dipun emutaken murih enggal sowan lan atur uninga dhateng Gusti Menggung ngengingi anggen kula mbara kerja ing laladan menika" Waraka aweh wangsulan ngandhakne yen warunge bisa urip lan mlaku kanthi becik.

"Dadi anggon ndika teka kene iki mau mung saprelu ngabarake utawa kasarane arep kula nuwun yen ndika wis bebadra warung ana tlatah kene ngono?" aku takon.

"Nyuwun pangapunten Raden" Waraka wangsulan karo tangane ngrogoh kanthong ing gembolane "boten namung badhe kula nuwun Raden, kula ngertos menawi kula sampun tumindak lepat, awit tanpa palilah saking jengandika Raden utawi Gusti Tumenggung, kula sampun kumawantun pados sandhang kalihan tedha ing papan menika. Inggih awit saking menika Raden, sowan kula ing ngarsa jengandika Raden menika badhe nyuwuh lumunturing sih jengandika Raden saha Gusti Tumenggung, mugi paringa palilah dhateng kula ndherek gesang sahandhap jengandika Raden miwah Gusti Tumenggung, kaparengna kula pados sandhang klawan tedha mawi cara sadeyan kados ingkang sampun lumampah watawis setunggal wulan menika".

Durung nganti aku aweh wangsulan, dumadakan Waraka nyelehake kanthong sajak isi dhuwit ing ngarepku karo kandha :

"Nyuwun pangapunten Raden, menika wonten redana sakedhik mugi Raden kersa nampi tandha sih sarta kurmat kula dhateng Raden menika" muni ngono kuwi Waraka karo ngulungne kanthong isi dhuwit kuwi marang aku "salajengipun sampun dados tekad saha niyat kula, ing dinten-dinten salajengipun, pendhak wanci wulan purnama, badhe kula unjukaken ing ngarsa jengandika redana ingkang kula pendhet saking bebathen kula, minangka atur panarimah dhateng jengandika Raden".

"Mengjo dhisik Kisanak Waraka" kanthong sing diulungne Waraka ora enggal tak tampani "sawuse aku krungu nek warung ndika wis bisa mlaku kanthi becik kuwi aku melu seneng, lan mesthi wae ndika bakal nampa palilah saka Katumenggungan, ora saka aku utawa Rama Tumenggung pribadi, nanging wujud layang kekancingan saka Gusti Prabu ing Majapahit lumantar Rama Tumenggung Jatikusuma kang wis pinercaya dening Sang Prabu. Lan kanthi njudhule layang kekancingan kuwi, kajaba ndika kaparingan palilah nanging uga kapatrapan kuwajiban asok pajeng marang Negara, ora marang Rama Tumenggung luwih-luwih marang aku, ora. Nanging marang Negara sing gedhe cilike jumbuh karo unine paugeran sing wis ana, dadi mbuh wujud dhuwit apa sing ndika wadhahi kanthong kuwi luwih becik ndika singgahne dhisik, mengko wae lamun aku weruh kaya apa wujude warung sing ndika lakokne kuwi kaya apa, lagi aku bisa ngetung sepira gedhene kuwajiban sing kudu ndika aturake marang Negara".

"Ngaturaken ngenging panuwun Raden" wangsulane Waraka panggah ora ngudhunke kanthonge "mila leres dhawuh jengandika bilih kula kedah ngaturaken paos dhateng nagari, lan menika ugi sampun kula cawisi. Nanging kula ngertos bilih sadaya paos kalebet saking kula, menika mangke badhe kaunjukaken ing ngarsa dalem Kanjeng Sinuhun. Lha arta perak ingkang wonten ing kanthong menika, mila kula aturaken dhateng jengandika ing pangangkah mugi sageda angirangi cacahing wragad ingkang jengandika wedalaken kangge menggalihaken saha ngrigenaken para kawula ingkang sambat ing ngarsa jengandika Raden miwah dhateng Gusti Tumenggung".

"nDika aja kaya mangkono iku Kisanak Waraka" wangsulanku rada atos "aku durung weruh kaya apa wujude warung anggon ndika bebadra, mbok menawa ana saperangan sing kudu kasuwak jalaran ora jumbuh karo panguripane kawula ing laladan kene barang, ndika mesthi bakal gela lan cuwa lamun wis kadhung aweh redana marang aku, jebul ana perangan saka anggon ndika bakulan kudu disuwak...........".

"Dhuh Raden, mugi kauningana" Waraka nigas kandhaku karo nyembah "sanaosa kula tiyang limrah ingkang boten ngertos udanegara, nanging kula pitados kalih kawicaksanan jengandika ingkang nindakaken dhawuhipun Gusti Prabu lumantar Gusti Tumenggug, menika cetha menawi leresipun. Dados menawi anggen kula eber-eber menika kedah wonten ingkang dipun kirangi utawi dipun suwak babar pisan, kula lila legawa lahir trusing batos boten badhe cuwa, jer kula ngertos bilih sadaya kawicaksanan jengandika menika anjogipun boten wonten sanes kajawi murih saenipun pagesanganing kawula Majapahit kalebet kula".

Akeh-akeh olehe kandha Waraka marang aku, wekasane aku ora bisa nampik dhuwit perak sing ana kanthongan kuwi.  Bareng wis dirasa cukup ngandhakne karepe, Waraka banjur pamitan. Aku uga aweh kasaguhan sajroning kurang vsaka sepasar aku arep teka ing warunge, saprelu niti priksa kaya apa wujud dagangane Waraka kanggo srana nukulake layang kekancingan palilah olehe bebadra gawe warung ing papan kuwi.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...