Total Tayangan Halaman

Rabu, 22 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (021)

21.

Jebul olehe arep miwiti nggone upacara nelung saseni olehe ngandheg Nyi Waraka angka telu iki mung ngenteni tekaku karo tekane Ku Suwela. Ketitik, bareng aku karo Ki Suwela apa dene Makara wis melu mapan lungguh ing jogan pendhapa kuwi, adicara tumuli diwiwiti. Ana sawijining wong tuwa macak cara kabrahmanan, ngagem jubah lan kalung serban kaya pacakane Brahmana saka tanah Indu, sawuse atur sembah marang aku banjur klawan laku dhodhok manggon ing tengahing pendhapa sing jembare meh tikel lorone pendhapa dalem Katumenggungan kuwi. Ya wong sing macak cara Brahmana kuwi sing tumuli mratitisake lakuning upacara. Waraka karo sisihane diawe supaya mara, kekarone banjur nyembah ngabekti marang aku, banjur marang Ki Suwela, tumuli wong loro salakirabi kuwi kanthi laku dhodhok nyedhaki wong tuwa sing busanane kaya pendhita saka tanah Indu kuwi.

"lepat nyuwun sih pangapunten Gus Suwanda" sawise Waraka karo sisihane tekan tengah pendhapa lan banjur mapan lungguh timpuh ing ngarepe, wong sing macak cara brahmana kuwi nyawang papanku karo guneman rada seru murih wong-wong sapendhapa bisa padha krungu "inggih awit saking awratipun ngemban jejibahan minangka Dhukun, kula pun Soma Pakem, paripeksa kumawantun nilar suba sita ing ngarsanipun Gus Suwanda minangka sesulihing Gusti Tumenggung Jatikusuma".

"Boten dados menapa Ki Soma Pakem" merga Soma Pakem suwe ora nyambung guneme, aku banjur aweh wangsulan "prayogi mirunggan kemawon, mangga dipun lajengaken anggen ndika ngayahi wajib minangka Dhukun, saestu kula rumaos bingah dene dalu menika saged anekseni anggen ndika mratitisaken lampahing upacara nengeri tigang wulan anggenipun nggarbini Nyai Waraka".

"Ngaturaken genging panuwun Gus Wanda" Soma Pakem aweh wangsulan "boten langkung pangestu Jengandika ingkang kula suwun, mugi anggen kula nglampahi wajib menika saged gangsar, binerkahan dening Sanggya Para Jawata, temah Hyang Agung kepareng ngandhapaken kanugrahan lan karahayon ing papan menika. Temah rahayu ingkang mratitisaken lampah, rahayu ingkang dipun tengeri, rahayu ingkang dipun garbini lan rahayu sagung ingkang ndherek nekseni".

Rampung guneman ngono kuwi Soma Pakem banjur maca kidung-kidung kuna, rupa puja lan puji marang para Dewa, puja-puji marang para leluhur, para dhanyang cikal bakal kang mbakali laladan sakiwa tengene dalan prapatan sing dienggoni Waraka lan bojone kuwi. Banjur disambung maca puja mantra sing migunakne basa Sanskerta sing carup karo basa Jawa jaman kuna sing wis arang diucapake ing sajroning pasrawungan. Sauntara kuwi Waraka lan sisihane lungguh timpuh  ing ngarepe Soma Pakem, karo ndhingkluk amarikelu. Samono uga para tamu sing ana ing pendhapa kuwi, kabeh meneng, ora ana sing obah lan ora ana sing padha nyuwara. Kabeh padha lungguh karo tumungkul melu anjurung puja.

Sawuse rada suwe nggone maca mantra, Soma Pakem banjur leren  sedhela, genti nakoni Waraka lan sisihane :

"Nuwun sewu Ki Waraka lan Nyai Rinten, saderengipun upacara kula lajengaken, ndika kekalih baresa dhateng kula, ndika ngrasuk agami ingkang sami menapa benten ? lajeng ndika kekalih sami ngrasuk agami menapa?".

"Kula kekalih ndherek kemawon Ki Soma" wangsulane Waraka sawuse bisik-bisik nkaro sisihane.

Aku sing krungu wangsulane Waraka sing mangkono kuwi babar pisan ora gumun, jalaran meh kabeh para kawula ing sakiwa tengene dalem Katumenggungan kuwi wis ora cetha maneh agama sing dirasuk, ora ateges ala, nanging kabeh agama sing diwulangake dening para Brahmana ya ditampani ora beda karo sing diwulangake dening para Biksu, uga diwadhahi , sawatara kapitayan sing ora diwulangake dening Brahmana apa dene Biksu, ya kuwi kapitayan warisane simbah-simbah biyen, uga isih dikukuhi lan durung ucul saka sajroning jiwane. Klebu aku uga mangkono, sanadyan aku ngeloni sing dadi kapitayane Rama Tumenggung sing manembah marang Sang Hyang Tan Kena Kinaya apa, kanthi nidakne dhawuh wewarahe Sang Hyang Taya, nanging aku uga kerep ngecakne piwulange para Biksu Suci lan para Brahmana sing manembah marang Sang Hyang Siwa utawa Sang Hyang Wisnu.

"nDherek pripun ta Ki Waraka?" Soma Pakem takon semu gumun.

"Kula kekalih mila dereng ngertos ingkang dipun wastani agama Ki Soma" wangsulane Waraka  "namung nate mireng bilih wonten agama Siwa, agama Budha, utawi Agama Wisnu, nanging sedaya kala wau boten wonten ingkang kula dhereki".

"Lajeng ndika pitados menawi jagad ingkang gumelar menika wonten ingkang nitahaken menapa boten?" Soma Pakem banjur takon maneh.

"Tartamtu kemawon kula pitados Ki Soma, inggih menika ingkang sampun yasa langit kados ingkang nate kula pireng saking tiyang sepuh kula rumiyin, saha ingkang ngreksa  jagad saisine niki inggih para leluhur ingkang sampun manunggal kalihan langit".

"Inggih menawi makaten, bakenipun murih ndika kekalih kasembadan ingkang sami dipun gayuh, inggih murih wilujeng sangajeng sapawingkingipun, ndika badhe kula dhawahi mantram piwucaling para Barhamana Suci jumbuh kalih agami ingkang kula rasuk".

Bubar muni ngono kuwi Soma Pakem banjur nyekel serban sing dikalungake, Waraka karo sisihane sing jeneng Nyai Rinten kuwi diungkuli serban karo diwacakne mantram sing aku ora ngerti maknane.  Sawise rampung nggone maca mantra, Soma Pakem banjur nyandhak tangane Waraka lan Rinten, dituntun nyedhaki papanku.

"Sakniki ndika kekalih kedah nyuwun pangestu dhateng Raden Bagus Suwanda, Ki Waraka" kandhane Soma pakem sawuse lakune tekan ngarepku.

Pra ndadak nganggo wangsulan Waraka karo Rinten banjur genti-genti atur sembah marang aku karo nyuwun pangestu murih nggone ngandheg Rinten kaparingan slamet. Saiki aku lagi bisa tamat nggonku nguwasi Rinten sisihane Waraka. Aku sing selawase iki ora tau kegiwang marang rupane wong wadon, bareng weruh kahanane Rinten sing duwe pawakan weweg, kulite kuning ngemu giring, praupan sumunar, kanthi mripat sing lindri-lindri katon amantesi, kawimbuhan rambute sing dawa ngandhan-andhan diore lan nalika kasiliri dening angin nuwuhake ganda sing arum, wis nuwuhake rasa aneh ing atiku. Rasa sing ora bisa tak critakne apa arane.

Ya merga anane rasa sing ora bisa tak kandhakne mawa ukara kuwi, nalika Waraka lan Rinten nyuwun pandonga apa dene pangestu, aku rada suwe lagi bisa aweh wangsulan kanthi suwara sing kedher  kegawa saka kasundhul rasa sing munggah ing tenggok guluku. Ki Suwela sing lungguh jejer karo aku, sajake ngerti apa sing karo tak rasakne wektu kuwi.

Tujune sawise rampung olehe nyuwun pandonga lan pangestu marang aku sing jejer minangka priyagung saka Dalem Katumenggungan, Soma pakem tumuli prentah marang Rinten supaya mlebu menyang omah mburi njaluk pangestu marang wong tuwa-tuwa sing  ana kana sarta kaprentah supaya ngancani para tamu wadon, klebu Nyi Suwela lan Nyi Makara. Dene Waraka diprentah supaya nutugne nggone ngguyubi para tamune sing ana ing pendhapa kono. Soma Pakem dhewe banjur pamitan arep ngalih panggonan, mratitisake wong liyane sing uga njaluk tulung marang dheweke.

"Nyuwun pangapunten Den Bagus Suwanda" kandhane Soma Pakem pamitan marang aku "kala wau salebeting manah kula wonten raos kuwatir badhe nilaraken griyanipun Ki Waraka menika, nanging sareng kula sumerep bilih dalu menika jengandika Gus Wanda kepareng wungon ing mriki, raos kuwatir menika lajeng musna sami sakala. Inggih awit Gus Wanda sampun kepareng lenggah mangestoni Ki Waraka, manah kula lajeng tatag nilaraken papan menika awit badhe ngayahi jejibahan ingkang sami ing papan sanes. Boten langkung, kula ndherek titip Ki Makara menapa dene Nyai Rinten dhateng jengandika Gus Wanda lan kula nyuwun pangestu badhe ngalejengaken lampah".

Krungu tembunge Ki Soma Pakem sing tak anggep mung pantes-pantes kuwi, aku mung wangsulan karo mesem amba tanpa ana ukara sing tak tokne. Beda karo wong - wong liyane sing ana pendhapa kuwi, meh kabeh padha manthuk-manthuk percaya yen sing dikandhakne Soma pakem kuwi mau tulus lahir trusing batin temah banjur padha duwe pangira yen aku iki duwe kaluwihan ing babagan laku batin kaya Ki Soma Pakem.

Sapungkure Ki Soma Pakem, Waraka banjur aba marang para andhahane supaya ngladekne pasugatan sing maneka warna wujude, omben lan panganan sing sarwa mirasa. Metune pasugatan kena diarani mbanyu mili, sing ora ana pedhote.

ana candhake.

Senin, 20 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (020)

20.

Aku ora enggal semaur aweh wangsulan marang rerigen sing diusulne dening Makara iki, aku ora ngerti ya gene Makara duwe karep mangkono kuwi. Jalaran layang palilah sing ora ana tapak astane Rama Tumenggung lan luwih-luwi ora dipikuwati sarana cap Dalem Katumenggungan, kuwi ora duwe kekuwatan apa-apa. Makara uga ngerti prakiara kuwi, nanging ya gene dheweke malah ngongkon aku supaya aweh layang sing ora ana gunane kuwi marang Waraka?  Kanggo apa?.

"Kula ngertos Gus" Makara guneman maneh "Serat Palilah ingkang kula kajengaken kasebat babar pisan boten nggadhahi daya menapa-menapa, jalaran menika dede Serat Palilah ingkang saestu. mBok bilih jengandika Gus Wanda mastani bilih Serat ingkang kula suwun jengandika ingkang tapak asta menika boten wonten ginanipun.........".

"Pancen ora gunane Kakang" wangsulanku nigas rembuge Makara.

"Tumrap Nagari Majapahit mandhapipun tumrap Dalem Katumenggungan mila makaten Gus" Makara wangsulan karpo mesem "nanging tumrap Ki Waraka, Serat jengandika mangke ing tanganipun Ki Waraka saged dados dedamel ingkang sakalangkung sekti".

"Kersane ndika?" Aku nyelani nganggo pitakonan.

"Menika makaten Anakmas" Ki Suwela nrambul gunem, sawuse Makara ngedhepi wong tuwane kuwi "eber-eber utawi bebadra kados ingkang dipun lampahi dening wayah kula pun Waraka makaten menika mila nembe usum kalampahaken dening para tiyang ingkang radi turah bandhanipun ing pundi-pundi panggenan. Lan tartamtu kemawon titiyang ingkang sami-sami nglampahaken panggaotan makaten menika sami pados limpe setunggal lan setunggalipun, liripun dipun padosi murih saged ngendhih lan nggentosi papan panggautaning tiyang ingkang sampun rame, lajeng dipun panggeni piyambak".

"Makaten Ki Suwela?" aku takon "lajeng sambetipun kalih Serat ingkang dipun kersakaken Kakang Makara kala wau?"

"Ing pundi-pundi Panggautan menika ingkang radi angel manggen ing Serat Palilahipun, kamangka Panggautan jinis makaten menika menawi boten wonten Serat Palilah saking nagari, sok sintena kemawon kanthi pawadan pikajengipun tiyang kathah, saged kemawon meksa dhateng ingkang gadhah papan panggautan menika murih mandheg anggenipun nggauta menawi prelu inggih mawi cara ingkang kasar, papan panggautan menika saged dipun orak-arik malah sok ngantos dipun besmi. Adhakanipun, titiyang ingkang tumindak makaten menika inggih namung awit nampi opah dening tiyang ingkang melik lan kepengin nggadhahi papan panggautan ingkang makaten kala wau. Lha titiyang ingkang bidhalipun awit sampun nampi opah kasebat, badhe boten saged tumindak menapa-menapa menawi Waraka saged nedahaken Serat Palilah, lan tiyang-tiyang  opahan menika boten badhe ngertos menggah kekiyataning Serat ingkang badhe jengandika tapak astani lan kaparingaken dhateng putu kula pun Waraka mangke".

"Nanging menawi kula yasa Serat makaten menika sami kemawon kula nglancangi kawicaksananipun Gusti Tumenggung Jati Kusuma, Ki Suwela?" aku aweh weruh yen rerigene Makara sing disengkuyung dening Ki Suwela kuwi ora bener merga ndhisiki kersane Rama Tumenggung sing durung karuwan nyarujuki isine layang sing arep tak gawe.

"Menika rak namung kangge sawatawis kemawon ta Anakmas?" Ki Suwela aweh wangsulan "mangke menawi keng Rama, inggih Gusti Tumenggung Jatikusuma sampun tapak asta ing Serat Palilah ingkang saestu, Serat saking jengandika Anakmas menika saged dipun pundhut wangsul malih. Lan kula pitados, Gusti Menggung tartamtu boten dangu malih badhe nukulaken Serat Palilah dhateng putu kula Waraka, jaragan sadangunipun menika boten wonten kawula ing sakiwa tengenipun papan anggenipun nggaota putu kula menika ingkang dugi ing Dalem Katumenggungan nelakaken anggenipun kawratan awit panggaotanipun Waraka menika".

"Nanging menawi Gus Wanda ngersakaken menggalih langkung rumiyin ugi boten menapa-menapa Gus" Makara ngimbuhi rembug "lan murih saged kinarya lelimbangan, mangke dalu kemawon Gus Wanda kersaa kula dherekaken rawuh ing griyanipun Ki Waraka, kajawi kangge damel leganipun Ki Waraka miwah semahipun, ngiras pantes kangge niti priksa kados pundi wujuding panggaotanipun Ki Waraka ingkang kasuwunaken Serat Palilah menika, sanaosa menika paniti priksa ingkang nembe ing samudana".

Pamrayogane Makara sing keri dhewe iki tak rasakne cocog karo unine angen-angenku, mula iya banjur tak saguhi. Mengko bengi aku arep budhal nekani ulemane Waraka sing nengeri telung sasi olehe ngandheg bojone sing angka telu kuwi.

Bubar surup srengenge, Rama Tumenggung Jatikusuma lagi rawuh saka Kutharaja. Salirane katon yen sayah banget, mula ya ora maido yen wengi kuwi sawuse siram lan dhahar wengi, Rama Tumenggung banjur kadherekne Nyai Menggung, manjing ing papan pasareyane. Aku ora kober matur yen wengi kuwi aku arep nekani uleman saka Waraka.

Sawuse meling marang para abdi dalem Katumenggungan, mligine sing kajibah rondha, supaya temen-temen nggone nindakne jejibahane, sarta mengko sawayah-wayah ana sing mbutuhake aku, salah siji saka wong-wong kuwi tak prentah supaya nusul aku menyang omahe Waraka, aku karo Makara lan Ki Suwela bebarengan budhal menyang omahe Waraka. Ora mung Ki Suwela lan Waraka sing budhal mbarengi aku, malah Nyi Suwela lan sisihane Makara uga padha melu. Mula sanadyan papane sing dituju ora pati adoh, nanging Ki Suwela ngetokne kretane sing gedhe, sing cukup diiseni wong lima lan isih krasa longgar. Kretane Ki Suwela kuwi digeret jaran cacah loro sing gedhe-gedhe, dadi babar pisan ora krasa abot yen kretane mung diiseni wong lima, klebu aku. Mula aku, sing maune arep ngetokne jaran Kyai Bandhangangin, kanggo tak tunggangi, ora sida amarga Ki Suwela mrayogakne supaya aku tunggal sakreta karo dheweke.

Karo mlaku Ki Suwela ora leren-leren anggone kojah, nyritakne wong tuwane Waraka sing duwe sipat loman lan wicaksana. Mula sanajan Waraka kuwi mung mijil saka bojon selir, nanging olehe ngrengkuh kaya anak sing lahir saka bojo sing asli. Sanajan sawise Waraka umur telung tahun, banjur ditinggal lunga, bali menyang negarane ing Tanah Cempa, nanging ditinggali bandha donya sing ora karuwan akehe. Meh pendhak tahun, ana utusan saka Ki Wancu saka Cempa, nemoni Nyai Sunthi ngaturake bandha kanggo nyukupi kabutuhane Waraka lan biyunge. Lha saka akehe kiriman saka Cempa kuwi, dening Waraka banjur diubetake dadi pawitan nggone miwiti nggaota. Aku mung meneng karo kala-kala ngiyani apa sing dikojahne Ki Suwela. Samono uga Makara sing wengi kuwi dhapuk dadi kusir, nyekeli lising jaran sing nggeret kreta. Nyi Suwela lan Nyi Makara mung meneng karo tumungkul ora nyuwara apa-apa.

Tekan papan sing dituju kahanan katon reja, ing plataran omahe Waraka diubengi diyan Ting sing ditata jejer taharik-thaik saben sadhepa ana ting sing dipapanake ana ndhuwur digantungne ing cagak sing digawe saka pring. Banjur ing tengahing plataran katancepan oncor gedhe sing padhange kagila-gila, oncor sing uripe saka lenga gajih sing ora akeh ngetokne kukus. Dadi nadyan wengi nanging ing plataran kuwi katon padhang prasasat kaya wayah awan.

Nalika aku mudhun saka Kreta ditutne Ki Suwela, saka jero omah Waraka daya-daya mapagne tekaku ditutne bojone sing jare arep ditengeri olehe ngandheg kuwi. Wong loro genti-genti ngaturake sembahe marang aku, ulate padhang sumunar nuduhne rasa senenge merga aku wis gelem nekani ulemane. Wola-wali wong loro kuwi ngaturke panuwun. Aku mung wangsulan karo mesem sing uga tak cakne mawa ulat sing padhang.

Aku karo Ki Suwela banjur dikanthi didherekne mlebu palungguhan ing pendhapa, mapan ing sisih njero ngadhepake plataran, lan ngadhepi wong pirang-pirang sing wis ana kono, dijejeri dening Waraka lan sisihane. Ora suwe Makara banjur nyusul, sauntara Nyai Suwela lan Nyi Makara bablas memburi kumpul karo dhayoh-dhayoh wadon liyane.  Marang dhayoh-dhayoh sing ana kono, Waraka ngandhakne nepungne aku. Wewakile Gusti Tumenggung Jatikusuma sing (jatene Waraka marang dhayohe) priyagung ambeg wicaksana sing wis kepareng ngrawuhi lan minangkani kang dadi panyuwune. Wong-wong sing padha krungu apa sing dikandhakne Waraka, banjur padha muji rahayu, karo tangan sikep sembah kalbu aweh pakurmatan marang aku.

ana candhake.

Rabu, 15 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (019)

19.

Nalika para punggawa Dalem Katumenggungan wis wayahe bali, Ki Suwela lan Makara isih durung metu saka Dalem Katumenggungan. Kekarone padha lungguhan ing papan kang padatan kanggo nyambut gawe Ki Suwela. Aku sing weruh yen isih ana punggawa sing durung bali, banjur nyedhaki, arep takon ana mbok menawa ana perkara wigati sing durung bisa dirampungne. Merga padatan kuwi nek ana punggawa olehe bali rada kasep merga ana gaweyan sing durung bisa dirampungne lan mbutuhne pambiyantuku kanggo ngrampungake, malah sok-sok uga ana sing olehe ngasep anggone mulih merga butuh golek silihan dhuwit kanggo nyukupi kabutuhan sing ora dingerteni sadurunge, padatan nek ngono kuwi aku banjur mbukaki bothekan kanggo tak silihne, kanthi janji suk nek wancine tampa blanja kudu dibalekne.

"Dereng kundur ta Ki Suwela niki wau?" pitakonku sawuse mapan lungguh neng sandhinge Ki Suwela sing diadhep anake lanang, Makara.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela "anu, menawi kepareng badhe matur dhateng anakmas, badhe nyuwun senjata pitulungan".

Aku rada gumun, nek sing butuh arep nyilih bdhuwit kuwi liyane wong loro kuwi aku ora kaget, lha nek Ki Suwela? arep njaluk tulung kuwi apa ya arep nyilih dhuwit?. Bares wae pikiranku mung tekan semono, lire ora mikir tekan ngendi-endi, merga padatan punggawa yen baline ngasep banjur nembung arep njaluk tulung kuwi, ya mung arep nyilih dhuwit. Nanging nek Ki Suwela kok sajak mokal, merga neng omahe wong loro kuwi ora bakal kurang enthong utawa irus maneh, jeneh bandhane neng omah numpuk. Lha nek ora arep nyilih dhuwit, banjur arep njaluk tulung apa?.

"Ki Suwela badhe ngersakaken menapa?" aku banjur takon, olehku takon tak gawe ngati-ati murih aja nganti nyenggol pangrasane wong tuwa sing tau duwe rasa serik marang aku magepokan karo kanugrahan sing tak tampa saka Rama Tumenggung Jatikusuma, kuwi.

"Boten kangge kula pribadi Anakmas" Ki Suwela banjur miwiti kandha, sauntara Makara katon melu migatekake tembunge wong tuwane "nanging kangge putu kula pun Waraka".

"Inggih?" aku nyelani rembug takon "menapa ingkang dipun kersakaken Ki Suwela kangge Ki Waraka?".

"Makaten Anakmas" Ki Suwela nggenahne sing dadi karepe "inggih saderengipun kula nyuwun pangapunten, menawi kaanggep lancang. Menika lho anakmas, prakawis Serat Idipalilah saking Katumenggungan kangge putu kula pun Waraka anggenipun eber-eber mbikak wande, mbok inggiha menawi wonten dhanganing panggalihipun anak mas Suwanda, enggala kaastakaken".

"Oo.... menika ta Ki Suwela?" aku rada nggragap krungu tembunge Ki Suwela sing mangkono kuwi, merga nitik saka olehku rembugan karo Rama Tumenggung mau bengi, Rama Tumenggung ngersakne supaya aku luwih ngati-ati lan ora grusa-grusu yasa layang kanggo aweh palilah marang Waraka, awit olehe yasa warung ing cedhak prapatan pasar kuwi ora mligi dodolan barang sing lumrah dibutuhake wong-wong kene, nanging uga dodolan omben sing marakne wuru, malah uga yasa papan kanggo nyuntak hawa nepsune wong lanang kanthi nyawisi wadon palanyahan barang.

Aku duwe pangira yen Ki Suwela katone uga wis tanggap karo watak lan sikepe Rama Tumenggung sing ora seneng marang tindak mendem-mendeman lan dol tinuku katresna sing mung sagebyaran ngono kuwi. Lan saiki Ki Suwela minangka simbahe Waraka dijokne supaya nembung marang aku, murih olehe golek sandhang paangan Waraka kanthi dalan sing ngemu laku sing ora disenengi Rama Tumenggung kuwi bisoa oleh idi palilah saka Katumenggungan. Pancen rada ewuh oya yen kudu ngadhepi kahanan sing kaya ngene iki. Aku isih kepengin mangun sesambungan karo Ki Suwela lan Waraka murih wong loro kuwi ilang rasa sengite marang aku lan wiwit katon ana asile, lan yen panjaluke Ki Suwela iki ora tak pinangkani, tan wurunga bakal ngrenggangake sesambungan sing wiwit arep pulih saka rengkane iki. Nanging yen kongsi tak turuti, aku mesthi bakal oleh duka saka Rama Tumenggung, jalaran kanthi cetha Rama Tumenggtung wis paring pitutur lelandhesan resiking nalar lan unine paugeran sing lumaku, laku sing ditempuh Waraka kanggo nambahi kasugihane kuwi bakal mbebayani tumrap dina ngarepe wong-wong ing laladan kene.

"Kados pundi Anakmas?" sawuse rada suwe aku ora wangsulan, Ki Suwela banjur takon.

"Inggih Ki Suwela" karo rada groyok aku aweh wangsulan "estunipun prakawis ndamelaken Serat Palilah dhateng Ki Waraka anggenipun bikak wande menika kenging dipun wastani gampil. Nanging..........."

"Nanging kados npundi Anakmas?" Ki Suwela nigas rembugku "menawi gampil mbok inggih enggalk dipun astakaken kemawon?, sampun kuwatos Anakmas, kula ingkang badhe tanggel, menawi Anakmas sampun maringaken Serat Palilah kala wau, Putu kula pun Waraka menika larenipun ugi wasis ing babagan atur panuwun saha males budi sae ingkang sampun dipun tampi, saestu menika Anakmas, kula wantun dados tanggelanipun".

"Boten prakawis menika Ki Suwela" aku wangsulan, sanajan sajroning ati krasa runtik merga tembunge Ki Suwela sing kumawani ngiming-imingi aku kanthi tembung yen Waraka kuwi bocah sing wasis males budi, nanging runtike atiku isih bisa tak empet, aku ora kepengin ana rembug sulaya antarane aku karo Ki Suwela. "Prakawisipun menika sampun cetha, jumbuh kalihan tatacara ingkang sampun kaweca ing paugeraning nagari, saderengipun damel Serat Palilah menika kula langkung rumiyin kedah niti priksa kanthi premati, kados pundi menggah lampahing wande ingkang dipun bikak dening Waraka menika".

"Inggih, inggih Anakmas" Ki Suwela semaur karo ngguyu lirih "dados Anakmas Suwanda ngersakaken mirsani kawontenan lan lampahipun wande gadhahanipun putu kula menika? Lajeng benjing menapa Anakmas kepareng rawuh mrika?".

"Kula kinten benjing enjing saged Ki" wangsulanku "kula kedah nganthi punggawa Dalem Katumenggungan cacah kalih, kangge mikuwati saha anekseni asiling panyawang kula dhateng ingkang kula tingali menika mangke. Sasampunipun kaleksanan, sedaya asiling panitipriksa ingkang kula lampahi, badhe katur ing ngarsanipun Rama Tumenggung Jatikusuma, lha ingkang wenang paring putusan pikantuk menapa botenipun Palilah menika wonten ing astanipun Rama Tumenggung, kula namung saged nyawisaken seratipun lan ingkang tapak asta sarta kapikuwat kalihan cap Katumenggungan , menika inggih Rama Tumenggung piyambak".

Ki Suwela meneng, ora enggal aweh wangsulan marang katrangan sing tak kandhakne ngono kuwi mau. Bareng wis rada sauntara kahanan sidhem, Makara genti guneman, suwarane keprungu las-lasan, ngati-ati :

"Nyuwun pangapunten Gus Wanda".

"Iya, piye Kakang?" aku wangsulan alon.

"Estunipun, sedaya rak inggih sami ngertos bilih ingkang boten wenang nampi Serat Palilah menika rak namung panggautan utawi tindak ingkang nerjang angger-anggering nagari ? Saha wontenipun kuwajiban ingkang kedah jengandika tindakaken inggih menika niti priksa kawontenan saha lampah panggaautanipun Ki Waraka lan sanesipun menika, murih jengandika uninga wande ingkang kangge nggaota Ki Waraka menika nerjang paugeraning nagari ingkang wonten menapa boten ?. Tuhu leres, menawi jengandika Gus Wanda mila dereng nate pirsa kawontenan saha lampah ing wandenipun Ki Waraka, nanging kula menapa dene Bapa Suwela, sampun ngertos jawi lebeting wandenipun Ki Waraka menika, lan miturut pamanggih kula menapa dene Bapa Suwela anggenipun nggaota Ki Waraka menika babar pisan boten wonten ingkang cengkah kalih pranatan miwah angger-anggering nagari, menapa paseksen kula kalih Bapa Suwela menika badhe jengandika tampik Gus Suwanda?" Makara muni rada akeh, sanadyan tembunge keprungu alus nanging melehake aku supaya gelem percaya marang dheweke lan wong tuwane.

"Ngene ya Kakang Makara" aku wangsulan alon "dibedhela dhadhaku, mengko bakal katon nek atiku kuwi ora ana rasa ora percaya marang kakang Makara apa dene marang Ki Suwela, nanging kaya sing wis tak aturake marang Ku Suwela mau, wewenangku kuwi mung nitipriksa kahanane papan panggaotan sing mbutuhake Layang Palilah saka Gusti Tumenggung, lan asiling panalitiku kuwi minangka bukti marang Rama Tumenggung, dadi sesuk aku bakal nganakne paniti priksa ing warunge Ki Makara lan asile kabeh bakal dadi atur ing ngarsane Rama Tumenggung. Lha perkara bisa thukul layang palilah utawa ora kuwi kari kawicaksanane Rama Tumenggung".

"Upami makaten kados pundi Gus? kajeng kula ngangge cara sanes?"  Makara takon nawakne cara liya.

"Apa kuwi Kakang Makara?"

"Boten sah mawi Serat Palilah ingkang dipun tapak astani saha dipun pikuwat kalih cap Katumenggungan, nanging cekap mawi Serat Palilah ingkang dipun tapak astani dening Gus Suwanda minangka wewakil saking Gusti Tumenggung?" Makara nyethakne cara sing dikarepake.

ana candhake.

Senin, 13 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (018)

 18.

Akeh-akeh nggone Rama Tumenggung ngendika, nelakake rasa ora lilane yen ing wewengkon kene kacondhokan papan kang nyawisake wong wadon palanyahan.  Dadi Rama Tumenggung cetha yen ora arep paring palilah marang Waraka golek pengasilan ing laladan kene sarana ngingu wong wadon palanyahan. Kabeh sing didhawuhake Rama Tumenggung pancen tinemu ing nalar lan jumbuh karo kanyatan. Mula kabeh dhawuhe Rama Tumenggung tak cathet sajroning ati. Sesuk utawa ing wektu sing pas, sawuse aku nitipriksa kahanan warunge Waraka, kabeh dhawuhe Rama Tumenggung bakal tak cakne kanggo mangsuli panyuwune Waraka murih oleh palilah bebadra warung sing manggon ing cedhak dalan prapatan Pasar Katumenggungan kuwi.

Esuke, kaya padatan aku mesthi luwih dhisik mlebu ing papan nyambut gawene para punggawa Katumenggungan sadurunge para punggawa padha teka. Lan padatan para punggawa kuwi olehe padha teka nindakne kuwajibane sawuse aku lungguh watara sapanginang ing papan kono. Nanging esuk iki jebul beda, ora kaya adate, Ki Suwela lan Makara jebul wis mapan ing panggonane nyambut gawe, wong loro kuwi katon lagi ketungkul anggone nandangi gaweyane dhewe-dhewe. Aku banjur nyedhaki Makara sing babar pisan ora weruh yen aku mara.

"Wis suwe ta Kakang anggon dika teka kene iki mau?" pitakonku sawise caket karo Makara.

"Oh, Gus Wanda ta?" Makara ndengengek karo nyawang praupanku, wong kuwi katon yen kaget "sampun sawatawis Gus, meh sareng kalih anggenipun abdi juru sapu rampung anggenipun ngeluti papan menika".

"Yen ngono ya meh bareng karo pletheking surya mau esuk ngono Kakang?" aku mesem karo nyawang praupane Makara.

"Inggih Gus, labet kala wau dalu kula dipun titipi Ki Waraka unjukan saking nagari Cempa, kapurih ngaturaken jengandika Gus Suwanda" karo wangsulan ngono kuwi, Makara njupuk barang sing dibuntel sutra cacah loro, banjur kandhane "menika ingkang setunggal radi alit menika unjukan saking Nagari Tegis, dene ingkang radi ageng menika unjukan wedalan Nagari Cempa, mangga Gus kula maturi nampi".

"nDika mentas saka warunge Ki Waraka ta Kakang?" pitakonku, sauntara sing jarene omben saka negara Tegis karo saka negara Cempa kuwi dening Makara diselehne ing meja ngarepku.

"Kala wingi sonten, sasampuning serap surya, semahipun Ki Makara dugi ing gubug kula, nyukakaken unjukan menika saha nedhi tulung supados kula matur dhateng jengandika Gus Suwanda" wangsulane Makara.

"Ki Waraka kongkonan bojone teka ing panggonan ndika, mung saprelu nitipne barang iki kanggo aku? lan njaluk tulung marang ndika supaya kandha marang aku ing babagan apa Kakang?" aku takon dening Waraka, Makara dikongkon apa.

"Namung dhapur atur sedhahan kok Gus" Makara wangsulan karo mesem "mangke dalu, Ki Waraka badhe wonten prelu sakedhik, inggih menika badhe nengeri tigang wulan anggenipun ngandheg semahipun ingkang angka tiga, lumantar kula Ki Waraka nyuwun wonten keparengipun Gus Wanda ngrawuhi adicara tengeran menika saha kasuwun paring pangestu dhateng Ki Waraka lan semahipun, murih anggenipun ngandheg kaparingan wilujeng, wilujeng ingkang ngandheg saha wilujeng ingkang dipun kandheg".

"Sing arep ditironi iki bojone Ki Makara sing angka telu?" aku takon "Lha kabeh bojone Ki Waraka kuwi ana pira?".

"Inggih Gus" wangsulane Makara "menika rak makaten, Ki Waraka menika semahipun wonten tiga, menawi seliripun inggih kathah. Saben semah lan seliripun, dening Ki Waraka kaparingan wande ingkang jangkep kalih isen-isen miwah ubarampenipun, lha wande ingkang mapan ing margi catur caket peken nika, kaparingaken dhateng semah ingkang angka tiga menika, benjing menawi Serat Palilah ingkang dipun tapak astani Gusti Tumenggung sampun njudhul, inggih Nyi Waraka ingkang angtka tiga menika ingkang badhe nglampahaken saha anenggani, Ki Waraka piyambak inggih badhe langkung kathah manggen ing griya lan wandenipun semah ingkang kapisan, ing Kitharaja mrika".

Aku lagi ngerti jebul Waraka, wong lanang sing umur-umurane katone ora pati akeh kaceke karo umur-umuranku kuwi duwe bojo telu lan selir sepirang-pirang. Ya lumrah wae, wong Makara sing umure meh padha karo umurku kaceka ya ora ana setahun, wektu iki uga wis duwe anak sing umure lagi sewulan. Ya mung aku wae, sing merga isih kepengin golek sangu urip sing luwih mapan, durung kober mikir arep omah-omah. Sauntara aku jagongan karo Makara, punggawa-punggawa Katumenggungan wiwit padha teka lan mapan ing panggonane dhewe-dhewe.

Karo nyangking omben saka Nyai Waraka angka telu, sing dititipne Makara, aku ngalih genti nyaketi papane Ki Suwela, wong tuwane Makara sing mau tekane bareng karo anake lanang.

"Sampun dipun aturi dening Makara Anakmas?" lagi wae aku teka ngarepe, Ki Suwela wis mapag nganggo pitakonan.

"Oh, sedhahan saking Ki lan Nyi Waraka mangke dalu menika ta Ki?" aku wangsulan karo mbalekne pitakonan.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela "manawi boten wonten pambeng ingkang wigatos, mangke dalu kula ugi badhe ndugeni sedhahan menika kok Anakmas".

"Inggih Ki" aku genti wangsulan "kula piyambak ugi makaten, badhe kula langaken muroih saged ndugeni sedhahan tigang wulanan ngandhegipun Nyai Waraka menika".

"Ngaturaken genging panuwun Anakmas" Ki Suwela dumadakan ngaturke panuwun, aku dadi rada gumun banjur takon sajroning ati, ya gene yen aku ngelangne arep nekani ulemane Waraka, malah Ki Suwela sing matur nuwun?.

"Estunipun Waraka menika rak sampun kula anggep anak kula piyambak ta Anakmas?" Ki Suwela kaya ngerti sing lagi tak gagas.

"Ki Suwela sampun dangu anggenipun tepang kalihan Ki Waraka menika?" aku takon.

"Nama boten sampun dangu malih" Ki Suwela aweh wangsulan "Biyungipun Waraka ingkang nami Sunthi menika estunipun rak putra lembu peteng utawi selir ingkang sesidheman saking Gusti Tumenggung Jlampar?".

"Inggih Ki, Ki Waraka ugi sampun criyos dhateng kula babagan menika" wangsulanku nigas kandhane Ki Suwela.

"Lha biyungipun Sunthi ingkang nami Dirah ingkang dados garwa lembu petengipun Gusti Menggung Jlampar, menika sedherek kula sepuh tunggal bapa biyung kalih kula, mBok ayu Dirah anak angka setunggal dene kula yoga angka tigawelas, mBok ayu Dirah lajeng kapundhut selir dening Bendara Penatus ing Kitha Majapahit, gadhah yoga setunggal inggih pun Sunthi biyungipun Waraka menika,  lha Sunthi lajeng kapundhut selir dening Ki Wancu sodagar saking Nagari Cempa, nalika Ki Wancu nggelar dagangan ing Kitha Majapahit. Dados menawi dipun urutaken makaten, Waraka menika taksih kapernah putu kula piyambak" Ki Suwela nggenahne sesambungan antarane dheweke karo Waraka.

Aku dadi mbatin, ya gene Makara ora crita menyang aku babagan iki? Ora kandha yen temene ngono Si Waraka kuwi isih tiba ponakane dhewe, putune biyunge gedhe ?. Apa merga Makara sing ora bisa nyritakne urut-urutane?.

"Awit kula boten remen menawi kathah ingkang ngertos menawi kula menika taksih wonten sambetipun kalihan Gusti Tumenggung Jlampar, ingkang estunipun taksih kaprenah kakang kula ipe, sanaosa sesambetan antawisipun kulawarga kula kalih kulawarganipun mBok Ayu Dirah, Sunthi menapa dene Waraka menika mlampah kados limrahipun tiyang ingkang taksih waris piyambak, nanging kula boten nate nyariyosaken sesambetan batih antawisipun kula kalih Gusti Tumenggung Jlampar, dhateng sinten kemawon, malah ugi Keng Rama, inggih Gusti Tumenggung Jatikusuma ugi boten uninga sambetipun kula kalih Gusti Tumenggung Jlampar. Inggih nembe menika kula wantun blaka kalihan Anakmas Suwanda, jalaran Anakmas menika tuhu pangayoman sejati tumrap kula saha kulawarga kula".

"Inggih Ki, kula ngaturaken nedha nrima dene Ki Suwela sampun kepareng mblakakaken sambetipun Ki Waraka kalihan ndika Ki Suwela, jeneh Kakang Makara ugi babar pisan boten nate cariyos dhateng kula ing babagan menika" wangsulanku semu nuduhne panutuhku marang Makara.

"Kula ingkang lepat Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo mesem "anggenipun Makara boten matur dhateng Anakmas Suwanda menika jalaran kula wongsal-wangsul meling dhateng piyambakipun, murih sampun ngantos ketrucut rembag, ingkang saged nuwuhaken wonten ingkang pirsa menawi Makara menika estunipun saged kawastanan taksih pulunanipun Gusti Tumenggung Jlampar, ingkang samangke sampun surut ing kasedan jati".

"Inggih, inggih Ki, kula mangertos" wangsulanku karo manthuk-manthuk "estunipun kenging menapa Ki Suwela nyingidaken dhateng bebrayan bilih ndika menika maksih kapetang kadang ipenipun Gusti Tumenggung Jlampar ingkang samangke sampun seda jinempana ing angin menika Ki?".

"Sadaya menika inggih amargi saking kawontenan Anakmas, kula boten remen menawi awit kawontenan kula ingkang gesang salebeting kasekengan menika angirangi kawibawanipun Gusti Tumenggung Jlampar, menawi ngantos wonten ingkang sumerep menawi kula menika kapetang taksih kadang ipe kalih Gusti Tumenggung" Ki Suwela wangsulan karo mesem pahit.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (017)

17.

Wengine tekane Waraka ing Dalem Katumenggungan ngadhep aku lan kabeh sing dikandhakne, ora kliwatan uga olehe wis aweh dhuwit sakanthong cilik marang aku, tak aturke marang Rama Tumenggung Jatikusuma. Ora mung sing dikandhakne Waraka wae sing dadi aturku marang Rama Tumenggung, nanging critane Makara sadurunge Waraka teka uga tak aturake pisan. Rama Tumenggung suwe ora enggal paring pituduh apa sing kudu tak tindakne magepokan karo panjaluk palilahe Waraka iki. Ketara yen tekane Waraka bebadra warung ing laladan kene iki, mbutuhake kawigaten mirunggan. Bareng wis sauntara lan sajak wis menggalih kanthi mateng, wekasan Rama Tumenggung wiwit paring dhawuh marang aku.

"Ngene ya Ngger" dhawuhe Rama Tumenggung alon "yen disawang sagebyaran, jenenge ana wong sing nindakne budidaya murih urip sing luwih becik, kuwi kena diarani barang sing lumrah, lan minangka wong tuwane kawula ing laladan kene, kudune awake dhewe iki melu anyengkuyung murih anggone wong sing mbudidaya kuwi bisa migunani, saora-orane tumrap wong sing nglakoni dhewe, munggahe migunani tumrap tangga teparone. Awit sumurupa Suwanda, barang sing luwih gawe sekele Sang Prabu ing Majapahit kuwi ora ana sing ngungkuli sekele penggalih dalem nalika uninga yen kawulane nandhang kurang sandhang apa dene pangan. Anane kawula bisa kurang sandhang lan pangan kuwi, sing akeh ora merga kawula mau kesed ora gelem tandang gawe, ora. Nanging luwih akeh sing jalaran saking ora anane gaweyan sing bisa ditandangi sing bisa ngasilake bebakalane sandhang klawan pangan. Mula sepisan maneh, yen ana kawula Majapahit sing gelem tumandang murih bisa madhang, luwih-luwih bisa mbeciki tata panguripane, kuwi kawula sing pantes oleh pangalembana".

"Menapa dhawuhipun Rama Tuemnggung menika saged kula pendhet dudutan bilih Rama Tumenggung sampun kepareng kula nyawisaken Serat Kekancingan, minangka tandha bilih anggenipun bebadra wande pun Waraka sampun pikantuk palilah saking Rama Tumenggung?" kanthi ngati-ati aku munjuk nyuwun pirsa.

"Mengko dhisik" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "tembungku durung rampung".

"Inggih Rama, nyuwun pangapunten".

"Iya, tak tutugne olehku kandha" Rama Tumenggung nutugne olehe paring dhawuh "ing ngarep keng slira matur manawa kajaba dodolan barang sing lumrah, lire bangsane panganan lan omben-omben sing bisa dipangan lan diombe dening sadhengah wong, Waraka uga dodolan omben-omben sing mung pantes diombe dening wong sing wis diwasa, yaiku panunggalane arak, tuwak, ciyu lan sapiturute. Iki sing kudu mbok pikirake, lire sanadyan mung sak mendem utawa wuru merga ngombe arak utawa ciyu, iku asring nuwuhake kisruhing kahanan, luwih-luwih yen nganti ana bocah sing durung diwasa wiwit jajalan mendem, kuwi luwih ora prayoga maneh, keng slira kudu ngerti yen omben sing dadi pakaremane wong akeh kuwi pancen sok ana guna lan paedahe, nanging yen olehe ngombe ora bener utawa sing ngombe dudu wong sing bener, kuwi babar pisan ora ana gunane kajaba mung bakal nuwuhake kapitunan tumrap sing ngombe lan uga wong sing ana sakiwa tengene".

"Nyuwun pangapunten Rama" aku nyela  matur "ingkang dipun kersakaken anggenipun ngunjuk boten leres lan tiyang ingkang boten leres, menika kados pundi cetahnipun?".

"Olehe ngombe ora bener, kuwi akeh sing wis ngecakne" Rama Tumenggung nggenahne dhawuhe "ngombe sing wis ngliwati wates mung merga dienggo pamer, dienggo gagah-gagahan ben diarani wong sing ora jirih lan sapiturute, kuwi salah siji tuladhane wong sing olehe ngombe ora bener. Dene wonge sing ora bener, ya iku wong sing ora kulina ngombe banjur merga saka pakewuh banjur nekad wani ngombe, temahane ya banjur mendem lan dadi geguyone wong akeh, malah ora arang wong sing ngono kuwi banjur diwadani lan diisin-isin murih wirang, ora ana critane wong sing diwewirang lan dipoyoki kuwi bisa nampa kanthi legawa, kaping pindho bocah sing durung cukup umure, merga kepengin enggal oleh pangakon wis gedhe, banjur nuduhne kuwanene ya iku wani nindakne sing kulina ditindakne wong diwasa, upamane ngombe bangsane arak lan tuwak kuwi. Iki cetha ora bener awit bisa gawe rusaking raga lan pikire bocah sing durung diwasa nanging nggege mangsa, kepengin diarani wis diwasa kuwi".

"Kaluhuran dhawuhipun Rama Tumenggung, lajeng kados pundi prayoginipun?" aku wis mudheng karo sing dikersakne Rama Tumenggung "menapa ingkang kedah kula lampahi magepokan kalih anggenipun nyuwun palilah pun Waraka menika?".

"Sawuse keng slira niti priksa kahanane warunge Waraka lan pranyata Waraka dodolan omben jinising arak utawa tuak lan sapanunggalane, Waraka kudu gelem gawe layang prajanjen, yen olehe ngedoli omben sing bisa marakne wuru kuwi mung kanggo wong sing bener lan uga anggone ngombe ing warung kono kudu kanthi cara sing bener. Yen sing ngombe wis katon wiwit mendem ora kena Waraka ngedoli maneh marang wong mau sanadyan wonge dhewe sing njaluk, kaping pindho Waraka ora dikeparengake ngladeni bocah sing durung cukup umure tuku omben sing bisa gawe wuru kuwi ing warunge. Yen nganti prajanjen iki diterjang, mangka Dalem Katumenggungan wenang, ngendheg olehe Waraka dodolan apa wae ing laladan kene" Rama Tumenggung paring wangsulan lan pituduh marang aku,  apa sing kudu tak tindakne magepokan anggone Waraka nyuwun palilah dodolan.

"Inggih Rama" aku matur "sedaya dhawuhipun Rama badhe kula estokaken kanthi sak sae-saenipun".

"Sabanjure" Rama Tumenggung isih paring dhawuh maneh "mau keng slira uga matur, yen Makara nyritakne yen Waraka saben wengi nggelar tontonan joged beksan sing Pesindhen lan Ledheke ayu-ayu tur ana uga sing nyambi gelem dadi papan panyuntaking napsu birahine wong lanang sing mbutuhake, malah aturmu mau uga ngandhakne kajaba sing nyambi dadi Pesindhen utawa Ledhek uga ana dicawisake wong wadon sing pancen makarya kanthi nyewakne ragane kanggo wong lanang sing mbutuhake?".

"Leres Rama kala wau Kakang Makara mila criyos makaten, nanging Waraka namung criyos menawi kangge nguri-uri budaya, piyambakipun ugi nggelar kagunaning gangsa ingkang kangge ngiringi para waranggana sesekaran" aku atur wangsulan blaka.

"Yen sing dikandhakne Waraka kuwi kanggo nguri-uri budaya, kuwi nyata yen becik" Rama Tumenggung bali ngendika maneh "nanging yen kongsi ana paraga pagelaran sing nyambi kaya sing dicritakne Makara, kuwi jenenge ora nguri-uri budaya nanging tumindak sing nedya gawe rusaking kabudayan luhur. Cakepaning tembang sing diunekne dening para waranggana kae, prasasat kabeh ngemu pitutur luhur, panuntunan marang wong-wong piye becike nglakoni urip murih manggih rahayu. Nanging, yen wong sing katone gelem dadi Waranggana utawa Ledhek, nanging duwe bebuden asor gelem dadi wadon palanyahan mangkono kuwi, cetha yen kuwi wong wadon sing kena digawe srana ngrusak kaluhuraning budayaning para leluhur sing nyata adiluhung".

"Nuwun sewu Rama" aku nyoba matur kanthi panemu sing rada beda "mila ing papan sanes, bab Waranggana utawi Tandhak ingkang nyambi makaten kala wau sampun limrah lan kaprah saha sampun boten dados wewadi malih".

"Sing keng slira aturake kuwi mula bener" Rama Tumenggung paring wangsulan "nanging Keng Slira kudu ngerti, tumindak sing kaya ngono mau yektine dudu tumindak lumrah, nanging tumindak sing ora genah, banjur dikaprahake. yen ing kana-kana ngono kuwi dianggep kaprah lan lumrah, nanging yen ing wewengkon kene, aku ora bakal nglilakne. Jalaran aku isih duwe nalar sing waras, wong  lanang sing dhemen nguja hawa nepsune karo wanita palanyahan kuwi padha karo wis ngidak-idak atine sisihane, wis nyidrani kasucening tresna saka bojone. Ora ana critane wong wadon lega atine yen ngerti sing lanang seneng-seneng ngumbar hawa nepsune karo wadon palanyahan, sing ana ya atine dadi lara sing angel tambanane. Karo maneh, wong lanang sing seneng ngono kuwi, mesthi ora bakal lila saupama bojone utawa anake wadon dicidra tresna dening wong lanang liyane, ngono kuwi nuduhne yen wong lanang sing kasebut mau klebu wong lanang sing dumeh menang. Nek dheweke legawa sisihane didadekne papan panyuntak hawa nepsune wong lanang liya, kuwi ora beda karo cara uripe kewan kae".

"Menika menawi ingkang nindakaken tiyang ingkang sampun gadhah semah Rama?" ora krasa aku ketrucut nyuwun pirsa "menawi tiyangipun taksih legan?".

"Kuwi pitakon sing temene pitakone wong nasar" Rama Tumenggung paring wangsulan karo suwara sing wiwit mendhuwur "pranataning kapitayan mbuh kuwi sing wujud agama utawa  kapitayan sing ana sadurunge ana agama sing teka ing Majapahit lan Tanah Jawa kene, mulangake yen cara kanggo ngilekne pangajakane napsu birahi kuwi sranane Rabi ora tumindak nasar ngono kuwi. Tak arani nasar sabab wong sing nindakne kuwi ngerti yen sing dilakoni barang sing sasar, nanging nekad ditindakne merga pancen ora kesasar malah kepara nasarake jiwa lan ragane marang juranging neraka".

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...