Total Tayangan Halaman

Sabtu, 25 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (025)

25.

Satemene sajroning nindakne jejibahan ing papan kanggo nggaotane si Waraka iki mau, ing atiku tuwuh rasa sing ora pati kepenak. Jalaran sing tak gambarake sadurunge aku budhal karo Tayu lan Lancur mau, jebul ora njudhul. Bares wae, nganti tekan saiki wewayangane Andalu babar pisan ora bisa tak lalekne. Mau sadurunge budhal nganti tekan warunge Waraka, aku duwe pangira yen bakal kepethuk karo Andalu, saora-orane bakal weruh klebate, merga aku duwe pangira yen Andalu kuwi manggon tunggal saomah karo Rinten, sedulur kembare, wong wingi Andalu ya wis kandha nek dheweke melu nyengkuyung paguyuban karawitan lan langen beksa sing olehe gladhen ana ing panggonane Waraka. Nanging, jebul meh setengah dina aku niti priksa kahanan ing warunge Waraka, kenya ayu sing wis ngreridhu atiku kuwi babar pisan ora ketok klebate. Ya lumrah wong pancen mau kuwi, kagunane karawitan sing kulina digelar awor karo warung papan ngombe ciyu, padha karo kahanan warunge, sepi, ora ana sing mara.

 

Ya merga rasa cuwa ora klakon bisa kepethuk Andalu kaya sing tak angen-angen sadurunge kuwi, tekan Dalem Katumenggungan aku banjur lungguh thenger-thenger ijen ing papan sing kulina tak panggoni. Pikiranku nglambrang tekan ngendi-endi, golek wangsulan pitakone ati sing kepengin weruh wektu kuwi Andalu lagi ana ngendi lan lagi nindakne gaweyan apa?.

 

Merga mau wis disuguhi mangan ing panggonane Waraka, awan iki wetengku ya ora krasa luwe. Nalika abdi dalem katumenggungan sing kulina ngladekne dhaharan kanggo para punggawa Dalem Katumenggungan aweh weruh yen kanggo manganku wis tumata, aku ya ora pati migatekne.

 

"Awan iki aku ora mangan Bibi" aku aweh wangsulan nalika Bibi sing tata dhahar kuwi ora enggal ngalih saka ngarepku merga ngenteni nggonku aweh wangsulan "mau wis disuguh mangan ing warunge Ki Waraka sing tak titipriksa karo Lancur lan Tayu".

 

"Inggih sampun" wangsulane Bibi juru ladi dhahar kuwi "menawi makaten kaparengna, dhaharan kagem Raden Bagus Wanda kula lorot dhateng wingking".

 

Aku ora semaur maneh, merga aku isih pengin ngetutne rasa cuwaku sing ora ketemu karo Andalu. Karo lungguh neng kursi ngadhep meja, awakku tak sendhekne memburi, sirah rada dhangak nyawang pyan sing ana dhuwurku, neng pyan kuwi kaya-kaya bisa tak sawang mobah musike Andalu sing tansah merak ati.

 

"Ehm...ehm, nyuwun pangapunten kula ingkang sowan Anakmas" lagi wae gagasanku nglambrang dumadakan dikagetne suwarane wong dhehem-dhehem, banjur ngandhakne nek arep nemoni aku. Ki Suwela katon mesem karo mbungkukne awake bareng aku ngalihne panyawang saka pyan genti ngingeti dheweke.

"Mangga pinarak mriki, Ki Suwela" aku ngacarani wong tuwane Makara kuwi supaya lungguh neng kursi ing sisihe meja sing tak dhepi.

 

"Nyuwun pangapunten Anakmas" Ki Suwela wiwit guneman sawise mapan lungguh "menapa kala wau ing panggenanipun Waraka Anakmas mrangguli prakawis ingkang damel runtiking panggalih jengandika?".

 

"Boten niku Ki?" wangsulanku karo suwara nuduhne yen ora ana apa-apa "kenging menapa nDika mundhut pirsa makaten? Menapa kula katingal mrengut kemawon Ki?".

 

"Boten makaten Anakmas" Ki Suwela mesem "sokur menawi boten wonten prakawis ingkang damel dukanipun Anakmas Suwanda. Kula namung radi kuwatos, kala wau wancinipun dhahar si Tayu kalih Lancur ingkang tindak dhateng panggenanipun Waraka, boten tumut nedha malah lajeng pamit badhe ngrumiyini ngaso. lajeng kula tingali Anakmas ugi boten dhahar lan boten ngasokaken salira, malah taksih lenggah ing mriki".

 

"Oh, niku ta Ki?" aku wangsulan karo mesem amba "kala wau Lancur, tayu lan kula saderngipun wangsul saking wandenipun Ki Waraka, dipun segahi tedhan, dados kula tiyang tiga sampun nedha ing mrika, mila dugi griya inggih taksih kraos tuwuk".

 

"Inggih, inggih Anakmas, inggih sampun menawi makaten" Ki Suwela guneman maneh, suwarane keprungu nek atine ayem "nuwun sewu, menapa anggenipun niti kawontenan ing mrika sampun rampung Anakmas? Kados pundi menggah wohing paniti?" .

 

Aku banjur kandha blaka marang Ki Suwela yen olehku niti kahanan papan kanggo nggaotane Waraka durung jangkep, jalaran warung sing nyawisake arak lan nyuguhake pagelaran ulah langen beksan sarta papan kanggo ngladeni wong sing mbutuhne pijet lagi sepi, dadi isih mbutuhne niti priksa maneh.

 

"Lho? kepiye ta Waraka iki?" Ora mangsuli apa sing tak critakne Ki Suwela malah grenengan dhewe "kudune ki rak ya sanadyan ora ana sing mara, nanging para anadhahan sing ngayahi jejibahan ing kono, klebu para niyaga lan pesindhen sarta ledhek-ledheke, dicawisne dadi bisa dipundhuti pirsa dening sing nindakne papriksan.....".

 

"mBok menawi awit kawontenan sepen, lajeng ingkang kulina nyambut damel ing mriku sami wangsul Ki" aku aweh wangsulan marang anggone Ki Suwela grenengan.

 

"Dados Anakmas tuwin Lancur lan Tayu wau boten kepanggih para ingkang kulina wonten mriku Anakmas? Menapa Andalu ingkang dados kembanging para waranggana ingkang taksih warisipun Waraka piyambak menika ugi boten wonten?" Ki uwela takon, sajake isih rada cuwa karo Waraka.

 

"Mila makaten Ki" wangsulanku "waunipun kula nginten menawi Andalu menika manggenipun kempal sagriya kalih Ki Waraka lan Nyi Rinten, jebul boten".

"Mila makaten Anakmas" Ki Suwela aweh katrangan "Andalu menika taksih ndherek tiyang sepuhipun, inggih Ki Kebayan ing Bulak Pandhe. Nanging mesthinipun Makara rak nggih saged kengkenan Andalu, murih ndherek nyugata rawuhipun Anakmas Suwanda ingkang badhe niti priksa papan panggaotanipun Waraka menika?".

 

"mBok menawi pancen Ki Waraka nembe kesupen Ki" aku wangsulan karo ngguyu lan tanpa krasa aku keprucut gunem nek aku rada cuwa merga Andalu ora ana "tiwas saking griya wau kula ngangen-angen badhe kepanggih kalihan sedherek kembaranipun Nyai Rinten menika, jebul kecelik".

 

"Inggih Anakmas" Ki Suwela nimbangi esemku "nuwun sewu,  ketingalipun Anakmas Suwanda anuju prana menawi kepanggih kalih kembaranipun Rinten menika ? Anakmas estu waskitha ing paningal, mila yoganipun Ki Kebayan Bulak pandhe menika estu kenya ingkang kajawi sulistyeng warni ugi nggadhahi kalangkungan ingkang kathah".

 

Aku lagi krasa yen wis ketrucut rembug, nanging gandheng wis kebacut, aku ya banjur ora niyat nyelaki apa sing dadi panemune batinku.

 

"Inggih Ki, pancen rumaos kula Andalu menika kados ingkang Ki Suwela dhawuhaken menika" kandhaku sabanjure.

 

"Manawi makaten, prayoginipun Andalu enggal kapundhut kemawon Anakmas" Ki Suwela aweh pamrayoga marang aku gegayutan karo Andalu "awit ngibaratipun sekar, Andalu menika nedheng-nedhengipun mekar lan boten mokal menawi kathah kumbang ingkang kepengin nesep madunipun. Dados miturut pamanggih kula, langkung prayogi menawi Anakmas enggal paring dhawuh bilih Anakmas ngersakaken mundhut Andalu".

 

"Makaten inggih Ki?" aku kapencut karo sing dikandhakne Ki Suwela iki "cobi kula tak matur dhateng Kanjeng Ibu tuwin Rama Tumenggung ing prakawis menika, menawi Ibu tuwin Rama Tumenggung  sarju ing penggalih, kula badhe daya-daya manggihi Ki Kebayan Bulak Pandhe, saderngipun kerumiyinan jejaka sanes".

 

"Nuwun sewu Anakmas" Ki Suwela aweh wangsulan "kula kinten menawi Anakmas ngersakaken matur dhateng Gusti Tumenggung langkung rumiyin menika kenging dipun wastani kedangon, kula kinten langkung sae menawi Anakmas mawi cara sanes".

 

"Liripunkados pundi Ki?"

 

"Badhea kados menapa Andalu menika namung yoganipun Kabayan, Anakmas" Ki Suwela guneman karo mesem "lan jengandika menika putranipun Gusti Tumenggung, menawi awewaton bobot, bibit lan bebet inggih saged dipun wastani njomplang, utawi boten timbang. Nanging, menawi Anakmas estu-estu ngersakaken pun Andalu, langkung prayogi menawi Andalu menika kapundhut ampean utawi selir kemawon. Dados boten prelu Anakmas nyuwun palilah dhateng Gusti Tumenggung, jalaran Anakmas boten badhe palakrami, nanging namung badhe mundhut selir minangka klangenan. Lan ing babagan menika, kula minangka abdi ingkang setya dhateng jengandika Anakmas Raden Bagus Suwanda, sagah lan ngemban jejibahan ngaturaken Andalu dados selir jengandika Anakmas Suwanda".

 

 

ana candhake.

 

 

 

 

 

Jumat, 24 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (024)


 

24.

Wektu kang wis dirancang kanggo nitipriksa kahanan warung lan papan panggautane Waraka. magepokan karo anggone Waraka njaluk Layang Palilah saka Dalem Katumenggungan, wis teka.  Awan kuwi dikancani Tayu karo Lancur, abdi dalem Katumenggungan, aku budhal menyang warung papan anggone nggaota Waraka, saperlu nindakne jejibahan.  Waraka lan sisihane bareng ngerti yen aku teka ing warunge kanthi ancas arep nganakne panitipriksa padha gupuh anggone nampa tekaku sakanca. Kabeh andhahane diprentah supaya aweh pambiyantu marang Tayu lan Lancur kanthi nuduhne papan-papan sing arep didelok kahanane sarta mangsuli kanthi becik apa sing ditakokne abdi dalem Katumenggungan loro sing lagi nindakne jejibahane kuwi. Sauntara Waraka dhewe karo sisihane padha ngajak aku mider ngubengi lan nuduhne mungguh kahanane warunge.

Sengaja aku wong telu sing saka Dalem Katumenggungan iki mlaku dhewe-dhewe, sing diweruhi padha dicathet lan mengko bakal dicocogne asil panyawange wong telu iku dadi siji, yen wis lagi digawe dudutan sing bakal dadi atur ing ngarsane Rama Tumenggung, mungguh utawa orane yen anggone Waraka njalukne idi palilah kanggo papane nggaota kuwi upama dituruti.

"Bebakalan ingkang dipun ocal ing warung menika meh sedaya anggenipun tumbas inggih dhateng para kawula  ing kanan keringipun papan menika, Raden" kandhane Waraka nalika aku nyawang bebakalan pangan sing durung diolah, kaya beras, jagung, janganan lan sapiturute "namung menawi bumbu-bumbunipun mila kula padosaken dhateng Kitha, awit ing mriki radi angel anggenipun pados".

"Sadaya bebakalan menika meh saben enjing, wonten tiyang mriki ingkang dugi nyade wos lan janganan  ingkang dipun betahaken wande menika Raden" Rinten sing ngancani sisihane melu nggenahne apa sing lagi wae dikandhakne sing lanang "namung menawi panunggilanipun ayam, bebek, menthok kala-kala kula utawi Kakang Waraka ingkang murugi dhateng kandhang gadhahanipun tiyang mriki ugi".

"Yen mangkono kuwi jenenge ngajak bareng mlaku tangga teparo sing ana kene Ki Waraka" aku aweh tanggapan karo sing dikandhakne Waraka lan Rinten "tegese antarane ndika karo para kadang sing manggon ana sacedhake papan kene padha bisa gentenan anggone andum rejeki".

"Inggih Raden" Waraka aweh wangsulan "dados asil anggenipun nanem kanca tani ing laladan mriki, kajawi dipun sade dhateng peken mriku, ugi kathah ingkang kula tumbas, malah kala-kala menawi wande nuju reja, tiyang estri ugi asring dhateng peken pados wewahan bebakalan, awit ingkang dipun teraken para kadang sok boten nyekapi kabetahaning wande".

Tayu karo Lancur saka papan sing beda padha nyedhaki papanku. Kekarone nuduhne asil nggone mriksa kahanan sing dicathet ing sabak cilik ditulis nganggo grip. Sawuse tak delok, asil panalitine wong loro kuwi ora akeh kaceke, kekarone nuduhne yen olehe nggaota Waraka dodol panganan lan omben oleh biji sing becik.

Sawise olehe niti perangan ngarep wis dianggep cukup, Lancur karo Tayu genti mlaku menyang sisih mburine papan kuwi, ya iku warung sing nyawisake omben sing bisa marakake wuru yaiku panunggalane arak, ciu lan sapiturute. Ing papan perangan tengah iki kajaba dicawisi papan kanggo lungguhe wong sing padha tuku, uga ana papan kang diiseni gamelan saplagri sarta papan sing wangune kanggo ulah beksa. Nanging kahanane warunge Waraka perangan tengah kuwi katon sepi, ora ana wong sing teka, beda banget karo warung sing perangan ngarep sing rame dening wong sing padha jajan golek ngombe lan panganan.

 "Sepen Gus" Lancur lan Tayu meh bareng olehe kandha marang aku sing isih lungguh neng njaba dikancani Waraka lan Rinten.

"Sepi? Apa ora ana wonge?" aku genti takon marang Tayu lan Lancur nganggo suwara sing rada banter, dadi Waraka lan Rinten ya padha melu krungu.

"Mila makaten menika kawontenanipun Raden" Waraka sing ora tak takoni, malah sing ndhisiki aweh wangsulan "benten kalih ingkang wonten ngajengan kala wau, ingkang radi reja, menawi ing mriki boten ajeg, sok ingkang betah lajeng sami dugi nanging ugi sok sepen kados makaten menika".

"Ngono ya Ki Waraka?" aku takon.

"Inggih Raden".

"Nanging bakenipun perangan tengah menika, mila kangge nyawisi tiyang ingkang mbetahaken ciu lan sapanunggalane ugi kagelar sesukan langen beksa ta Ki?" Lancur genti sing takon.

"Leres makaten nDara" wangsulane Waraka "manawi ing wingkingipun mrika papan kangge aso salira miwah kangge ngladeni titiyang ingkang mbetahaken dipun peteki murih otot-otot ingkang kaken saha badan ingkang sayah saged pulih wangsul dados seger malih. Nanging dinten menika ugi nembe sepen, boten wonten ingkang dugi, sami kalih kawontenanipun perangan tengah menika".

Sawuse Lancur lan Tayu nyathet apa sing dikandhakne Waraka ing sabake, banjur Tayu nyedhakne lambene neng kupingku, bisik-bisik alon sing mung bisa tak rungokne dhewe. Aku mesem wis ngerti karo sing dikarepne Tayu.

"Tak kira, kanggo dina iki, anggonku nganakne panaliten papan panggaotan sing ndika suwunake Layang Palilah saka Katumenggungan wis cukup Ki Waraka" kandhaku marang Waraka sawuse Tayu rampung nggone mbisiki kupingku.

"Ngaturaken genging panuwun Raden" Waraka wangsulan praupane nuduhne senenging atine "lajeng kinten-kinten Serat Kekancingan saking Gusti Menggung saged kaparingaken kula, ngentosi pinten dinten malih Raden?".

"Kuwi aku ora bisa ngandhakne saiki Ki Waraka" wangsulanku "awit apa sing wis dicathet dening Tayu karo lancur iki mengko bakal diaturne ing ngarsane Gusti Tumenggung, lha mung Gusti Tumenggung sing kagungan wewenang mutusake, layang palilah kuwi bisa diwetokne utawa ora gumantung marang kawicaksanane Gusti Tumenggung, aku, Lancur lan Tayu iki mung saderma bisa ngunjukne ing ngarsane".

"Kalih malih" Lancur ngimbuhi rembugku "dhawuhing weca ing Serat Paugeran Katumenggungan nyebataken, anggenipun punggawa Katumenggungan niti priksa menika boten namung kaping sepisan kemawon, nanging sak boten-botenipun kedah kaping tiga, ingkang sepisan mawi cara kados makaten menika kala wau, dene ingkang sanesipun saged mawi cara sanes, jumbuh kalih wewenang ingkang dipun gadhuh dening ingkang kawogan".

"Makaten inggih nDara?" Waraka takon marang Lancur.

"Sing dikandhakne Lancur kuwi pancen bener Ki Waraka" aku sing aweh wangsulan "gandheng panitipriksa kapisan iki wis tak anggep cukup, saiki aku sakanca kepareng njaluk pamit bali menyang Dalem Katumenggungan maneh".

"Nyuwun pangapunten Raden" Waraka semaur "lajeng panitipriksa ingkang salajengipun benjang menapa?".

"Jumbuh karo unining Layang Paugeran, ndika lan sapa wae sing nyuwun palilah kanggo nganakne laku panggaota, ora diwenangake ngerti kapan panitipriksa sing kapindho lan sabanjure kuwi ditindakne uga ora dikeparengake ngertri luwih dhisik sapa punggawa kang kajibah nindakne gaweyan iki" aku aweh wangsulan jumbuh karo unining paugeran.

"Inggih Raden, boten langkung kula namung ndherek" Waraka guneman maneh "nanging saderengipun jengandika kundur, mugi kersaa dhahar langkung rumiyin, mangga kula dherekaken dhateng ing sasana dhahar".

Aku ora enggal semaur, nanging malah genti-genten aku nyawang Lancur lan Tayu, kaya njaluk panemune wong loro kuwi. Nanging Lancur lan Tayu ora aweh wangsulan kajaba ngangkat baune tandha yen manut.

"Mangga Raden kula dherekaken" kandhane Waraka maneh "kula suwun Raden miwah para bendara wonten lumunturing sih dhateng abdi ingkang sampun tata dhahar kagem jengandika sami, nadyan badhea kados menapa raosipun, mugi Raden tuwin Bendara kekalih paringa lega dhateng manahipun abdi jengandika ingkang sampun anyawisaken dhaharan".

Wekasane aku apa dene tayu lan lancur, mung bisa manut karo apa sing dadi panjaluke Waraka, mangan panganan sing wis ditata lan dicawisake. Bubar mangan, aku banjur mbaleni nggonku pamitan. Nanging aku ngrasa dadi ora kepenak bareng Rinten karo sikep sing kurmat ngulungake kanthong cilik isi dhuwit marang aku lan Tayu karo Lancur.

"Nek sing iki kapeksa aku ora bisa nampa Nyai" kandhaku marang Rinten "jalaran unining Paugeran Katumenggungan nyebutake, lamun ana Punggawa sing nalikane nindakne wajib, banjur gelem nampani paweweh saka kawula sing lagi katitipriksa, mangka punggawa mau ora pantes maneh nutugne anggone ngabdi ing Dalem Katumenggungan".

Tayu karo Lancur sing krungu olehku guneman padha mesem karo manthuk-manthuk tandha yen kalegan atine. Beda karo Waraka sing banjur katon sajak kacuwan. Nanging aku wis wegah migatekne maneh, Tayu karo Lancur tak sasmitani murih daya-daya ninggalne papan kono.

 

ana candhake.

 

 

Kamis, 23 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (023)

 

23.

Jebul wong-wong sing padha nonton kuwi ora kabeh kebageyan jatah suguhan arak sing diiderne dening Ledhek-ledhek kuwi. Sing ora kebageyan banjur ngetokne arake dhewe-dhewe, ana sing katone olehe sangu saka omah, nanging uga ana sing banjur tuku menyang warunge Waraka sing uga isih ngladeni sing mbutuhake apa-apa sing didol neng kono. Kahanan sansaya wengi mundhak katon sansaya anget, siji loro wong-wong sing nonton wiwit ana sing mendem. Ora sethithik wong-wong sing nonton kuwi sing padha ngadeg melu mbeksa, ana sing anggone njoged cukup neng panggonan, nanging siji loro uga ana sing olehe njoged nyedhaki kalangan. Lan tambah gayeng maneh bareng ana ledhek sing banjur nyedhaki sing njoged neng cedhake kalangan kuwi karo ngladekne arak sing ana sloki marang sing padha jogedan, kanthi mangkono sing wis diladeni ya banjur ngrogoh kanthonge njupuk dhuwit diwenehne marang sing ngladeni.

 

Nek sing ngladeni ngombe arak wong-wong sing padha nonton mau para ledhek lumrah sing dandanane menor-menor, sing ngladeni ngombe para tamu sing lungguhe neng kursi beda maneh. Sing laden luwih anoraga, ora kenes lan ora kemayu. Nanging katon ruruh lan slagane andhap asor, pancen sing laden iki dipilihne para waranggana sing luwih ayu lan merak ati. mBaka siji para tamu sing lungguhe ana kursi diladeni ulah beksa dening para waranggana kuwi neng jerone kalangan. Klebu aku, sing sawuse diladeni dening Andalu sedulur ipene Waraka, banjur disuwuni sawabe kanthi melu mbeksa bareng karo Andalu.

 

Saka rumangsaku Andalu iki pancen wanita sing turah ayune, slaga lan solah bawane alus kaworan manis, sarwa nengsemake. Anggone ngladeni aku mbeksa uga sarwa ngajeni lan kurmat banget marang aku. Kang mangkono iku nyata wis sansaya nambahi kasengsemku marang kenya sing wasis ulah beksa sarta nduweni suwara sing rumangsaku ora kalah karo suwara kidunge para hapsari ing swarga Tinjomaya.

 

"Beksanmu katon beda karo liyane, Nini" kandhaku marang Andalu ing sela-sela suwara ngrangine gendhing sing diiringi gamelan .

 

"Inggih nyuwun pangapunten Raden" wangsulane Andalu manuhara "mila kula nembe ing tataran gladhen, dereng saged mbeksa kanthi sae".

 

"Ora. beksanmu luwih becik lan luwih nengsemake tinimbang karo liyane" kandhaku sabanjure aweh pangalem marang dheweke "ing ngendi nggonmu gladhen sadurunge ana kene?".

 

"Inggih namung ing mriki kula sinau mbeksa Raden" wangsulane Andalu karo  nyeblakne slendhange ing ngarepanku, nuwuhake angin alus sing nggawa ganda arum mlebu irungku "estunipun kula mila dereng kulina ngladosi mbeksa oiyantun kakung, padatan kula inggih namung mbeksa piyambakan, dados kula estu nampi nugrahaning Jawata dalu niki saged ndherekaken jengandika Raden mBeksa, estu kula ngaturaken genging panuwun Raden".

 

Kandhane Andalu sing keri dhewe iki mau mbarengi karo suwuke gendhing, sampur sing maune tak enggo njoged tak ulungne marang Andalu lan aku bali menyang panggonanku sakawit, bareng karo Ki Suwela lan Makara sing uga wis masrahne sampure marang waranggana sing ngladeni mbeksa lan bali lungguh ing panggonane dhewe-dhewe.

 

Jebul Andalu mau olehe metu mbeksa mung kaping pisan, ya mung nalika ngladeni aku mau. Bubar kuwi ora katon maneh. Kamangka temene ngono, ati iki rumangsa isih kepengin bisa nyawang kenya ayu sedulur kembare Nyai Waraka sing jeneng Rinten kuwi. Ya awit saka kuwi, pasugatan-pasugatan gendhing lan beksan sing dituduhne ing kalangan plataran mburi omahe Waraka kuwi, saka rumangsaku rasane dadi sepa. Sanadyan sansaya wengi dadi sansaya rame, wong sing padha nonton padha kasengsem lan rumangsa seneng atine.  Ki Suwela lan Makara sing lungguhe jejer karo aku uga katrem ngeloni lakuning pagelaran. Kekarone sajak seneng, bola-bali melu ngguyu merga nyawang solahe para ledhek sing tetembangan sinambi jejogedan sing kerep wae olehe ngobahne peranganing awake nuwuhake surak lan keplok dening para sing nonton merga dianggep sing nyenengne mripate sing nyawang. Nanging kanggoku solah sing mangkono iku, klebu solah sing rada saru. Iya saru, merga bisa nggugah ati dadi mikir sing ora-ora. Mung jroning ati aku nggambarake, saupama sing njoged ngono kuwi Andalu lan olehe njoged ora ana wong liya kajaba aku dhewe, kira-kira beda maneh panemuku.

 

Nalika wengine sansaya lingsir, Ki Suwela banjur nyedhakne lambene menyang kupingku karo guneman :

 

"Sampun lingsir Anakmas, mangga kula dherekaken menawi Anakmas ngersakaken kundur, ngiras pantes nyukani kalodhangan tiang-tiang murih saged tuwuk anggenipun sami  sesukan tayub, menawi awakipun piyambak boten enggal jengkar saking mriki, selak mesakaken tiang-tiang nika awit kasiksa dening raos rikuh".

 

"Inggih mangga Ki" wangsulanku.

 

Ki Suwela banjur aweh prentah marang Makara supaya ngandhani Waraka sing olehe manggon rada adoh saka panggonanku murih mara nampani nggonku arep pamitan.

 

"Raden ngersakaken kundur samenika?" kandhane Waraka sawuse tekan ngarepku karo mbungkukne awake.

 

"Ya merga Anakmas Bagus Siwanda kuwi jejibahan sing kudu ditindakne akeh Ngger" durung nganti aku aweh wangsulan Ki Suwela ndhisiki guneman "dadi ya kapeksa tak dherekne kundur dhisik".

 

"Inggih Eyang" Waraka wangsulan banjur nutugne kandhane marang aku "sepisan malih kula ngaturaken genging panuwun Raden, kula pitados inggih awit berkah pangestu ingkang jengandika paringaken tartamtu badhe nambahi kasantosan tuwin karaharjan tumrap kula sakulawangsa sedaya".

 

Makara sing bubar ngandhani Waraka mau bablas mlebu menyang omah nggoleki wong tuwane wadon karo sisihane, wis metu lan nyedhaki papanku jagongan karo Waraka lan Ki Suwela. Makara ditutne Nyi Suwela lan Sisihane, diapit-apit Nyi Waraka lan Andalu. Saiki aku bisa nyawang kanthi cetha, sanadyan sabrebetan pancen kembar kaya jambe sinigar, nanging saiki aku bisa mbedakne endi Andaru endi Nyai Rinten, sing saka rumangsaku sausap luwih ayu Andalu tinimbang sedulur kembare.

 

Sawuse sepisan maneh Waraka lan sisihane ngaturake panuwun merga olehku wis gelem nekani ulemane, dumadakan Andalu genti nyedhaki aku karo ngulungne slendhang kuning piranti mbeksa karo kandha :

 

"Lepat nyuwun pangapunten Raden, mugi paringa pangaksama dhateng abdi jengandika pun Andalu menawi dalu menika kumawantun degsura ing ngarsa jengandika Raden Bagus Suwanda sesembahan kula.........".

 

"Ana apa Nini?" aku rada kaget, sanajan satemene ing jroning ati iki krasa seneng merga bisa nyawang lan dicedhaki dening kenya sing wis ndadekne atiku njahe wana, poyang-payingan.

 

"Nyuwun duka Raden" Andalu guneman karo tumungkul lan ngendhekne adege, sauntara tangane loro ngulungne slendhange ing ngarepku diangkat rada mendhuwur "mugi wonten sih wilasaning Raden Bagus Suwanda, kaparenga paring timbul dhumateng abdi jengandika Andalu sarana mberkahi pirantining beksa kula menika".

 

"Oo, iya, iya Nini" aku wangsulan "tak suwunke marang Hyang Agung muga-muga Para Dewa lan para Widodari ing Kahyangan paringa nugraha marang keng slira Nini temah kasembadan apa kang dadi panjangkamu".

 

Bubar ngucapne tembung ngono kuwi slendhang neng tangane Andalu tak candhak karo tak damu kaping telu.

 

"Sewu ngaturaken genging panuwun Raden" Andalu wangsulan banjur nyembah marang aku.

 

Sepisan maneh aku pamitan marang Waraka lan sisihane banjur jumangkah mlaku arep ninggalne omahe Waraka. Sauntara Makara luwih mlaku ndhisiki merga arep nata kreta sing mau dikusiri, nggawa aku lan Ki Suwela sarta kulawargane mrene.

 

Nganti tekan omah lan mapan turu, wewayangane Andalu tansah kumanthil-kanthil ing panduluku. Nganti suwe aku gedebagan dhewe, wewayangane Andalu nyata ora gelem ilang saka angen-angenku.


ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (022)

 

22.

Bareng wis rada sauntara para tamu ngrahabi pasugatan sing diladekne, banjur disusul metune pasugatan sing wujud kanggo mangan bareng ambengan sauba rampene. Ya ing wektu kuwi, Waraka nyedhaki aku karo guneman lirih sing mung bisa tak rungokne karo Ki Suwela sing lungguh jejer aku :

 

"Nyuwun pangapunten Raden, kaparenga Raden jengkar saking mriki ngalih dhateng griya wingking saprelu badhe kula ladosi dhahar kalihan Eyang Suwela".

"Mangga Anakmas kula dherekaken" sadurunge aku aweh wangsulan Ki Suwela wis ndhisiki ngajak aku mlebu ing omah sing sisih mburi, ninggalake para tamu sing ana ing pendhapa "menawi jengandika dhahar ing mriki mesakaken para tamu sanesipun, mindhak mangke anggenipun sami nedha kaluberan raos rikuh".

 

"O, makaten ta Ki?" aku lagi mudheng karo sing dadi karepe Waraka "mangga menawi makaten Ki, ayo Kakang Makara.....".

 

Sidane aku, Ki Duwela lan Makara diladeni mangan ing omah sisih mburi, ing panggonan sing mirunggan. Ing kene atiku bali krasa goreh maneh, awit sing ngaladeni anggonku mangan jebul Nyai Rinten sisihane Waraka sing rumangsaku sansaya suwe sansaya mundhak nengsemake. Karo ngladeni anggonku mangan, tembunge Nyai Rinten sing mau ora ana suwarane, wiwit kumrecek grapyak. Saka rumangsaku tembung-tembung sing diucapne dening sisihane Waraka sing angka telu iki , krasa kepenak dirungokne nganggo kupingku.

 

Ki Suwela apa dene Makara sing uga mangan ing sandhingku, wangune wis ngerti yen angen-angenku lagi goreh merga cedhak karo Nyai Rinten iki. Wong loro kuwi saben-saben bubar nglirik npapanku lungguh banjur ndhingkluk karo mesem dhewe-dhewe. Esem sing angel digerba mungguh apa kang dadi tegese.

 

Bubar mangan Waraka banjur nyedhak melu lungguhan ing dhingklik  njejeri Makara, sauntara Rinten sing mau lungguh ing cedhakku banjur pamitan mundur.

 

"Aja kesuwen nggonmu dandan ya Dhi? wengi iki sliramu kudu bisa mbeksa sing luwes, awit dipirsani dening Raden Bagus Suwanda saka Dalem Katumenggungan, uga dipirsani dening Eyang Suwela lan Paman Makara" kandhane Waraka nalika Rinten pamitan arep mundur.

 

Aku rada gumun karo tembunge Waraka marang Rinten sing mangkono kuwi. Ya gene Waraka ndadak nyebut jenenge Ki Suwela lan Makara marang sisihane? Mesthine oraa disebut Rinten harak ya wis apal karo wong loro sing pranyata isih kapernah simbah lan bapa pamane Waraka kuwi. Karo maneh, kok Waraka meling supaya anggone mbeksa sisihane supaya luwih luwes barang? Pancen saka plataran mburi omahe Waraka keprungu ana suwara wong-wong sing padha nabuh gong, nanging apa iya Rinten sing lagi ngandheg telung wulan kuwi dikongkon melu njoged ? Apa ora mesakne lan nguwatirake kandhegane?.

 

"Estunipun dalu menika para kadang pradangga miwah para sindhen lan ledhek ingkang manunggal ing paguyuban kula badhe gladhen, Raden" Waraka guneman karo nyawang aku "menawi padatan anggenipun gladhen inggih wonten lebet griyawingking mrika, nanging dalu niki mumpun nuju wulan purnama, tur inggih dhasare mangsa ketiga, anggenipun gladhen mapan ing plataran wingking. Mangke kula suwun Raden Bagus Suwanda, Eyang Suwela menapa dene Paman Makara kersaa paring berkah, amirsani sarwi lelenggahan ing kursi ingkang sampun kacawisaken".

 

"Iya Ki Waraka" aku aweh wangsulan "banget panuwunku dene aku bisa melu nonton nggone kanca-kanca padha gladhen ing wengi iki, nanging.......".

 

"Nanging menapa Raden?" Waraka nugel tembungku.

 

"Ya gene sisihan ndika si Nyai Rinten isih ndika kongkon melu gladhen mbeksa? apa ndika ora mesakne lan mangkono iku apa ora nguwatirake karo kandhegane Nyai Rinten?" aku takon lan nelakne rasa pangemanku marang sisihane Waraka.

 

Dumadakan Ki Suwela, Makara lan Waraka bebarengan padha ngguyu rada banter. Aku dadi ora mudheng, ya gene wong telu kuwi malah nggeguyu omonganku?.

 

"Matur nuwun Raden" kandhane Waraka ing sela-selane anggone ngguyu "menawi semah kula pun Rinten, dalu menika boten badhe ndherek gladhen. Awit kajawi nembe kemawon dipun tengeri anggenipun ngandheg jangkep tigang wulan, piyambakipun ugi boten saged ulah beksa".

 

"Lho iki mau gajege lagi wae ndika kandhani supaya anggone mbeksa luwih luwes maneh?" aku sansaya gumun karo wangsulane Waraka sing mangkono kuwi mau.

 

"Inggih nyuwun pangapunten Raden" Waraka wangsulan "ingkang nembe kemawon mundur saking ngersa jengandika niki wau dede abdi jengandika pun Rinten inggih semah kula".

 

"Kersa ndika?"

 

"Kala wau abdi jengandika pun Andalu, sedherek kembaripun semah kula pun Rinten. Andalu menika tuhu baud olah beksa, nyekar saha rerepen. Piyambakipun mila remen marsudi budaya wiwit alit" Waraka nggenahne sapa wong wadon sing tak sengguh Nyai Rinten iku mau.

 

"Ooo...... ? dadi iki mau aku sing kleru nggonku nyawang ta?" aku wangsulan karo mesem, nglenggana yen wis kleru pangira "ya sing gedhe pangapura ndika, jeneh olehku tepung karo sisihan ndika ya lagi iki mau, dadi ya durung pati apal".

"Jengandika boten lepat Raden" wangsulane Waraka karo mesem "sampun malih jengandika ingkang nembe wanuh sepisan menika, sanadyan para kanca ingkang sampun dangu srawung kalih kula lan asring dumugi papan mriki panggih kalih Andalu menapa dene Rinten, meh radin-radin inggih boten saged mbentenaken kekalihipun".

 

"Kula inggih makaten kok Gus" Makara sing maune mung mesam-mesem melu nranbul gunem "niki wau wiwitanipun kula inggih boten ngertos menawi niki wau sedherek kembaripun Nyai Waraka, nembe sasampunipun medal suwantenipun, kula lajeng sumerep bilih piyambakipun menika Andalu, putra putrinipun Ki Kebayan Bulak Pandhe".

 

"O ngono ya Kakang Makara?" aku wangsulan karo ngguyu "nanging ndika panggah rada duwe luput marang aku!".

 

"Inggih?" Makara takon "lepat kula manggen ing pundi Gus?"

 

"nDika sing wis ngerti nek sing ngladeni nggonku mangan mau Andalu dudu Rinten, nanging ndika kendel wae, ora aweh weruh marang aku, malah ndika saben-saben mesam-mesem, nggeguyu aku sing kidhung merga ngira yen sing leladi ing ngarepku iki mau Nyai Waraka" wangsulanku karo mesem, nuduhne nek aku ora nesu sanadyan wis dibebeda lan diesemi karo ndhingkluk.

 

"Inggih Gus kula mila lepat" Makara guneman alon "nanging kula ngertos kok, saageng-agenge kalepatan kula panggah taksih ageng sih wilasanipun jengandika Gus Wanda dhateng kula".

 

Anggone padha omong-omongan leren, amarga ana andhahane Waraka sing nyedhak karo mbungkukne awake. Waraka nyedhaki andhane kuwi banjur padha guneman alon.

 

"Nyuwun pangapunten Raden" Waraka banjur guneman "ketingalipun anggenipun sami gladhen sampun dipun wiwiti, samangke kula suwun mugi Raden Bagus kersaa kepareng paring berkah pangestu dhateng kanca-kanca para pradangga".

 

"Iya Ki Waraka" aku aweh wangsulan, banjur kandha marang Ki Suwela lan Makara "mangga Ki Suwela, ayo Kakang Makara".

 

"Mangga anakmas suwawi kula dherekaken" wangsulane Ki Suwela karo ngadeg.

 

Bener kaya sing dikandhakne Waraka mau, tekan plataran mburi aku weruh, pagelaran beksan tayub sing dening Waraka diarani Gladhen kuwi wis diwiwiti. Sing nonton wong sapirang-pirang kaya lumrahe nek ana tontonan tayub nggone wong sing duwe gawe mantu ngana kae. Kabeh padha lungguh neng lemah karo nyilakne jarite sesisih, ngupengi sing lagi nuduhne kawasisane ing ulah budaya beksa. Sauntara ing kalangan katon para ledhek padha pating krembyah ngobahne jogede, entrane ngono lagi ngecakne joged bedaya sing diiringi gendhing-gendhing alusan. Aku sing lungguh kursi awor Ki Suwela lan Makara ing mburine para panjak, nguwasi para sing lagi njoged. Tak sawang sing njoged wong papat sing olehe pupuran katon kandel-kandel kuwi, Andalu sing mau tak kira Nyai Rinten durung ana.

 

Wong-wong sing padha nonton ketara yen padha seneng atine sedhela-sedhela ana sing keplok-keplok sing banjur ditiru dening kanca-kancane, ndadekne kahanan dadi sansaya reja. Sauntara iku, suguhan arak wiwit diladekne, wong-wong sing padha nonton wiwit padha gentenan ngombe arak, sing diladekne ledhek-ledhek sing solah bawane katon nek digawe-gawe murih sing diladeni npadha kepencut atine.

 

ana candhake.

Rabu, 22 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (021)


 

21.

Jebul olehe arep miwiti nggone upacara nelung saseni olehe ngandheg Nyi Waraka angka telu iki mung ngenteni tekaku karo tekane Ku Suwela. Ketitik, bareng aku karo Ki Suwela apa dene Makara wis melu mapan lungguh ing jogan pendhapa kuwi, adicara tumuli diwiwiti. Ana sawijining wong tuwa macak cara kabrahmanan, ngagem jubah lan kalung serban kaya pacakane Brahmana saka tanah Indu, sawuse atur sembah marang aku banjur klawan laku dhodhok manggon ing tengahing pendhapa sing jembare meh tikel lorone pendhapa dalem Katumenggungan kuwi. Ya wong sing macak cara Brahmana kuwi sing tumuli mratitisake lakuning upacara. Waraka karo sisihane diawe supaya mara, kekarone banjur nyembah ngabekti marang aku, banjur marang Ki Suwela, tumuli wong loro salakirabi kuwi kanthi laku dhodhok nyedhaki wong tuwa sing busanane kaya pendhita saka tanah Indu kuwi.

 

"lepat nyuwun sih pangapunten Gus Suwanda" sawise Waraka karo sisihane tekan tengah pendhapa lan banjur mapan lungguh timpuh ing ngarepe, wong sing macak cara brahmana kuwi nyawang papanku karo guneman rada seru murih wong-wong sapendhapa bisa padha krungu "inggih awit saking awratipun ngemban jejibahan minangka Dhukun, kula pun Soma Pakem, paripeksa kumawantun nilar suba sita ing ngarsanipun Gus Suwanda minangka sesulihing Gusti Tumenggung Jatikusuma".

 

"Boten dados menapa Ki Soma Pakem" merga Soma Pakem suwe ora nyambung guneme, aku banjur aweh wangsulan "prayogi mirunggan kemawon, mangga dipun lajengaken anggen ndika ngayahi wajib minangka Dhukun, saestu kula rumaos bingah dene dalu menika saged anekseni anggen ndika mratitisaken lampahing upacara nengeri tigang wulan anggenipun nggarbini Nyai Waraka".

 

"Ngaturaken genging panuwun Gus Wanda" Soma Pakem aweh wangsulan "boten langkung pangestu Jengandika ingkang kula suwun, mugi anggen kula nglampahi wajib menika saged gangsar, binerkahan dening Sanggya Para Jawata, temah Hyang Agung kepareng ngandhapaken kanugrahan lan karahayon ing papan menika. Temah rahayu ingkang mratitisaken lampah, rahayu ingkang dipun tengeri, rahayu ingkang dipun garbini lan rahayu sagung ingkang ndherek nekseni".

 

Rampung guneman ngono kuwi Soma Pakem banjur maca kidung-kidung kuna, rupa puja lan puji marang para Dewa, puja-puji marang para leluhur, para dhanyang cikal bakal kang mbakali laladan sakiwa tengene dalan prapatan sing dienggoni Waraka lan bojone kuwi. Banjur disambung maca puja mantra sing migunakne basa Sanskerta sing carup karo basa Jawa jaman kuna sing wis arang diucapake ing sajroning pasrawungan. Sauntara kuwi Waraka lan sisihane lungguh timpuh  ing ngarepe Soma Pakem, karo ndhingkluk amarikelu. Samono uga para tamu sing ana ing pendhapa kuwi, kabeh meneng, ora ana sing obah lan ora ana sing padha nyuwara. Kabeh padha lungguh karo tumungkul melu anjurung puja.

Sawuse rada suwe nggone maca mantra, Soma Pakem banjur leren  sedhela, genti nakoni Waraka lan sisihane :

 

"Nuwun sewu Ki Waraka lan Nyai Rinten, saderengipun upacara kula lajengaken, ndika kekalih baresa dhateng kula, ndika ngrasuk agami ingkang sami menapa benten ? lajeng ndika kekalih sami ngrasuk agami menapa?".

 

"Kula kekalih ndherek kemawon Ki Soma" wangsulane Waraka sawuse bisik-bisik nkaro sisihane.

 

Aku sing krungu wangsulane Waraka sing mangkono kuwi babar pisan ora gumun, jalaran meh kabeh para kawula ing sakiwa tengene dalem Katumenggungan kuwi wis ora cetha maneh agama sing dirasuk, ora ateges ala, nanging kabeh agama sing diwulangake dening para Brahmana ya ditampani ora beda karo sing diwulangake dening para Biksu, uga diwadhahi , sawatara kapitayan sing ora diwulangake dening Brahmana apa dene Biksu, ya kuwi kapitayan warisane simbah-simbah biyen, uga isih dikukuhi lan durung ucul saka sajroning jiwane. Klebu aku uga mangkono, sanadyan aku ngeloni sing dadi kapitayane Rama Tumenggung sing manembah marang Sang Hyang Tan Kena Kinaya apa, kanthi nidakne dhawuh wewarahe Sang Hyang Taya, nanging aku uga kerep ngecakne piwulange para Biksu Suci lan para Brahmana sing manembah marang Sang Hyang Siwa utawa Sang Hyang Wisnu.

 

"nDherek pripun ta Ki Waraka?" Soma Pakem takon semu gumun.

 

"Kula kekalih mila dereng ngertos ingkang dipun wastani agama Ki Soma" wangsulane Waraka  "namung nate mireng bilih wonten agama Siwa, agama Budha, utawi Agama Wisnu, nanging sedaya kala wau boten wonten ingkang kula dhereki".

 

"Lajeng ndika pitados menawi jagad ingkang gumelar menika wonten ingkang nitahaken menapa boten?" Soma Pakem banjur takon maneh.

 

"Tartamtu kemawon kula pitados Ki Soma, inggih menika ingkang sampun yasa langit kados ingkang nate kula pireng saking tiyang sepuh kula rumiyin, saha ingkang ngreksa  jagad saisine niki inggih para leluhur ingkang sampun manunggal kalihan langit".

 

"Inggih menawi makaten, bakenipun murih ndika kekalih kasembadan ingkang sami dipun gayuh, inggih murih wilujeng sangajeng sapawingkingipun, ndika badhe kula dhawahi mantram piwucaling para Barhamana Suci jumbuh kalih agami ingkang kula rasuk".

 

Bubar muni ngono kuwi Soma Pakem banjur nyekel serban sing dikalungake, Waraka karo sisihane sing jeneng Nyai Rinten kuwi diungkuli serban karo diwacakne mantram sing aku ora ngerti maknane.  Sawise rampung nggone maca mantra, Soma Pakem banjur nyandhak tangane Waraka lan Rinten, dituntun nyedhaki papanku.

 

"Sakniki ndika kekalih kedah nyuwun pangestu dhateng Raden Bagus Suwanda, Ki Waraka" kandhane Soma pakem sawuse lakune tekan ngarepku.

 

Pra ndadak nganggo wangsulan Waraka karo Rinten banjur genti-genti atur sembah marang aku karo nyuwun pangestu murih nggone ngandheg Rinten kaparingan slamet. Saiki aku lagi bisa tamat nggonku nguwasi Rinten sisihane Waraka. Aku sing selawase iki ora tau kegiwang marang rupane wong wadon, bareng weruh kahanane Rinten sing duwe pawakan weweg, kulite kuning ngemu giring, praupan sumunar, kanthi mripat sing lindri-lindri katon amantesi, kawimbuhan rambute sing dawa ngandhan-andhan diore lan nalika kasiliri dening angin nuwuhake ganda sing arum, wis nuwuhake rasa aneh ing atiku. Rasa sing ora bisa tak critakne apa arane.

 

Ya merga anane rasa sing ora bisa tak kandhakne mawa ukara kuwi, nalika Waraka lan Rinten nyuwun pandonga apa dene pangestu, aku rada suwe lagi bisa aweh wangsulan kanthi suwara sing kedher  kegawa saka kasundhul rasa sing munggah ing tenggok guluku. Ki Suwela sing lungguh jejer karo aku, sajake ngerti apa sing karo tak rasakne wektu kuwi.

 

Tujune sawise rampung olehe nyuwun pandonga lan pangestu marang aku sing jejer minangka priyagung saka Dalem Katumenggungan, Soma pakem tumuli prentah marang Rinten supaya mlebu menyang omah mburi njaluk pangestu marang wong tuwa-tuwa sing  ana kana sarta kaprentah supaya ngancani para tamu wadon, klebu Nyi Suwela lan Nyi Makara. Dene Waraka diprentah supaya nutugne nggone ngguyubi para tamune sing ana ing pendhapa kono. Soma Pakem dhewe banjur pamitan arep ngalih panggonan, mratitisake wong liyane sing uga njaluk tulung marang dheweke.

 

"Nyuwun pangapunten Den Bagus Suwanda" kandhane Soma Pakem pamitan marang aku "kala wau salebeting manah kula wonten raos kuwatir badhe nilaraken griyanipun Ki Waraka menika, nanging sareng kula sumerep bilih dalu menika jengandika Gus Wanda kepareng wungon ing mriki, raos kuwatir menika lajeng musna sami sakala. Inggih awit Gus Wanda sampun kepareng lenggah mangestoni Ki Waraka, manah kula lajeng tatag nilaraken papan menika awit badhe ngayahi jejibahan ingkang sami ing papan sanes. Boten langkung, kula ndherek titip Ki Makara menapa dene Nyai Rinten dhateng jengandika Gus Wanda lan kula nyuwun pangestu badhe ngalejengaken lampah".

 

Krungu tembunge Ki Soma Pakem sing tak anggep mung pantes-pantes kuwi, aku mung wangsulan karo mesem amba tanpa ana ukara sing tak tokne. Beda karo wong - wong liyane sing ana pendhapa kuwi, meh kabeh padha manthuk-manthuk percaya yen sing dikandhakne Soma pakem kuwi mau tulus lahir trusing batin temah banjur padha duwe pangira yen aku iki duwe kaluwihan ing babagan laku batin kaya Ki Soma Pakem.

 

Sapungkure Ki Soma Pakem, Waraka banjur aba marang para andhahane supaya ngladekne pasugatan sing maneka warna wujude, omben lan panganan sing sarwa mirasa. Metune pasugatan kena diarani mbanyu mili, sing ora ana pedhote.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...