Total Tayangan Halaman

Minggu, 10 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (031)


 

31.

Nanging Lancur ora migatekne babar pisan marang nesune Makara sing nganti suwe ora bisa guneman ketang saking nesune. Malah Lancur melu ngadeg, mundur sajangkah sajak siaga ngadhepi bebaya. Tayu nusul melu ngadeg, nanging ora ngalih saka papane. Kari aku dhewe sing isih lungguh, nanging aku ya durung bisa nata ukara kanggo ngleremne sing lagi padha panas atine.

 

“Kedahipun jengandika niku pirsa” Lancur nutugne olehe guneman karo suwara sing canthas “sanaosa kula menika naming andhahan jengandika, nanging ing babagan nglampahaken jejibahan, kula boten kebawah jengandika malih, nanging kebawah dening punggawa ingkang sampun paring dhawuh dhateng jengandika menawi kula kadhawuhan ndherekaken punggawa kala wau, inggih menika Raden Bagus Suwanda. Atur kula dhateng Gus Wanda ingkang nyebat tiyas sanes wau, mila leres kula tujokaken dhateng jengandika, jalaran ing babagan pakaryan menika jengandika klebet tiyang sanes, sanaosa jengandika menika lelurah kula, nanging dening paugeran, kula kasampiran wewenang murih boten maelu sinten kemawon kajawi dhateng Gus Wanda minggahipun Gusti Tumenggung Jatikusuma. Dados jengandika sampun lajeng duka kados lare alit ingkang boten angsal tumut dolanan kancanipun ingkang langkung ageng ngaten menika”.

 

“Setan!, wis wani kowe marang aku, Lancur?” Makara maju sajangkah karo misuh banter.

 

“Borong anggen badhe jengandika mastani” wangsulane Lancur tatag “ingkang cetha, kula namung nuhoni unining paugeran”.

 

“Keparat!” Makara nggetak karo ngobahne tangane sing wis ngepel kanggo ngampeng sirahe Lancur.

 

Nanging Lancur wis siaga, tangane Makara sing kumlebat kaya kilat ngampleng sirahe bisa diendhani, banjur mencolot memburi, nata kuda-kuda siaga aweh panglawan. Ngerti kamplengane luput, Makara sansaya mundhak nesu, kanthi cukat sikile obah ndugang wetenge Lancur. Sing didugang jebul wis jaga-jaga, mbarengi sikile Makara ngarah wetenge, Lancur gage mapagne karo dhengkule sing diangkat kanggo namengi wetenge. Ora wurung panyadhuke Makara kena ditangkis, nanging Lancur panggah kontal memburi watara telung jangkah, sauntara panyadhuke Makara mbendal, Makara uga kontal memburi watara telung jangkah uga.

 

“Dudu neng kene papane Ki Makara” Lancur guneman sereng “yen ngajak gojeg, ayo tak enteni neng plataran kana!”.

 

Ora ngenteni oleh wangsulan, Lancur banjur mencolot mlayu menyang latar ngarep pendhapa dalem Katumenggungan kuwi. Makara sing sansaya nesu merga ping pindho aweh panyerang marang Lancur nanging loro-lorone ora oleh gawe kuwi, ora semaur nanging malah banjur mlayu nututi Lancur mudhun menyang latar. Tayu sing ngadeg ora adoh karo papanku lungguh, ora sranta melu mlayu nututi wong loro sing arep kerengan kuwi. Aku sing ora kepengin antarane Makara karo Lancur apa dene Tayu padha tukaran, banjur nututi melu mudhun menyang latar arep misah sing lagi padha siaga adu kanuragan.

 

Nanging jebul Lancur karo Makara wis kebacut ngecakne juruse dhewe-dhewe. Kekarone padha cepet lan cukat polahe, genti genten anggone ngendhani sarta nangkis pangrangsange mungsuhe uga anggone padha genti males ngrangsang mungsuhe. Mangkono kuwi ndadekne aku kangelan arep misah wong loro kuwi, sanadyan Tayu satemene uga wis mbudidaya melu misah, nanging Makara lan Lancur wis kebacut rame anggone padha ngunggar kasudiran. Suwaraku sing banter bengok-bengok aweh prentah supaya wong loro kuwi padha ngendheg anggone tukaran, babar pisan ora digape.

 

Malah sansaya suwe, sansaya rame. Ing kahanan sing remeng-remeng, merga latar pendhapa kuwi mung kepadhangan ting-ting cilik sing dipasang ing pinggir latar, katon Makara wis ndudut keris saka wrangkane, banjur dienggo gegaman kanggo nglawan Lancur. Aku dadi kaget lan mundhak anggonku kuwatir, samono uga Lancur katone malah luwih kaget maneh. Lancur mencolot nisih banjur ngimbangi, pedhang sing nggantung neng lempenge kiwa, didudut banjur diputer karo nyedhaki Makara sing wis siaga nggunakne kerise. Kahanan dadi sansaya nguwatirake, yen wong loro kuwi ora enggal bisa dipisah, kena dipesthekne yen bengi kuwi ing plataran pendhapa Katumenggungan mesthi bakal ana rajapati utawa saora-orane raja tatu. Aku bengok-bengok, aweh prentah marang Makara lan Lancur supaya ngendheg anggoine padha kerengan. Nanging kekarone sajak wis padha ora gelem ngrungokne prentahku maneh, kekarone wis kasengsem anggone kepengin enggal ngrampungi mungsuhe, mungsuh sing satemene kancane dhewe. Aku dadi sansaya bingung.

 

Nanging, dumadakan tanpa tak ngerteni sangkan parane, ing antarane Makara karo Lancur wis ana paraga sing ngadeg jejeg, ora guneman apa-apa. Paraga kuwi tumuli obah sing prasasat kaya kilat cukate, ngerti-ngerti keris sing ana tangane Makara lan pedhang sing dicekeli Lancur wis ngalih ana tangane paraga sing lagi teka kuwi. Malah Lancur karo Makara uga wis padha pating glinting tiba neng lemah durung bisa tangi, embuh dikapakne.

 

Sawuse Lancur lan Makara wis padha ngglethak lan rekasa anggone arep padha tangi, paraga kuwi banjur mrepegi papanku karo guneman, suwarane keprungu abot nanging cetha diryungokne :

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Raden” kandhane wong sing lagi teka kuwi karo aweh kurmat marang aku “tiyang kalih menika kersanipun klekaran rumiyin ing latar mriki, samangke kaparenga Jengandika nglarapaken kula ing ngarsanipun Gusti Tumenggung, awit wonten prakawis ingkang sanget langkung wigati”.

 

“Nuwun sewu ndika menika sinten Kyai?” merga aku durung wanuh karo wong kuwi, aku banjur nakoni dheweke luwih dhisik.

 

“Nyuwun pangapunten Raden” wong kuwi aweh wangsulan “nami kula Anggara, kawula saking dhusun Bulak Pandhe, wonten prakawis ingkang kedah kula unjukaken ing ngarsanipun Gusti Tumenggung gegayutan kalihan wontenipun punggawa Dalem Katumenggungan ingkang nedya damel kasangsayanipun kawula kanthi kekudhung asmanipun Gusti Tumenggung ingkang amabeg adil para marta”.

 

“Punggawa Katumenggungan?” aku rada kaget karo wangsulane wong kuwi “sapa kuwi Kyai?”.

 

“Ora neng kene Ngger wangsulane pitakonmu kuwi” tanpa weruh sangkane dumadakan  Rama Tumenggung wis jumeneng ing sisihku lan  paring wangsulan marang pitakonku marang Ki Anggara sing ngakune kawula saka desa Bulak Pandhe.

 

Aku noleh ngingeti Rama Tumenggung, nanging panjenengane ora ngrewes, malah banjur paring dhawuh marang Ki Anggara :

 

“Kakang Anggara, ndika kandhakne sawutuhe mengko marang aku ing Panirat mburi kana, kareben putraku Suwanda melu ngrungokne” Rama Tumenggung banjur dhawuh marang aku “Siwakmu Anggara dherekna menyang panirat mburi kana Ngger”.

 

Ora ngenteni wangsulan Rama Tumenggung banjur jengkar ninggalne aku lan ki Anggara.

 

“Mangga Wa, kula dherekaken” kandhaku marang Ki Anggara sawuse Rama Tumenggung ora ana kono.

 

“Mangga Raden, kula dherekaken” wangsulane Ki Anggara karo manthuk kebak rasa kurmat.

 

Karo mlaku ora entek-entek anggonku gumun lan kepengin weruh sapa satemene ki Anggara iki. Awit nek nitik anggone ngendika rama Tumenggung sarta olehe mbasakne aku marang Ki Anggara kanthi sebutan Siwa, mesthine Ki Anggara kuwi dudu kaya sing dikandhakne yen mung kawula lumrah sing manggon neng desa Bulak Pandhe. Nanging bares wae, aku durung wani takon marang Ki Anggara, sapa satemene dheweke iki.

 

“Pinarak kene kakang” nalika aku karo Ki Anggara tekan panirat mburi, Rama Tumengung wis lenggah neng klasa, banjur ngacarani Ki Anggara lungguh.

 

Ki Anggara nyembah banjur mapan lungguh neng klasa, neng ngarsane Rama Tumenggung. Aku ya banjur arep mapan lungguh ing mburine Ki Anggara, nanging Rama Tumenggung paring sasmita supaya aku lungguh ing sisihe.

 

“Sadurunge aku takon sing akeh-akeh” Rama Tumenggung miwiti ngendika “luwih dhisik aku ngaturake panuwun Kakang, awit Kakang Anggara wis ngendheg polahe wong loro sing ora duwe duga, wis gedhe tuwa nanging isih seneng tukaran kaya bocah cilik, kathik mangkonowa anggone padha tukaran ing latar Katumenggungan ing ngarepe anakku Suwanda pisan”.

 

“Kula ingkang nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung” Ki Anggara wangsulan karo nyembah “inggih awit saking kepengining manah kula enggala saged ngabyantara ing ngarsa jengandika, temah kula kumawantun kanthi lancing, misah punggawa Katumenggungan ingkang sami kerengan kala wau”.

 

“Sing ditindakne Kakang Anggara mau wis trep banget” Rama Tumenggung ngendika karo mesem “jalaran aku weruh dhewe, Makara karo Lancur wis ngremehake putraku Suwanda, kekarone babar pisan ora ngrungokne apa sing diprentahne dening Suwanda, kamangka Suwanda kuwi wis dak paring wewenang nyulihi aku, kanthi mangkono Lancur apa dene Makara kae padha karo wis wani marang aku. Tujune banjur Kakang Anggara rawuh lan misah kekarone. Dadi sepisan maneh, aku ngaturake panuwun marang ndika kakang Anggara”.

 

Rampung anggone paring wangsulan, Rama Tumenggung banjur aweh sasmita marang aku supaya aku melu guneman.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (030)


 

30.

Ki Suwela ora enggal nampani kanthong sing tak selehne neng ngarepe kuwi, nanging malah banjur kandha karo suwara sing ora pati banter :

 

“Prakawis ingkang menika gampil Anakmas. Kula tak enggal bidhal rumiyin manggihi Andalu, ndumugekaken kersanipun Anakmas Suwanda. Mangke manawi sampun cetha bilih anggen kula lumampah menika angsal damel, nembe ngrembag pinten kathahing redana ingkang kula betahaken kangge nyekapi kabetahan menika”.

 

Ora ngenteni wangsulanku, Ki Suwela banjur ngadeg lan pamitan marang aku nek arep metu dhisik saka papan panggonanku nyambut gawe kuwi, wektune mula pancen wis sore. Wis wayahe para punggawa dalem Katumenggungan bali menyang omahe dhewe-dhewe. Aku uga banjur tata-tata arep bali mlebu menyang papan paleremanku. Wewayangane Andalu isih kumanthil-kanthil ing pandoning mripat. Dumadakan aku kelingan yen aku isih duwe kuwajiban sing kudu enggal tak rampungake, ya iku matur ing ngarsane Rama Tumenggung magepokan karo Layang Palilah Anggaota sing disiunjukne dening Waraka. Mula aku tumuli metu menyang ngarep, arep ngandhani Lancur apa dene Tayu yen mengko bengi arep taka jak ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung, mbok menawa wae wong loro kuwi durung ninggalake papane nyambut gawe.

 

“Inggih Gus, mangke bakda serap kula kalih adhi Lancur tak mriki malih” wangsulane Tayu nalika tak kandhani bab kuwi.

 

“Estunipun menapa boten cekap Gus Wanda piyambak kemawon ingkang marak ing ngarsanipun Gusti Tumenggung ?” Lancur malah takon.

 

“Lha Ki Lancur apa mengko ana prelu liyane?” aku mbalik genti takon “nek pancen ndika ora bisa ngancani aku matur ing ngarsane Rama Tumenggung, ya ora apa-apa ben mengjo sing ngancani aku Ki Tayu wae”.

 

“Boten makaten Gus” Lancur wangsulan “menawi Gus Wanda ngersakaken kula kalihan Kakang Tayu ndherek ngadhep ing ngarsanipun Gusti Tumenggung kula inggih babar pisan boten kawratan mila kula inggih boten wonten prelu menapa-menapa. Namung wau kula kinten prakawis asiling paniti priksa ing papan panggaotanipun Ki Makara ingkang dereng rampung menika, cekap dipun salirani Gus Wanda piyambak”.

 

“Ora mengkono Ki Lancur” aku genti aweh wangsulan “yen sing matur marang Rama Tumenggung kuwi wong telu, rak saupama ana sing kliwatan sing siji bisa nggenepi, ya mengko diaturne pisan nek anggone awake dhewe nganakne paniti priksa kuwi isih durung rampung, sing dadi atur mengko ya sing wis cetha kawuwuhan nyuwun pituduh bab sing durung rampung anggone niti priksa iki”.

 

“Manawi makaten kula kantun ndherek Gus lan sendika ngestokaken dhawuh jengandika” Lancur wangsulan karo mesem.

 

Wengine nalika aku lagi lungguh neng pendhapa ngrantu tekane Lancur lan Tayu, dumadakan Makara teka. Nalika tak takoni apa karepe, wangsulane mung kepengin jagongan karo aku, or arep ngrembug barang sing wigati. Maune tekane Makara iku ora pati tak gagas, nanging bareng Lancur lan Tayu teka, aku dadi rada kacipuhan. Jalaran rasane atiku ora kepenak yen ninggal Makara ijen ana pendhapa, sauntara aku, tayu lan Lancur ngadhep Rama Tumenggung ing panirat mburi. Pancen mau nalika aku matur Rama Tumenggung yen aku wong telu arep ngaturake asil paniti priksa kahanan papan panggaotane Waraka, Rama Tumengung dhawuh yen olehe arep nampa palapuranku kuwi manggon neng panirat mburi supaya ora ana wong liya krungu sing dadi rembugane. Nanging, saiki malah ana Makara sing ora ngalih-ngalih saka palungguhane. Kamangka Makara ya ngerti nek tekane Lancur lan Tayu iki ora mung dolan lumrah, nanging arep ana prelu sing cukup wigati.

 

Gandheng Makara ora enggal pamitan, wekasan kanggo abang-abang lambe banjur tak tawani pisan :

 

“Kakang Makara, iki aku arep ngancani Ki Tayu lan Ki Lancur , sowan Rama Tumenggung ngaturake asil anggone wis nindakne paniti priksa kahanan papan kanggo nggaotane Ki Waraka, apa ndika ngersakne melu ngadhep Rama Tumenggung ing panirat mburi?”.

 

“Manawi Jengandika marengaken kula inggih matur nuwun sanget Gus” aku rada kaget jebul pancen sajake Makara kepengin ngerteni asiling paniti priksa sing wis talk tindakne mau awan “nanging, kula mangke inggih boten badhe matur menapa-menapa ing ngarsanipun Gusti Tumenggung, jalaran kajawi kula boten ndherek niti priksa kula ugi boten ngertos menapa-menapa gegayutan kalih anggenipun Waraka anggaota”.

“Nuwun sewu Gus” dumadakan Lancur saulu, sadurunge aku kober aweh wangsulan marang Makara.

 

“Iya piye Ki Lancur?” aku takon .

 

“Kula kinten kirang prayogi menawi Ki Makara ndherek marak ing ngarsanipun Gusti Tumenggung” Lancur nggenahne sing dadi karepe “jalaran, ingkang badhe katur ing ngarsanipun Gusti Tumenggung menika mangke kenging kawastanan taksih dados wewadi, awit nembe atur palapuran dereng dados putusan, manawi wonten tiyang sanes ingkang ngertos, menika saged nuwuhaken pamanggih ingkang kirang prayogi”.

 

“Mengko dhisik Ki Lancur” Makara sing krungu tembunge lancur marang aku ngono kuwi mau, nyaut rembug luwih dhisik “sing ndika aturne marang Gus Wanda kuwi mula bener, nanging apa aku iki ndika anggep wong liya? Apa ndika lali yen ing reh tataning gaweyan, ndika iku manggon ing sangisoring prentahku? Bener, yen sing didhawuhi ndherekne Gus Wanda nindakne paniti priksa kahanane papan panggaotane Waraka kuwi ndika karo Ki Tayu, nanging ndika kudu ngerti sanadyan Gus Wanda kuwi sesulihe Gusti Tumenggung Jatikusuma, nanging sadurunge paring dhawuh marang ndika lan Ki Tayu, Raden Bagus Suwanda luwih dhisik paring weruh marang aku yen arep ndhawuhi ndika wong loro. Dadi atur ndika marang Gus Wanda ngono kuwi mau padha karo ngarani aku iki wong liya, apa pancen ndika sasuwene iki duwe rasa ora ngakoni yen dadi andhahanku ing reh nyambut gawe ing dalem Katumenggungan kene?”.

 

Lancur mbrabak abang praupane nampa rembug saka Makara sing semune aweh srengen ngono kuwi mau, nanging sadurunge Lancur aweh wangsulan luwih dhisik Tayu sing guneman marang Makara kanthi tembung sing alus :

 

“Nyuwun pangapunten Ki Makara, sampun kesesa ndukani kadang kula pun adhi Lancur, jalaran Adhi Lancur babar pisan boten gadhah niyat kados ingkang jengandika dhawuhaken niku. Nanging aturipun Adhi Lancur dhateng Gus Wanda wau naming awit sinurung raos tanggel jawab saha kemedah-kedahipun Adhi Lancur saged nuhoni menapa ingkang sampun jengandika dhawuhaken dhateng para andhahan jengandika kalebet dhateng Adhi Lancur lan kula”.

 

“nDika aja mung waton ngucap Ki Tayu” Makara wiwit mencereng “sing ndika karo Ki Lancur ajak rembugan iki ora mung aku lho? Nanging neng kene ana Gus Wanda wewakile Gusti Tumenggung, ndika aja gawe crita sing tundhone arep gawe alane jenengku ing ngarsane  Gus Wanda. Awit sasuwene iki aku ora tau aweh prentah marang andhahanku supaya nganggep pangarepe kuwi wong liya kaya sing lagi wae diaturake Ki Lancur marang Gus Wanda mau lho?”.

 

“Kosok wangsulipun Ki Makara” Lancur sing wiwit mau wis kepengin guneman, gage wae nyaut rembug “sampun dumeh jengandika niku pangajeng kula lan kula andhahan ndika, lajeng ndika nganggep kula lan Kakang Tayu menika anggenipun nyambut damel jalaran ngawula dhateng jengandika, leres kula menika mila andhahan jengandika, nanging anggen kula ngabdi menika boten dhateng Ki Makara, nanging dhateng Gusti Tumenggung Jatikusuma minangka wewakiling Gusti Prabu ing Majapahit. Ingkang dipun aturaken Kakang Tayu kala wau, menawi jengandika boten nyelaki batin jengandika piyambak, jengandika asring sanget niru dhawuhipun Gusti Tumenggung ugi dhawuhipun Raden Bagus Suwanda, inggih menika ndhawuhi muroh sedaya punggawa lan abdi dalem Katumenggungan anggenipun nyambut damel kedah linandhesan raos setya dhateng angger-angger lan paugeraning nagari Majapahit, inggih awit kula lan Kakang Tayu boten badhe nyulayani oaugeran saha angger-anggering nigari kala wau, ingkang dados wewaton kula matur kados ingkang kula aturaken dhateng Gus Wanda kala wau”.

 

Krungu rembuge Lancur sing wiwit nganggo suwara sora ngono kuwi, Makara katon sansaya nesu, praupane mbrabak abang nganti tekan kupinge, lambene ketok kedher, untune nggeget sajak ngampet kanepsone. Mripate Makara sing murup dening kanepson kuwi nyawang praupane Lancur, kayakaya lancur arep diuntal-untala.

Sabtu, 09 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (029)


 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

 

29.

Durung nganti aku metu, jebul kedhisikan tekane Ki Suwela sing karo mesam-mesem mlaku mara nyedhaki papanku. Wangune Ki Suwela ngira nek aku arep lunga, ketitik wong tuwa kuwi banjur takon kanthi suwara sing sajak rada cuwa :

 

"Anakmas Suwanda badhe tindak ta?".

 

"Boten Ki Suwela namung kepengin dhateng plataran mriku kemawon kok? dangu linggih jagongan kalih Ki Tayu lan Ki Lancur ndadosaken bangkekan kraos radi kemeng" wangsulanku karo mesem sing tak banjurake karo pitakonan "Ki Suwela ngersakaken rembagan kalihan kula menapa?, mangga!"

 

Aku mbalik mlebu papanku nyambut gawe sing mau tal enggo jagongan karo Tayu lan Lancur, Ki Suwela ngetutne neng mburiku.

 

"Nyuwun pangapunten Anakmas" kandhane Ki Suwela sawuse mapan lungguh kanthi kepenak.

 

"Inggih ? wonten menapa Ki Suwela?" aku takon.

 

"Prakawis kersanipun Anakmas Suwanda ingkang ngersakaken mundhut Andalu kinarya  klangenan utawi selir, kala wau lho Anakmas" Ki Suwela wangsulan nyethakne karepe ngadhep aku, karo mesem.

 

"Inggih?" aku wangsulan karo neng ati seneng "kados pundi Ki?".

 

"Inggih nuwun sewu, menawi kaparengaken dinten niki ugi kula badhe bidhal dhateng Bulak Pandhe manggihi Ki Kabayan ing mrika, inggih tiyang sepuhipun Andalu, ndumugekaken dhawuhipun Anakmas dhateng piyambakipun" wangsulane Ki Suwela sabanjure.

 

Atiku krasa seneng banget krungu tembunge Ki Suwela sing mangkono kuwi, saking senengku nganti sapandurat aku ora bisa semaur apa-apa.

 

"Saantawis menika" Ki Duwela nutugne anggone guneman "mangke anak kula pun Makara ingkang kula prentah murih nyawisaken griya kangge papan panggenanipun Andalu sasampunipun Anakmas pundhut dados selir, jalaran kula kinten kirang prayogi dadosipun menawi Andalu kaboyong dhateng dalemipun Gusti Tumenggung mriki".

 

"Leres Ki" wangsulanku "kula nggih sampun ngertos piyambak bilih Rama Tumenggung menika priyagung ingkang estunipun boten remen dhateng tiyang jaler ingkang remen kagungan selir, nanging gandheng boten wonten angger-anggering nagari ingkang ngawisi tiyang jaler gadhah selir, Rama Tumenggung anggenipun boten remen inggih namung dipun simpen ing salebeting penggalih kemawon".

 

"Mila makaten Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo ngguyu "estunipun Gusti Tumenggung Jatikusuma menika ugi sampun asring nedahaken anggenipun nerak utawi nglangkungi unining paugeran ing babagan menika, namung boten kawistara".

 

"Liripun kados pundi Ki Suwela?" Aku durung mudheng karo karepe tembung sing diucapne Ki Suwela sing kewri dhewe iki mau.

 

"Makaten Anakmas" Ki Suwela nggenahake tembunge "Ketang anggenipun gething dhateng priya ingkang gadhah selir, ngantos Gusti Tumenggung mawi pawadan kawicaksanan ingkang dipun gadhuh saking nagari, lajeng menggah kula, sok tumindak kirang adil, inggih menika para punggawa ingkang dados andhahanipun Gusti Tumenggung ingkang kadenangan gadhah selir lajeng dipun siya-siya, liripun boten dipun undhakaken pangkatipun, kados kula menapa dene Makara lan punggawa sanesipun, mila boten mokal menawi punggawa ing Dalem Katumenggungan mriki menika, kathah ingkang boten wantun mendhet selir kinarya klangenaning gesang".

 

Aku manthuk-manthuk karo ngangen-angen apa sing dikandhakne Ki Suwela iki. Ana sing bener, nanging ora kabeh bener. Aku nate krungu dhawuhe Rama Tumenggung lan kandhane punggawa katumenggungan liyane, yen olehe Ki Suwela apa dene Makara lan wong-wong sing dikandhakne Ki Suwela mau, ora mundhak-mundhak pangkate kuwi pancen jalaran olehe nindakne jejibahan durung nocogi karo kepiye kudune. Malah sok isih akeh wong-wong mau kajaba anggone nyambut gawe mung sasenenge dhewe uga kerep nggunakne gadhuhan pangkat saka negara kanggo nambahi kasugihane sarana dalan sing ora bener yaiku srana nindhes kawula sing mbutuhake oleh laden saka punggawa negara. Dene bab anggone padha seneng ngingu selir kuwi saka rumangsaku durung nate dingendikakne dening Rama Tumenggung dadi tetimbangan kanggo ngundhakne pangkat. Nanging aku uga tau didhawui dening Rama Tumenggung menawa Panjenengane pancen ora seneng marang wong sing nyingidne wong wadon didadekne klangenan nanging ora dirabi kantho sabenere.

 

Sanajan mangkono aku ora kepengin mbantah apa sing dadi panemune Ki Suwela kuwi, malah aku banjur takon sing nuduhne rasa samarku perkara anggonku kepengin ngepek Andalu dadi selirku iki :

 

"Lajeng mangke menawi Rama Tumenggung ngantos pirsa menawi kula ndadosaken Andalu dados selir kula kadospundi Ki ?".

 

Ki Suwela ngguyu rada banter, banjur wangsulan :

"Menika sampun kula pikiraken Anakmas, inggih awit saking menika kula lajeng prentah dhateng Makara murih pados griya kangge nyingidaken Andalu, murih boten wonten tiyang ingkang sumerep, kalebet Gusti Tumenggung lan para punggawa dalem katumenggungan sedaya,  menawi jengandika sampun mundhut Andalu minangka selir. Nanging sedaya menika bares kemawon, mbetahaken prabeya Anakmas, ingkang boten saged kula angkat piyambak, pramila angkah kula, kula badhe matur menawi wonten keparengipun Anakmas Suwanda, kula badhe nyuwun pambiyantu redana kangge anyekapi kangge anyekapi kabeytahan menika, nanging menawi Anakmas boten sarju ing panggalih, kula inggih boten badhe mundur anggen kula badhe netepi kasagahan kula ngaturaken Andalu dados klangenan jengandika lan prakawis prabeyanipun saged kula ligeraken mawi cara sanes".

 

"Prakawis redana Ki Suwela boten sisah kuwatos" aku aweh wangsulan lan aku uga wiwit ngerti yen Ki Suwela arep ngecakne cara sing ora bener kanggo nyukupi kabutuhan sing kanggo pribadiku ya iku olehku duwe karep ngragati nggonku seneng karo Andalu, lan kang mangkono kuwi cetha yen aku ora bakal mathuk "sepinten agenging prabeya ingkang dipun betahaken, kula boten badhe kawratan lan kula boten kepengin namung kangge nyekapi kabetahaning anggen kula badhe remen nunten damel kapitunaning nagari utawi kawula ing Majapahit".

 

"Sampun kaladuk anggen jengandika menggalih Anakmas" Ki Suwela mesem amba "kula ngertos menawi Jengandika menika priyantun ingkang sakalangkung tresna dhateng nagari miwah kawula ing Majapahit, mliginipun ingkang mapan ing laladan Katumenggungan mriki. Lan kula boten badhe njurungaken Anakmas nindakaken lampah nistha kanthi ngirangi kas kayaning nagari ingkang wonten ing Dalem Katumenggungan utawi damel kasangsaranipun  kawula, nanging Anakmas Suwanda kula aturi pirsa, bilih gandheng Anakmas menika sampun kondhang minangka sesulihipun Gusti Tumenggung ingkang sakalangkung wicaksana, pramila inggih boten mokal menawi boten sakedhik kawula ing Katumenggungan mriki ingkang kaleresan klebet golonganing "tiyang gadhah", ingkang ngantu-antu kalodhangan saged ngaturaken pisungsung dhumateng Anak Mas Suwanda".

 

"Ki Suwela badhe manggihi titiyang "gadhah" menika kala wau murih purun udhu kangge nyekapi prabeya ingkang kula betahaken? Boten Ki, kula boten purun mawi cara menika, celengan kula taksih cekap menawi kangge wragad ingkang Ki Suwela dhawuhaken kala wau., awit saking menika mangga ndika kula aturi paring dhawuh pinten cacahing redana ingkang kedah kula aturaken ndika kangge nyekapi prakawis menika" aku wangsulan karo rada methentheng, nuduhne nek aku ora seneng nganggo carane Ki Suwela sing keri iki.

 

"Nyuwun pangapunten Anakmas" Ki Suwela groyok olehe aweh wangsulan "sepiusan malih kula aturi pirsa, estunipun saha mila kanyatanipun, dede Anakmas Raden Bagus Suwanda ingkang mbetahaken pambiyantu saking sinten kemawon ing babagan redana, nanging kathah titiyang ingkang gadhah lan saestu mbetahaken murih saged atur pisungsung dhateng Anakmas ingkang dipun anggep wicaksana lan kanyatanipun mila estu bilih Anakmas menika nyata priyagung ingkang tuhu-tuhu saged pinercaya dening sok sintena kemawon ing tlatah Katumenggungan mriki, pramila sepisan malih titiyang kasebat saestu betah atur pisungsung, inggih kasurung raos panedha nrima awit kawicaksanan jengandika Anakmas".

 

Rada suwe aku ora enggal aweh wangsulan marang Ki Suwela. Malah aku banjur njupuk kanthong isi mas-masan anggonku nglumpukne sasuwene aku ngabdi ing Dalem Katumenggungan iki.

 

"Menika wonten redana sakedhik kangge nyekapi kabetahan kula ing ngajeng wau Ki Suwela" kandhaku karo masrahne kanthong isi mas-masan kuwi marang Ki Suwela "mangke menawi taksih kirang, Ki Suwela keparenga paring dhawuh dhateng kula".

 

 

ana candhake.

Rabu, 29 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (028)


 

28.

Apa sing dikandhakne dening Tayu kuwi ngelingake aku marang dhawuh pituture Rama Tumenggung jaman semana sing ngandhakne yen jimat kang wujude kaya ngono kuwi digawe kanthi srana ngelmu karang, pancen kanthi kekeraning ngelmu karang kuwi kaya-kaya nduweni daya linuwih nanging satemene ora klena diejibake mungguh daya lan kekuwatane, malah kepara nalika kapengkoking pancabaya adhakane sok ambalenjani. Mula aku ya banjur ora enggal aweh wangsulan, aku uga isih ngenteni apa sing arep dikandhakne Tayu sabanjure sing durung nyandhak underaning rembug sing tak takokne mau, ya iku sampiran kuwajiban sing didhawuhake dening Rama Tumenggung marang dheweke sing tanpa tak ngerteni sadurunge.

 

"Salajengipun Gus" Tayu tumuli guneman maneh nyambung kandhane sing mau "Gusti Tumenggung estunipun nguwatosaken Gus Wanda menawi ngantos kapaeka dening piyantun kalih ingkang miturut paningalipun Gusti Tumenggung boten sae menawi ngantos dipun raketi nanging ugi mbebayani menawi ngantos dipun tebihi menika. Inggih awit saking menika, kula lajeng kaparingan dhawuh kinen ngawat-awati Gus Wanda, sampun ngantos Gus Wanda mlebet ing wuwu ingkang dipun gasang dening tiyang kalih menika".

 

"Apa Rama Tumenggung nguningani yen Ki Suwela apa dene Kakang Makara duwe niyat arep gawe cilakaku Ki Tayu?" aku nugel rembuge Tayu kanthi takon.

 

"Kula boten ngertos Gus" wangsulane Tayu "nanging kula gadhah panginten, mbok bilih Gusti Tumenggung ingkang sampun dangu pirsa dhateng watak wantunipun piyantun kalih menika, boten mokal menawi estunipun kasaenanipun tiyang kalih kala wau estunipun namung lamis, kasaenan ingkang kadamel sarana kangge damel kasangsaranipun tiyang ingkang dipun arah cilakanipun. Menawi saking pamanggih kula piyambak, kanthi lelandhesan ngelmu titen, tiyang kalih niku estunipun salebeting manahipun suthik menawi ngantos namung dados andhahan, awit ngrumaosi bilih kekalihipun nggadhahi kapinteran ingkang langkung onjo tinimbang sinten kemawon. Kados ingkang asring dipun criyosaken piyambak dening tiyang kalih kasebat nalika Gusti Tumenggung misuda Gus Wanda dados pangarsaning Dalem Ktumenggungan kala samanten. Kekalihipun malah kumawantun nyebar wartos bilih Gusti Tumenggung menika kirang waskitha ing pamawas, ingkang miji jengandika lare saking dhusun ingkang kaanggep dening kekalihipun taksih bodho lan boten saged makarya, benten kalih kekalihipun ingkang sampun dangu anggenipun ngabdi dados punggawaning dalem Katumenggungan. Namung rahayunipun, nalika kekalihipun mbebujuk para kanca abdi dalem Katumenggungan murih boten nggatosaken sadaya dhawuh saking Gus Wanda, taksih langkung kathah abdi dalem punggawa Dalem Katumenggungan ingkang boten nggega".

 

"Sabanjure apa maneh Ki Tayu?" nalika Tayu leren sedhela anggone guneman, aku ora sabar banjur nyelani njaluk supaya Tayu nutugne kandhane.

 

"Inggih awit saking menika, kula lajeng sansaya pitados dhateng dhawuhipun Gusti Tumenggung" Tayu wangsulan.

 

"Dhawuh sing endi maneh?" aku takon, merga saka rumangsaku wangsulane Tayu iki keprungu yen ulet-uletan dadi mbulet ora karuwan.

 

"Inggih dhawuh murih ngatos-atos kalih piyantun kalih menika lan mbudidaya murih piyantun ingkang sae-sae, liripun estu-estu kagungan kasetyan dhateng Nagari lan Kawula Majapahit sampun ngantos kenging pambujukipun piyantun kalih kasebat temah dados lan cilakanipun. Ing babagan menika, bares kemawon kula gadhah panginten bilih estunipun anggenipun ngadhahi tangkeb lan sikep ingkang sae dhateng Gus Wanda menika, jalaran kekalihipun namung pados srana murih jengandika saged dipun lena salajengipun dipun paeka murih asma jengandika Gus Wanda ketingal kados ingkang dipun criyosaken dening kekalihipun rikala jengandika dipun pitados dening Gusti Tumenggung nglenggahi palenggahan minangka sesulihipun Gusti Tumenggung rumiyin" Tayu nyethakne apa sing dikandhakne "inggih kanthi kula saged ngaturaken menika ing ngarsa jengandika Gus Wanda, menika boten kok awit kula kumalancang atur tutur dhateng Gus Wanda, nanging inggih namung dhapur nindakaken kuwajiban ingkang dipun sampiraken dening Gusti Tumenggung dhateng kula".

 

Akeh-akeh sing dikandhakne Tayu marang aku, sing ora pati tak senengi merga Tayu wola-wali ngandhakne yen apa sing dikandhakne kuwi kekudhung dhawuh saka Rama Tumenggung. Mula sanadyan yen dirasak-rasakne, ora kabeh sing dikandhakne tayu kuwi luput, nanging aku uga duwe panemu dhewe sing metu saka asiling pamikirku dhewe. Lan sing bisa maca kahanan kuwi ora mung Rama Tumenggung dhewe luwih-luwih Tayu, aku uga bisa maca lan ngrasakne kahanan sing tak temoni saben dinane. Yen Tayu bisa ngronce tembung sing bisa nuwuhake dudutan lamun Ki Suwela apa dene Makara kuwi wong julig sing duwe watek lamis, mangka aku ya bisa weruh yen arepa kaya apa Ki Suwela lan Makara uga kabecikan. Kosok baline, aku ora mung bisa maca Ki Suwela lan Makara wae, nanging uga bisa maca tangkeb lan sikepe Tayu lan punggawa-punggawa liyane. Aku uga kelingan pituture Rama Tumenggung marang aku, sing ngandhakne supaya aku luwih ngati-ati lan aja gampang percaya marang wong sing seneng golek rai, kanthi dodolan kancane, memada lan ngeler alaning rowang ing ngarepe dhuwuran, murih dheweke katon becik dhewe. Mula krungu kojahe Tayu sing kekudhung dhawuh sinandi saka Rama Tumengung iki, aku kudu luwih dawa maneh nggonku ngulir lakuning pikir.

 

"Aku banget nedha nrima marang ndika Ki Tayu" wusanane aku aweh wangsulan "nanging ndika ya kudu ngerti, sanadyan aku iki mung bocah ndesa nanging uga kaparingan nalar lan budi sing ora beda karo wong kutha. Tegese, aku ya bisa maca lan ngangen-angen karo apa sing ana sakiwa tengenku. Lan mesthi wae, sadurunge aku gawe dudutan angen-angenku mesthi bakal munggah lan mudhun, nimbang lan nglimbang, endi sing jumbuh karo kahanan sing samesthine, ora mung wewaton saka kira-kira luwih-luwih wewaton apa jarene wong crita".

 

Tayu katon mbrabak krungu wangsulanku sing mangkono kuwi, nanging ora semaur apa-apa. Malah banjur ndhingkluk, nyawang lemah karo ora jumecap apa-apa. Satemene aku ya rada getun karo wangsulanku sing nyenggol rasa pangrasane Tayu kuwi mau. Nanging wis kadhung tak ucapne, mula aku banjur mikir, golek cara piye carane supaya Tayu ora kelarut-larut nggone gela.

 

"Ngene wae Ki Tayu lan ndika Ki Lancur" wekasan aku oleh dalan kanggo ngencerake kahanan sing kober rada kaku "bab sing magepokan karo Ki Suwela apa dene Kakang Makara, bisa ditutugne mengko utawa kapan-kapan yen ana wektu sing becik lan mirunggan, merga aku ya ngerti ing babagan nggonku ngabdi marang negara lan kawula ing Majapahit lumantar dadi ing dalem Katumenggungan iki, mbutuhake rerigen lan pamrayoga saka andika kuwi kabeh".

 

"Inggih Gus" Tayu mung meneng karo manthuk, sing wangsulan mung Lancur dhewe.

 

"Sabanjure, mbaleni rembug ing ngarep, ya iku magepokan karo panyuwune Ki Waraka sing mbutuhake Layang Palilah sing ditapak-astani dening Rama Tumenggung lan dipikuwati klawan cap Dalem Katumenggungan, gegayutan karo olehe anggaota Ki Waraka" kandhaku sabanjure.

 

"Kula kinten sampun cekap Gus" Tayu sing maune meneng karo ndhingkluk aweh wangsulan cekak.

 

"Cukup kepiye Ki Tayu?" aku takon.

 

"Kula sampun atur pamanggih makaten ugi adhi Lancur ugi sampun ngaturaken pamanggihipun"  Tayu wangsulan "kula pitados sanaosa dereng kula pireng, Jengandika Gus Wanda tartamtu ugi sampun kagungan pamanggih. Inggih kanthi pamanggih-pamanggih kala wau, kula pitados jengandika langkung pana anggenipun nata ukara ingkang badhe kunjuk ing ngarsanipun Gusti Tumenggung".

 

"Bener Ki Tayu, awit sing kagungan wewenang napak astani Layang Palilah kuwi ora ana liya kajaba  Rama Tumenggung, mangka luwih prayoga yen kabeh panemu kang ana iki diaturne ing ngarsane Rama Tumenggung, mengko apa sing dadi putusane Rama Tumenggung  kuwi sing kudu ditindakne".

 

Ora suwe Lancur karo Tayu banjur pamitan mundur, ora ana tandha-tandha yen Tayu isih nggembol rasa gela ing atine. Aku uga banjur menyat kepengin metu nyawang hawa njaba.

 

ana candhake.

SENDHANG ,MUSTIKANING WARIH VI (027)


 

27.

Nganti sauntara aku ora bisa nata ukara kanggo mangsuli pangrigene Lancur apa dene Tayu, sing kekarone padha ora nyarujuki Waraka adeg papan kanggo ngombe arak lan lelangen beksan sarta papan kanggo palanyahan sing ditutupi nganggo pawadan papan kanggo pijet kuwi. Aku dhewe satemene mbenerake apa sing dadi pawadane wong loro kuwi, nanging upama panjaluk utawa rerigene wong loro kuwi tak turuti, tan wurunga Waraka bakal dadi gela lan cuwa. Nek sing gela kuwi mung Waraka tak anggep ora sepiroa, nanging yen nganti sing gela lan banjur salin tampa karo aku genti Makara munggahe marang Ki Suwela, aku durung bisa nggambarake kepiye mengko dadine. Wong loro sing sadurunge iki kober kegadhuhan rasa sengit marang aku jalaran kawicaksanane Rama Tumenggung sing dianggep ora adil, kuwi mesthi bali dadi gething maneh marang aku, lan olehku mbudidaya ndandani srawungku karo wong loro sasuwene iki bakal muspra tanpa guna, malah kepara ndadekne sansaya gethinge Ki Suwela lan Makara marang aku.

 

Kanggo sauntara, kandhane Ki Suwela sadurunge Tayu lan Lancur teka sing ngrembug rancangan anggone mbudidaya Andalu supaya bisa dadi selirku, ilang saka angen-angenku. Pikiranku nunjem marang apa sing dikandhakne Tayu lan Lancur iki. Kekarone duwe panemu dhewe-dhewe lan duwe wewaton sing padha dene kuwate.

 

"Kula ngertos Gus" bareng wis suwe aku mung meneng dumadakan Tayu guneman alon.

 

"Ngerti bab apa Ki Tayu?" pitakonku.

 

"Gus Wanda radi kewetan anggenipun paring putusan, pamanggih kula menapa pamanggihipun Adhi Lancur ingkang badhe kaunjukaken ing ngarsanipun Gusti Tumenggung Jatikusuma" Tayu ngandhakne apa sing ana pikirane.

 

"Pancen bener Ki" wangsulanku "sabab, pancen panemu ndika apa dene panemune Ki Lancur kuwi kabeh ana benere, nanging bares wae, sadurunge awake dhewe nindakne panitipruksa ing papan kanggo nggaotane Waraka, aku uga wis tau rembugan sing akeh karo karo Kakang Makara apa dene Ki Suwela lan kekarone duwe panemu sing adoh bedane karo panemune ndika sakloron sing uga durung padha iki".

 

"Menawi tiyang kalih menika kula sampun apal sanget Gus" Lancur sing genti guneman lirih nanging cetha, olehe guneman karo mesem sajak ngece.

 

"Apal sing kepite Ki Lancur?" aku takon, jroning batin rada ora pati seneng weruh eseme Lancur sing sajak ngece ngono kuwi.

 

"Apal kalih teku tuwin wewatekanipun ingkang namung mikir betahipun piyambak, waton piyambakipun angsal bebathen mesthi dipun sengkuyung, saha malih kekalihipun mila nggadhahi pakareman ing jagading kasukan mendem menapa dene kasukan ingkang estunipun nganggep bilih para wanita menika namung papan kangge nyuntak hardaning birahi kemawon " wangsulane Lancur tatag "malah kula ngertos saking para titiyang ingkang griyanipun sacaketing griya kula, Ki Makara menika asring sanget ngunjuk lan wuru ing wandenipun Waraka saha meh saben wanita palanyahan ingkang dipun cawisaken ing mriku sampun nate dipun ajak sukan-sukan lan ngancani anggenipun sare, sedaya menika miturut criyos ingkang kula tampi, inggih lelahanan utawi Ki Makara boten dipun kengingi redana babar pisan, awit panjenenganipun minangka punggawaning dalem katumenggungan mriki".

 

Aku ora enggal aweh wangsulan marang kandhane Lancur iki, merga nek nitik critane Makara dhewe marang aku, pancen dheweke kerep sanja ing papane Waraka nggaota.

 

"Menawi kula benten malih Gus" Tayu genti sing guneman "sanadyan menapa ingkang dipun aturaken Adhi Lancur menika kula pitados kathah leresipun, nanging kula malah gadhah panyawang ingkang seje malih".

 

"Seje sing kepriye Ki Tayu?" aku genti nakoni Tayu.

 

"Jengandika mesthinipun sampun pirsa" Tayu guneman lirih "kados pundi tangkebipun priyantun kalih niku dhateng jengandika Gus Wanda, wiwit nalika Gus Wanda miwiti nyuwita ing dalem Katumenggungan mriki. Langkung-langkung sasasampunipun Gus Wanda sinengkakaken dening Gusti Tumenggung minangka pangarsaning para Punggawa katumenggungan tuwin kapupu dados putra angkatipun Gusti Tumenggung Jatikusuma".

 

"Iya aku ngerti bab kuwi Ki Tayu" aku aweh wangsulan "pancen nalika aku diterne dening wong tuwaku nyuwita marang Rama Tumenggung biyen, akeh punggawa sing ora seneng marang aku sing dianggep bocah ndesa iki, kalebu Ki Suwela lan Kakang Makara. Luwih-luwih sawuse aku kaparingan kanugrahan lan kaparcayan dening Rama Tumenggung kaya sing tak lungguhi dina iki, wong loro kuwi sansaya banget nggone gething marang aku. Nanging, kabeh mau ora saka lupute Ki Suwela lan Kakang Makara dhewe, nanging aku uga melu luput lan pancen duwe cacad sing dening Ki Suwela lan Kakang Waraka digedhek-gedhekne, ya kuwi cacadku sing ora pati bisa srawung karo sadhengah uwong. Nyatane bareng cacadku kuwi wiwit tak suda, aku banjur bisa lan gelem srawung kaya lumrahe wong urip, rasa gethinge Ki Suwela lan Kakang Makara marang aku wiwit suda, malah saiki katone wis ilang babar pisan. Wong loro kuwi kerep wae aweh tutur lan pamrayoga marang aku, murih aku bisa luwih tumemen nggonku nindakne wajib sing tak tampa saka Ram,a Tumenggung. Mesthine ndika ya bisa nyawang kaya apa tangkeb lan sikepe Ki Suwela lan kakang Makara wektu saiki iki".

 

"Nuwun sewu nggig Gus" Tayu guneman maneh karo mesem "mila leres, ingkang kula sawang wekdal samangke, Ki Suwela miwah Ki Makara menika menawi dhateng jengandika sakalangkung anggenipun ketingal angaosi. Nanging kula ugi sampun apal watak ingkang dipun gadhuh dening priyantun kalih menika. Malah samangke kaparenga kula blaka dhateng jengandika Gis Wanda, bilih nalika kula nglampahi jejibahan cundhuk kemit ing satunggaling dalu ing dalem Katumenggungan, kula nate nampi jejibahan winadi saking Gusti Tumenggung Jatikusuma gegayutan kalihan jengandika menapa dene piyantun kalih kala wau".

 

"Ki Tayu kaparingan jejibahan dening Rama Tumenggung sing ana sambung rapete karo aku lan Ki Suwela apa dene kakang Makara? ing babagan apa kuwi Ki Tayu?" aku takon karo semu rada kaget, merga aku ora ngerti babar pisan yen Rama Tumenggung wis dhawuh marang Tayu sing ana sambunge karo aku.

 

"Estunipun jejibahan menika namung wujud sampiran kok Gus" Tayu nggenahne apa sing dadi jejibahane "kula namung dipun dhawuhi murih ndherek ngawat-awati Gus Wanda ingkang wiwit mbudidaya njembaraken pasrawungan saha wiwit kersa ngunjuk unjukan ingkang saged ndadosaken wuru. Gusti Tumenggung paring dhawuh, bilih anggenipun Gus Wanda wiwit karem ngunjuk arak utawi ciyu lan sapanunggalanipun menika wiwit Gus Wanda dipun caosi jimat dening Ki Suwela ingkang wujudipun kados makaten menika".

 

Tayu meneng sedhela banjur ngogoh kanthongan klambine, njupuk barang sing wujude persis karo jimat sing tak tampa saka Ki Suwela, jimat kanggo nambarake dayaning arak murih nek diombe dadi ora mendem. Jimat kuwi banjur tak candhak lan tak iling-ilingi, nyata bener yen jimat kuwi padha karo jimat duwekku saka Ki Suwela.

 

"Makaten inggih Gus" Tayu nutugne nggone guneman "boten ateges kula ngremehaken dayanipun jimat menika, nanging estunipun jimat menika tunrap tiyang ingkang dereng mangertosi daya lan sipatipun, sakalangkung ageng kapitunan ingkang badhe dipun tampi tinimbang kasaenanipun tumrap ingkang ngrawati jimat menika".

 

"Lire kepiye Ki Tayu?" aku takon maneh "jalaran jimat olehe maringi Ki Suwela duwekku kae, gajege uga tau tak aturne ing ngarsane Rama Tumenggung lan Rama Tumenggung ora paring dhawuh kaya sing ndika kandhakne iki mau".

 

"Sangertos kula nggih Gus" Tayu wangsulan "menawi tiyang ingkang ngrawati jimat kados makaten menika saben-saben taksih tuwuh raos kepengin nedahaken dhateng tiyang sanes bilih piyambakipun nggadhahi kekiyatan boten wuru menawi ngunjuk arak ingkang kadsos menapa kemawon wujudipun, mangka jimat menika saged andayani dhateng ingkang ngrawati saben-saben inggih ngelak kepengin ngunjuk arak lan ingkang langkung baken malih, wonten ing wanci-wanci ingkang boten kamangertosan dening ngrawati jimat menika, jimat menika babar pisan boten nggadhahi daya menapa-menapa malah kepara kosok wangsulipun. Liripun ing wanci-wanci tinamtu, jengandika sanadyan sampun ngasta jimat menika, nanging jengandika dumadakan saged wuru ingkang wurunipun nglangkungi wurunipun tiyang limrah".

 

Aku manthuk-manthuk krungu katrangan sing dikandhakne Tayu mangkono iku, mula kira-kira ya ana benere, ketitik aku sing isih nduweni rasa kepengin dikira nduweni kekuawatan dening wong liya yen aku ora bakal bisa mendem nadyan ngombe arak sing kaya apa wae iki, saben dina tansah kepengin ngombe arak. Saben dina utawa saben wengi, urip iki krasa durung jangkep yen durung ngombe arak sing nganti klemun-klemun neng sirah.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...