32.
Wiwitane aku bingung arep omong apa, nanging aku
banjur kelingan yen iki mau lagi wae Ki Anggara wis murungake anane kedadeyan raja
pati utawa saora-orane raja tatu, awit anggone kerengan Makara karo Lancur.
Mula karo nata lungguhku, aku ngimbuhi rembug :
“Saestu kula pun Suwanda ugi ngaturaken panuwun
dhumateng jengandika Wa Anggara, ingkang sampun kepareng misah anggenipun
kerengan Kakang Makara lan Ki Lancur, ingkang kekalihipun sampun mandi gegaman.
Ambok bilih Wa Anggara boten enggal rawuh saha misah kekalihipun, kula kinten
salah satunggal saking tiyang kalih wau tartamtu sampun dumugi pejah”.
Ki Anggara mesem amba, banjur matur marang Rama
Tumenggung :
“Nyuwun pangapunten Gusti Tumenggung, kula radi
cubriya salebeting manah, sareng kula mangertosi jalaranipun tiyang kekalih
kala wau sami kerengan”.
“Mengko dhisik Kakang Anggara, sing ndika ajak guneman
iki adhi ndika dhewe, dadi tak suwun
Kakang Anggara njabel anggone nganggo basa krama marang aku, ndika kuwi
sedulurku tuwa wakile Bapa Guru sing mung kagungan siswa loro ndika karo aku,
dadi tak suwun sepisan maneh ndika kersaa nggunakne basa ngoko marang aku,
adhimu ya Si Kunthing iki” Rama Tumenggung ngendika marang Ki Anggara, ndadekne
aku ngerti yen jebul Ki Anggara iki sedulur tunggal guru karo rama Tumenggung,
lan Rama Tumenggung kuwi asma jaman isih timur jebul Kunthing. Layak mau kanthi
gampang bisa ngrebut gegaman sing digoceki Makara apadene Lancur sarta kanthi
ora mbutuhne wektu sing suwe kanggo gawe lumpuhe wong loro kuwi, sanadyan
lumpuhe sajak ora mbebayani marang jiwane.
“Saiki, ndika wangsuli aku tak takon!” Rama Tumenggung
nutugne anggone ngendika “apa Kakang Anggara wis luwih dhisik anggone rawuh ing
pendhapa Katumenggungan sadurunge Lancur lan Makara kuwi padha tukaran?”.
“Ngene ya Dhi” Ki Anggara wangsulan “tenane nek aku
matur basa krama marang si Adhi kuwi, ora merga apa-apa, nanging aku ngelingi
si Adhi kuwi kagungan sandhangan sing kudu diajeni dening sandhangan sing tak
enggo. Lire, dening Sang Prabu Adhi Kunthing kaparingan busana Tumenggung
kanthi asma Jatikusuma, sauntara kuwi sandhangan sing tak enggo sing tenane
warisan saka wong tuwaku biyen, olehku bisa nganggo iya awit saka palilah dalem
Sang Prabu ing Majapahit. Yaiku sandhangan sing rupa Kebayan ing dhukuh Bulak
Pandhe, dadi yen aku basa krama marang si Adhi kuwi merga sandhanganku majibake
aku basa marang busana sing diagem si Adhi, iya Gustiku Tumenggung Jatikusuma.
Mula ana kalane aku sok nganggpo basa ngoko sok ana kalane aku nganggo basa
krama marang si Adhi. Dadi tak suwun aja kaduk ati bela panampa, manawa ing
ngarepe wong akeh utawa ing pasamuwan aku mesthi nganggo basa krama marang si
Adhi, beda yen lagi jagongan dhewe kaya saiki iki, sanadyan ing kene ana Raden Bagus
Suwanda, aku wani nganggo tembung ngoko jalaran Raden Bagus Suwanda kuwi kena taka
rani ponakanku dhewe, kajaba yen Gus Wanda ora kersa tak dhaku ponakan, aku
panggah kanthi senenging ati bakal nggunakne basa krama marang si Adhi lan
Angger Suwanda”.
“Matur sewu gunging panuwun Wa” aku gage nyauti
rembuge Ki Anggara “saestu kula rumaos bombing ing salebeting manah menawi Wa
Anggara kepareng ngrengkuh kula minangka pulunan, sanaosa kula naming lare
ingkang dipun panggih lan dipun pupu dening Rama Tumenggung”.
“Iya, iya Kakang Anggara, arepa kaya apa si Suwanda
iki wis dadi putraku dadi iya keneng diarani uga putrane Kakang Anggara” Rama
Tumenggung numpangi rembug “saiki ndika wangsuli pitakonku sing maul an ya gene
Kakang Anggara duwe rasa jubriya marang sing lagi padha tukaran?”.
“Mau awan macak sore” Ki Anggara wiwit guneman
mangsuli pandangune Rama Tumenggung “ing Bulak Pandhe aku karawuhan punggawa
Katumenggungan, sing kekudhung asmane Angger Suwanda lan Gusti Tumenggung,
kamangka anggone kekudhung kuwi adoh banget karo kanyatan sing dadi watak
wantune Gusti Tumenggung sing wiwit cilik wis tak ngerteni. Mula sawuse Punggawa
Katumenggungan kuwi pamitan, aku ya daya-daya arep sowan Gusti Tumenggung
ngaturake bab iki. Nanging nalika aku kanthi sesidheman mlebu pakarangan dalem
Katumenggungan, aku weruh yen Angger Suwanda lagi nampa tekane punggawa sing
uga duwe sesambungan cedhak karo punggawa sing lagi wae rawuh ing omahku mau.
Mula aku banjur nyoba nguping anggone rerembugan Angger Suwanda karo punggawa
kuwi, nanging jebul olehe padha rermbugan babar pisan ora nyenggol karo perkara
sing tak gawa. Banjur ana punggawa loro sing rawuh maneh, sing lelorone jebul
wis semayan karo Angger Suwanda arep mara king ngarsane Gusti Tumenggung, sing
weksane dadi padudon antarane punggawa loro sing lagi teka kuwi karo punggawa
sing mau teka dhisik malah wekasane banjur dadi padha panase nganti padha
nggunakne gegamane dhewe-dhewe”.
Ki Anggara leren sedhela anggone guneman, merga ana
Bibi abdine kanjeng Ibu Nyai Tumenggung sing mara ngladekne unjukan. Rama
Tumenggung Jatikusuma katon njengkerutne palarapane, ketara yen apa sing
dikandhakne Ki Anggara banget ndadekne kawigatening penggalihe.
“Nuwun sewu Wa” alon-alon aku nyelani rembug sawuse
atur sasmita marang rama Tumenggung yen akua rep guneman lan rama Tumenggung
mbales kanthi asung sasmita ngeparengake “menapa punggawa ingkang rawuh ing
dalemipun Wa Anggara menika Ki Suwela?”.
“Bener Ngger, sing rawuh pancen Ki Suwela wong tuwane
Ki Makara sing mau tak rebut kerise lan tak gawe lumpuh awake, ya merga kuwi
sing ndadekne tuwuh rasa jubriya ing atiku sing dadi sabab anggone Ki lancur
kerengan mungsuh Ki Makara iki mau” Ki Anggara mangsuli apa sing dadi
pitakonku.
“Dados Wa Anggara menika Kebayan Bulak Pandhe, tiyang
sepuhipun Andalu saha Rinten semahipun Ki Waraka sodagar sugih yoganipun
sodagar saking nagari Cempa menika?” aku bali nggenahne, awit pancen aku durung
tau srawung karo Ki kebayan Bulak Pandhe sing jebul isih sedulur tunggal guru
karo rama Tumenggung Jatikusuma.
“Bener Ngger, aku wong tuwane Andalu, apa keng slira
wis wanuh karo anakku wadon kembarane Rinten bojone Waraka kuwi?” Ki Anggara
banjur nakoni aku bab sesambungan antarane aku karo Andalu.
“Inggih Wa” aku wangsulan blaka “kula mila nate panggih
kalihan Andalu kaping sepisan nalika Ki Waraka gadhah damel nengeri tigang
wulan anggenipun nggarbini semahipun inggih pun Rinten. Nalika samanten Andalu
ngladosi kula ing ulah beksa, lan sasampunipun menika inggih dereng nate
kepanggih malih”.
“Mengko dhisik” dumadakan rama Tumenggung ngendika nigas
anggonku rembugan karo Ki Anggara “iki lagi padha ngrembug apa? Aku kok malah
dadi bingung dhewe, merga aku ora ngerti bongkot lan pucuke sing lagi padha
dirembug. Coba Kakang Anggara, ndika baleni saka wiwitan supaya aku bisa
mudheng, nanging sadurunge manga diunjuk lan diincipi dhisik omben lan panganan
yasane adhimu wadon, biyunge Suwanda sing diladekne bocah emban iki mau”.
Ki Anggara mesem amba, banjur ngranggeh cangkir sing
ana ngarepe, kopine disruput banjur ditututi karo genti njupuk wajik klethik
sing wis disuguhne.
“Ya sing gedhe pangaksama ndika Adhi” karo nyuwil
wajik sing dijupuk Ki Anggara atur wangsulan marang Rama Tumenggung “iki mau jalaran
aku kegeret karo sing dipundhutake pirsa dening Angger Suwanda, mula becike tak
balenane anggonku matur marang si adhi Ya Gustiku Tumenggung Jatikusuma, tak
wiwitane saka kawitan”.
“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging
sadurunge kuwi, prayoga luwih dhisik ayo padha diunjuk banyu panas lan cemilan
sing wis diladekne iki”.
“Inggih Wa, manga karahabana sawontenipun kanthi
mardikaning panggalih” aku melu numpangi rembug, ngacarani marang ki Anggara.
Ana candhake.