Total Tayangan Halaman

Senin, 11 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (033)

33.

Sauntara Ki Anggara ngrahabi pasugatan sing wis cemawis,  Rama Tumenggung paring dhawuh marang aku supaya ndelok kahanane Makara, Lancur lan Tayu.

“Wong-wong sing ana latar mau coba ungaken Ngger, tinimbang dadi pikiran sing ora ana gunane wong-wong kae kongkonen bali wae, kuwi nek wis padha bisa ngadeg, nek durung ya mengko nek wis padha bisa tangi konen bali. Aku durung bisa nemoni, merga isih ana tamu sing luwih wigati”.

 

“Inggih Rama” wangsulanku banjur alon-alon mundur arep menyang plataran ngarep.

 

Lagi tekan pendhapa, jebul Tayu karo Lancur lagi lungguh neng panggonan sing mau dienggpo jagongan karo aku, sauntara Makara ora katon.

 

“Lha kakang Makara neng endi Ki Tayu?” aku nakoni Tayu, merga pas aku tekan pendhapa sing nyawang luwih dhisik marang aku Tayu, Lancur isih ndhingkluk dadi ora ngerti yen aku mara.

 

“Ketingalipun sampun wangsul Gus” wangsulane Tayu, Lancur melu ndengengek nyawang aku.

 

“Kok ketingale kuwi piye ta? Apa olehe lunga ora pamit ?” aku negesi takon.

 

“Kalawau nalika kula tulungi saking anggenipun kantaka, kula ajak dhateng pendhapa boten kersa, sareng pirsa menawi Adhi Lancur dereng tangi, lajeng madosi kagunganipun dhuwung, nanging boten kepanggih, lajeng kesah tanpa pamit” Tayu nyritakne sing wis kedadeyan.

 

“Dadi Kakang Makara karo Ki Lancur sawise tiba mau kober ora eling ta?” aku genti takon maneh.

 

“Inggih Gus” sing wangsulan malah Lancur “kula piyambak boten ngertos sangkan paraning bilahi, nalika meh kemawon dhuwungipun Ki Makara njebol dhadha kula dumadakan kula sumrepet lajeng boten eling, naming lamat-lamat kula taksih sumerep jengandika nampel pedhang ing tangan kula lajeng nyurung pundhak kula temah kula dhawah ing siti”.

“Menawi kula radi langkung cetha anggen kula ningali Gus” Tayu mbumboni rembug “kala wau, nalika kula sumerep Adhi Lancur keseser mengsah Ki Makara estunipun kula badhe suka pambiyantu, ngrencangi Adhi Lancur murih boten kenging katuweg dhuwungipun Ki Makara, nanging jebul karumiyinan jengandika ingkang lankung cukat katimbang srikatan ingkang nyamber walang, ngrebat keris saking astanipun Ki Makara saha pedhang saking tanganipun Adhi Lancur. Saestu babar pisan kula boten nyana menawi Gus Wanda menika jebul kagungan kadigdayan ingkang nggegirisi kados makaten wau”.

 

Aku dadi ora mudheng karo kandhane Tayu lan Lancur kuwi. Aku dhewe mau ya ora weruh sangkane, ngerti-ngerti Ki Anggara sing durung tau tak tepungi wis ngadeg ana antarane Makara karo Lancur, lan wis kasil ngrebut gegamane wong loro kuwi. Kok saiki malah Tayu lan Lancur kandha yen sing ngrebut gegamane Makara lan Lancur kuwi mau aku. Aku dadi rada bingung.

 

“Mengjo dhisik Ki Tayu lan Ki Lancur” sawise meneng sedhela aku banjur takon “ndika sakloron apa ora weruh tekane Wa Anggara mau?”.

 

“Kula sumerep sasampunipun jengandika ngrebahaken Adhi Lancur miwah Ki Makara lajeng wonten tiyang ingkang wicanten dhateng Gus Wanda, nanging kula boten ngertos menapa ingkang dipun aturaken, lajeng ngertos-ngertos kula sumerep Gusti Tumenggung sampun wonten mriki, paring dhawuh dhateng tiang kala wau sarta jengandika murih dhateng panirat wingking” Tayu aweh wangsulan .

 

“Menawi kula bares kemawon boten sumerep Gus” Lancur melu wangsulan “awit kula sampun semaput lan boten eling menapa-menapa. Kula ugi rumaos gumun, awit boten nyana babar pisan bilih jengandika menika saged kanthi gampil damel kula lan Ki Makara rebah semaput tanpa nandhang tatu babar pisan”.

 

“nDika sakloron apa uga durung tau wanuh karo Wa Anggara, tamu sing lagi teka mau?”

 

“Dereng Gus, mila kula nembe sepisan menika sumerep piyambakipun” wangsulane Tayu.

 

Satemene aku kepengin ngandhakne marang wong loro kuwi yen aku babar pisan ora tumindak apa-apa, lan sing dikandhakne wong loro kuwi ora bener, merga sing dikira aku mau tenane ngono Wa Anggara, nanging ora sida. Merga kanggo aweh weruh marang Tayu apa dene Lancur, murih wong loro kuwi bisa percaya, mbutuhne wektu sing rada suwe, sauntara wektu iku  ing panirat mburi Ki Anggara karo Rama Tumenggung lagi ngendikan sing aku kepengin ngerti isine. Mula aku milih nyumenekake dhisik anggonku arep nggenahake marang wong loro kuwi yen tenane aku ora kaya sing dkandhakne mau.

 

“Ki Tayu lan Ki Lancur” kandhaku sabanjure “perkara anggone Kakang Makara lan Ki Lancur kantaka mau bisa dirembug ing liya wektu, saiki sing prelu dak kandhakne marang ndika sakloron, Rama Tumenggung dina iki lagi nampa tamu sing nggawa perkara sing wigati banget, dadi durung bisa nampa atur palapuran saka awake dhewe. Mula prayogane, ndika sakloron bali wae, awit aku ya kadhawuhan ndherek nemoni Wa Anggara ing panirat mburi”.

 

“Inggih Gus” Tayu aweh wangsulan “mangga menawi jengandika badhe wawan pangandikan kalihan Gusti Tumenggung tuwin tamu ingkang nembe dugi wau, kaparenga kula kalih Adhi Lancur, wangsul”.

 

Sawuse wong loro kuwi ninggakne pendhapa, aku bali menyang panirat nusul Rama Tumenggung lan Wa Anggara sing lagi jejagongan.

 

“Kaya sing dak aturake marang Angger Wanda ing ngarep” Ki Anggara miwiti guneman maneh, sawuse aku lungguh ing papan sakawit “Punggawa Dalem Katumenggungan sing rawuh ing pondhokku mau awan kuwi Ki Suwela, wong tuwane Ki Makara sing mau tak pisah anggone gelutan karo kancane”.

 

“Lha tekane Suwela neng daleme Kakang Anggara kuwi, nggawa dhawuh saka Dalem Katumenggungan apa karepe dhewe?” Rama Tumenggung nyelani rembug, nakokne mungguh jejere Ki Suwela sing mertamu marang daleme Ki Anggara.

 

“Nek tak nalar, kuwi saka karepe dhewe, nanging bareng nyandhak lan nyangking kalungguhanku minangka Kebayan Desa sing digandhengake karo kalenggahane Angger Suwanda minangka sesulihe Gusti Tumenggung Jatikusuma, aku dadi ora pati ngandel karo sing dikandhakne Ki Suwela marang aku, awan mau. Mula aku ya banjur daya-daya nakyinake menyang Dalem Katumenggungan iki” Ki Anggara atur wangsulan “jalaran, sing didhawuhne Ki Suwela mau kuwi, beda adoh karo watak wantune Gusti Tumenggung Jatikusuma”.

 

“Lha Suwela ngandhakake apa marang Kakang Anggara?” Rama Tumenggung mundhut pirsa maneh.

 

Ki Anggara unjal ambegan landhung kaping telu, banjur wiwit semaur :

 

“Kanggo atur wangsulan marang pitakone Adhi Kunthing iki, tak undurne maneh critaku, murih luwih cetahne”

 

“Ora apa-apa Kakang, dimundurne ya kena, waton bisa nambahi cethane apa sing wis kedadeyan tumrap Kakang Anggara utawa Desa Bulak Pandhe sing dadi tanggung jawabe Kakang Anggara” tumanggape Rama Tumenggung marang ki Anggara.

 

“Tenane ngono, watara setahun kepungkur aku iki rak kapusan ta Dhi?”

 

“Kapusan sing kepiye Kakang?”

 

“Kapusan magepokan karo anakku wadon sing siji, ya si Rinten” Ki Anggara atur wangsulan kanthi nyritakne lelakone “sadurunge kapusan, aku rak ya diparani dening Ki Suwela, nanging wektu kuwi, Ki Suwela ora nyangking asmane Gusti Tumenggung lan kalungguhane minangka punggawa Dalem katumenggungan. Ki Suwela nembung anakku wadon loro-lorone, Rinten karo Andalu. Rinten ditembung arep diselir dening putune Ki Suwela, sing jarene uga isih kaprenah wayahe Gusti Tumenggung Jlampar, jenenge Waraka sing dadi sodagar sugih dhewe sa Majapahit lan anakku si Andalu ditembung arep dipundhut selir dening putrane Ki Suwela, sing jenenge Makara, ya wong sing mau tukaran neng plataran mau”.

 

“Banjur Kakang Anggara kepiye?” Rama Tumenggung nyela wuwus.

 

“Sanadyan nalika kuwi atiku runtik, merga wis diremehne dening Ki Suwela, nanging isih bisa tak peper kanepsonku” Ki Anggara atur wangsulan “ora tak kandhakne yen aku ngukuhi piwulange Bapa Guru, nanging tak wangsuli kanthi sabar, yen aku ora bisa masrahake anakku wadon marang sapa wae sing kepengin ngepek anakku dadi selire, lan upama ana sing nekad meksa aku supaya nglilani anakku wadon dadi selir, mangka bakal tak kukuhi nganti tumetese getih kang pungkasan”.

 

“nDika wangsuli ngono kuwi Suwela banjur kepiye?” Rama Tumenggung mundhut pirsa karo semu mesem.

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (032)


 

32.

Wiwitane aku bingung arep omong apa, nanging aku banjur kelingan yen iki mau lagi wae Ki Anggara wis murungake anane kedadeyan raja pati utawa saora-orane raja tatu, awit anggone kerengan Makara karo Lancur. Mula karo nata lungguhku, aku ngimbuhi rembug :

 

“Saestu kula pun Suwanda ugi ngaturaken panuwun dhumateng jengandika Wa Anggara, ingkang sampun kepareng misah anggenipun kerengan Kakang Makara lan Ki Lancur, ingkang kekalihipun sampun mandi gegaman. Ambok bilih Wa Anggara boten enggal rawuh saha misah kekalihipun, kula kinten salah satunggal saking tiyang kalih wau tartamtu sampun dumugi pejah”.

 

Ki Anggara mesem amba, banjur matur marang Rama Tumenggung :

“Nyuwun pangapunten Gusti Tumenggung, kula radi cubriya salebeting manah, sareng kula mangertosi jalaranipun tiyang kekalih kala wau sami kerengan”.

 

“Mengko dhisik Kakang Anggara, sing ndika ajak guneman iki adhi ndika dhewe,  dadi tak suwun Kakang Anggara njabel anggone nganggo basa krama marang aku, ndika kuwi sedulurku tuwa wakile Bapa Guru sing mung kagungan siswa loro ndika karo aku, dadi tak suwun sepisan maneh ndika kersaa nggunakne basa ngoko marang aku, adhimu ya Si Kunthing iki” Rama Tumenggung ngendika marang Ki Anggara, ndadekne aku ngerti yen jebul Ki Anggara iki sedulur tunggal guru karo rama Tumenggung, lan Rama Tumenggung kuwi asma jaman isih timur jebul Kunthing. Layak mau kanthi gampang bisa ngrebut gegaman sing digoceki Makara apadene Lancur sarta kanthi ora mbutuhne wektu sing suwe kanggo gawe lumpuhe wong loro kuwi, sanadyan lumpuhe sajak ora mbebayani marang jiwane.

 

“Saiki, ndika wangsuli aku tak takon!” Rama Tumenggung nutugne anggone ngendika “apa Kakang Anggara wis luwih dhisik anggone rawuh ing pendhapa Katumenggungan sadurunge Lancur lan Makara kuwi padha tukaran?”.

 

“Ngene ya Dhi” Ki Anggara wangsulan “tenane nek aku matur basa krama marang si Adhi kuwi, ora merga apa-apa, nanging aku ngelingi si Adhi kuwi kagungan sandhangan sing kudu diajeni dening sandhangan sing tak enggo. Lire, dening Sang Prabu Adhi Kunthing kaparingan busana Tumenggung kanthi asma Jatikusuma, sauntara kuwi sandhangan sing tak enggo sing tenane warisan saka wong tuwaku biyen, olehku bisa nganggo iya awit saka palilah dalem Sang Prabu ing Majapahit. Yaiku sandhangan sing rupa Kebayan ing dhukuh Bulak Pandhe, dadi yen aku basa krama marang si Adhi kuwi merga sandhanganku majibake aku basa marang busana sing diagem si Adhi, iya Gustiku Tumenggung Jatikusuma. Mula ana kalane aku sok nganggpo basa ngoko sok ana kalane aku nganggo basa krama marang si Adhi. Dadi tak suwun aja kaduk ati bela panampa, manawa ing ngarepe wong akeh utawa ing pasamuwan aku mesthi nganggo basa krama marang si Adhi, beda yen lagi jagongan dhewe kaya saiki iki, sanadyan ing kene ana Raden Bagus Suwanda, aku wani nganggo tembung ngoko jalaran Raden Bagus Suwanda kuwi kena taka rani ponakanku dhewe, kajaba yen Gus Wanda ora kersa tak dhaku ponakan, aku panggah kanthi senenging ati bakal nggunakne basa krama marang si Adhi lan Angger Suwanda”.

 

“Matur sewu gunging panuwun Wa” aku gage nyauti rembuge Ki Anggara “saestu kula rumaos bombing ing salebeting manah menawi Wa Anggara kepareng ngrengkuh kula minangka pulunan, sanaosa kula naming lare ingkang dipun panggih lan dipun pupu dening Rama Tumenggung”.

 

“Iya, iya Kakang Anggara, arepa kaya apa si Suwanda iki wis dadi putraku dadi iya keneng diarani uga putrane Kakang Anggara” Rama Tumenggung numpangi rembug “saiki ndika wangsuli pitakonku sing maul an ya gene Kakang Anggara duwe rasa jubriya marang sing lagi padha tukaran?”.

 

“Mau awan macak sore” Ki Anggara wiwit guneman mangsuli pandangune Rama Tumenggung “ing Bulak Pandhe aku karawuhan punggawa Katumenggungan, sing kekudhung asmane Angger Suwanda lan Gusti Tumenggung, kamangka anggone kekudhung kuwi adoh banget karo kanyatan sing dadi watak wantune Gusti Tumenggung sing wiwit cilik wis tak ngerteni. Mula sawuse Punggawa Katumenggungan kuwi pamitan, aku ya daya-daya arep sowan Gusti Tumenggung ngaturake bab iki. Nanging nalika aku kanthi sesidheman mlebu pakarangan dalem Katumenggungan, aku weruh yen Angger Suwanda lagi nampa tekane punggawa sing uga duwe sesambungan cedhak karo punggawa sing lagi wae rawuh ing omahku mau. Mula aku banjur nyoba nguping anggone rerembugan Angger Suwanda karo punggawa kuwi, nanging jebul olehe padha rermbugan babar pisan ora nyenggol karo perkara sing tak gawa. Banjur ana punggawa loro sing rawuh maneh, sing lelorone jebul wis semayan karo Angger Suwanda arep mara king ngarsane Gusti Tumenggung, sing weksane dadi padudon antarane punggawa loro sing lagi teka kuwi karo punggawa sing mau teka dhisik malah wekasane banjur dadi padha panase nganti padha nggunakne gegamane dhewe-dhewe”.

 

Ki Anggara leren sedhela anggone guneman, merga ana Bibi abdine kanjeng Ibu Nyai Tumenggung sing mara ngladekne unjukan. Rama Tumenggung Jatikusuma katon njengkerutne palarapane, ketara yen apa sing dikandhakne Ki Anggara banget ndadekne kawigatening penggalihe.

 

“Nuwun sewu Wa” alon-alon aku nyelani rembug sawuse atur sasmita marang rama Tumenggung yen akua rep guneman lan rama Tumenggung mbales kanthi asung sasmita ngeparengake “menapa punggawa ingkang rawuh ing dalemipun Wa Anggara menika Ki Suwela?”.

 

“Bener Ngger, sing rawuh pancen Ki Suwela wong tuwane Ki Makara sing mau tak rebut kerise lan tak gawe lumpuh awake, ya merga kuwi sing ndadekne tuwuh rasa jubriya ing atiku sing dadi sabab anggone Ki lancur kerengan mungsuh Ki Makara iki mau” Ki Anggara mangsuli apa sing dadi pitakonku.

 

“Dados Wa Anggara menika Kebayan Bulak Pandhe, tiyang sepuhipun Andalu saha Rinten semahipun Ki Waraka sodagar sugih yoganipun sodagar saking nagari Cempa menika?” aku bali nggenahne, awit pancen aku durung tau srawung karo Ki kebayan Bulak Pandhe sing jebul isih sedulur tunggal guru karo rama Tumenggung Jatikusuma.

 

“Bener Ngger, aku wong tuwane Andalu, apa keng slira wis wanuh karo anakku wadon kembarane Rinten bojone Waraka kuwi?” Ki Anggara banjur nakoni aku bab sesambungan antarane aku karo Andalu.

 

“Inggih Wa” aku wangsulan blaka “kula mila nate panggih kalihan Andalu kaping sepisan nalika Ki Waraka gadhah damel nengeri tigang wulan anggenipun nggarbini semahipun inggih pun Rinten. Nalika samanten Andalu ngladosi kula ing ulah beksa, lan sasampunipun menika inggih dereng nate kepanggih malih”.

 

“Mengko dhisik” dumadakan rama Tumenggung ngendika nigas anggonku rembugan karo Ki Anggara “iki lagi padha ngrembug apa? Aku kok malah dadi bingung dhewe, merga aku ora ngerti bongkot lan pucuke sing lagi padha dirembug. Coba Kakang Anggara, ndika baleni saka wiwitan supaya aku bisa mudheng, nanging sadurunge manga diunjuk lan diincipi dhisik omben lan panganan yasane adhimu wadon, biyunge Suwanda sing diladekne bocah emban iki mau”.

Ki Anggara mesem amba, banjur ngranggeh cangkir sing ana ngarepe, kopine disruput banjur ditututi karo genti njupuk wajik klethik sing wis disuguhne.

 

“Ya sing gedhe pangaksama ndika Adhi” karo nyuwil wajik sing dijupuk Ki Anggara atur wangsulan marang Rama Tumenggung “iki mau jalaran aku kegeret karo sing dipundhutake pirsa dening Angger Suwanda, mula becike tak balenane anggonku matur marang si adhi Ya Gustiku Tumenggung Jatikusuma, tak wiwitane saka kawitan”.

 

“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging sadurunge kuwi, prayoga luwih dhisik ayo padha diunjuk banyu panas lan cemilan sing wis diladekne iki”.

 

“Inggih Wa, manga karahabana sawontenipun kanthi mardikaning panggalih” aku melu numpangi rembug, ngacarani marang ki Anggara.

 

 

Ana candhake.

Minggu, 10 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (031)


 

31.

Nanging Lancur ora migatekne babar pisan marang nesune Makara sing nganti suwe ora bisa guneman ketang saking nesune. Malah Lancur melu ngadeg, mundur sajangkah sajak siaga ngadhepi bebaya. Tayu nusul melu ngadeg, nanging ora ngalih saka papane. Kari aku dhewe sing isih lungguh, nanging aku ya durung bisa nata ukara kanggo ngleremne sing lagi padha panas atine.

 

“Kedahipun jengandika niku pirsa” Lancur nutugne olehe guneman karo suwara sing canthas “sanaosa kula menika naming andhahan jengandika, nanging ing babagan nglampahaken jejibahan, kula boten kebawah jengandika malih, nanging kebawah dening punggawa ingkang sampun paring dhawuh dhateng jengandika menawi kula kadhawuhan ndherekaken punggawa kala wau, inggih menika Raden Bagus Suwanda. Atur kula dhateng Gus Wanda ingkang nyebat tiyas sanes wau, mila leres kula tujokaken dhateng jengandika, jalaran ing babagan pakaryan menika jengandika klebet tiyang sanes, sanaosa jengandika menika lelurah kula, nanging dening paugeran, kula kasampiran wewenang murih boten maelu sinten kemawon kajawi dhateng Gus Wanda minggahipun Gusti Tumenggung Jatikusuma. Dados jengandika sampun lajeng duka kados lare alit ingkang boten angsal tumut dolanan kancanipun ingkang langkung ageng ngaten menika”.

 

“Setan!, wis wani kowe marang aku, Lancur?” Makara maju sajangkah karo misuh banter.

 

“Borong anggen badhe jengandika mastani” wangsulane Lancur tatag “ingkang cetha, kula namung nuhoni unining paugeran”.

 

“Keparat!” Makara nggetak karo ngobahne tangane sing wis ngepel kanggo ngampeng sirahe Lancur.

 

Nanging Lancur wis siaga, tangane Makara sing kumlebat kaya kilat ngampleng sirahe bisa diendhani, banjur mencolot memburi, nata kuda-kuda siaga aweh panglawan. Ngerti kamplengane luput, Makara sansaya mundhak nesu, kanthi cukat sikile obah ndugang wetenge Lancur. Sing didugang jebul wis jaga-jaga, mbarengi sikile Makara ngarah wetenge, Lancur gage mapagne karo dhengkule sing diangkat kanggo namengi wetenge. Ora wurung panyadhuke Makara kena ditangkis, nanging Lancur panggah kontal memburi watara telung jangkah, sauntara panyadhuke Makara mbendal, Makara uga kontal memburi watara telung jangkah uga.

 

“Dudu neng kene papane Ki Makara” Lancur guneman sereng “yen ngajak gojeg, ayo tak enteni neng plataran kana!”.

 

Ora ngenteni oleh wangsulan, Lancur banjur mencolot mlayu menyang latar ngarep pendhapa dalem Katumenggungan kuwi. Makara sing sansaya nesu merga ping pindho aweh panyerang marang Lancur nanging loro-lorone ora oleh gawe kuwi, ora semaur nanging malah banjur mlayu nututi Lancur mudhun menyang latar. Tayu sing ngadeg ora adoh karo papanku lungguh, ora sranta melu mlayu nututi wong loro sing arep kerengan kuwi. Aku sing ora kepengin antarane Makara karo Lancur apa dene Tayu padha tukaran, banjur nututi melu mudhun menyang latar arep misah sing lagi padha siaga adu kanuragan.

 

Nanging jebul Lancur karo Makara wis kebacut ngecakne juruse dhewe-dhewe. Kekarone padha cepet lan cukat polahe, genti genten anggone ngendhani sarta nangkis pangrangsange mungsuhe uga anggone padha genti males ngrangsang mungsuhe. Mangkono kuwi ndadekne aku kangelan arep misah wong loro kuwi, sanadyan Tayu satemene uga wis mbudidaya melu misah, nanging Makara lan Lancur wis kebacut rame anggone padha ngunggar kasudiran. Suwaraku sing banter bengok-bengok aweh prentah supaya wong loro kuwi padha ngendheg anggone tukaran, babar pisan ora digape.

 

Malah sansaya suwe, sansaya rame. Ing kahanan sing remeng-remeng, merga latar pendhapa kuwi mung kepadhangan ting-ting cilik sing dipasang ing pinggir latar, katon Makara wis ndudut keris saka wrangkane, banjur dienggo gegaman kanggo nglawan Lancur. Aku dadi kaget lan mundhak anggonku kuwatir, samono uga Lancur katone malah luwih kaget maneh. Lancur mencolot nisih banjur ngimbangi, pedhang sing nggantung neng lempenge kiwa, didudut banjur diputer karo nyedhaki Makara sing wis siaga nggunakne kerise. Kahanan dadi sansaya nguwatirake, yen wong loro kuwi ora enggal bisa dipisah, kena dipesthekne yen bengi kuwi ing plataran pendhapa Katumenggungan mesthi bakal ana rajapati utawa saora-orane raja tatu. Aku bengok-bengok, aweh prentah marang Makara lan Lancur supaya ngendheg anggoine padha kerengan. Nanging kekarone sajak wis padha ora gelem ngrungokne prentahku maneh, kekarone wis kasengsem anggone kepengin enggal ngrampungi mungsuhe, mungsuh sing satemene kancane dhewe. Aku dadi sansaya bingung.

 

Nanging, dumadakan tanpa tak ngerteni sangkan parane, ing antarane Makara karo Lancur wis ana paraga sing ngadeg jejeg, ora guneman apa-apa. Paraga kuwi tumuli obah sing prasasat kaya kilat cukate, ngerti-ngerti keris sing ana tangane Makara lan pedhang sing dicekeli Lancur wis ngalih ana tangane paraga sing lagi teka kuwi. Malah Lancur karo Makara uga wis padha pating glinting tiba neng lemah durung bisa tangi, embuh dikapakne.

 

Sawuse Lancur lan Makara wis padha ngglethak lan rekasa anggone arep padha tangi, paraga kuwi banjur mrepegi papanku karo guneman, suwarane keprungu abot nanging cetha diryungokne :

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Raden” kandhane wong sing lagi teka kuwi karo aweh kurmat marang aku “tiyang kalih menika kersanipun klekaran rumiyin ing latar mriki, samangke kaparenga Jengandika nglarapaken kula ing ngarsanipun Gusti Tumenggung, awit wonten prakawis ingkang sanget langkung wigati”.

 

“Nuwun sewu ndika menika sinten Kyai?” merga aku durung wanuh karo wong kuwi, aku banjur nakoni dheweke luwih dhisik.

 

“Nyuwun pangapunten Raden” wong kuwi aweh wangsulan “nami kula Anggara, kawula saking dhusun Bulak Pandhe, wonten prakawis ingkang kedah kula unjukaken ing ngarsanipun Gusti Tumenggung gegayutan kalihan wontenipun punggawa Dalem Katumenggungan ingkang nedya damel kasangsayanipun kawula kanthi kekudhung asmanipun Gusti Tumenggung ingkang amabeg adil para marta”.

 

“Punggawa Katumenggungan?” aku rada kaget karo wangsulane wong kuwi “sapa kuwi Kyai?”.

 

“Ora neng kene Ngger wangsulane pitakonmu kuwi” tanpa weruh sangkane dumadakan  Rama Tumenggung wis jumeneng ing sisihku lan  paring wangsulan marang pitakonku marang Ki Anggara sing ngakune kawula saka desa Bulak Pandhe.

 

Aku noleh ngingeti Rama Tumenggung, nanging panjenengane ora ngrewes, malah banjur paring dhawuh marang Ki Anggara :

 

“Kakang Anggara, ndika kandhakne sawutuhe mengko marang aku ing Panirat mburi kana, kareben putraku Suwanda melu ngrungokne” Rama Tumenggung banjur dhawuh marang aku “Siwakmu Anggara dherekna menyang panirat mburi kana Ngger”.

 

Ora ngenteni wangsulan Rama Tumenggung banjur jengkar ninggalne aku lan ki Anggara.

 

“Mangga Wa, kula dherekaken” kandhaku marang Ki Anggara sawuse Rama Tumenggung ora ana kono.

 

“Mangga Raden, kula dherekaken” wangsulane Ki Anggara karo manthuk kebak rasa kurmat.

 

Karo mlaku ora entek-entek anggonku gumun lan kepengin weruh sapa satemene ki Anggara iki. Awit nek nitik anggone ngendika rama Tumenggung sarta olehe mbasakne aku marang Ki Anggara kanthi sebutan Siwa, mesthine Ki Anggara kuwi dudu kaya sing dikandhakne yen mung kawula lumrah sing manggon neng desa Bulak Pandhe. Nanging bares wae, aku durung wani takon marang Ki Anggara, sapa satemene dheweke iki.

 

“Pinarak kene kakang” nalika aku karo Ki Anggara tekan panirat mburi, Rama Tumengung wis lenggah neng klasa, banjur ngacarani Ki Anggara lungguh.

 

Ki Anggara nyembah banjur mapan lungguh neng klasa, neng ngarsane Rama Tumenggung. Aku ya banjur arep mapan lungguh ing mburine Ki Anggara, nanging Rama Tumenggung paring sasmita supaya aku lungguh ing sisihe.

 

“Sadurunge aku takon sing akeh-akeh” Rama Tumenggung miwiti ngendika “luwih dhisik aku ngaturake panuwun Kakang, awit Kakang Anggara wis ngendheg polahe wong loro sing ora duwe duga, wis gedhe tuwa nanging isih seneng tukaran kaya bocah cilik, kathik mangkonowa anggone padha tukaran ing latar Katumenggungan ing ngarepe anakku Suwanda pisan”.

 

“Kula ingkang nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung” Ki Anggara wangsulan karo nyembah “inggih awit saking kepengining manah kula enggala saged ngabyantara ing ngarsa jengandika, temah kula kumawantun kanthi lancing, misah punggawa Katumenggungan ingkang sami kerengan kala wau”.

 

“Sing ditindakne Kakang Anggara mau wis trep banget” Rama Tumenggung ngendika karo mesem “jalaran aku weruh dhewe, Makara karo Lancur wis ngremehake putraku Suwanda, kekarone babar pisan ora ngrungokne apa sing diprentahne dening Suwanda, kamangka Suwanda kuwi wis dak paring wewenang nyulihi aku, kanthi mangkono Lancur apa dene Makara kae padha karo wis wani marang aku. Tujune banjur Kakang Anggara rawuh lan misah kekarone. Dadi sepisan maneh, aku ngaturake panuwun marang ndika kakang Anggara”.

 

Rampung anggone paring wangsulan, Rama Tumenggung banjur aweh sasmita marang aku supaya aku melu guneman.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (030)


 

30.

Ki Suwela ora enggal nampani kanthong sing tak selehne neng ngarepe kuwi, nanging malah banjur kandha karo suwara sing ora pati banter :

 

“Prakawis ingkang menika gampil Anakmas. Kula tak enggal bidhal rumiyin manggihi Andalu, ndumugekaken kersanipun Anakmas Suwanda. Mangke manawi sampun cetha bilih anggen kula lumampah menika angsal damel, nembe ngrembag pinten kathahing redana ingkang kula betahaken kangge nyekapi kabetahan menika”.

 

Ora ngenteni wangsulanku, Ki Suwela banjur ngadeg lan pamitan marang aku nek arep metu dhisik saka papan panggonanku nyambut gawe kuwi, wektune mula pancen wis sore. Wis wayahe para punggawa dalem Katumenggungan bali menyang omahe dhewe-dhewe. Aku uga banjur tata-tata arep bali mlebu menyang papan paleremanku. Wewayangane Andalu isih kumanthil-kanthil ing pandoning mripat. Dumadakan aku kelingan yen aku isih duwe kuwajiban sing kudu enggal tak rampungake, ya iku matur ing ngarsane Rama Tumenggung magepokan karo Layang Palilah Anggaota sing disiunjukne dening Waraka. Mula aku tumuli metu menyang ngarep, arep ngandhani Lancur apa dene Tayu yen mengko bengi arep taka jak ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung, mbok menawa wae wong loro kuwi durung ninggalake papane nyambut gawe.

 

“Inggih Gus, mangke bakda serap kula kalih adhi Lancur tak mriki malih” wangsulane Tayu nalika tak kandhani bab kuwi.

 

“Estunipun menapa boten cekap Gus Wanda piyambak kemawon ingkang marak ing ngarsanipun Gusti Tumenggung ?” Lancur malah takon.

 

“Lha Ki Lancur apa mengko ana prelu liyane?” aku mbalik genti takon “nek pancen ndika ora bisa ngancani aku matur ing ngarsane Rama Tumenggung, ya ora apa-apa ben mengjo sing ngancani aku Ki Tayu wae”.

 

“Boten makaten Gus” Lancur wangsulan “menawi Gus Wanda ngersakaken kula kalihan Kakang Tayu ndherek ngadhep ing ngarsanipun Gusti Tumenggung kula inggih babar pisan boten kawratan mila kula inggih boten wonten prelu menapa-menapa. Namung wau kula kinten prakawis asiling paniti priksa ing papan panggaotanipun Ki Makara ingkang dereng rampung menika, cekap dipun salirani Gus Wanda piyambak”.

 

“Ora mengkono Ki Lancur” aku genti aweh wangsulan “yen sing matur marang Rama Tumenggung kuwi wong telu, rak saupama ana sing kliwatan sing siji bisa nggenepi, ya mengko diaturne pisan nek anggone awake dhewe nganakne paniti priksa kuwi isih durung rampung, sing dadi atur mengko ya sing wis cetha kawuwuhan nyuwun pituduh bab sing durung rampung anggone niti priksa iki”.

 

“Manawi makaten kula kantun ndherek Gus lan sendika ngestokaken dhawuh jengandika” Lancur wangsulan karo mesem.

 

Wengine nalika aku lagi lungguh neng pendhapa ngrantu tekane Lancur lan Tayu, dumadakan Makara teka. Nalika tak takoni apa karepe, wangsulane mung kepengin jagongan karo aku, or arep ngrembug barang sing wigati. Maune tekane Makara iku ora pati tak gagas, nanging bareng Lancur lan Tayu teka, aku dadi rada kacipuhan. Jalaran rasane atiku ora kepenak yen ninggal Makara ijen ana pendhapa, sauntara aku, tayu lan Lancur ngadhep Rama Tumenggung ing panirat mburi. Pancen mau nalika aku matur Rama Tumenggung yen aku wong telu arep ngaturake asil paniti priksa kahanan papan panggaotane Waraka, Rama Tumengung dhawuh yen olehe arep nampa palapuranku kuwi manggon neng panirat mburi supaya ora ana wong liya krungu sing dadi rembugane. Nanging, saiki malah ana Makara sing ora ngalih-ngalih saka palungguhane. Kamangka Makara ya ngerti nek tekane Lancur lan Tayu iki ora mung dolan lumrah, nanging arep ana prelu sing cukup wigati.

 

Gandheng Makara ora enggal pamitan, wekasan kanggo abang-abang lambe banjur tak tawani pisan :

 

“Kakang Makara, iki aku arep ngancani Ki Tayu lan Ki Lancur , sowan Rama Tumenggung ngaturake asil anggone wis nindakne paniti priksa kahanan papan kanggo nggaotane Ki Waraka, apa ndika ngersakne melu ngadhep Rama Tumenggung ing panirat mburi?”.

 

“Manawi Jengandika marengaken kula inggih matur nuwun sanget Gus” aku rada kaget jebul pancen sajake Makara kepengin ngerteni asiling paniti priksa sing wis talk tindakne mau awan “nanging, kula mangke inggih boten badhe matur menapa-menapa ing ngarsanipun Gusti Tumenggung, jalaran kajawi kula boten ndherek niti priksa kula ugi boten ngertos menapa-menapa gegayutan kalih anggenipun Waraka anggaota”.

“Nuwun sewu Gus” dumadakan Lancur saulu, sadurunge aku kober aweh wangsulan marang Makara.

 

“Iya piye Ki Lancur?” aku takon .

 

“Kula kinten kirang prayogi menawi Ki Makara ndherek marak ing ngarsanipun Gusti Tumenggung” Lancur nggenahne sing dadi karepe “jalaran, ingkang badhe katur ing ngarsanipun Gusti Tumenggung menika mangke kenging kawastanan taksih dados wewadi, awit nembe atur palapuran dereng dados putusan, manawi wonten tiyang sanes ingkang ngertos, menika saged nuwuhaken pamanggih ingkang kirang prayogi”.

 

“Mengko dhisik Ki Lancur” Makara sing krungu tembunge lancur marang aku ngono kuwi mau, nyaut rembug luwih dhisik “sing ndika aturne marang Gus Wanda kuwi mula bener, nanging apa aku iki ndika anggep wong liya? Apa ndika lali yen ing reh tataning gaweyan, ndika iku manggon ing sangisoring prentahku? Bener, yen sing didhawuhi ndherekne Gus Wanda nindakne paniti priksa kahanane papan panggaotane Waraka kuwi ndika karo Ki Tayu, nanging ndika kudu ngerti sanadyan Gus Wanda kuwi sesulihe Gusti Tumenggung Jatikusuma, nanging sadurunge paring dhawuh marang ndika lan Ki Tayu, Raden Bagus Suwanda luwih dhisik paring weruh marang aku yen arep ndhawuhi ndika wong loro. Dadi atur ndika marang Gus Wanda ngono kuwi mau padha karo ngarani aku iki wong liya, apa pancen ndika sasuwene iki duwe rasa ora ngakoni yen dadi andhahanku ing reh nyambut gawe ing dalem Katumenggungan kene?”.

 

Lancur mbrabak abang praupane nampa rembug saka Makara sing semune aweh srengen ngono kuwi mau, nanging sadurunge Lancur aweh wangsulan luwih dhisik Tayu sing guneman marang Makara kanthi tembung sing alus :

 

“Nyuwun pangapunten Ki Makara, sampun kesesa ndukani kadang kula pun adhi Lancur, jalaran Adhi Lancur babar pisan boten gadhah niyat kados ingkang jengandika dhawuhaken niku. Nanging aturipun Adhi Lancur dhateng Gus Wanda wau naming awit sinurung raos tanggel jawab saha kemedah-kedahipun Adhi Lancur saged nuhoni menapa ingkang sampun jengandika dhawuhaken dhateng para andhahan jengandika kalebet dhateng Adhi Lancur lan kula”.

 

“nDika aja mung waton ngucap Ki Tayu” Makara wiwit mencereng “sing ndika karo Ki Lancur ajak rembugan iki ora mung aku lho? Nanging neng kene ana Gus Wanda wewakile Gusti Tumenggung, ndika aja gawe crita sing tundhone arep gawe alane jenengku ing ngarsane  Gus Wanda. Awit sasuwene iki aku ora tau aweh prentah marang andhahanku supaya nganggep pangarepe kuwi wong liya kaya sing lagi wae diaturake Ki Lancur marang Gus Wanda mau lho?”.

 

“Kosok wangsulipun Ki Makara” Lancur sing wiwit mau wis kepengin guneman, gage wae nyaut rembug “sampun dumeh jengandika niku pangajeng kula lan kula andhahan ndika, lajeng ndika nganggep kula lan Kakang Tayu menika anggenipun nyambut damel jalaran ngawula dhateng jengandika, leres kula menika mila andhahan jengandika, nanging anggen kula ngabdi menika boten dhateng Ki Makara, nanging dhateng Gusti Tumenggung Jatikusuma minangka wewakiling Gusti Prabu ing Majapahit. Ingkang dipun aturaken Kakang Tayu kala wau, menawi jengandika boten nyelaki batin jengandika piyambak, jengandika asring sanget niru dhawuhipun Gusti Tumenggung ugi dhawuhipun Raden Bagus Suwanda, inggih menika ndhawuhi muroh sedaya punggawa lan abdi dalem Katumenggungan anggenipun nyambut damel kedah linandhesan raos setya dhateng angger-angger lan paugeraning nagari Majapahit, inggih awit kula lan Kakang Tayu boten badhe nyulayani oaugeran saha angger-anggering nigari kala wau, ingkang dados wewaton kula matur kados ingkang kula aturaken dhateng Gus Wanda kala wau”.

 

Krungu rembuge Lancur sing wiwit nganggo suwara sora ngono kuwi, Makara katon sansaya nesu, praupane mbrabak abang nganti tekan kupinge, lambene ketok kedher, untune nggeget sajak ngampet kanepsone. Mripate Makara sing murup dening kanepson kuwi nyawang praupane Lancur, kayakaya lancur arep diuntal-untala.

Sabtu, 09 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (029)


 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

 

29.

Durung nganti aku metu, jebul kedhisikan tekane Ki Suwela sing karo mesam-mesem mlaku mara nyedhaki papanku. Wangune Ki Suwela ngira nek aku arep lunga, ketitik wong tuwa kuwi banjur takon kanthi suwara sing sajak rada cuwa :

 

"Anakmas Suwanda badhe tindak ta?".

 

"Boten Ki Suwela namung kepengin dhateng plataran mriku kemawon kok? dangu linggih jagongan kalih Ki Tayu lan Ki Lancur ndadosaken bangkekan kraos radi kemeng" wangsulanku karo mesem sing tak banjurake karo pitakonan "Ki Suwela ngersakaken rembagan kalihan kula menapa?, mangga!"

 

Aku mbalik mlebu papanku nyambut gawe sing mau tal enggo jagongan karo Tayu lan Lancur, Ki Suwela ngetutne neng mburiku.

 

"Nyuwun pangapunten Anakmas" kandhane Ki Suwela sawuse mapan lungguh kanthi kepenak.

 

"Inggih ? wonten menapa Ki Suwela?" aku takon.

 

"Prakawis kersanipun Anakmas Suwanda ingkang ngersakaken mundhut Andalu kinarya  klangenan utawi selir, kala wau lho Anakmas" Ki Suwela wangsulan nyethakne karepe ngadhep aku, karo mesem.

 

"Inggih?" aku wangsulan karo neng ati seneng "kados pundi Ki?".

 

"Inggih nuwun sewu, menawi kaparengaken dinten niki ugi kula badhe bidhal dhateng Bulak Pandhe manggihi Ki Kabayan ing mrika, inggih tiyang sepuhipun Andalu, ndumugekaken dhawuhipun Anakmas dhateng piyambakipun" wangsulane Ki Suwela sabanjure.

 

Atiku krasa seneng banget krungu tembunge Ki Suwela sing mangkono kuwi, saking senengku nganti sapandurat aku ora bisa semaur apa-apa.

 

"Saantawis menika" Ki Duwela nutugne anggone guneman "mangke anak kula pun Makara ingkang kula prentah murih nyawisaken griya kangge papan panggenanipun Andalu sasampunipun Anakmas pundhut dados selir, jalaran kula kinten kirang prayogi dadosipun menawi Andalu kaboyong dhateng dalemipun Gusti Tumenggung mriki".

 

"Leres Ki" wangsulanku "kula nggih sampun ngertos piyambak bilih Rama Tumenggung menika priyagung ingkang estunipun boten remen dhateng tiyang jaler ingkang remen kagungan selir, nanging gandheng boten wonten angger-anggering nagari ingkang ngawisi tiyang jaler gadhah selir, Rama Tumenggung anggenipun boten remen inggih namung dipun simpen ing salebeting penggalih kemawon".

 

"Mila makaten Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo ngguyu "estunipun Gusti Tumenggung Jatikusuma menika ugi sampun asring nedahaken anggenipun nerak utawi nglangkungi unining paugeran ing babagan menika, namung boten kawistara".

 

"Liripun kados pundi Ki Suwela?" Aku durung mudheng karo karepe tembung sing diucapne Ki Suwela sing kewri dhewe iki mau.

 

"Makaten Anakmas" Ki Suwela nggenahake tembunge "Ketang anggenipun gething dhateng priya ingkang gadhah selir, ngantos Gusti Tumenggung mawi pawadan kawicaksanan ingkang dipun gadhuh saking nagari, lajeng menggah kula, sok tumindak kirang adil, inggih menika para punggawa ingkang dados andhahanipun Gusti Tumenggung ingkang kadenangan gadhah selir lajeng dipun siya-siya, liripun boten dipun undhakaken pangkatipun, kados kula menapa dene Makara lan punggawa sanesipun, mila boten mokal menawi punggawa ing Dalem Katumenggungan mriki menika, kathah ingkang boten wantun mendhet selir kinarya klangenaning gesang".

 

Aku manthuk-manthuk karo ngangen-angen apa sing dikandhakne Ki Suwela iki. Ana sing bener, nanging ora kabeh bener. Aku nate krungu dhawuhe Rama Tumenggung lan kandhane punggawa katumenggungan liyane, yen olehe Ki Suwela apa dene Makara lan wong-wong sing dikandhakne Ki Suwela mau, ora mundhak-mundhak pangkate kuwi pancen jalaran olehe nindakne jejibahan durung nocogi karo kepiye kudune. Malah sok isih akeh wong-wong mau kajaba anggone nyambut gawe mung sasenenge dhewe uga kerep nggunakne gadhuhan pangkat saka negara kanggo nambahi kasugihane sarana dalan sing ora bener yaiku srana nindhes kawula sing mbutuhake oleh laden saka punggawa negara. Dene bab anggone padha seneng ngingu selir kuwi saka rumangsaku durung nate dingendikakne dening Rama Tumenggung dadi tetimbangan kanggo ngundhakne pangkat. Nanging aku uga tau didhawui dening Rama Tumenggung menawa Panjenengane pancen ora seneng marang wong sing nyingidne wong wadon didadekne klangenan nanging ora dirabi kantho sabenere.

 

Sanajan mangkono aku ora kepengin mbantah apa sing dadi panemune Ki Suwela kuwi, malah aku banjur takon sing nuduhne rasa samarku perkara anggonku kepengin ngepek Andalu dadi selirku iki :

 

"Lajeng mangke menawi Rama Tumenggung ngantos pirsa menawi kula ndadosaken Andalu dados selir kula kadospundi Ki ?".

 

Ki Suwela ngguyu rada banter, banjur wangsulan :

"Menika sampun kula pikiraken Anakmas, inggih awit saking menika kula lajeng prentah dhateng Makara murih pados griya kangge nyingidaken Andalu, murih boten wonten tiyang ingkang sumerep, kalebet Gusti Tumenggung lan para punggawa dalem katumenggungan sedaya,  menawi jengandika sampun mundhut Andalu minangka selir. Nanging sedaya menika bares kemawon, mbetahaken prabeya Anakmas, ingkang boten saged kula angkat piyambak, pramila angkah kula, kula badhe matur menawi wonten keparengipun Anakmas Suwanda, kula badhe nyuwun pambiyantu redana kangge anyekapi kangge anyekapi kabeytahan menika, nanging menawi Anakmas boten sarju ing panggalih, kula inggih boten badhe mundur anggen kula badhe netepi kasagahan kula ngaturaken Andalu dados klangenan jengandika lan prakawis prabeyanipun saged kula ligeraken mawi cara sanes".

 

"Prakawis redana Ki Suwela boten sisah kuwatos" aku aweh wangsulan lan aku uga wiwit ngerti yen Ki Suwela arep ngecakne cara sing ora bener kanggo nyukupi kabutuhan sing kanggo pribadiku ya iku olehku duwe karep ngragati nggonku seneng karo Andalu, lan kang mangkono kuwi cetha yen aku ora bakal mathuk "sepinten agenging prabeya ingkang dipun betahaken, kula boten badhe kawratan lan kula boten kepengin namung kangge nyekapi kabetahaning anggen kula badhe remen nunten damel kapitunaning nagari utawi kawula ing Majapahit".

 

"Sampun kaladuk anggen jengandika menggalih Anakmas" Ki Suwela mesem amba "kula ngertos menawi Jengandika menika priyantun ingkang sakalangkung tresna dhateng nagari miwah kawula ing Majapahit, mliginipun ingkang mapan ing laladan Katumenggungan mriki. Lan kula boten badhe njurungaken Anakmas nindakaken lampah nistha kanthi ngirangi kas kayaning nagari ingkang wonten ing Dalem Katumenggungan utawi damel kasangsaranipun  kawula, nanging Anakmas Suwanda kula aturi pirsa, bilih gandheng Anakmas menika sampun kondhang minangka sesulihipun Gusti Tumenggung ingkang sakalangkung wicaksana, pramila inggih boten mokal menawi boten sakedhik kawula ing Katumenggungan mriki ingkang kaleresan klebet golonganing "tiyang gadhah", ingkang ngantu-antu kalodhangan saged ngaturaken pisungsung dhumateng Anak Mas Suwanda".

 

"Ki Suwela badhe manggihi titiyang "gadhah" menika kala wau murih purun udhu kangge nyekapi prabeya ingkang kula betahaken? Boten Ki, kula boten purun mawi cara menika, celengan kula taksih cekap menawi kangge wragad ingkang Ki Suwela dhawuhaken kala wau., awit saking menika mangga ndika kula aturi paring dhawuh pinten cacahing redana ingkang kedah kula aturaken ndika kangge nyekapi prakawis menika" aku wangsulan karo rada methentheng, nuduhne nek aku ora seneng nganggo carane Ki Suwela sing keri iki.

 

"Nyuwun pangapunten Anakmas" Ki Suwela groyok olehe aweh wangsulan "sepiusan malih kula aturi pirsa, estunipun saha mila kanyatanipun, dede Anakmas Raden Bagus Suwanda ingkang mbetahaken pambiyantu saking sinten kemawon ing babagan redana, nanging kathah titiyang ingkang gadhah lan saestu mbetahaken murih saged atur pisungsung dhateng Anakmas ingkang dipun anggep wicaksana lan kanyatanipun mila estu bilih Anakmas menika nyata priyagung ingkang tuhu-tuhu saged pinercaya dening sok sintena kemawon ing tlatah Katumenggungan mriki, pramila sepisan malih titiyang kasebat saestu betah atur pisungsung, inggih kasurung raos panedha nrima awit kawicaksanan jengandika Anakmas".

 

Rada suwe aku ora enggal aweh wangsulan marang Ki Suwela. Malah aku banjur njupuk kanthong isi mas-masan anggonku nglumpukne sasuwene aku ngabdi ing Dalem Katumenggungan iki.

 

"Menika wonten redana sakedhik kangge nyekapi kabetahan kula ing ngajeng wau Ki Suwela" kandhaku karo masrahne kanthong isi mas-masan kuwi marang Ki Suwela "mangke menawi taksih kirang, Ki Suwela keparenga paring dhawuh dhateng kula".

 

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...