36.
Rikat sing wis arep ngadeg dadi murungake karepe, anjur
bali lungguh kaya mau. Dheweke nyawang praupanku sajak nyethakne marang karepku
sing wis menggak anggone arep bali. Aku tanggap banjur mbaleni anggonku kandha
:
“Sepisan maneh aku njaluk pangapura kisanak, awit aku
durung sumurup jebul ndika kuwi uga nggilut kapitayan sing padha karo
kapitayanku sing wis arang gelem migatekake iki. Mula tak jaluk ndika gelema
nyritakne ana kedadeyan apa sing disandhang dening anakku Rinten apa dene
mantuku si Waraka”.
“Inggih saderengipun kula inggih nyuwun pangapunten Ki
Kebayan” sawuse mikir sedhela Rikat banjur aweh wangsulan “mila suwaunipun kula
boten ngertos menawi Rinten menika putranipun Ki Kebayan lan kula ugi boten
mangertos bilih Ki Kebayan sampun kepareng malakramekaken Rinten kalihan Waraka.
Kula nembe ngertos inggih nembe kalih dinten menika, nalika kula miring saking Bakul
wedang ingkang manggen sacaketing griyanipun Waraka, ingkang ngraosi Waraka
kalih semahipun ingkang angka tiga, inggih pun Rinten menika”.
“Piye Kisanak? Rinten kuwi bojone Waraka sing angka telu?” aku kaget krungu
kandhane Rikat mangkono mau.
“Leres Ki Kebayan” wangsulane Rikat “Waraka menika
saderengipun palakrama kalihan Rinten mila sampun lan taksih gadhah semah cacah
kalih ingkang dipun damelaken griya ing tengah-tengahing Kitha, lajeng Rinten
ingkang jejer minangka semah ingkang kaping tiga, dipun damelaken griya ing
pinggiraning kitha. Kajawi gadhah semah cacah tiga, Waraka ugi taksih ngingah
wanita simpenan ingkang cacahipun langkung saking gangsal”.
“Aku durung pati bisa nampa klawan kabar sing ndika
gawa iki Kisanak” Aku nyoba nyelani anggone crita si Rikat “jalaran, watara
sewulan kepungkur Waraka lan Rinten sanja mrene lan Rinten uga ora crita
apa-apa, mung nembung marang aku supaya nglilani sedulur kembare ya kuwi si
Andalu dijak menyang kutha murih ngancani Rinten, jalaran wektu iki Waraka kerep
lunga rada adoh nindakne laku dagang. Aku uga wis ngidini”.
“Leres Ki Kebayan” Rikat malah mbenerake kandhaku “Waraka
menika tuhu tiyang ingkang julig, sanaosa wekasanipun Rinten ugi lajeng ngertos
menawi Waraka gadhah semah cacah kalih salintunipun piyambake sarta gadhah
selir ingkang kathah, nanging Rinten boten badhe saged menapa-menapa jalaran
Waraka sampun ngajrih-ajrihi menawi ngantos Rinten wantun neka-neka badhe dipun
lunasi. Kula inggih sampun sumerep sedherek kembaripun Rinten ingkang nami
Andalu menika mila sampun manggen kempal kalihan mbakyunipun. Nanging boten
kapurih ngancani kemawon, jalaran Andalu ingkang nggadhahi kasagedan ulah beksa
menika badhe dipun ginakaken kangge makiyati anggenipun Waraka anggaota ingkang
mapan boten tebih saking dalem Katumenggungan reh-rehanipun Gusti Tumenggung
Jatikusuma, dados mangke kula suwun Ki Kebayan kersaa nglodhangken wekdal
kajawi mertuwi Rinten ing Kitha, ugi kaparenga mirsani wande enggal ingkang
ageng ingkang mapan ing caket peken, boten tebih saking dalem Katumenggungan”.
Aku mung bisa meneng ora bisa ngucap apa-apa krungu
kandhane Rikat sing kaya ngono kuwi. Rikat uga banjur nutugne critane, yen
satemene Waraka kuwi nyata wong sing julig, pinter macak dadi wong sing suci
ngungkuli brahmana, uga kerep macak dadi wong sing seneng dana driyah marang
wong sing mbutuhake pitulungan. Nanging kabeh mau nganggo petung sing bisa
dijupuk bebathene. Sawuse rampung crita Rikat banjur pami bali, lan meling
supaya aku gelem mbuktekne dhewe bener utawa lupute kabar sing dikandhakne
kuwi.
Let sedina saka tekane Rikat, aku banjur ninggalkne
omah kanthi sesidheman ngulat-ulati kahanan omahe Waraka lan golek kabar mungguh
kaya apa panguripane Waraka. Jebul sing dikandhakne Rikat wingi, ora ana sing
ora bener. Malah nalika dina candhake aku ngulat-ulati warung anyar sing
dikandhakne Rikat wingi, jebul neng dalan prapatan cedhak pasar kuwi Waraka
yasa papan panggaotan kajaba warung kanggo dodolan panganan uga nyawisake papan
kanggo sukan-sukan, ngombe ciyu lan nenggak arak, mendem-mendeman uga nyawisake
papan panglipur gelaran karawitan sing ngiringi para wanita sing pinter ulah
beksa lan sing luwih nggilani maneh jebul Waraka uga yasa papan panggaotan
wujud cecawis wadon palanyahan kanggo nuruti wong-wong sing dhemen ngumbar hawa
nepsune”.
“Lha kakang Anggara banjur piye bareng nemoni kanyatan
urip sing kaya mangkono kuwi?” dumadakan Rama Tumenggung sing maune mung kendel
mirengake critane Ki Anggara banjur mundhut pirsa.
“Inggih menika ingkang ndadosaken abdi jengandika
sansaya puteg salebeting manah Gusti” Ki Anggara atur wangsulan, saiki nganggo
basa sing alus, kaya basane Kebayan sing ngadhep punggawa negara sing pangkate
Tumenggung “ndelalah boten dangu saking anggen kula ngulat-ulati pagesanganipun
Waraka saha anggenipun nggaota menika, Rinten kalih Waraka dipun tutaken Andalu
sanja dhateng Bulak Pandhe. Kados padatan lare tetiga niku babar pisan boten
nedahaken sampun nindakaken lampah gesang ingkang cengkah kalih piwulang
ingkang kula sukakaken. Nanging kula
sampun ngertos piyambak kawontenan ingkang sanyatanipun. Waraka saha Rinten
lajeng kula celuk, kula takeni sarta kula kandhani bilih piyambakipun menika
jebul sampun ngawoni mripat kula. Ngapusi dhateng kula, nyepelekaken dhateng
sedaya piwucal kula”.
“Lha bareng ndika dukani ngono kuwi Waraka banjur
kepiye Ki Kebayan?” Rama Tumenggung banjur mundhut pirsa maneh.
“Wekdal niku Waraka lajeng ndheprok nangis saha nyuwun
pangaksami” Ki Kebayan Bulak Pandhe atur wangsulan “piyambakipun ngaken bilih
piyambakipun sampun nglampahi kados ingkang kula dakwakaken sedaya, nanging
piyambakipun ugi ngaken menawi anggenipun purun tumindak makaten kala wau awit
dipun peksa dening priyagung Nagari Majapahit ingkang cinaket kalihan Gusti Prabu.
Priyagung kasebat sanaosa naming pangkat Tumenggung nanging nggadhahi wewenang
ngerehaken prajurit ingkang sakalangkung kathah. Saben dinten priyagung kasebat
tansah mbudidaya mangun kekiyatan saking kawula alit, kojahipun Waraka kangge
nggayuh drajat ingkang langkung inggil malih sarta murih sansaya caket kalih Kanjeng
Sinuhun”.
“Sapa asmane priyagung kuwi Ki Kebayan?” Rama
Tumenggung sajak kasengsem karo kandhane Ki Kebayan sing keri dhewe iki.
“Miturut cariyos saking Waraka,priyagung menika ngagem
asma Raden Tumenggung Secayuda” Kebayan Bulak Pandhe atur wangsulan.
“Raden Secayuda?” Rama Tumengung njengkerutne
palarapane.
“Leres Gusti” Ki Anggara mbenerake.
“Raden Tumenggung Secayuda kuwi ora aran punggawa
maneh, nanging panjenengane kuwi isih kalebu sentana dalem, awit isih kaprenah
pulunan karo Kanjeng Sinuhun, putra nak sanake Gusti Prabu, dadi ya pancen
bener yen panjenengane nyata kecaket karo Gusti Prabu Kanjeng Sinuhun Brawijaya”
Rama Tumenggung paring weruh mungguh cethane sapa sing diarani Ki Anggara wis
meksa marang Waraka supaya ngapusi dheweke kuwi.
“Mila Waraka ugi criyos, sanaosa Tumenggung Secayuda
menika sampun cinaket kalihan Sang Prabu nanging taksih rumaos ering kalihan
jengandika Gusti Tumenggung Jatikusuma, mila lajeng mbudidaya murih
panjenenganipun saged langkung moncer asmanipun ing ngarsanipun Sang Prabu
tinimbang asmanipun adhi kula inggih Gusti kula pun Kunthing utawi Gusti
Tumenggung Jatikusuma. Anggenipun marentahaken Waraka nindakaken panggaotan
ingkang kados kula aturaken ing ngajeng menika, kajawi kangge nglempakaken redana
kangge ngragati lan nyengkuyung gegayuhanipun Gusti Secayuda” Ki Anggara
nutugne olehe kandha, banjur meneng sedhela ngenteni tumanggape Rama
Tumenggung.
Nanging rama Tumenggung ora ngendika apa-apa kajaba
mung manggut-manggut karo mirsani mangisor.
“Salajengipun Waraka sumpah ing ngajeng kula” gandheng
Rama Tumenggung ora ngendika apa-apa Ki Anggara banjur nutugne olehe guneman “sanaosa
piyambakipun mila sampun manunggal kalih Gusti Tumenggung Secayuda, nanging piyambakipun
boten badhe mewahi raos sakitipun anak kula pun Rinten saha badhe anjagi
kasucenipun pun Andalu. Waraka sagah badhe merak semah-semahipun sedaya sarta
badhe paring kamardikan dhateng sedaya selir-seliripun, piyambakipun nyuwun
inah tigang wulan kangge mujudaken ingkang dipun criyosaken ing ngajeng kula
kala wau”.
“Ana sing banget tak anggep eman Kakang Anggara” Rama
Prabu ngendika alon, nanging katon wis gawe kagete Ki Anggara.
“Eman kados pundi Gusti?” sajak ora sranta Ki Anggara
banjur nyuwun pirsa.
Ana candhake.