Total Tayangan Halaman

Selasa, 26 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (047)


 47.

Aku dadi sansaya gumun krungu wangsulane wong tuwa kuwi. Dheweke ngaku yen olehe weruh sapa aku lan asal-usulku sarta ngerteni nggonku lelungan iki arep menyang ngendi. Nanging keri-keri malah nodhi marang mungguh sing dadi tekad anggonku arep ngupadi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki. Thik ngonowa isih nganggo meden-medeni barang, yen kongsi kleru ancas lan tujuwanku lire wis mlenceng saka dhawuhe Rama Tumenggung Jatikusuma jarene aku ora bakal kasembadan ketemu karo Eyang Doradruwasa malah kepara bakal kesasar lakuku anjog inga lam sonyaluri kumpul karo panunggalane jim setan peri prayangan.

 

Mula aku banjur nggagas, ora arep niutup-nutupi apa sing ana atiku marang wong tuwa sing nyalawadi lan sajak wis ngerteni jaba jeroku iki. Aku kuwatir yen nganti aku goroh sethithik wae, bisa-bisa aku kaya sing dikandhakne mau, ya iku kesasar ing laku. Lan yen nganti kesasar ing laku, ateges aku ora bakal bisa bali menyang Majapahit maneh lan kanthi mangkono ateges gegayuhan nggonku arep mangun bebrayan karo Andalu bakal gagar wigar tan kasembadan babar pisan.

 

“Inggih nyuwun pangapunten saderengipun Kyai” aku wiwit aweh wangsulan karo tembung sing ngati-ati “Mila estunipun kados ingkang sampun Kyai dhawuhaken bilih anggen kula kekesahan menika awit nglampahi paukuman utawi pidana saking Rama Tumenggung Jatikusuma, nanging kula ugi ngertos bilih anggenipun Rama Tumenggung paring pidana menika boten saking awit kinandhesan raos gething dhateng kula malah kepara inggih awit saking agenging sihipun Rama Tumenggung mila kula kedah nglampahi paukuman menika. Inggih awit saking menika salah satunggal ingkang ndadosaken kula nggadhahi greget ingkang gumregut menika”.

 

“Mula bener sing mbok nkandhakne Suwanda” wong tuwa kuwi nyelani ngganku wangsulan “Wong tuwamu angkat kuwi banget tresnane marang sira lan ora kepengin uripmu kesasar-sasar ing dalan sing ora bener. Sabanjure sira kandha yen kuwi salah sijine sing ndadekne sira duwe tekad nglakoni paukuman iki kanthi seneng, lha jalaran liyane ?”.

 

“Nuwun inggih Kyai” aku wangsulan alon, atiku nicil seneng, wong tuwa kuwi ora ngluputake wangsulanku sing nyata jujur metu saka prenthuling ati suciku  “ingkang angka kalih, mila kula kepengin sanget ngalab berkahipun Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa ing Bumi Kedhuwang, ing pangajab saged pikantuk seserepan utawi ngelmi jatining sih, jalaran wekdal menika kula nembe nandhang gandrung kapirangu dhateng satunggaling pawestri lan kepengin sanget saged mangun bebrayan kalihan piyambakipun. Rumaos kula katresnan kula dhateng pawestri kala wau saestu tresna ingkang tulus lahir trusing batin, nanging dening Rama Tumenggung katresnan ingkang kula dhawahaken dhateng pawestri kasebat dereng trep, malah panjenenganipun dhawuh bilih kula nembe kabidhung ing hawa nepsu ingkang kekemul tembung tresna. Makaten ingkang saged kula aturaken dhateng jengandika Kyai, samangke borong anggen jengandika badhe amastani, menawi ta atur kula lepat kula saestu nyuwun gunging pangaksami”.

 

“Wasis tenan sira Suwanda” wong tuwa kuwi gumuyu ngekek “Si Kiswara nyata ora tuna duwe siswa kaya si Kunthing sing saiki wis baud nangkarake kawruhe marang para mudha kaya si Suwanda iki”.

 

Aku dadi gumun semu rada ora kepenak ing ati, aku ngira yen wong tuwa iki sanajan nggadhuh ngelmu sing akeh, nanging kira-kira merga kakehan ngelmu sing diwadhahi lan wadhahe ora nyukupi temah ndadekne wong kuwi rada owah nalare. Aku kerep krungu crita yen akeh para brahmana sing isih mudha banjur kerep tumindak sing ora klebu nalar lan sing keneh-keneh ngana kae, mangkono iku jalaran iya durung bisane ngelmu sing ditampa kabeh mlebu ing wadhahe. Samono uga wong tuwa sing ana ngarepku iki, dheweke nyata wis kagadhuhan sesurupan sing ora sethithik, nanging merga nglemu sing ditampa durung mlebu kabeh ing wadhahe, ndadekne rada ngawur karo sing diucapne. Taka rani ngawur merga kumawani nyebut kanthi njangkar marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara uga wani nyebut asma alite Rama Tumenggung Jatikusuma karo sebutan Kunthing. Nanging, aku ora wani nesu marang wong tuwa kuwi, bab anggone nrucak marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara lan Rama Tumenggung Jatikusuma kuwi upama ana walate dudu aku sing bakal nampa, sarta temene sikep nrucak kuwi ora gawe kapitunane sapa-sapa kajaba ya kapitunane wong tuwa kuwi dhewe.

 

“Wangsulanmu kuwi mau ora luput Suwanda” wong tuwa kuwi guneman maneh, nutugne olehe nanggapi wangsulanku sing mau “mula pancen ora sethithik wong sing keblithuk dening tembung tresna utawa katresnan. Akeh sing keplecuk temah kleru, merga dayaning hawa nepsu katresnan utawa rasa tresna sing satemene suci banjur dicarub karo panyurunge hawa nepsu malah wekasane jeneng tresna utawa katresnan direbut lan didhaku dening hawa nepsu. Kang mangkono mau kaprah ing sadhengah papan lan panggonan, hawa nepsu diarani katresnan jati, sing tundhone nguwohake menungsa dadi bodho lan nyidrani prenthuling ati sucine dhewe. Akeh wong sing satemene mung seneng marang awake dhewe nanging rumangsane wis seneng marang wong sing dianggep ditresnani. Kajaba saka iku akeh wong sing nglorot drajating tresna sing luhur lan suci awit tresna kuwi pletikaning sipating Hyang Agung sing digadhuhne marang titahE, banjur ngecakne katresnan kaya dene wong dol tinuku ing pasar, katresnan diajeni kaya dene barang dagangan sing dipurih ana bebathene, bebathen sing wujude dadi karemane hawa nepsu. Kang kena keplecuk nggone merdeni tresna lan katresnan kaya mangkono mau mula mratah ing ngendi-endi, wiwit sing ana kutha gedhe nganti tekan pucuking gunung sing sepi, wiwit ratu nganti tekan kere sing manggon neng ngisor kretek, wiwit brahmana nganti tumekan para sudra, ora ana bedane akeh sing padha ngecakne kang mangkono kuwi mau. Lan iki ora winates rupane tresna lan katresnan ing antarane wanita lan priya utawa suwalike, nanging uga wujude katresnan antarane wong tuwa marang anake sarta anak marang wong tuwane. Katresnan sing dicakne kabeh kudu nganggo pitukon yen kongsi pitukon kuwi ora diwujudi mangka katresnan utawa tresna malah mbalik dadi gething sing ngluwih-luwihi, ya iku rasa gething mung sabab ora oleh pitukon kaya sing dikarepake, pitukone bisa wujud apa wae, ana sing rupa kang kasat mripat nanging uga akeh sing dumunung ana rasa. Ora arang mung ing sajroning wektu sagebyaring that-thit, tresna malih dadi gething, gething dadi tresna. Nanging sira Suwanda sumurupa, wong tuwamu ya si Kunthing utawa Tumenggung Jatikusuma ora kepengin anak angkat sing wis didhaku dadi anake dhewe kuwi, kesasar dalan sajroning nindakne darmaning Sih utawa darmaning katresnan”.

 

Akeh-akeh wong tuwa kuwi nggone guneman, nanging kabeh sing diucapne cetha yen ngemu pitutur luhur, pitutur sing sumbere saka kawruh jatining kamanungsan. Tak gagas-gagas pituture wong tuwa ing ngarepku iki nyata ngelmu sing jero banget sing ora gampang bisa dirasakne luwih-luwih yen mung dirungokne satleraman wae. Malah jujur wae, aku mung bisa mbenerake sing dikandhakne wong tuwa kuwi nanging bener sing kepriye aku kangelan nggenahake.

 

“Apa sing tak kandhakne iki mula ora angger wong bisa kanthi cepet mangerteni karepe, Ngger Suwanda” wong tuwa kuwi nutugne rembuge, wangune weruh apa sing lagi tak pikirne “jalaran ngelmu iku cetha kelakone iya among kanthi laku, ngelmu kang mung tinulis ing angen-angen lan ora ana sing dilakokne sajroning urip kang nyata padha wae karo unining kidung sing dienggo gegandhangan dening bocah cilik sing ora weruh tegese malah bisa uga kaya tembung-tembung sing metu saka ocehe manuk menco sing mung bisa niru unine suwara sing tau dirungu nanging ora ngerti tegese”.

 

“Kasingguihan Kyai” aku sumela rembug mbeberake apa sing dikandhakne wong tuwa kuwi.

 

“Saiki sumurupa bakal tak jarwani sapa sejatining ingsun iki, rungokna kanthi tumemen supaya ora tumpeng suh nggonmu ngerteni sapa sejatining wong tuwa ing ngarepmu sing kober mbok kira wong sing owah pikire”.

 

 

Ana candhake.

Senin, 25 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (046)

 

46.

Suwara tembang kuwi ora seru, nanging keprungu kanthi cetha dibolan-baleni kaya wong sing lagi mulang marang bocah sing lagi jajalan nembang. Aku dadi kasengsem marang unine tembang lan ukara sing ngemu pitutur kuwi. Alon-alon aku tangi, ngadeg, kahanan ing sakiwa tengenku sansaya mundhak padhang. Mung wae, dumadakan awakku krasa ndhredheg, wetengku krasa luwe banget, aku kelingan yen wiwit budhal saka Dalem Katumenggungan mula pancen aku durung klebon panganan apa-apa, dadi wis sedina sawengi aku nglakoni pasa, mula ya lumrah nek saiki krasa ndhredheg kentekan tenaga.

 

Aku kelingan nek dening Kanjeng Ibu, iya Nyi Menggung, nalika aku arep budhal wingi disangoni panganan sing awet lan uga maregi, awete nganti kuwat rong puluh dina ora mambu lan isih enak dipangan sarta ora mbebayani. Wujude Jenang Alot sing digawe saka pathining Ganyong sing diolah nganggo santen karo gula klapa.

 

“Jenang iki bisa mbok gunakne nganti sliramu tekan ing papane Eyangmu neng Kedhuwang kana, Kaki” ngono kurang luwih dhawuhe Nyai Menggung sawise jenang kuwi  dibuntel nganggo mori taplak lan dilebokne awor karo sandhangan sing tak wadhahi kanthongan rada gedhe “iki tetelane mateng tenan, mula kajaba luwih padhet ya bisa dadi luwih awet, ora gampang mambu”.

 

“Inggih Kanjeng Ibu” wangsulanku nalika kuwi.

 

Alon-alon jenang sing diungkus rapet nganggo godhong gedhang kluthuk banjur dibuntel nganggo mori taplak kuwi tak wetokne saka kanthongan. Aku babar pisan ora nggagas kaya nek neng omah ngana kae. Tangi turu kuwi luwih dhisik ya banjur reresik awak, nek uwis lagi mikir nambani luwene weteng. Esuk iki, aku ya ngerti nek durung kambon banyu, aja maneh kok adus wijik tangan utawa raup wae ya durung, nanging ketang saking kepengine supaya enggal mari anggonku ndhredheg, godhong sing dadi wungkuse jenang alot tetelan kuwi wiwit tak bukak. Jenang wiwit tak iris, nanging nalika aku nyandhak sairis arep tak emplok, dumadakan aku dikagetne maneh dening suwara sing mau kober gawe sengseme atiku :

 

 

Elok temen wong taruna iki

Durung suwe nggone ninggal wisma

Wis nglalekne pituduhe

Rama lan Ibunipun

Ingkang tansah amituturi

Kuwajibane kawula

Marang Gustinipun

Kang paring sandhang lan tedha

Kanthi nyebut asmaNe ing saben kapti

Klebu yen arep nadhah.

 

Tratab!. Aku kelingan. Rama lan Ibu Tumenggung kerep banget paring pakulinan becik sing kudu ditindakne dening wong sawayah-wayah arep nganggo sandhangan utawa arep mangan. Ya iku nyebut asmaNe Hyang Agung luwih dhisik.

 

“Kanthi nyebut asmaNe, awake dhewe dadi eling Maha Murahing Gusti marang awake dhewe, iya awit saka Sih Welase Gusti awake dhewe bisa nyandhang lan bisa mangan. Kaping pindho awake dhewe bakal kelingan, saka ngendi asal-usule sandhangan sing arep dienggo utawa panganan sing arep dipangan, antuke sandhang lan pangan kuwi merga saka tumindak sing cengkah karo wewarahE apa ora? Wis ngrebut sandhang lan pangane liyan apa olehe luru kanthi dalan sing bener?. Lan bakal tansah eling yen anggone golek sandhang karo pangan kuwi nganggo cara sing cengkah karo wewarahE, mangka drajade awake dhewe kuwi luwih asor tinimbang kewan. Kajaba saka kuwi, kanthi eling marang Hyang Agung sadurunge nganggo sandhangan utawa ngemplok panganan, awake dhewe bakal eling mbok menawa isih ana wong liya sing ora bisa nyandhang lan ora bisa mangan awit ora ana sing arep dienggo utawa arep dipangan lan kuwajibane titah sing wujud manungsa kudu gelem andum rejeki sing ditampa awit peparinge Gusti, yen mung mikir butuhe dhewe kuwi padha karo menungsa sing lali marang jati dhirining kamanungsane” ngono salah siji pituture Kanjeng Rama Tumenggung sing kerep banget tak rungokne merga meh saben dina dibolan-baleni.

 

Iki mau aku pancen wis lali marang pitutur kuwi, merga saking luwene wetengku, aku kesusu arep ngemplok jenang sing lagi rampung tak iris. Aku ora nyebut asmaNe, aku lali ora nggagas saka ngendi asal-usule panganan sing arep tak emplok, lali ora mikir kiwa tengenku ana sing luwih mbutuhake apa ora. Dadi tembang dhandhanggula sing keri dhewe iki mau cetha yen wis ngelingake aku. Mula aku banjur bali kepengin weruh sapa sing wis ngidungake pitutur kang sinawung ing tembang iki.

 

Jenang tak selehne maneh, ora sida tak emplok. Banjur aku tolah-toleh, nitik asale suwara tembang sing wis ngelingake aku kuwi mau. Nanging sing tak weruhi mung rungkude bebondhotan, jurang sing jero lan alas sing ketel. Ora ana manungsa babar pisan. Dumadakan saka papah rada adoh keprungu maneh suwara sing tak goleki sapa sing ngunekne kuwi :

 

Prayogane lamun sampun eling

Ngunjukena panuwun marang Hyang

Nulya nedha ditutugne

Aywa kongsi keladuk

Yen keladuk adhakan lali

Lekase wong memangan

Mung murih rahayu

Rahayu slameting badan

Nguja hawa aluamah disingkiri

Raharja kang tinampa.

 

Krungu pitutur sing sinawung ing Dhandhanggula ngono kuwi, aku tumuli nutugne nggonku ngemplok jenang sing wis tak iris. Watara ana telung nyari akehe jenang sing wis mlebu wetengku, tumuli aku ngombe lan olehku mangan ora tak tutugne. Merga aku ngerti isine pitutur kuwi mau jumbuh lan pituture Rama Tumenggung sing kerep tak rungu. Jenang alot telung nyari kuwi satemene wis nykupi kanggo njaga kekuwataning raga, senajan satemene weteng sing krasa luwe isih ngongkon cangkem supaya nutugne anggone ngemplok, nanging yen dituruti bisa ndadekne ora beciking raga, kwaregen kuwi nyata cetha ora becike. Godhong gedhang sing mau kanggo mbunteli tetelan jenang kuwi tak balekne, banjur tak lebokne ing wadhah sakawit.

 

“Ngaturake kasugengan ing esuk iki Sang Pangumbara” dumadakan ana wong alok ana mburiku, aku gageyan noleh. Ana wong tuwa sing rambute wis putih kabeh, nanging awake isih katon seger, sanajan kulit tangane ora bisa nyingidake yen wong kuwi wis tuwa.

 

“Matur Nuwun Kyai, awit berkahing Kyai kula manggih rahayu” aku gage wangsulan kanthi kurmat banget, awit soroting mripate wong tuwa kuwi nuduhne yen wong iki wong sing nyata-nyata duwe perbawa gedhe “kula ugi ngaturaken genging panuwun dene sampun paring pemut saha pitutur dhateng kula”.

“Tiba sapadha-padha Ngger” wong tuwa kuwi semaur karo mesem katon yen karenan penggalihe “apa angger Suwanda temen yen arep tindak menyang Perenging Gunung Lawu sisih lor kulon?”.

 

Dumadakan aku dadi kaget, wong tuwa sing lagi sepisan iki kepethuk aku, teka wis ngerti jenengku lan uga ngerti tujuwanku lelungan. Ora krasa aku ndomblong, lali ora enggal wangsulan.

 

“Dadi wong kuwi aja seneng gumunan Ngger” wong tuwa kuwi guneman maneh panggah karo mesem “wong sing weruh utawa ngerti ora merga duwe mripat lan kuping, nanging merga ana sing aweh utawa paring weruh lan ngerti. Klebu aku, aku ngerti nek aranmu kuwi Suwanda, putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma saka Majapahit, saiki lagi lelaku arep menyang bumi Kedhuwang, kuwi mau merga aku ana sing maringi weruh”.

 

“Nyuwun Pangapunten Kyai” aku genti semaur “mbok bilih kaparengaken mangertos, jengandika menika sinten? Lan sinten ingkang sampun paring uninga dhumateng jengandika Kyai temah pirsa nami saha asal-usul kula tuwin sedya kula nglampahi kekesahan menika?”.

 

“Tak wangsuli saka sing keri Suwanda” wong tuwa kuwi mesem amba “sing maringi aku ngerti marang apa sing lagi wae mbok takokne iki mau, ora ana liya kajaba Sang Hyang Maha Agung, Dzat Tan kena kinaya apa, kang wus kepareng mbukak wiwara antarane atiku lan atimu. Dene yen sira kepengin ngerti sapa satemene aku, aku mbutuhake wangsulan saka sliramu luwih dhisik. Apa sing ndadekne sira duwe greget temah humregut nggonmu arep menyang Kedhuwang iki? Kamangka satemene kabeh mau awit sliramu nindakne paukuman saka wong tuwamu angkat? Yen wangsulan sing tak tampa saka sliramu mengko bener, mangka sliramu bakal ngerti sapa satemene aku nanging yen kongsi kleru, selawase sliramu ora bakal ngerti sapa jenengku lan nggonmu lelungan iki ora bakal tekan ing papan kang mbok tuju jalaran bakal menggok lan anjog ing jagad petengm jagad sonyaluri”.

 

 

Ana candhake.


Kamis, 21 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (045)


 

45.

Aku wis menggok nurut dalan sing mau dikandhakne dening Ajar Sarapat, dalan sing tumuju menyang Gunung Lawu. Ora akeh desa sing tak liwati, lakune Baratketiga sing tak tumpaki wiwit ngambah alas gung, ngancik dalan sing rumpil lan akeh pepalang kaya dene ri bandhil lan bebondhotan. Pisan pindho aku kudu mudhun saka gigir jaran lan kapeksa mlaku karo nuntun Baratketiga jalaran kepalang jurang sing mbambing yen ora ngati-ati bisa kepleset kejegur jurang sing jero, ndadekne cilaka. Nanging babar pisan ora ana rasa ngresula sajroning ati, iya labet aku kepengin enggal bisa puruita marang Eyang Resi Doradruwasa lan yen wis ganep patang wulan utawa satus rong puluh dina wis dikeparengake bali lan tumuli bisa dhaup karo Andalu.

 

Sansaya adoh mlebu menyang jero alas, dalan sing kudu tak liwati sansaya ora karuwan. Aja maneh kok olehe liwat karo nunggang jaran, lha wong mlaku wong thok wae ngrekasa. Wekasan aku duwe panemu yen satemene nggawa Jaran kanggo tunggangan iki jebul luwih ngebot-eboti laku, ora ndadekne luwih cepeting laku kaya sing tak kira sadurunge budhal. Mula nalika ngarepake surup srengenge, Jaran Kyai Baratketiga tak lukari sandhangane banjur tak bisiki kupinge :

 

“Baratketiga, aku banget nedha nrima marang kowe sing wis ngeterne lakuku nganti tekan kene, nanging gandheng kahanan dalan sing kudu tak liwati kaya ngene wujude, tak jaluk pangapuramu yen kapeksa aku karo kowe kudu pisah. Sandhanganmu wis tak uculi kabeh muri hora ngganggu nggonmu arep mlaku, saiki yen bisa balia menyang Majapahit maneh menyang dalem Katumenggungan nanging yen ora bisa kowe tak wenangake milih jagad ngendi sing arep mbok panggoni lan milih sapa sing bakal mbok ngengeri urip”.

 

Krungu tembung sing tak ucapne neng cedhak kupinge kuwi, kaya ngerti apa sing dadi karepku, Baratketiga nggedhegake endhase ngiwa nengen bola-bali. Aku ngira yen Baratketiga ora gelem nuruti apa sing tak karepake. Aku dadi rada gela, kandhaku marang Baratketiga maneh :

 

“Kowe kudu nurut apa sing dadi prentahku, aku ngerti yen kowe isih kepengin nutugne nggonmu aweh bebantu marang aku, nanging kowe kudu ngerti nek neng kene iki kowe ora bisa mbantu aku, malah kepara nambahi sesangganku wae, kowe kudu bali saiki!”.

 

Tak sawang saka mripate Baratketiga drodosan banyu luh sing mbanjir mangisor, Jaran peparinge Rama Tumenggung kuwi sajak sedhih lan nangis. Aku dadi sansaya anyel. Merga tak anggep Baratketiga kuwi kaya bocah cilik sing ora gelem ditinggal wong tuwane sing arep lunga blanja menyang pasar, banjur nangis ngana kae. Merga anyel, aku banjur njupuk cuthik, Baratketiga arep tak gitik murih gelem tumuli lunga saka ngarepku.  Nanging wangune Baratketiga ora gelem nampa gitikku malah kepara arep nglawan, ketitik banjur beker-beker ora karuwan. Aku dadi sansaya muring, gitik tak selehne banjur aku njupuk sabet sing luwih gedhe, Jaran kuwi arep tak sampluk. Nanging dumadakan ana kedadeyan sing aneh, ora klebu yen digagas nganggo nalar. Baratketiga dumadakan ilang tanpa tilas, kaya ilange geni damar sing mati ketiyup ing angin. Ora kaweruhan menyang ngendi parane lunga. Aku dadi kaget karo sajroning ati ketuwuhan rasa gumun sing ora bisa tak ngerteni wangsulane.

 

“Heh Suwanda wong bodho sing kumalungkung” dumadakan saka langit keprungu suwarane wong sing nguman-uman aku, suwarane cetha mlebu jeroning kupingku, dudu suwarane angen-angen “bodhomu mbok gendhong mbok indhit, nganti kowe ora ngerti sapa satemene Baratketiga sing wujude mung sak Turangga. Ngeria Suwanda, aku Baratketiga iki satemene gegaman kagungane Gusti Tumenggung Jatikusuma sing dititipne kowe, bisa mbok purih guna lan kabisane lan ora pisan-pisan kowe diwenehi wewenang kanggo nglarani aku. Nanging gandheng kowe saiki emoh kanggonan aku, malah akua rep mbok pilara dumeh kowe kuwasa, aku kapeksa lunga ninggalne kowe. Satemene aku isih kepengin nyoba kasetyanmu marang dhawuhe Gusti Tumenggung nanging pranyata mung samono kasetyanmu, tenane nek mung ngliwati dalan sing kaya apa wae rumpile Baratketiga ora bakal kangelan. Saiki sawangen apa kabisan sing bisa tak tindakne, aku bisa ngambah gegana. Gandheng kowe wis duwe karep supaya aku lunga, ya tak turuti prentahmu, aku lunga lan ora arep bali menyang Majapahit jalaran aku uga ngerti yen ing kana aku wis ora ana sing mbutuhake”.

 

Aku ndhangak mendhuwur, katon Baratketiga kaya manuk mabur kekiteran ing ndhuwurku. Akua rep semaur, kepengin njaluk pangapura marang dheweke, nanging sadurunge tembungku kawetu, Baratketiga wis mabur mendhuwur sansaya dhuwur wekasan ilang nusup mega-mega, embuh menyang ngendi parane. Kaya dilolosi bebalung sarandhuning ragaku, aku lungguh neng lemah, lemes tanpa daya. Rasa getun lan kedhuwung, sedhih lan bingung wor suh dadi siji. Aku nangis nggetuni bodhoning nalarku, babar pisan aku ora ngira yen Kyai Baratketiga ampilane Rama Tumenggung kuwi jebul dudu salumrahing jaran. Nanging jaran sembrani sing bisa mabur ngambah gegana. Saiki jalaran saka bodho lan sembranaku, Jaran sing tenane bisa nggawa lakuku menyang Bumi Kedhuwang kanthi gampang kuwi wis lunga, lunga ninggalake aku jalaran tak prentah lunga. Lungane Kyai Baratketiga karo nggawa ati sing gela marang aku.  

 

Nganti suwe aku lungguh meneng njetung karo ati nelangsa sambat-sambat nutuh awakku dhewe. Ora krasa kahanan ing sakiwa tengenku wis dadi peteng ndhedhet lelimengan. Aku ora bisa weruh apa-apa, jalaran wis rada suwe srengenge sing duwe daya aweh pepadhang marang lumahing bumi, ambles neng cakrawala sisih kulon. Gandheng aku kelingan nek papanku iki cedhak karo jurang-jurang sing jero, aku ora wani obah ngalih saka panggonanku lungguh, kuwatir yen nganti aku salah nggonku njangkah temah kepleset kejegur jurang, mesthi bakal mati ora ana sing ngaweruhi. Aku banjur mapan ngglethak ana kono. Aku lali yen petenging wengi satemene bisa diwiradati sarana nguripake geni nganggo thithikan watu sing tak gawa, thitikan watu minangka piranti kanggo gawe geni.

 

Sanadyan pikiran kuwur, nalar bingung, ati susah, nanging kegawa saka keseling raga, ngglethak neng lemah tanpa payon apa-apa, neng tengahing alas kuwi aku bisa turu kepati. Aku lagi nglilir nalika ana suwara rame, suwarane ayam alas sing padha petok lan kluruk sesautan manembrama tekane srengenge sing durung katon, mung saka cakrawala sisih wetan mega abang wis aweh tengara lamun ora suwe maneh srengenge bakal teka. Aku tangi saka nggonku ngglethak, nanging kaya mau sore, aku durung wani ngadeg utawa ngalih saka papanku kuwi, merga kahanan isih peteng, lor kidul durung cetha ngendi prenahe.

 

mBaka sethithik petenging wengi sansaya nipis. Sanadyan durung ngatonake wujude, nanging srengenge wis nuduhne katiyasane. Bumine wiwit katon padhang. Manuk-manuk wis padha rame anggone ngoceh lan tetembangan ana wit-witan, ora adoh saka papanku leren. Ocehing manuk alas sing ora mung siji jinise, sesahutan mawa unine dhewe-dhewe, ndadekne caruban suwara maneka warna dadi siji, keprungu endah lan kepenak dirungokne. Sapandurat aku lali karo kahanan sing lagi tak sandhang, kepilut endahing suwara ocehane manuk.  Dumadakan aku dijagetne dening suwara sing beda, dudu suwarane manuk sing lagi ngoceh, nanging cetha yen kuwi suwarane manungsa. Suwara sing ora banter, nanging bisa dirungokne kanthi kepenak, suwara rerepen tembang dhandhanggula :

 

Ana loro sandhanganing jalmi

Kang kapisan diarani beja

Cilaka kaping pindhone

Lelorone puniku

Satemene bisane dadi

Sandhanganing manungsa

Mung saka ing laku

Laku becik dadi beja

Laku nistha cilaka ingkang ngeloni

Mangkono kodratira.

 

 

Ana candhake.

Rabu, 20 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (044)

44.

Srengenge sing mau panase kaya ngobong-obonga bumi dumadakan ketutupan mendhung ireng sing tan kawruhan sangkane sing ndadekne kahanan dadi surem. Wong telu sing wis padha siaga karo gegamane kuwi dumadakan mlumpat memburi, kaya weruh barang sing wis gawe mirising atine. Wong telu kuwi padha inget-ingetan karo kancane, nanging ora guneman apa-apa. Aku dadi sansaya waspada, mbok menawa wae wong telu kuwi lagi semayan gawe cara piye carane ngadhepi aku sing wis ngetokne gegaman aneh sing mung rupa slendhang sutra rupa kuning iki.

 

“Ya gene padha leren Kisanak? Ayo ditutugne anggone padha gojeg, yen ndika kabeh ngetokne gegaman sing mawa wisa utawa warangan, aku cukup nganggo slendhang iki wae. Ayo dibuktekne , ndika wong telu apa aku sing bakal dadi rebuking bumi ing sacedhake Sendhang iki” aku guneman aweh panantang marang wong telu sing durung sida nggunakne gegamane kanggo nyerang aku.

Wong telu kuwi ora ana sing semaur, nanging malah padha manthuk marang kancane dhewe, banjur tata-tata arep wiwit bali ngrangsang marang aku. Aku njejegne kuda-judaning sikilku. Kaya welinge Wa Anggara, Slendhang Sipat tal sabetne marang lengenku karo muji marang Hyang Agung nyuwun kekuwatan murih bisa unggul ing yuda. Dunadakan sepisan maneh wong telu kuwi murungne anggone arep nerjang, malah banjur setindak padha mundur maneh. Aku ora ngerti ya gene wong telu kuwi teka malih dadi kaya wong sing lagi kaweden.

Nanging dumadakan saka walik grumbul, keprungu suwarane wong ngguyu ngekek, banjur disusul jumedhule sawijining paraga sing macak nganggo sandhangane Brahmana. Ora nganggo iket, nanging rambute digelung mendhuwur, ngrasuk jubah rupane klawu, jenggot lan brengose diingu dawa. Beda karo wong telu mau, Brahmana sing wis setengah umur kuwi gageyan mlaku banjur mandheg neng tengah antarane aku karo wong telu sing dadi mungsuhku mau.

 

“Nuwun sewu Denmas” wong kuwi aweh kurmat marang aku karo guneman alus

“Tak suwun sing gedhe pangapura ndika, awit saka patrape murid-muridku sing ora weruh Slendhang Sipat piyandel Gunung Argapura, uga padha durung ngerti yen ndika iki jebul siswane Panembahan Kiswara”.

 

“Nyuwun pangapunten” aku nimbangi kurmat, Slendhang Sipat isih tak cekel ana tanganku, banjur wangsulan nganggo basa krama “Sang Resi menika sinten inggih, dene sampun wanuh kalihan Suwanda ingkang dereng saged menapa-menapa menika?”.

 

“Inggih ndherek tepang Raden, nami kula Ajar Sarapat saking Gunung Gangsir, yoganipun Bapa Resi Kasatnetra, ingkang duk sugengipun mila mitranipun Panembahan Kiswara” wong sing nganggo sandhangan Brahmana kuwi, malik uga nganggo basa krama, nepungake dhiri marang aku,merga ngira yen aku iki isih siwane Eyang Panembahan Kiswara Gurune Rama Tumenggung lan Wa Anggara.

 

Nek nitik saka patrape wong telu sing didhaku minangka muride kuwi mau, nadyan wong sing ngaku jeneng Ajar Sarapat iki, pangiraku iya Ajar sing ora pati nggugu piwulang agama. Mula kanggo ngeden-edeni supaya wong kuwi ora tiru-tiru murid-muride, aku niyat ora arep blaka yen aku iki mung anak angkate saka salah siji saka muride Eyang Panembahan Kiswara, lan aku ya ora arep menging wong kuwi nyebut aku iki siswane Eyang Panembahan Kiswara.

 

“Inggih Sang Resi, kula ugi nyuwun pangapunten awit kula boten mangertos bilih ingkang gojegan kalihan kula menika kala wau jebul siswa jengandika” aku guneman ngiras aweh wangsulan marang Ajar Sarapat “salajengipun sumangga kula cadhong dhawuh, kaparenga sang Resi paring pepajar dhumateng kula”.

 

“Kenging dipun sanepakaken nguyahi segara utawi marahi bebek lelangen menawi kula atur pepajar dhumateng jengandika Raden Suwanda” Ajar Sarapat wangsulan karo mesem “awit kula ngrumaosi bilih ingkang wonten ngajeng kula menika tuhu siswanipun Panembahan ingkang dados Kedhunging ngelmi agal lan alus. Namung kemawon, kula radi ngungun nalika jengandika kala wau paring dhawuh dhateng murid-murid kula bilih badhe tindak dhateng perenging redi Mahendra sisih ler kilen, nanging anggen jengandika milih margi kok kados kirang leres? Awit margi ingkang jengandika tempuh menika anjogipun boten dhateng Redi Lawu, nanging badhe dhateng Redi Wilis, nuwun sewu menapa Raden mila badhe dhateng Redi Wilis nanging klentu anyebut Redi Mahendra nalika paring wangsulan dhateng murid-murid kula kala wau?”.

 

Aku dadi rada kaget karo wangsulane Ajar Sarapat, wangsulan iki cetha nek nuduhne lamun lakuku wis njupuk dalan sing ora bener utawa kena diarani kesasar ing marga. Kamangka pancen aku durung tau ngerti dalan endi sing kudu tak liwati murih aku bisa tekan papane Eyang Resi Doradruwasa. Mula kanggo nutupi isin,merga kesasar laku,  aku banjur wangsulan karo mesem :

 

“Mila leres Sang Resi, estunipun kula sampun kangen kalihan sedherek sepuhipun Panembahan Kiswara ingkang samangke mangasrama ing Bumi Kedhuwang, nanging bares kemawon kula radi supe marginipun mila kula lajeng milih liwat papan mriki menika kala wau”.

 

“Ooo, Raden Suwanda badhe mertuwi dhateng Kedhuwang? Panggenanipun Sang Maha Resi Doradruwasa, Titah setengah Dewa ingkang yuswanipun langkung sepuh tinimbang nagari Majapahit menika?” Ajar sarapat jebul luwih ngerti sapa sejatine Eyang Resi Doradruwasa.

 

“Mila leres makaten Sang Resi” wangsulanku alon.

 

“Menawi makaten, kedahipun Raden ing margi protigan saderenhgipun papan mriki niki wau, Raden mundhut margi ingkang nganan, marginipun mila ketingal alit, menika margi ingkang anjogipun dhateng Gunung Lawu sisih ler, watawis lampahan kalih dinten mawi kapal” Ajar sarapat ngandhakne dalan endi sing kudu tak liwati “menawi margi menika anjogipun dhateng Redi Wilis, ing mrika rayinipun Panembahan Kiswara ugi wonten ingkang mangasrama, namung kemawon sampun radi dangu anggenipun murud ing kasedan jati”.

 

“Inggih, inggih matur nuwun sanget Sang Resi” aku wangsulan lan sajroning ati rumangsa gumun, dene Ajar sing umure kira-kira sewidakan tahun iki teka apal banget karo sedulur-sedulure Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara sawargi? “katujunipun niki kula wau kula kepanggih kalihan Sang Resi ing mriki, saupami boten harak kula saged keblasuk-blasuk awit kesasar ing margi”.

 

“Inggih Raden dhawah sami-sami, samangke menawi Raden ngersakaken nglajengaklen tindak, boten langkung kula ndherekaken raharja lan mugi tansah manggiha rahayu” kandhane Ajar Sarapat, sing banjur kandha marang wong telu sing jarene muride mau “Grontol, Gombak karo kowe Ganggeng, ayo padha nyuwun pangapura marang Raden Suwanda, kuwi ngono isih pepundhenmu dhewe siswane Panembahan Kiswara saka Gunung Argapura”.

 

Wong telu sing pating domblong nyawang nggonku wawan rembug karo Ajar sarapat kuwi tumuli maju karo atur sembah, karo padha guneman njaluk pangapura marang aku.

 

“Nyuwun pangapunten Raden, saestu kula boten mangertos” meh bareng wong telu kuwi nggone guneman karo nyembah.

 

“Iya-iya Kisanak, tiba sapadha-padha” wangsulanku karo mesem “aku ya nyuwun pangapura awit aku ya ora ngerti menawa ndika tetelune iki jebul siswane Bapa Ajar Sarapat, dadi awake dhewe iki mau kena diarani ora ana sing luput, merga ya jalaran durung padha wanuhe durung padha weruhe yen jebul isih karo sanakane dhewe”.

 

“Leres menika Raden” sing semaur malah Ajar sarapat sing anggone guneman karo maju sajangkah nyaketi aku “mugi-mugi pasedherekan antawisipun kulawarga Gunung Gangsir kalihan kulawarga Gunung Argapura menika sageda trus sambet sinambet ngantos pupating jagad”.

 

Gandheng srengenge  wis sansaya adoh nggone ngglewang mangulon, mula aku banjr pamit arep nerusne laku. Ajar Sarapat lan murid-muride padha ngucapne atur sugeng tindak marang aku. Aku milih mbalik,  arep ngliwati dalan sing mau dituduhne dening Ajar Sarapat. Karo mlaku aku rumangsa mongkog dene wis kagadhuhan Slendhang Sipat dening Wa Anggara, temah dening Ajar Sarapat aku dikira siswane Eyang Panembahan Kiswara.

 

 

Ana candhake.

 

 

Selasa, 19 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (043)


 43.

Wong telu kuwi meneng sedhela sajake lagi nggagas wangsulan sing tak wenehne. Banjur wong telu kuwi padha guneman klesik-klesik padha kancane, aku ora ngerti apa sing lagi diomong, merga kajaba lirih, basa sing digunakne ya beda karo basa sing kulina tak enggo, wangune wae basa wewadi sing mung dingerteni wong telu kuwi thok. Aku ethok-ethok ora krungu, malah aku banjur mbalikne awak marani Baratketiga sandhangan sing maune tak kendhoni, bali tak tata lan tak kencengi maneh.

Nalika aku lagi mbenerne sandhangane Baratketiga, wong telu kuwi mlaku marani, nanging aku ora maelu, api-api ketungkul ndandani tungganku.

“Kisanak, ndika kuwi arep menyang endi, olehku rembugan durung rampung kok malah arep ndika tinggal?” wong sing mau nakoni aku takon maneh.

“Lho isih ana ta sing arep ndika takokne menyang aku?” karo noleh aku mbalik takon “nek ndika nakokne sing ana sambung rapete karo laladan kene, bares wae aku ora ngerti, nek ndika takon aku saka ngendi lan arep menyang ngendi, gajege ya wis tak wangsuli kanthi cetha ta?”.

 

“Ora perkara kuwi sing arep tak rembug” wong kuwi wangsulan suwarane wiwit ketara nek rada banter “nanging akua rep ngecakne kuwajibanku minangka prajurit marang ndika sing pantes tak sujanani”.

 

“Aku tumindak apa Kisanak? Yen ndika kuwi pranyata Prajurit Majapahit, ya gene ora ana tandha pangkat kaprajuritan sing nemplek ing sandhangan sing ndika enggo? Aja ngawu-awu dadi prajurit yen mung arep memedeni kawula Majapahit kaya aku” ora krasa aku katut kepancing karo omongane wong mau, meh wae aku ketrucut ngaku yen aku iki isih punggawa Dalem Katumenggungan reh-rehane Tumenggung Jatikusuma, nanging tujune aku banjur eling yen akum au wis kandha nek tilas abdine Gusti Tumenggung, embuh Tumenggung sapa ora tak genahne, dadi aku ora sida blaka apa anane.

 

“Aku pancen Prajurit Majapahit sing anyar kisanak” wangsulane wong kuwi, suwarane bali mendhek “dudu Prajurit Majapahit sing kulina ndika weruhi. Aku sakanca iki abdi lan pandhereke Gusti Adipati Girindrawardana sing jumeneng Keling, sing bakal nggenteni keprabone Prabu Brawijaya ing Majapahit. Dene kuwajibanku sakanca, ngendheg lakune wong sing arep ngliwati dalan kene, iya sing saka kulon iya sing saka wetan, ora kena mbacutake laku kajaba yen wis ana bukti nyata yen wong kuwi nyata-nyata setya lan tresna marang Negara Majapahit, klebu ndika sing mau kandha nek arep menyang perenge Gunung Lawu, dadi saka kene ndika arep ngulon”.

 

“Aneh, aku lagi ngerti iki ana wong ngawur sing ngawu-awu dadi prajurit Majapahit banjur arep tumindak sing cengkah lan pranatan kaprajuritan Majapahit” aku grengengan alon nanging tak seja supaya wong telu kuwi melu krungu “dumeh aku mung sak tilase abdi pekathik wae banjur arep diapusi”.

 

“Aku ora ngawur Kisanak” wong kuwi bali guneman rada banter “aku ya ora arep ngapusi, saiki ndika tak prentahne supaya masrahake kabeh barang sing ndika gawa klebu jaran sing ndika rakiti kuwi marang aku. Barang lan jaran ndika kuwi dibutiuhake kanggo wragad ndandani Majapahit sawuse mengko klakon pindhah kutha menyang Kadhiri, jumbuh karo sing dilenggahi Raja Majapahit sing anyar yaiku Gusti Adipati Girindrawardana”.

 

“Oo, cethane sing tak adhepi iki bangsane Begal sing golek mangsan ta jebule?” aku semaur santak. Jroning batin aku isih duwe kapracayan yen mung ngadhepi bangsane begal ngene iki wae, sanadyan dikrubut lima Kirakira aku isih menang. Luwih-luwih saiki aku uga nggawa sipat kandel pusaka keris Kyai Bancik ampilan saka Rama Tumenggung uga Slendhang Sipat peparinge Ki Anggara calon bapa Maratuwaku.

 

“Keparat kowe Suwanda” tak wangsuli nganggo ukara ngono kuwi, wong mau misuh karo mentheleng, tangane wiwit ngepel “aku dudu begal, nanging aku prajurit. Saiki kowe gelem masrahne apa sing tak kandhakne mau apa ora he?”.

 

“Aku ora idhep” wangsulanku tatag, karo tata-tata siaga ngadhepi bebaya “mboh prajurit, embuh wong ngarit, embuh begal embuh brandhal nek kowe kabeh ora kepengin tak rangket tak pasrahne prajurit Majapahit supaya dilebokne pakunjaran, enggal tumuli padha sumingkira saka ngarepanku!”.

 

Tanpa guneman apa-apa wong mau mlangkah maju karo ngirimne dugangan ngarah marang lambungku. Tujune aku waspada, dugangane bisa tak endhani lan tanganku genti kemlawe aweh ngarah marang sirahe wong kuwi. Nanging padha karo pandugange mungsuhku, pupuhanku jebul isih bisa diendhani dening wong kuwi. Dumadakan wong telu kuwi kaya semayan, ngebyuk bareng nrajang aku, aku dadi rada kaget, mung tujune sadurunge aku ngabdi ing dalem katumenggungan aku wis diweleg ngelmu kanuragan dening wong tuwaku lan sabanjure aku uga wis akeh nampa piwulang kanuragan saka rama Tumenggung, dadi ngadhepi kruyukane wong telu sing maju bareng iki, aku isih bisa ngladeni kanthi becik. Kabeh serangan isih bisa tak endhani utawa tak tangkis kanthi becik, malah siji loro sadhukan lan pupuhanku krasa bisa ngenani peranganing awake mungsuh-mungsuhku.

 

Wong telu kuwi tak anggep begal sing bodho, jalaran anggone ngadhepi aku maju bebarengan. Upama duwe  nalar, wong telu kuwi rak bisa ngirit tenaga lan napase?. Lire olehe maju gentenan siji-siji, nek sing maju wis krasa kesel lan ambegane wis menggeh-menggeh, bisa mundur supaya digenteni kancane. Nanging cara iki ora dicakne, dadi aku ya luwih seneng, sanadyan ya rada abot ngadhepi wong telu sing maju bareng.

 

Kira-kira oleng seketan jurus nggonku ngadhepi kruyukane wong telu sing carane perang isih katon kasar lan ngawur, isih ditambahi karo kerepe olehe padha misuh-misuh lan omong lekoh nalikane ketiban sikil utawa kepelanku sing ora bisa diendhani, wong telu kuwi padha mencolot memburi. Telu-telune banjur padha ndudut pusaka saka wrangkane dhewe-dhewe. Sing siji, ya kuwi sing mau ngajak omongan aku dhisik dhewe, ngetokne pedhange. Sing loro padha nglolos tumbake.

 

“Suwanda, tinimbang mengko patimu ndadak nganggo pasiksan saka aku wong telu, luwih becik yen  kowe pasrah wae” kandhane wong sing nyekeli pedhang kuwi karo nyawang aku “aku ngerti yen satemene kowe kuwi dudu tilas pekathik kaya sing mbok kandhakne neng ngarep. Kowe mesthi punggawa Majapahit sing bodho sing ora manut karo para punggawa sing wis manunggal karo barisan saka Keling lan Kedhiri. Nadyan ta mangkono  aku isih gelem aweh pangapura marang kowe nek kowe gelem masrahne jaran lan barang-barangmu marang aku. Perkara mbesuke kowe bakal mati neng tanganku ing madyaning peperangan, kuwi perkara seje. Saiki sepisan maneh tak takoni, kowe milih mati neng kene apa milih masrahne jaran lan barang-barangmu marang aku?”.

 

“Lucu tembungmu kuwi kisanak” wangsulanku karo ngguyu, nanging aku kober rada ngedhap merga tak sawang pucukpucuk tumbak lan pedhang sing dicekeli wong telu kuwi katon busem ora sumorot nalika kena soroting srengenge, iki nuduhne nek gegamane wong-wong kuwi dudu gegaman wantah, nanging gegaman sing ngemu wisa utawa warangan sing mbebayani “sajake nggonmu dadi begal durung pati suwe ya? Ketitik lagi ngadhepi tilas pekathik wae kowe wong telu kethetheran, ngono kok wani-wanine ngaku prajurit he?. Sepisan maneh tak elingne, nek kowe kepengin slamet diage minggata saka ngarepku kene, nek ora minggat aja takon dosamu apa nek aku kapeksa ngrangket kowe lan masrahne marang Prajurit Majapahit sing temenan supaya kowe kabeh padha dikunjara!”.

 

Bubar muni ngono kuwi, kanggo njagani bebaya sing ora tak karepake, alon-alon Slendhang Sipat peparinge Wa Anggara tak udhari saka bangkekanku. Tak cekeli pas tengah-tengahe nganggo tangan tengen. Aneh, durung nganti aku ngucapne mantra wewarah saka Wa Anggara, ketara yen Slendhang Sipat wis ngetokne pangaribawa sing nggegirisi. Ana ganda arum kaya gandane kembang melathi lan ing papan kono krasa kaya malih dadi angker lan nyeremake.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...