Total Tayangan Halaman

Jumat, 29 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (049)


 

49.

Nganti sauntara suwene aku ora bisa guneman apa-apa, ana rasa kaget sing njalari aku mangkono kuwi mau. Jalaran wiwit pisanan ketemu karo wong tuwa sing sajak nyala wadi iki, babar pisan aku ora ngira yen panjenengane jebul Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sedulur tuwane Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara, lan panjenengane ngendika yen sing ana ngarepku iki mung aluse dudu badan wadhage. Ora krasa aku nglirik sampeane Eyang Resi Doradruwasa, jebul pancen anggone jumeneng iki mau ora mancik ing lumahing bumi, nanging sampeane Eyang Resi iki ana let sakilan saka lemah. Bareng wis rada eling karo kahanan, aku maju sajangkah banjur ndheprok ing ngarsane Eyang Resi arep ngaturne pangabekti lan nyuwun sih pangaksama awit aku wis tumindak sing ora samesthine marang panjenengane, malah mau kober ngira yen panjenengane iki wong sing lagi lara pikire barang.

 

Nanging sepira kagetku maneh, bareng dumadakan Eyang Resi Doradruwasa ilang saka panyawangku, ilang sing tanpa ninggalake tilas babar pisan. Aku dadi sansaya bingung, ora ngerti apa sing kudu tak tindakne nemoni lelakon sing nganeh-anehi iki.

 

“Aja kaya bocah cilik sing lagi tangi saka turu Suwanda” dumadakan adoh saka langit keprungu suwarane Eyang Resi Doradruwasa paring dhawuh “sawangen ing langit sisih kulon, ing kana sira bakal weruh ing ngendi papan dunungku lan yen nyata sira ngarepake bisa kepethuk aku, sira wis ingsun paring gadhuhan ngelmu sing bisa ndayani ora ngrasakne luwe, ngelak sarta keseling salira, sira bisa kuwawa ora turu lan ora krasa ngantuk. Daya kekuwatan kuwi bakal cumondhok ing jiwa lan raganira nganti satus rong puluh tahun suwene, wis mangsa bodhowa nggonmu arep nerusake laku. Nanging sepisan maneh ingsun jarwani, mbok menawa sing bakal mbok temu mengko ora jumbuh karo angen-angene hawa napsu sing mbok gawa wiwit sira budhal saka Dalem Katumenggungan wingenane”.

 

Aku ndhangak nyawang prenahe suwara kuwi, sing katon mung birune langit. Lan nalika mripatku nyawang cakrawala sisih kulon, katon ana teja ngregemeng ora pati cetha, nelakne yen papane adoh banget saka papan sing tak panggoni wektu kuwi. Aku ngadeg, dhawuh pangandikane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing lagi wae iku wis bisa tak rasakne. Awakku krasa entheng kimbuhan seger, daya kekuwatanku krasa yen wutuh. Gageyan aku njupuk gawanku lan wiwit mlaku mengulon ngarah papane teja sing manther ana sukuning langit.

 

Kaya sing tak kira sadurunge, mula papane teja kuwi adoh banget, dadi nganti sore nggonku lumaku, teja kuwi tak sawang isih katon adoh banget. Nalika srengenge wis angslup ing sisih kulon, sanadyan kahanan dadi peteng, nanging teja sing arep tak parani papan panggonane kuwi ora katut ilang, isih katon wae. Mula aku ya ora nglereni nggonku mlaku, luwih-luwih pancen wektu kuwi, aku babar pisan ora ngrasakne kesel, ora ngrasakne luwe, ora ngrasakne ngelak lan ora krasa ngantuk, dadi aku pra mbutuhake ngaso babar pisan. Ngono kuwi kelakon nganti pirang-pirang dina, yen ora kleru olehku ngetungi kira-kira nganti pitung dina pitung bengi nggonku mlaku ora leren lan ora kepethuk manungsa siji-sijia uga ora nemoni pringgabayane laku, sing wekasane lakuku anjog ing sawijining padhukuhan cilik sing asri lan subur.

 

Tekan papan kono aku ngendhegne nggonku mlaku, ora jalaran saka kesel, nanging aku kepengin takon marang salah siji saka warganing padhukuhan kuwi. Ya kuwi nakokne kono kuwi padhukuhan ngendi lan sing diarani Bumi Kedhuwang kuwi apa isih adoh saka kono, jalaran teja sing ana langit sisih kulon sing tak parani, wektu kuwi wis ora cetha maneh. Sadhela-dhela ngaton ing panduluku, sedhela-sedhela banjur ilang. Nanging saben-saben aku ngulati omah-omah sing ana padhukuhan kuwi, kabeh katon lawange tutupan rapet, ora ana tandha-tandha yen ana wong sing ngenggoni. Nadyan karo ati gumun, aku banjur mlaku maneh, lakuku sengaja tak gawe alon karo milang-miling ngulatne kiwa tengene dalan, mbok menawa bisa ketemu wong sing bisa tak takoni.

 

Dumadakan aku krungu suwara tracaking jaran sing mlayu, tak rungok-rungokne arahe saka mburiku, wangune arep ngliwati dalan sing lagi tak liwati iki. Atiku dadi krasa seneng, aku banjur mandheg neng tengahing dalan karo madhep menyang prenah asale suwara tracaking jaran sing tumuju papan kono. Pangrunguku ora luput, ora suwe saka arah wetan katon ana wong loro nunggang jaran. Lan nalika wong loro kuwi weruh aku sing ngadeg ana tengah dalan, ora nisih minggir menehi dalan marang sing lagi jejaranan, wong loro kuwi ngendhegne jarane banjur nyawang aku kanthi mripat cetha yen ngemu rasa sujana.

 

“Nuwun sewu Kisanak” aku ndhisiki aweh kurmat karo guneman marang wong loro kuwi “nyuwun gunging pangaksami, awit anggen kula sampun wantun ngganggu anggen ndika badhe langkung dalan menika”.

 

“nDika kuwi sapa ? saka ngendi lan arep menyang ngendi? Sajake lagi sepisan iki aku ketemu karo ndika!” salah siji saka wong sing jejaranan kuwi takon, kekarone ora kedhep anggone nguwasi aku.

 

“Nami kula Suwanda Kisanak” wangsulanku prasaja apa anane “mila leres ingkang ndika sanjangaken, kula mila dede tiyang mriki lan nembe sepisan menika kula ngancik dhusun mriki. Kula pangumbara saking tebih, asal kula saking sacaketing Kitharaja Majapahit, ing pangangkah badhe dhateng Bumi Kedhuwang, nanging kula dereng ngertos marginipun, menapa kisanak kekalih saged paring pitedah dhateng kula?”.

 

“nDika saka Kutharaja Majapahit?” wong kuwi ora mangsuli pitakonku malah banjur takon sajak luwih sujana maneh.

 

“Leres Kisanak” aku sabar aweh wangsulan.

 

“Wis pirang dina ndika budhal saka omah?” wong kuwi takon maneh.

 

“Dereng dangu, watawis inggih sedasanan ari, Kisanak” wangsulanku.

 

Wong kuwi manthuk-manthuk karo nyawang kancane sing uga manggut-manggut, mung kanthi soroting mripat wong loro kuwi guneman karo padha kancane. Aku dadi ora kepenak dhewe nampa sujana saka wong loro kuwi.

 

“Banjur ndika arep menyang Kedhuwang kuwi arep sanja ing omahe sedulur ndika apa arep ana prelu liya Kisanak?” sawuse inget-ingetan karo kancane wong kuwi takon maneh.

 

“Waleh kemawon Kisanak” wasana aku ora sabar aweh wangsulan “estunipun kula badhe sowan ngabyantara ing ngarsanipun Sang Panembahan Doradruwasa, nuhoni dhawuh saking panjenenganipun ingkang kula tampi saking sasmita gaib, nanging kula namung kaparingan ancer-ancer kemawon menggah papan dunungipun Bumi Kedhuwang. Inggih awit saking menika, menawi ndika kekalih kasdu ing panggalih, kula nyuwun mugi katedahna margi dhateng Kedhuwang trepipun ing pundi anggenipun mangasrama Sang Resi Doradruwasa”.

 

“nDika katimbalan dening Sang Panembahan Kedhuwang?” wong mau dumadakan malih alus basane.

 

“Kasinggihan Kisanak” wangsulanku.

Wong loro kuwi banjur mudhun saka gigiring jarane, karo nuntun jarane wong loro kuwi banjur sansaya nyedhak karo papanku ngadeg.

 

“nDika sampun dumugi Kedhuwang Kisanak Suwanda” kandhane wong mau sawise cedhak karo papanku ngadeg “menawi ndika ngersakaken sowan ing ngarsanipun Sang Panembahan Kedhuwang, inggih Sang Resi Doradruwasa, sampun caket papan ingkang ndika tuju. Mangga sareng kemawon kalih kula, ing margi protigan ngajeng mrika menika, menggok nganan inggih ing mriku papan paleremanipun Sang Panembahan”.

 

“Inggih matur nuwun Kisanak, manga suwawi kula dherekaken” wangsulanku karo ati seneng, merga wis dituduhi dalan lan malah arep dijak bareng.

 

“Inggih dhawah sami-sami Ki Suwanda” wangsulane wong mau karo mesem semanak lan basane dadi sansaya alus “inggih nuwun sewu dipun tepangaken kemawon, kula Jurudah dene menika kadang kula sepuh nenggih kakang Prasanta, saking Sendhang Pangayoman, ingkang badhe sowan dhateng sesembahan kula, ingkang ugi siswanipun Sang Panembahan, ingkang sampun sawatawis dereng kundur dhateng Sendhang Pangayoman”.

 

 

 

 

Ana candhake

Rabu, 27 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (048)

48.

Atiku nratab, jebul sanadyan mung tekan ing angen-angen, ora tak blakakne nek aku duwe pangira wong kuwi lagi owah pikire, wong kuwi ngerti. Aku banget getun dene aku mau ndadak mikir sing ora-ora, nanging ya piye maneh wong dhek mau aku pancen rada gela, krungu asmane Eyang Panembahan Kiswara sarta asmane Rama Tumenggung dijangkar ngono wae dening wong sing durung cetha sapa sejatine wong iku. Dilokne ngono kuwi akua rep kumecap njaluk pangapura, lan arep tak cethakne yen olehku duwe pangira mau ora ateges ngremehne wong kuwi, nanging dhapur mbenerake crita sing asring tak tampa yen sadurunge dadi wong waskitha ora arang wong kuwi kudu nglakoni kaya wong sing lagi lara nalare. Nanging durung nganti lambeku obah, wong tuwa kuwi wis nutugne olehe guneman :

 

“Anane aku gelem njarwani jeneng sira sapa satemene Ingsun iki, jalaran aku weruh yen sing arep sira temoni, ya iku Doradruwasa kuwi selawase durung tau mbok weruhi, aja maneh kok sira Suwanda, sanadyan wong tuwamu angkat wae satremene uga durung tau srawung karo siwakane kuwi. Ngertine wong tuwamu angkat lan bakal maratuwamu yen Doradruwasa kuwi saiki mapan ing Bumi Kedhuwang, iya mung merga kalorone padha percaya karo sing dikandhakne Kiswara”.

 

“Mila kasinggihan ingkang jengandika dhawuhaken menika Kyai” aku nyela rembug nalika wong tuwa kuwi leren sedhela nggone guneman merga nelesi gorokane.

 

“Kamangka anggone Kiswara ninggalne jagad padhang iki wis watara telungpuluh tahun kepungkur lan miturut petungane wong wektu iku umure Kiswara wis satus rong puluh tahun lan Wong tuwamu angkat sarta bakal maratuwamu kuwi uga dikandhani dening Kiswara yen umure Doradruwasa kuwi luwih tuwa seket tahun tinimbang Kiswara, dadi saiki iki umure Doradruwasa wis rong atus tahun” kaya ora nggatekne olehku nyela wuwus wong tuwa kuwi nutugne olehe guneman.

 

Aku banjur meneng ora saulu apa-apa, sanadyan wong tuwa kuwi wis rada sauntara mandheg olehe crita, menengku mau merga aku isih ngenteni intoning rembug sapa satemene wong tuwa kuwi sing wiwit mau durung dikandhakne marang aku.

 

“Apa sliramu percaya karo sing dikandhakne Tumenggung Jatikusuma lan Kebayan Bulak Pandhe sing ora tinemu nalar kuwi Suwanda?” dumadakan wong tuwa kuwi nakoni aku, ora enggal nyebutne sapa sejatine dheweke.

 

“Boten kepanggih nalar ingkang kados pundi Kyai? dhawuh ingkang kula tampi saking Rama Tumenggung tuwin Wa Anggara sadaya jumbuh kalihan nalar kula, kalebet anggenipun dhawuh murih kula puruita dhateng Kanjeng Eyang Panembahan Doradruwasa ingBumi Kedhuwang menika” aku aweh wangsulan, atiku rada runtik awit wong tuwa kuwi ngarani sing didhawuhne Rama Tumenggung lan Wa Anggara marang aku ana sing ora tinemu ing nalar.

 

“Klebu isih uripe Doradruwasa sing miturut petung wis umur rong atus tahun kuwi?” wong kuwi takon maneh karo mesem sajak ngece.

 

“Mila Rama Tumenggung paring dhawuh bilih Eyang Resi Doradruwasa menika kaparingan kanugrahan yuswa Panjang, Kyai” aku nggenahne dhawuhe Rama Tumenggung marang aku “kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nembe badhe kundru ing kasedan jati menawi sampun wonten lelampahan ingkang sinebat Sirna Ilang Kertaning Bumi, kamangka dugi sapriki lelampahan ingkang tinengeran mawi sebatan kala wau dereng nate wonten, dados cetha menawi Eyang Resi Doradruwasa estu taksih sugeng lan dereng badhe seda”.

 

“Iya pancen dening Begawan Satiban, gurune, Kiswara nate oleh warta kaya sing sira kandhakne mau lan Kiswara uga percaya, jalaran Begawan Satiban kuwi kajaba gurune uga wong tuwane Kiswara lan sedulur tuwane Doradruwasa sing cilikane duwe jeneng Satibi” Wong tuwa kuwi nambahi critane lan mesthi wae ndadekne aku sansaya tambah rada ngerti sapa sejatine Eyang Panembahan Kiswara apa dene Eyang Resi Doradruwasa kuwi “nanging, sing arep tak takokne marang sira rada beda maneh”.

 

Aku dadi rada anyel maneh marang wong tuwa kuwi, mau wis kandha nek arep nepungake dhirine, nanging malah isih terus wae anggone takon lan saupama aku wegah wangsulan cetha yen bakal dadi gelane atine, kamangka aku ora kepengin gawe gelane liyan luwih-luwih marang wong tuwa sing nyatane nggadhuh kawruh sing sesurupan maneka warna iki.

 

“menapa malih Kyai?” aku mbalik takon, suwaraku tak gawe lumrah wae.

“Saupama jebul crita sing ditampa Kiswara sing banjur dicritakne marang Tumenggung Jatikusuma sarta Kebayan Bulak Pandhe sing tumuli dikandhakne marang sira, magepokan karo umure Doradruwasa utawa Satibi kuwi jebul ngaya wara, apa sing bakal sira tindakne?” Wong Tuwa kuwi ngucapne apa sing dadi pitakone marang aku.

 

“Ingkang kapisan Kyai” aku aweh wangsulan “mugi Kyai uninga bilih dhawuh ingkang dipun tampi saking tiyang sepuhipun Eyang Panembahan Kiswara lajeng kadhawuhaken dhateng Rama Tumenggung Jatikusuma tuwin Wa Anggara menika dede crita ingkang ngayawara. Kaping kalihipun, ingkang badhe kula lampahi inggih nyadhong dhawuh saking Eyang Resi Doradruwasa jalaran anggen kula dugi ing Kedhuwang mrika mangke mila namung badhe ndherek necep kawruh saking Panjenenganipun”.

 

“Bagus!” Wong tuwa kuwi guneman rada seru “sira ora gelem mlebu marang tembung saupama sing tak kandhakne lan tetep ngandel yen Satibi isih urip nganti tekan saiki. Saiki genti tak walik pitakonku wangsulana kanthi jujur!”.

 

“Inggih sumangga suwawi kadhawuhna Kyai” wangsulanku tatag.

 

“Kaya sing sira kandhakne ing ngarep, ya iku sira durung tau midak bumi ing Kedhuwang kaping pindho sira uga durung wanuh karo Resi Doradruwasa kuwi. Kamangka lagi mlaku oleh sedina wae gajege sira wis salah marga banjur dituduhne dalan sing kudu mbok liwati dening wong sing ngaku aran Ajar Sarapat wingi, dadi gelem ora gelem sira kudu aweh wangsulan marang aku sing nggunakne tembung upama, upama lakumu saka Majapahit nganti tekan Kedhuwang utawa malah kesasar tumiba ing papan liya, banjur ora bisa ketemu karo mBahmu sing jejuluk Resi Doradruwasa kuwi, sira banjur arep kepiye he?” wong tuwa kuwi bali nggunakne tembung upama kanggo nakoni aku.

 

Aku mikir sedhela, nata ukara kanggo aweh wangsulan marang wong tuwa sing ngajak nggelar cangkriman iki, anggonku mbatang cangkriman aja nganti gawe gelane sing nyangkrimi.

 

“Kepriye Suwanda?” wong tuwa kuwi ngambali olehe takon, sawuse aku rada sauntara meneng.

 

“Inggih Kyai” aku aweh wangsulan “inggih bakenipun kula menika namung sadremi ngemban dhawuhipun tiyang sepuh, prakawis kasil lan botenipun menika gumantung dhumateng kamirahaning Hyang Agung. Tekad kula namung badhe madosi lan puruita dhateng Eyang Resi Doradruwasa, menawi saged kasembadan ingkang kula sedya, menika tuhu sampun jumbuh kalih angen-angen kula. Dene menawi pranyata kula boten kasil panggih kalihan Eyang Resi Doradruwasa inggih badhe kula padosi ngantos satelasing umur kula. Makaten ugi menawi panyuwun kula dhumateng Eyang Resi dipun kabulaken kula sakalangkung ngaturaken genging panuwun, dene menawi dereng kaparengaken inggih badhe kula budidaya murih Eyang Resi Doradruwasa kersa ngrentahaken sih kawlasan nunten marengaken kula puruita saha badhe kula tengga ngantos kula boten saged nengga malih”.

 

“Gedhe banget tekadira Suwanda” Wong Tuwa kuwi nanggapi wangsulanku karo mesem “mung kuciwane sajake ora kabeh apa sing mbok jangka lan mbok karepake dikabulne dening Hyang Agung, nanging sira aja kongsi cilik ati, awit nyata sir amula pantes dadi putrane Tumenggung Jatikusuma”.

 

“Nuwun sewu Kyai” gandheng ngani suwe wong mau ora gelem nyebut jenenge aku banjur nekad takon “estunipun jengandika menika sinten?”.

 

“He he he……” Wong Tuwa kuwi gumuyu lirih banjur kandhane “ngertia ngger Suwanda, Ingsun iki satemene kumara sing lagi ngumbara, ya kuwi kumara utawa aluse mBahmu ya Resi Doradruwasa sing wis nyedhaki bali menyang asal-usulku, satemene tunggangan kanggo baliku menyang jaman langgeng kuwi ora ana liya aluse Kyai Baratketiga sing mbok tumpaki wingi kae, saiki Kyai Baratketiga wis sira tundhung lunga jalaran mbok anggep ngreregoni lakumu sing sumedya menyang Kedhuwang. Ngertia Suwanda, saiki Baratketiga wis tekan Kedhuwang nunggoni ragaku sing lagi semedi, yen sira kepengin enggal tekan Kedhuwang sawangangen lakuku sing mesa ting gegana, mengko sira bakal weruh ana teja, ya kuwi wujudku sing satemene . Paranana papane Teja kuwi, mangka sira bakal ketemu karo sing sira upadi”.

 

 

Ana candhake.

 

Selasa, 26 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (047)


 47.

Aku dadi sansaya gumun krungu wangsulane wong tuwa kuwi. Dheweke ngaku yen olehe weruh sapa aku lan asal-usulku sarta ngerteni nggonku lelungan iki arep menyang ngendi. Nanging keri-keri malah nodhi marang mungguh sing dadi tekad anggonku arep ngupadi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki. Thik ngonowa isih nganggo meden-medeni barang, yen kongsi kleru ancas lan tujuwanku lire wis mlenceng saka dhawuhe Rama Tumenggung Jatikusuma jarene aku ora bakal kasembadan ketemu karo Eyang Doradruwasa malah kepara bakal kesasar lakuku anjog inga lam sonyaluri kumpul karo panunggalane jim setan peri prayangan.

 

Mula aku banjur nggagas, ora arep niutup-nutupi apa sing ana atiku marang wong tuwa sing nyalawadi lan sajak wis ngerteni jaba jeroku iki. Aku kuwatir yen nganti aku goroh sethithik wae, bisa-bisa aku kaya sing dikandhakne mau, ya iku kesasar ing laku. Lan yen nganti kesasar ing laku, ateges aku ora bakal bisa bali menyang Majapahit maneh lan kanthi mangkono ateges gegayuhan nggonku arep mangun bebrayan karo Andalu bakal gagar wigar tan kasembadan babar pisan.

 

“Inggih nyuwun pangapunten saderengipun Kyai” aku wiwit aweh wangsulan karo tembung sing ngati-ati “Mila estunipun kados ingkang sampun Kyai dhawuhaken bilih anggen kula kekesahan menika awit nglampahi paukuman utawi pidana saking Rama Tumenggung Jatikusuma, nanging kula ugi ngertos bilih anggenipun Rama Tumenggung paring pidana menika boten saking awit kinandhesan raos gething dhateng kula malah kepara inggih awit saking agenging sihipun Rama Tumenggung mila kula kedah nglampahi paukuman menika. Inggih awit saking menika salah satunggal ingkang ndadosaken kula nggadhahi greget ingkang gumregut menika”.

 

“Mula bener sing mbok nkandhakne Suwanda” wong tuwa kuwi nyelani ngganku wangsulan “Wong tuwamu angkat kuwi banget tresnane marang sira lan ora kepengin uripmu kesasar-sasar ing dalan sing ora bener. Sabanjure sira kandha yen kuwi salah sijine sing ndadekne sira duwe tekad nglakoni paukuman iki kanthi seneng, lha jalaran liyane ?”.

 

“Nuwun inggih Kyai” aku wangsulan alon, atiku nicil seneng, wong tuwa kuwi ora ngluputake wangsulanku sing nyata jujur metu saka prenthuling ati suciku  “ingkang angka kalih, mila kula kepengin sanget ngalab berkahipun Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa ing Bumi Kedhuwang, ing pangajab saged pikantuk seserepan utawi ngelmi jatining sih, jalaran wekdal menika kula nembe nandhang gandrung kapirangu dhateng satunggaling pawestri lan kepengin sanget saged mangun bebrayan kalihan piyambakipun. Rumaos kula katresnan kula dhateng pawestri kala wau saestu tresna ingkang tulus lahir trusing batin, nanging dening Rama Tumenggung katresnan ingkang kula dhawahaken dhateng pawestri kasebat dereng trep, malah panjenenganipun dhawuh bilih kula nembe kabidhung ing hawa nepsu ingkang kekemul tembung tresna. Makaten ingkang saged kula aturaken dhateng jengandika Kyai, samangke borong anggen jengandika badhe amastani, menawi ta atur kula lepat kula saestu nyuwun gunging pangaksami”.

 

“Wasis tenan sira Suwanda” wong tuwa kuwi gumuyu ngekek “Si Kiswara nyata ora tuna duwe siswa kaya si Kunthing sing saiki wis baud nangkarake kawruhe marang para mudha kaya si Suwanda iki”.

 

Aku dadi gumun semu rada ora kepenak ing ati, aku ngira yen wong tuwa iki sanajan nggadhuh ngelmu sing akeh, nanging kira-kira merga kakehan ngelmu sing diwadhahi lan wadhahe ora nyukupi temah ndadekne wong kuwi rada owah nalare. Aku kerep krungu crita yen akeh para brahmana sing isih mudha banjur kerep tumindak sing ora klebu nalar lan sing keneh-keneh ngana kae, mangkono iku jalaran iya durung bisane ngelmu sing ditampa kabeh mlebu ing wadhahe. Samono uga wong tuwa sing ana ngarepku iki, dheweke nyata wis kagadhuhan sesurupan sing ora sethithik, nanging merga nglemu sing ditampa durung mlebu kabeh ing wadhahe, ndadekne rada ngawur karo sing diucapne. Taka rani ngawur merga kumawani nyebut kanthi njangkar marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara uga wani nyebut asma alite Rama Tumenggung Jatikusuma karo sebutan Kunthing. Nanging, aku ora wani nesu marang wong tuwa kuwi, bab anggone nrucak marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara lan Rama Tumenggung Jatikusuma kuwi upama ana walate dudu aku sing bakal nampa, sarta temene sikep nrucak kuwi ora gawe kapitunane sapa-sapa kajaba ya kapitunane wong tuwa kuwi dhewe.

 

“Wangsulanmu kuwi mau ora luput Suwanda” wong tuwa kuwi guneman maneh, nutugne olehe nanggapi wangsulanku sing mau “mula pancen ora sethithik wong sing keblithuk dening tembung tresna utawa katresnan. Akeh sing keplecuk temah kleru, merga dayaning hawa nepsu katresnan utawa rasa tresna sing satemene suci banjur dicarub karo panyurunge hawa nepsu malah wekasane jeneng tresna utawa katresnan direbut lan didhaku dening hawa nepsu. Kang mangkono mau kaprah ing sadhengah papan lan panggonan, hawa nepsu diarani katresnan jati, sing tundhone nguwohake menungsa dadi bodho lan nyidrani prenthuling ati sucine dhewe. Akeh wong sing satemene mung seneng marang awake dhewe nanging rumangsane wis seneng marang wong sing dianggep ditresnani. Kajaba saka iku akeh wong sing nglorot drajating tresna sing luhur lan suci awit tresna kuwi pletikaning sipating Hyang Agung sing digadhuhne marang titahE, banjur ngecakne katresnan kaya dene wong dol tinuku ing pasar, katresnan diajeni kaya dene barang dagangan sing dipurih ana bebathene, bebathen sing wujude dadi karemane hawa nepsu. Kang kena keplecuk nggone merdeni tresna lan katresnan kaya mangkono mau mula mratah ing ngendi-endi, wiwit sing ana kutha gedhe nganti tekan pucuking gunung sing sepi, wiwit ratu nganti tekan kere sing manggon neng ngisor kretek, wiwit brahmana nganti tumekan para sudra, ora ana bedane akeh sing padha ngecakne kang mangkono kuwi mau. Lan iki ora winates rupane tresna lan katresnan ing antarane wanita lan priya utawa suwalike, nanging uga wujude katresnan antarane wong tuwa marang anake sarta anak marang wong tuwane. Katresnan sing dicakne kabeh kudu nganggo pitukon yen kongsi pitukon kuwi ora diwujudi mangka katresnan utawa tresna malah mbalik dadi gething sing ngluwih-luwihi, ya iku rasa gething mung sabab ora oleh pitukon kaya sing dikarepake, pitukone bisa wujud apa wae, ana sing rupa kang kasat mripat nanging uga akeh sing dumunung ana rasa. Ora arang mung ing sajroning wektu sagebyaring that-thit, tresna malih dadi gething, gething dadi tresna. Nanging sira Suwanda sumurupa, wong tuwamu ya si Kunthing utawa Tumenggung Jatikusuma ora kepengin anak angkat sing wis didhaku dadi anake dhewe kuwi, kesasar dalan sajroning nindakne darmaning Sih utawa darmaning katresnan”.

 

Akeh-akeh wong tuwa kuwi nggone guneman, nanging kabeh sing diucapne cetha yen ngemu pitutur luhur, pitutur sing sumbere saka kawruh jatining kamanungsan. Tak gagas-gagas pituture wong tuwa ing ngarepku iki nyata ngelmu sing jero banget sing ora gampang bisa dirasakne luwih-luwih yen mung dirungokne satleraman wae. Malah jujur wae, aku mung bisa mbenerake sing dikandhakne wong tuwa kuwi nanging bener sing kepriye aku kangelan nggenahake.

 

“Apa sing tak kandhakne iki mula ora angger wong bisa kanthi cepet mangerteni karepe, Ngger Suwanda” wong tuwa kuwi nutugne rembuge, wangune weruh apa sing lagi tak pikirne “jalaran ngelmu iku cetha kelakone iya among kanthi laku, ngelmu kang mung tinulis ing angen-angen lan ora ana sing dilakokne sajroning urip kang nyata padha wae karo unining kidung sing dienggo gegandhangan dening bocah cilik sing ora weruh tegese malah bisa uga kaya tembung-tembung sing metu saka ocehe manuk menco sing mung bisa niru unine suwara sing tau dirungu nanging ora ngerti tegese”.

 

“Kasingguihan Kyai” aku sumela rembug mbeberake apa sing dikandhakne wong tuwa kuwi.

 

“Saiki sumurupa bakal tak jarwani sapa sejatining ingsun iki, rungokna kanthi tumemen supaya ora tumpeng suh nggonmu ngerteni sapa sejatining wong tuwa ing ngarepmu sing kober mbok kira wong sing owah pikire”.

 

 

Ana candhake.

Senin, 25 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (046)

 

46.

Suwara tembang kuwi ora seru, nanging keprungu kanthi cetha dibolan-baleni kaya wong sing lagi mulang marang bocah sing lagi jajalan nembang. Aku dadi kasengsem marang unine tembang lan ukara sing ngemu pitutur kuwi. Alon-alon aku tangi, ngadeg, kahanan ing sakiwa tengenku sansaya mundhak padhang. Mung wae, dumadakan awakku krasa ndhredheg, wetengku krasa luwe banget, aku kelingan yen wiwit budhal saka Dalem Katumenggungan mula pancen aku durung klebon panganan apa-apa, dadi wis sedina sawengi aku nglakoni pasa, mula ya lumrah nek saiki krasa ndhredheg kentekan tenaga.

 

Aku kelingan nek dening Kanjeng Ibu, iya Nyi Menggung, nalika aku arep budhal wingi disangoni panganan sing awet lan uga maregi, awete nganti kuwat rong puluh dina ora mambu lan isih enak dipangan sarta ora mbebayani. Wujude Jenang Alot sing digawe saka pathining Ganyong sing diolah nganggo santen karo gula klapa.

 

“Jenang iki bisa mbok gunakne nganti sliramu tekan ing papane Eyangmu neng Kedhuwang kana, Kaki” ngono kurang luwih dhawuhe Nyai Menggung sawise jenang kuwi  dibuntel nganggo mori taplak lan dilebokne awor karo sandhangan sing tak wadhahi kanthongan rada gedhe “iki tetelane mateng tenan, mula kajaba luwih padhet ya bisa dadi luwih awet, ora gampang mambu”.

 

“Inggih Kanjeng Ibu” wangsulanku nalika kuwi.

 

Alon-alon jenang sing diungkus rapet nganggo godhong gedhang kluthuk banjur dibuntel nganggo mori taplak kuwi tak wetokne saka kanthongan. Aku babar pisan ora nggagas kaya nek neng omah ngana kae. Tangi turu kuwi luwih dhisik ya banjur reresik awak, nek uwis lagi mikir nambani luwene weteng. Esuk iki, aku ya ngerti nek durung kambon banyu, aja maneh kok adus wijik tangan utawa raup wae ya durung, nanging ketang saking kepengine supaya enggal mari anggonku ndhredheg, godhong sing dadi wungkuse jenang alot tetelan kuwi wiwit tak bukak. Jenang wiwit tak iris, nanging nalika aku nyandhak sairis arep tak emplok, dumadakan aku dikagetne maneh dening suwara sing mau kober gawe sengseme atiku :

 

 

Elok temen wong taruna iki

Durung suwe nggone ninggal wisma

Wis nglalekne pituduhe

Rama lan Ibunipun

Ingkang tansah amituturi

Kuwajibane kawula

Marang Gustinipun

Kang paring sandhang lan tedha

Kanthi nyebut asmaNe ing saben kapti

Klebu yen arep nadhah.

 

Tratab!. Aku kelingan. Rama lan Ibu Tumenggung kerep banget paring pakulinan becik sing kudu ditindakne dening wong sawayah-wayah arep nganggo sandhangan utawa arep mangan. Ya iku nyebut asmaNe Hyang Agung luwih dhisik.

 

“Kanthi nyebut asmaNe, awake dhewe dadi eling Maha Murahing Gusti marang awake dhewe, iya awit saka Sih Welase Gusti awake dhewe bisa nyandhang lan bisa mangan. Kaping pindho awake dhewe bakal kelingan, saka ngendi asal-usule sandhangan sing arep dienggo utawa panganan sing arep dipangan, antuke sandhang lan pangan kuwi merga saka tumindak sing cengkah karo wewarahE apa ora? Wis ngrebut sandhang lan pangane liyan apa olehe luru kanthi dalan sing bener?. Lan bakal tansah eling yen anggone golek sandhang karo pangan kuwi nganggo cara sing cengkah karo wewarahE, mangka drajade awake dhewe kuwi luwih asor tinimbang kewan. Kajaba saka kuwi, kanthi eling marang Hyang Agung sadurunge nganggo sandhangan utawa ngemplok panganan, awake dhewe bakal eling mbok menawa isih ana wong liya sing ora bisa nyandhang lan ora bisa mangan awit ora ana sing arep dienggo utawa arep dipangan lan kuwajibane titah sing wujud manungsa kudu gelem andum rejeki sing ditampa awit peparinge Gusti, yen mung mikir butuhe dhewe kuwi padha karo menungsa sing lali marang jati dhirining kamanungsane” ngono salah siji pituture Kanjeng Rama Tumenggung sing kerep banget tak rungokne merga meh saben dina dibolan-baleni.

 

Iki mau aku pancen wis lali marang pitutur kuwi, merga saking luwene wetengku, aku kesusu arep ngemplok jenang sing lagi rampung tak iris. Aku ora nyebut asmaNe, aku lali ora nggagas saka ngendi asal-usule panganan sing arep tak emplok, lali ora mikir kiwa tengenku ana sing luwih mbutuhake apa ora. Dadi tembang dhandhanggula sing keri dhewe iki mau cetha yen wis ngelingake aku. Mula aku banjur bali kepengin weruh sapa sing wis ngidungake pitutur kang sinawung ing tembang iki.

 

Jenang tak selehne maneh, ora sida tak emplok. Banjur aku tolah-toleh, nitik asale suwara tembang sing wis ngelingake aku kuwi mau. Nanging sing tak weruhi mung rungkude bebondhotan, jurang sing jero lan alas sing ketel. Ora ana manungsa babar pisan. Dumadakan saka papah rada adoh keprungu maneh suwara sing tak goleki sapa sing ngunekne kuwi :

 

Prayogane lamun sampun eling

Ngunjukena panuwun marang Hyang

Nulya nedha ditutugne

Aywa kongsi keladuk

Yen keladuk adhakan lali

Lekase wong memangan

Mung murih rahayu

Rahayu slameting badan

Nguja hawa aluamah disingkiri

Raharja kang tinampa.

 

Krungu pitutur sing sinawung ing Dhandhanggula ngono kuwi, aku tumuli nutugne nggonku ngemplok jenang sing wis tak iris. Watara ana telung nyari akehe jenang sing wis mlebu wetengku, tumuli aku ngombe lan olehku mangan ora tak tutugne. Merga aku ngerti isine pitutur kuwi mau jumbuh lan pituture Rama Tumenggung sing kerep tak rungu. Jenang alot telung nyari kuwi satemene wis nykupi kanggo njaga kekuwataning raga, senajan satemene weteng sing krasa luwe isih ngongkon cangkem supaya nutugne anggone ngemplok, nanging yen dituruti bisa ndadekne ora beciking raga, kwaregen kuwi nyata cetha ora becike. Godhong gedhang sing mau kanggo mbunteli tetelan jenang kuwi tak balekne, banjur tak lebokne ing wadhah sakawit.

 

“Ngaturake kasugengan ing esuk iki Sang Pangumbara” dumadakan ana wong alok ana mburiku, aku gageyan noleh. Ana wong tuwa sing rambute wis putih kabeh, nanging awake isih katon seger, sanajan kulit tangane ora bisa nyingidake yen wong kuwi wis tuwa.

 

“Matur Nuwun Kyai, awit berkahing Kyai kula manggih rahayu” aku gage wangsulan kanthi kurmat banget, awit soroting mripate wong tuwa kuwi nuduhne yen wong iki wong sing nyata-nyata duwe perbawa gedhe “kula ugi ngaturaken genging panuwun dene sampun paring pemut saha pitutur dhateng kula”.

“Tiba sapadha-padha Ngger” wong tuwa kuwi semaur karo mesem katon yen karenan penggalihe “apa angger Suwanda temen yen arep tindak menyang Perenging Gunung Lawu sisih lor kulon?”.

 

Dumadakan aku dadi kaget, wong tuwa sing lagi sepisan iki kepethuk aku, teka wis ngerti jenengku lan uga ngerti tujuwanku lelungan. Ora krasa aku ndomblong, lali ora enggal wangsulan.

 

“Dadi wong kuwi aja seneng gumunan Ngger” wong tuwa kuwi guneman maneh panggah karo mesem “wong sing weruh utawa ngerti ora merga duwe mripat lan kuping, nanging merga ana sing aweh utawa paring weruh lan ngerti. Klebu aku, aku ngerti nek aranmu kuwi Suwanda, putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma saka Majapahit, saiki lagi lelaku arep menyang bumi Kedhuwang, kuwi mau merga aku ana sing maringi weruh”.

 

“Nyuwun Pangapunten Kyai” aku genti semaur “mbok bilih kaparengaken mangertos, jengandika menika sinten? Lan sinten ingkang sampun paring uninga dhumateng jengandika Kyai temah pirsa nami saha asal-usul kula tuwin sedya kula nglampahi kekesahan menika?”.

 

“Tak wangsuli saka sing keri Suwanda” wong tuwa kuwi mesem amba “sing maringi aku ngerti marang apa sing lagi wae mbok takokne iki mau, ora ana liya kajaba Sang Hyang Maha Agung, Dzat Tan kena kinaya apa, kang wus kepareng mbukak wiwara antarane atiku lan atimu. Dene yen sira kepengin ngerti sapa satemene aku, aku mbutuhake wangsulan saka sliramu luwih dhisik. Apa sing ndadekne sira duwe greget temah humregut nggonmu arep menyang Kedhuwang iki? Kamangka satemene kabeh mau awit sliramu nindakne paukuman saka wong tuwamu angkat? Yen wangsulan sing tak tampa saka sliramu mengko bener, mangka sliramu bakal ngerti sapa satemene aku nanging yen kongsi kleru, selawase sliramu ora bakal ngerti sapa jenengku lan nggonmu lelungan iki ora bakal tekan ing papan kang mbok tuju jalaran bakal menggok lan anjog ing jagad petengm jagad sonyaluri”.

 

 

Ana candhake.


Kamis, 21 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (045)


 

45.

Aku wis menggok nurut dalan sing mau dikandhakne dening Ajar Sarapat, dalan sing tumuju menyang Gunung Lawu. Ora akeh desa sing tak liwati, lakune Baratketiga sing tak tumpaki wiwit ngambah alas gung, ngancik dalan sing rumpil lan akeh pepalang kaya dene ri bandhil lan bebondhotan. Pisan pindho aku kudu mudhun saka gigir jaran lan kapeksa mlaku karo nuntun Baratketiga jalaran kepalang jurang sing mbambing yen ora ngati-ati bisa kepleset kejegur jurang sing jero, ndadekne cilaka. Nanging babar pisan ora ana rasa ngresula sajroning ati, iya labet aku kepengin enggal bisa puruita marang Eyang Resi Doradruwasa lan yen wis ganep patang wulan utawa satus rong puluh dina wis dikeparengake bali lan tumuli bisa dhaup karo Andalu.

 

Sansaya adoh mlebu menyang jero alas, dalan sing kudu tak liwati sansaya ora karuwan. Aja maneh kok olehe liwat karo nunggang jaran, lha wong mlaku wong thok wae ngrekasa. Wekasan aku duwe panemu yen satemene nggawa Jaran kanggo tunggangan iki jebul luwih ngebot-eboti laku, ora ndadekne luwih cepeting laku kaya sing tak kira sadurunge budhal. Mula nalika ngarepake surup srengenge, Jaran Kyai Baratketiga tak lukari sandhangane banjur tak bisiki kupinge :

 

“Baratketiga, aku banget nedha nrima marang kowe sing wis ngeterne lakuku nganti tekan kene, nanging gandheng kahanan dalan sing kudu tak liwati kaya ngene wujude, tak jaluk pangapuramu yen kapeksa aku karo kowe kudu pisah. Sandhanganmu wis tak uculi kabeh muri hora ngganggu nggonmu arep mlaku, saiki yen bisa balia menyang Majapahit maneh menyang dalem Katumenggungan nanging yen ora bisa kowe tak wenangake milih jagad ngendi sing arep mbok panggoni lan milih sapa sing bakal mbok ngengeri urip”.

 

Krungu tembung sing tak ucapne neng cedhak kupinge kuwi, kaya ngerti apa sing dadi karepku, Baratketiga nggedhegake endhase ngiwa nengen bola-bali. Aku ngira yen Baratketiga ora gelem nuruti apa sing tak karepake. Aku dadi rada gela, kandhaku marang Baratketiga maneh :

 

“Kowe kudu nurut apa sing dadi prentahku, aku ngerti yen kowe isih kepengin nutugne nggonmu aweh bebantu marang aku, nanging kowe kudu ngerti nek neng kene iki kowe ora bisa mbantu aku, malah kepara nambahi sesangganku wae, kowe kudu bali saiki!”.

 

Tak sawang saka mripate Baratketiga drodosan banyu luh sing mbanjir mangisor, Jaran peparinge Rama Tumenggung kuwi sajak sedhih lan nangis. Aku dadi sansaya anyel. Merga tak anggep Baratketiga kuwi kaya bocah cilik sing ora gelem ditinggal wong tuwane sing arep lunga blanja menyang pasar, banjur nangis ngana kae. Merga anyel, aku banjur njupuk cuthik, Baratketiga arep tak gitik murih gelem tumuli lunga saka ngarepku.  Nanging wangune Baratketiga ora gelem nampa gitikku malah kepara arep nglawan, ketitik banjur beker-beker ora karuwan. Aku dadi sansaya muring, gitik tak selehne banjur aku njupuk sabet sing luwih gedhe, Jaran kuwi arep tak sampluk. Nanging dumadakan ana kedadeyan sing aneh, ora klebu yen digagas nganggo nalar. Baratketiga dumadakan ilang tanpa tilas, kaya ilange geni damar sing mati ketiyup ing angin. Ora kaweruhan menyang ngendi parane lunga. Aku dadi kaget karo sajroning ati ketuwuhan rasa gumun sing ora bisa tak ngerteni wangsulane.

 

“Heh Suwanda wong bodho sing kumalungkung” dumadakan saka langit keprungu suwarane wong sing nguman-uman aku, suwarane cetha mlebu jeroning kupingku, dudu suwarane angen-angen “bodhomu mbok gendhong mbok indhit, nganti kowe ora ngerti sapa satemene Baratketiga sing wujude mung sak Turangga. Ngeria Suwanda, aku Baratketiga iki satemene gegaman kagungane Gusti Tumenggung Jatikusuma sing dititipne kowe, bisa mbok purih guna lan kabisane lan ora pisan-pisan kowe diwenehi wewenang kanggo nglarani aku. Nanging gandheng kowe saiki emoh kanggonan aku, malah akua rep mbok pilara dumeh kowe kuwasa, aku kapeksa lunga ninggalne kowe. Satemene aku isih kepengin nyoba kasetyanmu marang dhawuhe Gusti Tumenggung nanging pranyata mung samono kasetyanmu, tenane nek mung ngliwati dalan sing kaya apa wae rumpile Baratketiga ora bakal kangelan. Saiki sawangen apa kabisan sing bisa tak tindakne, aku bisa ngambah gegana. Gandheng kowe wis duwe karep supaya aku lunga, ya tak turuti prentahmu, aku lunga lan ora arep bali menyang Majapahit jalaran aku uga ngerti yen ing kana aku wis ora ana sing mbutuhake”.

 

Aku ndhangak mendhuwur, katon Baratketiga kaya manuk mabur kekiteran ing ndhuwurku. Akua rep semaur, kepengin njaluk pangapura marang dheweke, nanging sadurunge tembungku kawetu, Baratketiga wis mabur mendhuwur sansaya dhuwur wekasan ilang nusup mega-mega, embuh menyang ngendi parane. Kaya dilolosi bebalung sarandhuning ragaku, aku lungguh neng lemah, lemes tanpa daya. Rasa getun lan kedhuwung, sedhih lan bingung wor suh dadi siji. Aku nangis nggetuni bodhoning nalarku, babar pisan aku ora ngira yen Kyai Baratketiga ampilane Rama Tumenggung kuwi jebul dudu salumrahing jaran. Nanging jaran sembrani sing bisa mabur ngambah gegana. Saiki jalaran saka bodho lan sembranaku, Jaran sing tenane bisa nggawa lakuku menyang Bumi Kedhuwang kanthi gampang kuwi wis lunga, lunga ninggalake aku jalaran tak prentah lunga. Lungane Kyai Baratketiga karo nggawa ati sing gela marang aku.  

 

Nganti suwe aku lungguh meneng njetung karo ati nelangsa sambat-sambat nutuh awakku dhewe. Ora krasa kahanan ing sakiwa tengenku wis dadi peteng ndhedhet lelimengan. Aku ora bisa weruh apa-apa, jalaran wis rada suwe srengenge sing duwe daya aweh pepadhang marang lumahing bumi, ambles neng cakrawala sisih kulon. Gandheng aku kelingan nek papanku iki cedhak karo jurang-jurang sing jero, aku ora wani obah ngalih saka panggonanku lungguh, kuwatir yen nganti aku salah nggonku njangkah temah kepleset kejegur jurang, mesthi bakal mati ora ana sing ngaweruhi. Aku banjur mapan ngglethak ana kono. Aku lali yen petenging wengi satemene bisa diwiradati sarana nguripake geni nganggo thithikan watu sing tak gawa, thitikan watu minangka piranti kanggo gawe geni.

 

Sanadyan pikiran kuwur, nalar bingung, ati susah, nanging kegawa saka keseling raga, ngglethak neng lemah tanpa payon apa-apa, neng tengahing alas kuwi aku bisa turu kepati. Aku lagi nglilir nalika ana suwara rame, suwarane ayam alas sing padha petok lan kluruk sesautan manembrama tekane srengenge sing durung katon, mung saka cakrawala sisih wetan mega abang wis aweh tengara lamun ora suwe maneh srengenge bakal teka. Aku tangi saka nggonku ngglethak, nanging kaya mau sore, aku durung wani ngadeg utawa ngalih saka papanku kuwi, merga kahanan isih peteng, lor kidul durung cetha ngendi prenahe.

 

mBaka sethithik petenging wengi sansaya nipis. Sanadyan durung ngatonake wujude, nanging srengenge wis nuduhne katiyasane. Bumine wiwit katon padhang. Manuk-manuk wis padha rame anggone ngoceh lan tetembangan ana wit-witan, ora adoh saka papanku leren. Ocehing manuk alas sing ora mung siji jinise, sesahutan mawa unine dhewe-dhewe, ndadekne caruban suwara maneka warna dadi siji, keprungu endah lan kepenak dirungokne. Sapandurat aku lali karo kahanan sing lagi tak sandhang, kepilut endahing suwara ocehane manuk.  Dumadakan aku dijagetne dening suwara sing beda, dudu suwarane manuk sing lagi ngoceh, nanging cetha yen kuwi suwarane manungsa. Suwara sing ora banter, nanging bisa dirungokne kanthi kepenak, suwara rerepen tembang dhandhanggula :

 

Ana loro sandhanganing jalmi

Kang kapisan diarani beja

Cilaka kaping pindhone

Lelorone puniku

Satemene bisane dadi

Sandhanganing manungsa

Mung saka ing laku

Laku becik dadi beja

Laku nistha cilaka ingkang ngeloni

Mangkono kodratira.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...