50.
Ki Jurudah lan Ki Prasanta banjur nuntun jarane
dhewe-dhewe, mlaku bareng karo aku. Tekan dalan protelon, Ki Jurudah ngajak
menggok milih dalan sing rada cilik sing araje manganan. Dumadakan aku digawe
kaget kaworan seneng, jebul dalan sing manganan kuwi ngener marang sawijining
pekarangan omah sing gedhe, platarane jembar, dipangku pendhapa sing katon
mrebawani, lan teja sing saben dina katon neng langit sisih kulon kae, saiki
katon manther saka omah sing arep tak parani kuwi, munggah mendhuwur nganti
tekan langit. Sanadyan kahanane wis ngancik wektu tengange, suprandene teja
kuwi isih bisa disawang kanthi cetha. Aku banjur duwe dudutan yen omah sing manggon
ing pucuking lurung iki papan mangasramane Eyang Resi Doradruwasa.
Nalika lakuku wong telu tekan plataran sing jembare
ora karuwan kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasana banjur padha nancang jarane ig
papan sing wis dicepakne, ya iku papan kanggo nancang jaran.Ing kono wis ana
jaran-jaran sing uga padha dicancang. Dumadakan atiku dadai nratab bareng
meruhi yen salah sijine jaran sing padha dicancang ing papan kono kuwi jebul
Kyai Baratketiga, jaran ampilan saka Rama Tumenggung Jatikusuma sing tak
tundhung lunga merga tak anggep mung arep ngebot-eboti laku, nanging jebule
dudu jaran sabaene.
Wangune Baratketia ngerti yen sing lagi teka kuwi mau
aku, ketitik jaran kuwi banjur ngekek sajak mbagekne tekaku. Aku banjur
nyedhaki jaran sing sing tau dadi tumpakanku kuwi, jebul dheweke ora dicancang
kaya jaran liyane, Kanthi rasa trenyuh tanganku tak ngge ngusap-usap sirahe
Baratketiga sing katone seneng merga weruh tekaku kuwi.
Nanging sadurunge aku kumecap apa-apa, dumadakan
pundhakku disenggol saka mburi. Ki
Jurudah aweh sasmita ngajak aku ngunggahi pendhapa. Aku ora sida guneman
apa-apa marang Baratketiga, malah banjur malikne adhep ngetutne Ki Jurudah lan
Ki Prasanta sing wis ndhisiki mlaku nyabrangi plataran arep munggah menyang
pendhapa. Jebul ing jogan pendhapa kuwi ana wong sing lagi padha lungguh sila
madhep mangulon karo sirah tumungkul amarikelu, sajak lagi padha nindakne laku
semedi. Lamat-lamat saka pringgitan ing samburine Pendhapa keprungu suwarane
wong wadon sing lagi ngidungake tuntunaning kanggo wong urip sing lumrah
katulis ing lontar-lontar kuna ngana kae.
“Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika sami ing Bumi
Kedhuwang mriki Kisanak” lagi wae aku wong telu tekan tlundhakan dhuwur dhewe saka
dalan trap-trapan sing munggah tumuju jogan pendhapa, wis dipapagne dening
sawijining nom-noman sing bagus rupane mencorong pasuryane, nom-noman kuwi
nganggo sandhangan kaya sandhangan sing lumrah dienggo para Brahmana, ya iku
jubah putih uga nganggo serban “menawi
boten klentu anggen kula ningali, ingkang katemben rawuh menika menapa leres Ki
Jurudah miwah Ki Prasanta, panakawanipun Gusti kula Ratu Ayu Setyawati? Tuwin
Raden Bagus Suwanda putranipun Gusti kula sawargi Tumenggung Jatikusuma?”.
“Leres Sang Resi kula Jurudah lan menika sedherek kula
sepuh Kakang Prasanta” gageyan Ki Jurudah wangsulan karo basa kang alus lan sikep
kang kurmat banget marang nom-noman sing ngagem busana kabrahmanan kuwi “dene Kisanak
Suwanda menika kula mila dereng radi tepang awit inggih nembe kemawon wanuh,
angleresi panjenenganipun ugi badhe sowan dhateng pratapan mriki”.
“Inggih, inggih Ki Jurudah” Brahmana sing isih mudha
kuwi wangsulan karo mesem lan banjur takon marang aku “atur kula kala wau
menapa lepat Raden?”.
“Kenging kawastanan sampun leres Sang Brahmana”
wangsulanku rada groyok, jalaran aku gumun karo tembung sing diucapne Brahmana
kuwi sadurunge nyebut asmane Rama Tumenggung luwih dhisik nganggo tembung
sawargi sing ateges ngarani nek Rama Tumenggung kuwi wis seda “sanadyan
estunipun inggih boten trep”.
“Boten trep kados pundi Raden?” Brahmana kuwi takon
sajak gumun “menapa dumeh kula ing mriki ugi namung sadermi tamu menika? Mugi kauningan
Raden, sanaosa namung sak dhayuh, nanging kula sampun kapiji dening Sang Resi
Doradruwasa amapag saha ambagekaken rawuh jengandika sami”.
Aku lagi ngerti yen Brahmana mudha sing maune tak kira
isih siswane Eyang Resi Doradruwasa iki, jebul ya mung tamu kaya aku lan Ki
Juradah sarta Ki Prasanta.
“Boten babagan menika Sang Resi” aku wangsulan karo
aweh kurmat “ingkang kula pikajengaken boten trep menika, nuwun inggih sepisan
jejer kula menika namung putra angkat utawi putra pupon kemawon saking Rama
Tumenggung Jatikusuma, dene ingkang angka kalih, kula mila radi kirang
mangertos kalihan ingkang jengandika dhawuhaken kanthi sebatan Sawargi dhateng Rama
Tumenggung Jatikusuma ingkang saestu taksih seger waras boten kirang satunggal
menapa menika?”.
Brahmana sing isih mudha kuwi njengkerutne bathuke,
merga krungu wangsulanku sing nyethakne olehku kandha kurang trepe rembug sing
digunakne nalika nakoni aku mau, ora merga aku mandhakne dumeh dheweke mung
jejer dhayoh kaya dene aku.
“Inggih boten langkung kula nyuwun pangaksami Sang Resi”
aku nututi rembugku sawise weruh yen Brahmana Mudha kuwi njengkerutne bathuke “menawi atur kula menika kala wau boten
mranani penggalih jengandika”.
“Boten Raden” Brahmana kuwi gage wae wangsulan “ingkang
jengandika ngendikaken boten wonten ingkang lepat, namung kemawon ketingalipun
jengandika dereng pirsa lan dereng kraos menawi estunipun anggen jengandika
kendel sare ing tepining jurang mbambing salebeting wana greng sasampunipun
katilar Kyai Baratketiga nalika samanten, estunipun boten namung setunggal dalu
nanging sekawan dasa dinten dangunipun, Pramila lajeng dipun caketi lan dipun
wungu dening Panembahan Doradruwasa mawi sekar Dhandhanggula. Inggih awit
saking jengandika dereng pirsa, ugi jalaran boten wonten ingkang paring cecala
dhateng jengandika, mila inggih nami limrah menawi jengandika boten pirsa
kawontenan Majapahit ingkang sampun bedhah awit saking pangramanipun siswa
dalem Kanjeng Sinuhun pribadi, nenggih Gusti Adipati Girindrawardana ingkang
samangke jumeneng Prabu Brawijaya. Lan bedhahipun nagari Majapahit menika mawi
bebanten, salah satunggalipun inggih Gusti kula Tumenggung Jatikusuma ingkang
nyobi lan mbudidaya atur pangayoman dhateng Kanjeng Sinuhun, Kanjeng Sinuhun
sembada lolos nilar praja, nanging Gusti kula Tumenggung Jatikusuma karoban
mengsah temah gugur minangka kusumaning Majapahit”.
Kaya disamber bledheg rasaning sirahku krungu sing
dikandhakne Brahmana sing isih mudha kuwi, ora krasa adegku dadi ora jejeg, aku
ndhepok neng jogan pendhapa, ora bisa kumecap apa-apa. Aku ora bisa nyritaknene
nganggo ukara kaya apa rasane atiku wektu kuwi. Jujur wae, perkara bedhahe
Majapahit alu ora pati nggagas, nanging sedane Rama Tumenggung sing gugur ing
madyaning payudan, kuwi sing bares wae utekku ora pati bisa nampa.
“Nuwun sewu Raden Suwanda miwah jengandika Ki Jurudah
saha Ki Prasanta” sanajan ora pati cetha aku isih krungu Brahmana mau guneman
maneh “estunipun jejibahan kula ingkang magepokan kalihan rawuh jengandika
sami, inggih menika kinen angaturi saha anyartani jengandika kendel ing gandhok
wetanipun pendhapa menika langkung rumiyin, mangke menawi anggenipun maos
kidung Gusti kula Kanjeng Ratu Setyawati sampun kaanggep jangkep dening Resi
Doradruwasa, nembe Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngaturaken wohing dinuta dening
Gusti Ratu, saha Raden Suwanda saged marak ngabyantara ing ngarsanipun Sang
Resi Doradruwasa saprelu nampi warisan ngelmi ingkang pungkasan”.
Rampung guneman kaya mangkono kuwi, Brahmana mudha
sing aku durung ngerti sapa jenenge kuwi, nyandhak pundhakku, aku dikongkon bali
ngadeg. Sawise aku ngadeg, tanganku dicandhak digandheng diajak mlaku menyang
gandhok sisih wetane pendhapa kuwi. Ki Jurdah lan Ki Prasanta ora guneman
apa-apa mung banjur ngetutne lakune Brahmana sing sisih mudha kuwi.
“Nyuwun pangapunten Raden Suwanda miwah jengandika Ki
Jurudah miwah Ki Prasanta” Brahmana kuwi guneman maneh sawuse tekan gandhok
wetane pendhapa “mbok bilih jengandika ngersakaken nimbali kula, nami kula
Sundaka siswanipun Rama Resi Kumbangtaman saking Redi Merapi, dugi kula ing
Kedhuwang mriki dipun kancani sedherek anem kula cacah tiga ingkang samangke
nembe linggih ing sacaketipun Resi Doradruwasa, inggh menika adhi kula Amana,
Tambala miwah adhi kula ingkang alit piyambak inggih pun Patana”.
Ana candhake.